Menak Cina (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934, #1087

Judul
Sambungan
1. Menak Cina (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Cina (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Cina (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak Cina (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak Cina (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1146d

Menak Cina

Miturut Babon Yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 5.

Bale Pustaka – 1934 – Batawi Sèntrêm

--- 5: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 5: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing.Kon.Bat. Gen.v.K.en.W.

60. Sinom

60. Ngrêmbag pamêtakipun Putri Cina

1. suka ingkang amiyarsa | bisane Sudarawrêti | prawirane Kelaswara | gunane bisa nanduki | sakala tyase kêni | rapêt tan bênggang sarambut | liwat saking pasaja | tyasing putri Parangakik | angandika ingsun iki Kelaswara ||

2. sukur padha kinasihan | aja nêmu sănggarunggi | lawase ngladèni priya | nuli branahana sami | sugih kadang nak mami | Ki Jayusman untungipun | kasaru praptanira | radèn putra lan kang rayi | manjing Radèn Jayusman lan Radèn Ruslan ||

3. Sudarawrêti ngandika | kulup lagi sun rasani | sira lawan arinira | sira ngabêktia aglis | maring ibunirèki | ibu paringan Hyang Agung | rajaputri ing Kelan | gêgêdhug putri prajurit | bêgjanira duwe ibu pamèring prang ||

4. bisa lêmbut bisa kasab | măndraguna masajani | wirutama ing ayuda | widigdaya ing ajurit | mangsah kang putra kalih | sumêmbah anguswa suku | kagyat Ni Kelaswara | ing cahyane radèn kalih | kadi lintang katêrangan udan kapat ||

5. mundhut pisalin kaputran | pinaringkên radèn kalih | Sudarawrêti [Su...]

--- 5: 4 ---

[...darawrêti] ngandika | ingkang ngarêp iku yayi | Ki Jayusman nak mami | sutanira saking ingsun | ingkang wuri Ki Ruslan | ibu Sirtupelaèli | karo pisan yayi kasraha ing sira ||

6. ingsun iki apan darma | măngsa bodho yayi dèwi | dèn akèh dêdukanira | maring putranira kalih | Kelaswara wotsari | andhêku marêbêl kang luh | nuwun kalinggamurda | pracaya tuwan ing batin | dêmi Allah ya Ibrahim kalilullah ||

7. yèn inggih kêmba-kêmbaa | sampun amanggih basuki | prasamya eram tumingal | ukêle sang putri kalih | kasaru ingkang prapti | punggawèng Cina têtêlu | lèngsèr Sang Arya Maktal | sakêdhap dènnya manggihi | carakane Ki Patih Cina kang prapta ||

8. wong agung ing Parangteja | prapta ing ngajêngan malih | marang ing Rêtna Sudara | ajênge sarwi wotsari | pukulun Kyana Patih | Cina sapunggawanipun | angaturi uninga | rèhning paduka anuding | angrabasèng pakuwon Prabu Nusirwan ||

9. timbalan paduka ngrêbat | ing layon sang rajaputri | pan inggih sampun karêbat | akathah ingkang pêpati | ingamuk pra dipati | ginulungan kawur-kawur | gila mêngsah wong Cina | tinilar layon sang putri | sampun munggèng jroning tabêla kancana ||

10. ing mangke nuwun parentah | ngandika Sudarawrêti | yayi mas sira dhawuhna | mring Cina Rêkyana Patih | layone yayi dèwi | dèn prênahêna rumuhun | maring Mariobara [Marioba...]

--- 5: 5 ---

[...ra] | ing kana pakuwon mami | dèn dokokna ing jarambah pasarean ||

11. lawan yayi balaningwang | prajurit ing Parangakik | bubarêna angiringna | ing layone yayi dèwi | karia têlung kêthi | bae ngiringa maringsun | salikur kêthi padha | ngiringêna layon dhingin | dèn prayitna barisa tugur wong Cina ||

12. yayi Maktal wruhanira | ingkang ingsun têkiyari | solahe Si Patih Bêstak | layone ya iku nuli | tabêla dèn wadhahi | kardha mas bobot rong èwu | agawe-gawe ujar | wêwadul mring Cina dhingin | măngsa wurung mêngkono Si Patih Bêstak ||

13. nadyan silih mêngkonoa | yèn layon wus anèng mami | sayêkti dadi wong ngawar | măngsa manggiha basuki | Kelaswara wotsari | Sang Putri Cina karuhun | sêsambat ing sakarat | gawanên mring Parangakik | pan kawula kakangbok langkung pratela ||

14. wong agung ing Parangteja | tur sêmbah anulya mijil | panggih lan caraka Cina | apan sampun dèn dhawuhi | tuwin kang pra dipati | ing Parangakik pan sampun | binubarkên ngiringa | mring layonira sang putri | atêngara wong salikur kêthi budhal ||

15. arame samya dhaharan | sagung ingkang para cèthi | linorod inuman prapta | sumusul salin-sumalin | Prabu Kelanjajali | prapta prasamya tumurun | sawusnya sri narendra | lênggah samya wangsul malih | amangsuli panggènane sowang-sowang [so...]

--- 5: 6 ---

[...wang-sowang] ||

16. alon dènira ngandika | Sang Prabu Kelanjajali | anggèr suwawi mêdala | saking jroning taman ngriki | ngêbrokana jro puri | kula anèng sitiluhur | andhêku aturira | Wong Agung Surayèng Bumi | inggih nuwun wontên ing taman kewala ||

17. puniku sampun santosa | polatan ing kanan kering | lèpènipun agêng kathah | papane sêdhêng dohnèki | wadyane kang para ji | samya kasukan anutug | kathah kang pacangkraman | kanan kering botên têbih | sukêt mirah toya mirah buron mirah ||

18. ngabêkti Rêtna Sudara | mring Prabu Kelanjajali | gantya Sang Putri Karsinah | ngandika Kelanjajali | sun titip rinirèki | Kelaswara misih punggung | anggèr apuranira | lupute ngladèni laki | matur nêmbah inggih sampun walangdriya ||

19. Patih Kelan ingandikan | Gajahbihêr praptèng ngarsi | alon dènira ngandika | Sang Prabu Kelanjajali | gustimu datan apti | ngêbrokana jro kadhatun | suka kene kewala | bata ingkang rubuh sami | pulihêna kali-kali rêsikana ||

20. las-alase rêsikana | lan wukir Sudamamanik | enggal sira kumbahana | rêsikana gêdhongnèki | toya wêning ngubêngi | ing wukir Sudama nêmbur | saking tutuking liman | pinantês selaning wukir | pan rinakit gajah atêngga kancana ||

21. punika anggèr kang yasa | eyang paduka suwargi | Sang Prabu Bardinikelan [Bardini...]

--- 5: 7 ---

[...kelan] | beyane rong yuta luwih | rong yuta pitung kêthi | manjing beya rêngganipun | ingkang êlèr punika | kang katingal saking ngriki | kêkayone wêwanan sami katingal ||

22. pan ing nguni eyangira | yèn manggihi kang para ji | pan botên wontên jro pura | pinanggihan wontên ngriki | Surat Sudamamanik | akathah ingkang kadulu | rêrênggan prajèng Kelan | wus ana ing Suratmanik | Kelaswara lakinira aturana ||

23. kondur marang ing nagara | Sang Prabu Kelanjajali | Wong Agung Surayèng Jagad | parentah mring para rabi | Sang Putri Parangakik | mingsêra pakuwonipun | saking Mariobara | anèng Tatarmaledari | ing Mario yayi Karsinah kewala ||

24. yèn mulih wadya Cinanya | yayi dèwi ing Kuwari | ngêbrokana Tarulaya | yèn durung nunggala dhingin | ana ing Maledari | samya sandika turipun | bubar kang pagunêman | Rajaputri Parangakik | kondur marang Mario angguladrawa ||

61. Dhandhanggula

61. Layonipun Putri Cina badhe dipun pêtak dhatêng Parangakik

1. sarawuhe sang raja pinutri | animbali mring Pêpatih Cina | prapta lan sapunggawane | ngandika sang dyah ayu | paman patih wak ingsun iki | kaliwat lara brăngta | marang ariningsun | sapolahe yèn tutura | iya pasthi tiwasa [ti...]

--- 5: 8 ---

[...wasa] kalawan mami | măngsa gêntia dina ||

2. jêr lanase nora mêmarèni | wus karsane Sang Ulawal Ujwa | kudu palastra nèng kene | bature aprang iku | sun ukuma iya ngêmasi | nanging ta dudu lampah | yayi dèwi iku | andhustha ngarah palastra | Kelaswara kang dèn arah dèn patèni | kaya pa yèn kukuma ||

3. Patih Cina matur awotsari | inggih lêrês ing karsa paduka | sarambut botên anyêngklèng | langkung ing lêpatipun | rayi dalêm mila ngêmasi | nadyan rama paduka | ing Cina pukulun | singa-singa lampah cidra | inggih botên kêni dèn belani pati | rajaputri ngandika ||

4. yèn mêngkono hèh paman apatih | kukumane paman Aji Cina | padha lawan ingsun kene | wus lêga ing tyas ingsun | bok nênutuh jêng paman aji | maring sariraningwang | kya patih wotsantun | botên pan rama paduka | yêkti dangu kula lan para dipati | kang matur apratela ||

5. nadyan silih putrane kêkasih | lamun lêpat salah ing pratingkah | tan sinakantuk adate | yèn wontên abdinipun | nêdya bela pan botên kêni | malah angsal dêduka | sang rêtna lingnya rum | yayi dèwi duk sakarat | sêsambate gawanên mring Parangakik | sayêkti ingsun gawa ||

6. cêcarane pasthi kaya mami | nora kaya carane wong Cina | jêr mangkono sêsambate | kya patih nêmbah matur | lah punika lêrês sang putri |

--- 5: 9 ---

mapan rama paduka | ing Cina pukulun | rêmên wong mantêp kêkadang | mendah silih sukane pamujinèki | ing sarira paduka ||

7. nanging badan kawula puniki | lawan sagung kănca pra dipatya | kenginga andhèrèkake | ngandika sang rêtna yu | alah paman iku ta pasthi | paman sira wêruha | iya makamipun | sun wor lawan eyang-eyang | besuk esuk paman sira sun gawani | rong atus pra dipatya ||

8. mantri salêksa dene wadya lit | wolung kêthi kang sikêp gêgaman | kang anggotong bandhosane | gilira mantri iku | ya rong atus sadinanèki | aja kongsi rinêmbat | mring wong sikêp iku | amunga mantri kewala | kunêng dalu wuwusên enjing miranti | uparêngganing lampah ||

9. bandhosa mas pinasangan sami | tunggul daludag payung pangarsa | miwah ing kanan keringe | sadaya wolung puluh | langkung asri rêngganing jisim | gumuruh balakuswa | ing ngarsa myang pungkur | gajah salêksa ing ngarsa | pan ing wuri punggawa paprang sakêthi | kadya giri kusuma ||

10. pan wong wadon kang nangis mênyanyi | apan gilir sèwu sadinanya | kang auncal kumbalane | gilir sadinanipun | patang atus ing ngarsa wuri | anawurakên dinar | sadina rong atus | dinar rong atus sadina | mênyan kutug patang kêbo sadinèki | kang manjing anèng dupa ||

11. nênggih lêlampahan kalih sasi | Parangakik lawan nagri Kelan | datan kawarna lampahe | kunêng malih winuwus |

--- 5: 10 ---

wau sira Rajèng Mêdayin | anutugakên karsa | mring Cina wêwadul | sampun adandan rêmbatan | pitung lêksa anyilib lampahirèki | saking nagari Kelan ||

12. datan ambêkta mantri satunggil | amung bêkta jagul pitung lêksa | tuhu tan ana nalare | bingung kapaung-paung | nora gêpok pikir kang bêcik | Sang Rêtna Adaninggar | binêkta wadya gung | kya patih lan pra dipatya | lawan mantri praptaa ing Cina benjing | iku măngsa kandêla ||

13. yèn tan gawa wong Cina sawiji | wus dilalah pikir kudu rusak | têka bingung pratingkahe | mangkana kang winuwus | pan Wong Agung Surayèng Bumi | pinarak lan kang garwa | anèng taman lulut | wong agung alon ngandika | animbali Rajaputri Parangakik | lawan putri Karsinah ||

14. kang makuwon Tatarmaledari | lan kang makuwon Mariobara | kêkalih sarêng praptane | Kelaswara amêthuk | mring kang raka sang putri kalih | binêkta mring made mas | mring raka wotsantun | wus sami tata alênggah | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | hèh yayi Kelaswara ||

15. abdinira lêlurah prajurit | ingsun pundhut para putri papat | bakal ingsun ganjarake | Kelaswara wotsantun | pan sumăngga ing asta kalih | wong agung angandika | mring garwa kang sêpuh | yayi Parangakik padha | tampanana măngsa bodhoa sirèki | matah kang ingsun ganjar ||

16. matur nêmbah [nê...]

--- 5: 11 ---

[...mbah] putri Parangakik | Ambarsirat putri Sulandara | pan putra tuwan pantêse | pun Pirngadi pukulun | Joharmani putri Kirmani | lan Kaos Ibnujara | ing prayoganipun | pun Tasikwulan kalawan | Umarjaman rajaputra ing Kohkarib | pun Maniklungit lawan ||

17. putra Kangkan pun Kênahan panggih | sigra wong agung ing Parangteja | ingandikan pan sarênge | sira Prabu Lamdahur | miwah sira Prabu Marmadi | lawan Sang Rajèng Kangkan | Ukman praptèng ngayun | Sudarawrêti ngandika | yayi Maktal saosa anakirèki | Si Kaos Ibnujara ||

18. pinaringan putri ing Kirmani | Joharmani dene sira kakang | Marmadi saosa mangke | Si Umarjaman iku | pinaringan putri Janarsi | yayi prabu ing Selan | saosa sirèku | Si Pirngadi pinaringan | Ambarsirat putri Sulandara singgih | sira Sang Rajèng Kangkan ||

19. asaosa ya arinirèki | Si Kênahan apan pinaringan | Maniklungit paringane | sandika sadayèku | angling malih Sudarawrêti | hèh yayi Kelaswara | saosa sirèku | bapakane putri padha | saosêna iku bakal amalèni | maring putrine samya ||

20. ingundhangan sagung kang para ji | apan Wong Agung Surayèng Jagad | mangun wibawa badhene | binarêng kapatipun | pan pinangku Sang Jayèngmurti | bojana sanagara | sagung para ratu | gumêrah [gumê...]

--- 5: 12 ---

[...rah] dandan saosan | palakarti busananing nambutkardi | langêning sanagara ||

21. Rajèng Kelan Sri Kelanjajali | kêrigan sagung punggawanira | kang saos ing dandanane | wong Arab para ratu | kadya gêrah swaraning jalmi | kang sami nambutkarya | miwah wong Mêdayun | Urmus Sêmakun lan Irman | kang sumiwèng ing raka Sang Jayèngmurti | tumut ngladosi karya ||

22. Kelaswara andina pêparing | winutahkên barana mring bala | dunya upêti sakèhe | kabèh ingawur-awur | rêngganing kang praja tulya sri | ing ara-ara jêmbar | pinasangan tarub | sangkêlat bang malio bang | wilis wungu gênis seta pinalisir | parada kapurănta ||

23. sagung saka-saka dèn ulêsi | cindhe puspita abang kinarya | ulêsing cêcagak kabèh | awit bojana nginum | pan andina sagung para ji | anèng kuwu wangunan | srining taman lulut | para garwaning narendra | samya ngiring mring Rêtna Sudarawrêti | miwah putri Karsinah ||

24. juru mangsak kang para narpati | pan sadaya pinasrahan mêntah | Ni Kelaswara karsane | olahên dhewe iku | sadoyane sagung para ji | padha anutugana | aja wowor sambu | padharane saban-saban | wusnya wrata juru mangsaking para ji | sami nampèni mêntah ||

25. juru mangsak putri Parangakik | sinaosan ingkang olah-olah | sang putri badhe dhahare | ingkang kinarya kayu | mori kasa lawan cawêni | inguraban [ingura...]

--- 5: 13 ---

[...ban] martega | pirang-pirang tumpuk | martega sèwu jêmbangan | kadi gunung mori kasa lan cawêni | anggili saking pura ||

26. mung padharan putri Parangakik | ingkang kayu mori lawan kasa | martega urab-urabe | kalangkung kurmatipun | Kelaswara maring Sang Putri | Parangakik Sudara- | wrêti anggêpipun | Kelaswara wus ambiyang | sungkêmipun lair sasat ibu sori | ing batin ambêndara ||

27. para putri kasukan jro puri | para raja kasukan ing jaba | lêt sakêlir bata gène | sajroning taman lulut | jaba ing jro gumuruh atri | suka anutug suka | sagung para ratu | lir suwak nagari Kelan | ngêmprak-êmprak kadya suwak kêbak dening | wadya kang mawi karya ||

28. taman lulut sakala pan dadi | nagara arja nagara Kelan | sapraja kadi angalèh | supênuh taman lulut | wana gêmpur kanggenan jalmi | wong desa pagunungan | prapta andêdulu | kang lêlakon patang dina | pitung dina praptaa saanak rabi | akarya pamondhokan ||

29. tuwuk ulam kang samya ningali | sabên pakuwon kang para raja | sèwu sadina nyambêlèh | kêbo sapi myang wêdhus | banthèng sangsam myang kidang kancil | mung daging wêntis papat | iku kang pinundhut | kabèh prasamya binuwang | mila wadya kang dêdulu tuwuk sami | kêkucah iwak turah ||

30. kadya ampak-ampak angratêngi | têmah abalabur sêkul ulam | wadya anutug sukane [su...]

--- 5: 14 ---

[...kane] | miwah kang para ratu | kang putrane pinundhut sami | têlas suka ablêbah | donya dèn wut-awut | acipta gênging nugraha | dene putra pinangku Sang Jayèngmurti | marma tyas lir nyupêna ||

31. wus prapta ing antaranirèki | nalikane ing sawiji dina | kapat sinarêng ningkahe | langkung dening gumuruh | urmatira rêngganing kawin | yayah pratiwi kontrag | ing rèh kadya bubul | kèhning myang ramening tingkah | para ratu kang sami atampi putri | tutug busanèng bala ||

32. para ibune kang mêthuk sami | munggèng pura taman wêdalira | nêlas sami siyagane | isining dunya pênuh | mêng-amêngan ngalam dunyèki | siji tan ana ilang | ing samăngsa iku | ngobahkên langêning jagad | isèn-isèn tumplak anèng Kaelani | sêmana nagri Kelan ||

33. sabên ari jagul tigang kêthi | Kelaswara kang anyangkul samya | anjaguli barang gawe | wadyane para ratu | papat ingkang atampi putri | tan sinung ngrêrêmbata | mung gêgawanipun | kabèh pakarya rêmbatan | wus pinanggul dening wadya Kaelani | gagah Ni Kelaswara ||

34. kabèh pakarya dipun saguhi | tumpês buron ing nagara Kelan | wau pangantèn wêdale | Kusuma Jarahbanun | anampèni putri Kirmani | Joharmani binêkta | mring Sajarahbanun | bêbêktane Kelaswara | nyatus rêmbat isi busana mas manik | sinami putri papat ||

35. pramèswari Sêrandil nampèni [na...]

--- 5: 15 ---

[...mpèni] | Ambarsirat putri Sulandara | gumuruh sarêng wêdale | sori Kohkarib sampun | anampèni putri Janarsi | Kusuma Tasikwulan | Maniklungit sampun | tinampèn sori ing Kelan | bubar samya kang para ratu tulya sri | lampahing balakuswa ||

36. praptèng kuwu sowang-sowang sami | ratu mêmantu kasukanira | kang sami among pangantèn | sirêp ubêkanipun | tigang wulan ing Kaelani | wadya gung alit samya | kantun lêsunipun | kuwayon sangêting karya | duk samana wau kang winuwus malih | lampahing Sri Nusirwan ||

37. kang amindha nangkoda agrami | bêkta rêrêmbatan tigang lêksa | buwang kaprabon lampahe | ngagêm bajo jalêbut | srêban lungsêt inganggo sami | sabature tan ana | katabêtanipun | tilas abdine narendra | rinucatan sinami lawan wong grami | saking nagari mănca ||

38. titihane turăngga kêbiri | lênthuk-lênthuk busananing kuda | sami luwas-luwas kabèh | lawan mantri rong puluh | kang kinarya amisesani | rumêksa ing dagangan | busananya burut | lungsêd jalêbud sadaya | ngilangakên patilasan wong nagari | sami rupa wong desa ||

39. ngaku nangkoda Karsinah nênggih | lunga dagang mring nagari Cina | mila Karsinah awade | jêr gone nangkoda gung | nate têbih ing parannèki | nangkoda ing Karsinah | ing praja wus kasub | yèn dagang nagri amănca | ewon-ewon [ewon-e...]

--- 5: 16 ---

[...won] nèng saba paran wus lami | sang nata malih warna ||

40. wus angagêm juragan Dulbasir | gêgêdhuging juragan Karsinah | ingkang ingakên namane | miwah sarewangipun | samya ngalih namanirèki | ya juragan Karsinah | kang sami tiniru | kapungkur nagari Kelan | ngambah wana wus sami dènnya lumaris | asmara anèng marga ||

62. Asmaradana

62. Prabu Nusirwan tindak dhatêng nagari Cina lajêng dipun begal

1. yèn dalu sipêng wanadri | kadhang sipêng ing padesan | misuwur urut dalane | yèn ana nangkoda dagang | pêpikul tigang lêksa | cacahe wong sadayèku | nênggih wontên gangsal lêksa ||

2. kang ngiring unta kuldèki | sami winot ing dagangan | mring nagri Cina sêdyane | tan arsa mêdal lautan | dharatane ya ana | nanging sangêt samaripun | awis ingkang wani ngambah ||

3. wana gêrotan alami | arang amanggih padesan | yèn nuju praja ratune | pakaryane ambêbegal | mila arang kang ngambah | alarang sarwi tinuku | dharatan kang maring Cina ||

4. yèn ora wong nêdya jurit | nangkoda kapraboning prang | kang wani mêtu ing kono | Nusirwan iku dilalah | nêrak marga arungan | baya pasthi kudu untung | praptaning bilainira ||

5. sawulan dènnya lumaris | ingkang amindha nangkoda | wus prapta wau [wa...]

--- 5: 17 ---

[...u] lampahe | jajahan Mukub nagara | kutha tan mawi lawang | mung panggung marapat luhur | ratu karêm ambêbegal ||

6. milu bumi Kăndhabumi | kadhang-kadhing tan patyarsa | mungakên bulubêktine | gustine salin agama | anut nagri Kuparman | dèrèng pinaringan wêruh | kasêlak kèh pagawean ||

7. anglurug dhatêng Kuwari | Sang Prabu Kăndhabuwana | wau ta kang madêg katong | ing Mukub jêjulukira | Mahraja Bintibahram | yèn ana nangkoda langkung | kathah kuthane binêdhah ||

8. mangkana atur upêksi | wadya gung wontên panggungan | margi lèring kitha katon | wontên nangkoda lêlampah | lêksan rêmbatanira | kutha lèr binêdhah sampun | mijil saprajuritira ||

9. sèwu kang anitih èsthi | salêksa nitih turăngga | sèwu kang anitih ngrimong | sèwu malih nitih bihal | sèwu nitih blagdaba | kapraboning aprang sampun | kawot ing wahananira ||

10. gumrêgut sami ngadhangi | prajurit turăngga ngarsa | èsthi ngênginthil wurine | angrimong ing kering kanan | miwah blagdaba bihal | anggêgila solahipun | alok cara umagut prang ||

11. giris juragan Dulbasir | dhêrodhog akèn mandhêga | sakathahe pikulane | kang begal sami kotbuta | manjing jroning wong kathah | ratune mandhêg ing pungkur | amanggung dipangganira ||

12. udrêg gègèr rêbut urip | prasami tinggal pikulan | wus [wu...]

--- 5: 18 ---

[...s] kinêpung nangkodane | ngaku juragan Karsinah | kacandhak wus binănda | bature kabèh balêdug | rêbut urip ngungsi wana ||

13. ana ingkang angêmasi | duk ingamuk cinakuthak | kawur kapêngkok patine | kang kari olèh dêdalan | mila mawur sarsaran | mangkana Sang Rajèng Mukub | ngundhangi ngawe kang wadya ||

14. aja na nêdya matèni | dunyane pan wus tinilar | wus kabănda nangkodane | ngumpul prajurit sadaya | angumpulakên arta | pikulan sampun tinumpuk | munggèng ngarsane narendra ||

15. akathah awarni-warni | guru-dadi guru-bakal | Rajèng Mukub suka tyase | nangkodane kinon bêkta | mung satunggil kacandhak | juragan Dulbasir sampun | binêkta maring ngajêngan ||

16. sumaput Rajèng Mêdayin | salamine anèng dunya | apan ta dèrèng kalakon | binănda tur binabayang | ing mangke kalampahan | mila tingale sumaput | dhêngglêng ing sami sakala ||

17. kêmlurusên sri bupati | tanpa mulat tanpa ngucap | tan bisa tumindak lempoh | binayang dipun rêrămpa | prapta ing ngarsanira | sira sang raja ing Mukub | mulat tyasira kumêsar ||

18. dudu sêmune wong iki | lamun nyataa nangkoda | wong iki ana wadine | dhêdhêsên têtakonana | punggawa matur nêmbah | dhêngglêng punika pukulun | jêtung tan sagêd angucap ||

19. dangune amba takèni | pijêr dongong datan ngucap | wau sadèrèng

--- 5: 19 ---

tinalèn | ngakên juragan Karsinah | sang nata angandika | marang ing punggawanipun | lah titikên jinis apa ||

20. yèn kêna takona aris | yèn dhêngglêng măngsa daganga | bok saking durung taune | iku anandhang binănda | jajalên uculana | măngsa nêdyaa lumayu | sigra sami inguculan ||

21. jinawil dèn têtakoni | mêksih ajampêng kewala | mingak-minguk gèdhèg-gèdhèg | anêmbah pan ora bisa | punggawa matur nêmbah | linyok ing pangakênipun | duk maksih sagêd angucap ||

22. ngakên Karsinah nagari | dede jinis ing Karsinah | jinis ing Samêsir dede | jinis ing Rum apan têbah | kulite botên pêthak | yèn jinisa Ngarab tanggung | ulat botên anjulalat ||

23. angèl jinise wong iki | pukulun jinising Makwah | punika wontên èmpêre | gumujêng Sri Bintibahram | têdhak saking dipăngga | sêseban sawadyanipun | munggèng sangandhaping kamal ||

63. Sinom

63. Pramèswari Mêdayin putêk panggalihipun

1. Sang Aprabu Bintibahram | mundhut kang inuman prapti | dangu dènnya asêseban | sarwi nacahkên brana di | lawan arsa nakèni | juragan ingkang kapikut | dèrèng bisa angucap | mundhut janèwêr narpati | pinaringkên dèrèng arsa ki

--- 5: 20 ---

juragan ||

2. dene tan mawa tadhahan | kaduga sri narapati | dene wênêsing kang cahya | dudu cahya saking sugih | pantês cahyaning aji | dadya sang prabu ing Mukub | pradongdi lan punggawa | sadaya sami mastani | kalandhêngên dhêngglêng bakalan wong edan ||

3. nanging Raja Bintibahram | angganthêng trêkaning batin | pasthi dudu wong urakan | kaya wong tau nampani | sêmbahe wong sabumi | ananging datan kawêtu | sang nata batinira | lair manut pra dipati | kabèh rêmpêg akèh mastani wong jawal ||

4. gêlas sinung tadhahan mas | ki juragan anampani | sakala asila tumpang | cipta karatone maksih | supe yèn wus balindhis | kang mulat sami gumuyu | matur ing ratunira | punapadene wong baring | nanging raja ing Mukub kacandhêt ing tyas ||

5. beda tangguhing punggawa | lawan tangguhing narpati | măngsa kêna kilapana | mangkana sri narapati | tiniti-titi angling | mung sakêcap sauripun | lali yèn mêndhêm kula | ingsun Sang Rajèng Mêdayin | sami ewa mantri Mukub kang miyarsa ||

6. pukulun èstu yèn jawal | ngakên Sang Rajèng Mêdayin | punika têtiyang Makwah | apan jinise puniki | lampahan pitung sasi | Makwah lan nagri Mêdayun | rajanipun têtiga | sami karèh ing Mêdayin | pan ing Makwah iku nagri pagunungan ||

7. ratune kang gêdhe pisan | kang dèn aku si pênyakit | ngakua ratu ing Makwah | apan jinise [ji...]

--- 5: 21 ---

[...nise] puniki | kewala tan prayogi | kaya mêngkono polahmu | apa ta juru dagang | măngsa kongkona wong baring | mung pantêsmu mulane gawa wong edan ||

8. ginawe lêlucon marga | tămba lêsu wong lumaris | luwung nuntên tinundhunga | si jawal datanpa kardi | Rajèng Mukub nuruti | dhahar turing punggawa gung | tinundhung kinèn kesah | nutugna kajatirèki | sinangonan nênggih tigang atus dinar ||

9. kesah nut margi ing Cina | sira juragan Dulbasir | Rajèng Mukub pêparentah | barana kinèn ngusungi | kondur sri narapati | praptaning jro kithanipun | dunya manjing jro pura | sapratigan kang binagi | bata bêdhah pinulih malih tinata ||

10. dunya kang manjing jro pura | sadaya tan dèn ewahi | saking mula-mulanira | wêwadhah lawan têtali | tyasira sănggarunggi | ciptanira Rajèng Mukub | kadya na kang nusula | besuk juragan Dulbasir | pasêmone saèstu dudu juragan ||

11. salênthing mambu jun pêcah | mêlang-mêlang sri bupati | wau kalajêng lumampah | sira juragan Dulbasir | tanpa rewang pribadi | kasangsaya lampahipun | ngrempong samarga-marga | lêlakon sawêngi margi | sayêktine antuk lakon saonjotan ||

12. nêngêna kang manggih papa | lampahe samargi-margi | kang wontên nagari Kelan | katiga putrèng Mêdayin | Patih Bêstak ngaturi | kinèn apamitan mantuk | mring Mêdayin nagara |

--- 5: 22 ---

sampun dènnya mangun kardi | wus kalilan antuke marang kang raka ||

13. Urmus Sêmakun lan Irman | budhal sawadyanirèki | saking nagari ing Kelan | ing marga datan kawarni | praptèng nagri Mêdayin | wus panggih lawan kang ibu | matur sasolahira | yèn kang rama sri bupati | kesah namur marang nagari ing Cina ||

14. amindha nangkoda dagang | kesahipun têngah wêngi | saking ing nagari Kelan | tigang lêksa kang umiring | bêkta brana mawarni | kang măngka daganganipun | kula kang kinèn seba | mring pun kakang Jayèngmurti | yèn andangu mring rama kinèn matura ||

15. mring kakang kinèn ngaturna | kondur mring nagri Mêdayin | kang ibu duk amiyarsa | kalangkung dènnya prihatin | patih wus dèn timbali | Bêstak praptèng jro kadhatun | pramèswari ngandika | sira apa tan ngaturi | ing karsane ing gusti kang siya-siya ||

16. wong Cina manèh bangkata | aprang lan Si Jayèngmurti | mêngko wus sugih dandanan | garwane padha prajurit | putri ing Parangakik | putri Karsinah dibya nung | ing mêngko saya wêwah | putri moncol ing sabumi | măndraguna putri Kelan Kelaswara ||

17. ing jagad kaonang-onang | ampuh putri Kaelani | Kyana Patih Bêstak nêmbah | botên kenging dèn aturi | raka paduka aji | tyasipun kadya anglalu | pramèswari ngandika | ngrungua Si Jayèngmurti | sinusula sira manggih siya-siya ||

18. lagya eca pagunêman | ki patih lan putra katri | nèng ngarsane

--- 5: 23 ---

ibunira | kasaru gègèr ing jawi | wong Mêdayin kang ngiring | ratune kang lunga namur | risak praptane padha | nèng Mukub duk pinèt kardi | duk kacandhak sang nata sampun kabănda ||

19. pêjah gêsange wikana | wadyane kathah ngêmasi | katur warta kasêngkala | orêg nagari Mêdayin | gumrah tangis jro puri | pramèswari tyase rêmpu | kang putra sami mêdal | kalawan rêkyana patih | animbali wong Mêdayin ingkang prapta ||

20. ingkang sami karisakan | dinangu ature sami | katur ing sasolahira | miwiti malah mêkasi | sang rajaputra katri | anglês ing tyasira rêmpu | puyêngan asungkawa | jaba jro nagri Mêdayin | kawur-kuwur mawur kowar-kawir ngawar ||

21. bingung anggung bilulungan | santana miwah bupati | tan ana ingkang manggihna | pikir kang pantês patitis | otêr pijêr kuwatir | ngrungu wartane sang prabu | anèng Mukub kabănda | alami tan antuk kardi | pothar-pathir rêtu rêntêng sanagara ||

22. amung Kyana Patih Bêstak | anggung mêmuja sêmadi | wus antuk pikir santosa | umarêk ing radèn katri | ingaturan mring puri | marêk ngarsaning kang ibu | kyana patih tur sêmbah | pukulun jêng pramèswari | kula manggih pikir gêgambèn katura ||

23. tan liyan saking paduka | gusti kang maksih lumaris | nindakkên pikir punika | botên wontên malih-malih | paduka kintun tulis | dhatêng ing Kelan pukulun | katura putra tuwan | Wong Agung Surayèng Bumi | pan makatên têmbunge sêrat pamuntat ||

--- 5: 24 ---

64. Pangkur

64. Pramèswari Mêdayin mundhut tulung dhatêng ingkang putra Wong Agung

1. pèngêt iki layang ingwang | ibunira pramèswari Mêdayin | katura ing putraningsun | Wong Agung Kakungingrat | kang minăngka ya têlênging netraningsun | wiyosipun ibu nyawa | wèh wêruh marang sirèki ||

2. prakara wong tuwanira | sapraptane saking Kelan rumiyin | duk antuk pitulas dalu | nuli ana susulan | surat saking Si Irman arinirèku | tur uninga ramanira | yèn sirarsa mangun kardi ||

3. narimani wayah ingwang | sira Kaos Ibnujara lan malih | Pirngadi Marjaman iku | Kênahan putri Kangkan | sira angkat gêdhèn sira amêmantu | dadi kulup ramanira | karsane malang tumolih ||

4. kudu bali maring Kelan | sun aturi kongkonan bae dhingin | nanging wong tuwamu kulup | iya kudu wêruha | polahira nyawa gènira mêmantu | ingsun kinon angumpulna | busana kang adi-adi ||

5. jangkêp têlung lêksa rêmbat | sêsumbange ramanira lumaris | kang ngiring padha wong dhusun | lamak kang pra dipatya | kari Kelan padha ngiring mring arimu | ki arya sumiwèng sira | ngladèni karyanirèki ||

6. ing lakune ramanira | pan kasasar lali margane lami | wantu kang padha wong dhusun | tan ana wruh ing prênah |

--- 5: 25 ---

prênahane saking Kelan pan kalaut | lêlakon satêngah căndra | lor wetan ing Kaelani ||

7. kalantur ing ramanira | pan kapatèn marga mring Kaelani | kasasar mring nagri Mukub | ramanira binegal | malah kongsi binănda mring Rajèng Mukub | badhe pasumbang mring sira | linapgang tan ana kari ||

8. amung wong atuwanira | karuhane uripe karo mati | kasangsara anèng Mukub | măngsa bodho ing sira | sakèh-kèhe lêwiha karsanirèku | tamat titining kang surat | surasane ngrèh wus kèsthi ||

9. sukèng tyas putra katiga | pramèswari pan sampun anuruti | sigra dènira angutus | mantri kalih mring Kelan | mundhi surat la-êla saking kang ibu | ing marga tan kawursita | wus prapta Kelan nagari ||

10. Wong Agung Surayèng Jagad | duk siniwi ing sagung kang para ji | nèng pakuwon taman lulut | munggèng tarub wangunan | sabên enjing siniwèng ing para ratu | andhèr narendra pangarsa | prasamya munggèng ing ngarsi ||

11. wong agung ing Parangteja | lawan sira Dipati Guritwêsi | kang samya munggèng ing ngayun | lagya apagunêman | duk samana caraka Mêdayin rawuh | katur surate tinampan | saking ibu pramèswari ||

12. winaca sampun kadriya | surasane saking kang ibu sori | pramèswari ing Mêdayun | wong agung duk miyarsa | pan anglênggêr nangis sadalêming kalbu | surat kinon anupiksa |

--- 5: 26 ---

mring sagung ingkang para ji ||

13. wong agung ing Parangteja | lawan sira Dipati Guritwêsi | samya ningali karuhun | ginantya para raja | samya ngungun sakathahing para ratu | wong agung cipta bêk sura | sumusul salin-sumalin ||

14. wong agung sêmang sungkawa | ingkang surat sampun pinundhut aglis | ingasta binêktèng kondur | praptèng pura wangunan | Kelaswara mêthuk atata alungguh | nimas iki tingalana | surat saking ing Mêdayin ||

15. sang rêtna anêmbah tămpa | suratira lajêng dèn tupiksani | Kelaswara ngungun matur | sangêt inggih punika | kasangsarèng rama paduka pukulun | wong nêdya wangsul mring Kelan | têka dadak anyênyêngit ||

16. lêlakon satêngah căndra | ngalèr ngilèn saking ing Kelan ngriki | wartane nagari Mukub | margi kang dhatêng Cina | dharatane tan wontên liya ing Mukub | wong agung nimbali garwa | ing Karsinah Parangakik ||

17. ing jawi kang para raja | dèrèng ebah prasamya angêntosi | manawa parentah dhawuh | wau kang ingandikan | garwa nata prapta swarane gumuruh | duk manjing kori sapisan | têdhak sagunging para ji ||

18. lakune Rêtna Sudara | Umarmaya lan Maktal dèn kêjèpi | kêkalih sarêng tut pungkur | kèndêl jawining lawang | rajaputri dhodhok kang rayi tut pungkur | rajaputri ing Karsinah | ngandika Sudarawrêti ||

19. hèh kakang mas lan yayi mas | paran warta puniki dèn timbali | Marmaya matur macucu [macu...]

--- 5: 27 ---

[...cu] | malêmbung pundêlikan | jêlèh bosên salênthinge mambu tablun | ratu mas surat kang prapta | saking nagari Mêdayin ||

20. Nurjawal sampun kabănda | anèng Mukub andina dèn jêjêki | tinapukan sabên esuk | ing Raja Bintibahram | pan kagungan dalêm cocot kongsi ngaplug | Nurjawal abiyang-biyang | linêbur ing sabên enjing ||

21. mèsêm Kusuma Sudara | yayi Maktal pa nyata warta iki | Arya Maktal nêmbah matur | inggih wau praptanya | surat saking Mêdayin ngaturi wêruh | yèn rama tuwan kabănda | wontên ing Mukub nagari ||

22. duk paduka darbe karya | amêmantu nêdya nyumbang mariki | kasasar dhatêng ing Mukub | mangkya têmah kabănda | Rêtna Dèwi Sudarawrêti gumuyu | sinirêp wus karsaning Hyang | lêlakon mangkene iki ||

23. ngêndi ana wong anêdya | maring Kelan kasasar mèh sasasi | yayi mas lakune iku | kondangan maring Cina | Raja Cina kang sinumbang ing wêwadul | nêmu pamêlèhing marga | awad anyumbang mariki ||

24. akale Si Patih Bêstak | besuk apa si edan amarèni | Umarmaya mèsêm matur | ratu mas dipun kêkah | yèn tinantun sampun paduka jumurung | pananggule mring Nusirwan | gumujêng Sudarawrêti ||

25. ingsun wêdi matur kakang | sakarsaning padha srah ing Hyang Widhi | manawa ginawe laku | bêkti mring maratuwa | Umarmaya angling laku rujuk lutung | sok mèh atêtombok pêjah | dhingin duk anèng Ngabêsi ||

--- 5: 28 ---

26. Rêtna Sudara ngandika | sun watara lumaku tanpa kanthi | anggawa sira tan purun | yayi mas Parangteja | ingong suwun iku arsa ingsun utus | anglamar putri utama | mring Kusniya Malebari ||

27. lajêng manjing jro wangunan | prapta ing jro Kelaswara ngudhuni | dharakalan dènnya mêthuk | tundhuk sigra tur sêmbah | sarwi nganthi kang rama binêkta lungguh | katiga nèng ngarsanira | Wong Agung Surayèng Bumi ||

28. Sang Rêtna Sudara sigra | inguncalan sêrat saking Mêdayin | tinampan sarwi wotsantun | tinupiksa kadriya | nêmbah matur ing rèh paduka pukulun | langkung wawrat jêng paduka | tan wontên ngunthêt mêmanis ||

65. Dhandhanggula

65. Wong Agung nusul Prabu Nusirwan

1. măngsa wontêna sagêd ngaturi | angundurna miwah angajêngna | kurang gawe golèk gawe | kang raka mèsêm muwus | sira iku sun tari yêkti | têka matur sêmbrana | kang rayi umatur | pan wau atur kawula | inggih botên kêni dèn belani pati | langkung wawrat paduka ||

2. tinaria sagung kang para ji | gawe bêcik mring Prabu Nusirwan | sayêktine lumuh bae | amung ajrih umatur | wong ngawula bok antuk runtik | sukane tinaria | sagung para ratu | mênthungi Raja Nusirwan | lair batin yêktine akèh punagi | anggung karya [kar...]

--- 5: 29 ---

[...ya] kangelan ||

3. Kelaswara Sirtupelaèli | kalih gujênge kadi sinêntak | myarsa kang raka ature | Rêtna Sudara matur | jêr sagunge wong-wong puniki | tan tumut ing Nusirwan | darbe marasêpuh | kang darbe amung paduka | yèn ènthènga bobote cacading bumi | botên labuha pêjah ||

4. suka nêtêr-nêtêr mring kang rayi | satêmêne bêcik êndi ingwang | nusul lawan mênêng bae | ature pênêt nusul | lamun tuwan jisim pribadi | nanging mênggah wong jaba | nadyan marasêpuh | sok juwêt adamêl cidra | winêkasan sayêkti tan durakani | yèn ta mêngah paduka ||

5. pênêd ngapura antuk utami | anggung cinidranan lamun takat | awuwuh kaluhurane | suka angling wong agung | iku pikirira kang suprih | lêgawa para marta | kang rayi gumuyu | nanging yèn mênggah wong jaba | sawêg wontên pangkalan tuwan sakêdhik | yayi dèwi ing Kelan ||

6. wawratane pan sampun nêm sasi | yayi Kuwari wingi tur priksa | ing kula rong sasi mangke | botên anggarapsantun | pan punika pakèwêd kêdhik | lamun mênggah wong jaba | wikana pukulun | watawis măngsa bedaa | suka kabèh sakèhe parêkan cèthi | kang sami munggèng ngarsa ||

7. pêpurune Putri Parangakik | yèn tinari akêthak tan songar | mantêp pantês patitise | sumêbrok nora nubruk | angrakotok nora mrih runtik | apêdhês nora kadhas | kasab [kasa...]

--- 5: 30 ---

[...b] nora gangsul | lêmbut datan linawêdan | gancang rêncang nanging datan anglancangi | pan ora uwas-uwas ||

8. ladak lair iya ladak batin | apan ora nêdya ngidak-idak | gandês luwês nora nènès | abakuh nora pungguh | wutah ati nora mutahi | prayoga awiraga | atitih tan nutuh | tan ana bisa tulada | ing sajagad amung putri Parangakik | sêmbada kasêmbadan ||

9. nora mosik bisa ngosak-asik | têtêp mantêp maring kautaman | rêspati barang polahe | èbêk tyase wong agung | Kelaswara matur wotsari | kangbok sanès babagan | kawula pukulun | maksih wontên ing nagara | Sri Bupati Mêdayin sanès nagari | gène lan kabêndana ||

10. wajib rinêbat kang nandhang kanin | yayi bênêr iku karsanira | wong agung lêwih karsane | êndi kang pinilaur | angandika Sang Jayèngmurti | rèrèh yayi sakala | lumakua ingsun | sayêkti datanpa rewang | ing sadina rong dina iku pinikir | angayêmakên nalar ||

11. rayi paduka ing Ngalabani | inggih lamun tuwan botên bêkta | kawula utus badhene | amanggihi Sang Prabu | Sri Kusniya ing Malebari | Sang Raja Bawadiman | pinandhita punjul | putrane èstri satunggal | kasub ing rat Ni Dèwi Kun Amaryati | yèn pinarênga uga ||

12. inggih lawan putra Paduka Mir | pun Jayusman dene ta pun Ruslan | gampil yèn wis kakangane | salah sawijinipun | antuk jodho [jo...]

--- 5: 31 ---

[...dho] maring Hyang Widhi | marmanipun kawula | inggih parikudu | dening Raja Bawadiman | botên ketang alite karatonnèki | radèn ratu ngibadah ||

13. ulah sutapanira nêtêpi | malah putrine asring binêkta | ratu awadi kajate | ing kapandhitan putus | widigdaya amati ragi | anggung nèng pulo Barjah | tilar puranipun | anom karêm kapandhitan | sri bupati ing Kusniya Malebari | anggung nèng pulo Barjah ||

14. putri siji Dèwi Kun Maryati | salin warna ping tiga sadina | putri mijil mangunahe | wong agung mèsêm muwus | bênêr têmên sirèku yayi | sapa matur mring sira | mêngko ingsun tutur | ing kono purwa na jalma | purwèng praja ing Kusniya Malebari | kuthane Nabi Adam ||

15. duk têdhake saking sawarga di | madêg nata nèng nagri Kusniya | Malebari kadhatone | ngratoni anak putu | ing Bu Khawa Siyêm tibèki | nênêdha ing Hyang Suksma | panggih garwanipun | ana ing bumi Kusniya | Malebari tangkar-tumangkar putrèki | ratu mangku sarengat ||

16. ingsun iki ana niyat mami | arsa mukin[1] nèng bumi Kusniya | iya ing sataun bae | ing bumi winih iku | Malebari babuning bumi | pulone pulo Barjah | iku têgêsipun | pan iya bumi lêlongkang | ngantarani Ngarab lawan Barjah yayi | êlêt pulo punika ||

17. kulon pulo bumi Arab yayi | sawetan pulo ing bumi ajan[2] | yêkti ana paedahe |

--- 5: 32 ---

sira mèt besan iku | yèn pinarêng karsa Hyang Widhi | Sang Raja Bawadiman | santosa ing ngèlmu | ratu miji ing Hyang Suksma | ati salèh ing Kusniya Malebari | tan ana kang marentah ||

18. pinardika de Hyang Maha Suci | Amir mukmin Prabu Bawadiman | minulya ing karatone | Kelaswara umatur | kangbok cêlak saking ing ngriki | mung kawan dasa dina | lêlampahanipun | layarane wolung dina | ngidul lêrês ing Kusniya Malebari | kori Karimuntaha ||

19. pêpundhène nagri kanan kèri | kangjêng rama tumut ngêla-êla | ratu ampuh saciptane | mèh kajiman pukulun | miwah dene kawalènnèki | Sang Prabu Bawadiman | datan wontên purun | para ratu cacah-cucah | wêdi asih mring Kusniya Malebari | nguni mèh manggih karya ||

20. putrinipun Dèwi Kun Maryati | linamar dening ratu danawa | kula ing ngriki badhene | inggih sami têtulung | nuntên manggih karya pribadi | praptane Sri Nusirwan | lajêng rawuhipun | ki lurah raka paduka | ing samangke kilap dadosipun ugi | kalingan gunging karya ||

21. matur nêmbah Putri Parangakik | yèn makatên tuwan sampun rêmbag | sayêkti nuntên lampahe | rayi dalêm pukulun | yayi êmas ing Ngalabani | dene lampah paduka | inggih arsa nusul | dhatêng jêng rama paduka | nagri Mukub sayêkti punika inggih | karèh Kăndhabuwana ||

22. nanging dèrèng asalin [asali...]

--- 5: 33 ---

[...n] agami | saking dèrèng kobêre punika | pun Samsir kathah damêle | maksih agamanipun | Nabi Mungsa ing Mukub nênggih | wong agung angandika | timbalana gupuh | yayi mas ing Parangteja | cèthi nêmbah mêsat aglis animbali | kerid praptèng ngayunan ||

23. angandika Menak Jayèngmurti | yayi besuk lumakua enjang | sira pêpanggiha dhewe | kalawan yayi prabu | ya Kusniya ing Malebari | Sang Prabu Bawadiman | pinandhita luhur | putranira Ki Jayusman | ngèngèrêna lawan Dèwi Kun Maryati | Malebari Kusniya ||

24. yèn wus tamtu katampane benjing | yayi putranira Ki Jayusman | sira budhalêna kabèh | sagunging para ratu | mring Kusniya ing Malebari | yayi Dèwi Sudara | utusana gupuh | maring nagari Kuparman | sunga wêruh ing satingkah polah mami | maring bok ayunira ||

25. lawan iya aturana nuli | yayi Marpinjun lawan Ki Ruslan | lan saparo bupatine | Kuparman ingkang tunggu | kang saparo milua ngiring | maring nagri Kusniya | Malebari iku | yèn ingsun salamêt prapta | lunganingsun nusul kangjêng rama aji | banjur maring Kusniya ||

26. samya sandika aturirèki | Rêtna Sudara lan Arya Maktal | ingkang pinasrahan gawe | bubaran kang rinêmbug | sampun mêdal prapta ing jawi | Wong Agung Parangteja | angundhagi gupuh | sagung ingkang para raja | ing badhene ungkur-ungkuran lumaris | budhal maring Kusniya ||

27. amung Rajaputri

--- 5: 34 ---

Kaelani | Kelaswara têtêp anèng Kelan | pan wus sêpuh wawratane | yèn wus babar rahayu | kinon nusul mring Malebari | kang wontên ing Kuparman | Kusuma Marpinjun | saputrane kinèn prapta | angumpula mring Kusniya Malebari | yèn èstu sida karya ||

28. tan kawuwus sagunging prakawis | pan ing dalu panilibing lampah | wong agung lan turanggane | nêdya mring nagri Mukub | mung nyapalih kaprabon jurit | kawot askarduwijan | kang kari angungun | lampahe Sang Kakungingrat | turanggane kadya palwa antuk angin | jojog askarduwijan ||

29. lamun dalu rêrêp ing wanadri | ambujung kidang lajêng binakar | dhinahar lan turanggane | wus lêpas lampahipun | manggih tilasing wong lumaris | yèn mondhok yèn amangan | mêksih tabêtipun | tinurut satilasira | datan kèndêl prapta ing Mukub nagari | anggambuh jawi kitha ||

66. Gambuh

66. Raja Mukub têluk dhatêng Wong Agung

1. katon kitha ing Mukub | rawuh ing jawi kitha wong agung | ingubêngan sakèthènge tan kapanggih | ngalèr ngetan ngulon ngidul | lawange tan ana katon ||

2. kèndêl langkung angungun | mulat rakiting kitha ing Mukub | tanpa lawang apa lire raja iki | kuthane têka binuntu | beda lawan para katong ||

3. graita tyas wong agung | sun pêtakane [pê...]

--- 5: 35 ---

[...takane] Sang Rajèng Mukub | kayaparan tingkahe apa mêtoni | amapag ing yudaningsun | apa datan arsa miyos ||

4. têdhak saking kuda wus | cinancang kuda pun askardiyu | sigra pêtak Wong Agung Surayèng Bumi | ing awiyat gumaludhug | lir gêlap sakêthi anjog ||

5. kadya rèh gunung guntur | kagyat anjumbul Sang Rajèng Mukub | duk siniwi wadyane ing păncaniti | kontal saking dhamparipun | sru kajêngkelang sang katong ||

6. wadya kèh kabarubuh | cipta wukir sakêthi gumuntur | dangu pungun-pungun sagung para mantri | emut prasamya angruruh | swara sru kang ingupados ||

7. jro kitha tan kapangguh | sigra kinon ambêdhah bata gung | ingkang êlèr mijil saking jro anggili | para prawira ing Mukub | sami angrakit kaprabon ||

8. ing jawi praptanipun | jênêngi wuri Sang Rajèng Mukub | tiningalan tan ana jalma kaèksi | mung siji nèng kuda manggung | bagus kang cahya mêncorong ||

9. pinarêpêkan sampun | atêtanya prawira ing Mukub | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | sun jujul wong tuwaningsun | lunga dagang nêmu ewoh ||

10. kabegal anèng Mukub | pan têlung lêksa pikulanipun | anauri punggawa Mukub satunggil | ana ing kene wong langkung | juragan angaku katong ||

11. iya pan ratuningsun | kabegal angling Sang Jayèngsatru | iya iku sayêkti wong tuwa mami | payo sisakêna [sisa...]

--- 5: 36 ---

[...kêna] ingsun | yèn ora wani maring ngong ||

12. anungkula maring sun | alok rame prawira ing Mukub | angudani cacap suligi lan lêmbing | jêmparing tulup lan busur | Wong Agung Jayèngpalugon ||

13. anarik pêdhangipun | tinêrak sami prajurit Mukub | kang kaparag kadya ambabad bung pacing | saengga anacah timun | kadya mêdhang wohing waloh ||

14. wau sang nata dulu | langkung bramatya Sang Rajèng Mukub | ngangsahakên bala sakarine mati | gumrêgut sarêng umagut | jinênêngan mring sang katong ||

15. picondhang singa magut | kuthetheran prawira ing Mukub | giniwarkên sêkardiyu maring ngering | katutuh prange baruwun | durung ana ingkang tanggon ||

16. ana mangsah wong satus | saturăngga prajurit ing Mukub | giwar malih sêkardiyu maring ngèri | anikêl anganan wangsul | angitêr mara anjojog ||

17. wong satus ting palinguk | sinabêt pêdhang kang uyêl rampung | katri kapat sarêng rampas tibèng siti | tan ana kang bisa kiwul | mung aprang sênggrang tan sagoh ||

18. krodha Sang Rajèng Mukub | munggèng turăngga mangsah anguwuh | payo iki aja angrampas wong cilik | Raja Bintibahram tèngsun | mrêpêki Jayèngpalugon ||

19. amupuh Rajèng Mukub | tinangkis parisanira murub | wanti-wanti panggadanira narpati | tinangkis paris kawangsul | pinarêpêkan sang katong ||

20. tinarik Rajèng Mukub | tininggil-tinggil nèng astanipun | ingubêngkên [ingubêngkê...]

--- 5: 37 ---

[...n] lir likasan mèh binanting | apa karêpmu sang prabu | apa urip apa layon ||

21. yèn sira nêdya lampus | sun bantinga sira pan malêdug | măngsa ana balungmu kari samênir | mèh anjog pambantingipun | Sang Rajèng Mukub anggêro ||

22. sambat-sambat sang prabu | aminta urip Sang Rajèng Mukub | inguncalkên anungkul aminta urip | winuruk sahadat sampun | sarengat Ibrahim kaot ||

23. sampun Islam sang prabu | sawadyanira prawira Mukub | ingaturan Wong Agung Surayèng Bumi | marang ing jro kithanipun | samya asmara ponang wong ||

67. Asmaradana

67. Wong Agung lêrêm wontên ing kadhaton Mukub

1. binêkta manjing jro puri | Wong Agung Surayèng Jagad | sapraptanira kadhaton | munggèng singangsana rêtna | prapta kang pasugatan | inuman kang saos sampun | lajêng amboja drawina ||

2. ngandika Sang Jayèngmurti | hèh Rajèng Mukub maria | dudu pakartining katong | doracara yèn ing raja | anyurêmakên jagad | ratu kalipatullahu | tan kêna bêbawur tingkah ||

3. lan nora kaprah ing bumi | kuthamu tan nganggo lawang | wus lumrah nganggo sakèthèng | pakaryanên pan sadaya | sakèhe rêrakitan | dèn cara-caraning ratu | ing alam dunya sadaya ||

4. kasaru dènnya tinangkil [tinang...]

--- 5: 38 ---

[...kil] | wong tampingan tur uninga | lamun wontên baris gêdhe | sakêthi nitih turăngga | èsthi ingkang salêksa | sakêthi malih barêncuh | sakêthi blagdaba bihal ||

5. sang prabu ing Kăndhabumi | katur ingkang badhe prapta | Sang Rajèng Mukub kumêjot | umatur dhatêng tamunya | punika ingkang prapta | gustinipun tiyang Mukub | pan inggih têdhak-tumêdhak ||

6. kawularsa mêthuk jawi | paduka eca alênggah | ngandika Jayèngpalugon | iya sira amêthuka | maring bêndaranira | aja kuwatir maring sun | kêrigên punggawanira ||

7. tur sêmbah anulya mijil | kya patih ngruktèni sêgah | Bintibahram ing lakune | bêkta bala tigang lêksa | sèwu dipangganira | nèng jawi kitha kapêthuk | Rajèng Mukub sigra nêmbah ||

8. angraup padanirèki | Sang Prabu Kăndhabuwana | Rajèng Mukub maras tyase | lajêng gumuruh kang wadya | Rajèng Mukub têtêbah | Raja Samsir ngandika rum | iya sira dhêdhayohan ||

9. Rajèng Mukub awotsari | inggih kawula tamiyan | anaking juragan sugèh | kang dagang bêkta rêmbatan | sadaya tigang lêksa | Raja Samsir ngandika rum | iya iku gustinira ||

10. Wong Agung Surayèng Bumi | ingkang kadhaton Kuparman | anamur nusul lakune | kang rama Prabu Bathara | Mêdayin sira begal | juragan Dulbasir wau | iya Bathara Nusirwan ||

11. duk miyarsa sri bupati | ing Mukub [Muku...]

--- 5: 39 ---

[...b] alon turira | gusti duk mila-milane | kêni dunyane kajarah | juragane kabănda | angraup kula pukulun | yèn dede bandan urakan ||

12. mila dunya brana têksih | mung rèmèh-rèmèh kewala | kang ênggêl pan dèrèng kalong | têtangsule botên ewah | inggih karaos ing tyas | lamun dede jinisipun | wau lampahira prapta ||

13. jro kitha Mukub nagari | wadya gung kinantun samya | lajêng maring panggenane | Wong Agung Surayèng Jagad | pan dèrèng kesah-kesah | ngantosi Sang Rajèng Mukub | wong Mukub ngungun sadaya ||

14. ngandika Sang Jayèngmurti | kapan gonira lumampah | Raja Samsir awotsinom | tuwan kuda lêlumpah |[3] enjingipun kawula | dhinawuhan dandan nusul | wahana amănca warna ||

15. angrimong mèmrèng karêndhi | blêgdaba andaka bihal | kang dharat têbih lakune | Rajèng Mukub jawil sigra | Rajèng Kăndhabuwana | angaturkên tobatipun | Rajèng Mukub Bindibahram ||

16. sagunging lêpat ing nguni | saking botên awêweka | purêt ing budi asompok | tan wruh kanisthaning tingkah | angangge cacah-cucah | alon ngandika wong agung | aja susah sun wus sêja ||

17. iya pangapura mami | karana wus ingsun jarag | tuwin bathara lakune | sayêktine wus jinarak | apa tan ngapuraa | nanging Sang Natèng Mêdayun | ing Mukub wus ora ana ||

18. Rajèng Mukub awotsari | sayêkti [sayê...]

--- 5: 40 ---

[...kti] lajêng mring Cina | rama tuwan sang akatong | kawula ingkang jujula | dene gusti paduka | kasukana anèng Mukub | wong agung alon ngandika ||

19. tarima sêtyanirèki | nanging ing kono tan kêna | sun kudu lumaku dhewe | mati urip sun wus sêdya | dadia bêktiningwang | iya iki bêktiningsun | narpati kalih tur sêmbah ||

20. ngandika Sang Jayèngmurti | mring Prabu Kăndhabuwana | sira iku mêksih anom | durung pantês nglakonana | panggawe nêdya papa | dene ta Sang Rajèng Mukub | ana pantês rada tuwa ||

21. yèn eklas têrus ing batin | kudu laku laralapa | ing sêdyane milu mring ngong | lan prêlune wruh ing marga | kang maring nagri Cina | sumujud Sang Rajèng Mukub | dènira nut wuri lampah ||

22. sang prabu ing Kăndhabumi | kari angrêksa turăngga | anèng ing Mukub Sang Katong | wadya sangsaya gung prapta | kang dharat kang wahana | tugur anèng nagri Mukub | wau kang nêdya mas kentar ||

68. Maskumambang

68. Prabu Nusirwan kasrakat

1. wus mangkana Rajèng Mukub turirèki | ngaturkên yèn wêtah | dunya rampasan ing nguni | saking Sang Prabu Nusirwan ||

2. kang amindha iya juragan Dulbasir | juragan Karsinah | kang ingaku namanèki | dunyane pan wus tinampan ||

3. pan rinêksa maring Prabu Kăndhabumi | wau lampahira [lampah...]

--- 5: 41 ---

[...ira] | wong agung ing têngah latri | saking ing Mukub nagara ||

4. lawan Prabu Bintibahram kang tut wuri | sadalu nèng wana | lampahe wong agung kalih | enjing mêdal saking wana ||

5. lamun dalu saênggone dèn sipêngi | amindha wong kumpra | lêstari dènnya lumaris | kunêng wau kawuwusa ||

6. kang minăngka iya juragan Dulbasir | ya Prabu Nusirwan | duk lampahira ing nguni | saking ing Mukub nagara ||

7. ngambah wana sadina lawan sawêngi | arindhik tan bisa | lumaku kêbat lan malih | sadina tan kambon upa ||

8. amung toya duk anèng têngah wanadri | tan amanggih jalma | tan ana kang dèn tukoni | sêga miwah jêjalukan ||

9. dadi boyor lampah kawarêgên warih | angsal kalih dina | kodhêng mubêng nèng wanadri | tan wruh yèn anjog padesan ||

10. yèn anaa wong Mêdayin kang tut wuri | angajak wangsula | sayêkti tinurut bali | saking tan kuwawèng lampah ||

11. pan sadina katèmpêr banjur sawêngi | ngisingakên toya | nanging juragan Dulbasir | angarêjêt nora bisa ||

12. pan sadalu gêrêng-gêrêng angrêrintih | tinarajang warak | kongsêp ing êndhut kèh kanin | wêntis bau ula-ula ||

13. sirah rêmpu wadana abuh bêngêpi | netrane kalingan | dene abuh ngêmu gêtih | cêkak napase Nusirwan ||

14. wayahira lagi sapratêlon wêngi | wau sri narendra | kêna ing êbun gubrasi | rêrêp [rêrê...]

--- 5: 42 ---

[...p] asrêp kang sarira ||

15. apêpungun anglilir sri narapati | ngènggèl-ènggèl lênggah | cèlèng sajodho lumaris | lawan gênjike nêm bêlas ||

16. palayune sima anggro arsa bukti | narajang sang nata | rêbah kèlês dening gênjik | kumat malih lumah-lumah ||

17. byar raina ana wong alasan prapti | wong roropan arsa | mèt maduning tawon kêmit | mulat ana ngathang-athang ||

18. pinaranan pinarpêkan angrêrintih | langkung kawlasarsa | sambat kalirên wus lami | tan mangan pitulas dina ||

19. lajêng sakit tinunjang ing warak laki | mèh waras katiban | ing êbun kambuhe malih | katunjang gênjik nêm bêlas ||

20. wong wis tuwa kalirên kêna ing sakit | binabayang nulya | ginotong ginawa mulih | sapraptanira ing wisma ||

21. sami suka wong roro dinar pinalih | sami mulasara | wong punika kakang adhi | biyung têksih nanging răndha ||

22. pamanane satunggil anake kalih | wus sami mah-omah | tan pisah sadhusun nunggil | dadi wong nênêm wismanya ||

23. sasanake dinar sami dèn warisi | sami mulasara | amboboki anjampèni | rumbu-rumbu pitung dina ||

24. sabên esuk sarwi inguyupan tajin | sangsaya abagas | sang nata wus bisa linggih | malah bisa mangan sêga ||

25. mapan maksih ngaku juragan Dulbasir | mundhak dina mundhak | warase bisa lumaris | règèng-règèng maring latar ||

26. wong sadhusun puniku [pu...]

--- 5: 43 ---

[...niku] sami kuwawi | mulur sandhang pangan | upajiwanipun laris | dinar minăngka pawitan ||

27. Abu Dangkèh anggêcêl ing sabên enjing | Dulbasir têtanya | iku dhukuh milu ngêndi | puniki bumi watêsan ||

28. karajane inggih tumut Kalibêri | kaêlèr punika | dhusun agêng pinggir margi | wontên rong atus wismanya ||

29. ingkang kilèn bumi ing Mukub puniki | kang kidul sadaya | bumi tumut Kaelani | kang wetan tumut ing Cina ||

30. ingkang êlèr laut agêng pan jaladri | sabrangan mring Cina | agling juragan Dulbasir | ing Cina pan mêksih têbah ||

31. Abu Dangkèh umatur pan têksih têbih | dharatan sawulan | layarane pitung ari | ngalèr ngêtan dhatêng Cina ||

32. margi agêng datan pêdhot wong lumaris | kang dhatêng ing Cina | têlas samare ing ngriki | mung Mukub kang sangêt gawat ||

33. yèn wus langkung ing ngriki woworan margi | wong saking Yujana | ing Kuwari Kăndhabumi | wong Kelan dagang mring Cina ||

34. pan ing mangke sangsaya agêng wong grami | kang langkung alêksan | lamine nagri Kelani | kanggenan kang para raja ||

35. Kangjêng Gusti Kuparman bêdhah Kelani | barang kang dinagang | kathah bathine tur laris | sêluran sêngkud wong dagang ||

36. pan kumêpyur tyasnya juragan Dulbasir | Abunangkèh sira | angrungu warta saking di | lamun Wong Agung Kuparman ||

37. ya pagene têka bêdhah Kaelani | Pak Dangkèh saurnya | awit [a...]

--- 5: 44 ---

[...wit] Sang Prabu Mêdayin | lumayu ngili mring Kelan ||

38. kinukuhan mring Prabu Kelanjajali | marmane dadya prang | bêdhah nagri Kaelani | Nusirwan musna sing Kelan ||

39. wingi sontên lurah kula Kalibêri | kadhawahan sêrat | saking ing Mukub nagari | undhang-undhang ing parentah ||

40. pan salêksa dinar ganjaranirèki | punika parentah- | ipun Prabu Kăndhabumi | gustinira Mukub Bahram ||

41. pan ing Mukub inggih karèh Kăndhabumi | ing Kăndhabuwana | ratu balaning prajurit | dene Jêng Sultan Kuparman ||

42. pan ing mangke wontên ing Mukub nagari | anjujul Nusirwan | bêkta bala tigang kêthi | Sang Rajèng Kăndhabuwana ||

43. ratu wantêr ing aprang sugih pêpati | wau duk miyarsa | Dulbasir rumab panastis | lêgèyèh luh dêrodosan ||

44. hèh Pak Dangkèh kêkêpên rumab sun iki | sarwi pêtêkana | atiku kari samênir | awak ingsun bangêt lungkrah ||

45. tarataban pa gene tyas ingsun iki | Pak Dangkèh asigra | jae sawakul pinipis | pinêrês nguyupkên sigra ||

46. dimèn lêjar malah mutah durung mari | misih tarataban | Pak Dangkèh kaku tyasnèki | puniki sakit punapa ||

47. inguyupan jae sawakul tan mari | têka botên lêjar | punapa jae sarinjing | puniki gih sagêd lêjar ||

48. prêmbèh-prêmbèh nauri Kyai Dulbaris | êsur iki nyawa | iya laraningsun lami | sabên ana warta kumat ||

--- 5: 45 ---

49. hèh Pak Dangkèh gandhèk ing Mukub pan mêksih | kang anggawa layang | parentah ngundhang-undhangi | Pak Dangkèh alon saurnya ||

50. sampun ngalih kiyai ing wau enjing | kapal pitung dasa | mring dhusun urut pasisir | kang tumut ing Mukub samya ||

51. dhinawuhan sêrat ibêr-ibêr sami | tunggule parentah | lawan kang dhawuh mariki | wau kesahe kongkonan ||

52. sampun têbih angsal lêlakon salingsir | kidul pakarangan | patinggi ing Kalibêri | tumut ngatêr ing utusan ||

53. dhusun agêng-agêng ing pinggir pasisir | ing ngriki ta wana | botên pati pinarduli | dening priyayi utusan ||

54. lêga tyase sira juragan Dulbasir | Pak Dangkèh atêrna | nyawa sun adus mring kali | amucung sariranira ||

69. Pocung

69. Prabu Nusirwan badhe nglajêngakên lampah dhatêng nagari Cina

1. sigra wau Pak Dangkèh ngatêr ing ngayun | Dulbasir tut wuntat | sapraptanira ing kali | kagyat mulat ana priyayi lêlampah ||

2. kathahipun ana kuda tigang atus | punika wong langlang | prajurit ing Kăndhabumi | pan akanthi wong Mukub kang juru marga ||

3. yitnanipun Sang Kăndhabuwana Prabu | gustine lêlampah | anamur mung wong kêkalih | mila sagung wanawasa pinatrolan ||

4. lèpènipun tan têbih [tê...]

--- 5: 46 ---

[...bih] lawan marga gung | dul malêbèng toya | kagyat juragan Dulbasir | gudandapan turăngga prapta akathah ||

5. lakunipun kadya ana kang jinujug | ingkang munggèng ngarsa | sikêp cacap duduk lêmbing | rikat tangkêp prajurit Kăndhabuwana ||

6. langkung gugup asalah ing tampinipun | aniba ing sela | sira juragan Dulbasir | nora etung sirahe anubruk sela ||

7. sirahipun ing wuri tarung lan watu | bênthèt gobrah-gobrah | padhas miring dèn sungkêmi | padhas oyag anlorong ula bandhotan ||

8. sangêt jumbul gumronjal dhêdhêngkulipun | tarung lawan sela | kalêmpêr Kyai Dulbasir | anulungi Pak Dangkèh karangkang-rangkang ||

9. pan jinunjung mèyèk-mèyèk mèh kajunjung | anggawa tan kêlar | pinêksa tiba kabanting | sangêt langkung rêmpu awak tibèng sela ||

10. langkung ewuh Pak Dangkèh sêdyane mantuk | angundang mring rewang | ambêbayang gawa mulih | sinandhingan gêng watu kiwa têngênnya ||

11. pamrihipun aja kèli maring banyu | anuli dèn tilar | sirah lawan dhêngkulnèki | godhag-gadhig amanggung tarung lan sela ||

12. prapta sampun Pak Dangkèh anggawa batur | ginotong ngêntasan | wêdana ngiling-ilingi | pan sapao-pao abuhing wadana ||

13. lathinipun ing ngandhap ana kadulu | saêrining pandhan | êrining ula kang kari | mila abuh agosong mawaning upas ||

14. ingkang langkung priyayi samya andulu | atanya kênapa [kê...]

--- 5: 47 ---

[...napa] | wong tuwa iki mèh mati | sami pangling prajurit Kăndhabuwana ||

15. lamun iku sayêkti Rajèng Mêdayun | dinalih ta măngsa | anèng kene tanpa kanthi | lan warnane wus malih sugih lêlara ||

16. ya ta wau Budangkèh ngrêksa wong langkung | inggih bokmanawa | sagunge ingkang prajurit | sagêd nyêmbur ulan-ulan anênawa ||

17. ana satu prajurit awlas andulu | bisa ulan-ulan | mêdhun jog saking turanggi | sarwi jêjêk êndhase Prabu Nusirwan ||

18. nulya wungu sakiting upas wus mantun | sakite kang sela | ing sirah kang miyatani | ngènggèl-ènggèl tumungkul ajrih tumingal ||

19. mring kang langkung jêjaranan têlasipun | Nusirwan ginawa | mring dhukuh bukite ering | praptèng wisma tinambanan binobokan ||

20. rai abuh asangêt kadi rumuhun | langkung kawlasarsa | praptanirèng kang bilai | tibaning kang măngsa tan kêna tinolak ||

21. rumbu-rumbu sinambêlèhakên wêdhus | binuburkên surba | bagas abuh durung mari | kamisasat agêmbil-gêmbil abantat ||

22. bisa lungguh nanging godhêg sirahipun | saka lore prapta | amuring-muring dalêming | pangucape Nusirwan tan nganggo niyat ||

23. sabên dalu pamuwuse ngamun-amun | punggawane samya | ala têmên wong Mêdayin | nora ana kang belani laralapa ||

24. kamuktènku wong akèh kang padha andum | anêmoni papa | ingsun dhewe kang

--- 5: 48 ---

nglakoni | nora nana nêdya nusul ngulatana ||

25. sabên dalu mangkono pangucapipun | kang sami miyarsa | Pak Dangkèh lan Nyai Rubil | panyanane dhasar duwe lara jawal ||

26. bisa lungguh nulia bisa lumaku | bisa mangan sêga | eling karatonirèki | dhat-êdhatan sakala lali yèn papa ||

27. ngadhêp sêkul ing layah lam-ulamipun | anulya dèn urab | iwake dèn cuwil-cuwil | tinalêning pinindha-pindha rampadan ||

28. nora muluk asila tumpang rumuhun | asru tinakonan | pagene mêngkono kaki | cara apa polahmu pan ora kaprah ||

29. lon sumaur iya iki cara ratu | eling murwat ingwang | karaton ingsun Mêdayin | nora kaprah iwak mung dadi rong wadhah ||

30. wong sadhukuh warata dènira ngrungu | yèn dalu angomyang | ngundhamana wong Mêdayin | yèn amangan iwak sawadhah tan kêna ||

31. yèn amuwus angaku Rajèng Mêdayun | Pak Dangkèh rêmbagan | lan saanak putunèki | nora enak yèn iku nora lungaa ||

32. nora wurung gêgawa bilai iku | kang dèn aku iya | satrune narendra mami | Rajèng Mukub lan Rajèng Kăndhabuwana ||

33. puluh-puluh tan kêna rinêksa iku | iya winêlasan | sok angaku narapati | nadyan jawal nora nganggo parah-parah ||

34. ngaku ratu tur satrune Rajèng Mukub | payo ginêndhingan | sira nyêlanga turanggi |

--- 5: 49 ---

roro bae munia jabaning dhadhah ||

35. sami nurut anyêlang turăngga sampun | wayah sirêp bocah | anuju padhange sasi | riyêm-riyêm mêndhunge angêmu toya ||

36. nuju nguyuh sakiduling pawon mêtu | lagi dhodhok ana | jaran muni anèng jawi | Abu Dangkèh alok ana gandhèk prapta ||

37. saking Mukub ana kuda tigang atus | Pak Dangkèh lok ira | arsa nyêkêl dhayoh mami | kang angaku iya Sang Raja Nusirwan ||

38. dupi ngrungu akujengkang alumayu | parandene gancang | dènnya kabêlêt ing wêdi | mijil saking ing dhadhah wus manjing wana ||

39. tinut pungkur Pak Dangkèh pi-api nusul | iya amandhêga | priyayine sampun têbih | ing bukite iya jinarah rinayah ||

40. ya ta ngrungu Abu Dangkèh swaranipun | kulup marenea | kongkonan mau mring ngêndi | wontên dhukuh kang nyêpêng marang andika ||

41. kula nusul ngatêrkên nuduh dalanggung | kang dhatêng ing Cina | iya payo dèn agêlis | dharodhogan saking wana sampun mêdal ||

70. Mijil

70. Lampahipun Prabu Nusirwan

1. jêtung-jêtung dènira lumaris | kang tilar kaprabon | sampun anjog ing dêdalan gêdhe | angling Pak Dangkèh kula apamit | aja nyimpang kaki | dalan bênêr iku ||

2. ênya dinar lima sun sangoni | uwis mulih ingong |

--- 5: 50 ---

ungkur-ungkuran kalih Pak Dangkèh | nanging lumampah sarwi ngrêrintih | juragan Dulbasir | lajêng lampahipun ||

3. pan sadalu dènira ngrêrintih | manggung dènnya ngremong | pan karasa kabèh sarirane | mèh raina sangsaya mèh arip | panggih lincak guling | bango pinggir lurung ||

4. karainan mêksih tan anglilir | nglêgorong angorok | ingkang duwe bango sapraptane | nini tuwa adol roti kêring | ginugah tan osik | kinêbyokan sapu ||

5. kinêbyok-kêbyok pan datan osik | maksih anglagorong | jinojohakên wau sapune | nini tuwa liwat saking bêngis | cinandhak kang sikil | sinèrèt gumlundhung ||

6. banjur angrawus ngujar-ujari | rupamu mêngkono | têka mêngkono dimêr watake | baya wong ngêndi rupamu bêcik | tabêt dèn gitiki | apa ta awakmu ||

7. padha tatu dhowak bocah-bacih | êndhasmu mêlopor | kênèng apa ta iku tabête | nora poyan sami anudingi | tanpa ngrasa yêkti | dene uwis dhawuk ||

8. nora duwe pangrasa si baring | nganggo duwèk ingong | sapa gawe ta lêlincak kiye | apa kowe milu mêmêthèli | prandene sumlinggring | dadak nganggo turu ||

9. ngenak-enak sidisambêr bindi | aturu nglêgorong | pijêr jêtung tan ana saure | nini tuwa sigra marêpêki | ngantêbi kuwali | tibane takamu ||

10. nora etung [e...]

--- 5: 51 ---

[...tung] isi pindhang gênjik | jajane kumêprok | pindhang panas duduhe dêlèwèr | kagyat mulat kêlomut sang aji | ni tuwa mrêpêki | sigra nyandhak suku ||

11. sinêndhal tiba kumabruk miring | lambunge malocot | têtanggane mara padha nyapèh | rame udrêg akèh anggujêngi | setanên si nini | dudu pratingkahmu ||

12. nini tuwa karoncalan bêngis | uculêna ingong | sun mamahe wong mêngkono kuwe | nora suda rasane kang ati | yèn sira tan kari | samênir sun gilut ||

13. dhuh si gêrang nora nganggo pikir | manusa si dhaplok | salin babah lawan têtanggane | anguwuhi maring Ki Dulbasir | wong tuwa lir bêlis | nora nganggo urus ||

14. apa urus sadosane iki | akarya mêngkono | jêr wong tuwa akèh lêlarane | sayah lêlaku sayêkti arip | tan kêna ginênti | wis gawanên mantuk ||

15. aja nginêpkên lincak ing margi | tan kêna inganggo | pan wong liwat pan uwis kaprahe | apa sira dadak anglarangi | wong turu nèng margi | apan ta sang prabu ||

16. nora nglarangi wong turu margi | apa sukaning wong | pan wus adat ing nagara gêdhe | akèh polahe wong kang lumaris | ana kang lumaris | ana kang aturu ||

17. kaki tuwa akèh kang ngiloni | sami awlas tumon | mring wong tuwa tur akèh larane | prandene arsa pinrih ngêmasi | juragan Dulbasir | ana kang angukub ||

--- 5: 52 ---

18. dadi rubungan kinon abukti | pijêr lênggok-lênggok | durung tahan iya ing batine | amangana ana pinggir margi | manawa mèh mati | kolu mangan warung ||

19. pinêksa-pêksa mangana kaki | sauripun alon | ya tarima babo nyawa sihe | lagi durung arsa awak mami | sun gawa sathithik | iki pawèwèhmu ||

20. iya kaki sakarêpirèki | anulya ginembol | wus mangkata kaki lot-sêlote | nulya mangkat kapapag wong ngarit | winèwèhkên aglis | wau sêkulipun ||

21. lampahing marga datan winarni | apan nulya anjog | ing nagari Pas saking arjane | tigang sasi ing saurut margi | tanpa sêla pipit | têpung wismanipun ||

22. basa Cina Nusirwan wus bangkit | pan darbe têtukon | ya salêksa wong Cina tukone | upacarane Rajèng Mêdayin | salêksa wong Kapsi | salêksa wong ing Rum ||

23. kang tinulad pacaranira Mir | kang rama sang katong | pan salêksa Cina padha duwe | wong Rum Kapsi pamrihipun ugi | irêng wadya Kapsi | putih wadya ing Rum ||

24. ginawe warna wong Cina kuning | abintit sayêktos | pan wus anggon-anggon ratu gêdhe | upacaranira măncawarni | anyalêksa sami | Sang Rajèng Mêdayun ||

25. basa Cina wus agrêspatèni | marmane tan kajog | kuning bintit Nusirwan ulêse | mata kapèn pan sampun agêmbil | tan ana ngarani [ngara...]

--- 5: 53 ---

[...ni] | liya jinis iku ||

26. lawan wong Cina tumrêcêp jinis | ulêse sang katong | ya ta wau sayah ing lakune | lèrèn manjing wisma arsa bukti | pan wus patang bêngi | sang nata ngêlumpruk ||

27. bayar dinar lêlima sang aji | anjujug ing pawon | kinèn linggih lir griya ing kene | dèn kapenak kaki gonmu linggih | aja walangati | sakarêp sirèku ||

28. maksih nama Ki Êncik Dulbasir | lêgèyèh têturon | sangêt sayah nuli manggih bale | kang duwe pawon wontên ngawruhi | satangine guling | sinajenan sêkul ||

29. sêga sapiring iwak sapiring | jangane nèng mangkok | tur kaliwat wau pangêlihe | parandene tan aglis binukti | pijêr milang-miling | nyawang sêkulipun ||

30. tan antara iwak dèn talêning | dadi sapuluh gon | sila tumpang kang kiwa sikute | siduwèng wêntis ki omah ngririk | dangu êlêtnèki | pamuluking sêkul ||

31. pijêr-pijêr dumuk iwaknèki | ingkang sapuluh gon | nuli malangkêrik lêlungguhe | pan karasa karatonirèki | marêm tanpa bukti | mijêt-mijêt sêkul ||

32. tan pinuluk pijêr dèn gêglintir | sarwi andêngongok | ngungak-ungak têbih ing karsane | ki omahan prapta anakoni | cara apa iki | pamanganmu iku ||

33. têka gampang gènira nauri | iki cara katong | ingsun iki dhingin ratu gêdhe | ing Mêdayin prabu nyakrawati |

--- 5: 54 ---

supe ing wêwadi | mung pasajanipun ||

34. duk miyarsa ki omahan runtik | ujar kang mêngkono | graitane nora edan bae | arêp ngrusak nagara wong iki | mambu antu warih | pamuwusing dudu ||

35. yêkti simpên panggawe wong iki | dene anyalêmong | manjing wisma siyaga solahe | tan antara mêtu nabuh bèri | kêkênthung tinitir | tanggane gumrudug ||

36. alok salat-salat ambênturi | kang ana ing pawon | garubyagan nunjang palayune | payo rampogên iku wong dêgi | angaku narpati | sajatining têluh ||

37. arêp agawe susah ing bumi | angrusak tapikkong | yèn ngrungokna ika pangucape | saparane binênturan sami | nyalimpêd sang aji | amor ing cah warung ||

38. ana warung gêdhe pinggir margi | wonge gêbèl ewon | wong angrangin ika ing jujuge | kêrên roro kang sawiji roti | ngurubakên gêni | andhodhok ing ngriku ||

39. ingkang bujung wus kelangan lari | wau kang adodol | rangin roti têka lêga tyase | ana rewang ngurubakên gêni | panyananirèki | wong nêdya bêburuh ||

40. ngarah upahan roti sawiji | tan wruh yèn bêburon | pan wus suwe dènnya ngurubake | sêdhêng tampia roti sawiji | alon dènira ngling | sabarna karuhun ||

41. kari laris dodolan sun iki | arubung ponang wong | mêngko kaki agawea [aga...]

--- 5: 55 ---

[...wea] dhewe | sêdhêng andhèng wong têtuku iki | sakarêpmu kaki | kang gawe sakêthuk ||

42. wus mangkana juragan Dulbasir | asuwe nèng kono | kang têtuku sêdhêng uwis andhèng | wus sinungan rotine sawiji | rangine kêkalih | warung wus kapungkur ||

71. Pangkur

71. Prabu Nusirwan ngèngèr răndha sade roti

1. sadina dènnya lêlampah | yèn amangan manjing wisma tumuli | linggih ing bale asuguh | nyilih wadhah kinarya | amadhahi roti lawan ranginipun | dinadèkkên têlung wadhah | nora binukti tumuli ||

2. yèn durung duwe tumingal | ngolod-olod yèn wus duwe aririh | yèn eling karatonipun | pan ora mangan pisan | mung sacuwil ginintir-gintir adangu | tan eling mring kaluhuran | minggu tan arsa ningali ||

3. dhat kadhang pangananira | dèn cèh-êcèh sinungkên rare cilik | amulat ana amuwus | rika iku wong apa | roti siji rangin roro wadhahipun | iya kongsi têlung wadhah | siji bae kurang isi ||

4. mung pijêr sinawang-sawang | apa jawal ginintir kongsi aking | kapan gonira anjuput | tinêtêr tinakonan | pan sumaur dêrodosan êluhipun | nyata wong iki yèn edan | polahe [po...]

--- 5: 56 ---

[...lahe] anèh si baring ||

5. wus lami ing lampahira | kasarakat kasurang mèh katoring | lêburan ing murwatipun | mung pakarti satunggal | kang rinêksa dhahar sanggèn-ênggènipun | drêmba dêlab nora pisan | iku maksih dèn singgahi ||

6. mila gêlis nandhang lara | sok kalingsir tuwa pisah rijêki | yèn ana wong kang amujut | pan ora gap-êgapan | durung nêdya apapariman jêjaluk | sanadyan dèn wèwèhana | misih apik dènnya bukti ||

7. iku yêktine carita | dening nistha kabèh wus dèn lampahi | nadyan bêburuha patut | nanging pariman ora | yèn tanparah ambanyonkên para ratu | iku bujăngga satêngah | durung wruh pratikêl batin ||

8. urakan kênèng musibat | wong pancakan silêntring kênèng pidhir | patut dèn lolohi watu | rolas samaja-maja | dimèn kongsi gobrah-gobrah lambenipun | bêbanyonkên sok munia | gawe-gawe amuwuhi ||

9. yèn ana ratu kasrakat | papariman sayêkti banjur mati | angugung sasolahipun | ing pangane sadina | mênawa duk satriyane durung ratu | kasêrakat mangkonoa | yèn ing ratu nora kêni ||

10. dêlap pangane sadina | papariman sadina mangan nuli | mati nora nganti esuk | wêngi-wêngi kewala | yèn uripa sêsakane langit rubuh | lan bumine binojodan | kêjaba lawan kinardi ||

11. têgêse ginawe [gi...]

--- 5: 57 ---

[...nawe] ika | nora nyandhang dêdukaning Hyang Widi | kaya Sang Raja Mêdayun | misih panggawe praja | dhasar namur pariman ginawe laku | angrarubakkên kangelan | kalawan têtêping mukti ||

12. iku kang wuwuh ganjaran | kaluhuran tingal sangsaya yakin | Sang Raja Nusirwan iku | duraka mring kang rama | wêwêkase kinèn manut Betaljêmur | wusanane manut Bêstak | mila gung kelangan lari ||

13. mangkana Prabu Nusirwan | lampahira anjog dhatêng nagari | wuwuh malih risakipun | mèh mèh nora kasandhang | iya saking durung măngsa pêjahipun | lagi bangêting dêduka- | nira sang nuragèng urip ||

14. nèng praja kacandhak gêrah | têmah ngèngèr wong răndha tukang roti | puniku kang sudi ngukub | lara pinulasara | kunêng gantya lakuning kăndha cinatur | kang nilas ing lampahira | Wong Agung Surayèng Bumi ||

15. adharat cara wong desa | tanpa kanthi mung kalih kang angiring | iya mung Sang Rajèng Mukub | Narendra Bintibahram | satilase kang rama Rajèng Mêdayun | tinitik samarga-marga | inglacak misih katawis ||

16. dêstun kapatenan lacak | mung sadina rong dinanipun malih | nuli ana wartanipun | yèn ana wong lêlampah | dharat dhewe tuwa akèh laranipun | ngaku juragan pêdhotan | Karsinah Kyai Dulbasir ||

17. wong agung tansah lumampah | mêndhêm kula wus antuk pitung sasi | tan kantun Sang Rajèng Mukub | samar tan kauningan | lamun [lamu...]

--- 5: 58 ---

[...n] iku isining donya gêgêdhug | sinung kamulyan dening Hyang | kinacèk sagung para ji ||

18. wus ginanjar kasudibyan | kasudiran kaprawiraning bumi | ing pratingkah salin lagu | datan basan-binasan | cara sikêp sira sang prabu ing Mukub | wong Menak mongka bêkêlnya | milane datan katawis ||

19. wus lami manjing ing praja | anggung ngungsir pawartane sang aji | mangkana wau angrungu | yèn ana wong nênêka | ngèngèr nyai tukang roti kang amupu | ingungsêd mring wismanira | nini tuwa tukang roti ||

20. wong roro mindha wong dagang | dagang minyak dhapur ulêse lain | nora awor jinisipun | nanging kèh wong nagara | mănca warna wantune nagara agung | tan ana graitanana | anduduk samargi-margi ||

72. Dudukwuluh

72. Prabu Hongtete mirêng pawartos pêjahipun ingkang putra

1. ya ta kunêng kang praptèng praja anyamur | Wong Agung Surayèng Bumi | kalawan Sang Rajèng Mukub | amindha dhêdhukuh nênggih | mêntas saking Măndalio ||

2. nama Ki Sèh Binti sang raja ing Mukub | ngalih nama Sayit sami | nênggih sang pramodèng satru | dene laku kang nuwani | Sèh Binti Mukub Sang Katong ||

3. katarima gènira lumaku dhukun | sok anêmbung rare cilik | awingid dènira namur | ngulati ênggènirèki [ênggèni...]

--- 5: 59 ---

[...rèki] | ing Mêdayin Sang Akatong ||

4. kunêng ingkang prayoga laku dhêdhukun | wuwusên sri narapati | ing Cina ingkang amêngku | Hongtete ingkang linuwih | sinêmbah samining katong ||

5. lagya orêg prajanira sang aprabu | duk amiyarsa pawarti | kalamun putranirèku | tiwas anèng Kaelani | mati aprang sami wadon ||

6. Putri Kelan Kelaswara mungsuhipun | marma gung putêk prihatin | ing Cina awayang-wuyung | mung bantêr brahala gêni | kono ênggone tapikkong ||

7. kilèn dalêm prênahe panggenanipun | kang pinangeran sang aji | patang puluh uculipun | ing panah jêmbarirèki | pinasagi ingkang banon ||

8. ingkang êlèr kang wetan kulon lan kidul | sapuluh pamanah sami | maju pat sinungan panggung | lawang maju têlu sami | binuntu amung kang kulon ||

9. lawang iku ênggone manjingkên kayu | yèn gênine sampun dadi | bantune kayu sing panggung | kinèrèk binêsat sami | tan kêndhat kayu kang anjog ||

10. gêntha papat pra dipati ingkang tunggu | nyèwu bala kang jagani | jaga manjingakên kayu | lan mênyan sadina nênggih | lan sawêngi pitung kêbo ||

11. wuwuh kayu kurang saking adatipun | ladèn saking pra dipati | dadya balănja sang prabu | ngundhangan wong sanagari | yèn ngatêr kayu marono ||

12. pan wong siji ngatêr sadina sapikul | yèn jangkêp sawulan nuli | atămpa bayaranipun | pat bêlas [bêla...]

--- 5: 60 ---

[...s] kêton wong siji | kumrubut sarupaning wong ||

13. lawan sami nêdya ngumbar ratunipun | nêmêne pamujinèki | wit saking prihatinipun | kesahe sang rajaputri | iku kang gawe wirangrong ||

14. pan salêksa reyal sadina kang mêtu | wuwuhe urubing gêni | saengga yèn sampun tamtu | wartane sang rajaputri | sayêkti maring mêngkono ||

15. kawuwusa sira Sang Rajèng Mêdayun | ngèngèr răndha tukang roti | lamine kanggenan iku | iya Kiyai Dulbasir | ni răndha dunyane wuwoh ||

16. marakakên bêgja gonira amupu | Nyai Jungkoh mangke sugih | kêlar ngingoni nak putu | kadange prasami sugih | rinêngkuh mring Nyai Jungkoh ||

17. kalênthènge kidul wetan prênahipun | ênggone tuwa Dulbasir | pan mung siji amotipun | rina wêngi dèn kutugi | dènnya linggih mêgok-mêgok ||

18. lamun dalu kinutugan sru kumêlun | damar lilin kanan kering | gambar munggèng luhuripun | tapikkong rinênggèng sungging | gambare Dulbasir ngisor ||

19. wuri sarwi nyêkêli ing sikilipun | tapikkong kang dèn cêkêli | pinindha gujêng jêjaluk | anjaluk wuwuhe sugih | akêthèna Nyai Jungkoh ||

20. sabên-sabên Dulbasir ing wanci surup | sinumpingan wong atali | alungguh buntal tinêluk | ingubêngkên lambungnèki | brêgogok lir loro bonyo ||

21. duk puniku Dulbasir sakite murus | dêlinding [dê...]

--- 5: 61 ---

[...linding] wus pitung bêngi | tinêngganan kang atunggu | wong roro siji ngluwangi | tinjane lir pèpèr cewok ||

22. kang sawiji ngurubakên gêni murub | Nusirwan kuru agêmbil | maggung atunggu Ki Puklung | wau ta ingkang winarni | Wong Agung Jayèngpalugon ||

23. kang tinitik pawarta mangke wus antuk | ênggone kang rama mangkin | kang tinakon sauripun | wetan ing ngriku wismèki | răndhasmara Nyai Jungkoh ||

73. Asmaradana

73. Wong Agung tuwin Raja Mukub ngèngèr răndha sade roti

1. mupu tiyang kawlasasih | nênêka saking kadohan | pinupu ing Nyai Jungkoh | ragi sêpuh ngulandara | sêmune dèrèng ilang | labêting wibawa tuhu | dhatêngipun sangêt risak ||

2. mung kari mata sathithik | ana têngêr ing awiyat | saking awase Ni Jungkoh | gya pinupu rinawatan | mêngko gêgawa bêgja | dunyane awuwuh-wuwuh | panggawene kaki tuwa ||

3. ginêdhong wismane mangkin | Ni Jungkoh sampun kuwawa | nak putu rinayat kabèh | wontên tiyang pitung dasa | kang somahan kewala | gêng alit cacah rinipun | wontên tiyang karo bêlah ||

4. wus prasasat mantri siji | rosane sugihe reyal | kang winêngku sadayane | dene ta pangakunira | ki tuwa pêpêdhotan | juragan [jura...]

--- 5: 62 ---

[...gan] sugih kalangkung | Dulbasir nagri Karsinah ||

5. Dèwi Sirtupelaèli | iya kang duwe padagang | Ki Dulbasir pangakune | risak lakune binegal | pikulan tigang lêksa | wontên nagari ing Mukub | milane kasurang-surang ||

6. mantuk mring Karsinah ajrih | mring gustine jêng ratu mas | măngsa wurunga binêlok | niwasakên kang kagungan | milane lajêng ngilang | miyarsa wau wong agung | tumungkul arawat waspa ||

7. lumampah tiyang kêkalih | Sèh Binti ginawe ngarsa | Sayit sami nèng wurine | sapraptaning lawangira | lajêng manjing ing wisma | anuju Ki Babah Puklung | alungguh anèng pandhapa ||

8. kagyat praptane wong kalih | sinapa têtamunira | kang wuri ana wadine | prabawa munggèng wadana | rinusak datan kêna | cahyane maksih kumukus | lir suwak nagari Kelan ||

9. Babah Puklung mudhun aglis | ngacarani tamunira | wong kêkalih sami lunggoh | Puklung mêdhak atêtanya | pun patik nilakrama | jêng tuwan kêkalihipun | dhapur satriya punapa ||

10. pundi pinăngka ing wingking | ing ngajêng pundi sinêdya | Rajèng Mukub muwus alon | manira wong angumbara | iya lan ariningwang | Sèh Binti kêkasih ingsun | Sayid sami ariningwang ||

11. kêcil memang tanpa nagri | saparan kalunta-lunta | mangke sun anêdya ngèngèr | maring kang aduwe wisma | nêdya lami nèng Cina | gumêtêr Ki Babah Puklung | darajate

--- 5: 63 ---

tamunira ||

12. owah dènira alinggih | mudhun alênggah nèng ngandhap | lêmari padha jumêthot | brahala tunggu dandangan | lêlima sarêng rêbah | rêca tapikkong arubuh | prasamya rêmuk sadaya ||

13. wusnya matak Sayid sami | ayat Jabur donganira | sarwi ningali kalênthèng | ngidul ngetan tiningalan | kang rama Sri Nusirwan | adrês wijiling ponang luh | wêlas ningali kang rama ||

14. jumêthot nginggilirèki | gambare kalênthèng rujad | sadaya sirna sungginge | bawur dalancang kewala | bawur rêrênggan sirna | graitèng tyas Babah Puklung | langkung jrih mring tamunira ||

15. mantuk maring wisma aglis | Puklung tutur bêbisikan | mring kakange Nyai Jungkoh | kakang têtamu punika | dede wadose kakang | brahala ing pawon rubuh | gambare kalênthèng rujad ||

16. kadi bawane wong iki | isining jagad sadaya | gustine para Hongtete | nanging sêdyane punika | ngèngèr dhatêng andika | Nyai Jungkoh mau emut | pitutur nujum ing Cina ||

17. nagri Cina tanpa sami | angungkuli para raja | sugih miwah prakosane | praptane apêse benjang | iya gampang kewala | yèn ana satriya ngunthul | praptane tan mawi bala ||

18. iku ngapêsakên benjing | pangwasane Rajèng Cina | Hongtete[4] aris wuwuse | adhi lamun mangkanaa | pikir iki kewuhan | yèn tundhungên dhayoh iku | bok nyata ingkang wilayat ||

--- 5: 64 ---

19. angur binêcikan ugi | lawan pinriha ing ala | puniku kajate ngèngèr | iya têka jurungana | anggusti kabatinan | dimèn eca ki têtamu | matêng pikire mangkana ||

20. Puklung mêdal angaturi | anggèr paduka sirama | saosan toya wingking lèr | wong kêkalih sami siram | Puklung atata-tata | ngrakit pasareanipun | gêdhong kalih linangsenan ||

21. tundha tri mandhala giri | wusnya siram ingaturan | lajênga mring gêdhong kilèn | duk lênggah dhêdharan prapta | ting-ting tangkuwèh aglar | asêsarean wong agung | sarwi anglirik kang rama ||

22. Nyai Jungkoh lan kang rayi | Puklung sami mêmariksa | mring pawon maring kalênthèng | kang sami rusak tulisnya | miwah brahala rêca | rêbah rêmuk angalumpruk | duk praptane tamunira ||

23. ngungun sira aningali | bawur sirna sungging gambar | ni umah maras atine | lungguh lan kiyai tuwa | Dulbasir wuwusira | lah punapa karanipun | gambar rucat sungging sirna ||

24. Nyai Jungkoh lingira ris | hèh ki bapa tanpa krana | pamuke rêca ing pawon | lawan bawure kang gambar | praptane dhayoh bapa | puniku prabawanipun | bok Hongtete namur lampah ||

25. kumêpyur Kyai Dulbasir | ana karasa ing driya | mèmpêr iki pratikêle | si pothèt Marmaya baya | nanging măngsa mrenea | tyasira akêpyur-kêpyur | graitanira sri nata ||

--- 5: 65 ---

74. Sinom

74. Prabu Nusirwan kêpanggih Wong Agung

1. nanging ta măngsa anaa | darajat mangkono ugi | kang liya saking wong Arab | sudibya kunthara yêkti | adate ya si mukmin | mêngkono mangunahipun | sêngit maring brahala | kinêdhèpna bae mati | sun watara dohe lok măngsa praptaa ||

2. nanging bok anak dèn bisa | ngenaki tyasing têtami | manira milu suwita | Nyai Jungkoh anauri | wuwuse Ki Dulbasir | kacondhongan ciptanipun | suwitèng tamunira | ana wêwadine sêkti | rêmpêg samya mèt manahing tamunira ||

3. Nyai Jungkoh lan arinya | katiga tuwa Dulbasir | amarak ing tamunira | nanging ki tuwa Dulbasir | salaminipun sakit | sugih lara netranipun | praptèng gon tamunira | katiga dhodhok ing siti | Radèn Sayid sami tumêdhak gènira ||

4. sarya ngling bibi linggiha | ing kono padha lan mami | Ni Jungkoh matur tur sêmbah | ila-ila ingkang abdi | wong agung angêjèpi | marang Risang Rajèng Mukub | narik Prabu Nusirwan | binêkta lênggah ing nginggil | angandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

5. bibi ywa dadi tyasira | pan wong tuwanira iki | mirib lan wong tuwaningwang | milu ngaku bapa mami | wong agung angabêkti | mangraup angaras suku | Dulbasir kipa-kipa |

--- 5: 66 ---

lali tan èngêt samênir | mring kang putra Wong Agung Surayèng Jagad ||

6. ing warna dene lamurnya | ing swara iya tan eling | wus dilalah karsaning Hyang | tinutupan sinung lali | dadya lêga tyasnèki | Nyai Jungkoh duk andulu | Dulbasir kinasihan | maring têtamunirèki | pan ingaku bapa marma suka ing tyas ||

7. Sèh Binti alon lingira | bibi aja angajèni | lan ingsun nêdya marjaka | angèngèr maring sirèki | sagawenira bibi | tuduhêna ingsun sambut | aja ta enak-enak | ingsun nêdya mati ragi | anglabuhi bibi ing sakarsanira ||

8. Nyai Jungkoh aturira | ingkang punika pan inggih | saking sawêg jêng paduka | inggih paduka kang lami | lan kuwawa amanci | ing sadhahar-dhaharipun | sampun susah ing driya | tuwin pun bapa Dulbasir | pan kuwawa langkunga saking têtiga ||

9. kunêng kang wus sami eca | Nyai Jungkoh kalih kenjing | ana wong gunung kang prapta | rante ginotong ing rinjing | kabotan wong kêkalih | mèyèk-mayèk kang amikul | rante iku kancana | wus awor kalawan siti | pan ingêdol ingajèn rante kuningan ||

10. tinumbas salawe reyal | wong gunung suka nampani | kang adol wus mulih suka | ing wuri kinumbah nuli | rante wusnya barêsih | sirna kang akuthah lêmpung | mulya rante kancana | satus dhêpa winitawis | ingaturkên Hongtete ingkang anumbas ||

--- 5: 67 ---

11. pinaringan kalih lêksa | Ni Jungkoh ciptane pasthi | lamun têtamu kang anyar | muwuhi gawa rijêki | Sèh Binti Sayid sami | kang padha angaku biyung | sugihe dhingin nyata | saking ki tuwa Dulbasir | saya mantêp maring dhêdhayoh têtiga ||

12. enjing malih ana prapta | wong èbèr saking ing wukir | ngatêri êncèh sadandang | tinumbas satus atampi | kang adol bungah mulih | tan wruh yèn isi sotya gung | nyana sawiyah-wiyah | kang adol sapungkurnèki | cèh binuka isi intên lan sêsotya ||

13. jinuwal ing ratunira | pan pinaringan sakêthi | Nyai Jungkoh praptanira | ngundhangi nak putunèki | akarya wisma malih | kadya wismane tumênggung | akèh kang wong malarat | suwita dipun ikudi | dadya wontên tigang atus rayatira ||

14. wau ta ing sakitira | murus ki tuwa Dulbasir | akuthah ginulawênthah | iya dene Sayid sami | ginendhong maring kali | pêndhak ing pukul sapuluh | dinus pinulasara | ing pukul sawêlas malih | pan ginendhong praptèng kalênthèng duk lênggah ||

15. Dulbasir anuli mangan | kuwarêgên goloh kambing | kapesing taine dadya | pupuwan sarwi kumricik | wusana kang jagani | tan awèh anggarap wau | pan nêdya dhinewekan | Sayid sami gawe bêkti | kasrakate sira prabu maratuwa ||

16. langkung dene kapotangan | sira ki tuwa Dulbasir | angrêrintih yèn angucap | apa sun walêskên [wa...]

--- 5: 68 ---

[...lêskên] benjing | anggèr maring sirèki | pun bapa kawêlasayun | sudia kuthah tenja | anak ingsun Sayid sami | Rajèng Mukub miyarsa gumujêng suka ||

17. bapa inggih sok èlinga | binêcikan malês bêcik | tatane wong ngalam dunya | kawula miyarsa warti | saking gumrah wong grami | inggih Sang Prabu Mêdayun | ingkang aran Nusirwan | binêcikan angalani | mring mantune Wong Agung Surayèng Jagad ||

18. sabên papa linabuhan | yèn wis mulya angalani | puniku punapa beda | raja kalawan wong cilik | rajane wong Mêdayin | anggung angalani mantu | punapa jajalanat | dudu ratu kang sayêkti | binêcikan Nusirwan sok gawe ala ||

19. bapa kula dongakêna | wong tuwa sayêkti mandi | muga-muga uningaa | mring ratune wong Mêdayin | sanadyan sun wong cilik | kaya punagi kêkaul | apa rupa manungsa | dene kalakuan eblis | kaparênga wêruh mring Prabu Nusirwan ||

20. nadyan wong ngumbara ingwang | wani anacah ing abir | êndhase Raja Nusirwan | sarwi anyêkêli abir | mangkene bapa benjing | yèn ingsun bisa anêmu | abir ingundha-undha | sarwi mêrang-mêrang siti | sarwi ngucap ingsun ora mêrang lêmah ||

21. anacah dhase Nusirwan | ingsun cacah kaya gori | măngsa ta amalatana | narpatine wong Mêdayin | ratu angrusak adil | măngsa wurunga kaukum | ing dunya ing akerat | tumungkul tuwa [tu...]

--- 5: 69 ---

[...wa] Dulbasir | marêbêl luh pi-api wêtênge kumat ||

22. alon wau saurira | sira ki tuwa Dulbasir | mangkene pangrunguningwang | seje kalawan sirèki | sang prabu ing Mêdayin | langkung sih mring putra mantu | dhasar ingakên putra | durunge dèn tarimani | nanging wadya Mêdayin mire sadaya ||

23. lawan patihe sang nata | iya bangêt nora sudi | dene dudu trahing raja | kang pinèt mantu sang aji | saking sih sri bupati | mila nora nganggo rêmbug | ing nayaka punggawa | miwah kang para narpati | kabèh nyawang mangkene pangrunguningwang ||

24. sang nata sihe kalintang | atmajane jalu katri | awrat maring mantu uga | ing lair têrusing batin | mila ingangkat siwi | kinarya putra prêmbayun | nanging kang para nata | balane Rajèng Mêdayin | pra dipati para ratune santosa ||

25. kabèh ngaturi ubaya | tandhinge mantunirèki | para ratu ambyuk samya | ratune pêsthi nuruti | ratu yèn tan nuruti | ala maring balanipun | padha ratu santosa | yêkti padha dèn turuti | apan wajib ratu asiha mring bala ||

26. Sèh Binti aris wuwusnya | kang jamak ratu nitèni | sanadyan ature bala | pindho ping têlu niwasi | ping pat ping lima maksih | kaping wolu ping sapuluh | ping sawidak pan ora | sapisan tan nêmu bêcik | nêmu papa mêmirang kasurang-surang ||

27. kalunta katula-tula | ngêndi-êndi kang dèn ungsi | kalah dhèwèke kasrakat | têka [tê...]

--- 5: 70 ---

[...ka] nora nganggo mari | ratu kaya bêbayi | liniling êmbananipun | nurut anut kewala | tan duwe dagad pribadi | ratu apa jalêbud anjajahlanat ||

28. bênêr dhingin kang ambegal | ing Mukub Sri narapati | wêruha lamun Nusirwan | baya banjur kinabiri | bandhane dèn salini | linironan băndha asu | bapa kula miyarsa | wêruhe wong Mukub sami | lawan ingkang binegal Prabu Nusirwan ||

29. praptane Sang Kakungingrat | amung kalawan turanggi | anusul kang maratuwa | tan gawa bala sawiji | parandene nagari | ya ing Mukub bêdhahipun | mratuwane wus ilang | saking ing Mukub nagari | pan wong agung anèng ing Mukub sungkawa ||

30. mung wartane para raja | sami utusan anyilib | ngupaya Prabu Nusirwan | prajurit ing Kăndhabumi | kang turăngga sakêthi | salêksa dipangganipun | dharat anasak wana | ngubrês jurang wukir-wukir | katêmua Nusirwan dipun sêsêmpal ||

31. ngulèt amijêt padharan | puringisan Ki Dulbasir | darodosan waspanira | pi-api kabêlêt ngising | wêtêng sakit mulintir | batine ajrih andulu | ulate kadi macan | Rajèng Mukub dènira ngling | ratu kêras dhasare tatag prawira ||

32. Nusirwan pi-api mêdal | bobotan dènnya sêngadi | jatine ngiwa kewala | nèng pojok pawon anangis | dènnya miyarsa warti | kang putra panusulipun | Wong Agung Kakungingrat | tan ambêkta [a...]

--- 5: 71 ---

[...mbêkta] bala siji | saking trêsna Si Ambyah mring jênêng ingwang ||

33. balik para rajaningwang | tuwin putra pra dipati | tan ana nêdya nusula | anglabuhi lara miskin | amung Si Jayèngmurti | katon lêwih trêsnanipun | abintit ingkang netra | lamure wuwuhe malih | sigra wangsul tilas luh pamocungira ||

75. Pucung

75. Pados kajêng kangge sêsaji

1. ya ta wau Sayid sami alon muwus | Sèh Binti manawa | kawêdhar rèhing puniki | dene bangêt sêmune grêdakanira ||

2. alon matur sri naranata ing Mukub | pukulun kawula | anuwun dukaning gusti | mulat maring Dulbasir kêdah amamah ||

3. kêdah gilut balunge dèn kongsi lêmbut | akêdah ngalêthak | ing rama Rajèng Mêdayin | yèn ing ratu gung pratingkah jajahlanat ||

4. durung ngrungu isining donya pukulun | kadi rama tuwan | budine manut wong cilik | ratu miyur satêmah manut ing setan ||

5. ya ta wau Dulbasir prapta alungguh | praptane ni umah | Nyai Jungkoh tutur warti | dèn undhangi Hongtete Sang Rajèng Cina ||

6. wong praja gung prasamya kinon jumurung | ing pamujanira | panjungkunge sri bupati | Adaninggar muga kandhêga ing warta ||

7. milanipun pamujane gêni murub | mèh sundhul ngawiyat | tikêl pat lawan ing nguni | sadèrènge sang nata prihatin [prih...]

--- 5: 72 ---

[...atin] dahat ||

8. pênêdipun inggih milua anjurung | wus rêmbag sadaya | jurung kayu ing sang aji | parandene nora wurung tampi bayar ||

9. nagrinipun ingkang lèr pinggiring laut | nguni inglarangan | wanane dèn sêngkêr sami | mung kang kilèn kidul wetan nigang wulan ||

10. wismanipun adu cocor turut lurung | dadya wong karandhan | Ni Jungkoh nak putunèki | wus kinêrig belani susahing raja ||

11. Rajèng Mukub Sèh Binti pangiridipun | Dulbasir tut wuntat | miwah Radèn Sayid sami | anindhihi karo bêlah wong karandhan ||

12. sabên esuk alêksan kang wong mèt kayu | wadya sanagara | jurung susahe sang aji | panthan-panthan nèng wana nora woworan ||

13. Babah Puklung nèng wana katundhung-tundhung | wonging pra dipatya | mênang papane wanadri | lamun ana kayu gêdhe kinakahan ||

14. tan patyantuk wong karandhan lèrèn ngumpul | sami ngatas paran | karsanira Ki Sèh Binti | dene ênggon wong apês kaponthal-ponthal ||

15. pan katundhung bature para tumênggung | aturing satriya | kang èpèh kudu dhèwèki | Rajèng Mukub sasmita mring gustinira ||

16. ya ta wau Sayid sami lon amuwus | batur aja susah | payo alas kulon iki | angragêmêng rinampasan wong karandhan ||

17. pêthèl wadung karo bêlah padha ngumpul | abir lan bêdhama | angling alon Sayid sami | sanak-sanak padha

--- 5: 73 ---

ênêngna kewala ||

18. yèn wus rubuh kayune kang gêdhe iku | pange rampasana | pan kayu tos bêcik-bêcik | pan kusambi walikukun kajêng sana ||

19. pan wong agung amingkis lancinganipun | amingkis rasukan | amarani wit kusambi | kang sagajah dhinupak pokah wus rêbah ||

20. walikukun sakêbo jinêjêk rubuh | ingkang saturăngga | cinandhak dipun bêdholi | sami suka wong karandhan bungah-bungah ||

21. sadaya wus angrampasi êpangipun | tinata pikulan | kayune tos bêcik-bêcik | Ki Dulbasir angungun gawok tumingal ||

22. sami numpuk wong karandhan suka guguk | tan ana kangelan | mung kari ngrampas nalèni | wus tinata samêkta anèng pikulan ||

23. sami dulu bature para tumênggung | angêmbul sadaya | jêjiyat sami ngakahi | kayu kang wus rêbah rinêjêng ingalap ||

24. arinipun Nyai Jungkoh Babah Puklung | langkung gusarira | briga-brigi cêrik-cêrik | êdir têmên dupèh batur pra dipatya ||

25. Babah Puklung sabature ngagar wadung | nanging tan rinawat | ingêbruk dipun kathahi | Babah Puklung ariwut ngamuk manêngah ||

26. sangêt nêpsu lincak-lincak mêncak wadung | rinêbut ing kathah | Babah Puklung dèn gêbugi | tulung-tulung sambat-sambat biyang-biyang ||

27. Rajèng Mukub sigra dènira têtulung | nênggih mangsah nyandhak | ing gulu anganan ngering | pira-pira mungsuhe ingadu kumba ||

28. Babah Puklung bêksa mêncak ngagar wadung | saya

--- 5: 74 ---

gung kang prapta | wong karandhan wus dèn robi | melik kayu atos kang rêbah balasah ||

29. krura riwut tangkêbe Sang Rajèng Mukub | kang prapta cinandhak | binuwangan tiba têbih | kasayahên Dulbasir adhêrodhogan ||

30. dyan wong agung duk umiyat Rajèng Mukub | lan Puklung rinoban | cinandhak anganan ngering | garonjalan Babah Puklung wus binănda ||

31. Rajèng Mukub bingung tan pijêr têtulung | wong agung anyandhak | kayu gurda geng saèsthi | pan ingundha mubêng nèng asta lir gada ||

32. kang andulu eram asamya malêdug | ajrih bok katiban | măngsa wurunga babarji | Babah Puklung ucul amêgati ngarsa ||

33. apan antuk mêgati wong têlung puluh | anurut dèn arat | milu ngusung kayunèki | wonge karo bêlah wuwuh tigang dasa ||

34. suka ngungun wong karandhan sugih kayu | rumiyin ulihnya | singa mulat kêkês wingwrin | aja wani karandhan gawa panglima ||

35. apan laju nèng pamujan praptanipun | milang wong karandhan | cacahe wus dèn tulisi | juru tulis suka dènira tumingal ||

36. padha kayu wong karandhan punjul-punjul | wau eram mulat | Wong Agung Surayèng Bumi | pamujane lir wukir sayuta kobar ||

37. kadi sundhul ngakasa dahana murub | Sayid sami ngetan | ngubêngi arsa udani | ing wêwêngkon dahana pindha naraka ||

38. ya ta wau Sayid sami matak Jabur | kang donga wasiyat | pusaka ing nguni-uni | para nabi sapungkure tilar donga ||

--- 5: 75 ---

76. Pangkur

76. Wong Agung tantang Prabu Hongtete

1. kang wetan sirêp urubnya | sigra ngidul Risang Surayèng Bumi | sarwi matak ayat Jabur | kidul sirêp urubnya | amung kari kukus kumukus kumêlun | kang tunggu punggawanira | mrêpêki mring Sayid sami ||

2. hèh wong ngêndi lawan sapa | aranira bisa matèni gêni | Sayid sami lon sumaur | pan ingsung wong ing dunya | kang matèni gêni ya Pangeran ingsun | pagene ta ratunira | salah nora duwe budi ||

3. dene gêdhe nagri Cina | padha cubluk tan ana duwe budi | anêmbah ing gêni murub | bêcik sato idhêpnya | atutura maring ratunira iku | si cubluk datanpa ngrasa | pijêr anêmbah ing gêni ||

4. Sayid sami ngilèn samya | bupati kang tunggu gêni ngênginthil | wong agung amatak Jabur | gêni kilèn wus pêjah | amung kari kukuse maksih kumêlun | punggawa Cina angucap | sira iku ulik-ulik ||

5. bisa matèni dahana | baya iki sikir ing Banisrail | Sayid sami sru gumuyu | dene ta sira sêmbah | nora bisa urip dhewe gêni iku | apa gawe sira sêmbah | tan bisa urip pribadi ||

6. punggawèng Cina angucap | sira iki ngajarakên bilai | anacad ing ratuningsun | dumèh nêmbah brahala [braha...]

--- 5: 76 ---

[...la] | gêni murub wus tamtu lêluhur ingsun | apa sira wani aprang | lan ratuku pan sinakti ||

7. Sayid sami saurira | yèn ratumu tan nêdya mêmarèni | anêmbah ing gêni murub | konên mêtu dèn enggal | marenea punggawa sami umangsuk | iya sira antènana | sun matur ing ratu mami ||

8. lah iya mara matura | mring rajamu si cubluk kurang budi | sapraptanira kadhatun | wau kapat punggawa | matur lamun ing jawi wontên pukulun | tiyang satunggal kang prapta | sagêd amêjahi gêni ||

9. pinandêng dahana pêjah | ingkang ngiring pan amung tiyang kalih | waune ngatêrkên kayu | sarêng tiyang karandhan | dangu-dangu amatèni gêni murub | kumêpyur tyase sang nata | dukane kalawan pikir ||

10. yèn ora sun panggihana | iku dadra lamun ingsun panggihi | agawe kanisthaningsun | nata mupus ing driya | ulik-ulik baya iku gawe tênung | wong siji wani anjarwa | tumênggung warahên aglis ||

11. si ulik yèn tuhu nyata | besuk esuk iya têkaa malih | dèn patènana ing besuk | gêni nèng ngarsaningwang | pukul wolu praptaa ing gêni murub | punggawa kalih umêsat | praptèng gèning Sayid sami ||

12. hèh ulik Hongteteningwang | iya besuk balia dèn têmoni | agni ingkang mubal murub | iyèku patènana | iya padha anèng ngarsane Sang Prabu | Sayid sami lon saurnya | iya ingsun bali

--- 5: 77 ---

benjing ||

13. wus mulih marang karandhan | Babah Puklung Sèh Binti lan Dulbasir | kang ngiring lampahnya rawuh | karandhan sinaosan | Ki Dulbasir ngajak ngiwa Rajèng Mukub | anak satêmêne sapa | wijiling wong têka ngêndi ||

14. Sayid sami kadangira | lêwih sêkti sudibya ing ajurit | kayaparan besuk esuk | anantang Ratu Cina | yèn ngasorna Raja Cina ingsun nunut | iya ana mantuningwang | Si Kalana Jayèngmurti ||

15. yèn matia ingsun ganjar | rabi putri marentah para aji | miyarsa Sang Rajèng Mukub | sira ta iku sapa | dudu Ki Dulbasir ing Karsinah iku | pêpêdhotaning narendra | angakua kang sayêkti ||

16. aran padha wong ngumbara | nêdya paran iya dadak akumbi | Dulbasir têka barênjul | anak têmêne ingwang | aja tambuh pan ingsun Ratu Mêdayun | arsa warah Rajèng Cina | yèn putrine dèn patèni ||

17. Rajèng Mukub panasbaran | wiwit angot si bêlis ratu iki | payo rêmbugan dèn tutug | ing kana kang ajêmbar | wetan pawon sangisoring uwit jambu | sapraptanira cinandhak | wangkingane sri bupati ||

18. sinêndhal sampun ingikal | bêlis lanat aja tambuh ing mami | iya ingsun Raja Mukub | kang begal maring sira | lakuningsun sayêkti nusul sirèku | parentahe lurah ingwang | Sri Bupati Kăndhabumi ||

19. aja kongsi caca upa | ingsun kinèn matèni ing sirèki | payo budia dèn gupuh | angadu kaprawiran [kapra...]

--- 5: 78 ---

[...wiran] | rasakêna boboting prang Rajèng Mukub | sun anti amêtokêna | kasudiran sura sêkti ||

20. ingikal kadi likasan | pan gumêtêr angrêrêpa ngrêrintih | adhuh anak Prabu Mukub | pun bapa sampun tobat | uripana akèh ing punaginingsun | sun angèngèr maring sira | sakarsanira nuruti ||

21. sinèlèhakên binănda | lan sabuke Sri Bupati Medayin | ingugêr lan uwit jambu | Rajèng Mukub umarak | ing ngarsane Sayid sami sauripun | Dulbasir edane kumat | sampun kawula tangsuli ||

22. nèng wetan pawon prênahnya | Sayid sami kumêpyur duk miyarsi | umatur Sang Rajèng Mukub | wiwit praptèng wêkasan | langkung awlas ngandika wau wong agung | bênêr yèn iku warasa | angraredhoni prakawis ||

23. sun arsa abăndabaya | lan Hongtete iya sadina benjing | ingsun babar durung ungsum | srumawan wingit lampah | kayaparan karsanira Rajèng Mukub | apa ta babara pisan | Rajèng Mukub matur aris ||

24. pênêt taksiha kalingan | dèrèng tamtu asor unguling jurit | suka gumujêng wong agung | ya bênêr karsanira | panêmbahan tobatêna aja ngaku | payo padha dhinginana | dèn agambuh ing wêwadi ||

Lajêng nyandhak: Menak Malebari.

--- 5: [79] ---

Isinipun.

Kaca:

60. Ngrêmbag pamêtakipun putri Cina. ... 3
61. Layonipun putri Cina badhe dipun pêtak dhatêng Parangakik. ... 7
62. Prabu Nusirwan tindak dhatêng nagari Cina lajêng dipun begal. ... 16
63. Pramèswari Mêdayin putêk panggalihipun. ... 19
64. Pramèswari Mêdayin mundhut tulung dhatêng ingkang putra, wong agung. ... 24
65. Wong agung nusul Prabu Nusirwan. ... 28
66. Raja Mukub têluk dhatêng wong agung. ... 34
67. Wong agung lêrêm wontên kadhaton Mukub. ... 37
68. Prabu Nusirwan kasrakat. ... 40
69. Prabu Nusirwan badhe nglajêngakên lampah dhatêng nagari Cina. ... 45

--- 5: [80] ---

... Kaca

70. Lampahipun Prabu Nusirwan. ... 49
71. Prabu Nusirwan ngèngèr răndha sade roti. ... 55
72. Prabu Hongtete mirêng pawartos pêjahipun ingkang putra. ... 58
73. Wong agung tuwin Raja Mukub ngèngèr răndha sade roti. ... 61
74. Prabu Nusirwan kêpanggih wong agung. ... 65
75. Pados kajêng kangge sêsaji. ... 71
76. Wong agung tantang Prabu Hongtete. ... 75

 


mukim. (kembali)
ajam. (kembali)
Kurang satu suku kata: tuwan kuda lêlampahan. (kembali)
Nyi Jungkoh. (kembali)