Sêrat Sadrana, Sumaatmaja, 1917, #1824

JudulCitra
Terakhir diubah: 19-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêgi dalah wragad ngintunakên mêdal ing pos f 0.20

Kenging tumbas dhatêng Depot van Leermiddelen ing Wèltrêphrèdhên, kalayan ngintunakên yatra wau mawi pos wisêl.

Sêrat Sadrana Inggih Sêrat Margawirya

Anggitanipun Radèn Sumaatmaja

Mantriguru Ing Wêlèri

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Albrèh Ènko, ing Wèltrêphrèdhên. Taun 1917

--- [0] ---

Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur No. 221

Sêrat Sadrana, Inggih Sêrat Margawirya

Anggitanipun Radèn Sumaatmaja

Mantri Guru Ing Wêlèri

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissie voor de Volkslecteuur.

Sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Albrèh Ènko, ing Wèltêphrèdhên.

Taun 1917.

--- [3] ---

Bêbuka

Sêrat punika nama Sêrat Sadrana, ingkang kacariyosakên: dongèngipun Sadrana, liripun dongèng punika: sanajan dipun paido, inggih botên mèngèng.

Cariyosipun Sadrana punika pikajêngipun ingkang nganggit namung kangge pêpiridan, utawi kangge têpa tuladha. Sintên ingkang purun anglampahi kados Sadrana, saèstu wilujêng gêsangipun, lan sinihan ing sasami-sami, malah kenging kaparibasakakên: munggah swarga. Awit manahipun tansah sênêng, lan badanipun tansah sakeca.

Wasana sumăngga.

Wêlèri ping 9 Marêt 1912.

Sumaatmaja.

--- 4 ---

Bab Sapisan Cariyosipun Wăngsadrana

Kacariyos ing dhusun Dhadhapan bawah ing kabupatèn Salatiga wontên tiyang nama Wăngsadrana, katêlah ing akathah karan pun Sadrana. Pun Sadrana wau kasuwur sae kalakuanipun, têmên, tabêri, saha pêthêl ing samubarang padamêlan, sadaya tiyang ing Dhadhapan sami rêsêp sênêng dhatêng pun Sadrana jalêr èstri.

Mênggah padamêlanipun Sadrana wau bêrah macul, nguli, mikul sasaminipun, dene ingkang èstri bêrah: anggêntang, tandur, dêrêp sapanunggilanipun. Sadintên-dintên sêlur têtiyang ingkang sami mêling badhe ambêrahakên dhatêng pun Sadrana jalêr èstri wau, awit botên tampik padamêlan, punapadene rikat lan tarampil, botên nate adamêl cuwanipun ingkang ambêrahakên. Tiyang kathah amastani pun Sadrana jalêr èstri wau: pun ênggih, awit manawi dipun kèn punapa-punapa, wangsulanipun namung: ênggih, kemawon.

Têdhanipun sabên dintên Sadrana jalêr èstri nrimah sêkul jagung kalihan jangan lumbu lan gêrèh gatêl kabakar, awis-awis [awis-a ...]

--- 5 ---

[... wis] sangêt nêdha sêkul, ewadene badanipun bagas kasarasan, awit panêdhanipun tansah karaos eca, tilêmipun sakeca, amargi sabên dintên nyambut damêl awrat.

Lêlampahanipun Sadrana jalêr èstri wau mèh ajêg, sabên dintên nêdhanipun jam kalih wêlas siyang lan jam nêm sontên, tilêmipun jam sadasa dalu. Sontên sadèrèngipun tilêm Sadrana thak-thik damêl siwur, irus, enthong, ilir, tenggok utawi tampah, trêkadhang inggih nganam gêlaran. Dene ingkang èstri nganam gêlaran utawi nênun.

Mitra kula ingkang maos dongèng punika mêsthi sami ngintên yèn Sadrana wau enggal sugihipun, ananging botên makatên, awit Sadrana jalêr èstri wau manawi bêrah trimah epah sakêdhik, sarta manawi sade barang dêdamêlanipun inggih mirah-mirahan kemawon. Yatra angsal-angsalanipun sabên dintên kadum tiga, ingkang saduman katêdha, ingkang saduman kadriyahakên dhatêng tăngga-tangganipun ingkang jêmpo tuwin ingkang kalaipan, dene ingkang saduman malih dipun cèlèngi katitipakên ing bang, awit ing

--- 6 ---

dhusunipun wontên bang dhusun ingkang dipun wastani gêmintê bang.

Kala samantên Sadrana sawêg umur sêlawe taun, ingkang èstri umur wolulas taun. Griyanipun atêp tur alit, ananging cèkli, awit Sadrana wau rêmên mranata salêbêting griya, rêsikan, tur kathah akalipun. Pakaranganipun namung nêmbêlas ru pêsagi, nanging gasik, sarta pêpak tanêmanipun, sadaya sami awoh andêmênakakên.

Lurah tuwin bêbaunipun ing dhusun ngriku sami rêsêp dhatêng pun Sadrana jalêr èstri, awit kajawi têmên lan srêgêpipun, ugi botên nate anglowokakên jagi sapanunggilanipun pirukunan dhusun, lan malih pambayaripun paos dhatêng lurah inggih botên nate kantun, mandar kenging kadamêl nuladhani kănca-kancanipun. Mila bab panarikan paos tuwin rêrêsikan karas ing dhusun ngriku dados pangalêmaning nagari.

Bab ingkang kaping kalih

Sadrana Dados Kuli Kêncêng ing Dhadhapan

Pun Sadrana wau wontên ing dhusun Dhadhapan ngriku nyanggi padamêlan kuli ăngka kalih, kasêbut nama sikêp wingking. Sampun gangsal taun laminipun Sadrana dados sikêp wingking,

--- 7 ---

botên nate nampi kalêpatan saking lurahipun. Malah tansah dados pangalêmbanan.

Kacariyos ing dhusun ngriku wontên kuli kêncêng tilar donya, lurah dhusun lajêng anglêmpakakên sadaya kuli, katêdhanan rêmbag: sintên ingkang prayogi anggêntosi padamêlanipun kuli kêncêng ingkang sampun tilar donya. Para kuli sami sarêmbag pun Sadrana kainggahna darajadipun kadadosakên kuli kêncêng, awit botên wontên cacadipun punapa-punapa, malah dados têtuladanipun para kănca. Lurah dhusun sapunggawanipun rujuk sangêt manawi Sadrana kadadosakên kuli kêncêng.

Enjingipun lurah dhusun lapur dhatêng kawêdanan, manawi wontên kuli kêncêng tilar donya, saha ingkang kasuwunakên anggêntos sêsanggêmanipun sikêp wingking nama pun Sadrana. Bandara wêdana inggih amarêngi, awit sampun mirêng pawartos mênggah kasaenanipun Sadrana wau.

Ing mangke Sadrana sampun dados kuli kêncêng kasêbut nama sikêp ngajêng, sagêmanipun[1] sabin kawan atus ru pêsagi.

Sarêng Sadrana sampun dados sikêp ngajêng, jalêr èstri botên purun bêbêrah malih, awit pêrlu ngopèni

--- 8 ---

wêdaling sanggêmanipun piyambak, lan kathah sêsanggènipun padamêlan rukun dhusun, kados ta: ngurug margi, ambêndung lèpèn, ngrêsiki wangan sasaminipun, sadaya wau dipun lampahi kalihan têmên-têmên talatèn.

Sanajan Sadrana sampun kathah padamêlanipun ingkang awrat-awrat, manawi wontên tăngga têpalihipun ingkang nyambat utawi nêdha tulung punapa-punapa, inggih dipun lêgani kalihan rêsêping manah. Sarta manawi sontên jalêr èstri taksih nglêstantunakên dêdamêlan kados kala taksih dados sikêp wingking.

Lurah sapunggawanipun sangsaya wêwah rêsêpipun dhatêng pun Sadrana, awit sarêng Sadrana dados sikêp ngajêng, ilining toya wangan botên kêndhat, botên wontên tiyang pabên paripabên ingkang jalaran saking rêbatan toya, andadosakên tulusing tanêman.

Bab ingkang kaping tiga

Sadrana Damêl Lumbung

Sarêng pun Sadrana sampun andêrêpakên, kathah sangêt angsal-angsalanipun pantun, griyanipun kêbak, malah [ma ...]

--- 9 ---

[... lah] wontên ingkang kadèkèk ing latar utawi katitipakên dhatêng tangganipun.

Sadrana susah sangêt anggènipun badhe nyimpêni pantunipun, sanajan botên wontên tiyang awon ingkang wêntala nyolong pantunipun, ananging adamêl kuciwaning paningal, lan botên wontên panggenanipun tilêm. Lajêng rêmbagan kalihan ingkang èstri badhe damêl griya ingkang agêng, supados cêkapa kangge panggenan pantunipun. Wicantênipun dhatêng ingkang èstri: wong wedok, aku têka sênêp andêlêng panggonan pating glêdhag iki. Saupama gawe omah sing gêdhe, kapriye rêmbugmu. Wangsulanipun ingkang èstri: aku iya rêmbug bangêt wong lanang, awit saya lawas parimu bakal saya akèh, tur yèn kawuningan panggêdhe didukani kowe andokok pari saênggon-ênggon kuwe. Yèn celenganmu ing bang wis akèh, ambok dijupuk digawe ngêdêgake omah sing gêdhe lan sing sêntosa pisan.

Sadrana mirêng rêmbagipun ingkang èstri makatên wau, lajêng kèndêl sawatawis ngetang celenganipun, nuntên wicantên lirih: saka etungku wong wedok, celanganmu lagi [la ...]

--- 10 ---

[... gi] ana rongatus rupiyah, durung cukup ngêdêgake omah sing gêdhe. Bojonipun nyambêti: ya, wis, nèk ngono, pari iki sing sêparo didol bae, ditukokake lumbung loro, digawe wadhah parine sing isih kèri. Sadrana manthuk.

Enjingipun Sadrana pinanggih kalihan lurahipun, nawèkakên pantunipun ingkang sapalih, wicantênipun: lurahe, sowan kula mriki ajêng nawakake pari kula sing sêparo, pêrlune ajêng kula êngge tuku lumbung, awit pari kula botên kopèn, jalaran griya kula sêsak.

Lurahipun kèndêl sakêdhap lajêng pitakèn: arêp koêdol pira. Wangsulanipun Sadrana: sing patang amêt mawon, samang tuku suwidak.

Lurah botên mangsuli lajêng mlêbêt ing griya, mêdalipun ambêkta yatra suwidak rupiyah, dipun ulungakên dhatêng Sadrana kalihan wicantên makatên: ênya, mêngko parine gawanên mrene, jujugna ing lumbung bae, awit aku wis prêcaya bangêt marang kowe.

Sadrana nampèni yatra suwidak rupiyah lajêng pamit.

--- 11 ---

Sadumuginipun ing griya ngulungakên yatra dhatêng bojonipun, lajêng mêndhêt rêmbatan lan salang kangge ngusungi pantun ingkang sampun kasade wau. Bok Sadrana nyinggahakên arta, lajêng mêndhêt slendhang ngrencangi ingkang jalêr.

Sadumuginipun ing kalurahan, pantunipun kainggahakên ing lumbung kothong ingkang wontên ing wetan griya. Ngantos sontên anggènipun ngusungi sawêg rampung.

Sarêng sampun rampung, Sadrana sanjang dhatêng lurahipun manawi anggènipun ngusungi pantun sampun rampung. Lurahipun nuwèni dhatêng lumbung, lajêng wicantên makatên: Sadrana, saka pamataraku pari iki luwih saka patang amêt, malah mèh lima. Wangsulanipun Sadrana: botên dados napa lurahe, awit sampeyan botên nganyang, dados kula imbêti.

Lurah manthuk, Sadrana pamit lajêng mantuk.

Enjingipun Sadrana tumbas kajêng lan gêndhèng, kadamêl lumbung. Botên ngantos sadasa dintên sampun dados lumbung kalih, awit tangganipun sami dhatêng rêrencang sarana pikajêngipun piyambak.

Anggènipun damêl lumbung Sadrana gunggung têlas wragad sèkêt [sèkê ...]

--- 12 ---

[... t] rupiyah. Yatranipun tirah sadasa rupiyah, lajêng kalêbêtakên ing bang dhusun.

Pantunipun kainggahakên ing lumbung sadaya, griyanipun dipun rêsiki malih, sampun gilar-gilar kados waunipun.

Lêlampahanipun Sadrana ingkang kasêbut ing nginggil punika andadosakên gawoking tăngga-tangganipun, ananging botên wontên ingkang nyauloni, malah sami takèn mulabukanipun lajêng sami niru.

Bab ingkang kaping sêkawan

Sadrana Damêl Griya Enggal

Sarêng Sadrana sampun tigang taun dados sikêp ngajêng, sangsaya katingal kacêkapanipun. Nuju satunggiling dintên rêmbagan kalihan ingkang èstri, badhe damêl griya enggal, anglajêngakên rêmbagipun kala rumiyin. Wicantênipun dhatêng ingkang èstri: wong wedok, aku takon karo lurahe jare celenganaku wis ana limang atus rupiyah, kiraku cukup kanggo yasa omah anyar, wangsulanipun ingkang èstri: cukup-cukupa, nanging wong gawe [ga ...]

--- 13 ---

[... we] omah iku bêcik nicil, supaya aja kangelan bangêt-bangêt. Wangsulanipun Sadrana kalihan mapan anglangsur ing ambèn ngajêngipun ingkang èstri: yèn arêp êmoh kangelan mono, iya dibasake bae.

Samantên ngantos dangu botên wicantênan, Sadrana ungkêb-ungkêb ing ambèn, ingkang èstri nênun. Botên dangu Sadrana wicantên malih: anu, wong wedok, suwe-suwe tak pikir bênêr rêmbugmu, saiki karêpku arêp anjupuk dhuwit rong atus dhisik, sing satus sèkêt digawe tuku pomahan, kabênêran karase Sajaya kidul kuwi arêp didol, wis ditawakake mênyang aku satus suwidak, kiraku iya olèh dak tuku karobêlah, dene sing sèkêt rupiyah kanggo tuku wêdhi, watu, bata lan gamping. Yèn Sajaya wis olèh, gawe pandhêmèn dhisik. Dadi urugan bisa madhêt.

Ingkang èstri kèndêl anggènipun nênun lajêng mangsuli: ambok iya, sesuk tak kêtêmu Sajaya.

Botên kacariyos dalunipun, enjing umun-un[2] Sajaya dhatêng griyanipun Sadrana, wicantênipun: kula nuwun.

--- 14 ---

Bok Sadrana mêdal kalihan wicantên makatên: lah, kuwi kang Sajaya, pancène kula ajêng mrika kok kang, kabênêran dika mriki. Samang lênggah salu ngriku, kang. Wangsulanipun Sajaya kalihan mapan lênggah: ênggih, dhi. Rakane napa ontên griya. Wangsulanipun Bok Sadrana: nika, sêg nyaponi kêbonan, mangke kula undange.

Botên dangu Sadrana mêdal sarwi wicantên, êlo, si kakang, êmpun dangu kang. Wangsulanipun Sajaya: sawêg mawon. Anu, dhi, ajêng nutugake rêmbag kula wingi nika. Sadrana mapan linggih kalihan mangsuli: ênggih, ngontêna ênggih rada sarèh, kalih ngêntèni wedang.

Botên antawis dangu Bok Sadrana mêdal ambêkta wedang kalih cangkir kalihan kêtan kalih piring, wicantênipun: niki, kang, damêl sambèn rêmbugan, wangsulanipun Sajaya: ênggih, dhi. ... anu, dhi, karas kula nika sampeyan dadosi.

Sadrana nolih ingkang èstri kalihan wicantên makatên: ênggih ta, kang, nanging rayine ngajêngi mung karo bêlah.

Bok Sadrana nyambungi: ênggih, kang, nèk suka karo bêlah, melik kula niku, dene kok cêdhak kalih griya [gri ...]

--- 15 ---

[... ya] kula, awit kajênge adhine ajêng damêl omah gêdhe.

Sajaya mangsuli asêmu bingah: ênggih ta, kula aturake, tuna satak bathi sanak.

Sadrana ngacarani ngombe lan nêdha kêtanipun, lajêng sami nêdha.

Ngantos kalih jam anggènipun jêjagongan, lajêng sami kesah dhatêng kalurahan, badhe rêpot anggènipun sami sade tinumbas karas.

Wontên ing kalurahan tiyang kalih wau anêrangakên sêdyanipun, sarta Sadrana nêmbung badhe mêndhêt celenganipun ingkang kalih atus rupiyah. Lurah lajêng angulungakên sêrat celengan lan arta kalih atus rupiyah. Sadrana anandhani ing sêrat celenganipun, lajêng kasukakakên malih dhatêng lurahipun.

Sarêng sêrat sade tinumbas karas sampun dados, Sajaya, lurah lan carik sami nandhani ing ngriku, lajêng katampèkakên dhatêng Sadrana, sarta Sadrana nampèkakên yatra kalih bêlah rupiyah dhatêng Sajaya, lan nyukani parêpotan dhatêng lurah lan carik, tiyang kalih wau lajêng [la ...]

--- 16 ---

[... jêng] sami pamit mantuk sowang-sowang.

Enjingipun Sadrana numbas wêdhi, sela, gamping lan banon, saha ngukuri badhe panggenaning griya.

Enjingipun malih Sadrana rêpot dhatêng kalurahan manawi badhe damêl griya gêbyog mawi pandhêmèn. Lurah mriksa badhe panggenaning griya, lajêng takèn punapa kajêng Sadrana sampun numbas. Wangsulanipun Sadrana: dèrèng. Lurahe, kula badhe nêdha celengan kula malih ingkang kalih atus sèkêt, badhe kula damêl tumbas kajêng lan gêndhèng. Lurah inggih anyagahi.

Enggaling cariyos, griyanipun Sadrana sampun dados, gunggung waragadipun têlas gangsal atus rupiyah. Lajêng katata lan dipun rêsiki.

Nuju satunggiling dintên, bakda panèn Sadrana sade pantunipun ingkang sapalih, katumbasakên isèn-isèning griya: meja, kursi, lêmantun, ranjang sapanunggilanipun, lajêng boyongan angênggèni griyanipun ingkang enggal. Dene griyanipun lami kapurih ngênggèni sadhèrèkipun.

Sabên dintên Sadrana mranata griya lan pakaranganipun

--- 17 ---

ing ngajênging griya dipun tanêmi sêsêkaran langkung asri, adamêl sênêngipun ingkang sami ningali.

Sangsaya lami Sadrana sangsaya cêkap, malah kenging dipun wastani sugih, celenganipun sampun langkung saking sèwu rupiyah, awit kajawi sêsabin Sadrana wau inggih nanêm sata lan palawija, sadaya ingkang katanêm tulus, awit saking tabêri lan talatosipun.

Ing dhusun ngriku inggih sampun kapranata bang lan lumbung gêmintê, sadaya tumindak akanthi sae, awit saking pitulunganipun Sadrana.

Bab ingkang kaping gangsal

Sadrana Kêpandungan

Kacariyos ing dhusun Dhadhapan kadhatêngan bajingan saking ing dhusun Tingkir, nama pun Bagong, sampun kalok julig lan kêkêndêlanipun. Dhatênging bajingan Tingkir wau anjujug ing griyanipun bajingan ing ngriku, anama pun Têguh. Pun Bagong pitakèn bab kawontênanipun Sadrana, sarta angajak mandungi. Pun Têguh tanpa pinikir lajêng anêrangakên kawontênan salêbêting griyanipun Sadrana, lan anyagahi badhe

--- 18 ---

tumut mandung. Kadadosaning rêmbag tigang dalu malih Bagong badhe dhatêng griyanipun Têguh, lajêng badhe andumugèkakên sêdyanipun.

Sarêng sampun matêng rêmbagipun, Bagong lajêng pamit mantuk.

Sapêngkêripun Bagong, pun Têguh anggagas-gagas ingkang badhe dipun lampahi, saya dangu sangsaya kaduwung anggènipun badhe mandungi pun Sadrana, awit sampun kapotangan kasaenan kathah, pêpuntoning nalar, lajêng kesah amanggihi Sadrana, anêrangakên sadaya ingkang sampun dipun rêmbag kalihan bajingan ing Tingkir wau.

Sadrana mirêng sanjangipun Têguh kagèt sangêt, ananging sinamun ing sêmu, lajêng amangsuli lirih: barang-barang niki kula botên rumasa duwe, nèk ajêng digawa Si Tingkir ênggih kajênge, awit kula niki rak mung drêma anggadhuh mawon.

Sasampunipun wicantên makatên lajêng ngulungi arta sarupiyah dhatêng Têguh, sarta anjawab nêdha nrima, dene Têguh sampun amblakakakên barang ingkang badhe kalampahan. Têguh nampèni arta sarupiyah, lajêng pamit kalihan mungêl makatên: agèk edana kaya napa ênggih

--- 19 ---

botên têgêl damêl susah têng dika.

Saunduripun saking griyanipun Sadrana, pun Têguh sanjang dhatêng tăngga-tangganipun Sadrana benjing malêm Jumuwah sami badhe dipun ajak nyêpêng pandung dhatêng griyanipun Sadrana, supados sami cêcawisa pênthung. Anggènipun wicantên makatên wau kalihan anggancarakên lêlampahan ingkang badhe dipun lampahi. Tăngga-tangganipun Sadrana inggih sami nyagahi kalihan bingahing manah, awit rumaos badhe sagêd malês kasaenanipun Sadrana ing sawatawis.

Ing malêmipun Jumuwah pandung kalih sami andhêdhêpi griyanipun Sadrana wiwit sontên, ananging Sadrana kasupèn dhatêng sanjangipun Têguh, wiwit jam sadasa sampun tilêm kêpati. Pandung lajêng mêndhêt jara, kajarakakên ing gêbyog botên dangu butul, lajêng kawiyarakên sacêkapipun tiyang. Pun Bagong malêbêt lon-lonan lajêng mêjahi dilah-dilah salêbêting griya.

Kocapa pun Têguh, lajêng anggugahi tăngga-tangganipun Sadrana, botên dangu sami mêdal kalihan ambêkta pênthung, malah wontên ingkang ambêkta tambang, sami ngrapit griyanipun Sadrana.

--- 20 ---

Pun Bagong sasampunipun mêjahi dilah lajêng ngêngakakên kori ngajêng wingking. Sarêng sawêg badhe lumêbêt ing sênthong patilêmanipun Sadrana, dumadakan nyandhung pakinangan ingkang wontên ing sangajênging kori sênthong, Bok Sadrana kagèt tangi. Sarêng sumêrêp dilah pêjah, lajêng kèngêtan sanjangipun Têguh dhatêng ingkang jalêr, gugup anggènipun anggugah ingkang jalêr kalihan jêlih-jêlih: i i i, i i i, wong, wong, a... ling... a... ling... a ling.

Pandung mirêng swaranipun Bok Sadrana enggal lumajêng kalihan nyangking pakinangan, sarêng mêdal dipun pênthung dening Jaya, Bagong andhawah lajêng tangi malih mlajêng mangetan kapênthung dening Pak Sikêm. Ambalik mangilèn kapênthung dening Jamita kenging cêngêlipun andhawah, lajêng katututan obor kathah dhatêng. Pun Bagong ungkêb-ungkêb ing siti, dipun tubruk ing tiyang kathah lajêng dipun tangsuli.

Pun Têguh sarêng sumêrêp lêlampahanipun Bagong makatên wau sangêt wêlasipun, lajêng mlajêng dhatêng pêjagèn nabuh kênthongan. Pêjagèn kiwa têngên ngriku sami nimbangi, swaranipun umyung kados wontên kècu. Pun Têguh lajêng mantuk alon-lonan. [a ...]

--- 21 ---

[... lon-lonan.] Lurah sapunggawanipun mirêng swaraning kênthongan, gugup sami tandang. Sadumugining griyanipun Sadrana, sami gita atakèn, kalêrêsan Sadrana sawêg tangi. Sarêng dipun takèni ing lurahipun, botên mangsuli, malah pitakèn makatên: êmpun wau napa lurahe, kadingarèn dalu-dalu mriki ambêkta lênthu.

Dèrèng dumugi wicantênipun Sadrana kasaru dhatêngipun têtiyang sami ambêkta bêbandan pun Bagong, lurah gugup takèn. Têtiyang wau sami anggancarakên ingkang sami dipun lampahi. Lurah gumun sangêt, manthuk-manthuk, lajêng lênggah ing kursi.

Enggaling cariyos pandung dalah butamalipun kabêkta ing kalurahan. Enjingipun katêrusakên dhatêng kawêdanan, kapriksa pandung ngakên kemawon. Lajêng katur ing parentah, pun Bagong kaukum sataun.

Lêt sapêkên Sadrana angêmpalakên kancanipun sadaya, lurah sapunggawanipun sadaya inggih dipun aturi. Sarêng sampun sami nglêmpak, lajêng dipun ajak nêdha, ujubipun milujêngi badanipun, dene botên èstu

--- 22 ---

kapandungan.

Bab ingkang kaping nêm

Sadrana Mitulungi Adêging Pamulangan Dhusun

Nuju satunggiling dintên Sadrana dhatêng kalurahan ambayar paos, ing ngriku sumêrêp carik nyêrati namaning tiyang ingkang sami ambayar paos, Sadrana gumun sangêt, ngantos kêdhèp tismak anggènipun ningali polahing tanganipun carik. Dangu-dangu Sadrana nêmbung badhe nêdha wulang nyêrat, maos lan etang. Carik anyagahi, sabên sontên Sadrana kapurih dhatêng griyanipun carik. Sadrana pitakèn mênggah prabeyaning sakolah wau ing dalêm sawulan pintên, wangsulanipun carik: botên usah ambayar kang Sadrana, anggêr sampeyan srêgêp mawon, kula bingah sangêt.

Sadrana mirêng wangsulaning carik makatên wau sangêt ing gumunipun, ing batos angalêmbana dhatêng carik sarta badhe tumêmên anggènipun sinau.

Samantên sampun kalampahan tigang wulan, sabên sontên jam pitu Sadrana dhatêng griyanipun carik, mantukipun jam sadasa dalu, sadumuginipun ing griya mangsuli ingkang mêntas [mê ...]

--- 23 ---

[... ntas] kawulangakên dening pun carik, makatên sabên-sabên jam kalih wêlas dalu, malah kêrêp ngantos jam satunggil dalu Sadrana sawêg tilêm.

Ing nalika punika Sadrana asring kagodha ing sakit mriyang utawi ngêlu, awit saking kêsêl lan kêkathahên mêlèk, punapadene èngêtanipun sawatawis kangelan kangge mikir, awit sampun ragi kasèp. Ananging Sadrana botên mèngèng, sabên-sabên karaos badhe sakit, lajêng dipun urus-urusi, utawi lajêng nyuwun jampi dhatêng dhoktêr Jawi ingkang rawuh ing Dhadhapan pêndhak dintên Jumuwah.

Mênggah pamulangipun carik wau makatên: Sadrana dipun damêlakên carakan lan ăngka, dipun purih ngapalakên ungêlipun, lajêng dipun kèn nurun. Sarêng sampun sagêd lajêng dipun damêlakên têmbung-têmbung lan ukara cêlak-cêlak, sadaya wau nglêgêna, lami-lami kawulang sandhangan: wulu, pêpêt, suku, taling, taling tarung, layar, cêcak, wignyan, pengkal lan kêrêt. Sarêng sampun apal sadaya kawulang patèn, sarta kanggening pasangan, lajêng kawulang etang warni-warni.

Sawêg nêm wulan Sadrana sampun sagêd: maos, nyêrat, [nyêra ...]

--- 24 ---

[... t,] anggunggung, nyuda, nangkar lan mara, lajêng kandhêg anggènipun sinau, amargi kasaru panèn, carik lan Sadrana pêrlu anggènipun ngopèni pantunipun.

Samantên wontên dhawuhing nagari manawi badhe kawontênakên sakolahan, (ingkang dipun wastani gêmintê sêkhul) wragadipun saking urunaning tiyang alit lan saking nagari.

Lurah amradinakên karsaning nagari wau. Wiwitanipun têtiyang alit sami pating kêndhêlong, botên wontên ingkang wicantên punapa-punapa. Sarêng dipun gênahakên mênggah pêrlunipun sakolah wau lajêng sami mandêng dhatêng Sadrana sadaya. Sadrana ngêrtos pikajêngipun têtiyang wau, nuntên wicantên sora anyambungi wicantêning lurahipun, malah amratelakakên manawi piyambakipun sampun nêm wulan punika sakolah dhatêng carikipun, wicantênipun: kula êmpun nêm sasi niki sakolah têng carike, awit kula timbang pêrlu sangêt tiyang gêsang sumêrêp sêsêratan lan etang-etang. Manawi kula botên sagêd nyêrat, têmtu botên bisa mèngêti kaya kula sadina-dina, pintên sing mêtu, pintên turahe, niku kula cèlèngi. Sabênêre [Sabê ...]

--- 25 ---

[... nêre] kaya kula niki êmpun kasèp, rêkasa sale sinau, nanging anggêr niyat têmênan ênggih bisa. Saniki sarèhne ontên kamurahane nagari sing sêmontên, dawêg padhidabantu,[3] supaya anak dika padha bisa maca, nulis lan etung-etung, êmpun nganti kêduwung dinane tuwa. Saniki niki akèh mawon kănca kula sing diapusi têng liya băngsa, saking botên bisane maca tulisan lan etung-etung, sasat anggotakake wong liya mawon.

Tiyang kathah wau sarêng mirêng wicantênipun Sadrana makatên punika, lajêng sami sagah urun kalihan rila, malah wontên ingkang sampun ngudhokakên anakipun ingkang badhe kapurih sakolah.

Sadrana lajêng sanjang dhatêng lurahipun manawi piyambakipun sumêdya urun sêlawe rupiyah kangge ngêdêgakên pamulangan wau, sanajan piyambakipun piyambak botên gadhah anak, ananging rumaos pêrlu sangêt mitulungi adêgipun pamulangan wau.

Lurahipun bingah sangêt, enjingipun lajêng matur dhatêng bandara wadana, têrus lapur ing nagari, lajêng nampi dhawuh supados [su ...]

--- 26 ---

[... pados] tumuntên anglêmpakakên arta urunan wau.

Samantên arta urunan sampun kaklêmpakakên, angsal kawan atus rupiyah, nagari maringi wêwah kalih bêlah rupiyah, dados kanêm bêlah rupiyah, ingkang tigang atus sèkêt rupiyah kangge numbas karas lan kangge damêl griya pamulangan, ingkang kalih atus rupiyah kangge tumbas: meja, kursi, lêmantun, bangku-bangku lan dhingklik kangge murid.

Sarêng griya dalah isinipun sampun cumawis sadaya, lan gurunipun sampun dhatêng, pamulangan wau kabikak dening bandara wadana, wontên murid suwidak. Sawêg kalampahan kalih wulan sampun kathah lare ingkang sami mêdal, amargi kirang tlatos.

Sadrana mirêng kawontênanipun lare sakolah wau, rumaos eman sangêt, lajêng andhatêngi satunggil-satunggiling lare, sami dipun arih-arih, lan dipun têrangakên kathah-kathah mênggah pêrluning sakolah wau, sawênèh wontên ingkang dipun ancam badhe kalapurakên ing kalurahan. Kajawi punika Sadrana anyagahi: sintên ingkang srêgêp kaepahan pangangge sapangadêg, lan arta satangsul.

--- 27 ---

Kangelanipun Sadrana wau botên muspra, lare-lare lajêng sami majêng malih, malah kathah ingkang mlêbêt saking sanès dhusun, Sadrana ugi botên amblenjani, kathah lare ingkang dipun ganjar kados ingkang sampun dados bang-banganipun, malah sami katanggapakên ringgit sadalu, inggih punika rikala ngajêngakên liburan panjang.

Sabên taun makatên rekanipun Sadrana anggènipun badhe ngajêngakên bangsanipun, sataun-taunipun ngantos têlas yatra sèkêt utawi suwidak rupiyah, lami-lami pamulangan wau sêsak, ngantos kêkirangan guru.

Bab ingkang kaping pitu

Sadrana Kêpengin Anak

Sadrana jalêr èstri rêmên sangêt ningali lare, langkung malih dhatêng lare ingkang rêsikan, lan srêgêp sakolah.

Anuju satunggiling dintên Sadrana jagongan kalihan ingkang èstri, kalêrês wontên lare kalih mantuk saking sakolah sami nyangking sabak lan buku, Sadrana kêraos-raos manahipun, dene botên gadhah anak, măngka jaman sapunika nêgari sampun adil lan paramarta

--- 28 ---

sangêt. Sadrana sidhakêp kalihan carocosan luhipun, awit manahipun saya kêraos-raos. Ingkang dipun prihatosakên benjang manawi sampun jêmpo, sintên ingkang badhe ngopèni, awit manungsa mêsthi saya lami saya sêpuh. Sadrana botên pisan-pisan angêndêlakên kasugihanipun, awit sumêrêp manawi donya brana punika botên lana, lan gampil icalipun. Griyanipun ingkang pelag, rêrêngganing griya ingkang èdi-èdi, patamanan ingkang asri, tuwin bojonipun ingkang gandês luwês tur bêkti ing laki, botên adamêl lipuring manahipun Sadrana, malah murugakên sangsaya karănta-rănta.

Ingkang èstri sumêrêp ingkang jalêr makatên wau mêlas sangêt, lajêng tumut ambrêbês mili. Wasana pitakèn lirih asêrêt, têmbungipun: dhuh, wong lanang, gêgondhelanaku ana ing donya. Ngrasakake apa ta, kowe, dene susah têmên atimu. Apa isih kurang sugih, apa kêpengin dadi lurah, apa kêpengin rabi manèh, apa rumăngsa digêthing ing liyan, aku blakanana. Yèn kowe kêpengin rabi manèh, iya rabia, aku [a ...]

--- 29 ---

[... ku] tak nrima dadi răndha kèringan bae.

Sadrana nênggak luh kalihan wicantên lirih: O, wong wadon, kaya-kaya ora pisan-pisan manawa aku isih duwe kamurkan kang sêmono, utawa kêpengin rabi kang ngungkuli kowe. Mung kang dadi ngêrêsing atiku: dene têka ora duwe anak, kuciwa têmên uripku. Yèn pancèn ana tuwuhe mêsthine rak uwis biyèn-biyèn. Saiki aku rumăngsa wis kasèp, awit wis umur têlung puluh pitu taun, lan wis pitulas taun anggonku jêjodhoan karo kowe.

Bojonipun nyêlak kalihan nyablèk pupu, wicantênipun: aja ngono wong lanang, saka rêmbugku bêcik kowe sêtiyara, golèk sarat sing bisa nganakake tuwuh.

Wangsulanipun Sadrana kalihan lumêbêt ing griya: sarat apa bae, kabèh-kabèh iku rak wis dumunung ana ing awak, bêgja cilaka saka ing akal, sarate ora liya mung ambudidaya angudi pikir.

Ingkang èstri lajêng kesah dhatêng griyaning tangganipun, anyariyosakên pikajêngipun ingkang jalêr. Makatên [Makatê ...]

--- 30 ---

[... n] tular-tinular ngantos kawêntar manawi Sadrana kêpengin anak.

Ing dhusun ngriku wontên tilasing priyantun, mirêng pawartos wau lajêng utusan nimbali Sadrana, badhe maringi pirêmbag, awit sampun kapotangan kasaenan dhatêng Sadrana jalêr èstri. Sampun asring kemawon sabên-sabên priyantun wau kagungan damêl, Sadrana jalêr èstri mêsthi rêrencang ing ngriku, botên măntra-măntra manawi tiyang sugih.

Sarêng utusanipun priyantun wau dhatêng, sanjang manawi Sadrana jalêr èstri dipun purih dhatêng mrika. Sadrana lajêng pangkat kalihan ingkang èstri. Sadumuginipun ing ngriku, dipun takèni yêktosing pawartos, Sadrana ngakên ing sayêktosipun. Priyantun lajêng ngrêmbagi supados Sadrana pinanggih dhoktêr, nyuwuna katrangan mênggah kawontênaning awakipun jalêr èstri, punapaa têka botên gadhah anak. Sadrana inggih anyagahi, lajêng pamit mantuk.

Enjingipun lajêng tata-tata badhe dhatêng Salatiga pinanggih tuwan dhoktêr. Botên kacariyos lampahipun

--- 31 ---

Sadrana jalêr èstri sampun pinanggih tuwan dhoktêr sarta anyariyosakên pêrlunipun. Tuwan dhoktêr lajêng mriksa badanipun Sadrana jalêr èstri, pangandikanipun: lah, iki awakmu karo ora apa-apa, kiraku kowe iya bakal duwe anak, êmbuh enggal lawase, aku ora bisa ngarani. Tuwan dhoktêr lajêng ngulungi kitir sarwi ngandika makatên: ênya, iki layang aturna tuwan kang adol jamu ngarêp kae, mêngko kowe diulungi tămba, iku ombenên wong loro pêndhak esuk sasendhok, nganti êntèk, dene rêgane tămba iku saringgit.

Sadrana nampèni kitir kalihan ngaturakên arta sadasa rupiyah dhatêng dhoktêr, ananging dhoktêr botên kêrsa nampèni. Dhawuhipun: kowe ora susah ngopahi aku, besuk bae yèn bojomu bisa mêtêng, yèn wis têkan mangsane aja nganggo dhukun desa, katêmua aku, tak gawani dhukunku sing arane phrudphro. Sadrana matur nuwun, lajêng pamit badhe pinanggih tuwan apotèkêr.

Sadumuginipun ing ngriku Sadrana ngaturakên kitir kalihan arta saringgit. Tuwan apotèkêr maos sêrat [sê ...]

--- 32 ---

[... rat] wau lajêng mlêbêt ing sênthong, mêdalipun ambêkta gêndul kêbak isi jampi, kaulungakên ing Sadrana kalihan ngandika makatên: ênya, iki ombenên wong loro sabên esuk sasendhok. Sadrana nampèni gêndul lajêng pamit mantuk.

Kacariyos Sadrana anuhoni dhawuhing tuwan dhoktêr lan tuwan apotèkêr, kalêksanan ingkang èstri ngandhêg sampun tigang wulan. Sarêng jangkêp sêkawan wulan Sadrana ngêmpalakên sadhèrèk lan mitranipun sadaya, dipun ajak nêdha eca, pratăndha sukur ing Allah, lan narimah sangêt dhatêng sih pitulungipun para priyantun ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Samantên sampun wolung wulan anggènipun wawrat Bok Sadrana, botên kirang punapa-punapa. Sadrana lajêng nglêmpakakên sadhèrèk lan mitra-mitranipun malih, kaajak nêdha eca, minăngka pratăndha sokur ing Allah lan suka panarimah ingkang kaping kalihipun.

Bab ingkang kaping wolu

Bok Sadrana Gadhah Anak

Kacariyos anggènipun ngandhêg Bok Sadrana sampun sadasa wulan. Nuju satunggiling dintên sanjang dhatêng ingkang jalêr

--- 33 ---

manawi awakipun karaos lungkrah sarta kêdah sêne kemawon. Ingkang jalêr kèngêtan dhawuhipun tuwan dhoktêr, lajêng undang-undang tăngga têpalihipun dipun purih sami jagongan wontên ing ngriku, nanging botên dipun lilani ngêpik-êpik ingkang èstri, Sadrana enggal-enggal dhatêng Salatiga numpak kapal.

Botên kacariyos lampahipun, Sadrana sampun dumugi kitha, ngadhêp tuwan dhoktêr, ngaturi pariksa manawi dhawuhipun sampun dipun lampahi, saha ingkang èstri saèstu wawrat sampun dumugi lèkipun. Tuwan dhoktêr lajêng nimbali phrudphro ingkang nama Radèn Ajêng Su, sarêng dhatêng lajêng dipun dhawuhi makatên: dèn ajêng, saiki uga kowe mèlua wong iki, tulungana sing wadon arêp duwe anak, pirantimu aja nganti ana sing kèri, phrudphro matur sandika. Sadrana nyuwun pamit, lajêng sami mangkat numpak kapal.

Botên dangu dumugi ing Dhadhapan anjujug ing griyanipun Sadrana. Ing ngriku Bok Sadrana pinanggih sawêg tilêman karubung ing tiyang kathah, nanging botên wontên tiyang ingkang purun ngêpik-êpik. Radèn ajêng Su lajêng mapanakên bok [bo ...]

--- 34 ---

[... k] Sadrana, wêtêngipun dipun dumuki, lajêng dipun jagi kiwa têngên. Botên dangu jabang bayi lair jalêr sarêng kalayan rencangipun, botên mawi sangsara punapa-punapa. Bayi kajunjung ing Radèn Ajêng Su, kapêrnahakên ing panggenan ingkang sae, lajêng enggal nyandhak êmbokipun, kaseka, lan kapêrnahakên ing kursi panjatos, kajagi botên kenging ebah. Radèn Ajêng Su enggal-enggal mangsuli jabang bayi, kakêthok pusêripun mawi gunting. Lajêng dipun rimati, kasandhingakên êmbokipun.

Ngantos sajumuwah Radèn Ajêng Su anênggani Bok Sadrana, rintên dalu botên kesah-kesah. Dene bayinipun dipun dhot kemawon, nêngga sarasing biyungipun.

Sarêng sampun pitung dintên Bok Sadrana samapun[4] rêncang, kenging tangi, mlampah-mlampah, lan kenging nusoni anakipun. Radèn Ajêng Su lajêng pamit mantuk, Sadrana jalêr èstri matur nuwun, saking sih pitulunganipun Radèn Ajêng Su wau, kalihan ngulungakên wang kêrtas tiga nyadasa rupiyah, Radèn Ajêng Su nampèni kalihan mungêl makatên: Pak Sadrana lan Bok Sadrana, prakara nulungi wong duwe anak iku wis wajibku, lan aku wis diwulang pirang-pirang taun [tau ...]

--- 35 ---

[... n] saka karsaning nagara, mulane wajib kowe padha narimaa marang nagara. Dene kang dadi pratandhane: iya mung wêdi, asih lan mituhu ing pangawulane. Sadrana jalêr èstri matur: O, bêndara, sadèrèngipun bêndara rawuh, kula jalêr èstri sampun rumaos kawratên ing sih parimarmanipun nagari dhatêng jasat kula. Namung kănca kula tiyang alit taksih kathah ingkang klintu tampi. Dene dhawuhipun bandara wau inggih kula èstokakên, malah anyawabana kănca kula sadaya.

Radèn Ajêng Su lajêng mantuk kajujugakên ing Sadrana. Sarêng Radèn Ajêng Su sampun dumugi ing kitha, Sadrana lajêng pamit mantuk.

Kacariyos pating calonthot kojahanipun para èstri ingkang sami tuwi êmbok Sadrana, sami anêrangakên gumunipun dhatêng Radèn Ajêng Su, dene taksih samantên ênèmipun têka têrampil sangêt ngopèni tiyang manak. Sawênèh wontên ingkang ngojahakên sanèsing patrapipun kalihan dhukun ing dhusun.

Salêbêtipun sapêkên sêlur tiyang ingkang ngêlèki sabên dalu, Sadrana inggih bingah sangêt.

--- 36 ---

Sarêng sampun pupak pusêr, jabang bayi kasukanan nama: Darana. Kacariyos walagang sangêt, ngantos umur sataun botên nate wontên sambekalanipun punapa-punapa.

Bab ingkang kaping sanga

Sadrana Damêl Griya Wakab

Kacariyos pun Darana sampun umur kalih taun, dumalundung kalis ing sambekala, mandar tansah adamêl sênênging tiyang sêpuhipun. Samantên Sadrana nêdya damêl griya wakab, kangge ngupakara tiyang ina papa, sêdyanipun wau dipun lêksanani, Sadrana numbas griya dalah pakaranganipun rêgi satus rupiyah, lajêng sanjang dhatêng lurahipun supados kasuwunakên idi damêl griya wakab wau.

Lurahipun anyagahi, lajêng kaaturakên ing parentah, sampun angsal idi. Griya wau kanamakakên: Darana Inaloka.

Samantên kathah tiyang ingkang sami wontên ing Inaloka ngriku, sami dipun wulangi nyambut damêl ing sapantêsipun, wontên ingkang anam-anam, wontên ingkang irat-irat, [i ...]

--- 37 ---

[... rat-irat,] wontên ingkang mêlit, wontên ingkang damêl enthong, irus sasaminipun, sadaya dêdamêlan wau kasade, pêpajênganipun dipun êpèk piyambak-piyambak. Măngka wragad saking Sadrana sadaya, malah sabên dintên têdhanipun sami dipun catu saking griyanipun Sadrana.

Kadarmanipun Sadrana wau kêsuwur sangêt, nagari lajêng maringi urunan dhatêng Darana Inaloka wau satus rupiyah sêtaun, lan Sadrana dipun paringi mêdhali ingkang dipun wastani: Brudêr Dhêr Ordhê Nêdêrlansê Leyo.

Bab ingkang kaping sêdasa

Cariyosipun Darana

Kacariyos Sadrana sabên wulan nyèlèngi sadasa rupiyah dhatêng bang apdhèling wiwit lairipun Darana. Saking pamanahipun Sadrana benjing manawi Darana sêpuh, kenginga kadamêl pawitan.

Samantên Darana sampun umur nêm taun, gadhah kêpengin badhe sakolah. Bapak êmbokipun bingah sangêt, lajêng dipun sakolahakên ing dhusun ngriku. Saking tabêrinipun, sawêg kalih taun nêm wulan Darana sampun tamat ing wulangan ngriku, lajêng nêdha sakolah ing kitha. Darana

--- 38 ---

kangengerakên ing mantri guru kitha ngiras sakolah, Sadrana namung nguruni têdhaning anakipun gangsal wêlas sawulan.

Darana wau botên dipun lilani tuwi dhatêng Dhadhapan, manawi botên wulan Siyam, sabên wulan bapak êmbokipun sami tuwi, kalihan ngaturakên arta urunan dhatêng mantri guru.

Anuju bapak êmbokipun tuwi, mantri guru ngrêmbagi supados Darana manawi sontên kasakolahakên Walandi partikêlir. Sadrana sangêt ing rujukipun, wiwit kala samantên Darana manawi enjing sakolah Jawi, manawi sontên sakolah Walandi partikêlir.

Sampun tigang taun Darana sakolah Jawi ing kitha, sampun tamat lan sampun angsal sêrat pratăndha tamating sinau. Samangke enjing sontên Darana sakolah Walandi kemawon. Gurunipun asih sangêt, amargi pun Darana wau tabêri lan gathekan sangêt.

Sarêng Darana sampun sagêd anggènipun sakolah Walandi, gurunipun anêmbung dhatêng mantri guru: manawi suka Darana badhe kasakolahakên dagang dhatêng Sêmarang, supados ing têmbe sagêda dados sudagar. Mantri guru [gu ...]

--- 39 ---

[... ru] rujuk sangêt, nanging sêmados badhe dipun jawab dhatêng tiyang sêpuhipun rumiyin.

Anuju Sadrana tuwi, mantri guru nantun dhatêng Darana punapa purun kasakolahakên dagang dhatêng Sêmarang. Wangsulanipun Darana: inggih purun, malah kêpara sênêng sangêt.

Mantri guru lajêng nêmbung dhatêng Sadrana jalêr èstri mênggah saking kêrsanipun tuwan guru wau. Sadrana dangu botên mangsuli, lajêng matur alon: inggih sumăngga bêndara, anggêre larenipun pikajêng kemawon. Prakawis prabeyaning sakolah, kula inggih botên badhe nyelaki.

Sawêg samantên aturipun Sadrana, ingkang èstri anyêlani atur dhatêng mantri guru: lah, yèn badhe tuwi kadospundi bêndara, utawi manawi wontên ngêlu mulêsipun. Wangsulanipun mantri guru: lah, prakara tilik iku gampang, awit ana kreta, ana sêpur. Nanging iya aja kêrêp-kêrêp, têlung sasi sapisan, iku sêdhêngan. Dene prakara yèn ana ngêlu mulêse, iku kowe ora susah kuwatir, awit panggonane bêcik lan nyênêngake, sarta dhoktêr sabên dina niliki.

--- 40 ---

Sadrana matur malih dhatêng mantri guru: bêndara, upami lare punika kula supitakên rumiyin kadospundi, awit sampun mangsanipun. Kapriye Darana, kowe apa wis wani supit. Wangsulanipun Darana: sing diwêdèni apa, mapan wis jamak lumrahe bocah lanang supit.

Mantri guru ngandika: Sadrana, yèn Darana wis wani, luwih bêcik supitna marang tuwan dhoktêr bae, awit dhukun Jawa iku nguwatiri, êmbuh ta, yèn arêp kogawe rame-rame.

Wangsulanipun Sadrana kalihan mandêng ingkang èstri: rame-rame mênapa ta, bêndara, ngathah-ngathahi wragad ingkang tanpa paedah.

Ingkang èstri nyambungi: inggih, sampun bêndara, badhe kula sunatakên dhatêng tuwan dhoktêr kemawon. Sesuk bae, ya wis, wong lanang, mumpung aku lan kowe mrene.

Darana nyambungi asêmu bingah: iya wis, pak, sesuk bae, aku iya gêlêm.

Mantri guru ngandika malih: iya wis, sesuk aku sing mamitake marang gurune.

--- 41 ---

Botên kacariyos dalunipun, sarêng enjing mantri guru kintun sêrat dhatêng tuwan guru mamitakên pun Darana. Dene Sadrana jalêr èstri lan Darana lajêng sowan tuwan dhoktêr. Sadumugining dalêmipun tuwan dhoktêr, Sadrana ngaturakên ing pêrlunipun. Darana lajêng dipun jak dhatêng sênthong, dipun supiti wontên ing ngriku. Sarêng sampun dipun jampèni lan dipun blêbêd tatunipun, lajêng kapurih mêdal sarta kalilan mantuk, namung pêndhak enjing Darana kapurih mriku, badhe dipun santuni jampinipun.

Mêdalipun Darana saking sênthong taksih kados kala sarasipun, bapak êmbokipun sarêng dipun cariyosi langkung bingah, lajêng ngaturi arta sêlawe rupiyah dhatêng tuwan dhoktêr. Arta dipun tampèni, sarta sami kalilan mantuk.

Sabên enjing Darana wangsul ing dhoktêran, makatên ngantos gangsal dintên, pun Darana sampun saras babarpisan, lajêng malêbêt sakolah kados sabên-sabênipun.

Sarêng Darana sampun saras, Sadrana jalêr èstri lajêng pamit mantuk. Dhawuhipun mantri guru: Sadrana, dhawuhe tuwan guru, besuk tanggal ping têlung puluh Juni, anakmu

--- 42 ---

arêp digawa mênyang Sêmarang, kowe ngêtêrna lan anggawaa sangu sacukupe. Sadrana matur sandika, lajêng kalilan mantuk.

Bab ingkang kaping sêwêlas

Darana Dados Sudagar Sugih

Samantên sampun dumugi ing sêmadosipun Sadrana, Darana lan tuwan guru sampun sami dhatêng Sêmarang, anjujug ing sudagar Walandi ingkang damêlipun mulangi patraping dêdagangan.

Gampiling cariyos pun Darana sampun sakolah dagang ing Sêmarang gangsal taun laminipun, sarêng sampun tamat, lajêng nêdha padamêlan buk owêr dhatêng toko Cina, sampun katampèn, pun Darana dados buk owêr blănja kalih bêlah rupiyah sawulan.

Blanjanipun samantên wau ingkang têlas katêdha tuwin kadamêl bêtah sanèsipun namung suwidak utawi pitung dasa rupiyah, sanèsipun sadaya dipun cèlèngi ing bang.

Gangsal taun Darana dados buk owêr, botên wontên kisruh-kisruhan, lan botên nate dipun srêngêni ing bêndaranipun. [bênda ...]

--- 43 ---

[... ranipun.] Samantên Darana gadhah sêdya badhe dagang piyambak, lajêng nyuwun mêdal saking padamêlanipun, bêndaranipun ngêndhêg, Darana mêksa, lajêng dipun turuti, malah dipun sukani pasangon gangsal atus rupiyah, awit pandamêlanipun sae, lan têmên. Darana matur nuwun, lajêng pamit mantuk.

Sadumugining griya pun Darana gadhah sêdya yatra gangsal atus rupiyah saking bêndaranipun wau, ingkang kalih atus rupiyah badhe kaaturakên dhatêng mantri guru, ingkang tigang atus rupiyah badhe kaaturakên dhatêng tuwan guru, ngiras piyambakipun badhe têtuwi.

Gagasanipun makatên wau inggih dipun lêksanani, Darana sowan dhatêng gurunipun kêkalih, aturipun tuwi lan angaturakên angsal-angsal awarni yatra. Gurunipun sami nêdha narima, lan paring pitutur dhatêng Darana: manawi badhe dados sudagar, supados lêlayanan piyambak kalihan sudagar ing tanah Eropah. Darana matur sandika badhe anglampahi punapa sadhawuhing gurunipun, lajêng nyuwun pamit badhe têrus dhatêng Dhadhapan.

Sadumuginipun ing Dhadhapan bapa biyungipun sangêt ing

--- 44 ---

bingahipun, saking sangêting bingah akanthi kagèt, Bok Sadrana ngantos nangis asênggruk-sênggruk, Darana tansah dipun ambungi êmbun-êmbunanipun, sarwi ngucap sokur ing Allah Maha Mirah.

Tăngga-tangganipun sami tuwi, sami gumun sangêt aningali pun Darana, dene ical sipating tiyang dhusun, pawakanipun agagah kados priyantun agêng, tandang polahipun kados Walandi.

Lurahing dhusun ngriku jalêr èstri sami tuwi, sarêng sampun dipun dongèngi mênggah lêlampahanipun Darana wiwit kala sakolah ing Salatiga ngantos dumugining tuwi dhatêng Dhadhapan wau, lurah lajêng ngadêg sarta wicantên sora:

Hèh kănca-kancaku wong cilik kabèh. Dipadha tabêri ing gawe, dipadha bêcik pamêngkune ing sapadha-padha, dipadha dhêmên nyèlèngi, supaya bisa dadi wong kang kaya kang Sadrana lanang wedok, lan manèh dipadha bisa mêrdi anak, supaya anakmu padha bisa kaya Si Darana.

--- 45 ---

Wicantênipun lurah makatên wau dipun sambungi dening pun Darana makatên:

Kula matur nuwun saking pangalêmbananipun kyai lurah dhatêng tiyang sêpuh kula. Kajawi dhawuhipun kyai lurah wau, kula ngaturi pamrayogi, kanggea salami-laminipun: akal akanthi sabar punika, sagêd amulyakakên badan.

Ngantos sadalu anggènipun sami jêjagongan, sami nutug ing kasênênganipun. Enjingipun sami bibaran mantuk sowang-sowang.

Botên kacariyos laminipun Darana wontên ing Dhadhapan, samantên sampun wangsul ing Sêmarang, mêndhêt celenganipun, lajêng bikak toko, lan dagang warni-warni, kados ta: koprah, sata, kapuk, lan wacucal. Sarèhning Darana sumêrêp lampahing tiyang dagang, sumêrêp kawontênaning dhusun, tabêri lan titi, botên lami sugih, sarta kasuwur ambêk darma paramarta. Sanajan Darana trahing alit lan botên dados priyantun, ananging [a ...]

--- 46 ---

[... nanging] kaurmatanipun ngungkuli priyantun. Sabên wontên pakêmpalan agêng ing kamar-bolah tuwin ing dalêming pangagêng, Darana inggih dipun ulêmi, satata lan para pangagêng.

Bab ingkang kaping kalih wêlas

Sadrana Dados Lurah ing Dhadhapan

Kacariyos lurah ing dhusun Dhadhapan sampun sêpuh sangêt, saking karsaning nagari kaparingan bintang têmbagi, pratăndha katarimah pasuwitanipun dhatêng parentah. Sabakdaning nampi bintang, lurah lajêng nyuwun kèndêl, awit rumaos sampun loyo. Nagari inggih anglilani, lurah wau dipun kèndêli kalihan kaurmatan, lan kaparingan pènsiyun sabin sabau, kaparingakên tumurun kadosdene sabin yasan.

Sarêng lurah sampun kèndêl, orêging dhusun ngriku, wontên tiyang gangsal ingkang sami nêdha dados lurah, sabên dalu tiyang alit sami uyang-uyung, dipun ingoni calon wau gêntos-gêntos, malah wontên ingkang nyukani arta supados sami miliha dhatêng piyambakipun.

--- 47 ---

Namung Sadrana ingkang ayêm-ayêman, botên ngucap angraosi dhatêng pangkat lurah.

Ingkang dados wakiling lurah carik ing ngriku. Ing wanci sontên dhawuh saking dhistrik manawi benjing enjing badhe ngadani pilihan lurah, carik lajêng andhawuhakên dhatêng tiyang kiyat sadaya.

Sasampuning anundhakakên dhawuh, carik lajêng ngundang Sadrana, sarêng sampun dhatêng, dipun bisiki makatên: kang, dika ajêng kula pilih dadi lurah, kănca dika sêdaya sami nyuwun supados sampeyan anglurahi dhusun ngriki. Sadrana kipa-kipa, wicantênipun: carike, kula botên kêpengin dadi lurah, awit sing kula têdha êmpun botên kirang, padamêlan kula piyambak inggih sampun kathah. Carik wicantên malih: êmpun ngotên kang, yèn sanès dika sing nglurahi tiyang ngriki, mêsthi sami karusakan, mêsakake. Sadrana lajêng pamit mantuk, dipun êndhêg botên purun.

Sapêngkêripun Sadrana, carik lajêng angundangi tiyang kiyat sadaya, sarêng sampun sami nglêmpak, lajêng dipun sanjangi ingkang dados niyatipun, tiyang alit bingah sangêt,

--- 48 ---

ananging sarèhning sampun sami gadhah kasagahan, dhatêng calon gangsal wau, dados sami rêmbagan amrih sakecanipun. Carik lajêng ngetang-etang wontên ing dlancang, botên dangu wicantên makatên: kancaku kabèh, sesuk padha miliha calon lima iku dumên sing rata wong siji têlung puluh, aja nganti gèsèh, mêngko aku sing ngakal bisane milih Si Sadrana. Têtiyang alit sami saur-pêksi, lajêng bibaran mantuk sowang-sowang.

Botên kacariyos dalunipun, sarêng enjing bêndara wêdana lan bêndara tuwan kontrolir rawuh ing griyanipun lurah dhongkol, tiyang kiyat lan para bêbau sampun sami nglêmpak, namung Sadrana ingkang botên dhatêng, nyukani sêrat dhatêng carik: manawi piyambakipun botên sakeca ragi krêkês-krêkês. Carik cuwa sangêt, nanging kèndêl kemawon.

Sarêng sampun kadhawuhakên amilih, calon gangsal wau kapilih ing tiyang nigang dasa lan bêbau ngalih. Bêndara wadana lajêng dhawuh manawi pilihan punika botên dados, kêdah dipun adani malih.

Samantên carik lajêng ngadhêp bêndara wadana, matur manawi kaparêng [kapa ...]

--- 49 ---

[... rêng] badhe sami milih tiyang nami Sadrana, ugi sikêp ing Dhadhapan, nanging tiyangipun sawêg sakit. Bêndara tuwan kontrolir lajêng dhawuh dhatêng punggawa, andikakakên nimbali pun Sadrana. Botên dangu Sadrana dhatêng, lajêng kadhawuhan manawi badhe kapilih dados lurah. Sadrana botên matur punapa-punapa, namung nyêmbah kemawon.

Pilihan lajêng dipun adani malih, samangke sadaya sami milih dhatêng Sadrana. Calon gangsal wau sarêng sumêrêp kathah ingkang milih Sadrana, lajêng anut milih kemawon.

Botên kacariyos raroncènipun, samangke Sadrana dados lurah ing dhusun Dhadhapan, ing ngriku sangsaya mindhak rêja lan lohipun, punapadene kathah tiyang ingkang sugih, awit Lurah Sadrana rêmên mawiti dhatêng tiyang alitipun.

Anuju satunggiling dintên Darana tuwi bapakipun, lajêng rêmbagan: manawi bapakipun purun dipun ajak urunan andandosi Darana Inaloka. Bapakipun rujuk sangêt. Lajêng dipun lêksanani. Darana Inaloka dipun dandosi sae sangêt, griya gêdhong mawi dipun sukani patamanan langkung asri, waragadipun têlas [têla ...]

--- 50 ---

[... s] nêm èwu rupiyah.

Samangke sangsaya kathah tiyang ingkang sami lumêbêt dhatêng Darana Inaloka, mawi dipun sukani mandhor lan juru sêrat, sadaya ingkang waragad saking Sadrana lan Darana, dene nagari sapunika paring gangsal atus rupiyah sataunipun. Kasaenanipun Sadrana lan Darana wau kasuwur ing satanah Jawi.

Bab ingkang kaping tiga wêlas

Nyariyosakên Jayadrana, lan Anakipun Kalih

Jayadrana punika nalika taksih alit nama pun Sudama, anakipun Jayapura kumêtir ing Prêsil Gêtas. Dene pun Jayapura wau anakipun Mas Jayadipura mantri gudhang ing Pingit Kêdhu. Dados pun Sudama wau taksih turuning priyantun.

Nalika pun Sudama sawêg umur tigang taun katilar pêjah dening bapakipun, lajêng kapupu dhatêng pamanipun misan ingkang dados asistèn wadana ing Têmpuran, bawah ing Salatiga. Sarêng sampun umur nêm taun, pun Sudama kasêkolahakên, [kasê ...]

--- 51 ---

[... kolahakên,] nanging dèrèng ngantos dumugi, lajêng mêdal, awit pamanipun pansiyun, lajêng gêgriya ing Dhadhapan. Samantên pun Sudama lajêng sinau têtanèn, kalajêng ngantos sêpuh, sarta rabi tiyang ing dhusun ngriku, santun nama sêpuh Jayadrana.

Kacariyos nalika pamanipun mituturi dhatêng pun Sadrana, rekanipun tiyang badhe sagêd gadhah anak, Jayadrana mirêngakên. Sarêng pun Sadrana kalampahan sagêd gadhah anak, pun Jayadrana aniru, sarta kalêksanan sagêd gadhah anak kalih jalêr èstri, ingkang jalêr kanamakakên pun Sudarma, ingkang èstri kanamakakên pun Sudarmi.

Sarêng pun Jayadrana sampun gadhah anak, rumaos pakèwêd sangêt dipun rayat ing pamanipun wau, lajêng gadhah akal badhe nyambut yatra dhatêng pun Sadrana, kenginga kadamêl gêgriya tuwin kadamêl pawitan dagang. Akalipun wau nuntên dipun lêksanani, Sadrana inggih anglêgani ingkang dados panêdhanipun Jayadrana wau, dipun sambuti yatra tigang atus rupiyah.

Samantên Jayadrana lajêng numbas karas dalah griyanipun rêgi [rê ...]

--- 52 ---

[... gi] satus rupiyah, ingkang kalih bêlah rupiyah kadamêl nyewa sabin lan nguyang, kalêrêsan griyanipun cêlak kalihan pêkên, dados gampil panyadenipun pantun lan uwos. Kajawi dagang pantun Jayadrana wau inggih ngingah ayam atusan, sabên sapêkên sapisan tiganipun kasade dhatêng kitha, pêpajênganipun dipun cèlèngi. Makatên lami-lami Jayadrana sagêd anglunasi sambutanipun saking yatra pêpajênganipun tigan kemawon.

Mênggah rekanipun Jayadrana ngingah ayam wau makatên: ingkang rumiyin karasipun ingkang sapalih dipun pagêri mubêng inggilipun watawis kalih satêngah mètêr, ing nglêbêd dipun sukani griya kapagêran awis-awis, ing salêbêtipun griya wau kadèkèkan plangkringan lan kapasangan patarangan watawis kalih dasa panggenan. Sarêng sampun mlathing sadaya, lajêng numbas babon ingkang sae-sae sèkêt, lan sawung gangsal, kaêculakên ing kandhang ngriku, rintên dalu wontên ing ngriku kemawon, sabên enjing dipun têdhani. Babon wau sami nigan ing patarangan ingkang sampun kapasangakên wau, malah wontên ingkang nigan ing siti utawi ing parumputan. Sabên sontên Jayadrana [Jayadra ...]

--- 53 ---

[... na] piyambak mêndhêti tigan wau, sapêkên sagêd angsal tigan kalih atus utawi langkung, lajêng kasade dhatêng kitha, sajinahipun pajêng sêtangsul utawi tigang kêthip. Wondene ayam wau botên sadaya kawigarakên, giliran gangsal-gangsal katêtêsakên, pundi ingkang sampun nêtês kapêndhêt mêdal, ngantos nyapih sawêg kalêbêtakên malih. Dene anak-anakipun kasade, katumbasakên babon, makatên sangsaya lami babonipun Jayadrana sangsaya kathah, ngantos gunggung wontên babon lan sawung satus tigang dasa, lajêng panggenanipun kawiyarakên ngantos mèh sabau. Sapunika manawi sade tigan sapêkên sagêd angsal kawan wêlas rupiyah utawi langkung. Lami-lami Jayadrana dados tiyang sugih.

Sarèhning Jayadrana kèngêtan manawi sugihipun wau saking pitulunganipun Sadrana, dados narimah sangêt dhatêng Sadrana, malah ngakên sadhèrèk sêpuh dhatêng Sadrana jalêr èstri.

Kacariyos pun Sudarma kasêkolahakên ing Salatiga. Sarèhning pintêr lan srêgêp, pun Sudarma wau kasêkolahakên calon mantri guru ing Ngayogyakarta sarana [sara ...]

--- 54 ---

[... na] pitulunganing gurunipun. Lami-lami pun Sudarma mêdal lajêng dados guru pambantu ing Sêmarang, botên lami malih dados mantri guru ing Ngayogyakarta.

Ing nalika Sudarma wau dados guru pambantu ing Sêmarang, adhinipun èstri pun Sudarmi, ingkang sakolah ing Salatiga, kabêkta dhatêng Sêmarang, kasêkolahakên ing ăngka satunggal. Sarêng sampun tamat, kapurih tumut iksamên kuwèkling, angsal. Lêt kalih taun pun Sudarmi iksamên guru bantu inggih angsal. Lajêng nampi buslit dados wakil guru bantu ing pamulangan alun-alun Salatiga, blănja kalih dasa rupiyah sawulan.

Pun Sudarma lan Sudarmi wau mèh sabên wulan tuwi dhatêng Dhadhapan, malah pun Sudarmi prasasat mèh sabên minggu.

Bab ingkang kaping kawan wêlas

Darana Kêpencut Sudarmi

Kacariyos margi saking Salatiga dhatêng Dhadhapan sampun dados margi agêng, dêdagangan ugi sampun rame, pêkênipun agêng, kathah toko Jawi Cina alit-alit. Sadaya wau saking rekadayanipun Darana lan bapakipun. [ba ...]

--- 55 ---

[... pakipun.] Kathah têtiyang ingkang sami dipun sambuti pawitan ingkang tanpa sarêman. Pramila Darana lan bapakipun sangsaya sinuba-suba dening têtiyang ing Dhadhapan tuwin măncapatipun.

Sabên kalih pêkênan utawi tigang pêkênan sapisan, pun Darana tuwi dhatêng Dhadhapan numpak motor kemawon, ngiras nuwèni têtiyang ingkang sami kapurih kêkilakan dhatêng dhusun-dhusun.

Anuju satunggiling dintên Darana pinuju tuwi dhatêng Dhadhapan, wontên ing margi motoripun kêpêksa mandhêg, jalaran wontên arak-arakan pangantèn. Mênggah wujuding arak-arakan wau: ing ngajêng piyambak lare-lare sami amandhi umbul-umbul, jèjèr ngalih kados caraning prajurit baris. Wingkingipun lare-lare jalêr neneman sami mangangge sarwa endah, wontên ingkang numpak kapal. Wontên ingkang numpak rodha angin, solahipun katawis sami bingah-bingah, ing pangraos prasasat jalêr piyambak. Wingkingipun malih têtiyang jalêr ingkang ragi sêpuh, botên sami mangangge sarwa èdi, ananging sami êndêm-êndêman, sawênèh wontên ingkang anjogèd, [anjogè ...]

--- 56 ---

[... d,] sawênèh malih wontên ingkang mêndêm galoyoran, solahipun asaru ngisin-isini. Wingkingipun malih găngsa kapikul katabuh kalihan malampah, lagu gêndhing Gagaksetra. Wingkingipun găngsa punika pêngantènipun, ingkang èstri katumpakakên tandhu jolèn, ingkang jalêr numpak kapal jinggo, inggih punika kapal karajut sarta kaebegan, esthanipun kados para pangeran manawi sami badhe lêlangên sodoran.

Pun Darana gumunipun botên kantênan ningali kawontênanipun arak-arakan wau, sangsaya sangêt malih gumunipun sarêng ningali tiyang êndêm-êndêman saha dhatêng pangantènipun. Ing batos Darana nacad sangêt dhatêng bangsanipun Jawi.

Sapisan, anggènipun botên eman dhatêng yatra ingkang kabucal tanpa kusur punika.

Kaping kalih, dene têka kasar lan saru sangêt, sami jêjogedan urut margi, polahipun sami kados tiyang edan.

Kaping tiga, dene têka lucu sangêt, pangantènipun wau dede pangantèn sayêktosipun,

--- 57 ---

ananging pangantenan, awit jalêr èstrinipun taksih sami alit-alit, kenging kaparibasakakên: dèrèng sagêd sisi.

Sapêngkêring arak-arakan, Darana nglajêngakên lampahipun, samargi-margi anggagas saruning pranatanipun arak-arakan wau, saha angulir budi kadospundi rekanipun supados bangsanipun Jawi sagêda dados tiyang ingkang kagolong pintêr, sumêrêp sêraping waragad lan sagêd ambedakakên pranatan ingkang awon lan ingkang sae.

Samantên kaplantrang lampahing motoripun Darana, botên sumêrêp manawi sampun kalangkung ing griyaning bapakipun. Sarêng mèh dumugi ing pêkên, Darana kagèt sangêt, motoripun enggal-enggal dipun andhêgakên, dangu amikir-mikir: pêkên pundi ingkang badhe dipun langkungi punika. Dangu-dangu Darana kèngêtan manawi punika pêkên ing Dhadhapan. Motoripun lajêng dipun ingêr.

Samantên sawêg ngegah-eguh anggènipun badhe ngingêr motoripun lajêng kandhêg, awit aningali wontên lare neneman jalêr èstri sami sae ing warni, ngadêg ing

--- 58 ---

latar sangajênging griya. Lare jalêr wau pun Sudarma anakipun Jayadrana ingkang sampun dados mantri guru ing Ngayogyakarta, pinuju tuwi dhatêng tiyang sêpuhipun, dene lare èstri wau adhinipun nama pun Sudarmi, ingkang sampun dados guru bantu ing Salatiga. Darana dèrèng nate sumêrêp dhatêng pun Sudarmi, nanging dhatêng pun Sudarma botên pangling, awit kănca sakolah wontên ing Dhadhapan lan ing Salatiga. Darana gugup ambagèkakên dhatêng pun Sudarma, têmbungipun: lah, si adhi Sudarma. Punapa sami wilujêng dhi. Sapunika si adhi wontên ing pundi lan nyambut damêl punapa. Sudarma nyauri: Kula wontên ing Ngayogyakarta kang, dados mantri guru ing ngrika. Lah sapunika kakang wontên ing pundi. Darana nyauri sêmu isin, awit wontên Sudarmi wau, têmbungipun: sapunika kula dagang wontên ing Sêmarang, suwawi ta dhi, kula aturi pinarak dhatêng kalurahan. Pun Sudarma nyauri: Inggih mangke-mangke kemawon. Pun Darana pamit lajêng ngingêr motoripun kalampahakên alon-alon. Lampahing motor botên ajêg, awit manahipun Darana gumyur, ingkang kacipta namung lare èstri ingkang ngadêg [ngadê ...]

--- 59 ---

[... g] jèjèr kalihan pun Sudarma, ciptanipun Darana: bocah wadon mau kae sapa. Apa anake pak cilik Jayadrana, apa ta bojone Si Sudarma. Upama bojone Si Sudarma, dhèk kapan anggone rabi, mokal yèn ora ngabarana aku utawa bapak. Yèn pancèn adhine Sudarma, apa kira-kira olèh dak gawe têtimbanganing uripku.

Sawêg samantên panggagasipun Darana, kasêlak dumugi ing kalurahan, motor kaandhêgakên, Darana lajêng mudhun.

Bapa biyungipun Darana mêdal mapagakên anakipun, kalihan ambagèkakên sarta takèn kabaripun ing Sêmarang, Darana narik kursi lajêng mangsuli kalihan angunjal napas, têmbungipun: pangèstunipun bapak simbok, kula inggih wilujêng. Dene sêsakit ing Sêmarang sampun mêndha, awit kathah pranataning nagari ingkang amrih sudaning sêsakit.

Sadrana gumun sangêt ningali solahing anakipun, dene têka nganyar-anyari, ulatipun biyas tansah ngunjal napasipun, ananging sinamun ing sêmu, lajêng sanjang bisik-bisik [bisik-bi ...]

--- 60 ---

[... sik] dhatêng ingkang èstri, kapurih ngulatakên pun Darana, bokmanawi ngêmu sakit utawi ngêmu prihatos.

Êmbokipun murugi Darana, lajêng ngatag kapurih santun.

Darana ngadêg lajêng malêbêt ing sênthong ingkang asring kadamêl pondhokanipun. Êmbokipun tansah angintip-intip.

Sadumuginipun ing sênthong, Darana ucul-ucul kalihan rêrêpèn makatên:

ora kaya raganingsun | têka kataman ing dhêsthi | dhêsthine adhi Sudarma | dhêsthine wong ayu kuning | kayaparan raganingwang | têka kênèng guna dhêsthi ||

wulung wido măngsa batur | mati kalap awak mami | sumur gung pucaking arga | tega têmên si wong kuning | toya mijil ing sarira | têka gawe lara dlêming ||

Sawêk samantên anggènipun rêrêpèn pun Darana, kasaru êmbokipun malêbêt ing kamar, Darana gugup anguculi sabukipun sarta api-api takèn panggenaning sarung. Êmbokipun mêndhêtakên sarung lajêng lênggah ing ranjang kalihan nyawang solahing anakipun.

Darana rikuh sangêt, sampun angintên manawi êmbokipun [êmbo ...]

--- 61 ---

[... kipun] mangêrtos ingkang dados wadosipun. Enggal-enggal anggènipun santun, lajêng mêdal amurugi bapakipun, anyariyosakên arak-arakan ingkang kapapag ing margi wau. Bapakipun amangsuli: wis lumrah caraning desa mangkono, aku iya wis golèk rekadaya amrih ilanging cara kang saru iku, ananging mèh ora ana paedahe, awit wong siji kaya aku iki, ora pati dipaèlu ing wong akèh, apa manèh cara mangkono mau wis kalantur wiwit jaman kakèk moyangku, dadi wis prasasat dadi kulit daging tumraping wong kang kurang pambudi. Mulane aku mung nênuwun ing Pangeran bae, muga-muga angosikna panggalihe para panggêdhe, nglarangi wong kang padha nganggo cara ala mau.

Kajawi nacad arak-arakan wau, pun Darana inggih nacad bab sumbang-sinumbang tumraping tiyang gadhah damêl, saking pamanggihipun Darana: ingkang patut kasumbang punika namung tiyang ingkang kêpêjahan utawi kêsusahan sanèsipun.

Êmbok Sadrana ngladosi anakipun kados ingkang sampun-sampun, yèn Darana dhatêng lajêng dipun tatakakên [tataka ...]

--- 62 ---

[... kên] nêdha, botên kasupèn wedangipun tèh ing cangkir tutup agêng. Ananging nalika punika Darana botên purun nêdha, malah wedangipun inggih namung dipun cêcêp kemawon, awit manahipun jujul dening gagasan, anggagas lare èstri ingkang ngadêg sandhingipun Sudarma wau punika.

Êmbokipun angudi-udi dhatêng anakipun, ingkang dados sababipun botên doyan nêdha, têmbungipun: Darana, maniking mataku kowe ênggèr, sabab apa kowe têka ora mangan, apa ta ana solahbawaku kang andadèkake cuwaning atimu, apa ta ana patraping batur kang kurang patut, apa kowe nêmu pituna. Lah wis jamake wong laku dagang iku ana bathine, iya ana tunane. Darana sêrêt wangsulanipun, têmbungipun: badan kula ragi karaos mriyang, mila kêdah tilêman kemawon.

Samantên kandhêg anggènipun sami wicantênan, awit kasaru wontên rencang malêbêt, sanjang manawi wontên tamu Mas Sudarma mantri guru ing Ngayogyakarta, badhe pinanggih pun Darana.

Darana mirêng wicantênipun rencang wau enggal-enggal mêdal [mêda ...]

--- 63 ---

[... l] kalihan ambêkta pêthi isi srutu. Sadumuginipun ing jawi ngacarani lênggah pun Sudarma. Sudarma lênggah, lajêng Darana ngacarani udud srutu wau, ananging pun Sudarma botên purun, têmbungipun: sampun dados panggalih kang, kula tampik paring sampeyan pasêgah srutu, awit kula botên doyan udud. Darana amangsuli: inggih, botên dados punapa, kula piyambak inggih botên doyan, awit saking pamanggih kula: udud punika ngrisakakên nalar, tur paedahipun botên wontên. Sudarma inggih anêrangakên awoning udud, manut wulanganing gurunipun kala sakolah ing pamulangan calon guru ing Ngayogya.

Dangu anggènipun sami aginêm raos, angraosakên cacading bangsanipun Jawi ingkang amurugakên botên kajèn. Dangu-dangu Darana takèn punapa Sudarma sampun rabi. Wangsulanipun Sudarma: dèrèng kang, awit blănja kula sawêg sèkêt rupiyah sawulan, botên cêkap kula damêl gêsang kalihan bojo, sawêg kula piyambak kemawon mêksa kêrêp kacuwan. Manawi kula kasêsa rabi, sampun mêsthi adamêl cuwaning tiyang èstri, punapa malih mantri [ma ...]

--- 64 ---

[... ntri] guru punika kêrêp sangêt dipun pindhah dhatêng panggenan ingkang sakalangkung têbih.

Darana mirêng jawabipun Sudarma makatên wau sakalangkung lêga manahipun, rumaos manawi badhe sagêd amêngku ingkang dados pangajabipun, batosipun makatên: lah saiki têtela yèn bocah kang agawe gandrung kae dudu bojone Sudarma, tak suwun marang Pangeran: muga-muga bisaa aku olèh bocah kae kalawan marga gampang.

Samantên sampun dalu, Sudarma pamit dhatêng pun Darana, sarta nyariyosakên manawi benjing-enjing badhe wangsul dhatêng Ngayogyakarta. Pun Darana botên anyêgah, lajêng sami ngadêg, Darana ngêtêrakên dumugi ing latar. Sarêng pun Sudarma pamitan malih lajêng dipun sanjangi makatên: kula benjing-enjing ugi badhe mantuk dhatêng Sêmarang, manawi dhi Sudarma karsa kula ajak sarêng numpak ing motor kula. Pun Sudarma dangu botên mangsuli, awit pakèwêd manahipun dene adhinipun ugi badhe sarêng. Wasana wangsulanipun makatên: sampun dados panggalih, bokmanawi kula botên sagêd andhèrèk, awit mawi mampir [ma ...]

--- 65 ---

[... mpir] Salatiga ngêtêrakên adhi kula pun Sudarmi. Darana mirêng têmbung makatên wau kumêpyur manahipun, rumaos kados badhe ngrangkul-ngrangkula dhatêng pun Sudarma. Lajêng wicantên malih kalihan pêgat-pêgat, têmbungipun: kula ugi nglangkungi Salatiga, lan sagah ngêtêrakên ingkang rayi dumugi pamulangan pisan, dene pun adhi kula aturi nitih sêpur saking Sêmarang kemawon. Sudarma amangsuli: manawi makatên kados prayogi, samantên wau manawi adhi kula purun, awit tiyang èstri punika kathah rikuh lan ajrihipun. Sudarma pamitan malih lajêng têrus mantuk ing griyaning bapakipun.

Sadumuginipun ing griya bapak êmbokipun sampun sami tilêm, kantun pun Sudarmi ingkang taksih mêlèk, ngrenda kalihan dipun adhêp ing rencangipun èstri kalih. Pun Sudarma dhodhog-dhodhog kori, lajêng dipun dali rencang satunggal angêngakakên kori, pun Sudarmi mênyat lajêng nata badhe têdhaning sadhèrèkipun. Sarêng sampun lajêng sami nêdha tiyang kalih.

Sadangunipun sami nêdha pun Sudarma anyariyosakên panêdhanipun Darana, kalihan anêrangakên manawi Sudarmi [Su ...]

--- 66 ---

[... darmi] purun sarêng benjing-enjing pangkat jam pitu kemawon, jam satêngah wolu sampun dumugi ing Salatiga, anjujug ing pamulangan. Pun Sudarmi amangsuli: aku gêlêm barêng kang, yèn kang Darana ora anduwèni patrap kang ora patut, sarta ora agawe isinku. Wangsulanipun Sudarma: saka pamataraku kang Darana ora gêlêm nganggo patrap ora gênah, awit watake pancèn alus, malah kabare ana ing Sêmarang kanggo kêkumpulan karo para luhur lan para sarjana. Saupama kasara watake, mêsthi ora kêna mèlu kêkumpulan. Pun Sudarmi lajêng wicantên malih: iya wis aku gêlêm, ngiras arêp wêruh rasane wong nunggang motor.

Botên kacariyos ing dalu, enjingipun jam satêngah pitu, Darana sampun dhatêng ing griyanipun Jayadrana kalihan ambêkta motoripun, panganggenipun Darana barès nanging angayang batin, ulatipun suntrut awit kirang tilêm, ananging tindak-tandukipun angrêsêpakên. Sarêng motoripun sampun kaingêr lan kasêtop, lajêng mandhap, Sudarma mapagakên, Sudarmi anguk-anguk ing èmpèr. Sudarma awicantên makatên: kula

--- 67 ---

aturi pinarak rumiyin kang, sakêdhap, awit anggèn kula tata-tata dèrèng rampung. Darana botên suwala, lajêng sêsarêngan badhe malêbêt ing griya. Sarêng sampun dumugi ngajêngipun Sudarmi, pun Darana andhêluk kalihan wicantên makatên: kula nuwun dhi, kula aturi manuhakên, kula pun Darana anakipun uwa ijêngandika Pak Sadrana. Wicantênipun Darana wau kalihan pêgat-pêgat, awit manahipun dhêg-dhêgan asênig-sênig. Pun Sudarmi waunipun mandêng motor kemawon, sarêng mirêng têmbungipun Darana wau, amangsuli sêmu gugup, nanging têtêg manahipun, têmbungipun: inggih kang, sami-sami, kula pun Sudarmi adhinipun kakang Sudarma. Sumăngga kula aturi pinarak. Pun Darana mirêng wangsulanipun Sudarmi makatên wau sangsaya tab-taban manahipun, ananging upami tiyang sakit sangêt, kenging dipun wastani saras sanalika, dening kadhawahan sabdaning dhukun ingkang mustajab. Lajêng amangsuli: inggih, nuntên sami malêbêt mapan lênggah ing kursi.

Botên antawis dangu Jayadrana mêdal, lajêng wicantên: lah, si thole Darana, apa padha kaslamêtan. [kaslamêta ...]

--- 68 ---

[... n.] Darana ngadêg ataklim, wangsulanipun: saking pangèstunipun pak cilik, kula inggih manggih suka raharja. Jayadrana wicantên malih: aku mèlu titip adhi-adhimu iku, masaboronga ing dalan. Wangsulanipun Darana sandika.

Botên dangu sami pamit dhatêng Jayadrana jalêr èstri. Lajêng sami numpak motor, pun Darana ing pinggir kiwa, pun Sudarmi ing têngên, Sudarma ingkang nêngahi, Jayadrana ngêtêrakên dumugi ing latar, lare tiga wau pamit malih, motor lajêng kalampahakên.

Botên kacariyos ing margi, jam satêngah wolu kirang gangsal mênut sampun dumugi ing Salatiga, kajujugakên ing pamulangan ngalun-alun. Sarêng motor sampun kaêndhêgakên, Sudarma sanjang dhatêng Darana badhe ngêtêrakên adhinipun sakêdhap, Darana mrayogèkakên, Sudarma lan Sudarmi mudhun, pun Sudarmi suka panarimah dhatêng Darana, anggènipun sampun ngêtêrakên wau. Darana mèsêm kalihan mangsuli: kula ingkang matur nuwun, lan nyuwun pangaksama manawi wontên sarusikunipun. Sudarmi mèsêm nanging botên mangsuli, lajêng mlampah sarêng pun Sudarma badhe dhatêng pamulangan.

--- 69 ---

Sapêngkêripun lare kalih wau, Darana mudhun aling-alingan motor nyawang dhatêng pun Sudarmi, manahipun kados dipun rujit-rujit, sasolahbawanipun Sudarmi, tansah adamêl wuyungipun Darana, sampuna kapuwung tiyang sugih kawruh, sampun mêsthi Darana kataman ing sakit ngênglêng.

Kacariyos pun Darana kamitênggêngên anggènipun nyawang pun Sudarmi, lan ngraosakên gandês luwêsipun, dhasar ayu, luwês asêdhêp, tur rinêngga ing busana. Samantên Darana ngantos botên sumêrêp dhatêngipun pun Sudarma, sarêng dipun ajak pangkat dhatêng pun Sudarma, pun Darana kagèt anjumbul, ing batos ragi kawirangan, lajêng sami minggah ing motor, sarta kalampahakên lajêng mangalèr, lampahipun kasantêrakên, samargi-margi Sudarma sênêng manahipun aningali pasabinan tuwin wana ingkang sami kalangkungan, namung Darana kèndêl kemawon kalihan nyawang margi sangajênging motor.

Jam satêngah sawêlas motor dumugi Sêmarang, lajêng dhatêng sêtatsiyun, sadumuginipun ing sêtatsiyun, Darana lan Sudarma sami mandhap, ing ngriku sêpur sampun sadhiya badhe pangkat, Sudarma lajêng numbas karcis, têrus minggah

--- 70 ---

dhatêng waghon, pun Darana tumut. Sarêng sêpur pluwit badhe pangkat, Darana lajêng nyêpêng tanganipun Sudarma kalihan wicantên makatên: andhèrèkakên wilujêng, mugi-mugi kaparênga kula dados sadhèrèk sampeyan, pun Sudarma sampun andungkap ingkang dados pikajêngipun Darana, lajêng mangsuli makatên: matur nuwun, Insa Allah kakang, yèn pancèn têmên-têmên, măngsa sandeya. Darana mandhap sêpur lajêng pangkat.

Pun Darana kantun anggana, dangu nyawang lampahing sêpur, manahipun kêraos-raos, sarta botên kasupèn dhatêng têmbungipun Sudarma ingkang kantun piyambak wau. Sarêng sêpur sampun botên katingal, Darana lajêng mêdal saking sêtatsiyun, minggah dhatêng motor, lajêng mangkat mantuk ing griyanipun piyambak. Sabên dalu Darana kirang tilêm, ingkang karaosakên namung têmbungipuna Darma[5] kemawon, sanajan makatên pun Darana botên kasupèn dhatêng ingkang dados kawajibanipun.

Bab ingkang kaping gangsal wêlas

Cariyosipun Sadrana Nglamar Pun Sudarmi

Anuju satunggiling dintên pun Darana tuwi dhatêng Dhadhapan, [Dhadhapa ...]

--- 71 ---

[... n,] numpak motor, kados adatipun, sarêng lampahing motor dumugi ing Salatiga, karindhikakên, dumugi ngajêging griyanipun Sudarmi, sangsaya sangêt rindhikipun, sarta Darana tansah anglirik ing griyanipun Sudarmi wau. Ing ngriku Sudarmi kalêrês wontên ing ngajêng sawêg andondomi ngangge mêsin dondoman, sarêng mirêng swaraning motor, Sudarmi kandhêg anggènipun andondomi, aningali motor wau, têtela ing paningalipun manawi ingkang numpak motor wau pun Darana, pun Sudarmi lajêng andhingkluk, kuwatos bokmanawi Darana adamêl solah ingkang mêmirangakên ing piyambakipun. Pun Darana sarêng sumêrêp manawi pun Sudarmi wontên ing ngajêng, manahipun tarataban, botên kenging dipun ampah anggènipun badhe aruh-aruh, cuwaning manah dene pun Sudarmi botên aningali, wasana pun Darana mêksa awicantên sora, têmbungipun dhatêng pun Sudarmi makatên: nuwun-nuwun, adhi. Pun Sudarmi tumênga sarwi wicantên makatên: lah, si kakang Darana, punapa badhe tindak dhatêng Dhadhapan, kula wêling kemawon, bêkti kula sampeyan aturakên bapak simbok, lan pun [pu ...]

--- 72 ---

[... n] uwa sakalihan, Darana mangsuli kalihan kasêsa, têmbungipun: nuwun, inggih.

Sadumuginipun ing Dhadhapan, pun Darana anjujug ing griyanipun Jayadrana, anampèkakên titipanipun pangabêktinipun Sudarmi wau. Jayadrana anampèni pangabêktinipun pun Sudarmi, ing batos gumun sangêt dene pun Darana sagêd pêpanggihan kalihan pun Sudarmi, malah angintên manawi pun Darana sampun kamipurun lampah botên prayogi dhatêng pun Sudarmi. Pun Darana ngrêtos ing pamaibênipun Jayadrana wau, lajêng anêrangakên manawi kalanipun Darana langkung, kalêrês pun Sudarmi wontên ing ngajêngan, lajêng titip bêkti dhatêng pun Jayadrana lan bapakipun. Jayadrana narimah ing wangsulanipun Darana wau, ananging ing batos taksih maibên, Darana pamit lajêng têrus dhatêng kalurahan.

Sadumuginipun ing kalurahan, Darana lajêng nampèkakên bêktinipun pun Sudarmi wau, sarta amblakakakên manawi piyambakipun kasêngsêm dhatêng pun Sudarmi. Sadrana anyagahi, badhe nglamar pun Sudarmi, têmbungipun: karêpmu iku aku rujuk bangêt ênggèr, pancèn Si Sudarmi tak [ta ...]

--- 73 ---

[... k] gadhang-gadhang bisaa dadi jodhomu, liya dina tak rêmbuge karo êmbokmu.

Darana mirêng têmbung makatên wau cumêplong raosing manahipun, ing pangraos kados-kados pun Sudarmi sampun kêkinthil ing sapurugipun. Sontênipun pun Sadrana jalêr èstri dhatêng ing griyanipun Jayadrana. Sadhatêngipun ing ngriku, Jayadrana jalêr èstri gupuh-gupuh angacarani lênggah pun Sadrana jalêr èstri wau, têmbungipun: janur gunung ki raka, kadingarèn dalu-dalu rawuh mriki, baya ana karsane kang wigati. Sadrana namung mèsêm kemawon.

Sarêng sampun sami lêlênggahan ing sawatawis, sarta sampun sami anêdha pasêgahipun Jayadrana, pun Sadrana anglairakên ing pikajêngipun, têmbungipun: dhatêng kula mriki dhi Jaya, dhapur angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, manawi pun adhi sakalihan anglêgani, putra sampeyan pun Darana punika badhe kula ngèngèrakên pun adhi. Wangsulanipun Jayadrana: saking karsanipun kang lurah makatên wau kula sumanggakakên tangan kalih, awit pun Sudarmi wau kula namung sadrêmi momong, ingkang

--- 74 ---

gadhah anak inggih kang lurah lan yu lurah, ewadene larenipun inggih kula tantunipun rumiyin, bokmanawi botên purun, yèn kula pêksa amasthi badhe botên prayogi kadadosanipun. Makatên ugi kakangipun inggih badhe kula têdhani rêmbag, namung ing pamatawis nitik lèjêmipun Sudarmi, kados-kados botên badhe suwala. Mila kang lurah supados dhawuh dhatêng pun thole Darana, manawi pikajêngipun wau kula namung sumarah.

Sadrana jalêr èstri lêga manahipun, mirêng wangsulanipun Jayadrana wau, lajêng sami gêgujêngan ing sawatawis. Botên dangu Sadrana jalêr èstri pamitan mantuk.

Sadumuginipun ing griya pinanggih pun Darana taksih mêlèk, lênggah piyambakan wontên ing pandhapi. Sarêng sumêrêp bapakipun dhatêng, lajêng takèn kabaripun. Wangsulanipun Sadrana: alon-alon dèn alirih ênggèr, yèn karsa măngsa sandeya. Sesuk kowe nuli muliha nyang Sêmarang, nanging poma dipoma aja pisan-pisan wani nyêmbranani marang Sudarmi, yèn Si Sudarmi mutung amêsthi sida wurung. Pun Darana anyagahi.

Enjingipun pun Darana lajêng bidhal mantuk dhatêng Sêmarang, botên [bo ...]

--- 75 ---

[... tên] purun mêdal ing sangajênging griyanipun Sudarmi, awit kuwatos manawi pinuju wontên ing ngajêng, saèstu piyambakipun pakèwêd. Badhe aruh-aruh kuwatos manawi kasaru, badhe botên aruh-aruh kuwatos manawi kalêpatan.

Kacariyos pun Jayadrana kengkenan ngundang pun Sudarmi. Sarêng sampun dhatêng lajêng dipun balakani ingkang dados panêdhanipun Sadrana wau, ananging sêngadi yèn pikajêng saking piyambakipun.

Pun Sudarmi pakèwêd anggènipun badhe mangsuli, ing batos purun, ananging badhe blaka isin, wasana lajêng kesah kalihan angunjal napas kemawon, têmbungipun: wong wadon iku rak sarah munggèng lautan.

Enjingipun pun Sudarmi wangsul dhatêng Salatiga. Dene pun Jayadrana lajêng nyukani sumêrêp dhatêng pun Sudarma, ingkang dados pikajêngipun Sadrana wau, lan anêrangakên manawi pun Sudarmi sampun dipun tantun sarta purun.

Botên lami Jayadrana nampi wangsulanipun Sudarma, manawi panêdhanipun Sadrana wau prayogi dipun turuti, malah anêrangakên prayoginipun manawi Sudarmi kajodhokakên pun Darana.

--- 76 ---

Wangsulan saking Sudarma wau kasukakakên pun Sadrana, lajêng kakintunakên dhatêng pun Darana ing Sêmarang.

Pun Darana sarêng maos sêrat wau sangêt ing bingahipun, rumaos kados kadhawahan andaru, lajêng angucap sokur ing Pangeran, sarta amêmuji mugi kaparênga jodho dumugi kakèn-kakèn ninèn-ninèn.

Bab ingkang kaping nêmbêlas

Jayadrana Angrêmbag Badhe Damêlipun Sudarmi

Kacariyos pun Sudarmi, sawangsulipun saking Dhadhapan, dipun tantun ing tiyang sêpuhipun, lajêng botên purun mêdal malih-malih, kuwatos bokmanawi pun Darana langkung, raosing manah sakalangkung isin manawi pinanggih pun Darana. Sabên-sabên mantuk saking pamulangan, lajêng anjintêl kemawon, rintên dalu ingkang dipun raosakên namung apêsing pawèstri, manawi piyambakipun sampun kawêngku dening pun Darana, sampun mêsthi botên badhe sagêd sapikajêngipun kados ing sapunika.

Anuju ing dintên Saptu, pun Sudarma dhatêng ing griyanipun Sudarmi, sarêng mudhun saking dhokar botên lajêng malêbêt ing

--- 77 ---

griya, cêluk-cêluk saking jawi kemawon, awit kuwatos bokmanawi pun Sudarmi sampun ngrumiyini dhatêng Dhadhapan.

Pun Sudarmi mirêng swaranipun tiyang cêluk-cêluk, manahipun tarataban kados kapapag ing sima, ngantos pangling dhatêng swaranipun Sudarma, pangraosipun kados pun Darana cêluk-cêluk ngajak sarêng dhatêng Dhadhapan. Sarêng sampun sawatawis dangu, pun Sudarmi ngintip ing lêlowahing kori, têtela ing paningalipun manawi pun Sudarma ingkang dhatêng. Saking kagèting manahipun, ngantos awicantên sora, têmbungipun: lah dene sêdulurku lanang, dak sêngguh Si Lănda mêndêm saka Sêmarang.

Pun Sudarma sampun mangrêtos ingkang dados kagètipun Sudarmi wau, lajêng mèsêm kalihan awicantên, têmbungipun: dudu Lănda mêndêm, ayo wis nuli dandana padha tilik mênyang Dhadhapan, pun Sudarmi botên amangsuli, lajêng malêbêt ing sênthong, botên dangu mêdal kalihan anyangking krêga agêng, lan payung motha, sarta sanjang dhatêng rencangipun, têmbungipun makatên: măngsa-bodhoa ing omah, aku arêp mênyang Dhadhapan. Rencangipun [Rencangi ...]

--- 78 ---

[... pun] amangsuli inggih. Pun Sudarmi lan kakangipun lajêng sami numpak dhokar têrus kalampahakên.

Samargi-margi pun Sudarma tansah anggagas adhinipun, dene têka botên purun dandos rumiyin, măngka sabên-sabênipun manawi badhe tuwi dhatêng Dhadhapan, anggènipun dandos botên rampung kalih jam. Nanging pun Sudarma inggih sampun andungkap sababipun botên dandos wau.

Pun Sudarmi wau pancèn tiyang ayu sarta luwês, nalika punika ulatipun asuntrut, rambutipun anjuwowog, sinjang lan rasukanipun sarwa masêm, sarta botên mangangge sanèsipun, ananging têka pantês, malah sangsaya wêwah manisipun.

Sadumuginipun ing Dhadhapan, lare kalih wau sami dipun papagakên ing tiyang sêpuhipun, sarta dipun bagèkakên kados ingkang sampun-sampun. Ananging pun Sudarmi botên anyauri, lajêng têrus kemawon malêbêt ing sênthong. Patrapipun Sudarmi makatên wau sampun mêsthi adamêl kagèting tiyang sêpuhipun, ananging botên dipun munasika. Pun Sudarma lajêng rêmbagan kalihan tiyang sêpuhipun, ing bab badhe dadosing damêl, pêpuntoning [pêpu ...]

--- 79 ---

[... ntoning] rêmbag lajêng badhe sami dhatêng kalurahan, sarta badhe sumarah punapa ingkang dados pikajêngipun Sadrana. Lajêng sami pangkat tiyang tiga. Sadumuginipun ing kalurahan, Sadrana jalêr èstri gupuh-gupuh amapagakên, lajêng sami dipun ajak jagongan ing lêbêt griya kemawon, awit sampun sami ngintên manawi badhe ngrêmbag prakawis wados. Jayadrana angrumiyini wicantên, têmbungipun: kang lurah, dhatêng kula mriki kalihan pun Sudarma badhe nêdha rêmbag sakecaning wadiwayanipun putra sampeyan. Pun Sadrana dangu amikir-mikir, lajêng wicantên makatên: prakawis punika botên kenging dipun gêgampil, awit pun Darana punika kathah têtêpanganipun para agêng, kula kuwatos bokmanawi kalêbêt ing paribasan: cincing-cincing kêbês. Saking panêdha kula pun adhi kemawon ingkang gadhah damêl, ing samurwatipun kemawon, kula ingkang baris pêndhêm, cêcawis sêgahan ingkang èdi-èdi, bokmanawi pun Darana ambêkta tamu para priyantun, utawi para Walandi kancanipun. Jayadrana anyagahi, lajêng etang-etangan waragad. Pinanggihipun ing etang, pun Jayadrana kintên-kintên têlan[6] [têla ...]

--- 80 ---

[... n] kawan atus rupiyah, pun Sadrana gangsal atus rupiyah. Sadaya ingkang badhe katumbas, sampun dipun cathêti dhatêng pun Sudarma.

Sarêng sampun rampung anggènipun nyathêthi, Jayadrana nêdha katêtêpaning dintên pamiwaha wau. Wangsulanipun Sadrana: saking pamanggih kula, prayogi benjing dintên Saptu Pon wulan ngajêng punika, dumugi malên Sênèn Kaliwon, dados tigang dalu. Ingkang sadalu midadarèni, enjingipun walimah, ingkang sadalu panggih, sadalunipun malih lèk-lekan kangge para kănca lurah. Jayadrana namung nginggihi kemawon, Sudarma nyathêti sadaya wicantênipun Sadrana wau. Samantên sampun dalu, lajêng sami pamit.

Sadumuginipun ing griya, pinanggih pun Sudarmi sawêg andondomi rasukan, lajêng dipun sanjangi dhatêng pun Sudarma, têmbungipun: dhi, kowe nuli gawea rêkès nyuwun lèrèn, awit guru wadon iku yèn arêp laki ora kêna nêrusake pagaweyane, marga wis duwe kawajiban utawa sêsanggèn dhewe kang luwih abot, yaiku ngopèni omah lan nipkahe sing lanang.

--- 81 ---

Sudarmi botên nyauri, lajêng mêndhêt dalancang lan potlot, adamêl ngengrenganing rêkès. Sanajan pun Sudarmi lare èstri, nanging kalêbêt micara sarta wasis, angrakit wicara, têtêmbunganipun rêkès wau: cêkak aos, tur inggih andhap asor. Sarêng sampun dados lajêng dipun waos dening pun Sudarma, botên wontên ingkang dipun ewahi, lajêng kapurih ngênèt, botên dangu dados. Sarêng sampun dipun waos malih, lajêng kalêmpit, kalêbêtakên ing amplop, dipun alamati konjuk ing kangjêng tuwan dhirèktur phan ondêrwis ing Batawi. Enjingipun kengkenan ngêposakên dhatêng kitha.

Enjingipun malih pun Sudarmi wangsul dhatêng Salatiga, kaêtêrakên ing kakangipun, sarêng pun Sudarmi sampun malêbêt ing padamêlan, pun Sudarma wangsul dhatêng Dhadhapan, awit piyambakipun pamit kawan dintên.

Sadumuginipun ing Dhadhapan, lajêng damêl ulêm, nanging ingkang dipun ulêmi namung para lurah kancanipun Sadrana kemawon, kapurih dhatêng ing dintên malêm Sênèn, ing sêrat ulêm wau katêrangakên: manawi para lurah wau [wa ...]

--- 82 ---

[... u] namung dipun undang nêdha eca, angurmati pangantèn pun Darana lan pun Sudarmi. Sarêng kirang sadasa dintên saking dhongipun, ulêm-ulêm wau kalampahakên.

Samantên pun Sudarma sampun mantuk, mampir ing Sêmarang, nyukani kabar dhatêng pun Darana, punapa ingkang sampun karêmbag dening para sêpuh. Pun Darana katawis ing sêmu manawi bingah sangêt, ananging botên nyauri punapa-punapa, dene pun Sudarma lajêng numpak sêpur dhatêng Ngayoja.

Bab ingkang kaping pitulas

Darana Dados Pêngantèn, Ngantos Dumugining Sêpuh

Kacariyos pun Sudarmi sampun nampi sêrat kêkancingan saking kangjêng tuwan dhirèktur phan ondêrwis Batawi, panyuwunipun wau dipun idini kaparingan kèndêl kalihan sae, malah nampi sêrat dhawuh pangalêmbana, awit salaminipun dados guru bantu tansah anêdahakên kasaenanipun, punapadene têmên-têmên anggènipun anindakakên padamêlanipun, ngantos dados têtuladaning para lare èstri.

--- 83 ---

Sarêng sampun botên nindakakên padamêlan, lajêng mantuk dhatêng Dhadhapan, wontên ing Dhadhapan, sadintên-dintên tansah maos Sêrat Wulangrèh bab kawajibaning pawèstri.

Samantên sampun dumugi ing dintên damêlipun Sudarmi, nalika midadarèni, pun Darana dhatêng ing Dhadhapan, anjujug ing kalurahan, sarta sanjang dhatêng tiyang sêpuhipun manawi kanca-kancanipun priyantun saha Walandi ing Sêmarang kathah ingkang sami badhe dhatêng, ing dintên malêm Minggu. Sadrana anyagahi nampèni dhatêngipun tamu-tamu wau sarta badhe dipun cawisi panggenan palerehaning tumpakan.

Botên kacariyos ing dalu, enjingipun pangulu sapunggawanipun sami dhatêng ing Dhadhapan, anjujug ing kalurahan.

Sarêng sampun watawis jam sadasa siyang, pun Darana dipun dandosi cara khaji lajêng dipun bêkta dhatêng griyanipun Jayadrana, sêsarêngan pangulu sapunggawanipun wau. Sadhatêngipun ing griyanipun Jayadrana, lajêng kaningkahakên kados ingkang dados limrahipun. Sabakdaning ningkah lajêng walimahipun kawêdalakên, sarêng sampun sami kakêpang

--- 84 ---

lajêng bibaran, pangantèn jalêr kabêkta wangsul dhatêng kalurahan.

Sontênipun ing wanci jam nêm, pangantèn kapanggihakên, sakalangkung rame swaraning găngsa barung lan swaraning musik. Panganggening pangantèn botên angebat-ebati. Bakda panggih lajêng nyuwun pangèstu dhatêng para sêpuh, nuntên kalênggahakên ing padhe-padhe.

Watawis jam wolu, para tamu priyantun lan Walandi, sami rawuh, wontên ingkang nitih motor, wontên ingkang nitih kreta, sadaya sami anjujug ing kalurahan. Sadrana gugup anggènipun angacarani pinarak para tamu wau, sarta amrênahakên titihanipun. Sarêng sampun sami kasêgah ing sawatawis, lajêng sami bidhalan dhatêng panggenaning pangantèn.

Sarêng sampun dumugi ing panggenaning pangantèn, lajêng atata lênggah, ingkang amanggihi tamu-tamu wau pun Sudarma.

Sarêng sampun sami kasêgah ing sawatawis, pangantèn jalêr èstri sami mêdal amanggihi dhatêng tamu wau. Para tamu sami ngalêmbana dhatêng Sudarmi, dene botên măntra-măntra yèn wêdalan ing dhusun, solahbawanipun atatag [a ...]

--- 85 ---

[... tatag] tur kèwês, saha mungguh sangêt manawi dados têtimbanganipun pun Darana.

Sêgahanipun lumintu, sadaya sarwa èdi. Punapadene para tamu, inggih sami dhokoh anggènipun ananggapi pasugatanipun wau.

Sarêng sampun jam satunggil dalu, para tamu lajêng sami pamit, kondur ing dalêmipun piyambak-piyambak, namung kantun tamu para priyantun ing sawatawis, lajêng sami lênggahan kasukan, sinambi mirêngakên larasing gêndhing, ingkang dipun sindhèni ing talèdhèk saking Surakarta. Byar raina sawêg sami kondur.

Botên kacariyos siyangipun, sarêng sontên, para tamu lurah sami dhatêng, pangantèn jalêr èstri amanggihi. Sabakdanipun nêdha eca, kathah para lurah ingkang sami nêdha dipun nayubakên. Pun Jayadrana inggih anuruti, nanging sami dipun pênging anyukani tombok, asêngadi manawi sampun dados kaulipun, botên badhe anampèni pasumbang lan tombok. Para lurah sami anyagahi, ananging mêksa wontên satunggil kalih ingkang sami nyukani yatra dhatêng talèdhèkipun, awit saking sagêdipun [sagê ...]

--- 86 ---

[... dipun] talèdhèk wau adamêl rêsêpipun para tamu.

Kacariyos sadalu muput anggènipun sami nayub, byar raina sawêg sami bibaran.

Sabakdanipun damêl, kathah tiyang ingkang raosan, angraosakên anggènipun gadhah damêl pun Sadrana lan Jayadrana wau, wontên tiyang satunggil ingkang wicantên makatên: rame têmên anggone mantu kang Jayadrana kae, salawasku urip, lagi iki wêruh wong desa mantu, dhayohe para priyayi lan para Walănda. Kancanipun wontên ingkang mangsuli makatên: yèn aku ora gumun, awit pangantène Si Darana. Sanajan buta, kalêbu buta pradan, ora anèh yèn dirawuhana para dewa, apa manèh pangantène wadon priyayi, tur pancèn turuning băngsa priyayi.

Samantên kalêrês sapêkênipun pangantèn, lajêng kaundhuh dhatêng kalurahan, katanggapakên wayang sadalu, ingkang dipun ulêmi namung têtiyang alit ing dhusun Dhadhapan ngriku kemawon.

Enjingipun pangantèn lajêng boyong dhatêng Sêmarang, numpak motor, kathah para mitranipun Sadrana lan Jayadrana,

--- 87 ---

ingkang sami ngêtêrakên pangantèn, wontên ingkang dumugi ing Salatiga, wontên ingkang dumugi ing Sêmarang pisan.

Kacariyos pun Darana jalêr èstri atut arukun, andadosakên pêpenginanipun sasami-sami.

Lami-lami pun Darana sampun gadhah anak kalih, sami jalêr. Ingkang satunggil kasêkolahakên dhoktêr, satunggilipun kasêkolahakên arsitèk.

Makatên turun-tumurun pun Darana tansah amanggih sênêng, lan kamulyan, awit saking pangatos-atosipun, sarta tansah angênggèni ing kautamèn.

Tamat.

--- [0] ---

Isinipun sêrat punika

Bêbuka... kaca 3 | 1. Cariyosipun Wăngsadrana... kaca 4 | 2. Sadrana dados kuli kêncêng ing Dhadhapan... kaca 6 | 3. Sadrana damêl lumbung... kaca 8 | 4. Sadrana damêl griya enggal... kaca 12 | 5. Sadrana kêndungan...[7] kaca 17 | 6. Sadrana mitulungi adêging pamulangan... kaca 22 | 7. Sadrana kêpengin anak... kaca 27 | 8. Bok Sadrana gadhah anak... kaca 32 | 9. Sadrana damêl griya wakab... kaca 36 | 10. Cariyosipun Darana... kaca 37 | 11. Darana dados sudagar sugih... kaca 42 | 12. Sadrana dados lurah ing Dhadhapan... kaca 46 | 13. Nyariyosakan Jayadrana lan anakipun kalih... kaca 50 | 14. Darana kêpencut Sudarmi... kaca 54 | 15. Cariyosipun Sadrana nglamar pun Sudarmi... kaca 70 | 16. Jayadrana ngrêmbag badhe damêlipun Sudarmi... kaca 76 | 17. Darana dados pêngantèn, ngantos dumugining sêpuh... kaca 82

--- [0] ---

Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslecteur No. 221.

SERAT SADRANA, inggih serat marga wirja,

Anggitanipoen R. SOEMA-ATMADJA

Mantrigoeroe ing WELERI

WELTEVREDEN ALBRECHT & Co. 1917

 


sanggêmanipun. (kembali)
umun-umun. (kembali)
padha dika bantu. (kembali)
sampun. (kembali)
têmbungipun Sudarma. (kembali)
têlas. (kembali)
kêpandungan. (kembali)