Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 3)

Judul
Sambungan
1. Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1178b

Menak Jaminambar

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 3.

Bale Pustaka - 1936 - Batawi Sèntrêm.

--- 3: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 3: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

33. Sinom

33. Patih Duljalal pêjah dening Wong Agung

1. wus prapta turangganira | Duljalal sigra anitih | ngiwa paris nêngên gada | sênggak-sênggak sang apatih | tar wun sira ngêmasi | ajur dening gadaningsun | sarwi ngitêr turăngga | turăngga wêton Siwarjis | sami gimbal asiyung sami rêksasa ||

2. hèh Sultan Kamidilngalam | aja prang kalawan mami | angur sira anungkula | ngêsrahna para narpati | ing kono sira urip | awèt dènira andulu | ing Samsi Nujum Kamar | lamun sira kudu jurit | pan dilalah kukum wong kudu palastra ||

3. ngling Sultan Kamidilngalam | sun têmah yèn kudu mati | ajal tan kenging suminggah | payo gadaa dèn aglis | sigra amutêr bindi | ingantêb gada tumêmpuh | lir gêlap abarungan | tan osik tiba ing tangkis | rame surak wong Arab wong Jaminambar ||

4. kadya guntur magênturan | gêgêtêri kang miyarsi | gada tibèng paris waja | mubal agni mring wiyati | Duljalal Jabarail | asru dènira amuwus | tuhu prawirèng jagad | nadhahi panggada mami | nora obah kang asta pajêg tan owah [o...]

--- 3: 4 ---

[...wah] ||

5. ya Sultan Kamidilngalam | sun pindho ajur sirèki | angangkat gada bisyara | tumêmpuh tumibèng tangkis | jêjêg maksih tan osik | awêtu dahana murub | anulya pining tiga | wong agung maksih tan osik | awurahan surake mungsuh lan rowang ||

6. hèh Sultan Kamidilngalam | tuhu adining prajurit | pantês pinuji ing jagad | tibane gadèngwang iki | sun antêb tibèng tangkis | lakon sadina karungu | prandene nora obah | gyanira nadhahi tangkis | durung tumon kuwate kang kaya sira ||

7. wruh ing cipta runtikira | Adipati Guritwêsi | wus nusul praptèng paprangan | munggwing wurining turanggi | Duljalal tanya aris | wong apa iku anusul | Sultan Kamidilngalam | nolih ya ta anauri | pan prajurit iyèku suwangsaningwang ||

8. Patya Duljalal sru mojar | yèn sira malês ing kami | nya sêlangên gadaningwang | dene gadanira cilik | măngsa karasèng mami | ginadakêna ping satus | Sultan Kamidilngalam | alon dènira nauri | nora susah iya gadèngsun kewala ||

9. atangkisa băndabaya | hèh dèn yitna ingsun gitik | wong agung dyan mutêr gada | gada gêng Husamadimin | Patih Duljalal tangkis | kuwat ing pamupuhipun | wadya surak gumêrah | punang paris mêdal agni | katar-katar kumatar mumbul ngawiyat ||

10. tumiba ing wanawasa | anunu wana anapis | karya barusahing [barusah...]

--- 3: 5 ---

[...ing] satwa | kabrasat akèh ngêmasi | apan kudane Patih | Duljalal gêgêre putung | kapadal ing panunggang | kuwate ingkang ambindi | sira Patih Duljalal tiba kaplêsat ||

11. Jêng Sultan Kamidilngalam | nimbangi têdhak ing siti | Adipati Tasikwaja | ika anyandhak turanggi | dharat dènira jurit | aramya pupuh-pinupuh | adangu aprang gada | apan datan migunani | aprang pêdhang arame pêdhang-pinêdhang ||

12. gumêtêr Patih Duljalal | karepotan ing ajurit | sinamur ing Umarmaya | bineda sêmbranan jurit | dangu dènnya nimbangi | lêlucon anamur kayun | yayah pan dadya bondhan | sirna karingête patih | angandika Jêng Sultan Kamidilngalam ||

13. paran iki karsanira | kabèh kapraboning jurit | tan ana kang dadi karya | iya mung pratingkah siji | kang durung dèn lakoni | agêlar junjung-jinunjung | Patih Duljalal mojar | wuwusira mêmêkasi | dene sira dêdêg pangadêg pan ashar ||

14. ingsun jahas wahid mêlan | têgêse jahas pan inggil | wahid mêlan abirawa | pan ashar wong andhap alit | wêkasaning ajurit | angajak junjung-jinunjung | marmane winastanan | Duljalal mêkasi ing ling | angling nêmah Wong Agung Kamidilngalam ||

15. pan wus jamaking ayuda | singa tiwas angêmasi | măngsa nêdyaa suminggah | Patih Duljalal sru angling | lah iya sun turuti | wong agung ngandika arum | sarwi ngadêg ngarsanya |

--- 3: 6 ---

hèh ingsun junjungên dhingin | sru gumuyu alatah sira Duljalal ||

16. măngsa tan gawêra sira | yèn ingsun bêdhola wukir | sayêkti daut dening wang | babo kudu têmên mati | nyandhak wangkingan aglis | sigra pangangkatirèku | winatara tan obah | kuwate dipun ngèngèhi | winêtokkên sadaya mêksa tan obah ||

17. ingantêb panjunjungira | wanti-wanti tan katarik | amêksa pangangkatira | kongsi tumètès kang gêtih | saking pucuk dariji | sukune amblês sadêkung | Kyana Patih Duljalal | lir ambêdhol arga Wêsi | lah malêsa ingsun tan kuwawa ngangkat ||

18. Jêng Sultan Kamidilngalam | pangandikanira aris | hèh iya sayêkti gantya | sarya anolih ing wuri | Dipati Guritwêsi | anampèni sêmunipun | topong muluk binuwang | wong Arab nampèni wangsit | samya tutup talingan pusuh lan malam ||

19. saksana dènira nyandhak | ikêt pinggange kya patih | ingoyog sarya apêtak | kajunjung Duljalal Patih | gumludhug ing wiyati | gora bajra guntur kêtug | Sang Prabu Saesalam | sadangune aningali | ing ayuda saking ing langit kaping pat ||

20. kagyat tiba saking dhampar | kapilêng tangi tanya glis | hèh Baktiyar iki sapa | kang aprang lawan si patih | ngerami ing ajurit | si patih têka kajunjung | tininggil kadya mêrang | Baktiyar matur wotsari | gih punika Jêng Sultan Kamidilngalam ||

--- 3: 7 ---

21. kang ngadhaton ing Kuparman | Wong Agung Surayèng Bumi | Saesalam malih tanya | kang kaya gêlap puniki | gumludhug ing wiyati | lir prabata sasra guntur | mêtu saka ing apa | ingsun kapilêng tan sipi | barising wong Jaminambar akèh rêbah ||

22. umatur Patih Baktiyar | gih pêtake Jayèngmurti | mijil sing tutuk kêwala | gèdhèg-gèdhèg sri bupati | ya ika si apatih | dèn ikal-ikal mandhuwur | yeka kaya likasan | baya ta banjur binanting | wus binanting Duljalal rata lan kisma ||

23. surake kang baris Ngarab | yayah manêngkêr wiyati | barise wong Jaminambar | satriya myang pra dipati | kèh rêbah kajêmpalik | durung miyarsa kadyèku | gajah miwah turăngga | pating balêbêr anggêndring | kang wadya lit kang apês lajêng palastra ||

24. Jêng Sultan Kamidilngalam | ngawe marang Sang Dipati | Tasikwaja pilihana | iku kang ngaku prajurit | kinarya Jabarail | Saesalam tingkahipun | bahêm untune samya | wong iku gêdhene sami | lawan yayi Prabu Gulangge ing Rokam ||

25. untune wus pinilihan | kinukup ingkang kapanggih | patang puluh wolu samya | kabèh kinathok hèr gêni | intêne untu siji | samya gêng pangaji sèwu | bêgja Kya Umarmaya | Patih Duljalal Jabrail | apan tukang dhêdhawuhakên parentah ||

26. pinrih eram arêsêpa | sadaya kang dèn dhawahi | yèn angucap [angu...]

--- 3: 8 ---

[...cap] gêbyar-gêbyar | gumilat angilat thathit | tan mawi obor malih | yèn lumampah dalu-dalu | amung mangap kewala | padhang kadya dèn obori | sampun bubar kalihe saking payudan ||

27. Wong Agung Kamidilngalam | bojana myang pra narpati | catur sahasa ngayuda | kang mrawasèng mungsuh sêkti | kunêng gantya winarni | wau ta Sang Raja Rabus- | samawati wal arla | ing dalu yeka nimbali | sakathahe para malekat Mukarab ||

28. Mahaprabu Jaminambar | ngandika èsmu prihatin | marang Apatih Sapardan | pira ratu kang wus prapti | kêrigan măncanagri | Patih Sapardan wotsantun | gusti ing tigang dina | kalih èwu ingkang prapti | sakathahe para narpati ngamănca ||

29. sawadya tanpa wilangan | pan ing dintên wau prapti | Gusti Sang Raja Hiyansah | saking tanah Jaminulik | titihane ngajurit | binêkta garudhanipun | benjing enjing yèn karsa | tuwan wêdalna ngajurit | dimèn ngrampas ing pêdhang saking awiyat ||

30. wong wetan măngsa wontêna | kang aprang saking wiyati | inggih pun Prabu Hiyansah | măngka manggalaning jurit | tan wande tumpês tapis | wong wetan prajuritipun | dening Mraja Hiyansah | kang aprang saking wiyati | manthuk-manthuk suka Prabu Jaminambar ||

31. matur malih Sri Sapardan | amba benjing kang jênêngi | kula tumpêse wong wetan | yèn amba sampun akanthi | lan pun Hiyansah Gusti | Ratu [Ra...]

--- 3: 9 ---

[...tu] Sawurda pan gêmpur | sakirna yêkti sirna | sintên prang saking wiyati | sintên nglawan prangipun Raja Hiyansah ||

32. sultane Kamidilngalam | kawula ingkang nandhingi | amba bantinge ing benjang | yèn botên dipun dhingini | gampil yèn botên kongsi | ungêle pêpêtakipun | binanting nuntên pêjah | yèn kongsi pêtake muni | para ratu sintên ingkang ngundurêna ||

34. Durma

34. Wong Agung dipun krubut ing para raja

1. enjang munya kêndhang gong têngaraning prang | bèri gurnang thongthonggrit | gong maguru găngsa | têtêg lêksan sauran | barise wus samya mijil | mungsuh lan rowang | têpung kang punang baris ||

2. kadya guntur gumuntur ngrok magênturan | wong agung sampun mijil | praptèng pabaratan | sawadya para nata | maksih tontonên ing ari | duk wingi seda | Radèn Amir Anjilin ||

3. Arya Maktal kang samya munggwing ngajêngan | Dipati Guritwêsi | alon aturira | inggih paran ing karsa | kathahe mêngsah puniki | kang para raja | ewon wingi kang prapti ||

4. pan akêthèn alêksan kang para raja | yutan wêndran prajurit | langkung andêrbala | ratu ing Jaminambar | sugihe bala prajurit | andina-dina | para ratu kang prapti ||

5. lamun tuwan ngarsakna aprang tandhingan | botên [bo...]

--- 3: 10 ---

[...tên] sampun sawarsi | dene têtimbangan | gungipun wadya tuwan | prajurit kang pra dipati | lan para raja | lamun pranga tinandhing ||

6. sadintêne mêdalna ratu sadasa | kalih dasa upami | paran yèn sampuna | inggih sadasa warsa | paduka angrangkêp kardi | putranta mapan | Pangeran Kaelani ||

7. dèrèng nikah kang wontên ing Jamintoran | lan inggih ingkang wajib | ing nagari Mêkah | sampun lami lairnya | nabi kalipatullahi | putra paduka | inggih nayakèng bumi ||

8. wontên kaol ing kitab Rolatul Arbab | taun wingking puniki | yèn winical pêca | sedane rama tuwan | lan pêjahe Katimtayi | nunggil sawarsa | miwah Nusirwan ngadil ||

9. mila mangke mèh bangase rasulullah | rikatên prang puniki | wong agung miyarsa | nênggih ing aturira | Adipati Guritwêsi | rêntêng kagagas | mangunêng angênèni ||

10. angandika Jêng Sultan Kamidilngalam | mring sagunging para ji | hèh kadang-kadang wang | kabèh padha lèrèna | aja na mangsah ing jurit | yèn têtandhingan | sun dhewe kang ngawaki ||

11. amrih enggal lan maning Si Saesalam | dimène amêtoni | lamun ingsun ingkang | mêtu sadina-dina | yêkti lingsêm ing narpati | yèn wus mijil prang | iku rikating jurit ||

12. sigra mangsah Wong Agung Kamidilngalam | sampun nitih turanggi | pun askarduwijan | kawot kapraboning prang | nêngah ing rana sêsirig | surak gumêrah [gumê...]

--- 3: 11 ---

[...rah] | mungsuh rowang marêngi ||

13. katupiksa dènira Patih Sapardan | yèn ingkang miyos jurit | wus nyata têtela | Sultan Kamidilngalam | Hiyansah wus sinungan wrin | lan kinèn mapag | ing yuda Jayèngmurti ||

14. sigra mêsat ngawiyat Prabu Hiyansah | nitih garudha pêksi | angayuh ngawiyat | surak wong Jaminambar | loke iki mêngko mati | măngsa nănggaa | sinambêr saking nginggil ||

15. niyup ngandhap garudhanira Hiyansah | pêdhangira tinarik | gumêbyar lir kilat | dyan miyat sang wirèng prang | mungsuhe saking wiyati | dyan ngarah-arah | mênthang langkapira glis ||

16. pinarêngan paniyupe Raja Hyansah | kapêthuk ing jêmparing | panah kang kinarya | numpês ditya Jabalkap | kêna jajane kang pêksi | sarêng lumarap | tiba kabruk kang pêksi ||

17. angêmasi kaplêsat Raja Hiyansah | nèng tala kajêmpalik | tangi kêkadhalan | ngungun wong Jaminambar | kagendra glis têmên mati | kêna ing apa | dene tan angudhili ||

18. tan ana wruh yèn jinêmparing sing ngandhap | kasilib ing jêmparing | alon samya mojar | prajurit Jaminambar | baya kuwalat kang pêksi | ngungkuli ingkang | dyan tiba nuli mati ||

19. nyata lamun abot ratune wong wetan | tan kêna dèn ungkuli | garudhane pêjah | Hiyansah burangkangan | wong agung têdhak tumuli | saking turăngga | prang dharat anadhahi ||

20. rame gada-ginada sami

--- 3: 12 ---

prakosa | dangu bindi-binindi | surak lir ampuhan | awor swaraning gada | lir balêdhèg anyambêri | dangu prang gada | tan ana migunani ||

21. sèlèh gada arame pêdhang-pinêdhang | pêdhang tan migunani | sarêng buwang pêdhang | lajêng candhak-cinandhak | Raja Hiyansah sêmu dir | gugup anyandhak | wangkingan Jayèngmurti ||

22. agah-agah anyêndhal Prabu Hiyansah | wanti-wanti tan osik | ingantêb anyêndhal | Sultan Kamidilngalam | kang pada rapêt ing bumi | tan kongkih kangkat | pêksa angungkih-ungkih ||

23. angêntèkkên kuwatira Sang Hiyansah | netrane mêtu gêtih | suku amblês tala | sadêkung kang jarinya | pucuke marêntul gêtih | amêgap-mêgap | Hiyansah kêmpis-kêmpis ||

24. inguculkên Hiyansah sarya sru mojar | angur bêdhola wukir | kabêdhol dening wang | Sultan Kamidilngalam | gantya dènnya nyandhak aglis | pinggang Hiyansah | tinarik wus katarik ||

25. wus tininggil ingikal kadi likasan | sarêng pêtak binanting | luluh awor kisma | balunge ting palêsat | wontên kadange glis prapti | Raja Umêrba | lajêng dènnya gadani ||

26. wanti-wanti anggada Raja Umêrba | cinandhak wus binanting | sumyur ing bantala | Hiyansah lan Umêrba | sarêng dènnya angêmasi | ratu sakawan | umangsah parêng prapti ||

27. cinandhakan kapat pisan wus kabucal | tibèng baris Kohkarib | wus samya binănda | Sultan Kamidilngalam | wuru riwut krura runtik | akèh kang prapta | pra nata dèn candhaki ||

28. prang sadina [sa...]

--- 3: 13 ---

[...dina] Wong Agung Kamidilngalam | angsal bănda para ji | kèhe sèkêt lima | mundur bala kalihnya | dening wus diwasèng ratri | wong Jaminambar | sungkawa sor ing jurit ||

29. bala Ngarab ing dalu samya bojana | ya ta ingkang winarni | Prabu Jaminambar | duka rêntêng kalintang | de pirang-pirang narpati | myang sinatriya | singa mangsah kajodhi ||

30. salaminya aprang sampun kawan căndra | amung sapisan odhil | ping sèkêt kasoran | akèh kang para nata | ana mati ana urip | samya kabănda | atusan ingkang mati ||

31. para ratu andina-dina kang prapta | saking măncanagari | lajêng prang kabănda | tan ana dadi karya | patang èwu prapta malih | kang para raja | ingkang saking pasisir ||

32. angandika Mahaprabu Saesalam | balèngsun akèh prapti | Si Kamidilngalam | wonge wus tèk tan ana | mung iya kang ana iki | prandene prangnya | wong kene kang kajodhi ||

33. tanpa guna kabèh bala Jaminambar | lagi sapisan iki | ana mungsuh prapta | darunge nora daya | apa sun nuli ngawaki | dêstun kaliwat | tanpa gawe para ji ||

34. kadya singa mamăngsa mrih kaoncatan | dukani pra narpati | Kya Patih Sapardan | umatur saha nêmbah | dhuh gusti sukmaning bumi | sampun sungkawa | amba benjing miyosi ||

35. inggih măngsa wandeya pun Kakungingrat | kula kang nyêpêng benjing | ingkang nêmbahêna | inggih ing

--- 3: 14 ---

padukendra | sampun tuwan wancak galih | apan kawula | benjing ingkang mungkasi ||

36. duk miyarsa Mahaprabu Saesalam | ature Kyana Patih | Sapardan mangkana | suka lêjar tyas nata | iya mangkono apatih | wiyahèn uga | yèn ora ko têmêni ||

37. sapa maning Sapardan yèn dudu sira | mungkasi gawe iki | ratu ewon lêksan | wus katog tanpa guna | eman praja dèn ratoni | apês ing aprang | siji tan angudhili ||

38. singa magut kapikut ngringkut kabănda | Si Raja Ngarab iki | lamun pinaluta | iya kang padha guna | pira kadare pan cilik | yèn têmênana | suwe amêcah ranti ||

39. tan kawuwus ing dalu enjing têngara | gubar gurnang thongthonggrit | kêndhang gong wurahan | umyang maguru găngsa | kang baris wêndran umijil | arêbut papan | lir wutahing jaladri ||

40. baris Ngarab wus mijil gumulung kadya | sungapan waudadi | tata barisira | Sultan Kamidilngalam | ginarêbêg ing para ji | wus anèng papan | munggwing amparan manik ||

41. lajêng nitih pun askarduwijan mangsah | kawrat kaprabon jurit | praptèng rananggana | Sultan Kamidilngalam | midêr ing papan sêsirig | asumbar-sumbar | sapa arsa ngêmasi ||

42. hèh ya sapa tan wruha wong Jaminambar | yèngsun surayèng bumi | turasing Dipatya | Ngabdul Muntalip Mêkah | kang pêputra nama Hasim | Hasim kang putra | Sèh Ngabdul Manap yêkti ||

43. Ngabdul Manap kang putra Bagendha Kasah |

--- 3: 15 ---

Kasah ingkang sêsiwi | Mahaprabu Kalab | narpati wirotama | trah Kurès prawirèng jurit | hèh Saesalam | mêtua kene jurit ||

44. aja ngamungakên ngadu para nata | tanpa wêkas ing jurit | payo Saesalam | hèh padha aprang muka | arok băndawala pati | atêpung jăngga | singa tiwas ngêmasi ||

45. akantaran boja rumamrang prawira | dèn padha ngungsi pati | patêkaning raja | manggah manggalèng praja | dik ing rèh tan maharjani | ingkang sumbaga | mangukih mangakahi ||

46. sira langkung kumlungkung nèng madyapada | dur ing rat tan awêrit | angaku Hyang Suksma | sumuk sumêngkèng angga | nguni tan ana kang wani | ing mêngko ana | saananingsun iki ||

47. anèng tanah Jaminambar prajanira | sira kang ngumbar kapti | kaya nora kêna | dêstun muliha aran | yèn sira nora marèni | ngaku Hyang Suksma | yèn maksih pêdhang mami ||

48. tur kang maksih landhêp Si Usamadiman | lawan jêmparing mami | yèku kang anyêgah | murung sakarsanira | rêp-sirêp sagung para ji | wong Jaminambar | ya ta duk amiyarsi ||

49. Kyana Patih Sapardan krura angkara | jwalita lir mêtwagni | baranang kang jaja | jujul ing grêbaning tyas | dikotdi tyasnya mawêngis | nitih turăngga | kawot kaprabon jurit ||

50. krodha nandêr tyas mawa mawinga-winga | yayah kadya matèni | ngrusak ariyuta | milang tulanging lawan | mapan ing rèh tumpês tapis | praptèng payudan | gambuh sampune panggih ||

--- 3: 16 ---

35. Gambuh

35. Raja Sapardan dipun bănda

1. asru dènira muwus | Patih Sapardan apa ujarmu | hèh Wong Agung Kamidilngalam sirèki | iya durung olèh mungsuh | salawasira lungandon ||

2. iki ana tandhingmu | iya kang nandho gonira wudhu | Si Sapardan ingkang Mukarab Mikail | kang anandhang sagêndhingmu | ing prang dèn padha kalakon ||

3. dèn saguh dèn atangguh | sangganên iki panggadaningsun | amasanga tangkis wisesa dèn aglis | nora wurung dadi bubuk | katiban ing gadaningong ||

4. iki bobot rong èwu | lan samas wêsi wasesa agung | ing pandhita pandhega makuwèng wukir | wong agung alon amuwus | payo tamakna maring ngong ||

5. sun têtêgi mrih tutug | sira Sapardan dèn padha tangguh | nora cuwa cêcawangan amrih jodhi | ngakak amutêr gada gung | sigra dènira tumêmpoh ||

6. pinindho ing pamupuh | mêksa tan osik ngantêp ping têlu | asru mojar Patih Sapardan Mikail | tuhu prajurit pinunjul | wêntala ing panggadèngong ||

7. rèh prakosa dibya nung | sêdhêng sinêmbah ing para ratu | amalêsa Wong Agung Surayèng Bumi | nya sêlangên gadaningsun | gadamu cilik samono ||

8. wong agung alon muwus | pan iya wis anggon-anggon ingsun | wus takêre măngsa kêna dèn wuwuhi [wu...]

--- 3: 17 ---

[...wuhi] | saolèhe gadaningsun | lawan bobote kang nganggo ||

9. dèn yitna ingsun pupuh | Patih Sapardan gumuywangguguk | măngsa kumlênêsa tibèng paris mami | norarsa nganggo gadèngsun | sun watara nora gêpok ||

10. amasang tangkisipun | Sultan Kamidilngalam amupuh | kadya gêlap sakêthi tibaning tangkis | angantêp pamupuhipun | suraking wadya gumuroh ||

11. paris mêtwagni murub | kuwat Sapardan panangkisipun | pamadaling kêkapa kang dèn kuwati | gigire turăngga putung | patih kaplêsat tibèng doh ||

12. gumêtêr adêgipun | tangi angangkat gadane gupuh | sigra Sultan Kamidilngalam nêdhaki | Umarmaya prapta nusul | nyandhak askardwijan gupoh ||

13. dangu prang dharat tutug | gada-ginada prasamya ampuh | ngadu yasa arame tibaning tangkis | kadya wukir sasra guntur | gumuntur rok suraking wong ||

14. suwe ramening pupuh | samya prakosa prang gada putus | danguning prang gada gêng tan migunani | sarêng buwang gadanipun | parêng narik pêdhang karo ||

15. pêdhang-pinêdhang caruk | dangu prang pêdhang kalihe putung | dadya rukêt prang popor tarik-tinarik | Raja Sapardan amuwus | lah iki sira macothot ||

16. sun bantinga sirèku | yêkti ajur balungira sumyur | dyan cinandhak wangkingane Bagendha Mir | jinunjung ora kajunjung | Sapardan kuwate ngêtog ||

17. mêksa panjunjungipun | pinêksa-pêksa

--- 3: 18 ---

datan kajunjung | karingêt rah Sapardan pucuk dariji | mêdal rah pating parêntul | marêbêl rah netra karo ||

18. pêdhot ambêkanipun | inguculakên panyêkêlipun | mênggah-mênggèh Sapardan tan eling jurit | anata ambêkanipun | ngungun adangu mandongong ||

19. alon dènira muwus | dudu manusa sayêktinipun | bobotira padha lawan arga wêsi | tan ana kadya sirèku | sabênêr-bênêre uwong ||

20. sun bêdhola gurda gung | yêkti kabêdhol lan oyod daut | junjung sira tan bisa mingsêr sanyari | payo malêsa anjunjung | yèn kangkat bantingên ingong ||

21. angling sira wong agung | dèn prayitna sun malês anjunjung | dyan cinandhak Sapardan wangkingannèki | ingoyog-oyog ping têlu | sarya nolèh Marmaya non ||

22. ngulukkên topongipun | kang baris Ngarab samya andulu | sigra samya sadaya atutup kuping | myang gajah turangganipun | kadi saban kang kalakon ||

23. Sapardan asru muwus | pagene sira yog-oyog ingsun | kadya rare dolanan solahirèki | pan sarya gumuywangguguk | Sapardan dènnya têtakon ||

24. wong agung alon muwus | sun timbang bobot lan kuwat ingsun | kang supaya ywa kalajuk kuwat mami | Sapardan sigra jinunjung | pinarêngan pêtak angrok ||

25. ing awiyat gumludhug | lir wukir sasra gugur gumuntur | wus kajunjung Sapardan nulya tininggil |

--- 3: 19 ---

ingubêngakên mandhuwur | pan kadya likasan kang wong ||

26. wadya surak gumuruh | sigra binanting siti pan kantu | kantakane Sapardan gumuling siti | Dipati Tasikwaja wus | analèni ngawe kang wong ||

27. prapta wadya sapuluh | bandan Sapardan ginawa mundur | sigra Sultan Kamidilngalam nabda ris | parentah manêtêg kondur | sagung baris Ngarab bêdhol ||

28. nulya hyang arka surup | wong Jaminambar nimbangi mundur | ting kalêsik solahing baris prihatin | gêng alit sungkawèng kalbu | dening prang andina kasor ||

29. ya ta Sang Raja Rabus | ingkang anjangkung ing langit catur | duk andulu Patih Sapardan binanting | angungun mangu mangun kung | eram mulat langkung gawok ||

30. sagung kang kantun-kantun | pra prajurit ingkang para ratu | pan sadaya lajêng ngandikan mring langit | myang malekat Mukarabun | aglar sujud ngarsèng katong ||

31. ngandika Raja Rabus | hèh ta sagunging prajurit ingsun | kayaparan dayanira ing ajurit | amungsuh wong wetan iku | yèn tinandhing mêsthi abot ||

32. ya Si Sapardan iku | lan Si Duljalal kaliwat wudhu | durung olèh tandhing sangisoring langit | amungsuh si wirèng pupuh | tan kongsi rong dina kasor ||

33. pira prajurit ingsun | kang kabănda miwah ingkang lampus | lan balane Sultan Kamidilngalami | ya pira wataranipun | ratu pêjah mung roro thok ||

34. kabănda mung salikur | tan ana maning puniku amung | abdi tuwan para ratu kang linuwih | kang sami [sa...]

--- 3: 20 ---

[...mi] prakosèng pupuh | kang tate anăngga bobot ||

35. kang pêjah sangang atus | lan pitung dasa ratu gung-agung | gangsal atus pitung dasa dèn talèni | cinêpêng gêsang pukulun | wong Arab sayêktos abot ||

36. sabên mêdal umagut | satunggal inggih tan wontên wangsul | lajêng bebas kang tan pêjah dèn talèni | ratu sèwu gangsal atus | kang sami punjul prang kalong ||

37. dene kang kantun-kantun | wus samya kêkês tan purun magut | maksih kathah prajurit para narpati | nanging tan wontên kang purun | nanggulang Jayèngpalugon ||

38. sira Sang Raja Rabus | myarsa ature kang para ratu | angandika sarwi angidung pêrasi | aywa na gêmpal atimu | sagunging prajurit ingong ||

39. sun samakake iku | Sultan Kamidilngalam sarpa gung | singa mara sinautan wus ngêmasi | upamane durung mêtu | kang sarpa galak saking rong ||

40. ing besuk lamun mêtu | saking ing ronge yèn ingsun pagut | sun gitika sapisan bae ngêmasi | lir macan anèng garumbul | sayêkti angèl pakewoh ||

41. lamun pinriha lampus | Si Sultan Kamidilngalam iku | durung kêna lamun durung dèn gosoki | wêtune saking garumbul | kang gosoki pagut ingong ||

42. besuk parentah ingsun | sun awakane magut prang pupuh | apan padha undhangna ratu prajurit | dadine aprang garubuh | dèn samêkta para katong ||

43. manawa [ma...]

--- 3: 21 ---

[...nawa] nora lampus | durung karsèngsun sadina sesuk | nora kêna Si Ngarab linawan tandhing | mung urugana lêlampus | robana kèh bala katong ||

44. iku măngsa na bantu | sira ing kene andina rawuh | wantu parêk wong wetan ngumbara têbih | alăngka ingkang ambantu | mangkono ing karsaningong ||

45. sadaya para ratu | ing pamikir rêmpêk dadinipun | wus luwaran Raja Rabusamawati | gantia ingkang winuwus | wong agung mungkur palugon ||

36. Pangkur

36. Ngrêmbag pêrang brubuh

1. Jêng Sultan Kamidilngalam | ambojana sagung wadya para ji | para satriya supênuh | manggala ulubalang | larih midêr gumêrah kang para ratu | para raja Jaminambar | kang samya katawan jurit ||

2. sadaya sami ngandikan | Kyana Patih Sapardan ran Mikail | kang binêkta munggwing ngayun | lan kancane sadaya | praptèng ngarsa alon ngandika wong agung | hèh Sapardan kayaparan | budinira kang sayêkti ||

3. kang pasthi antêping driya | iya ingsun anuruti sirèki | lamun sira kudu lampus | nêmah mati duraka | mati siya-siya anut ing tyas bingung | kang kaya Si Saesalam | sayêkti ingsun patèni ||

4. yèn sira eling manungsa | ing kadadèn gêtih kalawan mani | nora mangkono tingkahmu | ratumu Saesalam |

--- 3: 22 ---

tukang sasar têka angaku Hyang Agung | ngêndi ana pinangeran | ing bumi ana kang wani ||

5. hèh Sapardan wruhanira | ingsun aprang ing praja ngêndi-êndi | kang kasor prang lawan ingsun | kèh ratu măndraguna | durung tumon prajurit apês ing pupuh | mung prajurit Jaminambar | prange kadya rare cili ||

6. mara sira têtakona | anak putu kang padha angrasani | prajurit kang para ratu | prange wong Jaminambar | liwat apês pêrange nora gêguru | êmbuh Ratu Saesalam | kumalungkung anèng bumi ||

7. wau ta Patih Sapardan | duk miyarsa panari mituturi | pasthi palaling Hyang Agung | Sapardan mawa iman | wus karaos ing driya mênêng tumungkul | tur sêmbah ngusapi waspa | dhuh gusti kang murbèng jurit ||

8. măngka manggala musthika | amurdani ing rèh niyakèng bumi | mêrtawisuda dibya nung | ing Rab wus nama lanang | kasumbagèng tri loka satuhu kakung | dhuh Sultan Kamidilngalam | amba anut ing pakarti ||

9. tuwan kalangkung sampurna | nguni-uni inggih dèrèng miyarsi | pitutur ingkang satuhu | kang pantês linampahan | kang santosa ing agêsang manggih lampus | mung inggih sawêg punika | jêng gusti palimarmèng sih ||

10. mangkana kang winicara | dening ahlul carita dalil kadis | duk samana jawab atur | sira Patih Sapardan | tinulisan ing malekat Islamipun | sadurunge maca sahdat | wus pinanci Islam batin ||

11. Jêng Sultan Kamidilngalam | duk miyarsa [mi...]

--- 3: 23 ---

[...yarsa] Sapardan turirèki | wong agung suka kalangkung | têdhak saking amparan | anguculi Sapardan pusaranipun | wus tinarik astanira | kinèn lungguh lan para ji ||

12. pinisalin ing karajan | kinèn sadat Sapardan anglampahi | myang sadaya para ratu | prawira Jaminambar | wus tinarik anut Sapardan tumurut | sadaya wus linuwaran | ratu limang atus sami ||

13. apan langkung tigang dasa | sinadatkên sadaya wus nglampahi | sinrahkên Sapardan sampun | kabèh tan ana ilang | karatone pinacak atunggal lungguh | lawan sagung para raja | Sapardan kang madanani ||

14. anunggil ratu pangarsa | sira Raja Sapardan dèn kasihi | wus abakuh tekadipun | kandêl amawa iman | sakancane limang atus têlung puluh | wus iman sami santosa | sami sukane tyasnèki ||

15. Raja Kalbujèr tur pirsa | tur pawartos Dipati Guritwêsi | pan inggih ing wau dalu | rêmbage Saesalam | benjing enjing amêdali prang garubuh | yèn sampun ngawaki yuda | lajêng garubuh ing jurit ||

16. lajêng tumamèng ngayunan | tur pawartos yèn badhe aglar salin | Saesalam prang garubuh | wong agung angandika | hèh Sapardan mangkono pawarta iku | umatur Raja Sapardan | kadya lêrês kang pawarti ||

17. prajurite sampun têlas | andêling prang kang prawira ing tandhing | kantun para ratu rusuh | nanging tanpa wilangan | kang prajurit inggih [ing...]

--- 3: 24 ---

[...gih] sèwu gangsal atus | kang para ratu gêgala | sadaya pan sampun kêni ||

18. kang pêjah myang kang kabănda | samya wudhu ing aprang wingi uni | mung punika pês prangipun | ingkang kanin akathah | nanging sami dhèrèk byung anawon kambu | tan wontên ingkang abahan | matêng gulanging ajurit ||

19. Jêng Sultan Kamidilngalam | angandika marang raka myang ari | yayi undhangna pra ratu | padha amêmataha | prajurite kang asaos prang garubuh | aja barêng agilira | pinrapata kang para ji ||

20. ana nêm atus sadina | para ratu saprajurite kêrig | bupati satriyanipun | padha matah-mataha | prajurit kang turăngga lan dharat iku | jênggiri padha pisahna | gêlara sulus piyatin ||

21. miwah prajurit wahana | èsthi lawan pragalba lan karêndhi | bihal andaka lan sênuk | ngrong păntha kering kanan | nora nistha gêlare rada malincur | karana wong Jaminambar | sanepa kadya jaladri ||

22. wong agung ing Parangteja | undhangipun warata kang para ji | kunêng tan winarnèng dalu | enjang wong Jaminambar | atêngara gurnang kêndhang gong gumuruh | thongthonggrit maguru găngsa | bèri bêndhene tinitir ||

23. têtêg lêksan asauran | samya kagyat wong Arab animbangi | gumuruh têngaranipun | sagunging baris mêdal | mungsuh rowang wus apajêg barisipun | nanging bala Jaminambar | dalêdêg kang pra prajurit ||

24. kadya

--- 3: 25 ---

sungapan samodra | kang wadya Rab graita masang rakit | sampun aglar para ratu | Sang Prabu Saesalam | ngandika mring kang malekat Mukarabun | pundhutên busananingwang | kabèh kaprabon ngajurit ||

25. sampun sumaos ing ngarsa | wus rinasuk makutha abuka sri | kawistha bra manik murub | sunar anut raditya | intên sasra sakênari agêngipun | munggwing rêngganing makutha | dinulu ngebat-ebati ||

26. makutha lir diwangkara | kinêrabu mutyara lan widuri | markata yakut jumêrut | lawan kang para raja | tikêl ping pat agênge makutha prabu | tulya girindra pawaka | wistara ngebat-ebati ||

27. abajo baligêr tundha | akêre mas sarasah manik wrêdi | alapis wêsi balitung | tinatrap sinadur mas | sap ing dhadha pinindha-pindha binandhung | dhinandhang ing mutyaara | angênèni kanan kering ||

28. abate mas kinalata | ing hèr gêni satêpèng manik lungid | sajêbug-jêbug hèr laut | têtirip talajug mas | têrah mantên mutyara mangkawa nguwung | agora garudha nêba | ginongsor lan Endragiri ||

29. kêrange pêdhang minardya | ing sêsotya samas sela basuki | pitung yuta ajinipun | hèr kilat munggwing kêrang | miwah ulu pêdhang intên ing tri atus | apêpatar catur yuta | kentar ujwala nêlahi ||

30. tan kêna yèn winuwusa | busanane Sri Rabusamawati | ratu ing ngalam donyèku | tan ana kang mangkana | tuhu seje lawan [lawa...]

--- 3: 26 ---

[...n] para ratu-ratu | gada wrat rong èwu dhomas | rinêngga srining hèr thathit ||

31. turăngga waladi yaksa | gêng aruhur ran kuda janggisêri | kinurung langit kapitu | korine bale ngaras | binusanan sampun binêkta tumurun | malaekat têlung widak | ingkang rumêksèng turanggi ||

32. sawusira abusana | Sri Bupati Sang Rabusamawati | anuduh Sang Raja Maklub | ratu agung minăngka | malaekat Ngisrapil Sang Raja Maklub | amangsahna garubuh prang | mundur Sang Maklub Ngisrapil ||

37. Durma

37. Para raja balanipun Wong Agung kathah ingkang kapupu ing prang

1. praptèng papan Sang Raja Maklub parentah | garubuh mêngsah jurit | têngara wurahan | gumulung para nata | miwah satriya bupati | wong Jaminambar | mangrok sagung prajurit ||

2. wong Kohkarib ingkang aduwe bubuhan | pangiriding prajurit | kang nitih turăngga | èsthi tuwin kang dharat | angrok parêng anadhahi | nêm atus nata | saprajurit turanggi ||

3. lir samodra pagut têmpuhing ayuda | angurugi pêpati | bala Jaminambar | gumulung mangsah rampak | kadya ditya anon daging | prajurit Ngarab | gêlar sulus piyatin ||

4. pinra tiga dharat ingkang munggwing samya | kang wahana kudèsthi | munggwing kering kanan | masuk pangawat kiwa |

--- 3: 27 ---

sulus piyatin pakolih | pawor liwêran | parêmpaking ajurit ||

5. kadya mina mamăngsa sajroning toya | prajurit ing Kohkarib | angidak anunjang | caruk rok gada pêdhang | duduk miwah cacap lêmbing | ramene aprang | pira-pira pêpati ||

6. kadya ngilês anèng têgal palimunan[1] | prajurit ing Kohkarib | bala Jaminambar | para ratu satriya | atusan ingkang ngêmasi | têtindhihira | Maklub pêjah ing jurit ||

7. Raja Banuarli ingkang amarwasa | ratu kadang Kohkarib | pêjah kang sadasa | dening Maklub kang krodha | namane ingkang ngêmasi | Raja Baritma | Maliritma lan malih ||

8. Raja Jeras Malijeras kang palastra | Raja Kanjir Mukanjir | Raja Ardisamat | Ardikapi palastra | Raja Edris Maliedris | jangkêp sadasa | ratu kadang Marmadi ||

9. wontên swara gora gurnita gênturan | tumurun saking langit | lir maguru găngsa | ingkang măngka pratăndha | têdhak Rabusamawati | sapih wus piyak | wong Jaminambar sami ||

10. wruh kalamun pangerane Saesalam | badhe ngawaki jurit | kang prajurit Ngarab | kadho sami umulat | têdhake sri narapati | ingayap-ayap | bala busana rukmi ||

11. kang garêbêg ing wuri myang kering kanan | pra malekatirèki | busana bêranang | lir wijiling baskara | enjang saking jalanidi | umyang gumêrah | solahe among jurit ||

12. praptèng ngandhap [ngandha...]

--- 3: 28 ---

[...p] ing papan madyèng palagan | lajêng nitih turanggi | suri jatha gimbal | jênggisêrsari pelag | mobra busana rinukmi | agêbyar-gêbyar | lir andaru sêsiring ||

13. sarwi mojar anèng luhuring turăngga | ngidung-ngidung pêrasi | hèh wong Jaminambar | dèn bêcik surakira | ingsun arsa amundhati | kang tunggul naga | iku kagungan mami ||

14. lan amparan jumêrut saking Ngajêrak | ngêtab turăngga nyirig | apan kadya yaksa | rakite kang turăngga | rowa pun jênggisêrsari | amandhi gada | yayah sang danojaji ||

15. samya eram wadya Rab ingkang tumingal | Sang Rabusamawati | gung luhur prakosa | parigêl ing turăngga | sêsumbar anguwuh tandhing | payo wong Arab | sapa kang arsa mati ||

16. papagêna ing kene abăndayuda | sigra Raja Pirkari | umarêk ing ngarsa | matur mangsah linilan | galih asêm punang bindi | agêng apanjang | kinolong wêsi rukmi ||

17. nandêr mamprung anèng rana yun-ayunan | Saesalam sru angling | hèh kaki wong apa | tuwa amagut ing prang | apa ta nujum sirèki | măngka têtumbal | sêngol dènnya nauri ||

18. ingsun Ratu Kaswiri Pirkari ingwang | iya kang buyut mami | Natèng Kaos nama | Sri Sayid Ibni Ngumar | pamanane Prabu Jobin | tuwa gêgala | gumujêng sri bupati ||

19. iya kaki dèn prayitna ingsun gada | mutêr gadanira glis | bala Jaminambar | surak kadya ampuhan | tumêmpuh [tumê...]

--- 3: 29 ---

[...mpuh] gada narpati | tangkis lêgawa | sira Prabu Pirkari ||

20. gada gêng wrat ingkang kalih èwu dhomas | rêmpu Raja Pirkari | ajur mor turăngga | wus rata lawan kisma | surake gumuruh atri | wong Jaminambar | yayah nêngkêr wiyati ||

21. prapta Raja Bustami lajêng ginada | rêmpu rata lan siti | lawan kudanira | Prabu Sahilman prapta | ginada rata lan bumi | Sang Raja Salsal | ing Kalakodrat prapti ||

22. nitih macan praptèng rana yun-ayunan | sapa sira kang prapti | tunggangane macan | baya dene prawira | yèngsun andêling prajurit | narpa dandanan | Raja Salsal ran mami ||

23. Ratu Kalakodrat prawira digdaya | Saesalam mawêngis | kalingane sira | Narpati Kalakodrat | kang anuntun mungsuh iki | mulane prapta | nèng Jaminambar iki ||

24. anut sira Si Sultan Kamidilngalam | sandhangên ukum mami | payo atangkisa | parise ingsun gada | Raja Salsal masang tangkis | nulya ginada | jumêbrèt tibèng tangkis ||

25. paris sumyur macan pêjah kapalêsat | Salsal tiba ing siti | tangi ngayat gada | gumêtêr kang sarira | pinindho rata lan siti | Sang Raja Salsal | pan sampun angêmasi ||

26. kadya guntur surake wong Jaminambar | unggul dènira jurit | asru sênggak-sênggak | Sang Prabu Saesalam | Raja Siryalam anitih | turăngga ngêrap | praptèng papan wus panggih ||

27. hèh wong Arab kang prapta sapa ranira [ra...]

--- 3: 30 ---

[...nira] | nora na kapoknèki | kancane kèh pêjah | pinarag gadaningwang | sun Raja Asmarakandi | aran Siryalam | dêstun arsa ngrasani ||

28. aprang lawan Saesalam kaya sira | singa tiwas amati | apa jrih ing jajal | iku dudu prawira | Raja Rabusamawati | angangkat gada | gitik waja ngajrihi ||

29. masang tangkis ginada Prabu Siryalam | turanggane ngêmasi | tiba kapalêsat | tangi lajêng cinandhak | inguncit tininggil-tinggil | kadya likasan | dangu lajêng binanting ||

30. rêmak-rêmpu kunarpanira Siryalam | gumuruh suraknya tri | wadya Jaminambar | yayah manêngkêr wiyat | ratune unggul ing jurit | wong Jaminambar | sami suka tan sipi ||

31. duk tumingal byat runtik Raja Banisam | nandêr Raja Daryadis | prapta yun-ayunan | Sang Prabu Saesalam | sira iki prapta malih | gawok sun mulat | ya mring wong Arab iki ||

32. nora ana kang kapok dulu wayangan | kancane akèh mati | kêna gadaningwang | prandene akèh prapta | wani-wani têmên mati | sapa ranira | ingsun Raja Daryadis ||

33. ratu andêl kuthaningsun ing Banisam | Sang Rabusamawati | sigra ngangkat gada | amasang tangkisira | wau Sang Raja Daryadis | katiban gada | luluh awor lan siti ||

34. prang sadina Sang Aprabu Saesalam | ratu wadya Rab sami | apan kalih dasa | ingkang pêjah ginada | dening Rabusamawati | wau kang aprang | bubar kasaput ratri ||

--- 3: 31 ---

35. parêng nêtêg wus mundur mungsuh lan rowang | ya ta wau ing ratri | lajêng abojana | Sultan Kamidilngalam | aglar kang para narpati | tuwin satriya | prasamya nguswa wèni ||

38. Sinom

38. Wong Agung pêrang kalihan Prabu Rabusamawati

1. wau Prabu Saesalam | atri bojana sawêngi | aglar kang măngka malekat | tuwin kang para narpati | satriya pra dipati | ngandika marang ing luhur | praptèng langit kasapta | angling Rabusamawati | hèh wong ingsun kayaparan tingkah ingwang ||

2. matèni prajurit Ngarab | kang padha prawirèng jurit | tan karasèng astaningwang | sujud kang para narpati | dhuh pangeraning bumi | saèstu tuwan pinunjul | tan wontên kadi tuwan | kadi benjing tumpês tapis | para ratu Ngarab kêni gada tuwan ||

3. mung Sultan Kamidilngalam | wikana bilih kuwawi | nadhahi pêpukul tuwan | dene rijale wal arli | munada surèng bumi | ing tribuwana pan kasub | mila purun anggêcak | mring Jaminambar praja ji | dene sampun kentar ing janalokaya ||

4. nanging inggih pintên bara | dene botên agêng inggil | dêdêge Sang Kakungingrat | pasthi kasaban ing bindi | Baktiyar matur aris | pasthi lamun ajur mumur | lamine ngakak-ngakak | saking dèrèng angsal tandhing | yakti mangke katanggor

--- 3: 32 ---

nèng Jaminambar ||

5. ngandi Sri Saesalam |[2] Raja Rabusamawati | sanadyan anaa sasra | nyawane Sri Bagendha Mir | sirna ing gada mami | marang di pangungsènipun | matur para malekat | saèstu pangandika ji | jêr tuwanku kang amurba ing buwana ||

6. lah iya ing benjang enjang | sun ngawaki ing prang malih | sun tumpêse babarpisan | wong Arab aja na kari | sun bebasne ngajurit | dimèn gêmpur dimèn tumpur | Sultan Kamidilngalam | sun pithêse yèn mêtoni | sênggak-sênggak Mahaprabu Saesalam ||

7. kunêng gantya winursita | kang samya prih mrêdyèng ati | Jêng Sultan Kamidilngalam | kang bojana lan para ji | ing dalu ngiras sami | pagunêman lan pra ratu | alon dènnya ngandika | Wong Agung Surayèng Bumi | pan sêmbada prakosane Saesalam ||

8. gêng luhur gagah birawa | widigdaya ing ajurit | prayoga gêng abirawa | prakosa sumbagèng jurit | emane ratu iki | têka angaku Hyang Agung | tur sêmbah para nata | dawêg-dawêg ing ajurit | kari papak lan rayi paduka Ngrokam ||

9. wingi ing tingal kawula | bilih maksih kèh kang kari | solah gêlaring ayuda | manawi mung kadi wingi | maksih kêkacèn ugi | lan rayi tuwan pukulun | Prabu Gulangge Ngrokam | kaot arikat têrampil | sêrêng kêbat tangkêpe pun Saesalam ||

10. rayi paduka ing Rokam | sêrêng gumriyêng

--- 3: 33 ---

mêdosi | agalak botên caluthak | purun sarèh angantuni | lamun amasang tangkis | tan katawis yitnanipun | tuwin yèn ngangkat gada | apan botên briga-brigi | malah mèsêm amrih wêtune rakasa ||

11. gumujêng Gulangge mojar | lah anggèr ing Ngalabani | punapa botên angumpak | pun kakang sayêktos ajrih | opyak para narpati | pan èstu sayêktosipun | otote Saesalam | pantês kacèk pitu sisih | kalumpuke otote kacèk nêm bêlas ||

12. lamun kinêmbara ing prang | baène wani ngarèni | gumêr ingkang para nata | sangsaya gung kang para ji | ngudhoni nyênyumbari | ngajap tinandhing prang pupuh | ratu sèkêt sêsanga | kang kêdah sura tinandhing | angandika Jêng Sultan Kamidilngalam ||

13. iya kabèh sun tarima | antêpe ratu prajurit | dene kadugane samya | yèn mêtu paprangan jurit | yèn mêlêng anyumbari | Saesalam marang ingsun | dadi ingsun sêmbrana | buwang kurmating para ji | lamun ora ingsun dhewe kang tumandang ||

14. kunêng dalu winursita | enjinge têngara muni | Jêng Sultan Kamidilngalam | miyos ginrêbêg para ji | sagung wadya kang baris | sakenjing tata atêpung | lan baris Jaminambar | Raja Rabusamawati | sampun mijil anèng rana pabaratan ||

15. gora-gara kadi wana | turune sagunge baris | kang pindha ambulu gurda | gunging wahana kudèsthi | blêgêdaba jênggiri | mong bihal karêndhi

--- 3: 34 ---

sênuk | endah mèmrèng andaka | tunggul daludag tulya sri | kang minăngka asrining wana tumruna ||

16. dyan têdhak saking amparan | Maha Rabusamawati | arsa ngawaki ngayuda | saking sêngsêm ing prang wingi | nitih jênggisêrsari | kawot kaprabon prang pupuh | surak anglir ampuhan | jênggarang lir danojaji | pratingkahe Mahaprabu Saesalam ||

17. praptèng madyane ranangga | sêsumbar sri narapati | hèh Sultan Kamidilngalam | pagene nora mêtoni | ingsun rong dina iki | yuda sira tan umagut | apa wêdi maring wang | yèn wêdi ngêsrahna aglis | balanira miwah para raja-raja ||

18. tuwin anak rabinira | anuta tabiat kapir | ya ta kalane miyarsa | Kudarya Mraja Sêmbaji | marêk ring jêng sultani | kawula anuwun magut | mêthuk pun Saesalam | saking tan bêtah miyarsi | angandika Sang Prabu Kamidilngalam ||

19. hèh kakang Prabu Kudarya | aja sira mêtu jurit | manawa kaparèng tiwas | Si Saesalam linuwih | tan ana iya nênggih | kang momong pulunanamu | ya Si Ismayatmaja | lan Si Rabusamawati | amung ingsun kakang kang dèn ănta-ănta ||

20. dadya kurang kurmat ingwang | de anguwuh[3] tan mêtoni | ratwagung Si Saesalam | andhêku Mraja Sêmbaji | angrasuk busana di | pusaka wasiyatipun | para nabi sadaya | rinasuk kaprabon jurit | sigra têdhak Jêng Sultan Kamidilngalam ||

21. saking amparan rinêngga | anitih pun askarduwi [a...]

--- 3: 35 ---

[...skarduwi] | duwijan sampun samêkta | kawrat kapraboning jurit | kang saking para nabi | sadaya pusakanipun | kapraboning ayuda | kinêtab turăngga nirig | kadya guntur surake wadya Kuparman ||

22. sira Prabu Saesalam | miyarsa surak munya tri | kadya angrêbahna kasa | beda lawan wingi-wingi | tuwin ing nguni-uni | mung mangkya langkung gumuruh | lan ana ingkang mangsah | ujwala mancur nêlahi | nèng turăngga wus nrêka yèn Kakungingrat ||

23. dangu-dangu kawistara | wontên prajurit tur paksi | pukulun dèn aprayitna | dhuh Pangeran Samawati | punika kang miyosi | pan pun Karabul Maonun | Sultan Kamidilngalam | sênggak Rabusamawati | apan iya sajêge sun ayam-ayam ||

24. sigra angêtap turăngga | Maha Rabusamawati | jênggisêrsari ngatepang | angitêri Jayèngmurti | sarya sru dènira ngling | hèh Amir sayêktinipun | sira mapag maring wang | lir nêmu rêtna sawukir | liwat suka sun arsa aprang lan sira ||

25. apêpongo sagotongan | sira wani prang lan mami | dene kaliwat kuciwa | sun agung luhur sira lit | tan wus sira ngêmasi | sirna anèng gadaningsun | măngsa gawêra pira | tan wurung rata lan bumi | Saesalam sênggak-sênggak latah-latah ||

26. Saesalam bauruan | kidunge kidung pêrasi | artine kidung mibêra | kêthap-kêthap maring langit | sok katona sirèki | samăngsa katon [ka...]

--- 3: 36 ---

[...ton] sun tubruk | măngsa dadak luputa | tur nora bisa sira Mir | ngayuh wiyat lawan malih katingalan ||

27. apa margane mênanga | sira prang kalawan mami | hèh Sultan Kamidilngalam | elinga nungkula aris | nora rusak sirèki | sun kasahi[4] lan sun ulung | wadyamu para raja | tan owah maksih sirèki | nadyan wonge Jaminambar lurahana ||

28. Jêng Sultan Kamidilngalam | alon dènira nauri | hèh ratu ing Jaminambar | sawuwusira tan sisip | lamun narpati luwih | ing rat pinudya pinunjul | nanging mamak kaliwat | sira angaku Hyang Widi | nora wurung nêkani cintakanira ||

29. satêmêne Saesalam | yèn sira arsa basuki | tobata maring Hyang Suksma | saking panasar salami | ananira ing urip | pan iya uripirèku | ana ingkang anitah | kang agung kang maha suci | kang akarya jagad miwah langit jêmbar ||

30. nora kaya langitira | jêmbare amung rong wêngi | liwat saking tanpa nalar | sira angaku Hyang Widi | karya dosa gung pasthi | siya-siya ing anggamu | awèh guyuning jagad | sapa ngandêl ing sirèki | manawa ta rare ngumur têlung warsa ||

31. ratu kang padha anêmbah | ing sira satêngah anjing | dudu tingkahing manungsa | nêmbah wong nguyuh angising | kang pasthi maha sukci | mungguh anane Hyang Agung | ngêndi ana Hyang Suksma | têka maksih ana wani | wong Kuparman kang wani mocok dhasira ||

32. kalangkung bramantyanira [brama...]

--- 3: 37 ---

[...ntyanira] | sira Rabusamawati | hèh Sultan Kamidilngalam | sira ratuning praduli | nênisip solah mami | lah iya solahirèku | kêmat tur panêluhan | dene nora agung inggil | ambandani para ratu kang prakosa ||

33. yêkti kêmating sajagad | polahira iku pasthi | hèh Sultan Kamidilngalam | sira gêgêdhêging bumi | alon dènnya nauri | pan parentahing Hyang Agung | amruhakên wong sasar | kang băngga wênang matèni | kaya sira yèn băngga pasthi sun sulah ||

34. krodha mangkrak Saesalam | amutêr gadanira glis | hèh Sultan Kamidilngalam | asambata kang ayogi | katiban gada mami | nora wurung anggalêpung | bobote gadaningwang | salêksa rong èwu kati | dèn atangguh aywa mundur ing ayuda ||

39. Durma

39. Santun gêlaring prang

1. masang tangkis Jêng Sultan Kamidilngalam | gada gêng anibani | sarwi sênggak-sênggak | Sang Prabu Saesalam | orêg bumi kadya gonjing | pandhola ngambak | surak gumuruh atri ||

2. rosanira panggadane Saesalam | kuwate kang nadhahi | awêtu dahana | mubal akatar-katar | gègèr anibani baris | wong Jaminambar | samya muji ing gusti ||

3. panggadane angorêgakên bantala | sapa kêlar nadhahi |

--- 3: 38 ---

ratune wong wetan | pasthi rata lan tala | wau ta ingkang ajurit | tibaning gada | kuwate kang nadhahi ||

4. turăngga pun askarduwijan kawratan | suku tumancêb siti | sadêkung amblêsnya | anjrit sarwi lumumpat | sirna dahana kaèksi | mubêng mêndhapan | eram kang aningali ||

5. iya tuhu kuwat ratune wong wetan | sigra dènnya ngayati | hèh Sri Saesalam | lah sira dèn prayitna | sun walês masanga tangkis | Usamadiman | pinutêr liwat luwih ||

6. dyan ginada ing Sultan Kamidilngalam | kadya gêlap sakêthi | rosaning panggada | mubal wêtu dahana | wong wetan surakira tri | turangganira | Sri Rabusamawati ||

7. pan sadêkung sukune tumancêb tala | gumêtêr sri bupati | bêbalunge obah | kang rong atus sawidak | kudane lajêng ngêmasi | tiba kajêngkang | Sri Rabusamawati ||

8. kadya guntur surake mungsuh lan rowang | kang aprang olèh sisih | sêktine kewala | agêng luhure beda | anglir singa mungsuh èsthi | Sultan Kuparman | singa Sesalam èsthi ||

9. gya anarik pêdhang majêng Saesalam | krura angkara wêngis | laraping kang pêdhang | lir kilating baskara | kadya anggêmpurna wukir | sèwu sakala | Sang Rabusamawati ||

10. sigra têdhak Jêng Sultan Kamidilngalam | nèng ngarsane turanggi | angling Saesalam | hèh iki patinira | sapa kang kêlar nadhahi | ing pêdhang ingwang | pamunahing sabumi ||

11. sigra

--- 3: 39 ---

tangkis Jêng Sultan Kamidilngalam | amung lawan camêthi | kang saking Ngajêrak | pusaka Jêng Suleman | pêdhang lumarap nibani | wong agung sigra | anabêt ing camêthi ||

12. pêdhang sumyur kari ulune kewala | Dipati Guritwêsi | praptèng wurinira | Sultan Kamidilngalam | wau Rabusamawati | nyawatkên sigra | mring Sang Surayèng Bumi ||

13. wus katangkis ing camêthi kapalêsat | tibane pan ingambil | marang sang dipatya | gumujêng duk tumingal | Risang Saesalam Aji | hèh Umarmaya | kaya kere galithis ||

14. pêpantêsmu amupu ing bêbujadan | satriya anjêginggis | ngalap rêrusakan | mung aji pitung yuta | Adipati Guritwêsi | lon saurira | yèn ora sun rawati ||

15. sayêktine dadi donya siya-siya | tan arus tur mubadir | kagunganing raja | ya pantês kinurmatan | Saesalam asru angling | hèh padu apa | si kere liwat cêdhis ||

16. nyandhak bate bate Prabu Saesalam | inguncalakên aglis | ênya tampanana | kere wetan dèn enggal | iki bate bate mami | pan patang bara | ajine malah luwih ||

17. Umarmaya anampani lênggak-lênggak | sarwi ngidung pêrasi | Ratu Jaminambar | eman ngaku Hyang Suksma | bêlaba kapati-pati | duwea iman | dadi ratuning wali ||

18. tan kumêdhèp buwang donya patang bara | mangkana kang ajurit | asalin gêgaman | dangu dènira yuda | sagung pasikêpan [pasikê...]

--- 3: 40 ---

[...pan] jurit | rêmpu sadaya | tan ana migunani ||

19. sabarang kang astra pan datanpa karya | samya digdayèng kalih | sami kuwatira | samya gunaning aprang | kang ahlul kojah mèngêti | dènira yuda | Sang Saesalam Aji ||

20. pitung dina lan Sultan Kamidilngalam | riwusnya pitung ari | Prabu Saesalam | angrasa yèn kasoran | marlêsu angganira ji | lawaning aprang | wantèg prawiranèki ||

21. dèrèng măntra sayah Risang Surayèng Rat | prakosanira maksih | aimbuh amêngsah | apan imbuh sudira | marlêsunira apan nir | awêwah ragad | mangkana kang winarni ||

22. saundure aprang Sang Sri Saesalam | bojana nuju ratri | ngumpulakên wadya | para ratu prawira | supênuh ngarsanira ji | alon ngandika | Sri Rabusamawati ||

23. hèh sakèhe para ratu balaningwang | ingsun tutur sayêkti | yudane wong wetan | tan kêna ginagampang | yèn linawan ing prang tandhing | ingsun angrasa | kasoran ing ajurit ||

24. angganingsun kang mau sanepanira | yèn masa satus kati | ing mêngko ananya | iya prajurit wetan | bobote kari satail | hèh kawruhana | iku pangrasa mami ||

25. ingsun aprang lan Sultan Kamidilngalam | arsa sêsambat isin | iku batin ingwang | yèn gada yèn amêdhang | sapa kang sanggup nadhahi | ratu bang wetan | ingkang padha mamburi ||

26. ana wani anglawani yudaningwang | kang ora amarêngi [a...]

--- 3: 41 ---

[...marêngi] | ngajale palastra | kêlar nadhahi padha | iya gênge gada mami | ing bauningwang | kongsi mar tanpa odhil ||

27. apadene yèn Sultan Kamidilngalam | sajêg ingsun ngajurit | durung ngrasanana | panggitik kang mangkana | miwah dènnya masang tangkis | dene tan obah | upama gunung wêsi ||

28. tan karasa yèn tinêmpuh ing maruta | iku ta ebat mami | tuhu nora kêna | linawan têtandhingan | sesuk yèn mêtu ajurit | prajurit ingwang | ingkang datanpa wilis ||

29. agêlara wukir sol sagara wutah | urugana pêpati | byukana bêbathang | dene kang para nata | dèn eling panggêdhe mami | panusulira | aywa doh lawan mami ||

30. alingana iya kiwa têngên ingwang | supaya ăngga mami | aywa kongsi sayah | iya gon ingsun aprang | lawan Si Surayèng Bumi | dadi kang rêmbag | kunêng gantya winarni ||

31. pakumpulan Wong Agung Surayèng Jagad | lan sagung kang para ji | samya abojana | ngiras apagunêman | Adipati Guritwêsi | alon ngandika | lan sagung kang para ji ||

32. sanak-sanak miwah yayi Parangteja | prakara mungsuh iki | prang tandhing tyasira | gêmpal Si Saesalam | galigape pan katawis | pangrasaningwang | prayoga dèn rakiti ||

33. sesuk mêtu aja kongsi gêntèn gêlar | sok wusa padha rakit | alon aturira | Wong Agung Parangteja | gih pênêd ing benjing

--- 3: 42 ---

enjing | kang para nata | ngrakit kaprabon jurit ||

34. dèn samêkta apa sarakite gêlar | apa sulus piyatin | nanging bok kuciwa | mungsuh yayah samodra | agêlar kang supiyatin | iku kacandhak | lan sabingu piyatin ||

35. nora kêna cinara pakaos ika | wong Jaminambar iki | durung sun tumingal | ratu sugihe bala | pan iya amung saiki | iya marmanya | kêlar akarya langit ||

36. lajêng sami pinatah kang para nata | gêlar sabngu piyatin | kang angirid bala | jroning sawiji gêlar | tan kasurup kang ngênggèni | Gulangge Ngrokam | ing gêlar kang dhadhani ||

37. sadurunge mêngsah kaubêng ing gêlar | awit sulus piyatin | baune kang kanan | Prabu Tasangsulngalam | narendra ing Burudangin | pangawatira | sèwu baris para ji ||

38. munggwing kering Sri Bupati Kewusnendar | awak sèwu para ji | sagêgamanira | dene ta yèn wun mêngsah | kang anampèni ing kering | sawadyanira | sang prabu ing Kohkarib ||

39. ingkang kanan kang nampani yèn wus mêcah | Mahaprabu Sêrandil | lawan para putra | binagi pinarapat | rong duman mèlu ing kering | kang milwèng kanan | inggih rong duman malih ||

40. sampun dadya pangreka rakiting gêlar | têtêpe kang kinardi | pan sabingu piyat | sampun pinatah-patah | sagung kang para narpati | sinung pèngêtan | pêcah kumpuling baris ||

41. tan kawarna ing ratri wuwusên [wuwusê...]

--- 3: 43 ---

[...n] enjang | munya kêndhang gong bèri | thongthonggrit lan gurnang | puksur maguru găngsa | baris sêsêg kang umijil | arêbut papan | kadi robing udadi ||

42. miwah bala ing Jaminambar kumêrab | kang bala baris mijil | atêpung kalangan | Sultan Kamidilngalam | ginarêbêg ing para ji | munggwing amparan | tata sagung prajurit ||

43. Natèng Jaminambar wus ngrasuk busana | wiyose ing ajurit | lir samodra wutah | prajurit para nata | sawadyanira tan kari | ing kering kanan | miwah kang munggwing wuri ||

40. Pangkur

40. Pêrang brubuh

1. wadya gung ing Jaminambar | dènnya karya byuha mangkara dadi | sêsupit satriya ratu | pra dipati ing têngah | para mantri ulubalang mor ing pungkur | wong Kuparman sarêng mulat | baris Jaminambar mijil ||

2. amasang byuha mangkara | animbangi kang sabingu piyatin | wong agung sigra amundhut | kuda sêkarduwijan | wus anitih kawot kaprabon prang pupuh | nêngah turăngga ngatepang | praptèng papan asêsirig ||

3. asru dènira sêsumbar | baris Jaminambar kang pinaripit | hèh payo kang para ratu | prajurit Jaminambar | payo kene êndi ta kang arsa lampus | apa ta Si Saesalam | wus ora nêdya mêtoni ||

4. yèn wus si tan nêdya mêdal | takut ing prang nêdya anungkul bêcik | angaturêna panungkul | sun gawa [ga...]

--- 3: 44 ---

[...wa] mring Kuparman | awismaa nunggal ingkang para ratu | wêruha ing kabêcikan | pan sira durakèng bumi ||

5. duk miyarsa Saesalam | mundhut kuda prapta jênggiri bêrit | sigra anitih sang prabu | kawot kapraboning prang | wus anêngah murub busanèng lir daru | Jêng Sultan Kamidilngalam | wrin Saesalam umijil ||

6. têdhak saking ing turăngga | sigra pêtak gumlêdhug ing wiyati | sinandêr wau sang prabu | pada kang kanan dhupak | murdèng kuda rêmpu Saesalam gupuh | cinandhak kêt pinggangira | binuncang kongsêb ing siti ||

7. gumêbrug tibane nata | lir matêngga binuwang ing mong pami | trus kasingsal tibanipun | dadya tangi angreyab | Saesalam gumêtêr adêge mlayu | mor ing wadya kalindhungan | ngatag ambrubuh ing jurit ||

8. wadya Rab ingkang tumingal | mêngsah grubuh parêng ambyuk makrêti | ing witing gêlar sabingu | piyatin pakolihan | sarêng tanduk yayah kang samodra pagut | gora gêntur magênturan | panduke mêngsah lan kanthi ||

9. kumêpruk tibaning gada | ramening prang samya gunging prajurit | lir kiyamat langit rubuh | wong Arab para raja | samya wuru makolèhkên gêlaripun | masuk kang sabingu piyat | eca dènira ngamuki ||

10. gêgêdhuge para raja | pangamuke kadya angilês cacing | lir nacah sêmăngka timun | Sultan Kamidilngalam | ngiwat-ngiwut Usamadiman tumanduk | gajah rêbah kuda rampas | andaka mong bosah-basih [bo...]

--- 3: 45 ---

[...sah-basih] ||

11. awuru Sang Raja Rokam | kadya yaksa krura gora mawrêdi | kang kambah syuh kabarubuh | prahara aru-ara | Umarmadi Bayak lan Prabu Lamdahur | Prabu Yujana Abayak | lan Sang Natèng Burudangin ||

12. sagung para ratu putra | sawadyanya para ratu dipati | kang prajurit parêng anduk | sarêng masuk ing gêlar | datan supe pèngêtan sabngu piyatun | Rajèng Kulub saha bala | Kalbujèr kêmate dadi ||

13. bupati prajuritira | kang wus dinum anèng sabngu piyatin | kumrutug pating kalêpruk | wangwung pêrang kumêmprang | kadya udan pêputhon tumamèng mungsuh | sirah bêngkah kuping pêcah | netra katrucut kawijil ||

14. prahara gora ru-ara | lir kiyamat angin topan anggêrit | bayu riwut siyat-siyut | rag-rug barubah rêbah | wadya Jaminambar lir mina gumulung | kamăngsa kêna ing gêlar | panjinge sabngu piyatin ||

15. kadya mina bayak-bayak | pan giniring wus manjing ing piranti | ayutan pan asrah lampus | tan ana kang nityasa | makolèhkên sagunging gêgamanipun | ana ingkang lagya ngikal | ing pêdhang kumêpruk kêni ||

16. ing pêputhon wêsi waja | tutup netra kadadak angêmasi | tinunjang rubuh kabunuh | pêpati Jaminambar | yèn salêksa wong Arab mung mati satus | sakêthi wong Jaminambar | wong Arab mung sèwu mati ||

17. sayuta wong Jaminambar | pan wong Arab [A...]

--- 3: 46 ---

[...rab] mung salêksa kang mati | yèn sabara ingkang lampus | prajurit Jaminambar | mung sakêthi prajurit Ngarab kang lampus | lajêng wuru ramening prang | nora nganggo rina wêngi ||

18. wutahing rah wus angrawa | angarikil bêbalunging prajurit | rambut apindha lêlumut | wangke sênuk dipăngga | kadya karang-karang katêmpuh ing alun | endhe paris kang kalembak | lir mina kambang ing warih ||

19. krun kèli kadya mina mas | lembak-lembak kentir ing rah umili | langit winulat abiru | mrêbambang lir bang-bangan | kasorotan sorote samodra marus | asung erame kang miyat | ngêrês kêkês kang umèksi ||

20. sayuta tumpês ing ngarsa | wadya Jaminambar sabara prapti | sabara tumpês ing ngayun | sawêndra wuri prapta | kang sawêndra sirna syuh nir kabarubuh | sagulma kang wuri prapta | kang sagulma tumpês tapis ||

21. sakirna wuri kang prapta | kang sakirna tumpês kèlês ing jurit | sawurda prapta ing pungkur | lir sungapan samodra | ingkang saking lèr wetan kitha kadya lun | wuwusên sri maharaja | kang nêdya utamèng pati ||

22. Mahaprabu Jamintoran | praptanira lèr wetan kitha margi | wus atas carakanipun | yèn nêngahi rame prang | prang garubuh gumuruh lir langit rubuh | wadyane lir ingundhangan | prasamya anugêl baris ||

23. kang dalêdêg ing lor wetan | duk tinugêl rame têmpuhing jurit | pêdhot kang anggili mundur | ubêkan nêmpuh ing prang | lir samodra [sa...]

--- 3: 47 ---

[...modra] pasang kang sangsaya surud | galigap wong Jaminambar | akathah tumpês ing jurit ||

24. êsop kang saking lor wetan | kari ingkang saking kilèn anggili | wus asangêt sudanipun | Sultan Kamidilngalam | kèndêl mulat atipis praptaning mungsuh | wong agung ing Parangteja | lan Dipati Guritwêsi ||

25. samya angadhêp samana | tanpa bala amung wong agung katri | samya miyat kang prang ngamuk | kontap sudaning mêngsah | dènnya mingsêr kèndêl kalembakan marus | minggir mrih sating ludira | wong agung ngandika aris ||

26. hèh yayi mas Parangteja | lan kakang mas Dipati Guritwêsi | paran ing wusananipun | prang iki yêkti lawas | Saesalam tan arsa panggih lan ingsun | anyilap-nyilap ampungan | ewuhe tan kêna pinrih ||

27. sawitning ingsun kalintang | onêng marang sutanira ki mantri | iya Si Ismayasunu | kang anèng Jamintoran | ciptaningsun prang iki enggala putus | dèrèng dumugi ngandika | Radyan Suratsarim prapti ||

28. mung lawan kuda sadasa | mor ing mungsuh Rahadèn Suratsarim | pan inggih nak-sanakipun | Wong Agung Parangteja | pan arinya Risang Darundiya Prabu | maksih angabdi ing raka | ing Arya Maktal prajurit ||

29. dinuta duk wau mulat | Arya Maktal sru kagèt ing ajurit | ingkang lèr wetan ambrubul | pêdhot dudu barisan | ing sêmune punang baris katêlabung | marma kinèn analika | dening Radèn Suratsarim ||

30. pêdhote [pêdho...]

--- 3: 48 ---

[...te] baris lor wetan | aturira Rahadèn Suratsarim | dèntên dêdamêl kang rawuh | inggih saking lèr wetan | praptanipun kang wadya lajêng anêmpuh | inggih saking ing lèr wetan | ngamuk sagunging para ji ||

31. amba mor baris kang anyar | amrih tanya Bathara Nyakrawati | ing Jamintoran kang rawuh | Sri Maha Sadarngalam | ambêbantu ing raka jêng sang sultanu | lajêng prang nglingkung liwêran | mamuk sawadya prajurit ||

32. Jêng Sultan Kamidilngalam | langkung kagyat nyana putranya prapti | Kelaswaratmaja milu | Suratsarim tur sêmbah | botên dhèrèk kinèn atêngga kadhatun | yèn mangkono payo kakang | padha ngungkal mamrih kingkin ||

41. Asmaradana

41. Prajurit Jamintoran ambiyantu Wong Agung

1. yayi prabu bantu jurit | aja kongsi karepotan | payo sinêru prang kiye | kakang mêtokêna gêlar- | ira sanjata kaca | yayi wêtokna gêlarmu | iya jêmparing naraca ||

2. payo ngantêp ing ajurit | Jêng Sultan Kamidilngalam | sigra nitih turanggane | mangsah nêngah narik pêdhang | Wong Agung Parangteja | jêmparingira sumêmbur | crêcêp anibani mêngsah ||

3. Adipati Guritwêsi | sumyur sanjatanya kaca | mungsuh ewon mati gosong | tumpêsan wong Jaminambar | prang lawan lan wong Arab | kunarpa susun atimbun [ati...]

--- 3: 49 ---

[...mbun] | tan kêna ingucapêna ||

4. wong agung pangamuknèki | pira-pira para raja | ingkang pinêrang pêdhange | tuwin ingkang para putra | numpêr pangamukira | amrang nacah ngiwat-ngiwut | kadya tan anapak tala ||

5. kang ahlul kojah mèngêti | prang rame ing Jaminambar | maring prang tandhing lamine | worsuh patang puluh dina | kadya kiyamat kobra | boting prang tan antuk wuwus | pating balêngêr sadaya ||

6. pamuke ratu prajurit | tan ana kang nêdya gêsang | sumungku sru pangamuke | myang Sultan Kamidilngalam | wurune awor ragab | munpangat sariranipun | lamun kinarubut ing prang ||

7. kang maksih èngêt ing jurit | mung Wong Agung Parangteja | èngête rumêksèng akèh | yèn sampun worsuh ing aprang | mêtu saprajuritnya | saking jroning aprang rusuh | winulad sagung wadya Rab ||

8. prajurite kang para ji | singa nipis tinulungan | singa kapêngkok dèn corok | kang kapêndir ingidêran | mubêng parentahira | mulane anggung rahayu | prange garêbyuh wong Arab ||

9. êndi rahayune jurit | prange garêbyuh wong Arab | pan akêdhik pêpatine | jitus jiwu lawan mêngsah | bisane Arya Maktal | dènnya rumêksèng wadya gung | milane kang para raja ||

10. amuke tan tolih wuri | ngandêlakên Arya Maktal | jroning prang nêpsune sarèh | rèrèh kobêr anupiksa | pangamuke wadya Rab | ingkang kasêlut kalimput | tinut tinutup [tinu...]

--- 3: 50 ---

[...tup] kang mêngsah ||

11. tinulungan nanggulangi | mungsuh ingudanan panah | pan naraca jêmparinge | crêcêp maratani mêngsah | kang kandêl-kinandêlan | winawas pratikêlipun | kang pantês ingamuk pêdhang ||

12. gada bindi cacab lêmbing | prajurite wus pinatah | têtêp pamugari gêdhe | ngayomi ayêming wadya | pandhe pindha pandhekar | pangrêti pangrumpak pamuk | pamêngkang rewang kalingan ||

13. rewang katanggêlis aglis | tinulak mungsuh kang mêlak | binanggèl mungsuh kang ngontèl | kulon kalulun ngilonan | kidul kadêdêl mêdal | sabalane ngalor ngidul | kasabêt-sabêt ing aprang ||

14. baris pêtêng dèn dhatêngi | anrêka bok Saesalam | langkung angèl panggenane | amomor pamoring bala | mangkana Arya Maktal | anuduh prajuritipun | mijil rong èwu turăngga ||

15. kerid Radèn Suratsarim | nêrak baris paminggirnya | ngalor angetan pajune | maring baris Jamintoran | Sultan Kamidilngalam | kagyat gyanira andulu | turăngga nêrak abayak ||

16. ngalèr angetan dèn ungsir | kinêtab askarduwijan | tinilar wau pamuke | manawa Sang Saesalam | ingan saking paprangan | sinandêr kacandhak tundhuk | Radèn Suratsarim nêmbah ||

17. langkung pangungunirèki | Jêng Sultan Kamidilngalam | andangu sira pagene | têka angliwati mêngsah | Suratsarim wotsêkar | amba tinêdah bêbantu | inggih dhatêng rayi tuwan ||

--- 3: 51 ---

18. ing gêlar kinèn mèngêti | prajurit ing Jamintoran | wong agung sukèng driyane | cêngkelak wangsul anulak | maksih angliga pêdhang | singa kang pêtêng tinêmpuh | rugrag kapranggal kaprapal ||

19. ambêlasah bosah-basih | kêna mring Usamadiman | pamuke Prabu Gulangge | lir rêksasa sèwu kurda | rug rêbah ingkang kambah | kadya bajra ing kapitu | gora ru-ara prahara ||

20. yayah banthèng tawan kanin | sayuta kang para raja | myang satriya bupatine | mantri prajurite samya | ngantêp pangamukira | kadyarsa sawêndra guntur | gumuntur rèh magênturan ||

21. Sri Bupati Burudangin | lir èsthi sakêthi mêta | tan kêna winuwus kèhe | pêpati mungsuh karêmpak | dening palu rante mas | wau kang ratu gung-agung | liwung wuru paworing prang ||

22. wau Radèn Suratsarim | praptèng baris Jamintoran | kapanggya anitir bêndhe | Sri Bathara Sadarngalam | kuda rong èwu prapta | kagyat panyanane mungsuh | satriyane sigra têdhak ||

23. nêmbah Radèn Suratsarim | amba prajurit Kuparman | jêng rayi tuwan dutane | wong agung ing Parangteja | paran ing prang punika | wadya tuwan pamukipun | bilih suwêng saking gêlar ||

24. sang nata gêpah nauri | lah ya iku gêlar apa | wong ngamuk worsuh mangkene | Radèn Suratsarim nêmbah | tan kenging ginagampang | raka paduka pukulun | Jêng Sultan Kamidilngalam ||

25. parentah [pa...]

--- 3: 52 ---

[...rentah] sabngu piyatin | salamine prang punika | salin ping gangsal gêlare | yèn makatên kèndêlana | pamuke wadya nata | sigra parentah sang prabu | mubêng ingkang bêndhe samas ||

26. kang miyarsa samya eling | undure lir sinaringan | asru ngandika sang katong | payo dutane yayi mas | wadyèngsun pasangêna | ing gêlar ingkang pikantuk | amrih ènthènging ayuda ||

27. sigra arbangu piyatin | kuda sèwu pinarapat | ingkang măngka pangiride | wus anut wong Jamintoran | kalih păntha kang mangsah | saking lèr lan wetan nêmpuh | kang kantun anusul mêngsah ||

28. saking kilèn andhatêngi | kontrag bala Jaminambar | mungsuh angsahe salin gon | kawur keron barisira | mungsuh prapta marapat | gègèr bingung punang mungsuh | eca samya ingamukan ||

29. kèh longe mungsuh kang mati | apês kapasukan gêlar | kapapas bingung polahe | suka wadya Jamintoran | kunêng malih winarna | pangamuke kang pra ratu | sami tan kondur ing aprang ||

42. Durma

42. Prabu Rabusamawati pagas jangganipun dening Wong Agung

1. lir rêksasa krura sayuta mamăngsa | pira-pira pêpati | pan walahu aklam | Allah kang luwih wikan | ngawruhi kyèhning pêpati | sadina-dina | kêthèn yutan pêpati ||

--- 3: 53 ---

2. Raja Rabusamawati pamukira | momor lawan para ji | asalin makutha | krune kang para raja | kang kapara agêng kêdhik | mrih ywa wistara | yèn Rabusamawati ||

3. ingkang kandêl tinêmpuh wong Arab mêcah | dadya tisngu piyatin | kang wus dadi panthan | lamun tinêmpuh pêcah | sapăntha sulus piyatin | marma kang pêjah | pêpatine akêdhik ||

4. ngiwat-ngiwut pangamuke Saesalam | rinêksa ngarsa wuri | miwah kering kanan | Sultan Kamidilngalam | kang pinrih aja mrangguhi | marma sang nata | iriban pamuknèki ||

5. jroning aprang pinungsêng sadina-dina | suprandene tan panggih | Prabu Saesalam | gubêd anggung lindhungan | wus pasthi karsa Hyang Widi | karia rong jam | watêse umurnèki ||

6. nora kêna ginege pêcating nyawa | yèn watês durung pasthi | sanadyan karia | sêsangat nora kêna | wêtune mangsane pati | Prabu Sesalam | ingubrês dèrèng panggih ||

7. para ratu kang kapranggul matur nêmbah | pukulun tan pinanggih | gèning Saesalam | wong agung angandika | hèh kakang Prabu Sambaji | sira ywa têbah | anènga wuri mami ||

8. supayane mêngko yèn ana katingal | Si Rabusamawati | sira kang tuduha | kakang mring jênêng ingwang | Raja Sambaji wotsari | nuwun sandika | Sambaji matur malih ||

9. nuwun atur uninga ring jêng paduka | santana Kaelani | kang sami nak-sanak | inggih lan putra tuwan | pulunan kawula [kawu...]

--- 3: 54 ---

[...la] sami | sadaya pêjah | dene ta para aji ||

10. tigang dasa wolu kèhing Ratu Kelan | satus kang pra dipati | wadya lit salêksa | kang para ratu paman | kadang kawula sayêkti | sakawan pêjah | inggih ing dintên wingi ||

11. lah ya kakang wus padha mati utama | Sambaji matur malih | lêhêng rayi tuwan | Prabu Gulangge Ngrokam | pênêd anunggila gusti | ngiras rumêksa | asring nyênyami warni ||

12. jroning pamuk damêl kagèt ingkang manah | lir Rabusamawati | wong agung ngandika | lah kakang ulatana | yayi Gulangge dèn aglis | Rajèng Kudarya | nêmbah sigra ngulati ||

13. tan adangu kapanggih Sang Rajèng Rokam | kèndêl pangamuknya ji | sampun dhinawuhan | kering Gulangge Nata | marang ing Raja Sambaji | praptèng ngarsa sang | sultanu nabda yayi ||

14. anunggala ingsun bae pamukira | aja mêmadha warni | lan Si Saesalam | sun prih enggala kêna | aja nglêlawas prang iki | Gulangge nêmbah | inggih sandika gusti ||

15. ya ta wau wong agung ing Parangteja | parentah ing pra mantri | wolung atus kuda | piniji ambêndhea | mantri siji bêndhe siji | angubêngana | bêndhe jabaning baris ||

16. lawan têtêg têngara undur-unduran | saking kakuning galih | wau Arya Maktal | dènira Saesalam | alami datan pinanggih | sajroning aprang | nuju dina sawiji ||

17. amiyarsa têngara undur-unduran | sagung ingkang miyarsi | kadya sinaringan [sina...]

--- 3: 55 ---

[...ringan] | undure para raja | Wong Agung Surayèng Bumi | kèndêl angiwa | têdhak saking turanggi ||

18. angandika Jêng Sultan Kamidilngalam | yayi Gulangge iki | yayi Parangteja | kang ngundurakên ing prang | ya ta kadulu narpati | Sri Saesalam | agêng tyasira sami ||

19. pangrasane mungsuhe kêkês lumajar | tan wruh yèn anggêlari | amrih ngatingala | ratune Saesalam | mangkrak prasamya angungsir | Sri Saesalam | ya ta wau kaèksi ||

20. angandika Jêng Sultan Kamidilngalam | yayi Gulangge iki | katon Saesalam | sigra nitih turăngga | sarwi pêdhange tinarik | angêtab kuda | nandêr lir pendah mimis ||

21. sigra Prabu Kudarya lan Prabu Ngrokam | samya nandêr nut wingking | mosik dalêm driya | Sultan Kamidilngalam | yèn sun uripana iki | ingsun băndaa | tan wurung ala maning ||

22. pan wong iki alane kaliwat-liwat | gêgêdhêging sabumi | sigra ngikal pêdhang | Saesalam tumingal | gumêtêr rug aningali | prajurit Ngarab | gumulung mangsah malih ||

23. Raja Rabus sigra anyamêthi kuda | nandêr wus dèn lancangi | mring askarduwijan | pinêdhang jangganira | pagas wus tumibèng siti | turangganira | kampat sigar apalih ||

24. gumalundhung murdanira Saesalam | gumêbrug tibèng siti | anggane sang nata | surak prajurit Ngarab | yayah rêbah ingkang ardi | wong Jaminambar | kêkês eram ningali ||

25. para [pa...]

--- 3: 56 ---

[...ra] ratu satriya ing Jaminambar | mawur kawur angisis | wrin ratune pagas | gêmbung lan êndhas pisah | dadya nêdya nungkul aris | bongkok kang astra | sinèlèh dèn sungkêmi ||

26. para ratu Ngarab wus akèh kang prapta | samya angrubung jisim | sami asung lanat | ing bangke Saesalam | satriya myang pra bupati | kabèh wèh lanat | ajur mumur kang jisim ||

27. angandika Jêng Sultan Kamidilngalam | marang Sapardan aris | hèh sira malbua | kadhaton Jaminambar | lan pănca tus tri dasa ji | kang raja-raja | rêksanên kutha iki ||

28. besuk esuk ingsun pan arsa uninga | ingsun lagya anganti | yayi Jamintoran | Raja Sapardan nêmbah | sadaya aturirèki | kang raja-raja | limang atus tri dèsi ||

29. bubar kondur Jêng Sultan Kamidilngalam | lan sawadya para ji | sampun masanggrahan | anganti praptanira | Sang Prabu Anyakrawati | ing Jamintoran | kang mêthuk animbali ||

30. pan wong agung ing Parangteja wus panggya | langkung dènnya noragi | Natèng Jamintoran | mring Arya Parangteja | alon têmayanira ngling | tuwan ngaturan | lan pinaring udani ||

31. lamun Natèng Jaminambar sampun lena | wadyanya sami gusis | ingkang nungkul kathah | paduka ingantosan | sami amariksa langit | raka paduka | pan arsa nêningali ||

32. angandika gupuh Natèng Jamintoran | inggih yayi suwawi | wau mêngsahira | wus sami myarsa warta | pêjahe [pê...]

--- 3: 57 ---

[...jahe] ratune sami | gusis lorodan | dhasar kasor ing jurit ||

33. sigra bubar baris agêng Jamintoran | wau sri narapati | bayak munggwing kuda | apan kadya kinêmbar | wangunane sri bupati | lan Arya Maktal | tuhu pêkik rêspati ||

34. samya cingak pra bupati ngungak-ungak | maring gustine sami | tunggil wangunira | lan Arya Parangteja | sêsiku tan angêblêgi | pasang sarira | manis pasêmon sami ||

43. Dhandhanggula

43. Wong Agung mriksani kadhaton Jaminambar

1. pangarsaning lampah sampun prapti | katur ing Sultan Kamidilngalam | lamun kang rayi praptane | wong agung sigra mêthuk | sajawining pakuwon prapti | têdhak saking turăngga | umara tumundhuk | Sri Bathara Jamintoran | nêmbah ngaras ing pada cinandhak aglis | sarya lon angandika ||

2. yayi prabu aja angabêkti | sigra kinanthi wau kang asta | binêktèng palênggahane | samya rangkul-rinangkul | samya aras-ingaras gênti | dangune palênggahan | sagung para ratu | sadaya samya salaman | Natèng Rokam ngarèni sarya nangisi | dening kadya supêna ||

3. pan punika têtimbangannèki | ing bang kilèn sami gunging praja | binathara karatone | datan racuk-rinacuk | Jamintoran sanès agami | sampun nunggil [nunggi...]

--- 3: 58 ---

[...l] agama | ing salaminipun | lan Sultan Kamidilngalam | pirang-pirang turunan gama Ibrahim | nagari Jamintoran ||

4. mila Prabu Gulangge nangisi | marang Sri Bupati Jamintoran | dening mangke panunggile | ing agama pinunjul | nguni datan purun dèn iring | mangke parêng panunggal | mila langkung ngungun | Sang Prabu Gulangge Ngrokam | lamun dèrèng waktunira amarêngi | ing rèh nistha lan arja ||

5. langkung suka pirêsêp tan sipi | nênggih Sultan Agung Jamintoran | datan ngêsorkên anggane | samya ngulur lêluhur | sami saking Nabi Ibrahim | Sultan Kamidilngalam | têdhak ping sapuluh | Sri Bupati Jamintoran | ping sawêlas têdhak saking Nabi Brahim | dadya nèm têtêpira ||

6. sèwu suka dènira pêpanggih | wadyanira wus sinungan prênah | Arya Maktal pakuwone | sapalih-palihipun | adipati ing Guritwêsi | bala ing Jamintoran | pan kalih gènipun | narpatine nèng ngajêngan | tan apisah lan Nata Surayèng Bumi | lajêng dènnya bojana ||

7. para ratu Jamintoran sami | ingandikan lan satriyanira | ratu pangarsa kang dhèrèk | ingkang binêkta amung | kawan atus sawidak kalih | sapalih kang tinilar | têngga praja pungkur | para ratu Jamintoran | wus anunggil sajroning bojana sami | lan para ratu Ngarab ||

8. pan sadalu kawuwusa enjing | bala sawega apan samêkta | gumuruh duk ing budhale | kêrig kang ratu-ratu |

--- 3: 59 ---

apan arsa ambubrah langit | sagung wadyaning wadya | tan ana kang kantun | Sapardan sakancanira | wong ing Jaminambar wus kathah sumiwi | marang Patih Sapardan ||

9. pirang yuta kang amêthuk sami | jawi kitha lan Patih Sapardan | sarêng manjing jro kithane | Sultan Kuparman wau | akêkanthèn asta lan rayi | sultan ing Jamintoran | miwah para ratu | praptèng jro kitha sadaya | kang pra ratu binêkta minggah mring langit | ningali mêmariksa ||

10. saubênge saisining langit | miwah suwarga lawan naraka | wulan lintang lan srêngenge | samya eram andulu | ing pratingkah sasoring langit | kang kadya Saesalam | ing panggawenipun | lan prakosa saha wignya | panggawene tan ana bisa neladi | myang sugih tan na madha ||

11. langit wêsi kang ngisor pribadi | nulya nginggile langit têmbaga | parunggu sari nginggile | anulya nginggilipun | punang langit salaka putih | nulya langit suwasa | langit mas ing luhur | ing bale ngaras gènira | ing banjênge apan paswargan linuwih | lêt pagêr mas tinrancang ||

12. pêpêthetan natar swarga rukmi | tirisan mas sadêdêg luhurnya | galugune balarake | tapas lan mancungipun | pan sadaya kalapa sawit | bluluk cêngkir dêgan mas | kendho kiringipun | dhomas kang tirisan êmas | pucang dhomas sajroning tirisan pirid | pêparah pinarapat ||

13. anyadêdêg ingkang pucang sami | godhong [go...]

--- 3: 60 ---

[...dhong] êmas upih mayang êmas | êmas sadaya jambene | parik ing ngarsanipun | dhomas malih kurma mas adi | têpung manggis pijêtan | pan sami mas luru | jêruk êmas lan jambu mas | kênari mas cêmara mas iwèn sami | mesa mas unta êmas ||

14. banthèng mênjangan kidang mas sami | sênuk kuldi bihal jawi mas |[5] blêgdaba mas lan mèmrènge | banyak sata mas luru | mung manuke sunggingan sami | rinaja wrêdi endah | nut ing ulêsipun | sawarnine mêmanukan | pêpak sangkêp ana ing taru mas adi | aglar natar ing swarga ||

15. sinêbaran pakaja widuri | mirah nila lan rêtna cêmpaka | pakaja ijo lan jêne | tuwin yakut jumêrut | kang malige agêng pasagi | êmas kori marapat | kanan keringipun | matang atus kang wisma mas | pan sabilik-bilik gyaning widadari | putri raja minăngka ||

16. kang rumêksa malekat kabiri | patang atus iku tunggonira | ing suwarga rêrêksane | pinggiran dhung-kumêndhung | gêdhang êmas pindha gumadhing | dêbog mas pupusira | sutra jo winiru | lan cindhe jo tuwin abang | kêlarase tabur-tabur lan majêthi | kêkalèn botrawi mas ||

17. angubêngi kaswargan tulya sri | toya awêning pating galêbyar | dene got amajupate | ingkang mawi soripun | yèn wus anjog ing langit wêsi | ingkang mawi karakab | langit ngisor iku | kadya irig arang-arang | tinarancang yèn karya udan anuli | karakabe binuka [bi...]

--- 3: 61 ---

[...nuka] ||

18. pambukane apan putêr giling | kang minăngka mega kukusira | sor suwarga narakane | gêdhong wêsi barukut | ingisenan arêng kusambi | lamun ububan ngandhap | ratu pitung puluh | mati kang sabarang karya | angamungkên majêgi arêng kusambi | angisèni naraka ||

19. ratu salawe mati ngububi | pagiliran mung sakancanira | yèn wus abang dhêdhasare | wêsi lan dhasaripun | sami kèndêl dènnya ngububi | yèn wus gêpok tutupnya | mongah-mongah iku | dêdosan pating karêncang | sinèndhèkkên winêtara dosanèki | cinêmplung dosa kisas ||

20. nora kongsi saprapat jam malih | pan dadyarêng lamun satêngah jam | dadi awu bêbalunge | samya eram kang dulu | duk wong agung samya lumaris | aningali naraka | putêr gilingipun | binuka tutup naraka | gêni mubal eram dènira ningali | Sultan Kamidilngalam ||

21. para ratu sadayebat sami | gya wong agung wangsul mring kaswargan | kèndêl ing bale malige | ing tundha mas manguntur | kinèn nacah kang widadari | marang Patih Sapardan | kang pangajêngipun | kang sami putrining raja | patang samas kawan èwu kang pawingking | rong lêksa wuri pisan ||

22. winêdalkên sagung widadari | kinèn nitik para ratu ingkang | limang atus tri dasane | manawa na puniku | widadari putrine sami | ratu kang dhingin Islam | ratu limang atus | lan punjule tigang dasa | yèn putrine ana manjing widadari | pinaringakên [pina...]

--- 3: 62 ---

[...ringakên] samya ||

23. samya suka păncatus para ji | Patih Sapardan ngaturkên surat | cacah para ratu kabèh | ingkang sampun anungkul | kalih lêksa kang sampun prapti | wong agung lon ngandika | kabèh para ratu | iya padha sadatêna | widadari sadaya binêkta mijil | tangis umyang gumêrah ||

24. mung kang limang atus tri dasèki | pinaringkên mring sudarmanira | Patih Sapardan sêgahe | anggili inggahipun | wus tinata ing langit rukmi | Sultan Kamidilngalam | pan maksih dêdulu | lawan sagung para nata | aningali ing surya kalawan sasi | thathit lintang lan kilat ||

25. balabagan intên kang kinardi | sinara wèdi kinăntha tanggal | sapisan kaping kalihe | ping tri kaping patipun | saturute pinatar putih | kadya siliring bawang | kinathok jronipun | ingisenan êmas tuwa | ingancuran dadya hère sorot kuning | kadya gêbyaring wulan ||

26. warni tigang dasa mas kinardi | linapisan intên miyar-miyar | incêr kang măngka lakune | putêr giling lumaku | ingalingan sutra tan kèksi | kadya simbaring mega | putêr tan kadulu | sadaya dede istidrat | amung akal suryane ingkang kinardi | intên pinindha dhulang ||

27. kinipingan ubênge pêpinggir | binolongan kadya tinarancang | dèn kras kalingan lakune | ginoyang lampahipun | gung sinêndhal-sêndhal tinarik | hère agêbyar-gêbyar | sorote sumawur | lintang intên sinundukkan [si...]

--- 3: 63 ---

[...nundukkan] | intên siji yèn alit kaprah kang manjing | intêne salawe prah ||

28. agêng lintang dhompol satus sami | ginantungan ing langit sadaya | tambuh cacahe intêne | tuhu sugih pinunjul | soring wiyat tan ana tandhing | liya Nabi Suleman | ing jaman rumuhun | bisa lamun angarsakna | sawurine tan ana bisa nglakoni | kang kadya Saesalam ||

29. kang kinarya kilat lawan thathit | iya intên bolong tinarancang | amung kêkalih incêre | sinêndhal ngalor ngidul | pêpalayon sorote sami | mila kathah kang wadya | anèng langit luhur | winastanan malaekat | pakaryane binêbahan siki-siki | ana wong pitung lêksa ||

30. cinarita rong dina rong bêngi | mubêng-mubêng sagung para raja | nêningali ing langite | ya ta wau wong agung | ing kaswargan kèndêle sami | jroning langit kancana | bale ngarasipun | ingkang asêsaka dhomas | êmas dèn lis pinatik ing sêsotya di | hèr laut lan hèr kêmbang ||

31. mirah pakaja nila widuri | sagung rêtna-rêtna kang mulyendah | banèji sêsoka kabèh | milanipun ing dalu | tanpa dilah padhang nêlahi | apan datan karuan | rina wênginipun | padhange ing bale ngaras | wêwatone bale binèji rêtna di | intên angroning kamal ||

--- 3: 64 ---

44. Sinom

44. Wong Agung tindak dhatêng Jamintoran

1. Jêng Sultan Kamidilngalam | bojana lan para aji | munggèng ing langit kancana | ing bale ngaras rinukmi | suka sagung para ji | tan ana ingkang winuwus | mung ebat pangungunnya | durung tumon para aji | ingkang kadya pakartine Saesalam ||

2. nêmu pati siya-siya | donyane datanpa kardi | Jêng Sultan Kamidilngalam | pangandikanira aris | hèh Sapardan sirèki | ingkang jumênênga ratu | ing nagri Jaminambar | Sapardan tur sêmbah nangis | adhuh gusti byat awrat ing sih paduka ||

3. owêl prayogi jêng tuwan | kang madêga narapati | nagri agêng tanpa sama | jajahane kalih warsi | para ratu sakêthi | tigang lêksa kang sumuyud | Sultan Kamidilngalam | mèsêm angandika aris | sira bae ing kene madêga raja ||

4. wotsari Patih Sapardan | yèn tan ngarsakkên jêng gusti | mung inggih putra paduka | jêng gusti ing Parangakik | jumênênga ing ngriki | kawula êmbananipun | pêkik lir hyang-hyang jagad | ngentarkên langêning bumi | kang sumêrêp madêg Natèng Jaminambar ||

5. lir Hyang Kumarèng Buwana | sinêmbah ratu sakêthi | mandah suyude kang wadya | wong Jaminambar sih bêkti | darbe ratu rasêksi | samantên sih suyudipun | Sultan Kamidilngalam | pangandikanira aris | nora kêna Jayusman Samsumurijal [Samsu...]

--- 3: 65 ---

[...murijal] ||

6. prajane kang wus batuwah | cangkoke ing Parangakik | ibune măngsa awèha | santanane kang para ji | kabèh masthi gondhèli | tan kêna sambat sirèku | matur Patih Sapardan | ing karsa paduka gusti | yèn makatên lêhêng inggih pinarapat ||

7. sutane Patih Duljalal | jalu prapta angabêkti | kaatura ing paduka | pun Makrub inggih sêsiwi | pun Makrub atmajèki | jalu prapta sampun nungkul | anut agama tuwan | labêt ing rèh nguni-uni | têtilare para mukarab sakawan ||

8. Jabrail Patih Duljalal | Abuburham sutanèki | Makrub sutane Tasliman | Makrub sutanipun pêkik | Risngalam kang wêwangi | alon ngandika wong agung | gawanên ngarsaningwang | ingawe katiga prapti | suka miyat Jêng Sultan Kamidilngalam ||

9. dhapure sami prayoga | umadêg sri narapati | wong agung alon ngandika | lah iya ingsun turuti | sapanjalukirèki | sun adêgkên kabèh iku | sira dadia tuwa | pandume kang para aji | sira mèta rong èwu kacèk narendra ||

10. lan wolung atus miliha | praja gêdhe-gêdhe sami | sampun pinacêk ngestrenan | dening sagunging narpati | tinarik tunggal linggih | lan para ratu gung-agung | Raja Sapardan tuwa | angrèh kang narendra katri | Raja Abuburham lan Raja Risngalam ||

11. katrine Raja Tasliman | pinarapat kang nagari | mangkana apêparentah [apêpare...]

--- 3: 66 ---

[...ntah] | yèn badhe ambubrah langit | iya sadina benjing | wiwita pambubrahipun | pinatah ing parentah | sikêpe bupati mantri | sajagule pinaringan langit êmas ||

12. gamêl sêrati sadaya | sikêp dèn paringi sami | sikêpe kang para nata | sikêpe bupati mantri | sikêping pra prajurit | langit mas paringanipun | umangsah kang jêjarah | gumuruh swaraning janmi | abubuhan pangungsunging rajabrana ||

13. wong agung sampun tumêdhak | kang jarah rajabrana ji | kinumpulakên punika | ingkang sayoga di-adi | myang sagung widadari | ya ta wit langit binrubuh | wong bumi Jaminambar | cucuk dhangdhange sakêthi | pitung kêthi malih ngagêm palu gêthak ||

14. pitung kêthi malih kampak | wadung gandhèn pitung kêthi | tiniru dening wong Arab | gêgaman ambubrah langit | gumuruh tanpa siring | gara-gara gêntur kêtug | swara rèh mabarungan | panandho gamêl sêrati | sakathahe sikêp pêpikul wong Arab ||

15. bagean langit kancana | langite salaka putih | sakèh kang patinggi desa | punika kang dèn bubuhi | dadya sikêping mantri | yèn langit mas darbèkipun | patinggi pan mangkana | singa kang duwe patinggi | iya apan binagi langit salaka ||

16. dene kang langit suwasa | patayar kang dèn bubuhi | singa kang duwe patayar | langit suwasa darbèni | gora kagiri-giri | tanpa parungyan rinungu | cinatur tigang căndra | lamine

--- 3: 67 ---

ambubrah langit | maksih kathah tunggakan dèrèng sampurna ||

17. Jêng Sultan Kamidilngalam | jarahan sampun binagi | kadi ngadat kalampahan | tuwin boyongan pawèstri | sadaya wus binagi | warata kang para ratu | sultan ing Jamintoran | pinundhutan kang para ji | kang tinuduh rumiyin mring Jamintoran ||

18. sarêng para ratu Kelan | pangirid Rajèng Sambaji | bêkta jarahan boyongan | Ratu Jamintoran nênggih | kang tinuduh dhingini | Sipulngalam kanthinipun | para ratu sadasa | budhalan Raja Sambaji | bala Kelan wontên kawan wêlas yuta ||

19. kang kantun nèng Jaminambar | wong agung ngrata agami | lawan bebasakên samya | dènira ambubrah langit | kalihan ingkang rayi | Jamintoran Sultan Agung | sira Prabu Sapardan | Tasliman Abuburhami | sakawane Sang Mahaprabu Risngalam ||

20. kang măngka ratu wadana | sakawan angrèh para ji | Sapardan wadana ngarsa | sadaya wus samya prapti | ratu ingkang sakêthi | kalih lêksa prapta nungkul | sugata dina-dina | mêntah matêng prapta gili | langkung suyud mring Sultan Kamidilngalam ||

21. dènira akarya kutha | ratu kang papat anunggil | anèng praja Jaminambar | badhene kang dèn kuthani | sakidul kitha lami | mangkana kang para ratu | kang karèh Jaminambar | kandêl agamane sami | wus mangkana Jêng Sultan Kamidilngalam ||

22. pamit mring Raja Sapardan | sun arsa budhal tumuli | maring nagri Jamintoran | ginawa mring

--- 3: 68 ---

yayi aji | Sapardan awotsari | pukulun amba anuhun | andhèrèk ing paduka | akêdah amba ngabêkti | ing padane Jêng Gusti Pangeran Kelan ||

23. sapalih kawula bêkta | sapalih têngga nagari | para ratu Jaminambar | satriya kang pra dipati | amba bêkta sapalih | alon ngandika wong agung | yèn ana kajatira | ingsun tan bisa malangi | dyan ngandika Sultan Agung Jamintoran ||

24. hèh yayi Prabu Sapardan | ya bênêr kajatirèki | ngiras wrin ing prajaningwang | Raja Sapardan wotsari | nuwun sapangat inggih | raka paduka pukulun | lawan sapangat tuwan | saksana ngundhangi dasih | budhal enjang saking kitha Jaminambar ||

25. kadya samodra balabar | wutah ngalabi wanadri | Sri Bagendha Jamintoran | lampahe samargi-margi | datan pisah saèsthi | abayak turangganipun | Sultan Kamidilngalam | lan ari sri narapati | Sadarngalam Sri Bagendha Jamintoran ||

26. wau kang ngriyini lampah | Sipulngalam lan Sambaji | ngirid para ratu Kelan | lan boyongan para putri | kang kawan atus sami | parêkane kalih èwu | tawan ing Jaminambar | miwah wastra barana di | kang binêkta rumiyin măngka sasrahan ||

27. prapta paminggir jajahan | Sipulngalam andhingini | umatur ing narpatmaja | tundhuk umatur wotsari | pukulun tur udani | Jaminambar bêdhahipun | dening rama paduka | ratu kang ngakên Hyang Widi |

--- 3: 69 ---

sampun pêjah anèng asmaradilaga ||

28. mila kalih rama tuwan | anuntên kondur mariki | sawêg angradin agama | lawan arsa bubrah langit | kang tinêdah ngriyini | pun uwa Kudarya Prabu | kang para ratu Kelan | kerid Sang Raja Sambaji | duk miyarsa Pangeran Jaswadiputra ||

29. gêpah amêthuk ing uwa | nak-sanake ibunèki | ingkang măngka kamituwa | para ratu Kaelani | wau Raja Sambaji | sakancane para ratu | prapta jawining kitha | Sipulngalam dhèrèk wuri | rajaputra ginarêbêg pra dipatya ||

30. wus panggih jawining kitha | tundhuk ing uwa ngabêkti | rinangkul tur tinangisan | mring uwa Raja Sambaji | kerid parêng umanjing | jro kitha sabalanipun | orêg wong Jamintoran | praptane Raja Sambaji | panarkane Jêng Sultan Kamidilngalam ||

31. wus têtela ing pawarta | yèn pra ratu ing Kelani | balane sang rajaputra | cangkok asline bunèki | nagari Kaelani | kang kawêngku narpasunu | kang para ratu dhomas | wong Kelan santana sami | pra ratune pra dipati satriyanya ||

32. sadaya sami santana | mangkana praptanirèki | wau para ratu Kelan | boyongan wastra brana di | kabèh manjing jro puri | dene ta kang para ratu | makuwon tan atêbah | kanan kering păncaniti | sinarudhah sinungga sinuba-suba ||

33. wong Jamintoran wus lama | samêkta rêngganing kardi | kunêng malih winursita | ingkang lêlampah [lêla...]

--- 3: 70 ---

[...mpah] nèng margi | Jaminambar kawingking | sampun angancik wana gung | prapta unggyan muara | ingkang ingubêngan bèji | karamate ing uni Sultan Iskandar ||

34. ya ingkang sitine pêthak | labête kang dèn nadari | dening putri Jamintoran | Rêtna Julusulasikin | tan pisah dènnya guling | Jamintoran Sultan Agung | kalawan ingkang raka | Sultan Kamidilngalami | ngalap barkah karamat Sultan Iskandar ||

35. angrandhatakên ing lampah | kèndêl sabên mênara di | sami aminum asiram | sawadya para narpati | tuwin wadya gung alit | ingundhangan sangu banyu | bèji Sultan Iskandar | pan ratu-ratu sabumi | kang darbèni darajad pindha asmara ||

45. Asmaradana

45. Pangeran Kelan dhaup lan Dèwi Sulasikin

1. wus laju lampahirèki | sah saking bèji mênara | angetan ragi angalèr | alami dènnya lêlampah | kang wana-wana bebas | padha kambah ing wadya gung | tan wruh sakirna sawarna ||

2. mangkana praptanirèki | ing talatah Jamintoran | kadya suwak brak prajane | kambah gunge kang wadya Rab | dadya ing Jamintoran | kang ngriyini lir sêsulung | kadya girindra awêndran ||

3. orêg ing praja mênuhi | praptane bala nata Rab | wus sawulan antarane | andina ratu

--- 3: 71 ---

kang prapta | sèkêt-sèkêt sadina | tanpa petungan wadya gung | kontrag sagunging talatah ||

4. desa-desa ingkang prapti | pagunungan pangalasan | akèh prapta lanang wadon | kang arsa mulat wong Arab | jêjêl sajroning kitha | myang jawi kitha supênuh | kadya wutahing samodra ||

5. mangkana wong agung prapti | manjing kitha saha bala | maksih asarèh lampahe | lan kang rayi Jamintoran | kèlês wadya nêningal | lampahe lajêng ngadhatun | Jêng Sultan Kamidilngalam ||

6. kang putra mêthuk wus panggih | tundhuk rinangkul ing rama | adhuh woding nalaningong | kang măngka lajêring driya | lajêng malêbèng pura | ingaturan angadhatun | kang raka Sang Kakungingrat ||

7. amakuwon ing sitinggil | Mahaprabu Jamintoran | kalawan pramèswarine | kadhaton katur ing raka | Sultan Kamidilngalam | sagung narendra gung-agung | makuwon wismèng bupatya ||

8. sagung kang ratu pamingking | makuwon jawining kitha | lir wanarga gora tinon | mangkana kang anèng pura | langkung sinungga-sungga | enjang sore marakipun | sarimbit Sri Sadarngalam ||

9. enjange bojana sami | sakathahe para nata | ingandikan mring kadhaton | rame bojana jro pura | Sultan Kamidilngalam | amanuhkên para ratu | Jaminambar Jamintoran ||

10. sadaya sih mêmangun sih | para ratu Jaminambar | lulut-linulut sakabèh | marang ratu Jamintoran | mantun taha-tinaha [taha-tina...]

--- 3: 72 ---

[...ha] | mangkana ing cêndhakipun | rajaputra wus aningkah ||

11. datan winuwus ing kawi | rêrêngganing mawi krama | wiwaha mangun karamèn | suka-sukane kalintang | sagung kang para nata | tuwin Jamintoran Prabu | ngênting suka-parisuka ||

12. sang putri sapramèswari | sasêntana Jamintoran | lamine among karamèn | Jêng Sultan Kamidilngalam | nèng nagri Jamintoran | pitung wulan laminipun | putra-putri mong asmara ||

13. anutug sukaning galih | gênging raras karasikan | sawiji dina sang katong | Sri Bupati Jamintoran | pinarak lan kang raka | yayi arsa mulih ingsun | mring Kuparman lilanira ||

14. lan putranta yayi aji | ingsun gawa mring Kuparman | yayi aja walangatos | dhêku Natèng Jamintoran | sukur alkamdulillah | botên angraos sêsunu | ing siyang dalu sumăngga ||

15. ngundhangi wadya para ji | sanengga samêkta budhal | gumêr gumuruh punang wong | kadya rêbah sumarambah | sol arga satus sasra | gora gra grah gumarêgut | gurnita tanpa parungyan ||

16. Bathara Anyakrawati | Sadarngalam Jamintoran | ngatêr lan pramèswarine | nêdya wangsul nagri Ngrokam | lêlakon kalih căndra | wus sah saking kuthanipun | ing praja di Jamintoran ||

17. ing marga datan winarni | lampahe kang balakuswa | wus kalih wulan lamine | ngancik talatah ing Rokam | kang pra dipati Ngrokam | sadaya kinèn rumuhun |

--- 3: 73 ---

rakit rêngganing nagara ||

18. pan kadya amangun malih | mawi wiwahaning krama | ambayangkare têgêse | Sang Prabu Gulangge Ngrokam | ing batin amutrangkat | pra dipati kang rumuhun | lajêng paprentah mêmatah ||

19. sauparêngganing kardi | asri busananing praja | angênting ing pakaryane | rawuh sagung para nata | Sultan Kamidilngalam | sabalakuswa wus rawuh | angadhaton jroning pura ||

20. cinatur ramening kardi | luwih duk pajamintoran | sang narpaputra panggihe | ginandhok panggenanira | Sang Prabu Jamintoran | makuwon ing sitiluhur | dene sang prabu ing Ngrokam ||

21. makuwon anèng pangapit | para ratu wus atata | wismèng pra dipati kabèh | miwah Sultan Jaminambar | Sapardan sinung prênah | pikantuk sawadyanipun | sadina-dina bojana ||

22. asuka-suka angênting | tuwin Sultan Jamintoran | lawan sagung santanane | pan nutug sukaning driya | miwah sagarwa putra | anèng Ngrokam sang aprabu | sampun jangkêp tigang wulan ||

23. wus pamit sri narapati | Sultan Agung Jamintoran | arêrangkulan angkate | lan Sultan Kamidilngalam | miwah dhatêng kang putra | tuwin sagung para ratu | wus samya halal-bahalal ||

24. angatêr Gulangge Aji | nênggih angsal lêlampahan | sadasa dina lampahe | mangkana kèndêl Sri Ngrokam | wong agung saha bala | mèh supe pakaryanipun | dènira angguladrawa ||

--- 3: 74 ---

46. Dhandhanggula

46. Wong Agung nglurug dhatêng Mukabumi

1. eca kaecan rêrasan ngèlmi | lawan Prabu Gulangge ing Rokam | ijrah sajarah lakune | ing babare jêng rasul | kang minăngka niyakèng bumi | jroning kitab Sirulbak | kang anggung winuwus | yèn Sultan Kamidilngalam | tan mêningi nèng praja sawadya sami | maksih nèng palurugan ||

2. kunêng wontên drêwis lagya prapti | nênggih anèng nagri banu ngajam | midêr saparan-parane | alêlana anglangut | praptèng nagri Ngrokam Ki Drêwis | Sultan Kamidilngalam | amiyarsa wuwus | lamun ana drêwis prapta | saking ajam sigra kinèn animbali | praptèng jro pura Ngrokam ||

3. Rajèng Ngrokam kang kinèn nakoni | punang drêwis kinèn cêcarita | dènira Prabu Gulangge | hèh pawong sanak ingsun | sidhêkaha kabar kang yakin | mungguh ing tanah Ngarab | ing Mêkah puniku | ing mangke sawêg punapa | ya ta manthuk alon sumaur ki drêwis | ing uni lagya amba ||

4. praptèng Mêkah amba andadrêwis | inggih sampun babar kabibullah | niyakèng rat saèstune | nanging dèrèng ginugu | mring wong ahli Mêkah gêng alit | tuwin kang para paman | ing mangke yangipun | Adipati Mêkah seda | arsa atur uninga kang andon jurit | Sultan Kamidilngalam ||

5. Arya Betaljêmur kang mambêngi | dadya sande ingkang para putra |

--- 3: 75 ---

datan lumampah dutane | lingira Betaljêmur | ing Kuparman ing mangke sêpi | nadyan sira susula | sagone katêmu | nging Sultan Kamidilngalam | lagya sinung pakaryan dera Hyang Widi | ngrusak ing Jaminambar ||

6. lajêng kinèn ngrisak Mukabumi | watês langit kulon kang rinurah | numpês panêluhan kabèh | pan prêlu lampahipun | anglakoni pakon Hyang Widi | makatên amba myarsa | Gulangge lingnya rum | Arya Betaljêmur ana | nagri Mêkah pun drêwis umatur inggih | mila prapta ing Mêkah ||

7. Raja Irman mangkya murtat malih | Betaljêmur apan sinikara | cinukil kalih netrane | dening Sang Irman Prabu | dadya wuta netrane kalih | Sang Adipati Mêkah | amiyarsa gupuh | pinondhongan dhatêng Mêkah | dhèrèk momong timure andika nabi | netrane ingusapan ||

8. dening tungkakira kangjêng nabi | soca mêdal netranya waluya | mulya lir wingi unine | Ki Arya Betaljêmur | pan mêningi sawêlas sasi | amomong rasulullah | nuntên sedanipun | pan inggih anunggil warsa | lan sedane Ki Arya Ngabdul Muntalip | sami sinare Mêkah ||

9. mangkya kangjêng niyakaning bumi | tansah awawan marang kang paman | Radèn Aris Bulahabe | Bujahal rowangipun | angajani kabèh kang mungkir | tan ana kang nandhanga | kang anut jêng rasul | Rahadèn Aris Bulahab | wong kang anut sadaya dèn jêmalani | dadya kèh

--- 3: 76 ---

sêsiliban ||

10. malah rame aprang silih jodhi | kangjêng rasul lan Radèn Bulahab | mung kangjêng nabi kanthine | mung rare patang puluh | tan wruh atut tan wrin prang malih | sami rêbat agama | kala sedanipun | Abutalip ingkang paman | pananjake Bulahab angadhêp sami | lawan jêng niyakèng rat ||

11. andikirkên lawan kangjêng nabi | miwah kang paman Radèn Bulahab | sarya sru ing pamêtike | adhi aja anggugu | Si Mukamad pan iku sikir | bocah kudu kumêthak | angaku rinusul | aniwasi jroning pêjah | kang ananjak kapiran Ki Abutalip | tambuh kang dèn anggea ||

12. ingkang raka Bulahab ngadhangi | adhi aja nganggo ngèlmu anyar | ngèlmunira lawas bae | poma adhi dèn emut | anakira pan tukang sikir | tiwas sira gugua | jêng nabi lingnya rum | paman Butalip nêbuta | sampun maksih ngangge agama kang lami | dede sikir manira ||

13. paman Abulahab ta puniki | ngèlmu wangkot tan amyarsa kojah | sarengat urut-urute | Bulahab asru muwus | aja adhi anggugu sikir | kapiran ingkang pêjah | Butalip puniku | tambuh tibaa ing Islam | tambuh kapir rêbutan para musanip | tibane kapir Islam ||

14. marma ana angarani kapir | dene rosane Radèn Bulahab | jêlih-jêlih pamêtike | jêng nabi lingnya arum | lajêng seda Radèn Butalip | marma ngarani Islam | ingkang para

--- 3: 77 ---

jamhur | ngitik-itik rasulullah | ing putrane dhewe sihira kinari | ing sihe kaponakan ||

15. kongsi ngumur salawe jêng nabi | kinawinkên lan Dèwi Katijah | Abutalip langkung sihe | ngugunge mring jêng rasul | mila wani para musanip | angaranana Islam | nênggih kangjêng rasul | măngsa tegaa mring paman | akèh paman mung iku sih ngitik-itik | mring sang niyakaning rat ||

16. duk miyarsa waspanya drês mijil | wau Jêng Sultan Kamidilngalam | umatur Prabu Gulangge | dhatêng pundi pukulun | rêntêng tuwan aris nauri | marang kalihe awlas | kakang kalihipun | Abutalip Abulahab | kurang kojah prakosa kudu ngukuhi | mring agamane lawas ||

17. sami ngungun kang para narpati | amiyarsa drêwis tuturira | sinêlan sakêdhap lèrèn | Prabu Gulangge muwus | tutugêna lah kaki drêwis | sira kang sinung bêgja | wus mulat jêng rasul | iya pira-pira rahmat | wruh ing dhapur pasarirane jêng nabi | drêwis lon aturira ||

18. datan kêni pinardi ing budi | suwarnane sang nayakaning rat | ngasorkên lintang sotyane | dene wadananipun | angasorkên ujwalèng sasi | awilis ingkang rema | prasasat jumêrut | kadi tapak wêwayangan | driji papak ngênguwung ambalêrêngi | sasranduning sarira ||

19. duk ing nguni kesah pitung ari | gaib maras kang para sakabat | miwah para paman kabèh | anulya praptanipun | pakumpulan [pakumpula...]

--- 3: 78 ---

[...n] wong Mêkah sami | Radèn Aris Bulahab | panggenane ngumpul | jêng rasul prapta dèn undang | mring kang paman para sakabat angiring | praptèng wisma Bulahab ||

20. sawusira sami tata linggih | anèng wismane Radèn Bulahab | pêpak kabèh santanane | myang wadya-wadyanipun | Abulahab têtanya aris | sira tan katingalan | tanpa rewang iku | iya duk ing kesahira | kangjêng rasul nauri sabda amanis | êkak tan kidib sabda ||

21. kula paman ngandikan mring langit | kinèn miyat isine sadaya | inggih langit kapitune | Bulahab duk angrungu | têbah jaja sarwi anjêlih | lah ngêndi ana uga | mangkono saurmu | ngaku ngandikan Hyang Suksma | goroh gêdhe ratuning goroh sabumi | apa sun tambakêna ||

22. dene salah pangucap sirèki | ingsun wajib kang anambakêna | jêng rasul malih saure | botên paman satuhu | pan kawula saking ing langit | Bulahab pêparentah | marang ing wadya gung | hèh payo padha suraka | surakira muni goroh-goroh sami | gumuruh swaranira ||

23. wanti-wanti goroh suraknèki | wontên sakabat juga Bubakar | anjêlih sora swarane | pan sidik kangjêng rasul | sawartane pan ora kidib | kancane tumut surak | sidik surakipun | rame pan ambal-ambalan | surak sidik lan goroh surake sami | balane Abujahal ||

24. datan wontên maido ing kapti |

--- 3: 79 ---

mung kang paman kang aran Bulahab | lawan paman misanane | Abujahal puniku | ingkang ina kapati-pati | drêwis sigra pamitan | mung dugi ing ngriku | ingandhêg pan ora kêna | praptèng jawi pun Drêwis wus tan kaèksi | kang kantun ngungun samya ||

25. lan angrasa wus sinungan kardi | nutugakên ing pakaryanira | muwus sukur ing titahe | pinasthi pisahipun | lawan kadang suwăngsa sami | piniji ing Hyang Suksma | sinung ing karya gung | andangu mring Natèng Rokam | ngêndi yayi praja liyane ing ngriki | tanah Mukabantala ||

26. Sri Gulangge aturira aris | inggih gusti nagari ing Rokam | apan wontên sisihane | ratu sasar pukulun | Ratu Barwar kithane Dardis | kang wit anêdha janma | punika tiniru | nguni Gajimăndalika | Rajèng Dardis Barwar witing mangan janmi | ratu langkung anasar ||

27. wontên malih kitha Pildandani | lan Jadalsah sami măngsa janma | inggih gusti saturute | pan inggih tanahipun | inggih tanah ing Mukabumi | nanging gawat kang marga | sami urut gunung | tan kêni lamun ingambah | wadya kathah urut ardi jurang bangbing | tanah kithaning setan ||

Lajêng nyandhak: Menak Talsamat.

--- 3: [80] ---

Isinipun

... Kaca:

33. Patih Duljalal pêjah dening wong agung. ... 3
34. Wong agung dipun krubut ing para raja. ... 9
35. Raja Sapardan dipun bănda. ... 16
36. Ngrêmbag pêrang brubuh. ... 21
37. Para raja balanipun wong agung kathah ingkang kapupu ing prang. ... 26
38. Wong agung pêrang kalihan Prabu Rabusamawati. ... 31
39. Santun gêlaring prang. ... 37
40. Pêrang brubuh. ... 43
41. Prajurit Jamintoran ambiyantu wong agung. ... 48
42. Prabu Rabusamawati pagas jangganipun dening wong agung. ... 52
43. Wong agung mriksani kadhaton Jaminambar. ... 57
44. Wong agung tindak dhatêng Jamintoran. ... 64
45. Pangeran Kelan dhaup lan Dèwi Sulasikin. ... 70
46. Wong agung nglurug dhatêng Mukabumi. ... 74

 


patimunan. (kembali)
Kurang satu suku kata: ngandika Sri Saesalam. (kembali)
inguwuh. (kembali)
kasrahi. (kembali)
Kurang satu suku kata: sênuk kuldi bihal jawi êmas. (kembali)