Dongèng Cêkruk Truna, Anonim, akhir abad ke-19, #221
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Dongèng Cêkruk Truna
1. Asmaradana
1. wontên sujanma sawiji | lola tanpa babu bapa | Cêkruk Truna panêngrane | ngumurnya salawe warsa | dêdêg sêdhêng pidêksa | sarwa santosa liripun | nanging bodho nora sastra ||
2. dènnya tinilar ing bibi | lagya ngumur wolung warsa | datan antara lamine | saking bapa biyung ajal | uripnya Cêkruk Truna | sasirnaning bapa biyung | pinupu dening tatăngga ||
3. sinung boga wastra tuwin | pinardi ing tatakrama | ing padesan pratikêle | cara-carane cinakra | patitis têtela trang | têtela lêlantèh dhusun | dhasar pasanging graita ||
4. lantip trusing
--- 2 ---
budi mingis | kira-kira karacutan | tan timbang lawan wujude | tapsilaning kasusilan | labêt nèng pangengeran | mangarah sambunging umur | urip ngarêp-arêp pangan ||
5. salaminira prihatin | Cêkruk Truna nora êsah | mingis ngisis graitane | anitèni lêlampahan- | ning wong tumitah gêsang | tinutuh kang nora patut | tan tinut mamrih budyarja ||
6. jêjarwa jarwaning urip | lêlakon dadi piwulang | Cêkruk Truna watêkane | yèn ngèngèr sêsasi lunga | nêm dina pitung dina | kongsi umur slawe taun | mubêng têpung tanah Jawa ||
7. angèngèr sudagar santri | priyayi tani ing desa | wus mangkono salamine | nora wêkêl ing pakaryan | bocah tumêkèng tuwa | lah iku rupaning punggung | ginunggung janma utama ||
8. ngalor ngidul wus tinampik | judhêg tan antuk bandara | iku labête wong cak-cèk | kinacèk samèng tumitah | jêmbarkên [jêmbarkê...]
--- 3 ---
[...n] laku ala | kasup sinuksma nèng tutur | tinutur sasat sêtatblat ||
9. dadya Cêkruk Truna ngênting | putusing nalar nalirah | ngarah-arah sadurunge | nganggit-anggit ngrekadaya | mubêng jangkaning nala | tanpa jinangkah ing laku | kukuh karoban ing ala ||
10. nalare putus tur titis | tatas pasanging pandaya | dhasare wong rada kêsèt | kusut yèn mulat ing kasap | iku Ki Cêkruk Truna | nanging padha-padha busuk | sabên dina pasang cipta ||
11. nuju ing sawiji ari | sêsèndhèn soring mandera | pinggir wana èrèng-èrèng | pribadi tan mawa kănca | maningit namur samar | ngunandika jroning kalbu | patrap pratikêling gêsang ||
12. sun timbang sun rasèng budi | budi adining nyuwita | luwih enak ngèngèr tlèdhèk | nyandhang bagus mangan enak | pinatah ngandhut kinang | yèn dhêdhèrèk ngampil payung | kadhang antuk nyenggol pundhak ||
--- 4 ---
13. gendhong pangilon nyênyangcangking |[1] buntêlan saptangan abang | isi kêmbang wêdhak borèh | kêmbang lan lênga jêbadan | gănda mrik ngambar-ambar | katuping maruta mardu | saiba sukaning grana ||
14. nèng marga antuk ngaliling | lumaku tan lêt rong jangkah | dhasar ayu maksih anom | busana endah borehan | sarta ngiring pradăngga | kêndhang nèng ngarsa tinabuh | guguk karêngèng mah mănca ||
15. datan dangu anèng margi | ana sujanma kang ngundang | tinanggap kinèn anjogèt | sababak opah rong uwang | yèn antuk tigang dasa | pikantuknya arta gunggung | kumpul nêm rupiyah abang ||
16. ingsun pasthi dèn paringi | apêse arta patang wang | isih olèh mangan jêro | sun karya bumbung celengan | pring pêtung gêdhe dawa | sabên dina dhuwit nyêmplung | patang uwang patang uwang ||
17. nadyan tan bêbarang tampi |
--- 5 ---
wus lupiyaning bêgondhal | seje blêdug sadinane | yèn ana bujang kongkonan | tuku tike panganan | prêsèn rong gobang wus tamtu | trakadhang sok nganti suwang ||
18. iku ingkang dadi asil | kang pasthi sun karya jajan | sêtèng suwang sadinane | rèhning sun wus antuk pangan | sajabane patang wang | dina-dina dhuwit mlêbu | pring pêtung bumbung celengan ||
19. blanjaku etung sêsasi | sapuluh rupiyah slaka | tumêka sataun kèhe | satus kalih dasa [...]thak[2] | lamun sadasa warsa | sèwu kalih atus gunggung | rupiyah slaka Nèdêrlan ||
20. ho o dene ingsun sugih | dhuwitku luwih sapodhang | satibane ingsun kajèn | aji-ajining agêsang | wit-witaning gunarja | jangji jujur dènnya ngêjur | gunasti wirutamèng tyas ||
21. tama-tamaning dumadi | dadi sampurnaning gêsang | băndha [bă...]
--- 6 ---
[...ndha] gêdhe prabawane | jumênêng ratuning titah | sasat ngingu malekat | sakèhing sakti ngalumpuk | kadigdayan kanuragan ||
22. dadi ratuning pangasih | pangasihan ngalam donya | sabên băngsa trêsna kabèh | asih wlas mring drajad băndha | wong ngarah putri tama | lamun dhuwit nora luput | barang kang cinipta kêna ||
23. pra pandhita pra[...] sanip | oliya sayid pukaha | jamhur-jamhur lan para sèh | guru sampurnaning pêjah | pujangga swarjanengrat | jaman mangke kang dèn luru | tan liya wêtuning arta ||
24. trahing wirya kusumadi | para prentah Wlănda Jawa | probrur adpokad guprêmèn | rad pan Indi presidhèn bang | tan liya melik arta | cekoh regoh kaki jambul | kere ngêmis luru arta ||
25. dhuwit narendraning bumi | malah pangeraning jagad | wus ana tăndha
--- 7 ---
cirine | unine têmbung Walănda | lètêr pinggiring sêmat | gud simèt onês liripun | Alah nunggal ing kawula ||
26. yèn mangkono Mahasuci | nora adoh saka sêmat | dhasar iku kuwasane | sipatnya takduga padha | ingaran kalih dasa | sok mangkonoa wong iku | lamun sugih-sugih Alah ||
27. dhasar dhuwit ingsun benjing | sun irit sun ulur dawa | sêmpulur saking têmêne | sabên sasi tambah-tambah | wêtuning putra wayah | wit dhuwitku luwih sèwu | cukup sun mangan anakan ||
28. kaya-kaya nora ênting | sun pangan sajêgku gêsang | tur tan ngowahke babone | nak kêmanak salawasnya | malah wuwuh tan suda | wus mangkono lakunipun | yèn wong băndha dadi lêpda[3] ||
29. lamun gunung dèn urugi | wong mlarat saya kinuras | lêgok jurang
--- 8 ---
dadi kalèn | sugih sabên taun tambah | wong mlarat kêmalingan | apêse kêna ingapus | mulane wong sugih arta ||
30. sinunggi pinundhi-pundhi | cocog lan daliling Kuran | kang wus jinarwa para sèh | ngamlu sapinatun apsa | pardikane mangkana | ngamal kang minăngka prau- | ning badan para manungsa ||
31. nadyan panariking swargi | dêdalaning kasampurnan | sêtya tuhu pangidhêpe | bangkit nyirnakkên naraka | jajal jin setan sirna | lunga khaji kaping sèwu | wus pasthi yèn katutugan ||
32. ananging prakara dhuwit | watêke bangsaku Jawa | ana bae panacade | yèn mêtu saka wong sudra | ingaran arta karam | nanging bisa jawab ingsun | jêr bundêr putihnya padha ||
33. kuwasane uga sami | ing măncapraja warata | nadyan rêga padha bae | malêbu toko Walănda | Batawi Surabaya | milih barang apa [a...]
--- 9 ---
[...pa] antuk | utawa laku lautan ||
34. alas gunung atas sami | ing dunya ngakerat padha | nunggang prau myang sêpur wèh | ringgit rupiyah tan beda | kere lan pra bandara | padha bae ajinipun | ringgit têlung puluh uwang ||
35. mungguh ta kwasaning dhuwit | ratu-ratuning digdaya | kanggo bubak alas gêdhe | sakala dadya nagara | ewon lêksan wong têka | apa ta padha tan wêruh | tanah Dhèli ing Sumatra ||
36. alas gêdhe dadya nagri | awit sinêbaran arta | sakèh băngsa lanang wadon | bocah-bocah manjing kontrak | angalap prajangjiyan | tămpa dhuwit kinèn nambut | karya satêngahing wana ||
37. kêmbang jayakusumadi | mawantah bundêring slaka | kukum pati urip manèh | kawruh aji păncasona | myang bandung băndawasa | èsmu-èsmu jaya dumuk | tan liya bundêring slaka ||
--- 10 ---
38. wong magang ngawulèng gusti | kumacèlu bêngkok sawah | ingkang junge gêdhe-gêdhe | dadya jongos Cina Lănda | milih akèhing blănja | lah ta iku saksinipun | yèn melik bundêring slaka ||
2. Dhandhanggula
1. nanging ingsun rasa-rasa malih | ingsun timbang para lit jro badan | kaya-kaya tan pakolèh | kala sun maksih timur | blêjag-blêjag kèlingan mami | sajroning taledhekan | ana rusuh-rusuh | janma patine cinidra | srana tinggar pok karna netranya mijil | tledhekan kagegeran ||
2. lurah tlèdhèk sabature tintrin[4] | pinusara umanjing kunjara | sing pangadilan karsane | pinriksa mlêbu mêtu | saka cêpir tinali goci | pinindi ing pamriksa | tan wruh kinèn ngaku | adhuh-adhuh nora eca | ngèngèr lèdhèk yèn kaya iku mlarati | bêcik luru [lu...]
--- 11 ---
[...ru] bêndara ||
3. ingkang pantês kêna sun aubi | ingsun timbang-timbang wus tan ana | kang kadya wong ngèngèr lonthe | luwih enak têrtamtu | tur yèn siyang nora kaèksi | mung yèn dalu kewala | mero-mero pupur | nèng madyèng ratan lêledhang | sarwa pantês busana kang adi-adi | lir apsari kaswargan ||
4. iku ingkang bisa amumpuni | budidi darma mantêp sănta budya |[5] wong kasap sandhang pangane | tinuwa tuwi ingsun | mring lonthe dèn akèn sudarmi | binapa-bapa mulya | mukti run-tumurun | iku jatining kawiryan | dene lamun ana kang sumêdya arsi | salulut lan bandara ||
5. amung ingsun kang tinari-tari | pasewannya gyanira sumêdya | awor rêsmi lawan lonthe | sun pancêt bayaripun | [...]n sawêngi | patang rupyah tan kurang | pasthi kèh kang purun |
--- 12 ---
artane sun pinaringan | wolung uwang panganku pinanci-panci | pininta sêga iwak ||
6. dene arta wolung uwang nguni | ing sadina sun gunggung sawulan | rong puluh rupiyah kèhe | gunggung kumpul sataun | kalih atus pat puluh rispis | lamun sadasa warsa | kèhe kalih èwu | kawan atus rupyah slaka | e e dene okèh timên ingsun wilis | sasat ratuning bagja ||
7. lèrèn saka ing palonthèn dadi | toko bae utawa juragan | nadyan nglakokake gadhe | dhuwit rong èwu cukup | thênguk-thênguk nèng pinggir margi | barang apa kang endah | pèni-pèni rawuh | sun gadhe saparo rêga | pasthi untung sugih bathi tanpa rugi | lumintu sabên dina ||
8. nulya ingsun ngingu juru tulis | [...] tukang nglêmpit barang | lakune ing jaman mangke | wong gadhe tuku buku |
--- 13 ---
miwah blangko ginawe kitir | prajangji têtela trang | kasêbut nèng ngriku | sarta tariping anakan | nora kêna nêrak sathithik bilai | tamtu tumibèng dhêndha ||
9. nanging lamun ingsun ngati-ati | kaya-kaya slamêt tanpa kara | yèn wus kinawruhan wète | dene sariraningsun | băngsa Jawa kang maksih kenging | jro nawala pradata | wong Jawa kêlaku | anggadhe-ginadhe barang | padha Jawa guprêmèn misih marêngi | lah iku bagyaningwang ||
10. sun watara saya tambah sugih | takrangkêp adol bumbu grabadan | barang kang larang sun wade | ingkang murah sun tuku | apa bae ananing grami | Samarang Surabaya | Batawi sun wêruh | rêganing jinis dagangan | toko Lănda toko Cina sun angkuti | saya lawas pracaya ||
11. sun tirune Cina dènnya grami | sabab taktimbang-timbang ing dunya | Cina iku pintêr dhewe | pangupajiwanipun |
--- 14 ---
praptèng Jawa purwaning nguni | mung kathokan kewala | tan antara dangu | manggon anèng tanah Jawa | dadi sugih omah gêdhong pinggir margi | ngungkuli băngsa Jawa ||
12. klakuane Cina luwih wasis | pambudidayaning rajabrana | kêna tiniru patrape | sudarsananing idhup | linakonan têmên nastiti | tur kanthi puja măntra | têmên ing panyuwun | sanadyan nêmbah brahala | nora beda Gusti Alah sipat rakhim | sapa têmên pinanggya ||
13. durung ana wong Jawa madhani | marang Cina tikêl pra sadasa | sabarang rèh kagungane | ewadene sun saguh | amadhani miwah ngungkuli | kapintêraning Cina | krana pawitaku | rong èwu rupiyah pêthak | sêdya apa bae sakarêpku dadi | nadyan praptèng akerat ||
14. sual ngadap pitakon ing ngakir | lamun ingsun sugih arta mênang | malaekat pira kèhe | kêndhak [kê...]
--- 15 ---
[...ndhak] kandhêg andulu | kèhing dhuwit pasthine melik | rêhning dunya paesan | ing akerat besuk | nadyan dhuwit uga padha | pêpaesan dunya ngakir dadi kanthi | malekat sih sutrêsna ||
15. lamun ora mangkono sun pikir | dadi dêmang bae luwih gampang | bêkti sèwu rupyah olèh | dèn iring wong gumrudug | ngampil epok panurung lampit | payung bang sèrèt prada | saiba bungahku | kajèn kèringan nèng desa | garwaningsun sakingkang anunggang joli | saênyèk nunggang jaran ||
16. măngsa panèn garwaku mring sabin | ani-ani sarwi payung abang | sandhingane tenong cèrèt | gêbayan kamisêpuh | angladèni nèng têngah sabin | sun prapta laju dhahar | akèh yèn sun rêmbug | prakara muktining dêmang | nanging ingsun wêruh lêpiya ing nguni | dêmang kêsandhung nalar ||
17. pocot [poco...]
--- 16 ---
[...t] saka lungguhe alamis | malah dina iki misih ana | dêmang dadi thetheore | bêcike bae ingsun | nandhing milih laku utami | kasênêngan manira | kang doh ing pakewuh | kang tan nganggo ulah nalar | wataraku luwih enak dadi tani | tuku sawah kewala ||
18. sabau rêga sapuluh ringgit | sabab sawah bêcik rêga larang | yèn antuk êloh bumine | tuku sapuluh bau | satus ringgit ingsun wragadi | satus ringgit wus mêntas | gunggung limang atus | rupiyah jroning nêm wulan | ingsun etung kabèh rêsik ru[pa] [pa]ri | tri dasa mêt tan kurang ||
19. rêndhêng dèn dol adat ingkang uwis | samêt payune sèkêt rupiyah | yèn gedhengan ngrondul kene | dene ta liyanipun | samêt payu salawe rispis | trakadhang nganti langkah | e la dalah untung | dhuwit rong èwu rupiyah |
--- 17 ---
bisa dadi têlung èwu ing sawarsi | tur mung tani kewala ||
20. nanging ingsun rasa-rasa malih | ing jaman kuna ana wong desa | Sêtrasêtika arane | sugih turun-tumurun | pakaryane tan liya tani | prandene nora kurang | sarwa-sarwi cukup | dupi ing alama-lama | salah măngsa gaga sawah nora dadi | gabug dèn pangan ngama ||
21. mênthèk ulêr lodhoh walang sangit | têlung warsa nora pêpanenan | têmah miskin wusanane | kêbo sapine larut | măngsa potho akèh kang mati | luwihnya dèn dol pasar | nyăngga pajêg suwung | yèn mangkono nora eca | kang sun pikir pangèngèrku bae dhisik | pancataning nugraha ||
22. lonthe iku bèrbudyambêg mukmin | lila eklas prasasat sidêkah | rina wêngi sak-sok wèwèh | marang sanak sadulur | miwah batur pamitran [pami...]
--- 18 ---
[...tran] tuwin | mring bapa kadya ingwang | kang ngrêksèng pakewuh | tanggung saliring bêbaya | kang tumêmpuh ingsun kang ngalang-alangi | marmane wolung uwang ||
23. saya akèh momongaku èstri | tambah-tambah rèhningsun kasusra | kawêntar ing jagad kabèh | nastiti pamomongku | alus lurus atiku murni | santosa gagah panggah | kas kuwat tur kukuh | nalar ruwêd bundhêl wudhar | amancasi pra lonthe pêtênging budi | sida dadya widada ||
24. dadi dêdalaning tyas utami | amancasi sukêrtining cipta | kasusahaning pra lonthe | ingsun kajibah mutus | nadyan batur lonthe mumpuni | ing nalar lêlukitan | ingkang lêmbut-lêmbut | dene ingsun nora sastra | nanging jênêng pintêr iku dudu tulis | yakti wong olah nalar ||
25. nadyan sastra yèn nalar sacuwil | parandene tangan bisa molah | angubêngake êpène |
--- 19 ---
wus pasthi thingak-thinguk | awit saka pêtênging budi | wus prasasat palwaga | lah iku wong kumprung | sastra tan ahli lukita | seje kaya ingsun wong caksanèng budi | budyayu tyas nirmala ||
26. marma wolung uwang datan rugi | ing sadina paring blănja mring wang | jêr luwih gêdhe gunane | lamun ana pakewuh | băngsa padu padudon dhiri | ngadu rosaning angga | sun saguh katêmpuh | luwih manèh băngsa nalar | kang balasar ingsun bangkit angrampungi | mèt waton kuna-kuna ||
27. ewadene ingsun pikir malih | wêwekane wong ulah mring nalar | kudu pratitis patrape | sanadyan enak-enuk | pakewuhe ingsun kawruhi | wong nganggo păncadriya | wajib wênang luru | ayu enaking sarira | nadyan untung gêdhe sak-sok jrang-jrèng dhuwit | kudu wruh pahalanya ||
28. sabab [sa...]
--- 20 ---
[...bab] ingsun iki jênêng urip | jari santri mêngku kayun kayat | uga rong puluh cacahe | kawawa guwang ngêjum | ala bêcik kinèn amilih | wajibing wong ihtiar | rèh pêpasthèn iku | gaip tan kêna kinira | tiningalan sadurunge nora kèksi | iku purwèng ihtiar ||
29. ing sajroning urip ingsun iki | ana nata pangulu pêpatya | jaksa ingkang kaping pate | cacah papat iku |[6] rêrêmbugan rina lan wêngi | barang durung kalakyan | puniku kang ngrêmbug | yèn wus rujug[7] papat karsa | dadi siji kusus yogya dèn lakoni | badan amung sadarma ||
30. anglakoni parentah gusti |[8] kang wus sarujug rêmbag sajuga | pangulu patih jaksane | iku yogya tinurut | anglakoni prentahing gusti | ing mangke gustiningwang | jro angên-angênku | anggalih pangèngèr kita | milu
--- 21 ---
lonthe nadyan wêtune nyukupi | bisa nyèlèngi arta ||
31. tur blêdugku sabên dina mintir | nanging maksih sun timbang tan eca | sun wus wêruh lêpiyane | lurah lonthe karuhun | Wirakosa araning janmi | tinêdah dadya lurah | lonthe Kampungbaru | sawetan bètèng Ngayugya | lurah têrang sing parentah mawa buslid | akèh kuntunganira ||
32. samana nuju sajuga ari | Lănda saradhadhu bètèng têka | watara sapuluh kèhe | pating galuyur mabuk | ayon manjing plonthèn ngupadi | lonthe yun kinarêpan | kurang lonthe têlu | mung ana pitu wanodya | gya rêbutan têmah păncakara sami | Wirakosa sru panggah ||
33. anggagahi sarta angabani | ngurusake nalar dènnya drêdah | suldhadhu salah tampane | lurah lonthe dèn krubut | Wirakosa
--- 22 ---
satêngah mati | thinuthukan ing pêdhang | sirah rêmpak rêmpu | kêlah mangadhêp komandhan | Wirakosa kalah rèh tan darbe saksi | tur kang wruh pira-pira ||
34. mila ingsun timbang-timbang malih | nora enak wong ngèngèr kriwilan | băngsa wadon dhasar lonthe | yèn katanggor lir iku | Wirakosa kaya wak mami | wong putus olah nalar | bijaksèng pakewuh | yèn prakaran nganti kalah | ingsun wirang uripku nèng dunya iki | parandene kasoran ||
35. nandhing milih ihtiar kang wajib | rèh wong mur[...][9] diyanjana tama | wong kang kaya ingsun kiye | pupur sadurung bênjut | durung mlaku sampun lumaris | lire duga watara | kang durung karêmbug | atasing urip punika | sadulure tan liya dugi prayogi | yogyane linakonan ||
36. awit lakunira wong aurip | carita bêcik arang kang jêmbar |
--- 23 ---
yèn ala nglangut parane | kapriye raganingsun | ngupaboga sampe kang sukci | ngupaya kasampurnan | dunya ngakiripun | pêpadhang dadi sawarga | yèn pêpêtêng naraka agêng dhatêngi | bêcik ngalih lantaran ||
3. Sinom
1. sun rêmbug-rêmbug tyas ingwang | bêcik ingsun dadi santri | mubêng anurut padesan | esuk sore ngêmis-êmis | bêbêt sarung lininting | kathok kombor ikêt wulung | têkên pênjalin dawa | turut marga nyangklong kuji[10] | nyangking kacu putih kluwus lawon mêntah ||
2. tinon lir jamhur lêlampah | tirak lir akul mukmin |[11] wadana wênês sumilak | ngasorkên padhanging sasi | lumaku mari dikir | napi isbat tindakipun | tinon lir akmaliyah | yaiku kamil mukamil | sawang-sawung kawuwung maca istipar ||
3. nglakokkên sabar darana | ambêg santa budya
--- 24 ---
mamrik | mrik minging ngambar sumêbar | kababar sagung ningali | ngupakati wong bêcik | katara ing tindak-tanduk | patraping sêsandhangan | liringing pasuryan wingit | singa mulat lumuntur ing kasutrêsnan ||
4. sung wêlas mring raganingwang | wit katonton cahya wêning | masangkêp kadya pandhita | ingkang ahli puji dikir | nulya sun dèn aturi | lunggyèng bale jajar lungguh | lan ingkang darbe wisma | nuli ingsun sorah-sorah ngèlmi |[12] watak tani gumun crita kaelokan ||
5. pasthi sun sinungan bêras | apêse sabêruk cilik | kadhang dhuwit nganti suwang | aku etung omah siji | ganêp sadina pasthi | antuk omah patang puluh | dhuwit patang rupiyah | bêras patang puluh bêrik | sabên dina kayaku patang rupiyah ||
6. sun kumpulakên nèng wadhah | lawas-lawas uga sugih | yèn [yè...]
--- 25 ---
[...n] mangkono luwih gampang | ngupaya muktining jisim | êndi kang dèn antêpi | dadi sandhang panganipun | cukup kongsi tumêrah | anak putu kang nampani | bisa ingsun wiwiti janma utama ||
7. adate wong ing padesan | santri kèh kang dèn ji-aji | jinunjung ing pakurmatan | tur yèn sun ngêmis mênangi | wong tani lagi bukti | dèn ajak barêng salungguh | boga sêga golongan | jangan bobor lombok rawit | kang sinambêl tempe bosok anèng layah ||
8. rèh sayah iba kang nikmat | dadi sungsum gêtih daging | wong padesan watak lilan | yèn dèn pangan para santri | sawusing nadhah nuli | ingsun nêmbung anênuwun | mlas-asih manuhara | musapir luntur ingkang sih | iya iku wêtuning kang kanugrahan ||
9. lawan malih lamun măngsa | panèn [pa...]
--- 26 ---
[...nèn] pari adat tani | santri ngêmis jinakatan | wong siji trakadhang nganti | sagèdhèng awèh pari | gutuk dangan pasthi payu | kalih rupyah tan kurang | liya iku pitrah kêcil | akèh bae kauntungan kang tumiba ||
10. o o kapriye wak ingwang | dene nora bisa ngaji | yèn kajibah andêdonga | tan bisa donga sacuwil | nora na sun apali | kêjaba mung bisa kulhu | sayêkti nora lumrah | apal kulhu dèn go amin | măngka watak tani donga kudu dawa ||
11. yèn mêngkono kang prayoga | bêcik ingsun ngaji dhisik | mring Sêpanjang Surabaya | Sidacêrma goning kyai | kang para putus ngaji | sabarang kitab winuruk | jur kawin lan jur ngiyah | ngakait naola tasrip | myang bajuri tapsir awal akir wignya ||
12. lamun tan mangkono wirang | gon ingsun angêmis-êmis |
--- 27 ---
dèn gêguyu ing akathah | tinêmpuh ing wirang isin | pucêt cahyaku ngênthir | lunga têka netya payus | nora na kang tumimbang | wong wirang wurung dumadi | kaya priye polahku angupaboga ||
13. kale pangan luwih kuwat | ujare wong santri ngaji | pil rijêki mubalagah | iku lapal dèn wardèni | napun dalêm rijêki | dadi pikuwating idhup | dhasar nyata têtela | urip lantaran rijêki | na-kumuna wong urip amangan sêga ||
14. nadyan dwijawara tapa | manungku puja nèng ardi | tatkala ing jaman kuna | pasthi kêlêbon rijêki | dora yèn ora bukti | nilik dalil Kur'anipun | yêkti tan kêna pisah | urip lantaran rijêki | yên mangkono mung saka pangalêmbana ||
15. lawan malih sun kèlingan | anggêr anyar mêngko iki | kanggo Nèdêrlan Hindia | yaiku ing tanah Jawi | dèn arani [a...]
--- 28 ---
[...rani] sitruksi | têmbung prasman têgêsipun | pacuhaning parentah | paukuman dèn gantungi | tur pinacak linumrahkên ing sêtatblat ||
16. critaning anggêr mangkana | yèn wong nguladara santri | ngêmis-êmis turut desa | kêlêbu wêwalêr nagri | cinêkêl ing pulisi | lumêbèng sêpir tinutut | rol pulisi pinriksa | wusnya trang gya dèn dhawuhi | munggah landrat dadya panimbanging prarat ||
17. kang wus muni paukuman | yèn wong nguladara tampi | buwangan panggawe paksa | nganggo dèn kalungi wêsi | limang taun wus pasthi | rèhning undhang iku kukuh | kas kuwat tanpantara | presidhèn amung sadarmi | andhawuhkên apa unine sêtatblat ||
18. ah lamun mangkono ingwang | nora sida dadi santri | ngoja-ngaji gawe apa | pira mote wêtêng siji | pira suwening urip | sandhang pangan bae bingung | tan kurang panggawean |
--- 29 ---
kaananing donya iki | nora ewuh lunga mancing bae mangan ||
19. sun sambi ngiras tirakat | esuk sore wira-wiri | nurut imbanging narmada | taksranani cangkêm muji | prasasat Sunan Kali | gawa walêsan mêthêngkrus | iku bae yèn bagya | dadya lantaraning sugih | ingsun mancing kadhang bisa olèh tămbra ||
20. gene kok sun nguni wikan | tămbra siji payu sringgit | tinuku Cina gadhean | taktakoni gone mancing | yèn mangkono wong iki | gampang bae arêp untung | amancing bae bisa | dadi dêdalaning sugih | olèh siji payu têlung puluh uwang ||
21. saupama olèh lima | pasthi payu limang ringgit | saiba kamuktèn ingwang | kropyak-kropyok crang-cring dhuwit | sataun bae dadi | Nyai Blorong kundhang kidung | kêkasur bantan[13] reyal | tur amung [a...]
--- 30 ---
[...mung] sarana mancing | nanging uga ingsun rasa durung eca ||
22. iya yèn kêbênêr bagya | sabên dina bisa olih | mancing tămbra kali Praga | rêjêkiku bisa mintir | wangsul yèn ora olih | ngolah-ngalih munggah mêdhun | sarwi gawa walêsan | pakan nèng bumbung pring cilik | nyabukake kêpis gêdhe têmah sunya ||
23. anganthêng sajam têlung jam | saya pêgêl nurut gigir | tan ana iwak kumlêndhang | ucêng pilêg bae sêpi | tur udan riwis-riwis | suprandene wastra klocut | gya mulih praptèng wisma | sêdhakêp nèng pinggir gêni | ngonggo-onggo sadina tan antuk bagya ||
24. nèk mangkono nora eca | wong angupajiwa mancing | yogya sun milih pakaryan | liyane kang wus sun wilis | dodolan bae uwis | adol sate turut lurung | lêbon limalas uwang | yèn bagya payu rong respis | ingsun etung
--- 31 ---
duwe bathi sangang uwang ||
25. lo kok jêbul bathi kathah | takgunggung sêsasi bathi | rolikur punjul nêm uwang | iku bae taklakoni | nanging sun pikir-pikir | kudu pawitan kang cukup | nganti limalas uwang | olèhku dhuwit ka ngêndi | awit iku tan cukup pawitan rong wang ||
26. sanadyan cukup rong uwang | olèhku iya ka ngêndi | dêstun ngêmis turut pasar | kêmringêt olèh sakêthip | lah priye awak mami | mêngkene mêngkene wurung | kadyaparan dadinya | urip mung sapisan iki | kok kewuhan ênggonku ngupaya pangan ||
4. Pocung
1. o o gumun kabèh lantaraning untung | kêpenaking awak | tan ana sranane maning | mung pawitan bau lan pawitan băndha ||
2. nora antuk pawitan sarana catur | yèn mangkono ingwang | apa nora bisa sugih | nganggo dhuwit saka ngêndi gonku [go...]
--- 32 ---
[...nku] angsal ||
3. angkat junjung ingsun bêcik bae wurung | salawasku gêsang | kêsangsang madyaning bumi | durung tau nyambut gawe kang rêkasa ||
4. dhuh awakku kêpriye bae tinêmu | kênthêle ciptèngwang | mung yugya dèn tohi pati | mati pisan yèn waras sajêge gêsang ||
5. luwih bagus sun lumêbu saradhadhu | prajurit Nèdêrlan | sêdhêng sun misih taruni | yèn kumisi dhoktêr wus pasthi kêtampan ||
6. nganggo sinung angkil dhuwit pitung puluh | lima prajangjinya | anèng Kumpêni nêm warsi | ingsun tămpa panganggo cara Walănda ||
7. topi jas bruk dhasi kêmeja pênatu | putih mawa praba | sêpatu gulang prakêntin | mlaku-mlaku sun bisa wicara tidhak ||
8. cara Mlayu sabarang kang ingsun wuwus | sasat Lănda Prasman | kajèn kèringan sêsami | jalan-jalan akèh wong kang padha nyimpang ||
9. olèh rangsum ping pindho sadinanipun |
--- 33 ---
esuk tămpa kêtan | wahna nganggo wedang kopi | kari ngêmplok kewala nora kangelan ||
10. srupat-sruput plak-plok kêta[14] muca-mucu | lawuhe dhok kamal | kadhang êndhok crubuk asin | solan-salin sinarah enaking mangan ||
11. sore esuk ajar prang pupuh lan mungsuh | nèk bêkjaku[15] ana | dadi prajurit Kumpêni | limang sasi sangang sasi munggah kurpral ||
12. blanjaningsun rong rupyah sapasaripun | nganggo sêtrip jênar | suldhadhu kêpêthuk taklim | salwir tangan sun nimbangi pakurmatan ||
13. yèn sêmpulur kabagyanku gya dèn junjung | munggah dadi sarsan | sêtrip renda kanan kiri | nora suwe nuli munggah dadi litnan ||
14. saya kumbul darajadku mumbul-mumbul | gya munggah kapitan | sun bisa nyèlèngi dhuwit | sabên wulan cukup sun sandhang sun pangan ||
15. nanging ingsun rada capêt-capêt ngrungu | kabar nular karna |
--- 34 ---
ing mangke suldhadhu Jawi | kongsi mati nora bisa dadi litnan ||
16. dêstun untung kurpral sarsan wong wis mujur | takrasa tan enak | sun wruh lêpasan Kumpêni | tilas sarsan pènsiun jaga patrolan ||
17. luwih saru nistha patrape kadulu | omah bae tanpa | tur tan darbe anak rabi | wahdhar klèlèt cêkakik isi bêdudan ||
18. adhuh biyung kabèh panjangkaku wurung | mêngkono tan enak | mêngkene nora prayogi | barang nalar nora bisa kêdadean ||
19. amung gêtun yèn mêngkono bêcik ingsun | nekat bae sisan | kaku atiku nèng bumi | prayogane sun bêcik dadi wong edan ||
20. turut lurung bêbêt bagor klambi kadut | ikêt jarik gombal | kang wis suwèk rontang-ranting | tamtu kajèn kèringan samining gêsang ||
21. wong kêpêthuk sumingkir tan wani numbuk |
--- 35 ---
jêr wêdi wong edan | dene panganku mung ngêmis | sabên bakul sêga iwak padha wêlas ||
22. ana munjung ana kang awèh pisungsung | sun nguni uninga | lêpiya wong edan mukti | jênêng Kyai Krapyak wong bawah Magêlang ||
23. kondhang catur kasub kasumbagèng tutur | têmah luwih mulya | pantês têtêp taklakoni | para santri juragan akèh kang wêlas ||
24. yèn sun gêmblung pandugaku luwih untung | ngungkuli Ki Krapyak | sabab iku edan pingging | luwih bodho beda karo awak ingwang ||
25. edan baut guna kasêntikan putus | mêmêt rèhning nalar | jêr nyatane nora garing | sun pasthèkkên akèh wong padha kagiwang ||
26. padha jaluk jimat plarisan maringsun | jaluk kaslamêtan | ana jaluk sarat sugih | wênèh jaluk sarat supayantuk pangkat ||
27. nèk wus mundhut padha suka bungah
--- 36 ---
gugup | awèh sakarsèngwang | malah wong kang takwèwèhi | padha susah mangkono oliyèng Alah ||
28. wong majênun edan ring Hyang Maha Agung | dhasar ingsun reka- | reka muji maca dalil | dhikir saman nêbut kalimah tayibah ||
29. padha gumun pra sudagar miwah bakul | wong dodol ing pasar | lan wong dhasar pinggir margi | takjaluki sabên dina padha bungah ||
30. jêr sun gêmblung dinuga saka majênun | edan ring datolah | dèn arani mêndêm sèpi | wus mangkono watêke bangsaku Jawa ||
31. raganingsun sandhang pangan wus tan ngrêmbug | omah nora susah | bango-bango sun ênggoni | malah nora kêna pajêg panggaotan ||
32. sirna gêrdhu rundha nora dèn paèlu | sarèhning wong buyan | dèn timbang lamun niwasi | tur sinarah sabarang sakarsaningwang ||
33. dhasar yèn wus patitis kang ingsun muwus | akèh pra juragan |
--- 37 ---
para bakul jalu èstri | angupadi jaluk sarat panglarisan ||
34. padha jaluk pandongaku sugih untung | sun manthuk kewala | clêmak-clêmik lir Ki Langkir | lah ing kono ênggonku nêmu kamulyan ||
35. măngka tyasku brêgas waras nora gêmblung | amung reka-reka | pasthi bisa simpên dhuwit | sun nyèlèngi sadina luwih srupiyah ||
36. kabêgjanku ngungkuli saka panèwu | pratandhane nyata | sun bisa nyèlèngi dhuwit | yèn priyayi arang bisa simpên arta ||
37. tăndha untung bagya tan kêna ginayuh | pêpasthèning kodrat | ingkang tan kêna tinampik | ala ayu saka sêsanggan kawula ||
38. wus pinemut ning tulisan lokil makpul | sadurung tumitah | kodrat wus tinulis dhisik | marma kabèh kahanan sumarah ring Hyang ||
39. nora amung sathithik sun rada emut | ing jaman samangkya | wong edan kang gawe [ga...]
--- 38 ---
[...we] watir | turut dalan unine anggêr Nèdêrlan ||
40. kinèn mikut kinunjara supayemut | lamun maksih edan | dèn kirimkên mring Batawi | kana ana wisma aran rumah gila ||
41. nèk tan rawuh gya ingusadanan gupuh | sinung klambi motha | aklawat wêsi nèng buri | tangan ora bisa polah anjêpapang ||
42. ing sadalu sadina tan antuk turu | klambi dadi tămba | datan bisa molak-malik | padha nangis pating jlêrit swaranira ||
43. yèn kang kojur malah tambah saya kuwur | têmah dadi buyan | yèn mêngkono ora apik | kayaparan gonku ngupa panguripan ||
5. Dudukwuluh
1. dhuh awakku kapriye gon ingsun luru | kamulyan dadi wong sugih | ingkang sarwa-sarwi cukup | jaran wêdhus kêbo sapi | omah gêdhe magrong-magrong ||
2. gêdhogaku nèng wetan jarane Kêdhu | wetan manèh lumbung pari |
--- 39 ---
klabang nyandêr pêcak satus | panèn pira-pira pari | saloring gêdhogan pawon ||
3. kulon dhapa langgar sirap ambèn dhuwur | de pandhapa omah buri | pawon gêdhogan myang lumbung | kabèh gêndhèng usuk jati | garwèngsun yu-ayu loro ||
4. nanging tangèh yèn antuk mangkono iku | nora luwih kaya mami | mung ngèngèr lawan bêburuh | bagya olèh patang kêthip | satali nèk jaman mêngko ||
5. măngka aku ora bisa angkat junjung | nora wurung dèn srêngêni | sun yun ngangkat karya alus | durung tau anglakoni | tukang kayu tukang cethok ||
6. sarèhning wus tita diwasa ing rêmbug | salah siji nora dadi | mung takpikir-pikir wurung | têmahane wêtêng ngêlih | lah kapriye polah ingong ||
7. rèhning sun wus nora melik poyang-payung | êmoh dadi sotra-santri[16] | jaman saiki [sa...]
--- 40 ---
[...iki] tan cukup | wong sugih ngarah priyayi | nadyan dadi enggal poprok ||
8. têmah mlarat pamêtune nora sumbut | dhuwit pira-pira ênting | kinarya wragading dlanggung | nadyan nora nganggo dhuwit | nanging dalan ting sêmporot ||
9. yèn sun santri kudu bisa ngaji putus | sudagar pawita dhuwit | tani kêbo sapi ngingu | tuku sawah duwe pari | tona-tani bakul sun moh ||
10. wus sun puntu judhêg lakone awakku | apa-apa nora dadi | mêngkene-mêngkene wurung | ngupaya sênênging ati | apa pantês sun nyênyolong ||
11. nora wurung maling malaning praja gung | kinuya-kuya pulisi | tăngga karuh padha nyatru | pra sudagar tani sêngit | wah dadya bêburon laron ||
12. ngalor ngidul ngetan ngulon tanpa dunung | wong kandhêg kampiran nampik | lah kapriye bae ingsun | kêjaba mung kari [ka...]
--- 41 ---
[...ri] siji | kang ngungkuli samining wong ||
13. yèn tan bagya mati lamun urip untung | sayogya sun taki-taki | ngasrama guwa kang samun | ing êndi ênggon prayogi | gunung-gunung jurang kang jro ||
14. kudu ngupa panggonan janma kang tan wruh | têtajin dhahar lan guling | nêgês karsaning Hyang Agung | mangêningkên cipta wêning | mêminta sihing Hyang Manon ||
15. jaring santri wong têmên-têmên tinêmu | walahu ngalimun gaip | pangran ngawruhing[17] ing lêmbut | waskitha krêntêging ati | munajad lairing pandom ||
16. wusnya putus bundêr pratignyaning Cêkruk | wisma tinilar lumaris | manjing wana kang asingup | singid-singidan ngupadi | kang datan kawruhan ing wong ||
17. wataradoh alas gunung kang katuju | manggya wrêksa gung sawiji | tri wulan araning kayu | manggon ing pêpèrèng sungil | mandera bêrdapa ayom ||
18. samana Sang Cêkruk pratistha sor kayu | madhêp ring pracima maksi | tikswèng grana tyas manungku |
--- 42 ---
muji-muji lair batin | drasa swanida narocos ||
19. nutup păncadriya bêg wiku linuhung | wahywèng swasana ingudi | adi-adining tumuwuh | wahanane dèn upadi | wahyu wiryawan kang katon ||
20. mung manyipta ngungkuli samèng tumuwuh | luluh lukitaning budi | sumungkêm ring datolahu | luhung brastha wor lan budi | yèn tan antuk sêdyèng batos ||
21. kawarnaa kang kahyangan jroning kayu | tri wulan narendraning jin | têdhak jin kalaning dangu | jêjuluk Prabu Rawangin | ing Sunyaruri kadhaton ||
22. sayêktine sajêrèning[18] kayu iku | aran nagri Sunyaruri | marma jin maèwu-èwu | malêksa makêthi-kêthi | dènira mèstu rêraton ||
23. jênêngakên patih jaksa myang pangulu | bupati panèwu mantri | sapanêkare supênuh | tata seba Sênèn Kêmis | nora beda caraning wong ||
24. duk samana Cêkruk Truna dènnya nungku |
--- 43 ---
watara antuk sawarsi | tanpa boga tanpa nginum | malah-malah nora guling | sadarpa adrênging batos ||
25. waktu iku Cêkruk mahya awa[19] dudu | midrawa sakratoning jin | lêbdaning alat tumêmpuh | mring para jin gêdhe cilik | tuwa anèm lanang wadon ||
26. samya nandhang roga panastis lan ngêlu | kèhing jin samya anangis | dènnya kataman pangridhu | wêwalat janma linuwih | tarak subrata kang moncol ||
27. angungkuli janma samaning tumuwuh | rèhning jaman iku maksih | wong tapa pinaring wahyu | marma pra jin nandhang gêring | ujwalaning praja aclom ||
28. têtuwuhan kewan-kewan pra jin payus | mêsum nayananing warni | lamun manusa bêgêblug | rèh jin datan kêna mati | dadya mung gêring kemawon ||
29. tambuh-tambuh solahe para wadyagung | kang sawênèh ana ngungsi | mring lyan praja ting bilulung | tuwa anom [ano...]
--- 44 ---
[...m] jalu èstri | mung sang prabu kang tan kenggoh ||
30. saking putêking tyas prabu jin tumurun | saking kadhaton umèksi | sajuga manusa nungku | sêmadi maladi êning | sang prabu kagyat ing batos ||
31. angandika jro wardaya baya iku | kang karya roganing puri | wadya jin katêmpuh dudu | [...] | sun duga kênèng walat wong ||[20]
6. Sinom[21]
1. Prabu Warangin mangagnya | dèn iring pawongan cèthi | ciptèng tyas nêdya têtanya | wusnya clak pasrangkara ris | hèh sujanma kang lagi | manungku puja nênuwun | pratisthèng sor mandira | teja sulaksana pamrih | nila krama sintên rum-ruming sarjana ||
2. ing pundi pinangkanira | mati raga yun punapi | lah anggèr age luwara | sampun karya rudahing jin | wadyamba gung prihatin | wit kataman lara dudu | dêdukaning Pangeran | sun tan wrin darunèng sakit | lah wêlasa sintên tigas ing kawuryan ||
--- 45 ---
3. kagyat ing wardaya nulya | Cêkruk Truna tata linggih | ngaksi swara kang sung sabda | hèh sang sakti kula yêkti | tan pinangkèng wuri |[22] anèng ngriki tanpa kayun | dene panêngran amba | Cêkruk Truna hyang mastani | mung sumarah minta kawlasaning Suksma ||
4. punapa kang pinaringna | abdi darma darmèng budi | punggung mudha tan sasêdya | sintên kang badhe pêparing | ring kalêwihan mami | ing salamyamba tumuwuh | munggèng ing marcapada | dèrèng pisan-pisan manggih | kasênêngan tansah dama salaminya ||
5. urip sakêthi sangsara | papa nistha kang pinanggih | tyas loba angkara murka | awit gêng kataman miskin | tanpa baba[23] myang bibi | bale wisma panggya suwung | dhinêndha nora dhăngka | marma lalu mamrih pati | mula muga cinupêta marga ina ||
6. kainan tumuwuh gêsang | kasangsang gêng sungkawa srik | panas prih saking malarat | rinacut ngamal rijêki | tan pisan manggih
--- 46 ---
bukti | labête amba wong punggung | kagunggung janma papa | marma nekat mamrih pati | yèn tan antuk kabagyan gêsang kawula ||
7. ngong pasrahkên Hyang kang murba | masesa ing bumi langit | sakit apa tan suminggah | dadya glêpung sun lakoni | dunya ngakerat tampi | sêsiku amba sumaguh | nilik daliling Kur'an | wa mantala basa ein | wajidahu wawajida pardikannya ||
8. yèn wong têmên tinêmênan | sapa goroh dèn cidrani | milamba manungku puja | puji dikir siyang ratri | mêminta ing sakapti- | nira Hyang ingkang dhumawuh | kalamun dèrèng angsal | lalu luluh jiwèng kapti | mangke pêjah ing benjang tan wande laya ||
9. sami-sami wajib pêjah | margi ya saking prihatin | tapa nèng madyaning wana | nêgês karsaning Hyang Luwih | kudu-kudu tan manggih | puluh-puluh wus sapuluh | bêgjaning raga amba | rèh pêpasthèn tan kaèksi | mila wajib manungsa sami
--- 47 ---
ihtiar ||
10. sang prabu sumambung sabda | hèh sang sarjana prayogi | luwara saking cintaka | ywa dêdawa ing prihatin | sumingkira sing ngriki | hèh Cêkruk wêruhanamu | kayu pratapanira | kadhaton ingsun linuwih | pèni-pèni guru-bakal guru-dadya ||
11. jumantên rêtna pêkaja | akik jabarjat widuri | manik manilêm lan mirah | jumêrut nila widuri | tur masih anyar dadi | mangke wadyèngsun katêmpuh | lara gring pating glasar | wit saking sira martapi | lah racutên apa ingkang sira pinta ||
12. kalamun kita anyarah | sakarsèngong sun paringi | isarat margane bagya | saktine kêluwih-luwih | sajroning bumi langit | para siswa tan pikantuk | liyane jin prayangan | ratune ingkang darbèni | iya iki rupane lah tampanana ||
13. sarat rong warna punika | slomprèt siji kanthong saji |
--- 48 ---
kuwasane sowang-sowang | de slomprèt kalamun muni | wadya jin catur prapti | miturut barang pituduh | apa sapakonira | sakêdhap kewala prapti | nadyan jabaning sunya sakêdhap prapta ||
14. kinèn jupuk barang apa | pèni-pèni sêsotyadi | mas salaka neka-neka | sapira bobote gêlis | dene kanthong puniki | saktine kalangkung-langkung | bangkit mundhakkên arta | yèn sira darbe sakêthip | lamun dèn dol ping slawe bali kewala ||
15. kalamun duwe sasêmat | slawe sêmat bola-bali | ing salaminira gêsang | wus mangkono iku pasthi | karsanira Hyang Widhi | dayaning sarat puniku | yèn kadarbe manungsa | saiba mulyaning jisim | wus têrtamtu sajagad tan ana padha ||
16. tumulya Sang Cêkruk Truna | andhêku nguswa suku jin | rumasantuk kanugrahan | dènnya tapantuk sawarsi | narima marmèng [mar...]
--- 49 ---
[...mèng] budi | dinulur krêdyating Cêkruk | dupi wrin warna sarat | kêdhap kumilat mathathit | murub muncar kadya basănta katiga ||
17. ri wusira tinampanan | Sang Rawangin tan kaèksi | manjing dhatulayanira | Sang Cêkruk trangginas tangi | rumasantuk gêng margi | marga lantaraning untung | de darbe kasantikan | saking Hyang Kang Murbèng Bumi | lêlantaran ratuning jin ing Triwulan ||
18. gya rinucat sutapanya | lumungsur sing mandera glis | nêdya mantuk mring wismanya | mugut-mugut lir wong ngimpi | nging yun kasêsa uning | kayêktèning sarat wau | adrênging tyas amêksa | derarsa nyoba kasêktin- | nira sarat salomprèt lan kanthongira ||
19. samana pinggiring têgal | wontên wisma gubug alit | tilase wong tani gaga | pinagêran kanan kering | mubêng rinambatan wi | gêmbili pare kêtimun | ananging wus lêbaran | nora tau dèn tiliki |
--- 50 ---
Cêkruk Truna umanjing mring gubug sigra ||
20. munggèng bale malang kadhak | tyasira mikir kasêktin | nêksèni kasantikannya | dupyarsa cinoba nuli | munajat ing Hyang Widhi | jinurunga ing sakasdu | kang nêdyarsa cinoba | tamaning slomprèt tumuli | sru mathênthêng Cêkruk niyup slomprètira ||
21. prèt prèt prèt prèt slomprèt munya | lir pratăndhaning kaplêri | tantara tumulya prapta | jin catur manguswèng siti | noraga minta wangsit | manuhara wuwusipun | dhuh gustyamba punapa | nimbali patik samangkin | abdi sampun sumaos sumanggèng karsa ||
22. Cêkruk Truna kagyat jola | dupyana êjinku prapti | anjog saking dirgantara | gêtun mangungun ing galih | catur jin sami inggil | busana lus lir dèn atur | tata trapsilanira | mangatas nuwun tinuding | ing rèh barang mangarah-arah punapa ||
23. i i dene nora cidra |
--- 51 ---
apa sawangsite nguni | cèplês tan slisir sarema | Cêkruk pasrangkara aris | hèh sira catur êjin | sumarma padha sun uwuh | lah age lumakua | sun kongkon sadina iki | têkakêna putri-putraning narendra ||
24. ing Sêtambul maharaja | kang kasusra măncanagri | darbe putri yu utama | tur durung pinalakrami | êjin trangginas nuli | kumêplas wus tan kadulu | samana wancinira | siyang jam satêngah kalih | sang kusuma nèng madyèng tilam anendra ||
25. catur jin tumamèng pura | tan ana janma udani | gya umanjing dhatulaya | wangwang ing tyas mangagnya ring | sareannya sang putri | nèng kanthil manguntur murub | kancana mawa rêtna | dyah nendra lagya kêpati | patrapira guling prayogi tinelat ||
7. Maskumambang[24]
1. dènnya sare sang rêtna naga kapuntir | asta kering ngrêksa |
--- 52 ---
bludaging prêmbayun kalih | kanan sumèlèh plarapan ||
2. gya tumanduk jin catur waskithèng wèsthi | niring sulap samar | iku putri kang kinapti | binakta mring tanah Jawa ||
3. wus dèn angkat sakanthil amparan rukmi | ginawa sadaya | bêdhol songsong nora kèri | saisining jinêm sêkar ||
4. sang dyah datan karasa maksih kêpati | jin mangayuh wiyat | dirgantara wus tan kèksi | sakêdhap sampun tumrapta ||
5. nahên gantya ing Ngêrum sri narapati | wus ngaturan wikan | nararyèstri kênèng dhusthi | gègèr sapraja ruara ||
6. wayang-wuyung solahing wadya sanagri | ngupadi sang rêtna | kang murca binaktèng sandi | sandiguna wirotama ||
7. tama tamèng dursilèng rèh bêdhol kanthil | cinêndhak gègèrnya | ucapên Sang Cêkruk lagi | pitêkur jlêg jin tumrapta ||
8. bêkta kanthil kancana kang isi putri | tur maksih anendra | gya manjing gubug wisma lit |
--- 53 ---
jin catur nguswèng bantala ||
9. turnya lon dhuh gusti sumanggèng karsadi | patik lumaksana | mring Rum munah putrèng aji | punika anggèr katura ||
10. jin lumèngsèr sakêdhap wus tan kaèksi | Cêkruk Truna nulya | marpêki kanthil myak samir | dupi wruh kang lagya nendra ||
11. sru gêgêtun tri pandurat tan bisa ngling | sumlêngêrên mulat | kang pindha pêputran gadhing | cahya mawênês sumirat ||
12. rêbut praba gêbyur ring malige rukmi | kusuma kang nendra | tumeja kuwung nêlahi | wangkawa sumundhul wiyat ||
13. gandanya mrik ngambar-ambar amimbuhi | cinêndhak kewala | kurang pujangga kang nganggit | luwih warnaning juwita ||
14. sira Cêkruk Truna merang maras ing sir | sajêgnya tumitah | durung wruh kang kadya iki | katongton lir wong supêna ||
15. darbe cipta ngrasa anggane pribadi | tan lumrah sasama | busana gombal ting srêndhil | mambu parah lênga kacang ||
16. rai mangkak kulit [ku...]
--- 54 ---
[...lit] dhangkal gănda lêdhis | nyamlêng asu kobar | saking data[25] mambu warih | dhasar ala mêntas tapa ||
17. kuku dawa rambut gèmbèl idêp plinthis | utu[26] kuning pêthak | lambe kandêl biru ngintip | marma sangêt analăngsa ||
18. adoh êlor kidul wetan tăngga dèsi | mila tan sumêlang | gya lunggyèng kanthil jajari | sampeyanira sang rêtna ||
19. Cêkruk pasrangkara ngarah-arah lirih | ruruh rêringannya | dhuh gusti sang kusumadi | adi-adining wanodya ||
20. rum bintarum kêmbang angsokarjanadi | sêsambunging nyawa | mawantah absarèng swargi | guprênuring tilam sêkar ||
21. baya mirah intên barleyaning bumi | ratih ngejawantah | musthikaning kasur guling | kang karya obahing jagad ||
22. yèn sêkara sêkar dewadaru swargi | wit taru rikmaya | woh jumêrut maskuari | Cêkruk anggagap sampeyan ||
23. sang kusuma sru kagyat anulya [a...]
--- 55 ---
[...nulya] nglilir | wrin priya jumajar | jlog tumêdhak saking kanthil | wruh nèng samadyaning wana ||
24. tênggêng-kamitênggêngên wikan griyalit | gubug nora pakra | osiking galih sang putri | kaya priye purwaningwang ||
25. dene anèng ngriki tan rumasa ngalih | jaman ngêndi baya | apa supêna sun iki | nir mayèng kisma drês waspa ||
26. nulya Cêkruk Truna ge-age mrêpêki | ring sang pindha wulan | têmbungnya dhuh sang garini | nadyan kawula wong pidak ||
27. dama papa paduka putrèng narpati | wus ciniri mula- | bukane ing nguni-uni | lohkil makpulira dadya ||
28. jodho praptèng alam akadiyat maksih | wangwung tanpa kăntha | kusumadi wus pinasthi | daliling Ku'ran wêwarta ||
29. ida jaa ajaluhum dèn jarwani | tatkala tumrapta | pêpasthèn tan owah gingsir | la yak takiru saatan ||
30. nora kêna adarbe karsa samênit | wit sampun cinithak |
--- 56 ---
loh makpul kodratolahi | kadipundi dènnya selak ||
31. botên sagêd kawula mungkiri pasthi | wit datan katingal | pratelane yèn wus kèksi | ilange saka panrima ||
32. sadasanggèr padukèstu jodho mami | ing dunya akerat | wontên pratandhane yêkti | têbih ing Ngrum praptèng Jawa ||
33. lamun datan pinarêng dening Hyang Widhi | nadyan numpak palwa | baita latu lan mail | tamtu rong wulan tumrapta ||
34. rèh wus jangji sakêdhèp kewala prapti | punika cihnanya | jêjodhon ing dunya ngakir | sumangganggèr langê[27] cipta ||
35. tan prayoga badal karsanirèng laki | yèn wong jojoan |[28] pangraning wanodya naming | kang lanang wajib lan wênang ||
36. marmanira wong lanang ingaran rabi | rabi têmbung Arab | pangerane wong pawèstri | puniki suwarnanira ||
37. têmbung daya wacaka pangran jarwani | nênggih pangengeran- | ning pawèstri [pa...]
--- 57 ---
[...wèstri] sahir kabir | lah anggèr dipun galiha ||
38. kula tuntun anèng sirotal mustakim | puniku têmbung Sam | sirotal wod têgêsnèki | mustakim jêmbar tur padhang ||
39. mila priya ran wod sirotal mustakim | bênêr luput ingkang | munah dêdalaning èstri | swarga nrana[29] atut wuntat ||
40. langkung awrat priya mêngku ring pawèstri | tan kenging gumampang | priya têgêse priyogi | yogi nurunakên yoga ||
8. Mijil
1. kapitèng tyas waspanya drês mijil | kusumaning sinom | lir tinuras tiniris tètèse | sênggruk-sênggruk udrasa luh mili | gut-gutên ing galih | tan lilih manglalu ||
2. butêng pêtêng bingung ngungun sêdhih | mangkana sang sinom | lir pinêcat yitmaka kalbune | lêhêng pêjaha kewala mami | dupi trang pangaksi | wana wisma gubug ||
3. angandika arum sang sudèwi | mring kang ambèg bodho | dhuh kakang wong bagus kula
--- 58 ---
mangke | lamun dika arsa mardyèng rêsmi | kula datan arsi | sun palaur lampus ||
4. rèhning dèrèng pisan laku juti | wirang tyas tumonton | jagad bumi langit saisine | nadyan tan ana janma udani | Alah luwih gaib | kang samar-samar ruh ||
5. Maha Suci ngudanèni batin | wong kang laku awon | jroning badan manungsa yêktine | ana kalam nênulis pribadi | barang tingkah bêcik | lan ala tinutul ||
6. dadi saksi kalamolah benjing | praptèng dintên layon | botên sagêd selak ing sapangrèh | mila sakêthi jrih kula juti | dintên mukswèng pati | titi tanpa petung ||
7. pintên lamine tumitah urip | culika mring Manon | lah èngêta kakang wirayate | pra pandhita Ngrum Jawa tan slisir | saliring agami | wong jina tan patut ||
8. Jawa Arab Cina Lănda Bali | tan beda ing pakon | sakurêbing langit bumi [bu...]
--- 59 ---
[...mi] kabèh | yèn prakawis satunggal puniki | pinasthi tan bêcik | ginantungan kukum ||
9. kukum dunya tumêkaning akir | Alah mring para wong | ingkang ngiwa juti laku bandrèk | tamtu gêtun sawuse nglakoni | yèn janma utami | gêtun lamun durung ||
10. kuthuh naruthuh têmahan cêdhil | pinastyantun awon | lêlêthêking bumi gung rêjasèng | gêlah-gêlah ing jagad sayêkti | èngêta kang bêcik | ywa tindak kang dudu ||
11. saya grêgut Cêkruk Truna myarsi | sorahnya sang sinom | pasrangkara Cêkruk sêmu sarèh | dhuh sang rêtna peling ta mring mami | srèbu trima kasih | saya sudah tahu ||
12. busuk jahat saya ini cêrdhik | bukan orang bodho | jikalu angkao tradhak sampe | mau nanti dhapêt nyang trak baik | bole ati-ati | jugak sakit lalu ||
13. kula punika antero bumi | datan wontên loro | bisa manjing ajur miwah ajèr | wignya mabur tanpa [ta...]
--- 60 ---
[...npa] lar malêtik | tanpa suthang bangkit | wicaksanèng kewuh ||
14. boya ewuh mlaya jajah bumi | tur datan rêkaos | putusing pambudi sakalire | nadyan sumêdya kăndur sang dèwi | ping pitu saari | mring nagari Ngêrum ||
15. kula pundhut sakêdhap tumrapti | gubug ngriki anjog | mila manuta kewala anggèr | bêcik mundhuta kula sanggupi | rêtna adi-adi | barang elok rawuh ||
16. pèni-pèni guru bakal dadi | mas sêsotya abyor | kula sagêd anggèr dhatêngake | rêrupan ing sabrang luwih-luwih | milamba nyanggupi | darbe sarat punjul ||
17. amunjuli sêsamèng dumadi | nadyan para katong | ngong pasthèkkên gusti datan darbe | mila Cêkruk kang wicaksanadi | baut munah èstri | mila sang rêtnayu ||
18. mundhut punapa sayêkti dugi | ywa sumêlang batos | dupèh wisma gubug ting kêthakrèk |
--- 61 ---
ananging lamun si Cêkruk uwis | amingkis kulambi | musthi saratipun ||
19. sang dyah ayu osiking tyas mamrih | ngarah-arah alon | munah Cêkruk sinongga kramane | adhuh kakang kula yun wruh warni | sarating linuwih | punapa ranipun ||
20. dene arda angungkul-ungkuli | marang para katong | kangjêng rama ratu luwih gêdhe | botên darbe lir kang wus jinarwi | dhuh kakang kulapti | wruh ing warnanipun ||
21. sigra Cêkruk mangèstu ingambil | sarat warna loro | sinung paga ing gubug parnahe | sarwi ngucap lah punika gusti | sarat ingkang warni | saktine kêlangkung ||
22. slomprèt punika kalamun muni | jin catur sumaos | ing saprentah kawula barang rèh | mundhut punapa kang têbih-têbih | sakêdhap tumrapti | sadintên ping pitu ||
23. dene sarat kula kang satunggil | ingkang warni kanthong | kasaktène bangkit ngundhakake | arta winadhahan dèn dol bali |
--- 62 ---
sadintên slawe ping | sadarpa kèhipun ||
24. sang kusuma kagyat duk mangèksi | warnèng sarat loro | sru gêgêtun prabawaning slomprèt | kêdhap ngumilat amawa thathit | salami sang dèwi | nèng jro kadhaton Rum ||
25. dèrèng nate wikan lir puniki | saya dyah lumongsor | nganoraga mèt Cêkruk trêsnane | bawaning trah kusuma linuwih | lamun darbe karsi | sinamar asamun ||
9. Asmaradana
1. dupyarsa pinardyèng rêsmi | sang rêtna sangêt lênggana | mangkana pangandikane | dhuh kakang datan prayoga | sarêsmi lan wanita | nurut ijajil kasusu | yèn nrahkên dadi wong ala ||
2. sae alon dèn aririh | ngarah-arah lir brêmara | adate priyayi gêdhe | tur punika wanci siyang | bok inggih dipun sabar | kula mapan wus kawêngku | benjang punapa sumarah ||
3. wus jamake wong pawèstri | pinardi ing langên cipta |
--- 63 ---
patraping wong ajêjodhon | manyarah tumrah ing wuntat | wit wiwitan asmara | priyèstri samya sih lulut | yakti kula datan singlar ||
4. samana sang dyah amipit | gulèt gulung pangkonira | Ki Cêkruk Truna ciptane | laringing sang dyah wus trêsna | gya jumantên ing tilam | angandika marang Cêkruk | dhuh kakang maklum andika ||
5. kawula yun minum warih | sangêt ngêlih ngêlak kula | Cêkruk Truna age-age | mèt bumbung nulya wisata | tyasnya datan sujana | salomprèt nèng madyèng kasur | tinilar angupa toya ||
6. mung kanthongira tan kari | awit kinandhut anèng sak | sêtagèn kang jêro dhewe | dupi Ki Cêkruk wus kirdha | nguntara ngupa tirta | sang dyah ngasta slomprèt gupuh | tiniyup munya mangraras ||
7. tantara jin catur prapti | manguswèng bantala ngêrpa | turnya jin punapa anggèr | nimbali abdinta paran | karsanta kalampahan |
--- 64 ---
sang rêtna ngandika arum | mulane sun undang sira ||
8. sun arsa kondur mring nagri | Ngêrum aja kêlayatan | têkakna sadina kiye | nulya jin catur tumandang | pojok malige papat | dèn angkat lumarab mamprung | ing ăntariksa[30] glis prapta ||
9. jumujug sajroning puri | dhatulayaning narendra | kanthil pinarnah ênggone | tatkalanira binakta | slomprèt katut nèng tilam | tan ana janma kang wêruh | jlêg wus nèng prabasuyasa ||
10. jin catur plas wus tan kèksi | kocapa dalêming pura | pra laksma pawongan gègèr | lamun sêkaring kadhatyan | wus kondur satêpasnya | kanthil mas bale manguntur | wus konjuk sri naranata ||
11. sri pamasa têdhak aglis | nararyètsri gya tinanya | dyah pêgat-pêgat ature | gêmêt galur têrus têrang | purwa madya wusana | lan ngaturakên sang ayu | sarat salomprèt kang tama ||
12. prabanya ngumilat [ngumi...]
--- 65 ---
[...lat] thathit | tuwin ing kasaktènira | nata mangungun têmahe | sadarpa sukuring driya | sang dyah panujunira | manggih raharja satuhu | gantya ingkang kawuwusa ||
13. Cêkruk kang angambil warih | anèng bumbung sinumpêlan | ing ron sêmbung age-age | sêdya dèn aturkên marang | sang rêtna kang tinilar | dupi manjing gubug suwung | dyah lan kanthil wus tan ana ||
14. slomprèt katut madyèng guling | Cêkruk sru niba kantaka | yayah sinipi grundêle | dene ta nora kayaa | gawe susahing nala | kapriye goningsun nusul | ing ngêndi parnahing praja ||
15. lêt sagara tanpa têpi | dadi apa raganingwang | de darbe sarat pitados | têmah kasripahan ilang | jêr sundêle kang gawa | darbèking wong tanpa têmbung | trang gladhagêr asu ala ||
16. wong ora dhêmên bok uwis | aja anggêgawa barang | kang tan karuwan rêgane | tinuku rong atus yuta |
--- 66 ---
ingsun nora supêna | Cêkruk tyasnya pêtêng putung | wagugên sêmang ing driya ||
17. yaiku rupaning janmi | kang tan tinimbang ing nalar | gumampang gamplêng têmahe | ujub riya tan pinetang | wong pidak pêdarakan | putri ayu putrèng ratu | nêdyarsa ingambil garwa ||
18. cebol manggayuh ing langit | lumpuh paksa midêr jagad | cêcak cilik anguntal lo | nuruti budi surakah | kinakahan drukbiksa[31] | nora pinikir duk durung | gampilkên budi kêsasar ||
19. wus kêsêbut anèng dalil | al imanu layun kasam | lah iku lapal murade | imaning manusa datan | namira[32] ing panduman | arta darbe satus èwu | rina wêngi maksih kurang ||
20. Ki Cêkruk Truna puniki | anggitên dadya lêpiya | karaya-raya pikire | tan tinimbang jisimira | darbe slomprèt utama | nanging tan bangkit angrasuk | wit tan [ta...]
--- 67 ---
[...n] pinikir dadinya ||
21. marma janma kang utami | barang polah tingkahira | wus pinikir sadurunge | aja ngawag ruwag-ruwag | daya-daya klakona | pupur sadurunge bênjut | yaiku aran sarjana ||
22. panjang yèn ginitèng kawi | tumulya Sang Cêkruk Truna | darbèngêt yun nyatakake | saktine kanthong utama | bangkit ngundhakkên arta | mangkana graitèng kalbu | ngêndi sun golèk pawitan ||
23. supaya miwiti dadi | liyane ngêmis tan ana | nadyan isin ngalang gawe | mubêng nurut pasar-pasar | ge-age linaksanan | marang pasar anjêjaluk | sumakta busananira ||
24. nyangking têkên dawa cilik | nyampirakên cangklong gombal | tangan kiwa gawa bathok | andhodhok mamêlas arsa | sing amulat sih wêlas | sadina bathêthêt antuk | arta pêcah tigang uwang ||
--- 68 ---
25. nulya linirokkên kêthip | antuk loro luwih arta | nêm dhuwit kinarya lèrèn | jajan sarapan kewala | wusnya nadhah Sang Truna | kêthip ro cinêmplungkên wus | ing jro kanthong sarat tama ||
26. sawusnya kêthip umanjing | marang kanthong gya sinuntak | dèn dol kêthip bali manèh | mring jro kanthong Cêkruk mulat | langkung gêgêtunira | dene cocog lan kang angsung | tan slisir sawirayatnya ||
27. dèn dol kaping slawe bali | kêthip dwi dadi rong sêmat | rong sêmat kaping salawe | cacah arta sèkêt reyal | sèkêt reyal tinukar | ping salawe dadi sèwu | kalih atus sèkêt reyal ||
28. sabên dina tukar dhuwit | ing lami-lamining dina | Ki Cêkruk amale sèmèl | dadi pirang-pirang yuta | malah mawêndra-wêndra | riningkês ring nyêmêk sagung | saking kabuling isarat ||
10. Kinanthi
1. sabarang
--- 69 ---
karsane tutug | tinukokkên pèni-pèni | mas sêsotya neka-neka | Cêkruk sru girang ing ati | sarwa-sarwi katurutan | tan kurang satu punapi ||
2. wong sugih băndha arta gung | tanpa gunggung kèhing dhuwit | suci sampurna tyas padhang | rêsik rêsêping panggalih | lungit pasanging graita | wus mangkono yèn wong sugih ||
3. cahya bêngangang ngênguwung | balung otot gêtih daging | rêncang kalis ing lêlara | kèhing wong samya wêdyasih | nganoraga kumawula | kajèn kèringan sêsami ||
4. mila kèh wong kênèng dudu | awit gêng karoban melik | melik melok arta kathah | dadi lantaraning eblis | Lănda Jawa nora beda | yèn dhuwit sring narik silib ||
5. pira lêpiya kanang wus | gêdhe cilik nandhang blai | saking kabedhung ing băndha | cingkrang marga kurang
--- 70 ---
dhuwit | tur asale kuna-kuna | saking Eropah nagari ||
6. dene ta wit kawitipun | saka wong Cina Ngêjawi | tanah Jawa Majalêngka | tatkala têkaning dhuwit | warni gobog asal Cina | klaku ing salami-lami ||
7. nulya kraton ing Matarum | gobog ilang salin dhuwit | pisungsung saking Walănda | kênane nagri Batawi | saiki binage wrata | sabên wong urip darbèni ||
8. de jaman Buda rumuhun | wong desa tuwin nagari | dol tinuku nora ana | mung liniron seje warni | durèn kêpengin sêmongka | urup-urupan wus dadi ||
9. mangke Sang Cêkruk darbyagung | ngamal pirang-pirang kêthi | wus yasa wisma sarwendah | bale gêdhong rinênggasri | binotrawi pagêr bata | neka-neka amêpêki ||
10. tan ana kuciwèng wangun | ngungun sagung kang umèksi | kondhang kidung măncapraja | wismane Ki
--- 71 ---
Cêkruk luwih | iku kaskayaning băndha | sabarang apa dumugi ||
11. sinigêg kamuktènipun | Cêkruk Truna maksih eling | dènira darbe pusaka | ingkang binakta sang putri | arda gung pangancam-ancam | pangugut-uguting galih ||
12. tan lilih ngalela ketung | ciptaning tyas Cêkruk dupi | wus sugih saliring barang | arta tuwin raja-pèni | guru-bakal guru-dadya | mung cuwèng tyas awit saking ||
13. salomprèt datan kagadhuh | nyukulkên sandeyèng galih | malah kongsi katuwawa | kèksi sajêroning guling | samana Ki Cêkruk Truna | darbyèngêt sumêdya mamrih ||
14. mangkana osiking kalbu | sun iki wus luwih sugih | nging tan duwe kadigdayan | nora kajèn anèng bumi | de yèn slomprèt wus sun asta | pasthi kèringan sêsami ||
15. dene wong tumitah idhup | mung kèringan dèn upadi | yèn mangkono kang prayoga |
--- 72 ---
bêcik sun tuku palwapi | layar mring Ngrum tamtu rikat | sarèhning aku wis sugih ||
16. tan mamrih putri ing Ngêrum | nêdya nyuwun darbèk mami | pusaka slomprèt tamarja | iku wajib sun pribadi | yèn tan parêng tamtu ingwang | munjuk ing jêng sri bupati ||
17. sowan klah matur nênuwun | pusakaning sun ing nguni | watak ratu binathara | nganggo tata lawan adil | yèn wong nyilih ngulihêna | wong utang anyaur pasthi ||
18. lamun jukuk tanpa têmbung | kagantungan kukum ngadil | rèh iku putraning nata | ingkang jupuk darbèk mami | tamtu rinukun kewala | bali marang kang darbèni ||
19. wusnya mantêp tekadipun | Sang Cêkruk ciptaning galih | samubarang darbèkira | pèni-pèni raja-pèni | mas sêsotya nawa rêtna | sadaya dipun lelanging ||
20. wisma sapirantènipun | sadaya wus dèn dol sami | arta mas wus winadhahan | kopêr kawan dasa iji |
--- 73 ---
tramêl tigang dasa gangsal | isi wang kartas mênuhi ||
21. nulya mring Batawi tuku | kapal api kang prayogi | kang yun kinarya lêlayar | mring Ngrum sêdyanirèng kapti | rèhning wong kaya gya angsal | kapal api langkung adi ||
22. mawa wadya kèhnya satus | asangkêp kaprabon jurit | wusnya minggah ing baita | Sang Cêkruk gya andhawuhi | marang kapitaning kapal | layar mring Ngêrum nagari ||
23. kaptin aparentah gupuh | bukak sêtum nomêr siji | bêdhol jangkar nulya mancal | saking plabuhan Batawi | wus lêpas lampahing palwa | datan kandhêg rina wêngi ||
24. antuk tri dasari rawuh | muwara plabuhan nagri | ing Ngêrum gya labuh jangkar | Cêkruk Truna wus miranti | palwa sêkoci satunggal | ingkang arsa dèn tumpaki ||
25. mring dharatan sêdyanipun | sowan maring sang suputri | pribadi tan mawa rowang | dene sakèhing prajurit | Matrus kalawan Sêtirman | samyang[33] têngga anèng tasik ||
--- 74 ---
11. Dhandhanggula
1. lampahira Cêkruk Truna saking | palabuhan mung badan sêpata | yayah wong sudra sêdyane | ywa kawistara lamun | badanira sujanma sugih | nèng marga tansah ngupa | wartane sang ayu | kang ing nguni icalira | tanpa krana saking sajêroning puri | lajêng kăndur priyăngga ||
2. uga tanpa karana sang putri | malah antuk pusaka utama | sajuga awarni slomprèt | kadibyanira punjul | gyantuk kabar bilih sang putri | ing mangke sampun krama | kala nêmbe kondur | dhaup antuk naking sanak | tur pinangkat dadya Pangeran Dipati | Anom Mêngkunagara ||
3. dalêm salèring pasar ananging | dèrèng pêputra praptaning mangkya | Ki Cêkruk Truna sawuse | antuk pawarta wau | laju lampahira gya prapti | gapurèng kadipatyan | samana sang ayu | sakalihan ingkang garwa | pangran adipati [adipa...]
--- 75 ---
[...ti] anom lênggah sami | wontèn ing dirgasana ||
4. sang kusuma duk mirsa tan pangling | maring warnane Ki Cêkruk Truna | mangkana ngunadikane[34] | salêbêtirèng kalbu | Cêkruk Truna ing tanah Jawi | dene bisa tumêka | ing kene praja Rum | baya ta saka dayanya | pusakane kanthong ingkang gêgirisi | bangkit ngundhakkên arta ||
5. nulya matur mring raka sang pêkik | dhuh pangeran mugi koningana | pun Cêkruk tanah Jawane | punika warninipun | praptèng ngriki ambok manawi | nyuwun pusakanira | slomprèt kang linuhung | kula muhung nyuwun dhawah | prayoginya punapa dipun panggihi | punapa winangsulna ||
6. srana dayaning slomprèt supadi | ingantukkên dhatêng tanah Jawa | kang raka alon dêlinge | dhuh gusti mirah ingsun | prayogine dipun panggihi | sampun adamêl cuwa | mring tyase si Cêkruk | nanging yèn nyuwun pusaka- |
--- 76 ---
nira poma sampun dèn paringkên mangkin | saribit[35] lajêng têdhak ||
7. saking panggung nulya lênggah mungging | ing pandhapa alon dhawuh marang | dasih kang sumiwi anèng | paningrat kinèn nuduh | mantri kalih mêdal ing jawi | nimbalana sujanma | nèng gapura lungguh | arane Ki Cêkruk Truna | tanah Jawa kadibyane tanpa tandhing | ananging mindha sudra ||
8. kang ingagnya nêmbah nulya nuding | mantri kalih sampun lumaksana | panggya lan Cêkruk Truna ge | caraka atanyarum | hèh kisanak dika puniki | punapa ingkang nama | Cêkruk Truna luhung | sujanma ing tanah Jawa | kang tinanya noraga mangsuli inggih | Cêkruk ing tanah Jawa ||
9. duta nulya awacana malih | jêngandika kyai ingandikan | gusti pangran dipatyanèm | sakalihan sang ayu | sami lênggah wontên pandhapi | samana Cêkruk Truna | kerit lampahipun | sumewa ing ngabyantara | minggah marang paningrat [paningra...]
--- 77 ---
[...t] dènira linggih | muka konjêm pratala ||
10. ngandikarum jêng pangran dipati | bageya Cêkruk satêkanira | ana ngarsaningsun kene | Cêkruk nêmbah umatur | sakalangkung nuhun kapundhi | dhawuh pangandikannya | gusti sang wira nung | saking pangèstu paduka | sakalihan inggih ginanjar basuki | nir sambikalèng marga ||
11. dene sowan kawula puniki | rayi dalêm mugi anglunturna | sih wilapa maringake | slomprèt pusaka ulun | ingkang măngka karya panjagi | kasangsaran kawula | wit saking pangèstu | paduka kawula mangkya | sampun sugih arta dêrbala nglangkungi | tiyang satanah Jawa ||
12. nanging raosing manah pun patik | tan sakeca siyang dalunira | ngèngêti paribasane | tiyang Jawi sawêgung | kang makatên ungêlirèki | băndha sring gawa nyawa | dene têgêsipun | kasugihaning manungsa | băngsa sudra sisip [sisi...]
--- 78 ---
[...p] sêmbiripun yêkti | angicalakên nyawa ||
13. kados ta yèn kenging ing piranti | pandamêlipun tiyang durhaka | kècu begal sêsamine | bae[36] lan băngsa luhur | siyang dalu tansah jinagi | prajurit punggawanya | nir sangsayanipun | sang rêtna sumambung sabda | hèh ta kakang Cêkruk Truna paran ta di | pusaka slomprèt tama ||
14. kadayane yêkti angiribi | kanthong kang bisa ngundhakkên arta | sakêthip bae tan suwe | dadi sapuluh èwu | suwene tan kongsi samênit | lah apa ing samangkya | kakang kanthong iku | misih ana dayanira | dene slomprèt kang ingsun gawa mariki | wus ilang kuwasanya ||
15. kang dinangu nêmbah matur aris | inggih taksih pangèstu paduka | punang kanthong kadibyane | praptamba nagari Rum | saking daya kanthong utami | mila tan kenging pisah | tansah amba kandhut | mila kawula
--- 79 ---
ing mangkya | sampun gadhah kapal api saha mantri | prajurit samriyêmnya ||
16. saking dayaning kanthong puniki | amangsuli panuwun kawula | gusti ingkang warni slomprèt | inggih sanadyan sampun | tanpa daya kados ing nguni | ewadene tyas amba | adrêng kêdah nyuwun | manawi tan kalêksanan | anuwuhkên ngongkang manah amba gusti | mugi kaparingêna ||
17. sèwu lêpat kawula nyuwun sih | pangaksama paduka bandara | dhuh gusti paringna age | ambarsa nuntên mantuk | dhatèng tanah Jawi sayêkti | dahat ingarsa-arsa | Sêtirman lan Mantrus | kang amba tilar nglautan | sang rêtnayu jumênêng kăndur mring puri | mundhut salomprètira ||
18. wusnya wangsul mring madya pandhapi | slomprèt sinêbul munya sakala | jlêg catur êjin praptane | sila nêmbah umatur | ngatas karsanira sang putri | gusti wontên punapa | nimbali pukulun | sang kusuma [ku...]
--- 80 ---
[...suma] angandika | marma sira catur padha sun timbali | samêne ingsun duta ||
19. ulihêna Cêkruk Truna iki | marang omahe ing tanah Jawa | sarta wudanana age | kèriya kathokipun | apa manèh omahe nuli | bubrahên ywa na ingkang | kèri dèn ta nglêbur | jin mapapat matur sandika |[37] tandya Cêkruk cinandhak winudan aglis | binakta angumbara ||
20. sakêdhap wus praptèng tanah Jawi | sinèlèhkên nèng nataring wisma | catur jin tumandang age | ngrusak wismaning Cêkruk | mung sadhela kewala gusis | rusak tanpa dadia | jin papat musna wus | Ki Truna kari anggana | lêngêr-lêngêr săngga wang amêrbês mili | ngrasa dahat sangsara ||
21. malah ngungkuli ingkang wis-uwis | kêdhap-kêdhap wau Cêkruk Truna | kantaka dangu èngête | wusana nuli tuwuh | pamikirnya narimèng takdir | pangunandikanira | puluh-puluh ingsun | pribadi kang katumrapan | kara murka [mur...]
--- 81 ---
[...ka] tan eling dugi prayogi | sêpi panimbanging tyas ||
22. nêtêpi paribasaning janmi | canthing jali ragèngsun punika | kacidhukna sagarane | êlor utawa kidul | olèhira amung sathithik | ya Alah Rasulolah | nyuwun ngapurèngsun | ing wingking tan pisan-pisan | kamipurun anilar dugi prayogi | lir kang wus kalampahan ||
23. mila mangke kawula minta sih | pangapuraning Kang Maha Mulya | myang nugraha sapantêse | tan nêdya kumalungkung | langkah saking samining janmi | trimah mung sawatara | kanugrahan wau | sampun dhumawah ing papa | alit mila kongsi tumêkaning pati | tanpa tuwas gêsangnya ||
24. ina papa tăndha tanpa budi | muhung urip sapisan nèng dunya | awwa[38] angêndhon bodhone | lir kuli pitu likur | tanpa jangkah laku utami | tan darbe isin wirang | mring sêsaminipun | pathokane jangji gêsang |
--- 82 ---
ingaranan bodho cikbèn anggêr urip | yèku tekating nistha ||
25. tanpa gayuh prawiraning budi | amung blubut lothung jangji mangan | ngulandara ngêmpèk-êmpèk | nrima sêga sapincuk | mubêng pasar myang nurut margi | puniku pamanira | dhuh Pangran Kang Agung | badan kawula punika | sampun ngantos dhumawah makatèn Gusti | luwung nuntên pêjaha ||
1 | Lebih satu suku kata: gendhong pangilon nyênyangking. (kembali) |
2 | pêthak. (kembali) |
3 | lêbda. (kembali) |
4 | tintrim. (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata: budi darma mantêp sănta budya. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: cacah papat pan iku. (kembali) |
7 | rujuk (dan di tempat lain). (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: anglakoni parentahing gusti. (kembali) |
9 | murtya. (kembali) |
10 | kudhi. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: tirak lir akul mukminin. (kembali) |
12 | Lebih dua suku kata: nuli ingsun sorah ngèlmi. (kembali) |
13 | bantal. (kembali) |
14 | kêtan. (kembali) |
15 | bêgjaku. (kembali) |
16 | sontra-santri. (kembali) |
17 | ngawruhi. (kembali) |
18 | sajêroning. (kembali) |
19 | awat. (kembali) |
20 | Kurang satu gatra: ke-4 (8i): jalaran anandhang gêring. (kembali) |
21 | Teks asli: Sinèm. (kembali) |
22 | Kurang satu suku kata: datan pinangkèng wuri. (kembali) |
23 | bapa. (kembali) |
24 | Teks asli: Maskêmambang. (kembali) |
25 | datan. (kembali) |
26 | untu. (kembali) |
27 | langên. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: yèn wong jêjodhoan. (kembali) |
29 | nraka. (kembali) |
30 | antariksa. (kembali) |
31 | drubiksa. (kembali) |
32 | narima. (kembali) |
33 | samya. (kembali) |
34 | ngunandikane. (kembali) |
35 | sarimbit. (kembali) |
36 | pae. (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata: jin papat matur sandika. (kembali) |
38 | aywa. (kembali) |