Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 1)

Judul
Sambungan
1. Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860 (Jilid 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1178

Menak Jaminambar

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Bale Pustaka - 1936 - Batawi Sèntrêm.

--- 1: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits-bibliotheek.

1. Dhandhanggula

1. Candhakipun Umarmaya manggihi Prabu Sadarsalam

1. sami-sami agami Ibrahim | agêng lan alit pantês aseba | manggihi gusti têgêse | nadyan sami wus anut | mring jêng nabi duta Ibrahim | jêr kantun ingkang têdhak | wong agung puniku | trah Ibrahim lair Mêkah | akêkutha Kuparman prawirèng jurit | pantês ing Jamintoran ||

2. asebaa nèng têba manggihi | nanging kawula sandeya kakang | dèrèng yêkti pawartine | dene ping kalihipun | ingkang putra wontên ing ngriki | dèrèng atur uninga | atadhah bêbêndu | inggih dèrèng manggih dhangan | saking têtêrangan pan dêdanan budi | ing mangke kathukulan ||

3. praptanipun kakang adipati | inggih kawula tadhah dêduka | Ki Umarmaya ature | sampun susah sang prabu | aprakawis kawula prapti | dene raka paduka | inggih kang angutus | maringa ing Jamintoran | tan makotên pan amung kinèn ngulati | dhatêng putra paduka ||

4. ing têkiyar kawula pribadi | angosak-asik ujum pratapan | ing wukir pandhita akèh | punika kang atuduh [a...]

--- 1: 4 ---

[...tuduh] | yèn ki putra wontên ing ngriki | dene Sang Raja Salsal | lan Gulangge sampun | pratela kilèn talatah | sampun wontên ingkang agami Ibrahim | ratu gêng binathara ||

5. Jamintoran Prabu Nyakrawati | Sadarsalam ratu binathara | lèr kilèn tanah prajane | ingkang sabrangan laut | ing dharatanipun sawarsi | wong agung duk miyarsa | sukur sukèng kalbu | tan kadi graita tuwan | dadya suka tyasnya Prabu Nyakrawati | Bathara Jamintoran ||

6. lajêng luwaran dènnya tinangkil | Umarmaya binêkta mring pura | langkung saking gêng kurmate | sasat tamian guru | sung nugraha sang adipati | kasmaran jro wardaya | gupuhira prabu | saengga kadang lan bapa | ing anggêpe adhahar sare tinunggil | Dipati Tasikwaja ||

7. pan ginanti gènira aguling | anèng kang putra Pangeran Kelan | nuntên jro pura ênggène | ing sabên ari manggung | pakumpulan sagung bupati | drawina saha bala | suka-suka nutug | mangkana sawiji dina | Umarmaya nuju pinanggih pribadi | lan Prabu Jamintoran ||

8. nèng panêpèn matur ki dipati | sampun lami ing lampah kawula | yêkti pangajêng-ajênge | raka paduka prabu | kula jarwa tuwan pribadi | mênggah raka paduka | kadi lajêng nglurug | dhatêng nagri Jaminambar | dene mênggah panuwune putranèki | kadi sampun ing aprang ||

9. yèn salamêt kadi wruh ing margi | yèn tan dhatênga sayêkti sirna |

--- 1: 5 ---

ing Jaminambar dhatênge | sang nata duk angrungu | lah puniku kakang dipati | wontên maras kawula | kalamun wong agung | ngalurug ing Jaminambar | ratu agung nagri sawatêsing langit | kilèn nungkul sadaya ||

10. marang Ratu Rabusamawati | kang angaku Sang Hyang Amisesa | datan wontên ratu malèh | kang agêng mung puniku | nagri kilèn watêsing langit | mung Ratu Jaminambar | kang dhèwèki agung | prakosa sugih prang kêmat | Umarmaya umatur kadi tan kêni | upami ingandhêga ||

11. yêkti raka paduka ing benjing | wungu dukane yèn tumingala | Saesalam jêjenggote | anèh lan para ratu | kang sinulam rêtna inganggit | sotya jumêrut mirah | mutyara lan yakut | angling Raja Jamintoran | saking pundi mulata jêjenggotnèki | ing Prabu Jaminambar ||

12. kajawi benjing têmpuh ing jurit | Ki Dipati Tasikwaja turnya | hèh sang nata sampun age | witning sang rajasunu | putra tuwan ta botên kêni | amirsa mungsuh awrat | pan lajêng puniku | kabapan ambêk mring mêngsah | sajatine sang nata kula mariki | saking ing Jaminambar ||

13. jêjenggote kang kula malingi | lah puniki winêdalkên sigra | saking ing jro kêkasange | Marmaya gya rinangkul | aib têmên panggawe iki | kakang aja ta walang- | driya nora tutur | manira maring ki putra | sun kawruhi têtêkone anak mami | jêr ratu Jaminambar ||

14. taha-tinaha [ta...]

--- 1: 6 ---

[...ha-tinaha] lawan ing ngriki | anglurugi tan wani maringwang | miwah tan amrih nungkule | iya ngong mangkanèku | nora wani yèn anglurugi | dadi taha-tinaha | iku lawan ingsun | padha tekad sowang-sowang | dene mangke Wong Agung Surayèng Bumi | kang duwe pagawean ||

15. ingkang wajib angradin ing jurit | wus akanthi iya Raja Salsal | lawan Narpati Gulangge | pan iku ratu agung | ing bang kilèn timbangan mami | katri ing Jaminambar | ing mangke wus ungsum | prapta wong agung bang wetan | Raja Arab sayêkti arsa mungkasi | dènnya ngrata agama ||

16. lêluhure agama Ibrahim | wajib ingsun iki belanana | ing papa miwah arjane | matur Umarmayèku | yèn makotên sri narapati | kula enjing amangkat | rêmbag sabiyantu | ing lair batin wus nunggal | kunêng dalu ya ta kawuwusa enjing | Dipati Tasikwaja ||

17. mring ênggone ing putranirèki | Pangeran Kelan Ki Adipatya | Tasikwaja andikane | kulup umangkat ingsun | barang rêmbug iku wus dadi | dene paningkahira | panjalukirèku | têkane wong tuwanira | iku ingong ingkang saguh angaturi | praptane Jamintoran ||

18. ramanira nora wande prapti | nanging ta lawas kalawan enggal | luwih karsane Hyang mangke | dene sapungkur ingsun | aja sira murang ing kapti | karsane ramanira | ing kene sang prabu | măngsa ta angarah

--- 1: 7 ---

apa | iya uwis prasasat ramanirèki | Wong Agung Kakungingrat ||

19. sakarsane lah turutên gusti | dèn abêkti marang ing wong tuwa | bêgja wus agama kene | kalawan ratu agung | Sri Bathara Anyakrawati | Sang Prabu Jamintoran | ambêkira alus | raharja tur satya budya | yêkti wajib tinurut sakarsanèki | kang putra tur sandika ||

20. tan winuwus rêroncèning pikir | pan cinêndhak wau lampahira | Dipati Marmaya mangke | wus pamit ing sang prabu | miwah marang putranirèki | mêsat saking nagara | Jamintoran dulu | lampahe Ki Tasikwaja | praptèng jawi kitha sarwi nampèl wêntis | lir kilat pêsatira ||

21. sadhêpa dènnya tan ngambah siti | sapamanah dadi sajangkahan | dangu sangsaya rikate | rong pamanah pan antuk | sajangkahan lumpatirèki | wus angidak ing wana | ing sawulanipun | linampahan kalih dina | luwihipun Ki Dipati Guritwêsi | tambuh ing lampahira ||

2. Gambuh

2. Prabu Sadarsalam dhawuh mêpak bala

1. kunêng ta kang lumaku | sira dipati ing Silahulun | kang ing wuri wau gantya kang winarni | lir tinêbak ing mong luput | ing Jamintoran sang katong ||

2. Kya Patih Jahansirun | kang ingandikan marang sang prabu | miwah sira Pangeran Kelan kang prapti | nèng ngarsane rama prabu | gunêm sajroning kadhaton [kadha...]

--- 1: 8 ---

[...ton] ||

3. angandika sang prabu | marang Kyana Patih Jahansirun | angêriga hèh apatih pra dipati | măncapraja para ratu | kabèh wong têtamping ingong ||

4. sakapraboning pupuh | karana ta mangsane wong agung | ing Kuparman ngarsakakên ngrata bumi | bok ana parentahipun | maring sun sok wis asaos ||

5. nadyan tan ana iku | parentahira wajib abantu | witning padha iya agama Ibrahim | ngawakana dhewe patut | anglabuhi prange popor ||

6. lawan ing kalihipun | kang putra anèng nagaraningsun | yèn mênênga bae tanpa ngrasa mami | hèh patih mangkono ingsun | paran rêmbugira kono ||

7. dene ta putraningsun | ki putra Kelan ingkang atunggu | Jamintoran ingsun nora angawruhi | pracaya marang sutèngsun | lah patih sira kang among ||

8. dene ta lamun kuntung | para ratu rong duman kang milu | kang saduman iku tunggu putra mami | Kyana Patih Jahansirun | matur lêrês karsa katong ||

9. ngundhangi para ratu | miwah satriya punggawa agung | ingundhangan asaos kaprabon jurit | sapakartine wong nglurug | wus pacak barising katong ||

10. ubêkan sapraja gung | elur tan kèndêl wadya lumêbu | ingkang saking pasisir măncanagari | sadina-dina gumuruh | siyaga prang para katong ||

11. kunêng malih winuwus | ki adipati ingkang winuwus | sampun dungkap ing ênggone punang kaki | tanah Jaminingrab sampun | Marmaya [Mar...]

--- 1: 9 ---

[...maya] lampahira lon ||

12. amor talatahipun | lan tanah Rokam asrêp tyasipun | kèndêl aring ing munara gèning bèji | ngayêm-ayêm salirèku | ing dalu arsa anyêrot ||

13. wusnya asalat gupuh | sang adipati anêbah pupu | nampèl wêntis pêsatira kadi thathit | angantêp dènira mamprung | sadalu enjing wus anjog ||

14. praptane nagaresuk | nuju tinangkil sira wong agung | aglar sagung para nata ngarsa Amir | Salsal Gulangge Lamdahur | wong Parangteja tan adoh ||

15. Kewusnendar Tamtanus | Tasangsulngalam Maliyat Kustur | Barikahar Johanpirman Banuarli | Kalbujèr lawan Dukyanus | Marmadi sakadang katong ||

16. Yusup Adi nèng ngayun | Sarkab Sarsaban Iskal Iskalun | Kemar Kadarisman Sri Darundiyèki | supênuh pra ratu-ratu | wong agung ngandika alon ||

17. yayi Parangtejèku | pira lawase ing kesahipun | kakangira kang Dipati Guritwêsi | Arya Maktal nêmbah matur | pan sampun tigang pancorong ||

18. wus matur nolèh pungkur | marang Gulangge nambungi wuwus | sampun lêrês ing petang anggèr pan sami | ya ta ngandika wong agung | yèn kongsia lèh sêmono ||

19. yêkti doh têbanipun | kaya yèn antuk lakon sataun | yèn lakune si kakang Tasikwajèki | baya ta durung katêmu | ki putra ilange adoh ||

20. nênggak waspa wong agung | sagung [sa...]

--- 1: 10 ---

[...gung] tumingal sami tumungkul | tan antara kêthap-kêthap pan kaèksi | prapta manjing alun-alun | lampahe maksih mancolot ||

21. wus manjing tarub agung | nguluki salam jinawab gupuh | gapyuk samya aras-ingaras jănggèki | wus lênggah Umarmayèku | kumrubut kang para katong ||

22. gugup pandangunipun | kaya ta paran lakunirèku | sigra matur Adipati Guritwêsi | inggih kapanggih pukulun | putra paduka sang anom ||

3. Sinom

3. Wong Agung nglurug dhatêng Jaminambar

1. wontên nagri Jamintoran | têbihe saking ing ngriki | lêlayaran tigang wulan | dharatanipun sawarsi | ratu gêng nyakrawati | ngawulakkên para ratu | prakosa sugih bala | sampun agama Ibrahim | Sadarsalam Binathara Jamintoran ||

2. ratu ambêk santa budya | paramarta sih ing dasih | Sri Bupati Jamintoran | bagus pidêksa rêspati | yèn tinon ulat liring | rayi paduka pukulun | Wong Agung Parangteja | bêbaon wadana sami | kaot kêdhik agêng Natèng Jamintoran ||

3. kang rayi jalu satunggal | mirit ratu ing Yunani | nama Radèn Sadarkola | pêkik prawira ngajurit | dening namaning patih | sira Patih Jahansirun | blêg nata Darundiya | kaote antêng ki patih |

--- 1: 11 ---

Jahansirun prawira mantêp jatmika ||

4. puniku kang dadi pikat | bisane anyuwitani | marang ki putra ing Kelan | kacandhêt saaturnèki | dene purwane nguni | ing ngrika kapanggihipun | inggih ing Jaminingrab | apan tumut Ngrokam ngriki | wontên tabêt karamat Sultan Iskandar ||

5. bèji kalawan munara | ping tiga sare ing margi | sabên-sabên palerenan | sadina ping tiga manggih | munara sarta bèji | caritanira rumuhun | kala Sultan Iskandar | anglurugi larang warih | milanipun amêdalakên karamat ||

6. munara bèji wiwitan | punika sitine putih | sadaya sitine abang | mung satunggil siti putih | pangruwat barang sakit | puniku taman si dhukun | putri ing Jamintoran | Rêtna Julung Sulasikin | kang suwarna kadi gambar saking swarga ||

7. punika gêrah têtămba | siram taman siti putih | sapangat Sultan Iskandar | waluyane rajaputri | bêkta wong pitung kêthi | tindhih Patih Jahansirun | lan Arya Sadarkola | kang ngantêr sang rajaputri | pacak baris prajurite Jamintoran ||

8. nuli kaki putra Kelan | ambujung manjangan wilis | tinut kalantur kasasar | ing barise rajaputri | sirna manjangan wilis | kadrojog ing baris agung | ki putra mèh karampas | lajêng amurwèng ajurit | aprang rame kasoran wong Jamintoran ||

9. dene pêtake ki putra | sêsumbare ing ajurit | miyarsa wong Jamintoran | Sadarkola [Sadar...]

--- 1: 12 ---

[...kola] lan ki matih[1] | mara barundhul kalih | asrah pati batinipun | luntur tyase ki putra | pinanggih pakuwon nênggih | palênggahan lawan putri Jamintoran ||

10. nuntên matur ing ki putra | Rêtna Julung Sulasikin | wong agung anilakrama | inggih sampun age runtik | tan wontên kang udani | lamun paduka wong agung | dosane wadyaningwang | kawula ananggalangi | pan sumăngga ing kukume narpaputra ||

11. wau kalane tumingal | mring Ni Julung Sulasikin | kagyat anyana kang garwa | Kadarwati anèng bèji | dangu-dangu katawis | ragi sêpuh garwanipun | upama kinacèka | umur kadi tigang warsi | pacacahe ing warna êblêg sadaya ||

12. lawan dêdêge watara | dêstun kacèk têlung nyari | andhap putri Jamintoran | Ki Umarmaya anolih | marang Raja Kubarsi | lah iya Maliyat Kustur | kêmbar lan kadangira | yèn matia salah siji | sira marêm mulat putri Jamintoran ||

13. yayi mas ing Parangteja | sira kang niaya iki | atmajane duk pasihan | têka dèn pisah saiki | ya dumèh anglurugi | Gajimăndalika Uktur | dene nora piraa | larangan gawa pawèstri | milanipun kapêjêng kangên kang garwa ||

14. kantaka ngênggon ki putra | sigra Julung Sulasikin | parentah marang ki patya | ginulung rahadèn mantri | nginggahakên palwa glis | tan kari sakudanipun | prajurit Jamintoran | bêdhol numpak ing jaladri | dhaut jangkar [jang...]

--- 1: 13 ---

[...kar] kang palwa ababar layar ||

15. ki putra lajêng binêkta | sapraptanira ki mantri | ing nagari Jamintoran | kinarya tumbaling jurit | sang nata langkung asih | ingangkat putra pambayun | karsa pinanggihêna | lan Dyah Julung Sulasikin | pamopone ki putra wontên tinêdha ||

16. inggih praptane kang rama | Wong Agung Surayèng Bumi | ing nagari Jamintoran | lan kang garwa Kadarwati | manira kang nanggupi | ki putra panjalukipun | jinênêngana ngrama | pan ing Kaelan sang putri | lah puniku alure purwa wasana ||

17. ngungun kang samya miyarsa | wus panguncanging Hyang Widhi | milane kala amirsa | mangsuli ika ta mangsit | wong agung sigra nolih | marang Gulangge wotsantun | inggih ing bumi Rokam | ing Jaminingrab wanadri | tamat tabêt karamat Sultan Iskandar ||

18. wong agung alon ngandika | kaki Prabu Parangakik | bêcike sira ngujunga | ing labêt lêluhurnèki | kang putra awotsari | Umarmaya malih matur | sarwi mêdalkên ingkang | jenggot Rabusamawati | saking kasang panjangipun limang asta ||

19. inganggit lawan mutyara | jumêrut nila widuri | mirah intên pira-pira | markut markap kang sinuji | cingak ingkang ningali | sagung para ratu-ratu | wong agung angandika | sapa duwe jenggot iki | matur alon Sang Dipati Tasikwaja ||

20. sang nata ing Jaminambar | ingkang angaku Hyang Widhi | Saesalam kang pêparab | Raja Rabusamawati | pangeran pitung [pi...]

--- 1: 14 ---

[...tung] langit | wal arli pangeranipun | pitung bumi punika | nora kapalang ing kapti | Saesalam dènnya angaku Hyang Suksma ||

21. akarya langit kasapta | sawarga naraka kardi | widadari malaekat | rosane kêpati-pati | wau duk amiyarsi | jajanira latu-latu | wadana dadi wongwa | Wong Agung Surayèng Bumi | asupata sinêsèkkên para nata ||

22. hèh sakèhe para nata | padha sêksènana mami | norage kapanggih ingwang | iya lawan putra mami | ki putra Kaelani | lamun ingsun durung gêmpur | ratu dubilah setan | kang ngaku Hyang Maha Suci | lamun tiwas matia nèng Jaminambar ||

23. hèh yayi Gulangge mara | nuduha wadyanirèki | pangirid panuduh marga | mring Jaminambar nagari | undhangna Umarmadi | ingsun budhal besuk esuk | gitik mring Jaminambar | manawa salamêt urip | iku wêruh ing nagara Jamintoran ||

24. lami nèng nagari Rokam | anyandhang lara gêng kingkin | icale Pangeran Kelan | sampun amamring asêpi | kêkayon sanagari | sami putih sêmunipun | nyênyêt samangke waras | kantênan gène dyan mantri | malah duka wong agung kala miyarsa ||

25. dene Ratu Jaminambar | têka angaku Hyang Widhi | jenggote wus kamalingan | mring Dipati Guritwêsi | tinalèkakên benjing | nèng sukune askardiyu | yèn ugi têmpuh ing prang | mangkana Rokam nagari |

--- 1: 15 ---

kadi guntur swarane gumrah wurahan ||

26. dene kang sami siyaga | sakapraboning ajurit | baranang gumrah sumringah | sabarang sêmune abrit | kagawa bigar ati | mangkana kang para ratu | samakta saha bala | Gulangge prajuritnèki | pitung yuta patang kêthi kang pangarsa ||

27. balane rong puluh yuta | punika ingkang kinêrig | binêkta mring Jaminambar | kajawi wadya para ji | dhomas ingkang pangarsi | wadanane para ratu | ratu pamburi kathah | kang tinuding ngirid baris | ambarêpi anuntun gêgaman Arab ||

28. sakawan ratu prakosa | anyayuta wadyanèki | Ngrêdadi Raja Subêrham | Raja Gêrgawamêntari | Raja Drêkuma nênggih | ing Buntara ratu agung | lan Raja Banualkap | nagrine Baranjêmadri | juru nuntun marga mring gêgaman Ngarab ||

29. kunêng samaktaning bala | kêkirab gêgaman bumi | tata sajawining kitha | lawan bala ing Kohkarib | ingkang sami ngriyini | saking kitha wêdalipun | lawan bala ing Selan | lan Kalakodrat kang mijil | tan kawarna ing dalu ari kawuntat ||

4. Pangkur

4. Patih Baktiyar kalihan Unuk Mardawan wêwadul dhatêng Prabu Rabusamawati

1. enjing têngara gumêrah | têtêg ewon bèri gurnang thongthonggrit | gumêrah sajuru-juru | sagung para narendra | budhal saking jro kitha Rokam kadya rug | prakêmpa [prakê...]

--- 1: 16 ---

[...mpa] wukir sayuta | anglir bêdhah bumi gonjing ||

2. daut saking jawi kitha | para ratu ingkang barêpi baris | Subêrham lan Raja Barkum | Gêrgawan lan Banulkap | kapat sami pianjur andêling kewuh | prajurit kawan ing Rokam | kang tate nguwisi kardi ||

3. balanira anyalêksa | sinambungan prajurit ing Kohkarib | para ratu patang puluh | gumrêgut saha bala | tingkah kadya anganyar-anyari nglurug | alami nèng nagri Rokam | kèndêle tan ana jurit ||

4. wurine bala Marmadya | balanira Lamdahur anambungi | sakuswa kang para ratu | wuri balane Salsal | ing wurine balane Maliyat Kustur | lan balane Kewusnendar | para ratu kang nambungi ||

5. nulya Kalbujèr balanya | Banuarli balane kang nambungi | lan balane Natèng Kuljum | anulya balanira | Sadat Kadarisman wong Ngabêsi nyundhul | wuri balanipun Sarkap | Turki ingkang anambungi ||

6. balane Iskal Iskalan | nulya Ukman balane anambungi | nulya balane Tamtanus | jangkêp ing tigang dina | nulya bala ing Kaos ingkang sumundhul | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | lan bala ing Samasrawi ||

7. nulya sumundhul barisnya | Sultan Anom Adi Danurusamsi | bala Kodrat Samadikun | sumundhul anèng wuntat | balanira Jayusman Murijalsamsu | Kaharkusmèn balanira | nulya balane Dukyanis ||

8. nulya para Ratu Kelan | kang kinarya anindhihi

--- 1: 17 ---

ing baris | ing wuri ingkang sumundhul | bala ing Parangteja | gunging bala kanggo tigang arinipun | nulya balane Marmaya | kang munggèng ngarsanira Mir ||

9. sumambung wadya pangarsa | kang sayuta wuri Sang Jayèngmurti | ing wuri pra kadangipun | golong kang pra santana | bala Amir anggili ingkang sumambung | balane baris balabar | bala Bas lan Ngabdulsamsi ||

10. kabèh bala para kadang | kalih wêlas prasamya anambungi | miwah tunggul payungipun | kabèh bandera pêthak | rontèk pêthak malêtuk lir udan kapuk | wuri kathah para nata | mor bala ing Ngalabani ||

11. cinatur wolulas dina | antarane têlase kang prajurit | wus datan kêna cinatur | gunge bala Kuparman | wuwuh-wuwuh kèhe tan kêna winuwus | prasasat samodra wutah | anêsêki kang wanadri ||

12. kunêng malih kang winarna | sira Unuk Mardawan lan Apatih | Baktiyar têtela sampun | atas dènnya miyarsa | yèn budhale saking ing Rokam wong agung | Kalana Surayèng Jagat | mring Jaminambar anggitik ||

13. Baktiyar Unuk Mardawan | nêdha atêr mring balane Kotaltil | Kotaltil balane Mangkrub | Mangkrub lurah malekat | tukang banyu Mingkail namane Mangkrub | Baktiyar Mardawan budhal | saking prajane Kotaltil ||

14. ing siyang dalu lumampah | tan winarna ing marga sampun prapti | ing Jaminambar kutha gung | Mardawan lan Baktiyar | dutanira Kotaltil anjujug Mangkrub | ngirid Mardawan Baktiyar | wus panggih [pang...]

--- 1: 18 ---

[...gih] lawan Mingkail ||

15. katur mula bukanira | yèn Baktiyar pêpatih ing Mêdayin | Mardawan saduluripun | nguni Unuk Marjaban | Ngambarkawit mantune Gulangge Prabu | dadi bêburon kalihnya | praptane punika ngungsi ||

16. Mardawan Baktiyar samya | wus binêkta minggah marang ing langit | winêling pratingkahipun | umarak ing Hyang Suksma | Rabusamawati angaku Hyang Agung | sabarang pratingkahira | kadi amamak Hyang Widhi ||

17. sira Mardawan Baktiyar | akêkinthil marang Mlekat Mingkail | minggah ing langit kapitu | prapta ing bale ngaras | ngoyog kori Malekat Mingkail Mangkrub | Jabrail Surakal mêdal | lawan Duljalal Ngijrail ||

18. lawan Israpil Sapardan | kumpul papat Malekat Mukarabin | sami marak ing Hyang Agung | pinarak bale ngaras | munggèng singasana ing yakut jumêrut | widadari kang angayap | wontên kalih atus sisih ||

19. sujud malekat sakawan | wong kêkalih tumut Mardawan Patih | kalihe tumut asujud | munggèng ing wurinira | ingkang papat kinèn tangi saking sujud | Jabrail Ngijrail samya | Mingkail Ngisrapil tangi ||

20. kantun Baktiyar Mardawan | maksih sujud Sang Rabusamawati | ngandika marang ing Mangkrub | hèh Mingkail ta sapa | ya kawulaningsun sira gawa mangsuk | Mangkrub Mingkail tur sêmbah | gih kawulaning Hyang Widhi ||

21. satunggil aran Baktiyar | nguni mapan pêpatih ing Mêdayin | Mardawan satunggalipun | Ngambarkawit ing

--- 1: 19 ---

Rokam | kadang Unuk Marjaban kalihe katur | dadya bêburon punika | mila ngungsi ing Hyang Widhi ||

22. ambêkta atur punika | mila gupuh umarak ing Hyang Widhi | angandika Raja Rabus | hèh Baktiyar ta iya | karo pisan sumêdya apuraningsun | pan sira kawulaningwang | nora wurung sun tulungi ||

23. Baktiyar tangi kalawan | Sang Mardawan Baktiyar turirèki | dhuh Tuwan kang maha luhur | kang misesèng kawula | ingkang luwih wikan dhatêng maklukipun | kang anitah bêcik ala | amba ngaturi udani ||

24. wontên têrah kinawasa | inggih têrah saking Nabi Ismangil | Mêkah kalairanipun | prakosa măndraguna | ngawulakkên alêksan kang para ratu | akêkutha ing Kuparman | balane kadi jaladri ||

25. ing mangke wontên ing Rokam | pan kinêrig bang wetan ing para ji | mila Gulangge pukulun | datan kuwawi nambak | miwah Salsal pukulun sami anungkul | Raja Gajimăndalika | Uktur anadhahi jurit ||

26. tumpês datanpa kukuban | sabalane bêsmi sami wor siti | Gajimăndalika Uktur | dadyawu kunarpanya | nagarine dèn sirnakkên labêtipun | sampun dadi ara-ara | ing prang kurugan pêpati ||

27. ingkang sampun atêtela | ing bang wetan wingrin para narpati | têmah suwita sumuyut | ratu gêng-agêng samya | pira-pira kang kasaban dhamparipun | kumalungkung anèng jagat | Wong Agung Surayèng Bumi ||

28. ing mangke sampun kêkirab | saking

--- 1: 20 ---

Rokam nêdya gitik mariki | wadya kadya lun gumulung | kathah ratu misesa | ingkang sami abêbala para ratu | kang sami sudibyèng yuda | tanpa wilis kang para ji ||

29. para putrane sadaya | anêracak samya prawirèng jurit | tur sami umadêg ratu | anagri sowang-sowang | sabandhoyot măndraguna ing prang pupuh | sagarwane sami digbya | prawira mucung ing jurit ||

5. Pucung

5. Untabipun prajurit Jaminambar kalihan prajurit Kuparman

1. pan angguguk angakak angêmbat pupu | wau duk miyarsa | Raja Rabusamawati | ing ature Rêkyana Patih Baktiyar ||

2. hèh wong iku iya patih ing Mêdayun | arêp srah palastra | yèku Si Surayèng Bumi | apa dèn go angalahna marang ingwang ||

3. balaningsun kadi rêndhêng măngsa jawuh | miwah sugih ingwang | iku ingsun karsa langit | langit êmas sèwu yuta dhacin ana ||

4. jêmbaripun sadina ingkang mangidul | angetan sadina | mangulon mangalor sami | anyadina pan iku lakuning jaran ||

5. salaka gung suwasa pan langit ingsun | têmbaga kuningan | parunggu kalawan wêsi | sapa kêlar wong mêngkono ngalam donya ||

6. lah ta iku balaningsun para ratu | pan tanpa wilangan | miwah satriya dipati | kadya banjir bangawan tiba sawangan ||

7. ngandika sru mring malekat papatipun [pa...]

--- 1: 21 ---

[...patipun] | padha angêriga | rikatêna sêlak prapti | mungsuhira wutah ati kaduk sura ||

8. bêcik ana jaban kutha lor lan kidul | ingkang wetan ika | pamedan ing kanan kèri | cawisane badhene mungsuh kang prapta ||

9. balanipun saratu sajuru-juru | anèng kèri kanan | kang badhe nadhahi tandhing | tandhing wêndra yuta bara mungsuh apa ||

10. duwe atur iya kaya balaningsun | lir tibaning udan | lêbur sun urugi pati | apa kêlar wong wetan animbangana ||

11. tan cinatur sadina-dina kang rawuh | bala saking mănca- | nagara miwah pasisir | kadi guntur prahara kang manjing kitha ||

12. ana ratu kalih atus lagi rawuh | saking Jaminasar | Sang Raja Katil Mukatil | iku ratu kêmbar kalih atus pisan ||

13. wontên ratu ingkang prapta tigang atus | saking Jaminurat | lor kulon watêsing langit | sami ratu bala nata lir hèr nawa ||

14. wontên ratu prapta malih kawan atus | saking Ujunglukar | poncot langit urut wukir | Raja Jangkung Raja Jangkang Raja Jangkar ||

15. Raja Kabul Raja Kabut Raja Marbut | Raja Pulangnawang | ratu andêling ajurit | Raja Bulbul Raja Bulkung Raja Wangkang ||

16. wontên ratu rawuh saking Ujungkuwuk | ratu pitung dasa | sami urut ing pasisir | wontên malih ratu saking Parangkêmbang ||

17. pitung atus sami ratu agung-agung | pangarsaning nata | nênggih Raja Gunturapi | Raja Jêkèk lawan Raja Gajimawar ||

18. Raja Unung Raja Wagal Raja Jêmur | Raja

--- 1: 22 ---

Ujungwijang | Raja Baka Raja Bindi | balanipun kabèh lir samodra bêna ||

19. Raja Katung Raja Bunu Raja Kadrus | Raja Jalismurah | akathah lamun winarni | lir sungapan samodra ratu kang prapta ||

20. wontên ratu prapta malih kalih atus | pan kadya hèr nawa | ratu saking Jaminudhis | pangagênge Raja Abrah Raja Bursam ||

21. Raja Nujmul Raja Kibri Raja Butnu | Raja Pilangkurah | Raja Gurnut Raja Kirtin | datan kêna cinatur kèhing kang bala ||

22. ratu-ratu kêrigan ingkang jinujug | wadanane ana | kang sami wismèng nagari | sosorane ratu malekat sakawan ||

23. ratu agung Raja Tursina puniku | lawan Raja Pulkan | Raja Kamti tri sêngadi | Mraja Kantil kang sami anèng nagara ||

24. Raja Bandun sêngadi puniku agung | ratu kang malekat | sakawan agêng pribadi | sasat patih malekat papat Mukharam ||

25. kunêng wau kang ngumpulkên para ratu | Natèng Jaminambar | Raja Rabusamawati | bala kadya sayuta wukir samodra ||

26. ratu wutuh dèrèng kambah-kambah mungsuh | lagi sapunika | ana wani anglurugi | sajêg-jêge bang kulon kêkês sadaya ||

27. kang winuwus gantya bala kang lumaku | saking nagri Rokam | Wong Agung Surayèng Bumi | balakuswa kadi wutahing samodra ||

28. para ratu tanpa wilis agung-agung | prapta lampahira | ênggène munara nguni | bèji ingkang karamat Sultan Iskandar ||

29. sami dulu tilase pamancalipun | pangeran [pange...]

--- 1: 23 ---

[...ran] ing Kelan | duk binêkta ing sang putri | Julung Sulasikin putri Jamintoran ||

30. sami ngungun sagung kang samya andulu | patilasanira | Rajaputra Kaelani | kang ngrasani pinikat saking ing kêmat ||

31. kang wadya gung sami ayêm ing tyasipun | nèng taman Iskandar | wana Jaminingrab nênggih | kathah palakirna di-adi ing wana ||

32. kalih tangsu marga sadina ping têlu | gèn bèji munara | punika kang dèn sipêngi | wananipun kèh palakirna tur rata ||

33. laminipun lampahing kang para ratu | sampun kalih căndra | cucuk sakawan para ji | Raja Darkup kalawan Prabu Sudirham ||

34. katrinipun Raja Brêgawan dibya nung | lan Raja Banukap | gêgêdhug ratu prajurit | nagri Rokam kapat manggalaning aprang ||

35. lampahipun ing marga datan winuwus | ratu kang sakawan | kang sami anuntun margi | wus angidak talatah ing Jaminambar ||

36. dhusun-dhusun wêwatês kang sami tumut | bumi Jaminambar | ginêmpur dipun bahaki | awurahan gègèr giris wong tampingan ||

6. Girisa

6. Wong Agung nonjok sêrat panantang

1. gègèr samya bilulungan | desa tampingan kèh bubar | girise lamun wong lanang | kinèn numpêsi sadaya | lamun wadon binoyongan | sanadyan cilik yèn lanang | yêkti pinatèn pan ingkang | parentah Gulangge

--- 1: 24 ---

Raja ||

2. mring ratu sakawan ngarsa | kang ingajanan sang nata | yèn wong Jaminambar iya | nora patut uripana | ratune ngaku Hyang Suksma | nadyan sato patènana | aja si jalma manusa | Gulangge parentahira ||

3. dadya wong Kohkarib milya | wong Rokam sapolahira | bahak bêboyongi samya | gêmpuran sagung wong desa | pating palinguk sadaya | dèrèng tate mungsuh prapta | katur marang ratunira | yèn mêngsah prapta cucuknya ||

4. ratu sakawan balanya | Prabu Gulangge ing Rokam | agul-aguling paprangan | pangirid Raja Subêrham | Banulkap Raja Brêgawan | Raja Darkum sakawannya | balane kalangkung rêsah | ambêboyong angrêrayah ||

5. sipat lanang tinumpêsan | mangkana Mangkrub Malekat | matur mring pangeranira | Raja Rabusamawatya | yèn cucuking mêngsah prapta | wong tamping gêmpur sadaya | mêngsah langkung rêsahira | ambêboyong karya pêjah ||

6. Raja Rabus langkung duka | Samawati duk miyarsa | yèn cucuke mêngsah prapta | balane Prabu Gulanggya | kang dadya panuntunira | panganjur bala Marmadya | anglir kang samodra bêna | angêlèbi ara-ara ||

7. lir gunung guntur sawêndra | untabe kang wadyabala | angêbêki wanapringga | Raja Rabusamawatya | ngundhangi sagung balanya | kang salawe atus prapta | ingkang pinacak punggawa | nèng Jaminambar kuthanya ||

8. punika ratu wadana |

--- 1: 25 ---

karèh ing malekat papat | Jabaraile Surakal | Ngijrailipun Duljalal | Israilipun Sapardan | Raja Mangkrub Mingkailan | malekat papat punika | lir pêpatih têgêsira ||

9. aparentah nambutkarya | anèng langit catur tundha | badhene panggenanira | Raja Rabusamawatya | dènnyarsa dulu praptanya | bala Kuparman sadaya | gumawang langkung têtela | saking langit catur tundha ||

10. ubêkan sadina-dina | polahe wong nambutkarya | ting bilulung solahira | wong gêdhe-gêdhe sadaya | ting kalêsik paran ika | wong wetan luwih prawira | nglurugi Allah manira | kudu angajap duraka ||

11. apa baya tinêmua | baya ta kudu cilaka | manusa wani Hyang Suksma | sawênèh pangucapira | jêr ika nora kabala | mulane wani punika | mung lagi wong kene iya | kang padha ngaku Hyang Suksma ||

12. lamun wong Kuparman ika | tan sudi ngaku Hyang Suksma | iya marang Allahira | amung wong ing kene padha | tan ana tutur carita | mulane gugu kewala | lah ta iya rasakêna | wong kabèh kêna duraka ||

13. manira olèh carita | wêcane wong kuna-kuna | rusake wong Jaminambar | yèn mungsuh wong agung wetan | eling-eling babo padha | iya ta măngsa wurunga | nagaramu bakal rusak | nanging dèn angirit padha ||

14. têtarube sampun dadya | munggèng langit catur tundha | Raja Rabusamawatya |

--- 1: 26 ---

sing bale ngaras têdhaknya | nèng langit ping pat sineba | dènnya jênêngi ngayuda | lèr kitha lan kidul kitha | gèning barising kang bala ||

15. ya ta wau kang winarna | lamine ana ing marga | gêgaman Kuparman prapta | wong Rokam kang tuduh marga | pangirid munggèng ing ngarsa | panutane lampahira | dupi mèh ngambah nagara | manggih rêratan nagara ||

16. wong Rokam kang anèng ngarsa | Marmadi parentahira | ratu sakawan punika | kinèn sami amirea | balia wor kancanira | mung wong Kohkarib kewala | wus ngambah ratan nagara | măngsa ta ngarah bingunga ||

17. sangsaya sru kagegeran | polahe wong sanagara | lumayu asalang-tunjang | ngili mring jro langit samya | sadaya gumyur tyasira | kasub praptaning kang mêngsah | cucuke prapta nagara | Prabu Marmadi kang nama ||

18. orêg sapraja gumêrah | dene wantêre kang mêngsah | banjur tan ana tinaha | mung lèrèn korining kitha | banjur karya pamondhokan | ayêm ing sasolahira | tan ana ingkang tinaha | mung gajul brubul praptanya ||

19. lawan carakane prapta | satriya kalih dinuta | satunggal tan mawi bala | janggiri titihanira | putra Ngabêsi Yujana | Kaharkusmèn lawan sira | Dyan Samadikun sêmbada | amundhi tunggul panantang ||

20. lor kidul korining kitha | akêbak wus binarisan | pan lêlakon limang dina | jêjêl baris mangulonnya | miwah kang êlor mangkana | baris lir mêndhung sinawang |

--- 1: 27 ---

ing lêlakon têlung dina | têdhak tan ana sumêla ||

21. gumrudug prapta punggawa | mring kori sakèthèng wetan | dene ana katingalan | kang prapta kadya dinuta | satriya loro balaka | pan sarwi amundhi layang | pra dipati ingkang tanya | wong ing ngêndi ingkang prapta ||

22. rupamu padha mangkana | ambêgmu gung kumasura | sumaur kang tinakonan | ingsun iki raja duta | ingutus mring gustiningwang | aturna mring ratunira | duta Wong Agung Kuparman | gawa surat praptaningwang ||

23. ana wong Jabarailan | sigra dènira lumaywa | munggah mring langit kaping pat | matur ing Sang Hyang Wisesa | pukulun kang kinawasa | marang ing sakèhing umat | ing jawi wontên wong prapta | inggih carakaning mêngsah ||

24. mawi sêrat praptanira | sarwi sujud aturira | ngandika Hyang Kang Wisesa | Raja Rabusamawatya | marang kang malekat papat | Jabrail Ngijrail lawan | Israpil Mingkail paran | praptane caraka ika ||

25. apa bêcik sun undhanga | apa layange kewala | pradondi ing aturira | pra Malaekat Mukarab | ana matur nimbalana | ana matur pinundhuta | inggih layange kewala | dadya utusan mundhuta ||

26. inggih marang suratira | duta karia nèng jaba | ywa milu munggah ngakasa | malekat kalih dinuta | mundhut surating caraka | Radèn Kaharkusmèn nyêntak | macicil sarwi amulat | mring Samadikun sasmita ||

27. lah iku tataning apa | ngêndi ana

--- 1: 28 ---

wong dinuta | tan wruh ingkang pinaranan | yèn caraning gustiningwang | sun palaur mulih aran | angur sun pilih matia | kalawan sinêbut tiwas | angilang-ilang darajat ||

28. ngosikakên pêdhangira | Radèn Samadikun tanggap | malekat wangsul cangkelak | matur marang gustinira | Raja Rabusamawatya | sujud prapta ing ngajêngan | tangis sujud aturira | dhuh gusti sang maha mulya ||

29. surat pinundhut tan angsal | duta macicil kang netra | sarwi molahakên pêdhang | canthula ngucap dêksura | sun palaur mulih aran | angurmati ngamuk mêngsah | makatên pangucapira | duta kêkalih taruna ||

7. Sinom

7. Prajurit Jaminambar sagah nyirnakakên prajurit Kuparman

1. anari malekat papat | Raja Rabusamawati | paran ika karêpira | cinêkêl kongkonan iki | mata karo cinukil | lawan kupinge pinêrung | dene liwat dêksura | matur nêmbah Jabarail | dhuh pukulun kang agung ingkang misesa ||

2. lamun tuwan makatêna | animbangi lare cilik | langkung nistha loking jagat | tan wontên utusan mati | nadyan praptaning sakit | dèrèng wontên adatipun | malah manggih ganjaran | lampahe ratu linuwih | pan paduka gustine kang raja-raja ||

3. langkung dènira

--- 1: 29 ---

ngrêrêpa | Jabrail Surakal arib | dadya kèndêl duk miyarsa | Raja Rabusamawati | mênêng dangu tan angling | ingkang angaku Hyang Agung | ya ta ngandika tanya | sapa rane duta kalih | nêmbah matur Mukarab ingkang dinuta ||

4. satunggil putra Yujana | Radèn Kaharkusmèn pêkik | dene ta ingkang satunggal | putrane Rajèng Ngabêsi | sami nom pêkik-pêkik | nama Kodrat Samadikun | anèh kang tinitihan | awak macan sirah sapi | kadya gagak cêmênge mêlês kalintang ||

5. ya ta malih angandika | Raja Rabusamawati | nênggih ingkang tinakonan | dening Malikus wal arli | nalika iku Patih | Baktiyar wontên ing ngriku | winênang anunggala | lawan Malekat Mingkail | ya ta matur sira Ki Patih Baktiyar ||

6. pukulun kang tinitihan | caraka kalih kang prapti | nama jênggiri punika | rikat binêkta ngajurit | saking Dhayak nagari | angsale kala rumuhun | Sang Prabu Jaminambar | ngandika mring Jabarail | wêtonana caraka ngantia ingwang ||

7. pêpakên kang para nata | sakapraboning narpati | padha nangkila sadaya | sagung malekat ing langit | padha mêdhuna sami | mung karia ingkang tungguk | kang mubêng-mubêng padha | ngrasuk busana narpati | ngebat-ebat kang rinasuk busananya ||

8. dalêdêg kang para nata | sabusananing ajurit | miwah sagunging malekat | anggili kang saking langit | busana warni-warni | tan antara têdhakipun [têdha...]

--- 1: 30 ---

[...kipun] | Narpati Saesalam | ginarêbêg widadari | para putri tawan kalih èwu dhomas ||

9. supênuh kang para nata | dhune Rabusamawati | saking ing langit kaping pat | nalikanira kaèksi | sagung wong păncaniti | anjirap sadaya sujud | dene para malekat | ingkang munggèng kanan kering | pan sadaya rêbah sujud ing pratala ||

10. amung malekat sakawan | angadêg sarwi amandhi | gada wrat rong èwu dhomas | Ngijrail lawan Mingkail | lawan Gulangge sami | Duljalal kalawan Mangkrub | dene kalih punika | Jabarail lan Ngisrapil | tan patyagêng sami lawan Raja Salsal ||

11. Surakal lawan Sapardan | măngka Rabusamawati | munggèng singangsana rêtna | gawok rajaputra kalih | Kaharkusmèn ningali | lawan Kodrat Samadikun | dene rêbah balasah | tan ana janggèlèk siji | pan anganti pangatage ratunira ||

12. gumlêgêr dènnya ngandika | Raja Rabusamawati | hèh kabèh manungsaningwang | gêdhe cilik aja kèri | iya parentah mami | atangia saking sujud | sigra tangi sadaya | iya kang caraka kalih | sinaosan iya kang kursi kancana ||

13. caraka kalih wus lênggah | Jabarail amarani | alon wau wuwusira | hèh duta Surayèng Bumi | ywa dadi tyasirèki | duta wong agung pinunjul | sabara ing pratingkah | sun jaluk suratirèki | aja susah ingsun ingkang

--- 1: 31 ---

nyaosêna ||

14. apan ratuning minulya | kang angutus ing sirèki | panggonan para utama | Wong Agung Surayèng Bumi | sêmbada kang tinuding | pra atmaja bagus-bagus | yêkti sugih apura | sakêdhik edhang nglumuhi | têtêkone ing nagara sowang-sowang ||

15. yèn nora anglumuhana | sayêkti cacad ing bumi | tan susah sun ucapêna | aran wus agêmirèki | wong agung wetan luwih | iya saking amotipun | nyabari marang mêngsah | lilih tyas satriya kalih | sinungakên surat sarta wuwusira ||

16. ywa liya sira ngaturna | nanging pandhinên puniki | ngungkulana sirahira | mèsêm sira Jabarail | sun papak lawan kuping | sêdhêng sidhang-siringipun | mèsêm duta kalihnya | iya sakarsanirèki | nulya mangkat marang ngarsane sang nata ||

17. prapta ngaturakên surat | Raja Rabusamawati | pan sampun nampani surat | winaos sinuksmèng galih | bêbukaning kang tulis | pêpuji marang Hyang Agung | ingkang akarya jagat | kang sayêkti Maha Suci | kaping kalih mring Nabi Ibrahim duta ||

18. sawusnya muji kalihnya | hèh Sang Rabusamawati | wruhanira praptaningwang | marang ing kuthanirèki | angantêp ing sirèki | atobata ing Hyang Agung | aja angaku Allah | cilaka gêng kang pinanggih | marènana aja agawe malekat ||

19. yèn sira iku amampang | nora sêdya mêmarèni | gonira angaku

--- 1: 32 ---

Allah | iya sun kang bilaèni | ratu ngudubilai | Saesalam sira iku | pasthi angajap rusak | anggêgawa wong sabumi | lamun iya mari kabèh tingkahira ||

20. nuruti parentah ingwang | agama Nabi Ibrahim | tulusa karatonira | ingsun nora angowahi | maksiha sira ugi | sinêmbah samaning ratu | hèh Ratu Jaminambar | eling-eling dèn pakeling | lamun maksih mangkono pratingkahira ||

21. nora wurung mati rusak | gadaningsun usamadi | kang amêcat nyawanira | nora suwe wadya mami | bojod langitirèki | dèn karuan sêsanggupmu | hèh Ratu Jaminambar | dèn pratela dèn atiti | ambuwanga polah tingah nora kaprah ||

22. sira gawe lêlangitan | apa pangrasanirèki | agawe ebating jagat | sapa sugih kaya mami | langit apa ta iki | mung nêm dina jêmbaripun | agawe malaekat | padha ngisingakên tai | mangan roti nora mangan subkhanalah ||

23. yèn ratu bang kulon padha | anggunggung polahmu iki | padha wong jaban warana | adoh patrapan kang bêcik | patut nagara pinggir | gawe polah nora patut | luwih pangrasanira | yèn mungguh wong Pusêr Bumi | tanah têngah gène tata gèning krama ||

24. goning pêpantês lan nora | dulu tingkahmu tan sudi | yèn mungguh wong tanah têngah | nglakoni mangkono isin | gawe

--- 1: 33 ---

langit nêm bêngi | jêmbare nadyan sataun | nora pantês tinimbang | lawan langiting Hyang Widhi | liwat saking tanpa ngrasa polahira ||

25. iku pakartine bocah | iya saking tan apikir | kurang pituturing kitab | milane sarwa nyênyêngit | kira tan ana wani | iku ngaku Sang Hyang Agung | langitmu mung sacêngkang | jêginggis bêtah ing isin | Allah apa jenggote kêna pinaras ||

26. cinukur maling aguna | bathuk kêna cinaliring | tinulis cinalorengan | lagi sêmono nêmahi | hèh Rabusamawati | kagunganing Hyang kang nèngsun | kuthaningsun Kuparman | gawea kaya sirèki | têlung kaya mêngkono sayêkti bisa ||

27. saking panggunggunging Suksma | kèhe bala kang para ji | lan kèhe kagunganing Hyang | kang sinampirakên mami | nênarika mas mami | marang sagung para ratu | suwasa lan salaka | nuli ingsun karya langit | baya dadi lêlakon sapuluh dina ||

28. ngalor ngulon ngidul ngetan | lêlakon nyapuluh wêngi | măngsa kaya polahira | nistha kusut bêtah isin | langitira mung kêdhik | sadina ngetan angidul | ngulon ngalor sadina | kumaruk ngaku Hyang Widhi | dene-dene pêpaka dandananira ||

29. emanên karatonira | sira ratu pinggir langit | garoboh adoh prayoga | pira-pira kang para ji | gonên bêkti Hyang Widhi | mendah ta luhurirèku | kang para ratu dunya | tan ana kadya sirèki | sugih bala para [pa...]

--- 1: 34 ---

[...ra] ratu sugih donya ||

30. dèrèng tutug maos sêrat | astane katingal maksih | anyêkêl layang winaca | astanira ingkang kèri | kêkipat dènnya runtik | sêlan dariji kumukus | gègèr sami angiwa | kang anangkil anèng kèri | mêtu api astanira Saesalam ||

31. tutug dènnya maos sêrat | angling Rabusamawati | hèh hèh wong ing Jaminambar | wruhanira layang iki | yèn masa awak mami | sakêthi dhacin wratipun | mêngko prapta wong wetan | mung dèn arani satail | mas tampikan satail iku mas mêntah ||

32. mas kang mêntah kaya nanah | pan nora aji sabiting | kaya pa pangrasanira | sakèhe manungsa mami | kang padha duwe gusti | apa lila ta sirèku | matur kang para nata | kula benjing kang mêjahi | mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagat ||

33. akathah kang samudana | mula benjing kang nyênyuwir | kulite Sultan Kuparman | balane kula tumpêsi | dèn sampun wontên kari | kang adol sanggup gumuruh | duta putra Yujana | miwah putra ing Ngabêsi | wus ginanjar kalihe kinèn mantuka ||

34. matura ing gustinira | sun nêdya ngadu para ji | rêrêmpon pan ingsun sêdya | agawe samodra gêtih | balaningsun para ji | kabèh atandhing prang pupuh | pragola ngadu yasa | lawan Si Surayèng Bumi | angêriga kabèh ratune wong wetan ||

35. tandhêsa pasisir pisasan [pisa...]

--- 1: 35 ---

[...san] |[2] nora sêdya sun ginggangi | aprang lan Sultan Kuparman | lêbura amor ing siti | padha ngantêp ing jurit | wus tandhinge lawan ingsun | iya Si Kakungingrat | ing bang wetan tanpa tandhing | iya ingsun ing bang kulon tanpa lawan ||

36. pamit duta kalihira | sapraptanira ing jawi | taratag sarêng gènira | sami anitih jênggiri | nandêr saengga thathit | cingak dongong kang andulu | umêsat kadi kilat | wau ta satriya kalih | kitha Jaminambar pan sampun kawuntat ||

8. Pangkur

8. Prabu Rabusamawati mriksani dhatêngipun prajurit Kuparman

1. kunêng sapungkuring duta | sang aprabu jêngkar minggah ing langit | ingkang kantun para ratu | dèrèng wontên bubaran | sami tutur-tinuturan balanipun | kathah sami dhinedhelan | dening wong wetan kang prapti ||

2. sikêp kang dandan pondhokan | wong barundhul wani dhèdhèli mantri | lamun ana wong lêlaku | sikêp papat lêlima | kapapaga kalawan mantri sapuluh | dèn rayah kari têlanjang | tan ana wani ngukuhi ||

3. cinêgah mêksa kewala | ginêbugan mêrêm mêksa dhèdhèli | andhêndha pangucapipun | ratumu ngaku Allah | pasthi loma sira anjaluka liru | têlungane ratunira | nora mingkêd anglurugi ||

4. maring nagara bang wetan | dadak dadi [da...]

--- 1: 36 ---

[...di] gawe ratumu iki | dèn lurugi gustiningsun | mulane mêngko sira | iya padha asoka dhêndha maringsun | arsa mêdhang-amêdhanga | tan wurung sun palècèti ||

5. wonga satus kang lêlampah | yèn kapapag wong sapuluh dhèdhèli | padha magilan wong brundhul | angrampas wong bêranggah | gawokakên wong bang wetan wantêripun | wong wus angancik nagara | têka maksih angrayahi ||

6. kunêng wau antukira | putra kalih Yujana lan Ngabêsi | prapta pasanggrahan agung | lajêng maring ngayunan | matur solahing lampahira ingutus | ngantêp Ratu Jaminambar | sayêkti amapag jurit ||

7. èstu yèn datanpa sama | Ratu Jaminambar sugih bala ji | wondene ing agêngipun | kadi botên kaota | kalih Prabu Gulangge myang inggilipun | nanging kêras ambêg ganggas | Raja Rabusamawati ||

8. suka wong agung miyarsa | gunging bala tan wontên kang nimbangi | tanpa wilis para ratu | sigra dènnya sasmita | mring kang rayi Sultan Parangteja sampun | anglampahakên parentah | budhala kang ngrakit baris ||

9. lampahing caraka prapta | kang pakuwon sang prabu ing Kohkarib | wus tampi parentah laju | lajêng nêtêg têngara | gumarêgut saprajurit para ratu | amparan mutyara ngarsa | wasiyat Suleman Nabi ||

10. praptane saking Ngajêrak | sasedane sang prabu ing Mêdayin | kinintunakên puniku | maring nagri Kuparman | winatara nadyan tan umadêg ratu [ra...]

--- 1: 37 ---

[...tu] | pan rinatu para raja | sanadyan ta ingkang rayi ||

11. wong agung ing Parangteja | pan rinatu-ratu ing para aji | tan kêna selak ing sêbut | sinêbut ing akathah | mila kinintunan amparan jumêrut | ingkang sêsuku mutyara | winawatonan hèr thathit ||

12. punika ingkang amparan | Jêng Suleman kala siniwèng êjin | amparan kadya andaru | nanging Sang Kakungingrat | ajrih taklim tan arsa pinarak ngriku | mung pinusaka kewala | amparan Suleman Nabi ||

13. ingambil sawab barkahnya | marmanira ginotong munggwèng ngarsi | sinongsongan pitung puluh | mangkana lampahira | ratu kadang Kohkarib kang munggèng ngayun | wontên kuda pitung lêksa | lan Raja Kanjir Mukanjir ||

14. lan Baritma Maliritma | Raja Jarjas kalawan Raja Jarjis | Raja Jankura Jajankung | lan Jeras Malijeras | tunggul abang biru rong atus nèng ngayun | wontên kuda pitung lêksa | tigang lêksa nitih èsthi ||

15. ingkang garêbêg amparan | munggwèng cucuk datan kawarnèng margi | praptaning nagara esuk | ngancik kikising kitha | gègèr otêr turăngga kadya sêsulung | mantri kang atur uninga | yèn cucuking mêngsah prapti ||

16. kadya wukir alêlampah | katur marang Sri Rabusamawati | orêg para ratu-ratu | sami saos parentah | Kyana Patih Baktiyar ngandikan sampun | minggah ing langit kaping pat | angling Rabusamawati ||

17. Baktiyar ingsun tuduhna | para Ratu Ngarab kang

--- 1: 38 ---

samya prapti | dupara wêruh maringsun | ingsun ingkang waspada | nora wêruh yèn ing kene prênah ingsun | dulu praptane wong wetan | prajurit samêkta sami ||

18. tan antara praptanira | sarta swara lêbu ngampak-ampaki | kambah ingkang turăngga gung | lawan èsthi alêksan | blêgêdaba bihal mèmrèng kuldi sênuk | awor kêndhang gong lan gubar | bèri gurnang lan thongthonggrit ||

19. kumêpyur sami tyasira | kapiyarsa tan adangu kaèksi | pêpandhèn kang kalih atus | tunggul asri biru bang | angandika hèh Baktiyar sapa iku | ingkang mangkono wong Arab | Patih Baktiyar wotsari ||

20. pukulun ingkang misesa | botên ewah wong Arab yèn lumaris | barêpi baris pan amung | narendra kawan dasa | ratu kêmbar Umarmadi kadangipun | katon kang gawa amparan | kadya surya măngsa katri ||

21. anawêngi diwangkara | sru ngandika Sri Rabusamawati | hèh Baktiyar apa iku | kang katon gêbyar-gêbyar | ginarêbêg ing kuda dipăngga agung | sinongsongan pitung dasa | ulading baskara asri ||

22. umatur Patih Baktiyar | pan amparan Risang Surayèng Bumi | palênggahane puniku | kêkintune kang rama | ing Ngajêrak dene kang darbe rumuhun | Jêng Nabi Raja Suleman | Suleman ratu ing bumi ||

23. Raja Kuskal ingandikan | praptèng ngarsa Sang Rabusamawati | pangandikanira asru | marang Sang Raja Kuskal | hèh

--- 1: 39 ---

pundhutên amparan kagungan ingsun | lan prajurit pitung yuta | kalih atus kang para ji ||

24. kang ratu kêmbar sadaya | mungsuhira baya kang prapta iki | ratu kêmbar patang puluh | poma Kuskal dèn kêna | kang amparan jumêrut kagungan ingsun | tur sandika Raja Kuskal | ya urugana pêpati ||

25. manêmbah Sang Raja Kuskal | sampun maras amparan mangke kêni | sigra dènira tumurun | saking langit kaping pat | praptèng ngandhap têngarorêg balanipun | sumahap umagut ing prang | kadya guntur banjir wukir ||

26. pangarsa kang para raja | ratu papat ingkang nêmbung wus prapti | hèh wong Arab turna iku | ya ingkang sira gawa | kang amparan jumêrut kagunganipun | Maha Prabu Jaminambar | kang ngayap kang dèn dhawuhi ||

27. ratu sakawan tan angsal | pan kaponthal-ponthal wus dèn gitiki | si edan acula-culu | sigra Sang Raja Kuskal | ngangsahakên prajurit sarêng umagut | prakampita sarêng mangsah | ambyuk kagèt wong Kohkarib ||

28. wrin lamun tangkêp mangkana | sarêng tandang prajurit ing Kohkarib | prawira sarêng tumanduk | prajurit kang turăngga | gêlar sabên pamuke sarêng kumrutug | sawusnya têmpuh mratiga | gêlare sulupiatin ||

29. mêngsah yutan kawêratan | parêng ngamuk gègère bala kapir | baris ayutan anjumbul | samya kanggenan mêngsah | mêmêdhangi anggada miwah nyalukun | kuwur kapapan ing mêngsah | wruhira wus mêmêdhangi ||

30. gègèr balanira Kuskal | wus kalêbon [kalêbo...]

--- 1: 40 ---

[...n] gêlar sulupiatin | kêdhik maratani mungsuh | bingung prange wus rusak | wong Kohkarib ana mêdhang ana mupuh | mungsuhe pating galigap | kathah ingkang wus ngêmasi ||

31. wuri sangsaya kèh prapta | balanira Kuskal kadya jaladri | wong Kohkarib wuri sampun | nandêr ingkang turăngga | lajêng nêmpuh athuke kang para ratu | sarwi amêwahi gêlar | ingkang arbangupiatin ||

32. wuri malih ana prapta | wuwuh gêlar ran khamisupiatin | ubêkan wong kapir bingung | akèh ênggone mêngsah | karusakan akathah pêpatinipun | tumpêse wong Jaminambar | padha kumprung ing ajurit ||

33. Prabu Marmadi miyarsa | yèn kadange kang mambarêpi baris | pinêthuk ing prang garubuh | sampun kathah kang pêjah | langkung duka Marmadi ngatag ing pungkur | kinèn manglanggar mring ngarsa | sêrotên aja ngunduri ||

9. Durma

9. Prajurit Jaminambar têtumpêsan

1. Raja Arjan Ardikapi lan Ardiman | ngirid ingkang prajurit | kang sami turăngga | nandêr saking ing kanan | sapalih kang saking kering | nêmpuh nêmbalang | gêlar sablupiatin ||

2. wus angrusak kumrutug anumpês mêngsah | kadya babad bung pacing | anacah sêmăngka | angobrak-abrik mêngsah | wontên patang jam kang jurit | balane Kuskal | sakêthi ingkang mati ||

3. para ratu mati têlung puluh sanga | nêm atus [atu...]

--- 1: 41 ---

[...s] pra dipati | mantri kang salêksa | wong Kohkarib kang pêjah | mung têlung atus gêlinting | wong Jaminambar | kambah kosik katitih ||

4. wonge wêndran yutan prange tanpa guna | wong Kohkarib sakêdhik | nanging prange bisa | gêlare tundha-tundha | wong sapuluh dèn mungsuhi | rong atus bebas | kang sapuluh basuki ||

5. ingkang satus mungsuhe rong èwu bebas | ingkang satus basuki | kang sèwu amêngsah | rong lêksa sirna gêmpang | kang sèwu samya basuki | salêksa mêngsah | prajurit kang rong kêthi ||

6. kang rong kêthi tumpêsan rêbah bêlasah | kang salêksa basuki | kang sakêthi mêngsah | kalawan wong rong yuta | wong rong yuta tumpês tapis | sakêthi waras | prajurit ing Kohkarib ||

7. nate aprang angamuk prajurit Arab | bisa prang mangun wèsthi | anrang pringgabaya | gêlar angitung panthan | maju nêngah mêcah malih | kang kêna gêlar | ting palinguk ing jurit ||

8. ingkang anon saking ing langit kaping pat | Sang Rabusamawati | tanya mring Baktiyar | kapriye prange ika | amparan mau nèng pinggir | mangkya nèng têngah | êndi kang asor iki ||

9. sigra sami matur Malekat Mukarab | wadya tuwan ing ngriki | punika kasoran | inggih malekat nukma | kêthèn wadya tuwan mati | ratu satriya | pra dipati kèh mati ||

10. mêngsah langkung kêdhik punika kang pêjah | Sang Rabusamawati | agoyang kêpala | tiwas têmên Si Kuskal |

--- 1: 42 ---

sêsanggupe tan pinanggih | wus karusakan | balane akèh mati ||

11. ika apa gègère ngulon sadaya | tan ana ngetan siji | mung ngulon sadaya | bisa prange si Arab | wontên prapta saking wuri | Raja Naiman | bêkta duta sakêthi ||

12. rêrikatan tunggul lêlayu bandera | sami nginggil turanggi | linêlêt sadaya | sapalih kang kumêlab | tulung ing Natèng Kohkarib | nandêr sadaya | nêmpuh manjing ing baris ||

13. lajêng mêcah balane Rajèng Naiman | dadya sabngupiatin | gègèr apuyêngan | sangkin awuwuh risak | Raja Kuskal wadyanèki | duk katingalan | mring Rabusamawati ||

14. hèh Baktiyar sapa ratu anom prapta | rikat manjing jro baris | prajurit turăngga | siji tan ana dharat | Patih Baktiyar wotsari | kang kaponakan | inggih Rajèng Kohkarib ||

15. arinipun punika ingkang pêputra | inggih Raja Muntalir | arine Muntalar | punika madêg raja | wontên ing nagri Badasir | Raja Naiman | bantu ing uwa aji ||

16. apan sampun kawêca ing prang turăngga | wagêd prawirèng jurit | Mraja Saesalam | ngatag sawiji raja | kang tate aprang turanggi | sabalanira | sira Sang Raja Garsim ||

17. atêtulung repote Sang Raja Kuskal | mangsah Sang Raja Garsim | sakêthi balanya | tur kang sami turăngga | têmpuh prang sami turanggi | Raja Naiman | mêthukkên Raja Garsim ||

18. bayak golong prajurit Garsim angsahnya [ang...]

--- 1: 43 ---

[...sahnya] | pritnêba ing ajurit | balane Naiman | kari sapăntha pêcah | dadi patang păntha malih | narajang têngah | mêtu ing kanan kèri ||

19. caruk uwor Naiman angikal pêdhang | turăngga cinamêthi | nandêr kadya milar | pêdhang kadya kitiran | mobat-mabit nganan ngering | ngrampêd angrampas | Raja Garsim kababit ||

20. turanggane sirahe kêna sasigar | kuda nglumba jêmpalik | Raja Garsim tiba | lajêng sinabêt pêdhang | sirahe timpal sapalih | pinidho pêgat | tugêl Sang Raja Garsim ||

21. balanira katêrak ing pamuk bubar | lir banthèng nandhang kanin | Sang Raja Naiman | wuru dènira aprang | balane angobrak-abrik | anumpês mêngsah | prajurit ing Badasir ||

22. kadya nacah iwak loh babadi gêdhang | prajurit ing Badasir | Sang Raja Naiman | taruna wirèng laga | wasis ngadu prang turanggi | matêng ing gêlar | bangkat tisnguphiatin ||

23. dadi tisnguphiat dadi ngisruphiat | amêcah ngumpul malih | balane Naiman | sami kinèn rumêksa | mring para pamanirèki | lan para uwa | sami ngawaki jurit ||

24. ratu kêmbar kawan dasa kang sadasa | nênggih kang raka sami | ingkang tigang dasa | punika arinira | Raja Muntalar Muntalir | Raja Naiman | pambajênge Muntalir ||

25. duk prang Samasrawi kinarya narendra | mring Sang Surayèng Bumi | Badasir nagara | pangirid ing prang kuda | kaponakane Marmadi | Raja Naiman | prawira sura sêkti ||

26. kadya ditya sayuta [sayu...]

--- 1: 44 ---

[...ta] sêdhêng mrih măngsa | prajurit ing Badasir | kadya jêjimblungan | baris kêtêl dèn irat | ing gêlar tisnguphiatin | tumpês karampas | kèndêl kasaput wêngi ||

27. amakuwon Marmadi sakadangira | samya umarêg aglis | ngumpul para kadang | aglar ing ngarsanira | miwah pêpulunan prapti | Raja Naiman | dinangu duk ing jurit ||

28. yèn wus kathah matèni ratu prawira | punggawa pra dipati | agoyang kapala | Prabu Marmadi mojar | prange angudubilahi | wong Jaminambar | angurugi pêpati ||

29. yèn mangkono tangkêpe wong Jaminambar | yudane datan apik | bêcik tur uninga | iki mring gustinira | yèn ingsun iki wus jurit | hèh sutaningwang | sira Natèng Badasir ||

30. ngiras pantês sun utus apan ta sira | milu ngawaki jurit | wus akèh kang pêjah | sadina bathêthêt prang | duk praptane wadya mami | wong Jaminambar | banjur mijil amrangi ||

31. nora tata polah tingkahing ayuda | lawan sira nak mami | mampira barisnya | ing pamanira Selan | kang prapta ing benjing enjing | ya pamanira | yayi smara Sêrandil ||

10. Asmaradana

10. Prabu Lamdahur ngangsahakên bala

1. matura pamanirèki | lamun ingsun wus ayuda | wong Jaminambar polahe | nora tata

--- 1: 45 ---

nora lumrah | banjur umagut aprang | wong ingsun maksih lêlaku | tinêmpuh pinagut ing prang ||

2. Raja Naiman wotsari | mring uwa lajêng umêsat | dalu lawan sabalane | winêling sabên manggala | wadana para raja | kajawinira Lamdahur | kinèn ngaturi pawarta ||

3. yèn saru tangkêping jurit | arusuh wong Jaminambar | nêmpuh prang wong durung mondhok | baris lêlaku tinêrak | pinagut ing ayuda | Sang Raja Naiman laju | prapta pukul kalih wêlas ||

4. ing pakuwone Sêrandil | wadya tinilar ing jaba | sang nata lajêng manjing jro | Lamdahur maksih sineba | lênggah lan Raja Salsal | Sang Raja Naiman laju | aglar satriya nèng ngarsa ||

5. praptane Rajèng Badasir | dumarojog lajêng nêmbah | Sang Prabu Lamdahur kagèt | ngling sira kulup kang prapta | bêngi-bêngi ana pa | Mraja Naiman wotsantun | ingutus raka paduka ||

6. mring paduka tur udani | pun uwa wingi sampun prang | pinêthuk dèrènge mondhok | langkung ramening ayuda | ingurugan pêpêjah | wong Jaminambar pukulun | Lamdahur goyang kapala ||

7. maksih manggut-manggut angling | kulup paran ta wakira | si dhedhuk salamêt bae | umatur inggih raharja | raka paduka uwa | mung prajurit tigang atus | lan ulubalang sadaya ||

8. mêngsah wontên kalih kêthi | cinacahan kang makutha | tigang dasa sanga katong | nêm atus kang pra dipatya | mantri wontên salêksa | angungun Prabu [Pra...]

--- 1: 46 ---

[...bu] Lamdahur | dalu angundhangi bala ||

9. warata bala Sêrandil | parentah lakua wak prang | yèn mungsuh rusuh tatane | sira Sang Raja Naiman | sampun kinèn adhahar | ngandika Prabu Lamdahur | katujune ana sira ||

10. kang mudhêng aprang turanggi | lamun sira tan praptaa | sayêkti wakamu repot | sawusnya nadhah tur sêmbah | lajêng Prabu Naiman | kèndêl pakuwon Tamtanus | sawuse ngaturan wikan ||

11. miwah pakuwonirèki | Sri Bupati Kewusnendar | sawuse ngaturan wêroh | miwah pakuwon Gulanggya | sadaya para raja | miwah para rajasunu | kang samya anyêkêl karya ||

12. miwah Rajèng Burudangin | Sang Prabu Tasangsulngalam | Maliyat Kustur wusdene | Prabu Sêmakun Gumiwang | Urmus sinungan pirsa | ing marga datan winuwus | lampahe Raja Naiman ||

13. praptèng pakuwonirèki | wong agung ing Parangteja | wus panggih lajêng lampahe | binêkta maring ngajêngan | Dipati Tasikwaja | lawan Gulangge katri wus | mungguhing ngajêngan prapta ||

14. wus katur aturirèki | sira Sang Raja Naiman | langkung saking pangungune | rusuhe wong Jaminambar | Naiman wus ginanjar | undhangan warata sampun | prayitna asalin gêlar ||

15. wau Sang Natèng Badasir | kinèn wangsul maring ngarsa | mangkana barang gunême | ing dalu warnanên enjang | kêkirab wadya Selan | Arya Maktal wus anuduh | Raja Kalbujèr anukma ||

16. saking kuwatiring batin [ba...]

--- 1: 47 ---

[...tin] | marang sang prabu ing Selan | milane Raja Kalbujèr | sawadya kang aprang kêmat | kinèn angayêngana | marang Sang Prabu Lamdahur | ing siyang dalu lumampah ||

17. nênggih kawan wêlas ari | têbihe baris pangarsa | jêjêl tanpa sêla gêbèl | kanan kering têbanira | sami amitung dina | wana kambah gêmpur-gêmpur | anjêblak kadya rêratan ||

18. Raja Kalbujèr wus panggih | lawan sang prabu ing Selan | mèsêm kaduga karsane | saking ingkang palimirma | Wong Agung Parangteja | Dipati Tasikwajèku | mangkana baris ing Selan ||

19. gumuruh budhalirèki | tan owah panganjurira | Suratisdaham malihe | sira Prabu Diwangkara | miwah Sang Raja Ngalam | sumrêg lampahe wadya gung | kadya girendra sayuta ||

20. tunggul kalih atus ngarsi | miwah pêpandhèn daludag | lêlayu bandera rontèk | prayitna ing lampahira | cucuk jawining kitha | wus katingal langitipun | mubyar kang nginggil kancana ||

21. Raja Rabusamawati | sore minggah bale ngaras | yèn rina tumurun age | mring tarub langit kaping pat | ningali mungsuh prapta | lawan angatag umagut | sadina-dina mangkana ||

22. siniwèng ratu prajurit | sagung malèt Mukarab |[3] aglar nèng ngarsa sang katong | pan angiras adhêdharan | nayub para malekat | Patih Baktiyar tan kantun | saos anjawab patanyan ||

23. mangkana mungsuh kang prapti | tabah-tabahan myang surak [su...]

--- 1: 48 ---

[...rak] | gumuruh wuwuh gêlare | dalêdêg kang pra dipatya | têtanya Saesalam | para ratu prapta iku | gumrêgut surak gumêrah ||

24. lampahe baris Sêrandil | para ratu ngumpul samya | nèng wuri tunggal gustine | ngarsa bupati kewala | praptane baris Selan | prajurit dipăngga ngayun | ing wuri upacara bra ||

25. kinalang-kalang sang aji | dening satriya punggawa | binabar kabèh songsonge | ampilan parise gada | kang sami sinongsongan | kabèh gêgamaning pupuh | mila songsong wolung dasa ||

26. kagyat Rabusamawati | hèh Baktiyar ika sapa | dhêdhêg apêtêng barise | upacarane kawarna | ratune nèng dipăngga | sinongsongan wolung puluh | agung aluhur sêmbada ||

27. baya Si Surayèng Bumi | kang ingayap para raja | bala bangêt rumêksane | umatur Patih Baktiyar | dene Sultan Kuparman | puniku Prabu Lamdahur | kang putra Raja Sadalsah ||

28. ratu agung ing Sêrandil | angrèh pulo kalih lêksa | bêbala samining katong | apa mulane kabala | Baktiyar matur nêmbah | inggih kasor ing prang pupuh | binanting ing rananggana ||

29. duka Rabusamawati | nuduh ratu gêng prakosa | satus rong puluh dêdêge | êgas tur asugih bala | Raja Suhardi nama | hèh mangkata sabalamu | papagna Lamdahur ika ||

30. cêkêlên aturna mami | yèn abăngga patènana | singa Lamdahur dosane [do...]

--- 1: 49 ---

[...sane] | tiwas nyurêmkên nagara | wèh jalêbud ing praja | Raja Suhardi wotsantun | têdhak sing langit kaping pat ||

31. sapraptanira ing jawi | orêg barisira obah | anêmbang têngara bêdhol | umagut baris kang prapta | sira Raja Suhardya | nitih dipăngganira gung | mangsah anrêgagên bala ||

32. sayuta Raja Suhardi | prajuritira kinudang | kumrutug lir wukir bêdhol | bala mangsah ngamah-amah | lir paguting samodra | panggah balane Lamdahur | tan nêdya mundur ing aprang ||

11. Durma

11. Prajuritipun Prabu Lamdahur unggul yudanipun

1. parêng nêmpuh mangsah Suhardi balanya | sayuta angêbyuki | wong Sêrandil panggah | nadhahi pra dipatya | miwah kang para narpati | bala ing Selan | kang sami nitih èsthi ||

2. gumaludhug gumrêdêg-grêdêging gajah | karapyaking turanggi | gumuruh wurahan | angamuk pra dipatya | lir danawa andon daging | prajurit Selan | liwung awuru gêtih ||

3. kang asikêp gada anggada galasah | mungsuh kang nitih èsthi | akèh kasulayah | miwah kang nêdha pêdhang | amuke bala Sêrandil | kuda dipăngga | rêmpu katiban bindi ||

4. kadya guntur wukir sayuta prakêmpa | orêg kagiri-giri | solahing dipăngga | pragol bantala kambah | mêlak dipăngga narpati [narpa...]

--- 1: 50 ---

[...ti] | Lamdahur krodha | santana pra dipati ||

5. gajah kêthèn wong Selan pangamukira | rêmpêk angobrak-abrik | atusan kang pêjah | para ratu satriya | balane Raja Suhardi | rêbah kaambah | kèlês kongkih katitih ||

6. riwuting prang jêmparing pan kadya udan | langkung ramening jurit | pêdhut kadya gêlap | kèh swara tanpa rungyan | Raja Kalbujèr ngampingi | Sang Rajèng Selan | eca dènnya gadani ||

7. ewon ingkang prajurit munggwing turăngga | balasah bosah-basih | prajurit kang dharat | alêksan kasulayah | amuke bala Sêrandil | lali ing gêlar | saking wuruning jurit ||

8. ngiwat-ngiwut Sang Raja Suratisdaham | gada gêng ngobrak-abrik | Prabu Diwangkara | tajêm lan Raja Ngalam | kadya anggadani kucing | lawan camêra | tan bisa mêmalêsi ||

9. pan katutuh prapta têtulung kang putra | sira Prabu Pirngadi | gajah tigang lêksa | sakêthi nitih kuda | prajurit ing Samasrawi | lajêng nêmbalang | anggêmpurakên baris ||

10. kawistara dening Raja Saesalam | kae sapa kang prapti | tan ana kang dharat | bala kuda dipăngga | tunggul-tunggul dèn lêlêti | banjur umangsah | kotbuta ing ajurit ||

11. kadya ngrampêd-ngrampêd têgal pajagungan | prajurit ing Sêrandil | angrêmpak angidak | ngilês-ilês ing aprang | bingung kuwur pothar-pathir | wong Jaminambar | kèthèr dènnya nadhahi ||

12. karepotan [karepota...]

--- 1: 51 ---

[...n] wus sakêthi kang bêlasah | rêbah tinumpês tapis | tiwas pamuking prang | Sri Suhardi tan bisa | bantua satus pra aji | padha gawaa | prajurite nyakêthi ||

13. urugana pêpati iku wong Selan | kabèh wong Jaminudhik | satus ratu mangsah | Sapardan wus parentah | kumrutug kuwur ngêbyuki | akèh kalênggak | kênèng pêputhon sami ||

14. bangun malih kang aprang rame wurahan | Sang Rabusamawati | ika mau sapa | balane Rajèng Selan | Baktiyar matur wotsari | punika putra- | nira Natèng Sêrandil ||

15. Sang Aprabu Pirngadi gagah prakosa | Sang Rajèng Samasrawi | agoyang kapala | Sang Prabu Saesalam | gawok sun wong wetan iki | padha naracak | balèg-balèg ing jurit ||

16. sarwi mulat ing ramene kang ayuda | bantu kang satus kêthi | katulak kang prapta | sira Radèn Suptandar | kalawan Radèn Dukyanis | putra kalihnya | ing Kebar Kangkan nênggih ||

17. bêkta kuda nyakêthi masuk ing gêlar | kang sadisupiatin | Rajaputra Kangkan | gêlare putra Kebar | nênggih sabingupiatin | sampun kawratan | mungsuh kang satus kêthi ||

18. pêpanthane ngumpul mêngsah ngrampêd mêngsah | bingung wong Jaminudhik | kawur mawurahan | kadya sêsapu wudhar | eca dènira ngamuki | gêmpur tumpêsan | prajurit Jaminudhik ||

19. katupiksa malih mring Sang Saesalam | ana kang prapta malih | tan angangge [angang...]

--- 1: 52 ---

[...ge] dharat | solah arikat-rikat | satunggul upacara sri | nèng luhur kuda | mèmpêr mau kang prapti ||

20. ika apa kang ambingungakên rowang | Baktiyar awotsari | Rajaputra Kebar | nama Radèn Suptandar | kalawan Radèn Dukyanis | putra ing Kangkan | wasis prange turanggi ||

21. gèdhèg-gèdhèg sira Prabu Saesalam | ngatag prajurit malih | kêkalih umangsah | Radèn Sangat lan Sungat | ambêkta bala nyakêthi | tan wontên dharat | putra ing Jaminurin ||

22. dadya langkung ramene kang băndayuda | abangun wanti-wanti | awor aputêran | pratiwi kadya bêlah | gênjot makêtug ing wukir | pandhola ngambak | wuru awor ing jurit ||

23. rubuh kabarubuh brêg rêbahing gajah | gapruk tibaning bindi | kumêmprang kang pêdhang | ngang-ngêng swaraning panah | wong Jaminambar kang mati | aparanêman | lawan bala Sêrandil ||

24. têlung kêthi upama wong Jaminambar | limang lêksa Sêrandil | pra santananira | Lamdahur wuru ing prang | kang nitih turăngga èsthi | tajêm abayak | kotbuta ing ajurit ||

25. lawan Prabu Kalbujèr tan kêna têbah | lan prabu ing Sêrandil | rumêksa ing bala | pakolèh gêlarira | mungsuh kang kaarsa tapis | akèh kalênggak | para ratu dipati ||

26. sinambêran puthon mas lan puthon waja | mungsuh ing kanan kering | rêbah kasulayah | saking ing pamukira | para ratu pra

--- 1: 53 ---

dipati | satriyanira | sang prabu ing Sêrandil ||

27. riwut ing prang siwat-siwut ting kalêprak | kabruk pambêking èsthi | kang kêna ing gada | pêjah ingkang anunggang | gadanira mobat-mabit | rinangkêp rêmpak | sarêng pêjahirèki ||

28. katupiksa saking ing langit kaping pat | Sang Rabusamawati | hèh Baktiyar sapa | kang ngamuk bisa aprang | rame iki lawan wingi | matur Baktiyar | amung Prabu Sêrandil ||

29. ratu băndha bandhu asugih santana | para putra sinêkti | kang wus madêg nata | sami prawirèng laga | tur sami asugih kanthi | kunêng kang aprang | bubar kasaput wêngi ||

30. prapta malaekat kang jampangi ing prang | ngling Rabusamawati | paran wartanira | sujud ponang malekat | tangining sujud wotsari | pukulun tiwas | langkung risak ing jurit ||

31. Sri Narendra Suhardi kasambut ing prang | satus ingkang para ji | sèwu pra dipatya | pêjah dintên punika | tigang lêksa para mantri | wadya lit kathah | kêthèn ingkang ngêmasi ||

32. langkung awrat yudane Lamdahur Selan | balane bêcik-bêcik | asugih santana | rumêksèng pamukira | gadane numpês prajurit | sabongkoting tal | gilape baskara tis ||

33. sru ngandika mangkene gunane aprang | iya wong wetan iki | nanging iku masa | iya animbangana | lawan kèhe wadya mami | nadyan kalonga | patang yuta saari ||

34. tan karasa yèn mungsuh wong Jaminambar | antèkna iya [i...]

--- 1: 54 ---

[...ya] benjing | masa karasaa | sun urugi pêpêjah | wus bubar munggah ing langit | mring bale ngaras | lan sagung Mukarabin ||

35. kawuwusa kang mêntas sami ayuda | sayah tan ana bukti | wadya Jaminambar | miwah prajurit Selan | bubar prang kadya angipi | anêmu gêsang | dènnya ngungun ing jurit ||

36. pan sadalu dhêdhêp mungsuh lawan rowang | ngraoskên sayahnèki | ingkang riris prapta | dalu maruta măndra | kadya tangise kang bumi | milu sêmpêlah | gêtêr-patêr lan tangis ||

37. kadya tangis ing wêngi milu kalêsyan | laweyan akèh prapti | angokopi êrah | drubiksa saking wana | pating galidrah kang prapti | măngsa bêbathang | suka-suka milihi ||

38. miwah baung lodhoh thongsot lawan gidrah | lodrèh lan ulir-ulir | dilêp pidhir bangkak | prapta măngsa bêbathang | kabèh rêsrêsing wanadri | rêsrêsing arga | jêjurang sami prapti ||

39. pan sadalu gumriwis măngsa bêbathang | kumrisik mêmilihi | angrogoh jêroan | nutug sasukanira | yèn mèh raina gumriwis | pating barisat | wêdi mbok ana janmi ||

40. byar raina baris Ngarab atêngara | prandene tan katawis | kalonging bêbathang | dèn măngsa ing drubiksa | saking gunging wong ngêmasi | kang kawuwusa | baris ingkang lumaris ||

41. sampun budhal saking pasanggrahanira | gumuruh kang prajurit | bala ing Ambarjah | budhal asri kang

--- 1: 55 ---

bala | dalêdêg datanpa wilis | kuda dipăngga | sênuk mèmrèng karêndhi ||

42. bala Jaminambar wus aglar ing papan | kang saos ing ajurit | umèb aliwêran | kadya samodra bêna | Raja Rabusamawati | enjing tumêdhak | lan sagung Mukarabin ||

43. wus atata lênggah nèng langit kaping pat | siniwi ing para ji | kang saos mapag prang | yudane mungsuh prapta | balane Raja Bawadi | prapta malatar | saupacara asri ||

44. tunggul kalih atus kang mungguh ing ngarsa | tabah-tabahan wuri | gumrêgut kang bala | kadya andaka singat | ratune mungguhing èsthi | palana lawak | songsong sawidak ngapit ||

45. Raja Rabusamawati atêtanya | Baktiyar sapa iki | ratu ingkang prapta | matur Patih Baktiyar | punika Raja Bawadi | ratu prakosya | ing Ambarjah kang nagri ||

46. pan punika putrane Raja Badarham | trahing prawira jurit | Bawadi prakosa | sigra Sri Saesalam | angatag ratu prajurit | mapagna ing prang | Raja Guntur wêwangi ||

47. Ratu Jaminasar rolas ingkang mapag | bala nyalawe kêthi | kumrab balanira | kadya hèr nawa bêna | kang mungging wahana èsthi | blêgdaba bihal | sênuk kuda karêndhi ||

48. kang adharat gumulung tanpa wilangan | umung kêndhang gong bèri | gumuruh kang surak | gêlarira prit nêba | anggêgila amrih miris | ing musuhira | wus gambuh ing ajurit ||

--- 1: 56 ---

12. Gambuh

12. Balanipun Raja Bawadi campuh lan balanipun Raja Bragêdun

1. kagyat dènira dulu | Rajèng Ambarjah praptaning mungsuh | sologotho nguthuh wanguning ajurit | ngur patinira panganjur | ingandikan mring sang katong ||

2. Rahadèn Abardikum | lawan anane Radèn Barjakum | pan puniku rayine Raja Bawadi | kêmbar sinatriya bagus | sami prawirèng palugon ||

3. Raja Bawadi muwus | yayi Bardikum yayi Barjakum | wis mangkene tangkêbe mungsuhirèki | kang rayi kalih wotsantun | inggih makatên tanpandon ||

4. nabda Bawadi Prabu | padha salina gêlar sirèku | amanguna gêlar kamsatupiatin | sapăntha bae maringsun | arbangu kari dèn pandon ||

5. sun arsa adrêng wêruh | marang ratune Sang Raja Rabus- | samawati wal arli sun balang tulis | darapon mapaga ingsun | atandhinga ing palugon ||

6. tur sêmbah parêng mundur | anata gêlar prajuritipun | wus arakit nadhahi kamsupiatin | kumêndhung prajuritipun | pêngkuh tan kêna sinorok ||

7. kêkalih dhadhanipun | nênggih sakawan pangawatipun | ya ta wau waskitha Raja Bawadi | Saesalam ênggènipun | nèng langit kaping pat katon ||

8. munggwing langit mas murub | ngadêg ing luhur palana [pala...]

--- 1: 57 ---

[...na] prabu | sêratira tinalèkakên jêmparing | sigra mênthang langkapipun | gêrèt lumêpas cumlorot ||

9. ngayuh jêmparing muluk | mring langit mas praptane cumundhuk | ing ampilan pêdhange sri narapati | sumêlèt suwaranipun | kagyat andangu sang katong ||

10. pinundhut suratipun | kumanthil anèng jêmparing ngriku | muni lamun surate Raja Bawadi | hèh Saesalam sirèku | mêtua maring palugon ||

11. supaya nuli têmpuh | sira aprang tandhing lawan ingsun | ingsun Rajèng Ambarjah Raja Bawadi | bisa sun mocok murdamu | anèng madyane palugon ||

12. iki prajurit punjul | ratu bang wetan kasusra wudhu | pan andêle Wong Agung Surayèng Bumi | sira ngaku Sang Hyang Agung | payo prang nuli sun pothol ||

13. iya utamanggamu | langkung bramatya dening srat iku | gro mawêngis sira Rabusamawati | ngatag prajurit kang bantu | Raja Bragêdun prang tanggon ||

14. prakosa gung aluhur | tate anguwisi ing prang pupuh | yèku gêgolongan Malekat Ngijrail | balane kabèh dibya nung | sayuta pilihan kaot ||

15. hèh ta Raja Bragêdun | ge pocokên dhas wong Arab iku | kang apêksa lancang Si Raja Bawadi | tur sêmbah sigra amundur | Bragêdun wus mêdhun anjog ||

16. panggih lan balanipun | têngara muntab prajuritipun | wadya Jaminukar

--- 1: 58 ---

têngara gong bèri | bantu mring Sang Raja Guntur | kang wus rame prang rêrêmpon ||

17. yudane Raja Guntur | prajuritira ing prang kawangsul | prajurite Ambarjah bakuh ngukuhi | ingukih-ukih abakuh | baris tan kêna cinorok ||

18. dadya rame prangipun | katutuh praptane Sri Bragêdun | gora-godha prajurite dèn abani | angidak anunjang purun | gumrah umangsah kumroyok ||

19. kang pra dipatyanipun | satriyanira Raja Bragêdun | lir andaka sakêthi atawan kanin | prajurit Ambarjah gapyuk | angrok tan kêna cinorok ||

20. caruk pupuh-pinupuh | lir riris panah pating palêcut | ramening prang pêpati tumpang atindhih | kang ngukihi ngidak purun | ingkang dèn ukih atanggon ||

21. ing wuri kadya layung | prajuritira Raja Bragêdun | miwah Raja Guntur sami angawaki | ambyuk kadya prawata rug | alun drês gumulung golong ||

22. wau ta kang cinatur | Raja Bawadi prajurit punjul | apan darbe kaluwihaning ajurit | kang anèh lan para ratu | nguculkên panah saendhong ||

23. lêpasira malêdug | sumawure anibani mungsuh | wus aewon prameya ingkang ngêmasi | saendhong malih sumusul | wuri malih pitung endhong ||

24. sapuluh endhong nusul | rong puluh endhong nulya tumutur | pan wus ewon tibane apindha riris | akèh

--- 1: 59 ---

prajurit kacundhuk | babarji jêmparing ampoh ||

25. kalulun akèh lampus | kesisan bala Raja Bragêdun | mungging liman angegla agêng ainggil | nêrêgkên dipangganipun | mangsah ngungkurkên punang wong ||

13. Pangkur

13. Raja Bawadi kapupu ing prang

1. ing paprangan apuyêngan | sira Raja Bragêdun ngamuk ngungkih | mobat-mabit gadanipun | kèh rêbah kasulayah | Raja Guntur kang ngimpun bala nèng pungkur | wau satriya Ngambarjah | Radyan Bardikum nadhahi ||

2. surake prajuritira | wus apanggih cundhuk yun-yunan jurit | anggada Raja Bragêdun | datan mawi atanya | ngrusak tata ing prange satriya ratu | Radèn Bardikum ginada | sapisan kuwat nadhahi ||

3. ginada ping kalih pêjah | katingalan dening Raja Bawadi | gêrèt mênthang langkapipun | si laknat tambuh ing prang | linêpasan jêmparingira cumundhuk | Bragêdun janggane pagas | tibèng palana gumlinting ||

4. têdhak saking ing dipăngga | anginggahi Bragêdun ingkang èsthi | cinandhak mastakanipun | nyandhak panah dor sigra | kang kinarya buwang murda Raja Brandun | mumbul angayuh gêgana | pinrih tibaa ing langit ||

5. langite wong Jaminambar | kang langit mas gèn Rabusamawati | gumêbrug sirah Bragêdun | anibani dhêdharan | kapalêsat tibèng doh kêndhi jumêrut |

--- 1: 60 ---

utamangga kawistara | Bragêdun sirèhirèki ||

6. eram dènira tumingal | goyang muka Sri Rabusamawati | wal arli sugal amuwus | mring lurah malaekat | Jabarail Mingkail Israpil iku | Ngijrail ingkang kinarya | prasamya ratu linuwih ||

7. Raja Makrub gya ingatag | kang kinarya Malaekat Mikail | satus kêthi balanipun | kang wus saos ing ngandhap | kang andhèrèk saking langit têdhakipun | pra dipati kang kinarya | Mukarabira Ngijrail ||

8. sakêthi sarêng udhunnya | saking langit kaping pat andalidir | Mikail Sang Raja Makrub | sapraptanirèng ngandhap | atêngara wus nitih dipangganipun | gada wrat sèwu kati mas | tinon tuhu angajrihi ||

9. muntab balane wurahan | anadhahi pamuk Raja Bawadi | kang wus pêjah Raja Guntur | lan ratu tigang dasa | dene Raja Bawadi yudane ampuh | kang ambuncangakên murda | tinibakakên ing langit ||

10. tibane langit kaping pat | dukanira Sang Rabusamawati | wau balanira Makrub | kadya robing samodra | ambalabar lir alun ngrana gumulung | têmpuh ngurugan bêbathang | balane Raja Bawadi ||

11. riwut ngurugan bêbathang | Raja Makrub Mikail angawaki | lir yaksendra krodhanipun | rusak bala Ngambarjah | sira Raja Bawadi asta wus kiyu | sadina dènnya mêmanah | kèh ratu ingkang ngêmasi ||

12. tabuh pat ing angkatira | Raja Makrub Malaekat Mikail | Raja Bawadi

--- 1: 61 ---

wus lêsu | miwah prajuritira | ingurugan pêpati para ratwagung | Raja Barjakum palastra | arine Raja Bawadi ||

13. tumpês prajurit Ngambarjah | duk samana têmpuh Raja Bawadi | lan Mikail Raja Makrub | rame gada-ginada | sira Raja Bawadi wus ngajalipun | pêjah dening gadanira | Makrub Malekat Mikail ||

14. mèh suruping diwangkara | wong Ngambarjah sakarine kang mati | makuwon ngaturi wêruh | marang Sang Rajèng Selan | tuwin marang Natèng Kohkarib puniku | prasami ngungun ing driya | Natèng Selan lan Kohkarib ||

15. kang kari satriyanira | bupatine nunggil pakuwon sami | lawan Sang Prabu Lamdahur | sampun atur uninga | dutanira sarêng lumampah ing dalu | mring gusti atur uninga | Wong Agung Surayèng Bumi ||

16. wau ta sabubarira | saking aprang Raja Makrub Mikail | lajêng mring langit ping catur | prapta ing ngarsanira | Raja Rabusamawati suka guguk | miyarsa ing aturira | Makrub Malekat Mikail ||

17. pêjahe Natèng Ambarjah | lajêng minum Sri Rabusamawati | lan sagung malekatipun | ingkang sami Mukarab | pan sadalu tan minggah nglangit kapitu | tan kondur ing bale ngaras | Raja Rabusamawati ||

18. dening langkung trusthèng driya | salamine aprang lagya puniki | antuk pêpati ratwagung | andêl Ratu Kuparman | mila kadi wong kaul sapolahipun | langkung dening kapracaya | Makrub Malekat Mikail ||

19. kunêng wau kawarnaa [kawarna...]

--- 1: 62 ---

[...a] | dutanira Natèng Selan Kohkarib | prapta ing pakuwonipun | Wong Agung Parangteja | surat katur lajêng binêkta malêbu | langkung gêpah lêbêtira | tinampan suratirèki ||

20. binuka langkung ngungunnya | sru ngandika Risang Surayèng Bumi | yayi kayaparan iku | prange wong Jaminambar | yèn mangkono para ratu kang panganjur | rangkêpa barise padha | aja na ijèn lumaris ||

21. kêna tulung-tinulungan | nuju ingkang munggwing ngarsanira Mir | Raja Salsal nêmbah matur | amba ing benjang enjang | nuwun inggih kêdah lumampah rumuhun | Raja Sêmbaji Kudarya | tumut umatur ing gusti ||

22. kawula anuwun lilah | saha idi amba kêdah rumiyin | sarêng lan ari pukulun | Sang Natèng Kalakodrat | wus linilan kalih kang kêdah rumuhun | iya sun kon tumingala | yayi Prabu Burudangin ||

23. manawa sira kabotan | yayi prabu enggala anulungi | tur sêmbah kunêng ing dalu | enjing sigra têngara | wong agung ing Parangteja wus anuduh | ngèndêlkên ratu pangarsa | kèndêl arsa ngusap wèni ||

14. Sinom

14. Prabu Rabusamawati gumun kathahing bala Kuparman

1. ya ta Prabu Jaminambar | Raja Rabusamawati | wus munggwing langit kaping pat | kang anèng ngarsa narpati |

--- 1: 63 ---

para malekat sami | kang Mukarab munggwing ngayun | Raja Makrub turira | ingkang minăngka Mikail | lawan Raja Duljalal Ngijrailira ||

2. kêkalih sujud ing ngarsa | tangining sujud turnya ris | pukulun Sang Hyang Wisesa | kang agung kang maha luwih | amba matur ing gusti | prakawis mêngsah pukulun | yèn suwawi ing karsa | inggih sampun dèn karênthil | sabên ratu prapta pinaguta ing prang ||

3. punika suka kang mêngsah | lamun pinêthuk prang icir | luhung angantos praptanya | yèn sampun sadaya prapti | nuntên tinumpês aglis | agampil sampun anglumpuk | botên atundha bema | tumpêse pating karênthil | angandika sru Sang Raja Saesalam ||

4. iya bênêr aturira | yèn mangkono Jabarail | mudhuna parentahana | sakèhe para narpati | aja na magut jurit | ingunên pêpêking mungsuh | yèn wus prapta sadaya | anulya dèn parentahi | aja kongsi cicir tumpêsa sadaya ||

5. sigra wotsari tumêdhak | kang minăngka Jabarail | sapraptanira ing ngandhap | orêg kang para narpati | dhawuhing kang para ji | timbalanira Hyang Agung | kèndêl yèn ana prapta | nora pinagut ing jurit | sampun munggah Jabrail praptèng ngayunan ||

6. katur solahe dinuta | marang Rabusamawati | kunêng gantya kawuwusa | gêgaman Ngarab kang prapti | tunggul samas kaèksi | lan daludag kalih atus | kang bêkta kulambi [ku...]

--- 1: 64 ---

[...lambi] mas | kuluk karawistha rukmi | pan sadaya prajurit anitih singa ||

7. daludag tunggul bandera | ingkang nitih macan putih | sadaya macan walaka | kêthèn kang para prajurit | tan ana liya nitih | mung singa titihanipun | asri busanèng wadya | mrawata sèwu kabasmi | kadya guntu[4] swarèng wong panggroning macan ||

8. nitih macan saturăngga | Sang Raja Salsal prajurit | arja songsong pitung dasa | gumrah wadya magêrsari | upacara tulya sri | tabah-tabahan nèng pungkur | sira Patih Baktiyar | cinêlakakên ing ngarsi | atêtanya Rabusamawati Raja ||

9. hèh Baktiyar ika sapa | narendra kang lagya prapti | anèh sugih têmên macan | apa Si Surayèng Bumi | Baktiyar awotsari | dede punika pukulun | ratu ing Kalakodrat | ingakên sudara wèdi | Raja Salsal atmajane Raja Daldal ||

10. eram agoyang kapala | Raja Rabusamawati | alon dènira ngandika | mring Malaekat Jabrail | ing Kalakodrat iki | bumi wêwatês puniku | wetane bumi Ngrokam | sakulon Kalakodrati | sayêktine jajahane Jaminambar ||

11. mangetane marang Arab | lan marene adoh ngêndi | kang maring ing Kalakodrat | matur nêmbah Jabarail | têbih mangetan gusti | tikêl tiga têbihipun | saking kitha Kuparman | lan mariki tikêl kalih | tanah Ngarab lan mariki tikêl tiga ||

12. yèn mangkono [mangko...]

--- 1: 65 ---

[...no] ratu ala | Salsal Kalakodrat iki | ambalik milu mangetan | bênêre miluwèng mami | ukumên yèn ajurit | sêsêmpalên baunipun | balik mada kawongan | sêsêmpalên badannèki | sami nêmbah sadaya para malekat ||

13. nulya malih katingalan | dêdamêl Kudarya prapti | tunggul kalih atus ngarsa | daludag awarni-warni | lêlayu tinon asri | prajurit wahananipun | samya banthèng sadaya | balane Raja Sambaji | pan akêthèn sadaya nitih andaka ||

14. gumrêgut tingkahing bala | balane Raja Sambaji | sang nata nitih andaka | wulung mulus tanpa ciri | agêng saengga èsthi | singat kinathok mas murub | sinotya ing hèr kilat | bolu sarante sinungging | nênetrane mirah jumêrut winarna ||

15. sinuji lawan hèr kêmbang | mutyara nila widuri | sinongsongan sungsun tiga | gumêbyar angilat thathit | atap kang magêrsari | asri upacaranipun | asongsong pitung dasa | mulat Rabusamawati | hèh Baktiyar sapa ratu ingkang prapta ||

16. umatur Patih Baktiyar | punika Raja Sambaji | Sri Naranatèng Kudarya | punika prawirèng jurit | mila sagung prajurit | kang wontên sami panganjur | sadaya pêpilihan | uwos kang para narpati | sawusira ing wuri wontên katingal ||

17. tunggul patang atus ngarsa | daludag rong atus wuri | lêlayu rontèk kakăndha | wolung atus munggwing wuri | bandera warni-warni |

--- 1: 66 ---

kang mandhi prajuritipun | nitih blêgdaba bihal | sênuk mèmrèng lan karêndhi | măncawarna tulya sri gêgamanira ||

18. prajurit kang têtopong mas | akarawistha sakêthi | abate-bate rinêngga | ing mas mutyara sinuji | satrêpe mas winardi | nyothe magribi pêdhang Rum | sadaya nitih macan | padha kondhe kang prajurit | patang kêthi busanane warna-warna ||

19. têpung bala ngupacara | sêlur kang pêpandhèn asri | sadaya pan sinongsongan | lir panjrahing puspita sri | kadya wukir kabêsmi | prajurit kang munggwing ngayun | nyurêmi diwangkara | Sang Prabu Ngrum Burudangin | pan anitih grêgabèl pinăncawarna ||

20. wuri pra dipatinira | sakêthi wahana èsthi | Sang Prabu Tasangsulngalam | tuhu dhapure rêspati | rinênggèng busana di | gêbyare cahya ngênguwung | Sri Maha Saesalam | Sultan Rabusamawati | duk miyarsa têtanya marang Baktiyar ||

21. hèh Baktiyar ika baya | Wong Agung Surayèng Bumi | beda lawan para nata | apa tunggangane iki | Baktiyar awotsari | dede punika pukulun | Prabu Tasangsulngalam | narpati ing Burudangin | pan kaipe dhatêng Sang Surayèng Jagad ||

22. punika ratu gêgala | măngka manggalaning jurit | dibya prawira digdaya | nampuni putus ing jurit | andêle pan nguwisi | ing pakewuh boya ewuh | titihane punika | grêgabèl buron jaladri | langkung ampuh singa kang ginêpok [ginê...]

--- 1: 67 ---

[...pok] basah ||

23. ngungun agoyang kapala | Raja Rabusamawati | kaliwat sugihe bala | apa nimbangi ing mami | dene tan karya langit | gawe malekat kadyèngsun | iki cubluke baya | atine cilik samênir | kêkulaka atine wong Jaminambar ||

24. lamun nora mangkonoa | tan awêlas badannèki | pasthi kacakup dening wang | ya saking cublukirèki | eling-eling dèn eling | hèh Kalana Jayèngsatru | manawa gêlêm sira | angur sebaa ing mami | sayêktine wurung sirna kanakèng prang ||

15. Pangkur

15. Prabu Kewusnendar ngêdali prang

1. narpati katiga samya | wus makuwon saha wadya prajurit | anêdah utusan sampun | ingkang atur uninga | lampah rikat ing marga datan winuwus | katur ing saaturira | ing Gusti Surayèng Bumi ||

2. yèn prajurit Jaminambar | salin lagu mantuk magut ing jurit | dêdamêl kang lagya rawuh | kinèndêlan kewala | inggih sami eca dènira dêdulu | wontên ing langit kaping pat | Raja Rabusamawati ||

3. suka wong agung miyarsa | tan kawarnèng dalu wuwusên enjing | têngara kang munggèng ngayun | gêgaman ing Yujana | tri gumuruh pangkat-pangkat para ratu | balanira Kewusnendar | tanpa wilangan prajurit ||

4. wau Natèng Jaminambar |

--- 1: 68 ---

munggwing langit kaping pat nêningali | lan Malekat Mukaribun | andangu mring Baktiyar | ingkang prapta gêgamaning para ratu | hèh Baktiyar ika sapa | para raja akèh prapti ||

5. tur sêmbah Patih Baktiyar | para Ratu Yujana ingkang prapti | Kewusnendar balanipun | pra ratu kathah mănca | pan sadaya pra ratu surèng prang pupuh | Kewusnendar pan ingangkat | sudara andêling jurit ||

6. nulya wontên katingalan | tunggul lawan daludag tinon asri | bandera lawan lêlayu | abra aneka warna | ing wurine prajurit topong mas murub | samya bêbadhong pèrêmas | sadaya nitih jênggiri ||

7. kadya ima ngêmu bintang | lamat-lamat tinon pating parêlik | mancorong pating palancur | kumlab pating galêbyar | sayèng pêrak sadaya gêgamanipun | prajurit kang sêsêliran | prasamya nitih jênggiri ||

8. ing mangke sampun warata | saking nagri Dhayak witing wêwinih | Radèn Kodrat Samadikun | punika kang upaya | mangkya sampun baranah kang para ratu | nanging prajurit Yujana | kang samya sinungan urdi ||

9. kang liya bala Yujana | amung ratu lawan satriya kêni | wau ta prajuritipun | sang prabu ing Yujana | wus kawruhan tinanya sadayanipun | dening Mraja Saesalam | Raja Rabusamawati ||

10. prapta bala ngupacara | awor lawan ampilan warni-warni | sagung gêgaman prang pupuh | kang ngagêm sinongsongan | sawarnine sami songsong pitung puluh | Sang Aprabu [A...]

--- 1: 69 ---

[...prabu] Kewusnendar | kinalang wong magêrsari ||

11. anitih dipăngga seta | pinêlanan ing mas murub tulya sri | taritip nila jumêrut | pakaja nawa retna | asri tinon palana lawak bra murub | sinongsongan salawe prah | Sri Kewusnendar nèng èsthi ||

12. angêdhangkrang kinêbutan | makutha di winardi binuka sri | kagyat Saesalam dulu | Baktiyar ika sapa | dene ladak rêspati ratu kang rawuh | angluwihi para nata | baya Si Surayèng Bumi ||

13. pan iki pantês prawira | sabalane rikat-rikat ngajrihi | magêrsarine bra murub | Baktiyar matur nêmbah | gih punika ratu andêl kang gêgêdhug | ing Yujana Kewusnendar | ingakên sudara wèdi ||

14. pan inggih ratu punika | sakalangkung prakosa ing ajurit | tate bănda para ratu | ingkang gagah prakosa | Kewusnendar tuhu prakosa dibya nung | putrane kumala-kala | tate amungkasi kardi ||

15. Radèn Kaharkusmèn nama | ngambil siwi mring Sang Surayèng Bumi | pan pinutra-putra danu | sinami putranira | dening timur kayungyun prawirèng pupuh | miyarsa goyang kapala | Raja Rabusamawati ||

16. nulya malih katingalan | pira-pira tunggul daludag asri | rontèk kakăndha lêlayu | umyang prajuritira | upacara magêrsari abra murub | prajurit tan ana dharat | turăngga pêpêrang sami ||

17. kêkalih bayak ajajar | turanggane pan kadya dèn pasangi | Saesalam [Saesala...]

--- 1: 70 ---

[...m] kagèt dulu | Baktiyar iku sapa | apan kêmbar agagah prakosa bagus | punika sasat santana | kang wastu awor mêmanis ||

16. Dhandhanggula

16. Prajuritipun Wong Agung ingkang kantun sami nusul

1. Natèng Yunan punika kêkalih | kakang adhi samya karsanira | ing yuda wrat sêsanggine | sring dados wakilipun | bêdhahipun nagri Kuwari | inggih saking punika | kathah kitha gêmpur | dening sang prabu ing Yunan | yèn angamuk wong siji dèn byuk sakêthi | ingkang sakêthi curna ||

2. gèdhèg-gèdhèg Rabusamawati | mendah aja mungsuh lawan ingwang | wong Arab pilih tandhinge | ratu ngalam donyèku | pranga lan Si Surayèng Bumi | apa ginawe mapag | sugih bala ratu | siji tan ana kang kompra | bêcik-bêcik lajêng angidung parasi | Sri Maha Saesalam ||

3. ing artine kidunge sang aji | iki wuwuhe kamulyan ingwang | kaluhuran ingsun kiye | sun cipta slaminipun | sapa ingkang kauban langit | nora seba maring wang | kêna ukumipun | iki wus lêga tyas ingwang | pan wong Arab pratane sandi ajurit | batine asrah badan ||

4. nulya wontên katingalan malih | kadi saban rakiting gêgaman | miwah saupacarane |

--- 1: 71 ---

lan magêrsarinipun | tinakenan Rajèng Kuwari | apan sadina-dina | dènira dêdulu | praptane gêgaman Ngarab | sore kondur rinane miranti malih | munggwing langit kaping pat ||

5. salamine Rabusamawati | nêningali kongsi kalih wulan | ing wadya Ngarab praptane | sagunge para ratu | wadyanira Sang Jayèngbumi | kang datan ginawa prang | kantun prajanipun | pan sami nusul sadaya | amiyarsi mêngsahe gustinirèki | ratu angaku Allah ||

6. karya langit lan malekat kardi | mila kayungyun kêdah uninga | para ratu panusule | miwah ratu kang tunggu | ing Kuparman anusul sami | marma kadya samodra | bala gung gumuruh | bêntêt tanah Jaminambar | ing balane Wong Agung Surayèng Bumi | lir pasanging samodra ||

7. sabên para ratu ingkang prapti | andêl-andêl Yusub Adi Kebar | Sadat Kadarisman dene | Ngabêsi Sang Aprabu | Darundiya Narpati Bangit | lan ratu balanira | Pangran Suwăngsèku | Natèng Kubarsi lan Kelan | duk langkunge Raja Rabusamawati | mulat goyang kapala ||

8. lan balane Natèng Parangakik | miwah sultan anom ing Karsinah | miwah Pirngadi balane | kathah kang para ratu | agung-agung ratu prajurit | para ratu kang bala | ingkang wus jinunjung | Nyakrawati Binathara | Atasaji lan Natèng Kaos nagari | kang sami ratu wayah ||

9. sami sugih bala kang para ji | mila agung agoyang kapala | Rabusamawati

--- 1: 72 ---

dene | sugihe para ratu | sarwi ngidung parasi angling | pan ingsun luwih bêgja | dening para ratu | kang prapta saparon ing rat | wong bang wetan balane Surayèng Bumi | yêktine kabèh lapgang ||

10. sarwi musus astanira kering | mijil pawaka akantar-kantar | giyak kabèh malekate | umatur sarwi sujud | èstu sabdanira Hyang Widhi | wong wetan yèn bănggaa | yêkti dadi awu | inggih praptane punika | sandi aprang batine saèstu ngabdi | ing gusti maha mulya ||

11. pra malekat sawusira tangi | saking sujud nulya surak-surak | Baktiyar jawil kancane | balane Raja Makrub | iya ingkang măngka Mikail | Baktiyar wus kaparak | kang wus pakat wuwus | nênggih malekat kabayan | Mikailan Malekat Sara ing nguni | panata Raja Pathal ||

12. Ki Baktiyar pan aris bêbisik | yayi Pathal puniku Hyang Suksma | Saesalam mijilake | pangeram-eram tuhu | agni saking astanirèki | boya dadi punapa | manira atutur | balane gêni wong Arab | yèn ngarsakna yêkti ngèbêki wiyati | tan katon kang anggawa ||

13. tinibakna maring mungsuh bêsmi | nanging gêni tan ginawe aprang | mung kalangênan gawene | punika Sang Arabus | astanira kang mêtu gêni | amung gêni sapala | masa dadi batur | Raja Pathal Malaekat | sarwi jomblong alon dènira nauri | marang Patih Baktiyar ||

14. yèn makatên kakang mila [mi...]

--- 1: 73 ---

[...la] wani | anglurugi kitha Jaminambar | dene ta akèh gênine | ratu wetan puniku | pan Wong Agung Surayèng Bumi | pilih ing tyas kaduga | mring pangeran ingsun | kang agung kang maha mulya | kang misesa ing rat Rabusamawati | Hyang Widi Jaminambar ||

15. botên eca raose puniki | ngalamate para Ratu Ngarab | kang sami dhingin praptane | pinapag ing prang pupuh | botên kawon malah wong ngriki | inggih sami kasoran | ratu kèh kapupu | pêpatine pira-pira | pan wong wetan kakang pêpatine kêdhik | jitus pan botên timbang ||

16. Raja Pathal wau dènira ngling | anauri Kya Patih Baktiyar | yayi Pathal sira kiye | bêbisik lawan ingsun | Saesalam nora udani | dene angaku Allah | yèn mungguha iku | Wong Agung Surayèng Jagad | sakathahe wadyane ingkang anangkil | osiking tyas mangkana ||

17. nora samar kawruhan ing batin | iku wong agung dibya waspada | ing lair batin tan kêntèn | mangkono wong pinunjul | bisa nukma ing agal alit | ratu ing Jaminambar | butêng kumalungkung | dèn rasani marang bala | nèng ngarêpe prandene nora udani | kudu angaku Allah ||

18. pan kasaru gêgaman kang prapti | bala gumuruh asurak-surak | bangkilung rame gêndhinge | gumuntur-guntur kêtug | prajurite awarni-warni | kang anitih blêgdaba | bihal mèmrèng sênuk | gumêbyar dening baskara | lir

--- 1: 74 ---

manaput wangkawa mênuhi bumi | busana bra gumêbyar ||

19. bala bacingah upacara sri | dangu mulat Prabu Saesalam | ratune baya èsthine | sangkêp pacarèng ngayun | kang gada gêng angapit-apit | nèng luhuring palana | lêlawak bra murub | rinêngga kinuswa ing mas | atêtanya Raja Rabusamawati | Baktiyar ika sapa ||

20. dene pantês solahe wong iki | luwih lawan para ratu kathah | Baktiyar alon ature | pan punika pukulun | Sang Aprabu Mutadarawi | lawan Natèng Talsiyah | kalih ratu agung | prakosa bêbala raja | widigdaya awrat sinandhang ing jurit | tate mungkasi karya ||

21. Raja Lamdahur ingkang sêsiwi | kalihira sami putrèng Selan | ratu moncol prawirane | sami ingambil sunu | mring Wong Agung Surayèng Bumi | mila kinarya raja | madêg ratu agung | Banarungsit ing alaga | ingkang anèm binathara Sri Pirngadi | Mutadarawi praja ||

22. duk praptane kang rama rumiyin | Sri Lamdahur manganjuri lampah | ratu kalih samya dhèrèk | anamur tumut ngamuk | bêkta bala kuda sakêthi | mila Lamdahur awrat | pagute rumuhun | bantoni prange kang rama | wusnya bantu mundur malih anindhihi | ing wadyabalanira ||

23. goyang murda Rabusamawati | wontên malih ratu ingkang prapta | asri tinon gêgamane | abra daludag tunggul | banderane awarni-warni | busananing prawira [prawi...]

--- 1: 75 ---

[...ra] | mrawata katunu | lir wanarga kêmbang-kêmbang | upacara lir panjrahing puspita sri | nyurêmkên diwangkara ||

24. ratu katri sarêng lampahnèki | kanan kering kang nitih dipăngga | ing têngah pan jêmpanane | magêrsari kumrutug | sinongsongan pan satus sisih | ampilan warna-warna | têtanya sang prabu | hèh Baktiyar ika sapa | ratu katri munggwing jêmpana sawiji | roro anèng dipăngga ||

25. awotsari Baktiyar turnya ris | inggih Sayid Ibnu Ngumar Raja | ing Kaos gêng karatone | punika wayahipun | mring Wong Agung Surayèng Bumi | Maryunani pêputra | kang satunggilipun | nama Prabu Ngumar Kraban | ratu agung atmajane Maryunani | dene kang jimêpana ||

26. ing jêmpana kang linawak rukmi | nênggih Sang Prabu Arismunandar | Sri Bupati Betartine | punika ingkang buyut | Rajèng Kaos ingkang siniwi | Sri Sayid Ibnu Ngumar | pan patutanipun | putrine Tasangsulngalam | putri adi saking nagri Burudangin | prawira măndraguna ||

27. goyang murda Rabusamawati | Patih Baktiyar lan Raja Pathal | tumungkul aris grundêle | apa ta nora ngêlu | gèdhèg-gèdhèg ing sabên ari | nauri Raja Pathal | katêmbèn andulu | wadya gung rêmpêk têtanya | angluwihi wong Arab rakiting baris | milane kagawokan ||

28. sami-sami kathah wadyanèki | wong Jaminambar rêsah barisnya | pênêd wong Arab [Ara...]

--- 1: 76 ---

[...b] pasange | ing ngriki ratu agung | dene kudu ngaku Hyang Widi | saking kaparakira | miwah gèning ratu | agung agawe wisesa | karosane botên ngangge bêbakali | jajahan kilèn samya ||

29. botên wontên ratu agêng malih | watês kilèn namung Jaminambar | ratu kang agêng prajane | sagunge ratu-ratu | anut datan ginitik jurit | nagari kang alêksan | samya nungkul alus | ing jajahan kang sawarsa | kalih warsa sadaya kang pinggir langit | sujud ing Jaminambar ||

30. apan saking dènira ngungkuli | gêdhe dhewe kutha Jaminambar | tan ana têtimbangane | nagri bang kilèn amung | Jaminambar agêng pribadi | kalamun sêsabaa | mangetan puniku | sayêkti ana kang nglawan | Saesalam warêg tan nêdya ngulati | undhake măncapraja ||

31. nora kadya Sang Surayèng Bumi | mêlar saking kaprawiranira | ngawulakkên ratu akèh | samya boyonganipun | iku nama lananging bumi | bok aja mêmungsuhan | bêdhamia patut | amêmitra padha raja | padha luwih lawan Sang Surayèng Bumi | aprang bok katiwasan ||

32. nulya wontên katingalan malih | baris agêng prapta lir samodra | wutah gumuntur gora rèh | têdhuh prakêmpa kêtug | amarwata kagiri-giri | bandera warna-warna | sri daludag tunggul | rontèke apindha karang | tanpa wilis upacarane para ji | kagyat sri gambuh tanya ||

--- 1: 77 ---

17. Gambuh

17. Sultan Jayusman nusul dhatêng paprangan

1. Baktiyar sapa iku | ratu kang prapta sundhul-sumundhul | akèh têmên gêgamane bêcik-bêcik | lakune arêbut dhucung | nanging tata nora rusoh ||

2. Baktiyar nêmbah matur | inggih punika pan balanipun | Sultan Anom Jayusman Murijalsamsi | dhomas ratune kang wadu | pan sami wirèng palugon ||

3. nênggih patutanipun | Sudarawrêti putri pinunjul | moncol ing rat sumbaga ampuh ing jurit | arine Sang Raja Kanjun | garwa kêkasih kinaot ||

4. punika para ratu | kathah santana kadangirèbu | nênggih bandhu santana Sudarawrêti | sami prakosa dibya nung | lumrah ing ayuda bobot ||

5. bêlêk kang para ratu | kasusu pêdhak upacarèku | samya nyongklang kang ngampil nitih jênggiri | kacandhak ing lampahipun | nitih sakatha sultan nom ||

6. sakatha rukma murub | rinênggèng rêtna mawarna mancur | pangiride satus rakit kang jênggiri | cêmêng sami pancal panggung | binlongsong rante mas abyor ||

7. sami binadhong sungsun | pinatukan ing kancana murub | lir andaru busanane kang jênggiri | pangirid sakatha murub | sumrêg kang grêbêg sang katong ||

8. songsong satus rong puluh | sadaya sami panunggulipun | hèr

--- 1: 78 ---

sasăngka miwah sunare hèr thathit | Saesalam kagyat dulu | asru dènira têtakon ||

9. kang munggwèng keringipun | lungguhe jèjèr kaparèng pungkur | mèh wayahe kaot cahyane dumêling | wuri ladak sêmunipun | Baktiyar matur wotsinom ||

10. gih punika pukulun | Sultan Jayusman Murijalsamsu | putra Ambyah kang jumênêng Parangakik | langkung gêng karatonipun | tur binathara kinaot ||

11. dene satunggalipun | sutèng êmban tur palihanipun | putranira Sri Naranata Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | tunggil jro sakatha lunggoh ||

12. gèdhèg Sang Raja Rabus- | samawati wal arli andulu | ing solahe wong Arab para narpati | rowa rikat tandangipun | atata sêmune tanggon ||

13. wuri malih kadulu | kang gêgaman sinang abra murub | pan atusan baranang bandera kèksi | rontèk sri awor lêlayu | tunggule atusan abyor ||

14. asri pacaranipun | mawarna-warna pating palancur | narpatine munggwing sakatha mas adi | bagus cahyane umancur | lir yangyang pratima tinon ||

15. magêrsari kumrutug | pangirid sakatha wolung puluh | mèmrèng buntal pethak pancal sadaya sri | rinênggèng kancana murub | umancur pating pancorong ||

16. jênggirat malih dulu | têtanya malih Sang Raja Rabus | hèh Baktiyar sapa ratu prapta iki |

--- 1: 79 ---

tunggangane kaya mau | ratune pêkik tur anom ||

17. seje sasolahipun | tuwin balane bacingah agung | nêmbah matur Baktiyar Rêkyana Patih | inggih punika pukulun | Natèng Karsinah kinaot ||

18. pan sami tunggilipun | Surayèngrat ingkang asêsunu | patutan Sang Rêtna Sirtupelaèli | putri Karsinah pinunjul | kaprawiraning palugon ||

19. kang wuri arinipun | Hasim Kuwari ing namanipun | Kisbandiyah putra saking ing Kuwari | wuri malih kadangipun | Hasim Katamsi kinaot ||

20. putra wadananipun | Sultan Jayusman Murijalsamsu | lêlurahe sultane Danurusamsi | Rajèng Karsinah puniku | kang putus prawirèng kewoh ||

21. Hasim Katamsi iku | ngêndi ibune Baktiyar matur | Isnaningsih putri adi Burudangin | arine Raja Tasangsul- | ngalam kang wirèng palugon ||

22. Sri Saesalam ngungun | Patih Baktiyar matur asêlur | wuri para putra kadangira Amir | Kuseyun lan Hasimiyun | kang blêk lampahe anggolong ||

23. kang sami tunggul pingul | lêlayu seta sadayanipun | adaludag seta abandera putih | para kadang-kadangipun | amung satunggal kang anom ||

Lajêng nyandhak jilid 2.

--- 1: [80] ---

Isinipun.

... Kaca:

1. Candhakipun Umarmaya manggihi Prabu Sadarsalam. ... 3
2. Prabu Sadarsalam dhawuh mêpak bala. ... 7
3. Wong agung nglurug dhatêng Jaminambar. ... 10
4. Patih Baktiyar kalihan Unuk Mardawan wêwadul dhatêng Prabu Rabusamawati. ... 15
5. Untabipun prajurit Jaminambar kalihan prajurit Kuparman. ... 20
6. Wong agung nonjok sêrat panantang. ... 23
7. Prajurit Jaminambar sagah nyirnakakên prajurit Kuparman. ... 28
8. Prabu Rabusamawati mriksani dhatêngipun prajurit Kuparman. ... 35
9. Prajurit Jaminambar têtumpêsan. ... 40
10. Prabu Lamdahur ngangsahakên bala. ... 44
11. Prajuritipun Prabu Lamdahur unggul yudanipun. ... 49
12. Balanipun Raja Bawadi campuh lan balanipun Raja Bragêdun. ... 56
13. Raja Bawadi kapupu ing prang. ... 59
14. Prabu Rabusamawati gumun kathahing bala Kuparman. ... 62
15. Prabu Kewusnendar ngêdali prang. ... 67
16. Prajuritipun wong agung ingkang kantun sami nusul. ... 70
17. Sultan Jayusman nusul dhatêng paprangan. ... 77

 


patih. (kembali)
Lebih satu suku kata: tandhêsa pasisir pisan. (kembali)
Kurang satu suku kata: sagung Malekat Mukarab. (kembali)
guntur. (kembali)