Menak Jaminambar (Jilid 02), Balai Pustaka, 1936, #860


Serie No. 1178a

Menak Jaminambar

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 2.

Bale Pustaka - 1936 - Batawi Sèntrêm.

--- 2 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2 : [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

18. Jawah Wêdhi Saking Ngandhap.

18. Sinom

1. kang wontên ngajêng punika | Rahadèn Amir Anjilin | kadang tunggil ibu rama | lan Wong Agung Jayèngmurti | kang sami payung putih | gênis sadaya puniku | kadang nunggil sarama | sadasa sami prajurit | salin lampah adate lumakyèng wuntat ||

2. kang sami daludag seta | lêlayu bandera putih | Saesalam ngadêg sigra | munggwing amparanirèki | maspadakkên mucicil | marang para kadangipun | Wong Agung Surayèngrat | tanya ing sawiji-wiji | ing namane ing para kadang sadaya ||

3. eram dènira tumingal | Raja Rabusamawati | dene wayahane padha | kadange Sang Jayèngmurti | ika adhine êndi | miwah êndi kakangipun | Baktiyar matur nêmbah | ingkang sadaya puniki | sanès ibu sami kang raka sadaya ||

4. mung kêkalih arinira | Kurantèn Amir Anjilin | sami tunggil ibu rama | lan ingkang sêpuh kêkalih | Ngabdulah Abu Talip | kang sami nunggil saibu | Radèn Aris Bulahab | Ngabdul Samsu Ngabas sami | sanès ibu kang wêwolu para kadang ||

5. tur sami surayèng

--- 2 : 4 ---

laga | kabèh sudibyèng ajurit | gèdhèg Prabu Saesalam | wontên malih kang kaèksi | gêgaman patang kêthi | patang lêksa patang èwu | sami nuntun turôngga | murub busanane sami | kulambi mas lancingan mas têtopong mas ||

6. panjange apatang cêngkang | anglawèr kudhupe turi | wadya sami giyak-giyak | Raja Rabusamawati | balane sapa iki | mangkono tênaganipun | anèh lan ratu kathah | tan ana ingkang nindhihi | wong agunge nèng ngêndi nora katingal ||

7. tur sêmbah Patih Baktiyar | punika kang darbe baris | gêgêdhuging pra santana | nak-sanak lan Jayèngmurti | kang môngka pamugari | ing aprang pakewuh lêmbut | gêdhêg manggala dibya | tuhu satriya linuwih | kang pêparab Rahadèn Endragothaka ||

8. Rahadèn Palanggupita | inggih Radèn Pulangwêsi | Rahadèn Jumirilputra | Radèn Pomot pralayaning | Radèn Marmaya wêgig | lah punika warnanipun | kang nglangak lincak-lincak | munggwing sajawining baris | Radèn Girikadhaton julig arungan ||

9. gumujêng dènnya tumingal | Raja Rabusamawati | lah iku dèn gawe apa | wong culika dèn uripi | ing netya lingsêm runtik | karaos ingkang anyukur | maring jêjenggotira | pucêt netyane sang aji | dangu-dangu tarontong mawinga-winga ||

10. kadya têdhaka salaka | Sang Arabusamawati | amrawasèng Umarmaya | èngêt [è...]

--- 2 : 5 ---

[...ngêt] nulya angling wêngis | sun nyana wong abêcik | kang aran Umarmayèku | satriya miwah raja | mêngko sun lali ngawruhi | wong nyênyêdhis lêlucon andèhing jagad ||

11. dadi ingsun nora êsak | marang si kuthila wêgig | ngrusuhi lêlangit ingwang | dene bekaning cêcêdhis | nora ngapaèng mami | kumprunge kudu kumlungkung | besuk dèn rasakêna | sun tandhing padhaning julig | pasthi jidhèt dening Surakal aliyar ||

12. môngsa gawêra sapira | hèh eling-eling dèn eling | besuk mati siya-siya | malekat kang Mukarabin | nimbangi tanduk sami | kang adol sanggup kumruwuk | ingsun sêmpale benjang | anèng madyane ngajurit | iya ingsun kang anggêgêcêk balungnya ||

13. gumuruh kang adol ulap | amrih kasatmatèng gusti | ting jalimprak gora-godha | Sang Natèng Kulub winarni | mêthukkên lampahnèki | mring Arya Umarmayèku | Raja Kalbujèr mojar | kakang lilanana mami | ngong coroke ratune wong Jaminambar ||

14. kang anèng langit kaping pat | pating galêro kapyarsi | andulu gêgamanira | sun kakang wus gawa wêdhi | malela kang samênir | kang pindha mimis pênambur | lan kang sakacang-kacang | samêlinjo lan sakênthi | sun umbare manjinga langit kaping pat ||

15. Umarmaya suka mojar | iya sasukanirèki | agawe pangeram-eram | prasasat bênturi iblis | wajib ngulap-ulapi | mungsuh wong mangkono iku | ratu ing Jaminambar [Jamina...]

--- 2 : 6 ---

[...mbar] | gawe wilalating bumi | pakaryane ratu angrusak utama ||

16. Raja Kalbujèr samana | nguculkên kêmating jurit | kumêpyur mangsah prasamya | gone Rabusamawati | tinêmpuh udan wêdhi | saking ngandhap sangkanipun | praptèng langit kaping pat | krikil sakacang lan wêdhi | ngling malekat iki apa iki apa ||

17. karikil lan wêdhi munggah | maring langit lagi iki | ana udan saking ngandhap | apêdhês rasaning kulit | kang kêna gigirnèki | andêngkèng nulya mrêkungkung | ngulèt para malekat | suwe-suwe malarati | kang katrajang matane jungkêl aniba ||

18. anangis agundam-gundam | umrêkan pating paringis | ana ingkang nora bêtah | malorod tinggal ing gusti | Sang Rabusamawati | padharan ampêlanipun | kêbak wêdhi malela | pating karompyang karikil | kagegeran kasaput suruping arka ||

19. bubar Raja Saesalam | kinodhol udan karikil | anêmpuh makuthanira | kumrutug ing ngarsa wuri | bêbaju gubras wêdhi | kêbêk nalêsêp ing kalbu | sêdhih Sri Saesalam | ambêkuh sêsambat isin | bêtahakên sapraptane bale ngaras ||

20. tinutup gêdhonge gêdhah | binuntêt wêdhi tan manjing | wangsul ngungsir balanira | pra malekat Mukarabin | samya sêdhih tyasnèki | akèh tutup netranipun | kang datan tinutupan | matane akêbak wêdhi | kang atêbih ratune abiyang-biyang ||

--- 2 : 7 ---

21. kèndêl kêmating ayuda | wadya Rab makuwon sami | langkung sukane miyarsa | Kalbujèr Umarmayèki | dènnya kêmate dadi | wêdhi karikil bêbujung | mring sagung malaekat | sêdhih dening anglilipi | gumyak-gumyak pakuwon sadalu suka ||

22. Adipati Tasikwaja | lan Rajèng Kulub prasami | gantya ingkang kawuwusa | Raja Rabusamawati | dalu têtanya aris | mring para malekatipun | wêdhi apa wus sirna | malekat kêmit turnya ris | sampun sirna wangsul dhatêng pamondhokan ||

23. sang aprabu sampun mêdal | animbali Mukarabin | aglar kang maksih waluya | nanging kathah maksih sakit | matane kêbak wêdhi | hèh para malekat ngrukuk | cadhok pan dèrèng waras | ginaguyu kancanèki | Saesalam prihatine ngêmu duka ||

24. ing dalu tan kawurcita | ya ta kawuwusa enjing | têdhak mring langit kaping pat | Raja Rabusamawati | Malekat Mukarabin | kang sami ngayap atêpung | wadya Rab kang wus budhal | pangarsa para narpati | cucukipun wong agung ing Parangteja ||

25. wontên tunggul wolung dasa | rong atus bandera asri | daludagnya wolung dasa | sadaya munggwing turanggi | rikat rowa arakit | bala gung gumrah gumrêgut | ratune munggwing gajah | ingayap wong magêrsari | sinongsongan gênis pita kawan dasa ||

26. angling Prabu Saesalam | hèh Baktiyar sapa iki | ratu ingkang lagya prapta | prayoga

--- 2 : 8 ---

gagah tur pêkik | pantês prawirèng jurit | Patih Baktiyar turipun | punika Rajèng Miskat | Sang Prabu Dabarus Ngali | pêpatihe mring Wong Agung Parangteja ||

27. gèdhèg Rabusamawatya | ingkang sok dadi sêsilih | Wong Agung Surayèng Jagad | satriya ing Ngalabani | ingkang saemba warni | myang swara sapolahipun | matur Patih Baktiyar | ingakên kadang sayêkti | anglangkungi sihira sapara kadang ||

28. pan udha-usuk kewala | kaprawiraning ajurit | wong agung ing Parangteja | lan raka Surayèng Bumi | wontên katingal malih | satunggal sapayung agung | busana upacara | lampahe sagung para ji | munggwing kuda narpatine lir asmara ||

19. Untabing Wadyabala Pandhèrèkipun Satriya Parangteja tuwin Wong Agung.

19. Asmaradana

1. tanya Rabusamawati | ika sapa ratu prapta | abra sinang gêgamane | ratune bagus taruna | matur Patih Baktiyar | ing kuda endah pukulun | nama Raja Sari Isman ||

2. wontên katingalan malih | baris agêng ingkang prapta | busananing bala abyor | saupacara karajan | tunggul lawan daludag | bandera miwah lêlayu | ratune munggwing turôngga ||

3. tanya Rabusamawati | ika sapa ratu prapta | asri tinon gêgamane | matur Kya Patih Baktiyar |

--- 2 : 9 ---

Narpati Mudalipah | Sang Raja Irman Nadirun | samya wadyanira Maktal ||

4. wontên ratu prapta malih | wadyanira abra sinang | lir sêkar sataman abyor | tunggul daludag mawarna | srining kang upacara | têtanta Sang Raja Rabus | hèh Baktiyar ika sapa ||

5. ratu ingkang lagi prapti | baranyak anèng dipôngga | asri tinon ampilane | kabèh payung krêtas pita | ampilane gandhewa | lare wandhan lèrènipun | lan kang ngampil endhong êmas ||

6. Batiyar matur wotsari | punika Natèng Jarjanah | Raja Rundaham kinaot | ratu prawira digdaya | undhagi môndraguna | pilih tandhing yudanipun | ratu balanipun Maktal ||

7. wontên malih ratu prapti | wadyanira abra sinang | lir panjrahing puspita byor | busana awarna-warna | srining kang upacara | narpatine nom abagus | rêspati munggwing turôngga ||

8. tanya Rabusamawati | ika sapa ratu prapta | Patih Baktiyar ature | punika Rajèng Basarah | Raja Umardibaram | ratu awrat ing prang pupuh | sami balanipun Maktal ||

9. gèdhèg Rabusamawati | Si Maktal apa prawira | sugih bala para katong | Baktiyar matur anêmbah | inggih langkung prawira | tan wontên kang para ratu | tandhing wawrating ayuda ||

10. amanaha gunung wêsi | wong agung ing Parangteja | sayêkti gugrug agogrog | rug rêbah syuh kasulayah | sirna

--- 2 : 10 ---

kang gunung waja | amêdhanga rangkêp sèwu | ratu-ratu pasthi bebas ||

11. nulya pacara kaèksi | angarang sinang bêranang | nawung baskara gêbyare | ampilan awarna-warna | awor kapraboning prang | wontên gunggung kalih atus | ampilan kang sinongsongan ||

12. punang sakatha kaèksi | pangirid turôngga pêthak | sakatha rênggyèng mas abyor | pinatik ing nawa rêtna | wangkawa katawêngan | prabaning arka kasêndhu | murub rêngganing sakatha ||

13. rong atus kuda pangirid | sami tinopongan êmas | sinawur ing sêsotya byor | nanging sakatha lêlawak | asongsong kawan dasa | kang munggwing srênggara murub | asri busana karajan ||

14. kagyat Rabusamawati | angadêg munggwing amparan | ika Si Jayèngpalugon | pêtêng dhêdhêt kang angayap | padhang dening busana | wus têtela bedanipun | lan kabèh-kabèh ing ngarsa ||

15. Patih Baktiyar wotsari | dede pun Surayèng Jagad | pan punika kêkasihe | kang môngka saeka jiwa | ingkang sampum winênang | tunggil pati sabiyantu | kadya badan nyawa tunggal ||

16. wong agung ing Ngalabani | satriya ing Tambakrêtna | kang asugih bala katong | inggih kalih èwu dhomas | ratu ingkang kabala | munggwing sor amparanipun | wong agung ing Parangteja ||

17. kang tuwan dangu sakenjing | dhatêng ing mangke punika | paduka ingkang kasupèn | taksih balanipun Maktal [Ma...]

--- 2 : 11 ---

[...ktal] | mangke gustine prapta | Prabu Samawati jêtung | lênggah malih ing amparan ||

18. sarwi mandêng amacicil | ing langkunge Arya Maktal | wong iku bagus rupane | ladak batin tur jatmika | pantês kanggo ngawula | yèn iku têluka mring sun | sayêkti sun aku kadang ||

19. ingkang kadi yayah bibi | angrèh Natèng Jaminambar | sun turut sapratingkahe | dadia malekat putra | kêkêmbanging akasa | awor widadari patut | dadi niyakaning swarga ||

20. Rabusamawati angling | apa Si Surayèng Jagad | hèh Baktiyar titihane | umatur Patih Baktiyar | botên kawingking tuwan | tan liya titihanipun | salaminipun turôngga ||

21. datan wontên malih-malih | amung pun sêkarduwijan | tan arsa nitih liyane | nadyan kathah kang turôngga | amung sêkarduwijan | nulya wontên kang kadulu | wadya gung mawarna-warna ||

22. salêksa bala Ngabêsi | salêksa kang bala Cina | wadya Dhayak salêksane | wadya Sêpanyol salêksa | Ngindi ingkang salêksa | kang salêksa malih ing Rum | sakêthi wong upacara ||

23. asri busana mawarni | ingkang sami ngupacara | abêbadhong atêtopong | kancana rinênggèng sotya | kumilat katon ulap | sumawur pating palancur | abra abyor ting galêbyar ||

24. têtêbusan tigang kêthi | wong kulit irêng lan pêthak | kulit biru kulit jêne | ana kang kulite abang | kang sami ngupacaya | asri [a...]

--- 2 : 12 ---

[...sri] songsong pitung atus | nulya na swara kapyarsa ||

25. gumuruh umyang mêlingi | Rabusamawati tanya | lah iki apa banène | gumêr kumrincing kumrangsang | matur Patih Baktiyar | pan punika swaranipun | ingkang songsong tunggul naga ||

26. mèh cêlak panggenannèki | Wong Agung Surayèng Jagad | satriya jayèng palugon | punika songsong kang anyar | wontên nagri Kuparman | kang binêkta anèng ngayun | punika songsonge lama ||

27. pilih kang para nartiKurang satu suku kata: pilih kang para narpati | kuwasa yèn ambêktaa | sajuga dados pasongsong | tunggul naga amakutha | atalingan daludag | ing payung kang usuk sèwu | kang mungguh ing cangkêm naga ||

28. ilat kawan atus nênggih | isi sèwu golèk Cina | kinalungan gêntha kabèh | mila swarane gumêrah | mangap cangkêming naga | kanginan kang gêntha sèwu | saking doh sora kang swara ||

29. Raja Rabusawamati | agèdhèg asru ngandika | mangkono ing panggawene | anèh sasolah-tingkahnya | ratune wong bang wetan | iku sêsoroh maringsun | praptane nèng Jaminambar ||

30. pêpèdhêp pêksa ngluwihi | polahe wong Jaminambar | môngsa ta wurunga kabèh | lapgang bebas nora gagal | alah nibani layang | ngambil bulubêktinipun | bageyane wong Kuparman ||

31. kaèksi wong magêrsari | wurine kang upacara | wong abêcik kang atopong | kancana akarawistha | jêjêl kang munggwing ngarsa | titip atap adu [a...]

--- 2 : 13 ---

[...du] sikut | bayak kadya lun lumembak ||

32. asikêp pêdhang Rum sami | amawi jambya malela | tan antara nulya katon | songsong gêng kang tunggul naga | nênggih kang sinongsongan | munggwing kuda cahya mancur | molah pun sêkarduwijan ||

33. dhêdhêg kang ngayap ing wuri | kang umulat kaulapan | ingkang busana kilate | gumilap-gilap parungan | manawung mangiria | amangkawa nguwung-uwung | surêm sunare baskara ||

34. tan ana bênggang sanyari | magêrsari ngupacara | kadya gapitan lampahe | miyat Prabu Saesalam | marang kang sinongsongan | tunggul naga usuk sèwu | anjêtung tan kêna ngucap ||

35. dene nora gêng ainggil | pangunandikaning driya | dene ratu boyongane | kabèh gung luhur prakosa | padha ratu didgaya | apa kêmat tangkêpipun | ngapusi angguladrawa ||

20. Prabu Tasangsulngalam Mangsah Prang

20. Dhandhanggula

1. hèh Baktiyar dene èndhèk cilik | Jayèngmurti dene ta digdaya | boyong ratu gêdhe-gêdhe | apa pangwasanipun | apa kêmat wêdi rêrai | Baktiyar matur nêmbah | dede watêkipun | maju dhadha mundur dhadha | malah ing prang botên anggada rumiyin | ngawoni ing pratingkah ||

2. lêngêr-lêngêr Rabusamawati | kawuwusa para Ratu Ngarab | kang sami mêthuk lampahe | lancaran kang rumuhun | ingkang sampun makuwon [ma...]

--- 2 : 14 ---

[...kuwon] lami | sadaya atur sêmbah | ngaras nguswa suku | wong agung wus sinaosan | pasanggrahan Marmadi ingkang akardi | kêkojor rakit kitha ||

3. para ratu kang samya jajari | têdhakira manjing pasanggrahan | wus prapta tata lênggahe | munggwing têtarub agung | aglis sagung para narpati | miwah kang para putra | nèng ngarsa supênuh | para kadang wuri gènnya | sigra majêng dhêdharan tinata sami | gunêm sarwi drawina ||

4. kang cinatur masalahing jurit | kang sampun prang lan wong Jaminambar | dinangu salêlewane | malih ingkang winuwus | Saesalam parentah sami | marang para malekat | papat Mukarabun | wus kinèn marentahana | ing sagunge prajurit magut prang enjing | yèn uwus ing tri dina ||

5. ing praptane Sang Surayèng Bumi | ratu kêrigan saking amônca | ewon alêksan praptane | anggili dèrèng sampun | kadya robing kang jalanidi | kathahe wadya mônca | tuhu tanpa etung | saking gunggunging kang praja | ing sajêge mungsuh datan ana wani | mungsuh wong Jaminambar ||

6. pan sinêngkêr dening ing Hyang Widi | kang pinaringan Wong Agung Menak | kang praja winarisake | mangkono sêmunipun | kang piningit sasmita rêpit | tan ana kang winênang | ngasorna prangipun | dènnya ngluwihi kang titah | têkabure Raja Rabusamawati | kumlungkung ngaku Allah ||

7. pan kinarsan dening ing Hyang Widi | panglulunira mring Saesalam | ing mangke sampun mangsane | pêpacangan [pê...]

--- 2 : 15 ---

[...pacangan] wus rawuh | ya Wong Agung Surayèng Bumi | Sang Prabu Jaminambar | tan wruh ing panglulu | girang-girang anèng donya | eblis katon anggèndèng maring yomani | tan towang anèng donya ||

8. ya ta sampun praptèng tigang ari | ing praptane para prawira Rab | wong Jaminambar nulya ge | enjing têngara umyung | kêndhang gong lir karêngèng langit | puksur sru mawurahan | enggar kang pra ratu | prajurit ing Jaminambar | kadi singa lodra lir ditya non daging | ngumpul sagung Mukarab ||

9. Saesalam sampun amiyosi | munggwing langit kaping pat gyan saban | wong Arab anon tingkahe | sigra têngara umung | orêg sagung para narapati | samya sumiwèng ngarsa- | nira Jayèngsatru | wadya gung tanpa wilangan | Guritwêsi lon matur mring Jayèngmurti | dhuh wong agung upama ||

10. wontêna parentah mring ngong singgih | ambôndaa mring pun Saesalam | datanpa rewang mung ijèn | kados-kados yèn purun | katur ngarsa Tuwan Jêng Amir | wong agung angandika | kakang pulang kewuh | angucap kang ora-ora | dudu silih pratingkah mangkana ugi | amrih silib ing aprang ||

11. luwih nistha yèn ing karsa mami | ingsun bônda madyaning payudan | kawistara ing wadya kèh | asor kalawan unggul | mara barès ing prang utami | ya ta wong Jaminambar | nèng palagan nguwuh | ana ran Sang Trisêngadya | arsa mangsah amit ing prabunirèki | Saesalam ngandika ||

12. hèh

--- 2 : 16 ---

ta iya Trisêngadi aglis | nanging aja padha mrih palastra | cêkêlên gêsang sakabèh | sandika anitih wus | turôngga dyan anguwuh tandhing | hèh wong Arab ta sapa | ingkang arsa lampus | papagêna tandang ingwang | kapiyarsa de Sang Prabu Burudangin | Amir arsa magut prang ||

13. angandika Sang Surayèng Bumi | hèh ta yayi iya dèn prayitna | sun srahkên Hyang Suksma tarlèn | sigra sang nata ngrasuk | sakaprabon nanging tan mawi | wahana mangsah dharat | Sang Prabu Tasangsul | rikat tajêm angsahira | praptèng rana wus ayun-ayunan jurit | mandhi palu rante mas ||

14. Raja Trisêngadi sru dènnya ngling | hèh wong Arab sapa aranira | mapag tandang ingsun kiye | aja mati sirèku | tanpa aran Natèng Rum angling | hèh wruhanta ya ingwang | narpati ing Ngêrum | Brudangin kaprênah ingwang | ipe mring sang suraya nataning jurit | gya Raja Trisêngadya ||

15. ngangkat gada hèh Raja Rum aglis | atangkisa iya bôndabaya | dèn prayitna nora wande | sira mati sun pupuh | Sri Tasangsul angangkat tangkis | palu rante kinarya | anulya pinupuh | kinuwatan tangkisira | pinulêtkên palu rante mring gada glis | sinêndhal pupuh singsal ||

16. Trisêngadi sah saking turanggi | kadya dharat kalihnya kang yuda | Trisêngadi nyêndhal age | winantu tan kajunjung | uwal mundur pêdhang tinarik | Prabu Tasangsulngalam | animbangi mundur | pinutêr palu rante mas | wus kabuncang karangkud turangganèki [turangganè...]

--- 2 : 17 ---

[...ki] | sinabêtkên bantala ||

17. kapisanan lan turangganèki | kawistara mring Sri Saesalam | Tasangsulngalam tandange | maring Baktiyar dangu | sapa ingkang mrawasèng jurit | marang Si Trisêngadya | Baktiyar umatur | punika Tasangsulngalam | kang kaipe dening Sang Surayèng Bumi | eram Sri Saesalam ||

18. wontên ratu kadange taruni | dening Raja Trisêngadi mangsah | kêkalih sarêng angsahe | gada sikêping pupuh | munggwing kuda sampun apanggih | anggada kering kanan | nguthuh ing prang pupuh | Sang Prabu Tasangsulngalam | eca tangkis panggadane tan ngênèni | dangu panggadanira ||

19. ngikal rante Natèng Burudangin | ratu kalih sinipat bangkekan | pinukêt rante kinosèr | karangkus kalihipun | lir inganam rante mratani | kasêndhêt ing panyêndhal | kapat lan kuda jur | singa mangsah kapisanan | para Ratu Jaminambar kapalipis | kang mangsah-mangsah pêjah ||

20. cinaritakakên prangirèki | sira Sang Prabu Tasangsulngalam | rinoban tutuh yudane | singa mara karangkus | saking kuwat paworing runtik | musanèp ahlul kojah | wus amarna tutur | antuk ratu pitung dasa | prang sadina Sang Prabu Rum Burudangin | giris wong Jaminambar ||

21. ratu sadasa kabônda urip | ratu nêm dasa kasoran pêjah | tuhu tan ana tandhinge | mundur kasaput dalu | lajêng marêk ngarsanira Mir | Prabu Tasangsulngalam | pinapag pinêngkul | kinanthi mring palênggahan | rinarêpa pan sarwi [sar...]

--- 2 : 18 ---

[...wi] kinêmpit-kêmpit | ing raka Surayèngrat ||

22. pinisalin kang busana adi | lajêng drawina sagung pra nata | ingkang ratu têtawane | sadasa sampun sinung | marang sira Prabu Marmadi | pinrênah gyan satunggal | rinêksa kinurung | tadhah nginuman rinêksa | tan anyana sagung kang kabandèng jurit | pra Ratu Jaminambar ||

23. panarkane samya manggih pati | kunêng dalu ing mangke kawarna | enjing têngara arame | kêndhang gong bèri umung | puksur gubar gurnang thongthonggrit | prajurit Jaminambar | kadya lun gumulung | tinon yayah tasik wutah | punggawane kang saking kaping pat langit | gora rèh gora-godha ||

24. yayah wanarga maruta agni | tunggul daludag layu kakôndha | bandera mobra prabane | myang payung-payung agung | pan ambranang para narpati | tuwin kang baris Ngarab | dalêdêg supênuh | angèbêki rananggana | ambaranang umèb kadya samodra di | têpung baris kalangan ||

25. para ratu satriya prajurit | wus angumpul asaos ing ngarsa | aglar munggwing ngayunane | wong agung wus alungguh | ing wijoan dirgasana di | rinênggèng sêsotya bra | prêmata jumêrut | Sang Aprabu Jaminambar | munggwing langit kaping pat dènnya jênêngi | mêmangun yasaning prang ||

26. pênuhing bala baskara titis | surêm dening gêbyaring busana | ya ta wontên ratu anèm | nagarinira Kuljum | abêbisik Raja Kosyani | marêk marang ngayunan | manêmbah umatur | pukulun [pukulu...]

--- 2 : 19 ---

[...n] mugi antuka | ing nugraha donya praptane ing akir | nuwun umagut ing prang ||

27. lon ngandika Sang Surayèg Bumi | ya sutèngong Kuljum umaguta | ing ayuda sun srahake | ing Hyang Kang Maha Luhur | rinêksaa jabaning pasthi | mundur wusnya angaras | ing pada wong agung | nitih kuda maring rana | lajêng mangsah sikêp gada sri bupati | sudirèng pabaratan ||

28. asêsumbar Sang Nata Kosyani | sarwi kitêr kudane mandhapan | rêspati onclang gadane | muluk saengga masuk | tibanira cinandhak aglis | lajêng malih binuwang | umêsat mandhuwur | nyamut-nyamut katingalan | Raja Makrub ingkang minôngka Mikail | andêling Jaminambar ||

29. sujud ngarsanira ing Hyang Widi | nênggih Hyang Widi ing Jaminambar | Makrub kalilan pamite | iya tumpêsên Makrub | para ratu bang wetan iki | saking langit kaping pat | sigra têdhakipun | sapraptanira ing ngandhap | orêg sagung narpati kang saos jurit | dene malekat têdhak ||

30. nyandhak gada sigra nitih èsthi | mangsah Makrub anitih dipôngga | dadya gumuruh surake | kang ayuda wus pangguh | Raja Makrub sugal dènnya ngling | Ngarab aranmu sapa | Kosyani sumaur | Narendra Kuljum pan ingwang | ajêjuluk Narpati Kosyani mami | ratu andêling aprang ||

31. balik sira sapa ranirèki | ratu laknat ya wong Jaminambar | Makrub asugal ature | pan ingsun Raja Makrub | kang kinarya ingsun Mikail | lah payo

--- 2 : 20 ---

anggadaa | gêgêcok ing Kuljum | Sang Prabu Kosyani mojar | nora watak wong Ngarab aprang dhingini | setan payo gadaa ||

32. setan Jaminambar si musirik | pangidhêpe sasar ngudubilah | nganggo dêdugon anggone | dadak ngaku Hyang Agung | tanpa ngrasa tan duwe budi | gawe kèhing cilaka | angajab dosa gung | payo Makrub anggadaa | sun tadhahi ing kene padha prajurit | aja amrih prang wuntat ||

21. Raja Kosyani Tandhing lan Mikail.

21. Pangkur

1. Raja Makrub mêlak liman | marêpêki mutêr gadanirèki | dèn prayitna ingsun pupuh | yêkti rata lan lêmah | nantang lalab si gêgêcok tèblèng Kuljum | amasang tangkis wisesa | môngsa mindhoa sun gitik ||

2. dènira nauri sugal | ngêtab kuda sarwi amasang tangkis | Sri Kosyani Ibnu Kuljum | aja kakehan swara | hèh Mikail sun tadhahi panggadamu | sigra tumêmpuh kang gada | lir gêlap tibaning tangkis ||

3. orêg bumi ing paprangan | rame surak mungsuh rowang nyarêngi | kang dahana mubal murub | wêsi tinangkis waja | angalingi ing Kosyani Ibnu Kuljum | aloke wong Jaminambar | wong Arab pasthi ko mati ||

4. môngsa kongsi mindhonana | sabên nibakakên gada Mikail | gada gêng wawrat rong èwu | patang atus [atu...]

--- 2 : 21 ---

[...s] kati mas | ngêndi olèh tinangkisa ajur mumur | tibane pawaka mubal | gègèr anibani baris ||

5. sasirnane kang dahana | katingalan sira Prabu Kosyani | Sang Kosyani Ibnu Kuljum | angolahakên kuda | sira Makrub Mikail asru amuwus | si monon maksih agêsang | wêntala ing gada mami ||

6. Mingkail angangkat gada | arsa mindho mingêr Raja Kosyani | angatepang kudanipun | dupi nèng wurinira | gya rinanggèh pinrêpêkan Raja Makrub | kacandhak kang ikêt pinggang | sinêndhal saking ing èsthi ||

7. Sang Raja Makrub kasêndhal | gya binanting kalêngêr tibèng siti | wong Arab surak gumuruh | Mikail balanira | para ratu patang atus samya tanduk | umagut mangrêbut ing prang | sigra Sang Raja Kosyani ||

8. buwang gada narik pêdhang | ngêtab kuda nêngah dènira jurit | kang pra dipati ing Kuljum | miwah satriyanira | sarêng mangsah wruh gustine binarubuh | kalih atus wolung dasa | ambyuk angamuk mangungkih ||

9. caruk corok ing ayuda | abusêkan kathah ingkang ngêmasi | Mikail ginawa mundur | rinêbut ginosongan | nanging sagung bala pra dipatinipun | Mikail kathah kang pêjah | kamuk prajurit Kosyani ||

10. paran bala Jaminambar | mundur lagisaglis saryambêkta kang kanin | tuwin kunarpaning ratu | Raja Kosyani mojar | satriyane punggawane kinèn mundur | Raja Kosyani sêsumbar | minta mêtuning prajurit ||

11. hèh ta wong ing Jaminambar | aja [a...]

--- 2 : 22 ---

[...ja] ganti barênga sun kêmbari | iki narpati ing Kuljum | andêle ing Kuparman | para Ratu Ngarab kalêbu gêgêdhug | wau Raja Saesalam | nalikanira ningali ||

12. prange Mikail kasoran | hèh Baktiyar wong wetan sapa iki | dene prawira satuhu | Baktiyar matur nêmbah | inggih ratu paminggir salaminipun | punika sanaking-sanak | lawan Sultan Parangakik ||

13. kaponakan ibunira | gèdhèg Rabusamawati wal arli | nolih kanan keringipun | wontên ratu prakosa | gung aluhur Raja Tursina ranipun | wruh susahe gustinira | Raja Rabusamawati ||

14. sujud umatur pralabda | dhuh pukulun sampun tuwan prih galih | para prajurit puniku | amba mangke kang bêsta | kaatura bêsta mring jêng sang aulun | kawula ingkang mulihna | ing lêlingsêm paduka ji ||

15. ngandika Sri Saesalam | lah ta payo-payo ingsun idini | prajurit bang wetan iku | kabèh ta cêkêlana | padha aturêna bêbandan maringsun | Raja Tursina mit nêmbah | wus mudhun saking ing langit ||

16. praptèng ngandhap nitih kuda | wus samêkta salir kaprabon jurit | Tursina Raja umagut | panggih ayun-ayunan | sami munggwing turôngga kêkalihipun | samya wasis ing turôngga | kitêr-kinitêr aganti ||

17. hèh Ngarab sapa ranira | tuhu langar akarya mati-mati | prajurite gustiningsun | miwah para Mukarab | sira banting Mikail kapati kantu | pan satingkah

--- 2 : 23 ---

kumalancang | ko karya tingkah sumêkti ||

18. maring di pangungsinira | pasthi sira mati de ngasta mami | prajurit sapa aranmu | ratu tuwin satriya | hèh sun Raja Kosani Narpati Kuljum | lah balik sira ran sapa | Tursina ingsun narpati ||

19. hèh tangkisa ingsun gada | dèn apanggah pasang Raja Kosani | Raja Tursina agupuh | sênggak sarwi anggada | dyan tumêmpuh ing tangkis lir gêlap sèwu | jumêbrèt wêtu dahana | kumutug mangawiyati ||

20. kèh kagèt baris Kuparman | ana ngucap wong Jaminambar iki | lumrah luwih kuwatipun | liring gada gêng kaprah | yèn luwêsa tangkêpe abot minungsuh | aracak wagu ing pêrang | tan parigêl ing ajurit ||

21. aloke wong Jaminambar | sida lêbur wong ika awor siti | môngsa kuwata pinupuh | dening Raja Tursina | wurung mau sida iki ajur mumur | ilane panas kapêlak | katingal Raja Kosani ||

22. anyandhak Prabu Tursina | si mangkonok tan ajur ingsun bindi | gada pinutêr mandhuwur | wus pindho dèn prayitna | rame surak mungsuh rowang sarêng umyung | amindho pangantêpira | gambuhe kang masang tangkis ||

22. Prabu Gulangge Nrambul Prang.

22. Gambuh

1. sing rosaning pamupuh | tangkis kuwat gada gêng tumêmpuh | sarêng swara têmpuh kukus amanasi | gigire turôngga putung | Kosani lumumpat adoh ||

2. anarik [anari...]

--- 2 : 24 ---

[...k] pêdhangipun | malês sukune turôngga rampung | kasangsaya Tursina tibane linggih | suraking wadya gumuruh | tangi main pêdhang karo ||

3. prang dharat kalihipun | rame main pêdhang wantu-wantu | Natèng Kuljum sayah dening wus ming kalih | Tursina tigas prangipun | marma Kosani kalêson ||

4. Raja Trusina dulu | mungsuhira payah sangêt lêsu | dyan sinandêr cinandhak arsa binanting | ingikal-ikal mandhuwur | Prabu Gulangge duk anon ||

5. sinadêr dharat gupuh | praptèng papan Gulangge swara sru | ngrêngyèng swara pêtak kang lagya ajurit | mar kagyat pangikalipun | uwal Kosani wus runtoh ||

6. Gulangge mangsah nutup | ngadêg ngalingi Sang Natèng Kuljum | kagyat Prabu Tursina sapa sirèki | swaranta lir gêlap barung | sarta gêng luhur abakoh ||

7. sawang pangeran ingsun | wa Rabusamawati wal arlu | baya Sultan Kuparman Surayèng Bumi | kang sinêmbah para ratu | dene gung luhur jênggorong ||

8. Gulangge lon sumaur | ingsun dudu Sang Surayèng Satru | gêgêbale Gulangge Ngrokam praja di | kawilang ratu pangayun | gugup Tursina angadoh ||

9. pêdhangira sinarung | nyandhak gada ngangsêg ngangkat pupu | masang tangkis Gulangge sigra nyarêngi | jumêbrèt lir gêlap barung | Gulangge tan obah sing gon ||

10. pining kalih ping têlu | ing panggada mêksa tan pakantuk | kaku tyase Tursina amuring-muring | tinitir pamupuhipun | bayubau kiyu têmah alon ||

--- 2 : 25 ---

11. payo gêntia mupuh | sun wus mupuh ping salawe langkung | imbuh-imbuh sawuse kiyu kaping tri | baya na ping wolu likur | Gulangge nauri alon ||

12. durung pênuh antêmu | payo ingsun pasang kang abakuh | ingsun sira gadaa ingkang patitis | anaa maning ping têlu | Tursina kagyat ambêkoh ||

13. ngudubilah sirèku | wus sun antêp kaping wolu likur | têka dadak sira jaluk imbuh maning | sayêkti wus katog ingsun | angur tangkis ingsun tanggon ||

14. kaya pa panggitikmu | apa lanang pribadi sirèku | mèsêm angling Gulangge sarwi mrêpêki | lah tangkisa dèn abakuh | sun gada aja mandhêlong ||

15. gada tinumpang luhur | ring paris dèn êncot tan ginêbug | rosanipun kang tangkis agênging bindi | dèn êncot-êncot ping têlu | prabu mêndhak paris jêplok ||

16. kongsul bêbalung sikut | gumuruh suraking bala umung | ngluguk suka sira Sang Prabu Kosani | paduka mrih rare timur | ingêncot dèn oyog-oyog ||

17. têmah sikute kongsul | Gulangge nyandhak binanting asru | kasangsaya kunarpa sumyur ing siti | wong Arab surak gumuruh | wong Jaminambar anjoto ||

18. ana kang ambêbantu | kalih wêlas prajurit pra ratu | andêl-andêl wus samya kinèn nyêkêli | mring Gulangge mrih nalikung | parêng mêsat wus praptèng don ||

19. kanan kering angêpung | agahan dènira mrih nalikung | parêng [pa...]

--- 2 : 26 ---

[...rêng] ambyuk Gulangge glis tadhah narik | binuwangan sêbrang-sêbrung | kalih wêlas tanpantuk don ||

20. tibèng barisanipun | Prabu Marmadi suka angguguk | ngadat sabên sagung bala ing Kohkarib | parigêl pambandanipun | binêkta mundur makuwon ||

21. kang prang kasaput dalu | tinêtêgan kalihe wus mundur | Rajèng Rokam mundur lan Prabu Kosani | pinapag Sang Wirèngkewuh | praptèng singangsana lunggoh ||

22. wus bubar sing têtarub | praptèng pakuwon sinugun-sugun | andrawina pêpak kang para narpati | rèhing aprang kang winuwus | sumarawung para katong ||

23. wong Jaminambar mungguh | gêgaman corok nging kurang ampuh | dir wagune ingkang nora mêmarèni | pratingkah nora gêguru | ngandika Jayèng Palugon ||

24. hèh sagung anak putu | ing prang aja dir kaduk ing lêngus | aja kaya Tursina Sri Narapati | kang mati rêmpu ing mau | gumujêng kang para katong ||

25. gumêr kang padha gunggung | mring Prabu Gulangge prange sêmu | Natèng Kuljum nambungi ngong mèh sathithik | nglangi jêmbar mati ciyut | sangsaya gumêr pra katong ||

26. aja na asung prau | Natèng Rokam kang môngka sung prau | ginablog ing Umarmadi para iki | saemu bêbarang tutur | saya sru antuk paguyon ||

27. hèh Gulangge sirèku | inganggêp wong bêlah mring Si Kuljum | Natèng Rokam mèsêm nadyan ta Marmadi | inganggêp tukang pêrau | sok padhaa karahayon ||

--- 2 : 27 ---

28. sabda Sang Wirèngkewuh | yayi Ngrokam lan yayi Tasangsul | karo padha sira ingsun ta jaluki | lilanira rolas prabu | lan dasa luwarna mêngko ||

29. Gulangge lan Tasangsul | matur tanpa damêl mawi nantun | dyan pinundhut prapta lajêng dèn luwari | sinadatkên sadaya wus | prasamya mucung sinung gon ||

23. Raja Surakal Nandukakên Ngèlmu Sikir.

23. PocungTeks asli: Pucung.

1. para ratu boyongan ingkang rolikur | milu Arya Maktal | praptane pakuwonnèki | lajêng samya bojana kang para nata ||

2. sinasugun tan owah karajanipun | samya nèng wijoan | rolikur dènira linggih | angandika wong agung ing Parangteja ||

3. sanak ingsun para ratu kang rolikur | wau kang timbalan | Jêng Gusti Surayèng Bumi | kinèn nodhi wacanane budinira ||

4. sami matur para ratu kang rolikur | wuhdhuh anggèr katura | ing jêng raka Paduka Mir | pan rumaos pun patik anambut pêjah ||

5. batos ulun rêmak-rêmpu datan anut | anging kalairan | Raja Rabusamawati | dèrèng campuh ing Gusti Surayèng Jagad ||

6. pan saèstu ing batin kawula anut | inggih ing agama | raka paduka Jêng Amir | kalairan amba tuwan sasabana ||

7. alon muwus Arya Maktal mring pra ratu | iya

--- 2 : 28 ---

insa Allah | sira pan uwis nyanggêmi | paran kapir ngindanas Islam ngindalah ||

8. sinungan wus pamondhokan kinèn mundur | pinanci kang jaga | dhahar inuman pinanci | gônda wida jêbadan sinung kang jaga ||

9. pinapatut babut-babut kasur-kasur | kunêng kawuwusa | ingkang kasoran ing jurit | Jaminambar Sang Aprabu Saesalam ||

10. kalih puluh sor katitih yudanipun | miwah duk wiwitan | yudane nora ngudhili | ingkang sangêt sêkêle duk prang rong dina ||

11. yudanipun sabên wong Arab tuk unggul | Sri Tasangsulngalam | narendra ing Burudangin | prang sadina antuk ratu pitung dasa ||

12. ingkang lampus bangkene sawidak sumyur | pinangan rante mas | sapuluh kacandhak urip | enjingira kacandhak ing kalih wêlas ||

13. angsahipun Raja Gulangge dibya nung | luhuring ayuda | marma Saesalam kingkin | ya ta ana nata dibya pasang kêmat ||

14. sikiripun salami-lamine kabul | ran Rajèng Surakal | wrin gusti sangêt rudatin | saking dènnya kasor ing prang sadangunya ||

15. nêmbah matur Surakal marang Sri Rabus | kawula pulihna | ing susah kasoring jurit | anumpêsa sadaya kados kaduga ||

16. mangke dalu kawula ingkang umagut | lawan nguculana | bêbandane para aji | kang tinawan samadyaning rananggana ||

17. inggih lamun sampun luwar para ratu | lêga tyas kawula | angling Rabusamawati | iya nuli kalakona ujarira [ujar...]

--- 2 : 29 ---

[...ira] ||

18. uculipun kang kabônda para ratu | Surakal gya nêmbah | tumurun saking ing langit | praptèng ngandhap masang kêmat ngobong mênyan ||

19. sandhas mênus mubal kukuse kumêlun | sigra Sang Surakal | wus manjing kukus tan kèksi | sasirnaning kukus Surakal wus musna ||

20. tan kadulu marang pabarisan agung | ing tabuh sawêlas | praptèng pabarisan manjing | lajêng amor marang sagung bala Ngarab ||

21. jinajah wus angulati ênggènipun | ratu kang kabônda | dangu tan ana kapanggih | ing pakuwon Kohkarib wus ora ana ||

22. ujêr wau kang bêbandan para ratu | wus samya linuwar | maring sing pondhok Kohkarib | nèng pondhoke wong agung ing Parangteja ||

23. gya anjujug maring pasanggrahanipun | Arya Parangteja | lajêng malêbèng jro kori | kang asaos sadaya tan na uninga ||

24. kilènipun palataran wisma agung | arame kang swara | kathah kang wong nglêladèni | pinaranan jinêjêp dening Surakal ||

25. ting palangkruk para ratu kang rolikur | samya nèng wijoan | jibêg ingkang nglêladèni | asri ingkang dhêdharan munggwing meja mas ||

26. langkung ngungun Surakal dènnya andulu | ratu kang tinawan | mangkya amanggih basuki | manggih suka kalawan manggih kamulyan ||

27. trêkanipun sayêkti sami angringkuk | maksih binêstanan | mangkene wong Arab iki | têtêkone abêcik sugih apura ||

28. lamun iku kancaningsun para [pa...]

--- 2 : 30 ---

[...ra] ratu | maksiha binônda | sayêktine akèh mati | ingsun amuk kabèh silib jro barisan ||

29. mêngko uwus têtela lamun pinunjul | angapurèng tawan | wong kacandhak jroning jurit | parandene nèng kene sinungga-sungga ||

30. sigra masuk apan arsa atêtêmu | lawan para nata | wau pun Surakal Arip | sami kagyat para ratu duk tumingal ||

31. alon muwus hèh Surakal para ratu | yèn maksih abandan | sayêkti ingsun uculi | ingsun gawa mulih marang ing jro pura ||

32. mêngko uwus nêmu ayu samya ucul | nora ingsun gawa | agawe nisthaning bumi | sira padha ingapura nêmu arja ||

33. apan ingsun sayêktine arsa wêruh | saking pêpêdhakan | Wong Agung Surayèng Bumi | dene luwih tyase anggônda kumala ||

34. sanak ingsun padha karia rahayu | sigra dènnya kesah | wau Ki Surakal Arip | para ratu rolikur agunêm samya ||

35. bêcik matur pêpeling marang wong agung | Gusti Arya Maktal | iki Si Surakal Arip | maling sêkti pêthute wong Jaminambar ||

36. praptèng dalu manawi sêdya tan ayu | sigra tur uninga | Wong Agung Parangteja glis | nulya têdhak marang gène ratu tawan ||

37. ngandika rum wontên paran sanak ingsun | matur para nata | rolikur sarêng wotsari | inggih anggèr wontên pandung sêkti prapta ||

38. andêlipun damêle anidrèng dalu | sagêd anyiluman | awasta [a...]

--- 2 : 31 ---

[...wasta] Surakal Arip | wau dhatêng ênggène raka paduka ||

39. manthuk-manthuk anyangking gandhewanipun | wus padha karia | sanak manira para ji | ingsun arsa anusul si maling guna ||

40. lajêng mungu marang Arya Pulangkewuh | kakang ana karya | iya ing sawêngi iki | ana maling pêthute wong Jamitruna ||

24. Surakal Pêjah dening Umarmaya.

24. Sinom

1. payo marang pasanggrahan | si maling Surakal Arip | wus manjing jro pasanggrahan | Umarmaya angling aris | antènana sun dhingin | sun gugah anakirèku | gawanên papat pisan | Si Umardani Marmadi | Umarsaid Marsabit adunên pisan ||

2. wus tangi sakawan putra- | nira Arya Pulangwêsi | pan samya maling prawira | sumbaga sring sabèng wêngi | dadya sarêng lumaris | gantya wau kang winuwus | lampahira Surakal | dumrojog pakuwon prapti | tan ana wruh lajêng maring pasarean ||

3. angadêg ana ing dagan | mangu dènira ningali | ing cahya ingkang anendra | apindha wimbaning sasi | kanaka ting parêlik | lir sujine wintang wuluh | wungu ingkang anendra | nanging api-api guling | Ki Surakal nèng dagan sarya sru mojar ||

4. hèh tuhu pamujiningwang | Wong Agung Surayèng Bumi | èstu nayakaning jagad | tyase angrêtna sinangling [si...]

--- 2 : 32 ---

[...nangling] | cahyanira nêlahi | apura parimarta gung | yèn aja anguculna | tuwan ing para narpati | Jaminambar kang samya kajodhi ing prang ||

5. ulun tumpês sabalanta | inggih sawêngi puniki | ing mangke tuwan upama | mungsuh kabônda ing jurit | ngapura ngaji-aji | tan bucal namaning ratu | tuwan luwihkên samya | pamulasarèng para ji | dadya tuwan têtêp musthikèng buwana ||

6. tan kenging yèn cidranana | dadya mangke amba amit | sigra mêsat Ki Surakal | tan arsa mêdal ing kori | pagêr kang dèn lumpati | jagang kapurancang mêtu | cat katingal cat ilang | Umarmaya angawruhi | jawil marang wong agung ing Parangteja ||

7. yayi maling Jaminambar | iki Si Surakal Arip | anakmu sira dhêpana | ing kene nyêkêla maling | ingsun tilik rumiyin | ing jro pasanggrahan agung | manawa ana kênan | nora suwe ingsun mijil | Umarmaya angatag atma sakawan ||

8. Mardani Marsandi enggal | tututana punang maling | butên pat lan arinira | Si Marsaid Umarsabit | sigra putra pat sami | tur sêmbah rama umagut | payo maling mandhêga | ing kene padha prajurit | sira mamak hèh maling ing Jaminambar ||

9. Surakal sira miyarsa | lamun wau dèn tututi | rarya papat sumbar-sumbar | wus mandhêg Surakal Arip | lajêng dènnya ajurit | Ki Surakal kinarubut | ya ta Dyan Tasikwaja | sajroning pakuwon prapti | pan kapanggih

--- 2 : 33 ---

wong agung nuju pinarak ||

10. nulya tanya Umarmaya | wau ngriki wontên maling | wong agung alon ngandika | iya ngadêg dagan mami | sun api-api agulingLebih satu suku kata: sun api-api guling | nora suwe nuli mêtu | matur pun Tasikwaja | punika Surakal Arip | maling sêkti andêle wong Jaminambar ||

11. Marmaya wus amit mêdal | praptaning jawi ningali | atmajane prang lan dhustha | apan eca tyasirèki | dadya pijêr alinggih | lan Maktal eca dêdulu | yudane putranira | arame gantya ngungkuli | pun Surakal kinêpung tinubruk mêsat ||

12. tinubruk ngering anganan | tinubruk nganan angering | binlêjog têngah manculat | marucut-mrucut kinêmpit | ubêng-ubêngan sami | putra sakawan amuwus | hèh laknat sira mamak | anglêkaskên maling sêkti | ngandêlakên wong linuwih kaya sira ||

13. baya wong ing Jaminambar | kang linuwih sabèng wêngi | liyaning praja tan ana | angorakakên sayêkti | pakuwon Ngarab iki | nuduhkên tan ana kakung | karya pangeram-eram | dyan putra Marmaya sami | sakawannya sarêng ananjata kaca ||

14. Surakal mumbul tan kêna | anjêpat kapanggih wuri | umalês nanjata kaca | putra Marmaya tan kêni | sami widagdanèki | apan sami sêktinipun | sami rikat manculat | dangu rame ing ajurit | gya Surakal angilang mêtu ngiringan ||

15. Umardani pinrêpêkan | gigire sinundêp sêking | aniba sampun palastra | UmarsadiUmarsandi Umarsaid [Umarsa...]

--- 2 : 34 ---

[...id] | Marsabit dèn sundêpi | pêjah tiba ting talêbug | kagyat sira Marmaya | anyandhak sarwi anangis | kang kêkalih cinandhak ing Arya Maktal ||

16. nalôngsa Dyan Tasikwaja | pangatage marang siwi | langkung ngungun kaduwungnya | dangu-dangu emut nuli | yèn titahing Hyang Widi | pangatage marang sunu | batin pakaryaning Hyang | ing pêpancèn wus pinasthi | ya ta wau Surakal nguwuh sêsumbar ||

17. hèh dulunên Umarmaya | sutamu kapat ngêmasi | kagyat Umarmaya nabda | lah yayi Maktal sirèki | tunggunên suta mami | sun susule maling iku | nampèl wêntis Marmaya | mêsat kumilat lir thathit | prapta gène Surakal lajêng têmpuh prang ||

18. hèh Marmaya kamayangan | sira têmu lawan mami | kene padha andêling prang | adhêmit pan maling sakti | sira maling sun maling | payo ngadu yasèng pupuh | lah iya aja susah | sagêndhingmu sun tadhahi | sigra kalih amêdalkên kaluwihan ||

19. kaluwihaning Surakal | mêtokkên sanjata agni | Marmaya mêdalkên sigra | apan ta sanjata warih | êpur datanpa dadi | Surakal mêdalkên sampun | jêmparing Dyan Marmaya | parise daluwang prapti | duk pinanah tangkis parise daluwang ||

20. sigra mumbul Ki Surakal | Marmaya mêsat nututi | tinulak sinawat ngubal | Marmaya malêsat ngering | mingêr anêngên malih | Umarmaya sêbrang-sêbrung | langkung ramening aprang | sami pothèt samya julig | pan adangu samya [sa...]

--- 2 : 35 ---

[...mya] nêlasakên gêlar ||

21. jêlu Arya Parangteja | dening danguning ajurit | aprang pijêr lalaluya | Arya Maktal mojar wêngis | kakang sirèku jurit | têka ora unggah-ungguh | katutuh sêsêmbranan | dudu carane prajurit | prang mangkono dadak tênaga lêlewa ||

22. yèn tan gêlêm prang têmênan | mundura ingsun gêntèni | tunggunên cêcêblungira | sang adipati duk myarsi | wuwusira kang rayi | anangis sakit tyasipun | anyandhak kuluk sigra | kang saking Ngajêrak nguni | pusakane nênggih Jêng Nabi Suleman ||

23. wus pinasang tan katingal | sanadyan setan tuwin jin | samya tan ana tumingal | mring Dipati Guritwêsi | pêdhang wilah wus kambil | Surakal datan andulu | kelangan mungsuhira | mulat kanan kering wuri | julalatan Surakal maras ing driya ||

24. sigra mêsat ngayuh wiyat | Sang Tasikwaja nututi | kacandhak nulya pinagas | kang jôngga murda cinangking | gêmbung tumibèng siti | swaranira sru gumrêbrug | sapêjahya Surakal | murdanya maksih cinangking | badanira gumuling anèng pratala ||

25. wau ta kang para nata | wus dangu panusulnèki | mring Wong Agung Parangteja | ratu rolikur prasami | ngungunira tan sipi | eram dulu Pulangkewuh | gunane ing ayuda | mêsat ngawiyat nututi | maring langit jroning kutha Jaminambar ||

26. inguncalakên saksana | murdane Surakal Arip | tiba ing langit kaping pat | kya dipati wangsul malih | tumurun sampun [sa...]

--- 2 : 36 ---

[...mpun] prapti | lan Arya Maktal wus pangguh | wau jisim sakawan | wus sami binêkta mulih | byar raina sampun ngaturi uninga ||

27. katur Sri Kamidilngalam | sigra gènira nêdhaki | mring pakuwon Tasikwaja | Marmaya apanggih nangis | lan Arya Maktal sami | kapanggih asênggruk-sênggruk | wong agung praptanira | lajêng tumrutul anangis | lah kadang ngong kang sanyawa lawan ingwang ||

28. mupusa pasthining titah | kinarsakkên ing Hyang Widi | kawula nora kuwasa | Kya Umarmaya nulya ngling | sarwi ngidung pêrasi | tumêngèng tawang macucu | enggar samya amêtak | kang kunarpa dèn kurmati | samya ngungun sadaya kang para nata ||

29. Umarmaya kidungira | anaa sèwu nak mami | kinarsakna babarpisan | môngsa susaha tyas mami | yèn karsaning Hyang Widi | apa gawe kudu wuyung | bubar kang anglêlayat | mangkana ingkang winarni | Raja Rabusamawati Jaminambar ||

30. miyat murdane Surakal | kalangkung susahing galih | kêkês bala Jaminambar | kang para ratu prajurit | Sang Rabusamawati | tyasira awayang-wuyung | nêdhas prihatinira | sadina tan ana jurit | kalihira andhêdhêp mungsuh lan rowang ||

31. Sang Aprabu Jaminambar | kapati dènnya prih galih | ya ta kawuwusa enjang | kinèn anêmbang têngari | wadya Rab samya mijil | têngaranira gumuruh | baris arêbut papan | wong Jaminambar duk mijil | andalêdêg umèb [umè...]

--- 2 : 37 ---

[...b] angrèb wus amapan ||

32. yayah kang samodra wutah | wus anêpungakên baris | atata atut kewala | wong cilik amung nyuraki | dene kang magut jurit | punggawa satriya ratu | tuwin kang para putra | gumrah sami magut jurit | pan kinarya sêsinaon ulah yuda ||

33. wau Prabu Jaminambar | anjênêngi ing ajurit | munggwing ing langit kaping pat | sagung malekate sami | ngayap kang Mukarabin | kang ajagi barisipun | ewon kang para nata | Wong Agung Surayèng Bumi | sampun miyos lawan sagung para nata ||

34. kinubêng nèng pabarisan | munggwing dirgasana rukmi | sinasotya nawa rêtna | jumêrut nila widuri | ratu andêl ngajurit | aglar kanan kering cukup | myang raja pinituwa | Lamdahur Prabu Marmadi | Natèng Kebar Yunan Ngabêsi Yujana ||

35. ing Kangkan Kuwari Yahman | ing Dêmis Biraji Turki | ing Sam Mêsir lawan Kelan | Natèng Sarkab Ngalabani | Bangit Rum Burudangin | sami nama pinisêpuh | kathah yèn cinatura | para ratu kang taruni | ingkang sami acaos pagut ing aprang ||

36. dene ratu pinituwa | yèn warta niyatirèki | pamagute asmarèng prang | ratu anom-anom pasthi | kang magut ngrumiyini | pasamuan kadi mêndhung | ya ta kang winursita | Raja Rabusamawati | menga-mengo rêntêng susah kasusahan ||

37. Raja Makrub kang minôngka | nênggih Malekat Mikail | kang aprang sampun picondhang | binanting Raja Kosani |

--- 2 : 38 ---

kalêngêr mangkya mari | wani malih kudu magut | mulihkên kalingsêman | tumrêcêp sanggupe pasthi | apêpulih kasore wong Jaminambar ||

38. Mahaprabu Saesalam | suka dènira miyarsi | sanggupe prajuritira | sok munia dèn anggêpi | pan wus kasoran dhingin | ing mangke maksih ginugu | Raja Makrub ingatag | nêmbah miyos saking langit | sapraptane ing barise wadyanira ||

39. sigra anitih dipôngga | samêkta kaprabon jurit | umangsah amandhi gada | amêlak lampahing èsthi | surak wadyanirèki | sagung wadya ratu-ratu | gumuntur magênturan | yayah manêngkêr wiyati | asêsumbar wong Arab ywa mundur ing prang ||

25. Raja Sambaji Magut Prang.

25. Durma

1. ya ta wau tan tahan miyarsa sumbar | Risang Raja Sambaji | Narpati Kodarya | mêdhun dènnya alênggah | mangyu nèng byantara Amir | nuwun sapangat | amba miyosi jurit ||

2. angandika wong agung sakarsanira | yayi Prabu Sambaji | nanging dèn prayitna | sun srahkên ing Hyang Suksma | angaras padanira Mir | Natèng Kodarya | umangsah ing ajurit ||

3. gurawalan amêlak dipangganira | kawot kaprabon jurit | praptèng rananggana | sampun ayun-ayunan | Raja Makrub asru angling | wong Arab sapa | ingkang mêtu ngajurit ||

--- 2 : 39 ---

4. anauri ingsun Narpati Kodarya | nama Raja Sambaji | andêling ayuda | ingangkah saudara | tatal ngong mêkasi kardi | ambônda raja | anêmbahkên para ji ||

5. Makrub angling hèh Sambaji lêkasana | apa anèng sirèki | Sambaji sru mojar | hèh Makrub sira mamak | dene sira wus ngrasani | prange wong wetan | sira lan Sri Kosyani ||

6. iya nora andhingini prang lan sira | dene lagya nêm wêngi | sira wus picondhang | binanting kalesedan | Raja Makrub duk miyarsi | ngêtab dipôngga | mutêr gadanirèki ||

7. ingayatan sigra masang tangkisira | pinupuh Sri Sambaji | jumêbrèt lir gêlap | gumuruh punang surak | wong Jaminambar lok mati | hèh ratu ika | wus ajur awor siti ||

8. paris waja gada wêsi tan tumama | mêtwagni angalabi | ulading dahana | katon Natèng Kodarya | Raja Sambaji tan osik | tangkis lêgawa | dipangganira anjrit ||

9. pining kalih Sang Sri Sambaji ginada | asru dènira angling | hèh wong Jaminambar | yèn durung kaping tiga | panggadanira mring mami | pan ora sira | sun aku mungsuh yêkti ||

10. sawusira ping tiga panggadanira | malês Prabu Sambaji | ampuhing pagadapanggada | gumludhug swaranira | punang paris mêdal agni | gada-ginada | langkung ramening jurit ||

11. orêg kêtug pandhola angombak-ombak | samadyaning ajurit | rèh gora prakêmpa | eram [era...]

--- 2 : 40 ---

[...m] mungsuh lan rowang | angrok silih ing ajurit | dangu prang gada | dipanggane Sambaji ||

12. katêlangso liman rêbah lajêng pêjah | kaplêsat tibèng siti | tangi narik pêdhang | Makrub dipangganira | pinêdhang tatas kang sikil | malumpat tiba | gumuling anèng siti ||

13. tangi narik pêdhang gapruk lajêng mêdhang | pêdhang-pinêdhang ganti | udrêg liru papan | kèdêr idêr-idêran | pacangkrama liru tangkis | surak gumêrah | suka kang aningali ||

14. abar tangkis rok pêdhang pêdhang-pinêdhang | kari luwêsing jurit | Sambaji andhupak | jajane Makrub niba | kalumah pan kasaliring | gya linumpatan | dening Raja Sambaji ||

15. wangkingane cinadhak sarwi apêtak | kajunjung Makrub Aji | apan wus ingundha | ingubêngakên tawang | adangu nulya binanting | rata bantala | Makrub pêjahirèki ||

16. balung sumyur luluh datan ana kalap | eram kang aningali | tuhu yèn prawira | Sambaji Prabu tama | wontên ratu sura sêkti | wong Jaminambar | prakosa gêng ainggil ||

17. ran Mahraja Gurdana ngrapakên kuda | duka yayah sinipi | prapta ing ranangga | sampun ayun-ayunan | Raja Sambaji binindi | saking turôngga | tinangkis datan osik ||

18. sampun tita Gurdana pambindinira | sinabêt kang turanggi | suku papat rantas | sigra Prabu Gurdana | malêsat tiba kabanting | gya linumpatan | dening Raja Sambaji ||

19. wus cinandhak astanira kalih pisan | rinangkus datan [da...]

--- 2 : 41 ---

[...tan] osik | Umarmaya prapta | sarya bêkta pusara | Gurdana wus dèn talèni | mring Tasikwaja | binêkta mundur aglis ||

20. mring barise Marmadi dyan malih prapta | ratu lajêng gadani | Sambaji tan obah | winalês wus kabônda | wong ahlul kojah amarni | ingkang carita | prange Raja Sambaji ||

21. ing sadina atuk ratu kalih dasa | kang sami dèn bandani | kasrah Umarmaya | satunggal kang palastra | dadya salikur para ji | wong Jaminambar | bêbêcike kang kêni ||

22. dening Prabu Sambaji Natèng Kodarya | sampun diwasèng ari | mundur kalihira | bêdhol baris sadaya | Wong Agung Surayèng Bumi | mêthuk praptanya | marang Raja Sambaji ||

23. nguswa pada ing Gusti Sang Kakungingrat | rinangkul pan kinêmpit | kakang paran polah- | ira ambônda mêngsah | para ratu luwih-luwih | wong Jaminambar | kasor sira cêkêli ||

24. matur nêmbah saking sapangat jêng tuwan | nugrahani ing dasih | lajêng masanggrahan | sadalu andrawina | pinaringan busana di | kaprabon endah | sapanjênêng buka sri ||

25. kawuwusa ing dalu Sri Saesalam | bojana lan para ji | nanging gêng sungkawa | atanya mring Baktiyar | wong Arab wau kang jurit | kagila-gila | prakosa sura sêkti ||

26. sapa rane lan ing ngêndi prajanira | Baktiyar awotsari | nagrine Kodarya | Mraja Sambaji nama | nak-sanak nguni garwa Mir | putri ing Kelan | kang uwa kang siniwi ||

27. asru [a...]

--- 2 : 42 ---

[...sru] mojar Mahaprabu Saesalam | pira ratu kang kêni | ingkang kabôndèng prang | matur para malekat | satunggal rêmpu binanting | lan kalih dasa | kasor dipun bandani ||

28. abdi tuwan apan ratu pêpilihan | kang katawan Sambaji | nabda maharaja | yèn ingsun umaguta | amatènana Sambaji | sun sêmpal-sêmpal | lawan sun suwir-suwir ||

29. nanging nistha sun mêngsah Rajèng Kodarya | dene ratu pamburi | pan dudu pangarsa | yèn ingsun paguta prang | apês têmên jênêng mami | ya ta na raja | gêng luhur angluwihi ||

30. kang amatah sagung wadya Jaminambar | kang dadi Jabarail | Duljalal prakosa | dêdêg satus sawidak | êgas prawira ing jurit | mila kinarya | Malekat Jabarail ||

31. wruh ing sêmu yèn gustine sru sungkawa | sujud matur ing gusti | dhuh kang maha mulya | amba kang mulihêna | lingsêm kang dados prih galih | kula kang mangsah | mangke amba bandani ||

32 para Ratu Ngarab ingkang samya ulap | kang sami nglêlanangi | madyaning ranangga | inggih ing benjang enjang | katura bêbêstan sami | ing ngarsa tuwan | suka wau duk myarsi ||

33. sru ngandika Mahaprabu Saesalam | iya ing benjing enjing | nuli lakokêna | kaya saujarira | wus sêgêr ingsun miyarsi | sira wus sasat | nyêkêl Si Bagendha Mir ||

34. sarupane kang ngasorkên kancanira | tumpêsên ywa na kari | Duljalal sandika | ing dalu tan winarna | ya ta kawuwusa

--- 2 : 43 ---

enjing | muni têngara | angirabakên baris ||

35. samya mêdal kang baris arêbat papan | wadya Rab animbangi | sampun munggwing papang | Risang Surayèng Laga | nèng dirgasana alinggih | kang para nata | aglar nèng kanan kering ||

36. prabu putra prabu buyut prabu wayah | kang sami munggwing kering | kanan para raja | warnanên Jaminambar | miyos wus sami alinggih | langit kaping pat | jênêngi ing ajurit ||

37. amit nêmbah mring Sang Prabu Saesalam | Duljalal Jabarail | sapraptaning ngandhap | mundhut kuda pêpêrang | kawot sakaprabon jurit | kuda wêdalan | nagri Budardan janggi ||

38. agêng luhur kuwat wêton ing Budardan | gêng inggil pitung kaki | mangsah munggwing kuda | sarwi amandhi gada | praptèng papan asêsirig | lajêng mandhapan | dêdêge sri bupati ||

39. satus lan nêm dasa gas apan sêmbada | simbar jaja thi-athi | godhèg palawangan | jêjenggot kêtêl panjang | yèn tinon lir danawa ji | mata ngatirah | andik pan kadi agni ||

40. sumbar-sumbar hèh payo prajurit Ngarab | kang mangan wohing dami | kang anganggo pama | wulune wêdhus gibas | lah papagna tandang mami | angadu yasa | sapa kang bosên urip ||

41. iki andêl prajurit ing Jaminambar | jro langit Jabarail | kang kinèn angrèhna | wêwêngkon Jaminambar | jro langit jabaning langit | sun patih tuwa | pituwaning pêpatih ||

42. ya ta wontên ratu bala Rab miyarsa | prajanira Siwardi | Sang Raja Daryalam [Dar...]

--- 2 : 44 ---

[...yalam] | marêk pamit magut prang | manêmbah anyuwun idin | wus ingidenan | ngandika Jayèngmurti ||

43. iya sira sun srahkên Hyang Maha Mulya | nêmbah Daryalam Aji | nitih kuda mangsah | kawot kapraboning prang | praptèng papan asêsirig | angundha gada | sang prabu ing Siwardi ||

44. wus apanggih lawan Sang Prabu Duljalal | ingkang aran Jabrail | asru atêtanya | ratu sapa ranira | dene sira kumawani | wani amapag | sun tangguh mungkur wuri ||

26. Raja Daryalam Tandhing lan Raja Duljalal.

26. Pangkur

1. nauri Prabu Daryalam | sun Daryalam Narapati Siwardi | Duljalal asru angguguk | yèn sira wani ringwang | apa ana ing sira tamakna mringsun | Daryalam nauri sugal | mamak jampêng ta sirèki ||

2. dora yèn ora ngrungua | yèn wadya Rab ing yuda tan dhingini | yèn durung jangkêp ping têlu | datan ingaku mêngsah | yèn wus ganêp ping têlu panggadanipun | yèku wus ingaku mêngsah | rêbut bêgja amalêsi ||

3. gumujêng sênggak Duljalal | iya bênêr amung kêmba sun angling | manawa na bedanipun | kèhe bala Natambyah | bokmanawa ana seje gêlaripun | wantu pira-pira raja | tan wruh rêmpêg sadayèki ||

4. yèn wusa jaman warata |

--- 2 : 45 ---

ya dèn yitna sira ingsun dhingini | sêsambata wong tuwamu | tiba antakanira | nora wurung sira mêngko dadi awu | katiban ing gadaningwang | sênggak sang môngka Jabrail ||

5. pan sarwi amutêr gada | wawrat sèwu kati mas punang bindi | ngling Daryalam ki takamu | tarimanên dènira | kang angambil nyawa boting gadaningsun | wus amasang tangkisira | Daryalam Natèng Siwardi ||

6. wus tiba gada lir gêlap | langkung kuwat Duljalal Jabarail | prasamya kagyat wadya gung | wau tibaning gada | lan rosane Daryalam panangkisipun | orêg kang bumi prakêmpa | dadya mangayuh wiyati ||

7. gêng mubal makatar-katar | tibanira dahana angliwati | sajabaning baris agung | tiba ing wanawasa | maksih agêng agni nunu ing wana gung | burone gègèr lumaywa | anêrot narajang baris ||

8. barise wong Jaminambar | kang katrajang andaka warak èsthi | singa blêgêdêba sênuk | mèmrèng rimong taksaka | miwah sato lit-alir mawur sumawur | malêdug pyuk anarajang | ulêngan madyaning baris ||

9. wadya lit ing Jaminambar | kèdêk kèlês dening andaka èsthi | katunjang ing mesandanu | singa taksaka wraha | kang katêmpuh baris wadya lit kèh lampus | baris Ngarab kèh katrajang | ngalangkên daludag sami ||

10. tunggul lêlayu bandera | ingalangkên pinolah angêbyoki | buron sami giwar mawur | nulak anêmpuh samya [sa...]

--- 2 : 46 ---

[...mya] | baris Jaminambar uyêl kawur-kawur | kang kèlês sami kèh pêjah | dening buron ing wanadri ||

11. cubluke wong Jaminambar | buron nêmpuh tan ana dèn kêbyoki | ing daludag umbul-umbul | sayêkti ajrih nrajang | têka dadak tinumbak banthèngirèku | singa andhanu sangsaya | ngamuk dening nandhang kanin ||

12. ambalasah kang pêpêjah | dadya kèndêl samana kang ajurit | dening baris gègèripun | baris Ngarab ngundhangan | ngobat-abit bandera daludag agung | mrih giware buron alas | lutung gêgiras ngêbyoki ||

13. ing tunggul miwah daludag | pamrih aja ngeroni wong ajurit | marma kinèn atêtulung | wadya Rab tyasireca | manuk-manuk kang katrajang gêni murub | mumbul kombul ing maruta | anibani wong abaris ||

14. kèh mati lajêng pinangan | wus mangkana buron giras samya jrih | kinêbyok ing umbul-umbul | nulak bali mring wana | lawan sampun sirêp dahanèng wana gung | nanging wus kathah kang pêjah | mangkana wau kang jurit ||

15. Duljalal lawan Daryalam | rame dènnya ganti bindi-binindi | adangu pupuh-pinupuh | dèrèng wontên kasoran | apan nyêngka Daryalam tandhinganipun | kari gung luhur agagah | aprakosa sura sêkti ||

16. Daryalam pan amung sura | aprakosa nanging tan agêng inggil | pidêksa dêdêge patut | bagus pan datan gagah | rame aprang ing gada pupuh-pinupuh | pan samya prakosanira | miwah kuwating

--- 2 : 47 ---

panangkis ||

17. dangu-dangune prang gada | saking kuwat Duljalal awor runtik | tan tula prakosanipun | panangkising Duljalal | miwah Prabu Daryalam panangkisipun | kuwat pamupuh Duljalal | Daryalam kuda ngêrasi ||

18. gigire putung kapadal | bêbokonge Daryalam kuwatnèki | kapalêsat ditabipun | tangi anarik pêdhang | kudanipun Duljalal pinêdhang rampung | sukunira kapat pisan | sigra lumumpat Jabrail ||

19. caruk prang pêdhang-pinêdhang | ukêl panduk popor ukih-ingukih | rame suraknya gumuruh | kadya rèh nêngkêr wiyat | antuk sisih kaprawiraning prang pupuh | sadina prange Duljalal | Daryalam nadhahi tandhing ||

20. samya eram kang tumingal | kuwatira Daryalam tandhing jurit | mungsuh agêng tur aluhur | Jabarail Duljalal | suprandene tan kasor sagêndhingipun | aprang gada aprang pêdhang | prang duduk cacab calimprit ||

21 miwah prang junjung-junjungan | gantya tarik-tinarik datan osik | bakuh tan ana kang rubuh | kongsi suku kalihnya | amblês tala apan ta kongsi sadêkung | sumundhul sêndhal-sinêndhal | mangukih tan ana kongkih ||

22. sakenjing dènira aprang | malah sore pan dèrèng wontên salin | Duljalal Jabrail muwus | Daryalam kêsêl ingwang | sesuk bae tinutugakên prang pupuh | nauri Raja Daryalam | lah iya iki wus wêngi ||

23. parêng mundur kalihira | tinêtêgan [tinêtê...]

--- 2 : 48 ---

[...gan] mundur kang sami baris | Daryalam ing praptanipun | sakala tinadhahan | duk manêmbah Daryalam lajêng pinêngkul | Sang Natèng Siwardi marang | Wong Agung Surayèng Bumi ||

24. kinêmpit ingkang mastaka | Sri Daryalam sampun binêkta linggih | ingêla-êla dinangu | paran yayi Daryalam | prang sadina mungsuhira gêng aluhur | andêle wong Jaminambar | Prabu Daryalam wotsari ||

25. nugraha èstu jêng tuwan | inggih drêmi pun dasih anglampahi | dyan bubar makuwon sampun | lajêng samyandrawina | Sang Aprabu Daryalam pinaring agung | busanèng kaprabon endah | sukèng tyas Natèng Siwardi ||

26. suka para raja-raja | samya muji prawirane ajurit | marang Sang Daryalam Prabu | dènira prang sadina | lan Duljalal kang nama Jabrail iku | pêpatih mangku bantala | angrèh samaning pêpatih ||

27. anênggih sapraptanira | ing ngarsane Sang Rabusamawati | Patih Duljalal sang prabu | langkung trusthaning driya | atêtanya hèh Jabarail sirèku | kayaparan dènira prang | sadina pur tanpa odhil ||

28. sapa rane mungsuhira | liwat suka kang padha aningali | antuk sisihing prang pupuh | tan ana kang kasoran | dene mungsuhira maksih nom abagus | sapa namaning narendra | apane Surayèng Bumi ||

29. Patih Duljalal turira | pun Daryalam narpati ing Siwardi | pan punika ipenipun | nak-sanak lan garwanya | putri Parangakik kang kaprênah sêpuh | punika anaking paman- [pa...]

--- 2 : 49 ---

[...man-] | nira Dyah Sudarawrêti ||

30. pun Daryalam Ibni Kanjar | Raja Kanjar kithanipun Siwardi | punika ingkang asunu | prakosa môndraguna | ingkang rayi ing Raja Parit karuhun | makatên pangakunira | duk mangsah amba takèni ||

31 langkung sudira sudibya | tan kumêdhèp anadhahi ing bindi | ayêm prang ing gêlaripun | langkung dening prakosa | yèn anggada sami lawan pitung ratu | yèn sanès kang nadhahana | rêmak rêmpu awor siti ||

32. sukane manah kawula | kadya manggih sêsotya di sawukir | kala sinade bêbakul | nanging bêbakul rucah | dèrèng uning ing sêsotya rêtna luhung | panumbas amba pan mirah | pamucung nêm dinar kêni ||

27. Duljalal Nyariyosakên Awrating Juritipun Para Ratu Kuparman.

27. PocungTeks asli: Pucung.

1. wontên ulun mantuk sakêthi jinipun | sukaning wardaya | sira Rabusamawati | para ratu kang myarsa angalêmbana ||

2. Sang Aprabu Duljalal ginanjar sampun | pangadêg karajan | murwendah suka nampèni | matur malih Jabrail Patih Duljalal ||

3. dhuh pukulun dipun prayitna sang prabu | lamun ta kiranga | ing pamicarèng ajurit | muwah lamun kiranga rèh pangupaya ||

4 laminipun jênêng tuwan hyang aluhur [alu...]

--- 2 : 50 ---

[...hur] | tapis para raja | bang kilèn kêthèn para ji | sami wontên ing sore dhêdhampar tuwan ||

5. mung pukulun samangke amanggih mungsuh | sultan ing Kuparman | asugih bala para ji | pan sadaya tan wontên jugul ing yuda ||

6. dhuh pukulun eram kawula kalangkung | ing nguni duk aprang | pun Makrub inggih Mikail | kang mêjahi gih ratu wingking kewala ||

7. dèrèng muncul ratune kang punjul-punjul | ratune pangarsa | satunggal ingkang miyosi | ratu ipe Brudangin Tasangsulngalam ||

8. yudanipun angsal ratu pitung puluh | sawidak kang pêjah | sadasa kabônda urip | pan sadina tan kasor ginrumung aprang ||

9. yèn sang prabu kiranga budi pukulun | wrate ingkang mêngsah | tan wande bôndakalani | kadi risak praja ji ing Jaminambar ||

10. yèn katungkul tan amèt pangupayèku | kadi praptèng tiwas | Wong Agung Surayèng Bumi | tuhu awrat ing jagad datanpa lawan ||

11. ratunipun pawingking prange pukulun | makatên punika | pun Daryalam ing Siwardi | mandahane ratune ingkang pangarsa ||

12. Alamdahur Umarmadi lan Tamtanus | miwah Kewusnendar | Ratu Bangid lan Ngabêsi | Kangkan Kaos Biraji Turki lan Kebar ||

13. Rajèng Kulub lan Mutadarawi Prabu | ing Santari Buldan | Talsiyah ing Kôndhabumi | cinatura ratu ewon andêling prang ||

14. ing prang pupuh pan akêthèn satriyampuh | punggawa prawira [pra...]

--- 2 : 51 ---

[...wira] | yutan wus samya ngêntasi | wong Kuparman kadi tan pantês minêngsah ||

15. duk angrungu Patih Duljalal turipun | langkung dukanira | sira Rabusamawati | marong-marong jaja kadi malêdhosa ||

16. garap gangsul panabdane sreta-sretu | hèh enggal balia | sira gunggung mungsuh mami | awuwuha sakêthi kang kaya sira ||

17. lamun ingsun ngumbara kasêktèn ingsun | bumi sun rêmêda | kapusus ing asta mami | aja cacak wong Arab maksih manungsa ||

18. lagya ingsun angumbar prajurit ingsun | kang tate prawira | iku kang sun kon matèni | yèn wong Jaminambar tan ana kang mêntas ||

19. yêktinipun sun dhèwèk ngawaki pupuh | numpês wong bang wetan | siji môngsa naa kari | lamun ingsun wus tumandang nuli bebas ||

20. mungur-mungur sarikutan dukanipun | apa sira Jalal | wali-wali dèn tudingi | Patih Jalal miyarsa adharodhogan ||

21. lamun ingsun nora anumpês ing mungsuh | sun dudu pangeran | pitung bumi pitung langit | lawan dudu wijine wong Jaminambar ||

22. patih sujud dhuh pukulun gustiningsun | kalintu ing tômpa | amba umatur sayêkti | sintên purun matur yèn dede kawula ||

23. matur tuhu môngsa ajriha linampus | jêr saèstu awrat | pratôndha purun anggitik | anglurugi mring nagari Jaminambar ||

24. sintên ratu ngalam donya surèng mungsuh | mung Sultan Kuparman | jêr pikire wus dinadi | yêkti sampun [sampu...]

--- 2 : 52 ---

[...n] matêng dènnya mèt upaya ||

25. botên gunggung ing sayêkti labêtipun | tan kenging linômba | amêngsah wong Pusêr Bumi | yêktos arsa matêngakên pangupaya ||

26. Raja Rabus wus sarèh bramantyanipun | nulya tatas rina | munya têngaraning jurit | abusêkan baris mijil amèt papan ||

27. tri gumuruh gumaludhug kadi ladhu | wadya Jaminambar | wadya Ngarab wus nimbangi | pan gumulung kadya lun angombak-ombak ||

28. baris têpung angêndhanu kadya mêndhung | samya ngungun mulat | samya gêng têpunging baris | salamine wong wetan durung manggiha ||

29. gunging mungsuh sami lawan barisipun | mung wong Jaminambar | animbangi gunging baris | kêrigane Jaminambar dèrèng têlas ||

30. gili rawuh jajahane watêsipun | pan sadina-dina | wong Jaminambar kang prapti | para ratu watêsan môncanagara ||

31. gya wong agung sawadya lan balanipun | mijil pabaratan | prapta wus kapang alinggih | munggwing nawa rêtna dhêdhampar rinêngga ||

32. dyan pra ratu Jaminambar pan wus rawuh | aglar anèng papan | kang asaos ing prang tandhing | Saesalam wus munggwing langit kaping pat ||

33. Mukarabun para malekate kumpul | Duljalal manêmbah | amit mêdal ing ajurit | mudhun saking ing langit tiga andurma ||

--- 2 : 53 ---

28. Balanipun Wong Agung Katawan ing Mêngsah.

28. Durma

1. wus angrasuk busanèng prang lan turôngga | kawot kaprabon jurit | wus anitih kuda | mangsah ing rananggana | saandaka gênging wajik | wêton Janggisar | lir yaksa buntut suri ||

2. wulu ngrembyak sêsuri kangsrah ing tala | lir binarong kang wajik | mangsah mandhi gada | asru asumbar-sumbar | wong Arab sapa rêp mati | payo mêtua | ing kene padha jurit ||

3. Si Daryalam apa ta sira tan wikan | yèn ingong iki mijil | wingi wus ubaya | anutugakên ing prang | Raja Daryalam udani | yèn Ngabdul Jalal | kang anama Jabrail ||

4. marêk nêmbah ing Sultan Kamidilngalam | amit arsa nadhahi | yudane Duljalal | nulya na ratu prapta | kêdah angalangi jurit | marang Daryalam | Rum Burhar Sri Bupati ||

5. sira Raja Bêrhaman amit anêmbah | pukulun patik gusti | amba ngalangana | ubayane Daryalam | ngandika Amir Mukminin | Kamidilngalam | yayi Prabu Sirwadi ||

6. lah mandhêga wingi prandene wus aprang | Raja Rum Burhar iki | kang nangglangi sira | ing karsa padha-padha | kèndêl Daryalam ngabêkti | Raja Bêrhaman | ing Burhar nêmbah amit ||

7. nitih kuda gêng luhur wêton Kunawar | balalak pancal wuri | kapraboning aprang | kawot [kawo...]

--- 2 : 54 ---

[...t] anèng turôngga | umangsah gambirèng jurit | amandhi gada | praptèng papan wus panggih ||

8. Patih Jalal têtanya hèh sira sapa | iku kang mêtu jurit | dudu Si Daryalam | arsa sun têmênana | Sang Natèng Burhar nauri | yèngsun Bêrhaman | Rum Burhar kutha mami ||

9. ingsun ingkang nanggalangi ring Daryalam | payo nuli ajurit | angling Patih Jalal | lah iya dèn prayitna | tadhahana gada mami | angangkat gada | Duljalal Jabarail ||

10. mutêr gadanira sarwi sênggak-sênggak | mati mêngko wong iki | ajur de gadèngwang | Raja Bêrhaman yitna | rikat dènnya masang tangkis | tibaning gada | lir gêlap manêngkêri ||

11. rame surak wong Jaminambar wong Arab | rame ingkang ajurit | Sang Natèng Rum Burhar | sigra malês anggada | prang rame bindi-binindi | rosaning gada | myang kuwating panangkis ||

12. mijil api saking parise makatar | turanggane samyanjrit | Sang Prabu Bêrhaman | ngantêp panggadanira | Duljalal kuwat panangkis | turôngga rêbah | kalih pisan ngêmasi ||

13. kang anitih lajêng tiba kalih pisan | samya kaplêsat têbih | sarêng tanginira | sarêng anarik pêdhang | pêdhang-pinêdhang matangkis | panduk dinadak | udrêg tangguh nanggahi ||

14. dangu aprang pêdhang rêmpu kalih pisan | tan ana migunani | sarêng buwang pêdhang | gapyuk candhak-cinandhak | Raja Bêrhaman sor titih | kantun gêngira | tinarik dyan binanting ||

15. wus kabanting [kaba...]

--- 2 : 55 ---

[...nting] tiba lajêng linumpatan | jajanira sang aji | Bêrhaman kabônda | ingundurakên bala | nandêr Raja Sarkab Turki | wus praptèng papan | kagyat tanya apatih ||

16. sapa ranmu nauri sun Raja Sarkab | kuthaningsun Rum Turki | andêling Kuparman | tur ratu pinituwa | Patih Duljalal tulya glis | agangkat gada | ginada Sarkab Turki ||

17. saking dharat panggadaning Patih Jalal | Rajèng Rum Sarkab Turki | maksih luhur kuda | gugup panangkisira | tuna-dungkap ing panangkis | kudane pêjah | Sarkab tiba jumpalik ||

18. pyuk cinandhak wus ingulêng gya binônda | kasrah ing bala wuri | wontên malih prapta | bôngsa Rum kang murina | putra Natèng Rum Santari | wus praptèng papan | Dyan Kiswarin Diswarin ||

19. cinandhakan kalih pisan wus binônda | wuru dènira jurit | Apatya Duljalal | sariranya dadya rah | Radyan Kiswarin Diswarin | sinrahkên bala | wong Rum Turki Santari ||

20. kagegeran mêngkap pêksa umaguta | pra dipatine sami | myang satriyanira | arsa mangsah ngamuka | nging kasaput rêp kang rawi | mundur kang aprang | tigang praja wong Rumi ||

21. undurira sungkawa tawan karuna | wong Rum Turki Santari | tuwin wong Rum Burhar | ingkang ratune kêna | wuwusên tawan para ji | binêkta minggah | ing Duljalal mring langit ||

22. praptèng ngarsanira nèng langit kaping pat | Sri Rabusamawati | suka duk tumingal | marang ratu kang kêna | malekat kang Mukarabin | aglar nèng ngarsa | tuwin ratu prajurit [praju...]

--- 2 : 56 ---

[...rit] ||

23. kathah sami ingandikan ambojana | andêl-adêlandêl-andêl para ji | mring langit kaping pat | sami kinèn uninga | mring para ratu kang kêni | bala nata Rab | kinèn angrungu sami ||

24. panarine Mahaprabu Saesalam | Malekat Mukarabin | paran karsanira | bêbandan para raja | iya pa pinatèn iki | pikirên padha | pantêse urip mati ||

25. sigra Patih Baktiyar matur anêmbah | punika yèn suwawi | sampun pinêjahan | tinrapana siyasat | kulite binêsèt sami | gundhule samya | kinalonyoman sami ||

26. nuntên sami pinênthang têngah paprangan | dimèn giris ningali | kang kantun tyang Arab | dadya pangeram-eram | wontên ratu gung prajurit | ingkang minôngka | Malaekat Israpil ||

27. nama Prabu Sapardan ika prawira | sugal nambungi angling | hèh sira Baktiyar | dudu ambêking raja | nyakuthis pikirirèki | pantês sok kalah | ratunira Mêdayin ||

28. sabên minta sraya nora tau mênang | prang dhewe nora wani | jêr suka niaya | tan duwe pangapura | wong niasat tanpa asil | pikirmu nistha | pagene niasati ||

29. apa kurang gustiningsun Jaminambar | niasati mring dasih | kang padha dêdosan | ewon jroning naraka | narakane warni-warni | isi tatrapan | sadosa-dosanèki ||

30. iki dosa apa wong kacandhak aprang | tur uwis dèn kawiti | mungsuh awèh tilas [ti...]

--- 2 : 57 ---

[...las] | ambônda para raja | Jaminambar madyèng jurit | ratu sawidak | tan ana dèn patèni ||

31. inguripan tan ilang ajining raja | anêmu kurmat sami | Kya Baktiyar pucat | myarsa linge Sapardan | Duljalal suka tan sipi | gumuyu mojar | hèh patih ing Mêdayin ||

32. lamun sira rêmên mulat ing siyasat | sira mèta pribadi | para Ratu Ngarab | sesuk mêtua aprang | sakarêp-karêpmu dadi | yèn iki ora | kêna milua mikir ||

33 dudu pikir yèn mungguhing Jaminambar | dudu nagri Mêdayin | alon angandika | Sri Maha Saesalam | yèn sun patènana iki | manawa kurang | ya Si Surayèng Bumi ||

34. prajurite kang dèn adu ing paprangan | dadi cuwa wak mami | gon ingsun tandhing prang | lawan wong agung wetan | sanadyan antuka malih | bêbandan raja | sabên-sabên prajurit ||

35. sayêktine ingsun uripi sadaya | jabakna ingkang mati | madyaning palagan | lah Duljalal uculna | iya wong Arab kang kêni | wus inguculan | mari dènira kingkin ||

29. Prabu Tasangsulngalam Kapikut ing Mêngsah.

29. Asmaradana

1. dinangu prajanirèki | sami tanah Ngrum sadaya | miwah ta ing kêkasihe | Raja Bêrhaman Rum Burhar |

--- 2 : 58 ---

Rum Turki Raja Sarkab | Rum Santari kalihipun | Kiswarin Diswarin nama ||

2. mahaprabu tanya malih | sapa Ratu Rum kang rosa | iya ta ingkang kaipe | marang Si Surayèng Laga | Raja Sarkab turira | ing Rum Brudangin puniku | Mahraja Tasangsulngalam ||

3. puniku kang anglurahi | ratu tanah Ngrum sadaya | inggih nadyan ingkang dede | tanah Ngindi kyèh kabawah | marang Tasangsulngalam | puniku pan ratu agung | sugih bala para raja ||

4. sampun sami pinisalin | dalu-dalu apamitan | kalilan lampahe anjog | saking ing langit kaping pat | lajêng dalu lumampah | nèng marga ya ta kapêthuk | Sang Dipati Tasikwaja ||

5. ngandika sang adipati | yayi Sarkab dene para | padha kapapag nèng kene | paran margane linuwar | apa ta lunga minggat | umatur samya gumuyu | inggih marga dèn apura ||

6. botên nganti siyang malih | gumujêng Dyan Tasikwaja | arsa sun malingi kiye | ya tuju wus ingapura | bêcik Si Saesalam | nimbangi bêciking mungsuh | matur malih Raja Sarkab ||

7. botên gêga dèn aturi | dhatêng pun Patih Baktiyar | ature kinèn anèsèt | kulit punika sadaya | inggih pun Saesalam | mindhak duka tan anggugu | mila nuntên linuwaran ||

8. ngling Dipati Guritwêsi | si ipe Baktiyar edan | wong Mêdayin wis lakune | anabok anyilih tangan | sigra sarêng lumampah | umiring kang para ratu | mring Dipati Tasikwaja [Tasikwa...]

--- 2 : 59 ---

[...ja] ||

9. wus praptèng pakuwon sami | lajêng marêk ing ngajêngan | katur sasolah-solahe | mèsêm wong agung miyarsa | lajêng dènnya bojana | datan winarna ing dalu | enjang kang para narendra ||

10. têngara miyosi jurit | muntab kumrab awurahan | umyang swaraning kêndhang gong | wadya gung mijil mèt papan | dhêndhêng baris kalangan | wadya Jaminambar têpung | nêpungi baris anggabag ||

11. Wong Agung Surayèng Bumi | wus mijil munggwing amparan | ing ngarsa kang para katong | tuwin Patih Jaminambar | Jabarail Duljalal | senapati wakilipun | anjênêngi ing ayuda ||

12. ratune mung aningali | mungguhing langit kaping pat | wau kang aprang kalihe | wus sami wawang-winawang | Prabu Tasangsulngalam | amit nêmbah nguswa suku | mring raka Kamidilngalam ||

13. ngandika Amir Mukminin | yayi bok aja mijil prang | sanakira misih akèh | kang durung padha mêtu prang | Prabu Tasangsulngalam | nuwun kêdah ing pamagut | wong agung alon ngandika ||

14. iya sakarsanta yayi | sun srahakên ing Hyang Suksma | saksana mundur wotsinom | mangsah dharat sri narendra | praptèng papan sêsumbar | wong Jaminambar dèn gupuh | sapa kang arsa palastra ||

15. iki Prabu Burudangin | andêle Sultan Kuparman | saparsa nusul patine | kancane kang para nata | miwah kang nêdya bela | miwah ing kadang wargèku | hèh payo maguta ing prang ||

16. Patih Duljalal [Dulja...]

--- 2 : 60 ---

[...lal] udani | nuding pat para narendra | Raja Arman satunggile | lawan Sang Raja Sapriyan | lawan Raja Kikabal | sakawan Raja Dulmakrum | ratu andêl Jaminambar ||

17. sami dharat mangsah jurit | sadaya amandhi gada | samya angiwa parise | sakawan praptèng payudan | sampun ayun-ayunan | têtanya Prabu Tasangsul | kabèh sapa namanira ||

18. bupati apa narpati | tuwin si lamun satriya | angakua mumpung mangke | aja mati tanpa aran | angling kapat narendra | Arman Sapriyan Dulmakrum | kang siji Raja Kikabal ||

19. sakawan sarêng gadani | katulak panangkisira | sarwi ngulur palu rante | kinawêtakên angiwa | kêna sakawan pisan | kapukêt sampun karangkus | sinrahakên marang bala ||

20. Patih Duljalal udani | yèn Prabu Tasangsulngalam | ingkang magut palu rante | nuduh narpati sadasa | sigra umangsah dharat | ing wuri malih anuduh | ratu pitu andêling prang ||

21. winêling ywa mêtu wuri | pama sira angrubuta | ngarsa kanan kering bae | pan ing wuri lêgakêna | dadya ratu pitulas | umangsah sarêng angrubut | anggada mêdhang amanah ||

22. bingung Natèng Burudangin | amutêr panangkisira | sarwi ngulur palu rante | astane têngên pinanah | kêndho pangosèrira | mêngsah kang pitulas ratu | kang lima kênèng rante mas ||

23. kang rolas maksih ajurit | nandêr Apatih Duljalal | dharat mêdal ing wurine [wu...]

--- 2 : 61 ---

[...rine] | kasilib Tasangsulngalam | sinikêp saking wuntat | astane kalih karangkus | sanginggil sikut kapêkak ||

24. kang saking ngarsa ajurit | sarêng ambyuk tulung patya | wus samya angrubut kabèh | dilalah tan kenging obah | kalangkung kawêlakang | wus kagodhi sang aprabu | nulya winot ing kareta ||

25. ratu sakawan ngapiti | surak bala Jaminambar | saundurira retane | prapta narendra sakawan | prabu ing Janjanwiyat | Kabulmuluk Barulmuluk | lan Prabu Sapingulkadam ||

26. lajêng rok têmpuh ing jurit | rame ulêng pêdhang gada | dêdêr-dinêdêr liru gon | pêjah wau kang têtiga | prajurit Jaminambar | ginada mring Barulmuluk | lan Prabu Sapingulkadam ||

27. sinikêp marang apatih | Barulmuluk wus kabônda | Kabulmuluk wus katalèn | myang Raja Sapingulkadam | tuwin Sri Janjanwiyat | kabônda sakawan sampun | sarêng rêp bubar kang aprang ||

28. Wong Agung Surayèng Bumi | kondure ngêmu sungkawa | tuwin para ratu kabèh | samya ngungun nandhang brôngta | ratu kêkasih kêna | tur ipe mantêp ingaku | sudara prênah taruna ||

30. Prabu Tasangsulngalam Dipun Luwari.

30. Sinom

1. sadalu nyênyêt kewala | barise wong Pusêr Bumi | tan ana kolu anadhah | nayan pêkathik [pêkathi...]

--- 2 : 62 ---

[...k] sêrati | tan ana kang cumuwis | sadaya samya mangun kung | Sri Sayid Ibnu Ngumar | lan putra Natèng Betarti | pan pêksamuk Sang Prabu Aris Munandar ||

2. nêdya amuk nusul eyang | Prabu Taruna Betarti | lan kang rama Ibnu Ngumar | Narpati Kaos nagari | prasamya dèn jagani | dening ratu pinisêpuh | kang eyang Rajèng Yunan | sadalu amituturi | anglêlêsu tyase Sayid Ibnu Ngumar ||

3. Wong Agung Kamidilngalam | Jêng Sultan Amir Mukminin | angrêmbag sampun mupakat | badhe ngantêp ing ajurit | lan sagung para aji | kalamun Prabu Tasangsul | manggiha siya-siya | mangkana gantya winarni | saundure Rêkyana Patih Duljalal ||

4. lajêng mring langit kaping pat | antuke bandan para ji | maksih rinêksa nèng ngandhap | malaekat kutu batin | prapta lan kyana patih | sampun katur suratipun | ingkang kawon ing aprang | sakawan para narpati | kalimane Brudangin ratu wisesa ||

5. Mahaprabu Saesalam | anggunggung marang ing patih | ginanjar Patih Duljalal | pinaringan widadari | pêpitu yèku putri | pêpundhutan ayu-ayu | saking ratu ngamônca | kang kinarya widadari | tuwin ingkang adi-adi ing busana ||

6. angumpulkên para nata | malekat kang Mukarabin | tinantun ingkang prayoga | mungguh tawan kang para ji | siji kang dadi ati | tur ratu ipe gêgêdhug | prawira môndraguna | binesan kinadang yêkti | pantês paran pinatèn lan inguripan [i...]

--- 2 : 63 ---

[...nguripan] ||

7. umatur Patih Duljalal | sumôngga ingkang prayogi | sumambung matur Baktiyar | punika lamun suwawi | inggih jinuwing-juwing | balungipun dèn gêgêpuk | kulit daginge samya | pinakakakên ing anjing | ratu murka yèn aprang dadra daraka ||

8. yèn aprang nora nganggo ngah | tadhahe yèn mêmatèni | tan kèndêl papat lêlima | sèkêt sawidak para ji | yèku ratu wêwêri | anggung nglêburakên mungsuh | sira Patih Sapardan | ingkang minôngka Israpil | matur sujud mring Gusti Sri Saesalam ||

9. punika atur kawula | yèn Narpati Burudangin | tuwan karsakêna pêjah | yêkti botên kobêr cancing | wong Arab ngantêb jurit | botên mawi siyang dalu | pamuke para raja | punika salah tan sipi | aturipun anênggih Patih Baktiyar ||

10. jêng tuwan kang linurugan | sanès lawan kang nglurugi | yèn mungsuh nêdya brubuh prang | sayêkti ambubrah bumi | kang nêmahi wong cilik | wong Arab yèn aprang ngamuk | prajurit kang awêndran | anumpêsi jalu èstri | nadyan rare pagunungan padêdesan ||

11. sipat katon tinumpêsan | pae inggih anglurugi | kenging yèn sakarsa-karsa | lamun nagri dèn lurugi | saèstu miling pikir | kanthi rêrepot pukulun | paran ta angowêla | ing dasih isining bumi | aming tuan kang rumêksa kang misesa ||

12. punapa tuwan karsakna | lêbure isining bumi | angguguk Sri

--- 2 : 64 ---

Saesalam | bênêr sira sun titèni | yèn ingsun amatèni | ratu ing sawiji iku | kêdhik asile uga | akèh walêse bilai | dadi ingsun kang anglêbur titah ingwang ||

13. ya bênêr sira Sapardan | Patya Duljalal nambungi | pukulun langkung prayoga | pun Sapardan turing gusti | alêmbat tur mantêsi | ganthêng kêkêncênganipun | undhagi ing wêweka | botên kados wong Mêdayin | yèn amikir ngangge pikir panêluhan ||

14. ya wis nuli ulihêna | iku Ratu Burudangin | kang papat bae karia | sigra kang môngka Jabrail | Duljalal anuruni | wus apanggih Sang Prabu Rum | Raja Tasangsulngalam | godhine wunwus dèn uculi | dhinawuhan tuwan punika kondura ||

15. inggih dhatêng pasanggrahan | amung sakawan puniki | kinarsakakên kantuna | dèrèng kantênan ing benjing | turôngga dèn saosi | sigra Sang Prabu Tasangsul | sampun nitih turôngga | pan dalu-dalu lumaris | anèng marga kapêthuk Dyan Tasikwaja ||

16. duk ing wanci tabuh tiga | lan Apatih Abunadir | wong kalih badhe andhustha | têdhak Natèng Burudangin | Dipati Guritwêsi | marani sigra angrangkul | dhuh yayi sukur bagya | para arsa sun malingi | kadya paran yayi marga ulih para ||

17. nauri Tasangsulngalam | Si Saesalam tan apti | anrapêna marang ingwang | dene gusti wus motangi | ratu rolikur nguni | linuwarkên sadaya wus | becik [be...]

--- 2 : 65 ---

[...cik] Si Saesalam | saksana sami lumaris | atêtanya Marmaya samarga-marga ||

18. ing marga datan winarna | ing pakuwon agêng prapti | Sang Prabu Tasangsulngalam | Marmaya lan Abunadir | lajêng wong agung katri | sumiwèng pakuwon agung | Sultan Kamidilngalam | kang prih driya dèrèng guling | lawan Prabu Sêrandil Yunan Yujana ||

19. sadalu datan bojana | kèndêl prasamya alinggih | kasaru Marmaya prapta | miwah Natèng Burudangin | lan Patih Abunadir | kang badhe sami mêmandung | kagyat Sang Kakungingrat | nungkêmi pada kang prapti | gya rinangkul Sang Prabu Tasangsulngalam ||

20. dinangu sasolahira | miwiti malah mêkasi | Jêng Sultan Kamidilngalam | suka dènira miyarsi | tuwin para narpati | wus sirna sungkawanipun | Sri Sayid Ibnu Ngumar | lan putra Natèng Betarti | ingandikan praptane nir kang sungkawa ||

21. Jêng Sultan Kamidilngalam | angandika mring para ji | aprang dèn padha jatmika | aja ngakua Hyang Widi | Si Saesalam bêcik | aluhur wêwatêkipun | eman tan duwe iman | Ratu Jaminambar iki | kudu ngaku Pangeran tan wruh duraka ||

22. tuhu adining prawira | lakune prajurit luwih | kautaman ora tinggal | tawan ingapura sami | mêndême iki saking | agunge karatonipun | dadak asalin nama | iya Rabusamawati | para nata suka gumujêng sadaya ||

23. miwah dènira miyarsa | Sang Natèng Rum Burudangin [Buruda...]

--- 2 : 66 ---

[...ngin] | kalane binêkta minggah | mring langit sapisan bali | ginawa mudhun malih | pangucape ingkang nuntun | yèn iki pinatenan | akarya bubrahing langit | santanane Jêng Sultan Kamidilngalam ||

24. ing dalu tan kawuwusa | ya kakang wasita enjing | munya têngaraning yuda | gumuruh kêndhang gong bèri | umung gurnang thongthonggrit | wadya Rab mijil ambrubul | saking kuwu mèt papan | kadya wutahing jaladri | kang abaris rèh mawrêdi banjir topan ||

25. Jêng Sultan Kamidilalam | miyos ginrêbêg para ji | prapta munggwing patarana | aglar kang para narpati | ingkang saos ing jurit | samya munggwing palowanu | prajurit Jaminambar | wus aglar barise mijil | para ratu gêgêdhug jênêngi ing prang ||

27. Jabrail Patih Duljalal | miwah Sapardan Israpil | wus anèng langit kaping pat | Raja Rabusamawati | aningali ing jurit | wau kang arsa umagut | lêlurah tukang toya | ingkang anama Israpil | pun Sapardan ngrèh malekat tukang toya ||

28. arsa umangsah ing yuda | Patih Sapardan Israpil | dêdêg satus tigang dasa | prakosa prawirèng jurit | angluwihi pêpatih | Duljalal prawiranipun | miwah suwarnanira | sanadyan sami gêng inggil | pan sêmbada Sapardan dêdêg parusa ||

29. sami sinungan wêwênang | ing Sang Rabusamawati | ngingêrkên wong Jaminambar | saparo sosorannèki | sêpuh Duljalal kêdhik |

--- 2 : 67 ---

lungguhe pan undha-usuk | mangsah nitih turôngga | gêng luhur wêton Siwarjis | apan sami kuda karabat rasêksa ||

30. kawot kapraboning aprang | gada wrat rong èwu kati | kati mas pinandhi ngarsa | solahe ngebat-ebati | praptèng papan sêsirig | sêsumbar anguwuh mungsuh | hèh payo para nata | iki Sapardan mêtoni | tandhingana wong Arab saparsa lena ||

31. gêgêdhuge Jaminambar | ingsun kinarya Israpil | malekat nurunkên udan | iku kang ingsun lurahi | payo mêtua aglis | aja ngedanakên ingsun | wontên ratu taruna | santana ing Kaelani | amit mijil sira Sang Raja Siwarna ||

32. ingidèn sigra umangsah | wus anitih kuda Pèrsi | kawot kapraboning aprang | nandêr ing papan sang aji | prapta sampun apanggih | Raja Sapardan sru muwus | ratu apa satriya | nagaranira ing ngêndi | anauri ya ingsun Raja Siwarna ||

33. ing Bangsru pan kuthaningwang | ratu karabat sun iki | lan Sultan Kamidilngalam | saking bôngsa Kelan mami | Patih Sapardan angling | eman warnamu abagus | angur sira mundura | yèn prang pasthi angêmasi | anadhahi saking boting gadaningwang ||

34. tanpa gawe tamèng sira | busananira narpati | elinga amor bantala | Sang Natèng Bangsru nauri | makuthanira mangkin | yèku kang anèng êndhasmu | sumyur ing gadaningwang | payo prang aja cariwis | ya ta Patih Sapardan gumuyu talah ||

--- 2 : 68 ---

35. lah iya dèn eling sira | nora kêna dèn wêlasi | aku mung abôndabaya | iya sun tibani bindi | mutêr gada anggitik | Raja Siwarna atanggul | swara lir gêlap ngampar | têmpuh parise mêtwagni | pan gumuruh surake mungsuh lan rowang ||

36. kawratan Prabu Siwarna | gumêtêr kudanirèki | panase rapêt ing sirah | sigra kudane ginitik | malumpat kang turanggi | Siwarna sarwi amupuh | kagyat Patih Sapardan | Siwarna ratu prajurit | solahira kêbat cukat kadi kilat ||

37. yèn mungguh wong Jaminambar | durung pantês prang winasis | sun puji prajurit Ngarab | naracak ing prang winasis | lah iya sun têmêni | dèn eling Sang Natèng Bangsru | sigra angikal gada | Sapardan amupuh malih | turanggane pêjah Sang Prabu Siwarna ||

38. lumumpat anarik pêdhang | Prabu Siwarna mrêpêki | mêdhang sukuning turôngga | kapat pisan tigas pacing | Sapardan tibèng siti | kalangkung bramantyanipun | krodha ambuwang gada | prang dharat angrok pangungkih | aliru gon tan kondur idêr-idêran ||

31. Prabu Atasaji Pêrang lan Patih Duljalal.

31. Durma

1. wus cinandhak Siwarna wangkinganira | tinarik wus katarik | ingikal ing tawang | tinon kadya likasan |

--- 2 : 69 ---

tan adangu gya binanting | Prabu Siwarna | wus rêmpu angganèki ||

2. kadya guntur surake wong Jaminambar | kadangira taruni | Sang Prabu Siwarna | Raja Siwarji nama | anandêr kudane prapti | Patih Sapardan | riwut wuru ing jurit ||

3. wus ginada Siwarji lan kudanira | pêjah awor lan siti | lan turangganira | arine malih prapta | Istibadan saturanggi | lajêg ginada | Istibadan ngêmasi ||

4. pan kasaput ing dalu mundur kang aprang | wadya Rab ngêmu wingit | wadya Jaminambar | suka agiyak-giyak | Sapardan unggul ing jurit | suka kalintang | Sri Rabusamawati ||

5. wus ginanjar Rêkyana Patih Sapardan | pinaring widadari | myang busana endah | sadaya ngalêmbana | Sapardan wira ing jurit | tuhu digdaya | sêmbada dhapurnèki ||

6. abirawa balengah dêdêg parusa | agodhèg athi-athi | simbar wulu jaja | andêling Jaminambar | sadalu drawina sami | wuwusên enjang | munya kêndhang gong bèri ||

7. têtêgira kêthèn mungsuh lawan rowang | baris sarêng umijil | têpung akalangan | aglar nayakaning prang | kalihe wus kadya wingi | Jalal Sapardan | nindhihi ing ajurit ||

8. Rabusamawati nèng langit kaping pat | anjangkung nêningali | munggwing amparan mas | Sultan Kamidilngalam | aglar kang para narpati | ing kering kanan | kang saos ing ajurit ||

9. para putra wayah myang para santana | samêkta munggwing ngarsi | wong ing Jaminambar [Jamina...]

--- 2 : 70 ---

[...mbar] | Patih Duljalal mêdal | nitih kuda saking jênggi | pan sampun kawrat | sakapraboning jurit ||

10. praptèng rananggana asru sumbar-sumbar | payo wong wetan aglis | mêtu mumpung enjang | enak wong bôndayuda | karingêt tan pati mijil | ya ta miyarsa | Sang Prabu Atasaji ||

11. nuwun pamit ing eyang umagut ing prang | ingandhêg datan kêni | ingidèn saksana | mangsah munggwing turôngga | aran wajibandarjani | wêton Kunawar | kawot kaprabon jurit ||

12. pancal pangung janjan biru angatepang | praptèng rana wus panggih | lan Patih Duljalal | asru pamuwusira | rare apa mêtu jurit | pan durung môngsa | nadhahi yuda mami ||

13. kapirare nistha yèn sun ladènana | sapa namanirèki | dene liwat tega | ingkang pêputrèng sira | sugal dènira nauri | yèn tan wruh sira | ya ingsun Atasaji ||

14. ingkang wayah Jêng Sultan Kamidilngalam | ingsun wus madêg aji | iyèngsun kinarya | narpati binathara | ngong putrane Rustamaji | putrane eyang | patut saking Mêdayin ||

15. Rajaputri Marpinjun ibune rama | Bathara Rustamaji | pan wus tate ingwang | ambônda kaya sira | môngsa ngimbuhana malih | Patih Duljalal | gumuyu bêlik-bêlik ||

16. adhuh babo dene ladak ing pangucap | kambon trahing Mêdayin | adat nora daya | dudu gawene aprang | amung laku amrih drêngki | nak putu Ambyah | kang liya trah Mêdayin ||

--- 2 : 71 ---

17. iya pantês dadya prajurit sadaya | sugal Sri Atasaji | lanat haram jadah | payo nuli ayuda | apa kang anèng sirèki | nuli tamakna | dèn enggal sun tadhahi ||

18. kulup aja mundura sira tan nôngga | mapagna ing ajurit | liwat saking bocah | nadyan wus madêg nata | durung pantês têmên jurit | aja ambeka | ingeman nora kêni ||

19. ngangkat gada Jabrail Patih Duljalal | sang nata pasang tangkis | lêgawa ingasta | maksih dèn agag-agag | dhuh kulup tan wurung mati | angur mundura | bok rata lawan bumi ||

20. asru nabda sira sang narpati wayah | Walidi Banuhasim | hèh dudu prawira | yèn nora nibakêna | môngsa wêdia ngêmasi | payo ta lanat | angling Patih Jabrail ||

21. apa maning yèn ora kêna dèn eman | wus pasthi awor siti | balungira rênyah | sigra gada tumiba | ingantêb dènira gitik | lir gêlap sasra | kuwat dènira tangkis ||

22. mubal api gada tibèng tangkis waja | katar-katar ngaladi | surak magênturan | wadya ing Jaminambar | wong ika wus awor siti | môngsa uripa | ujêr si dudu tandhing ||

23. kang upama kidang amungsuh dipôngga | mêsata maring langit | môngsa ngudhilana | mungsuh Patih Duljalal | kukum wong kudwarsa mati | punang dahana | mêsat katiyup ngangin ||

24. tibèng wana kobar sato kagegeran | myang pêksyakèh kabêsmi | matêng tibèng

--- 2 : 72 ---

bala | ingkang baris kalangan | arahab amangan pêksi | wau kang aprang | sasirnane kang agni ||

25. katingalan sigra angêtab turôngga | Walidi Banuhasim | surak bala Ngarab | de gustinya wêntala | sultan wayah Atasaji | ngatepang mêdhar | kuda ngitêr apatih ||

26. lênggak-lênggak Duljalal sru pamuwusnya | tuhu trahing linuwih | wêntala katiban | ing gênging gadaningwang | payo malêsa dèn gipih | iya dèn yitna | apatih masang tangkis ||

27. tinutupkên munggwing sirahing turôngga | Sang Prabu Atasaji | ngadêg nèng kêkapa | ngranggèh panggadanira | lir kidang amungsuh èsthi | agung tumênga | sigra dènira bindi ||

28. saking sangêt panggadane natèng wayah | Walidi Banuhasim | parise Duljalal | rêmpu katiban gada | pêcah pathaking turanggi | rêbah wus pêjah | Jalal tiba kabanting ||

29. tangi narik pêdhang Apatya Duljalal | turanggane Tasaji | sukune pinêdhang | rampung sakawan pisan | Atasaji tibèng siti | tangi saksana | têmpuh dharat kang jurit ||

30. rame pêdhang-pinêdhang dangu ing aprang | pêdhang tan migunani | duduk prang sêrampang | ramya cacab-cinacab | calimprit tan migunani | sêndhal-sinêndhal | dangu tarik-tinarik ||

31. kadya guntur surake mungsuh lan rowang | kang aprang antuk sisih | wadya Jaminambar | ebat prange wong Arab | maksih rare andhap alit | mungsuh wong tuwa | Duljalal agêng inggil ||

32. yèn dinugang Duljalal tibane [ti...]

--- 2 : 73 ---

[...bane] kontal | Sang Prabu Atasaji | apan kajungkelang | rame angkat-ingangkat | angantêpi kuwat sami | tan ana obah | pada tumancêp siti ||

33. wakêt dêkung kalih sami padanira | sarêng malumpat kalih | gapyuk sarêng tandang | angrok popor putêran | Duljalal kaku kang galih | lamun anyêndhal | dèn antêp dèn têmêni ||

34. prakênêngan malah tumètès kang êrah | saking pucuk dariji | datan nêdya kangkat | miwah Patih Duljalal | yèn tinarik nora kêni | sadina aprang | sayah kang anyuraki ||

35. asru mojar Jabrail Patih Duljalal | Walidi Banuhasim | iki padha sayah | mèh surup kang baskara | sesuk tinutugna maning | sang narpa wayah | nabda hèh sakarsèki ||

36. lah ya payo tinutugkên benjang enjang | sarêng undure kalih | lampahing narendra | lajêng marêk ing eyang | pinêthuk kinêmpit-kêmpit | dhuh wayah ingwang | prawira ing ajurit ||

37. tiru pamanane Si Jaswadiputra | Si Iman Karnaèni | Si Ismayatmaja | sumêdhot karasèng tyas | onêng ing putra tan sipi | wus tinêtêgan | mundur kalih kang jurit ||

38. dalu samya bojana kang para nata | satriya pra dipati | glar mungguhing ngarsa | Sultan Kamidilngalam | kasukan-sukan sawêngi | enjing têngara | munya kêndhang gong bèri ||

39. asauran mungsuh rowang samya mêdal | sampun têpung kang baris | anèng papan saban | Sultan Kamidilngalam | tuwin Rabusamawati [Rabusamawa...]

--- 2 : 74 ---

[...ti] | wus samya prapta | nèng gyane wingi-wingi ||

40. Kyana Patih Duljalal mijil ranangga | sampun munggwing turanggi | janggiwêr kinêtab | jogrog praptèng payudan | sêsumbar anguwuh tandhing | hèh durung prapta | Walidi Banuhasim ||

41. eman lamun prang wingi tan tinutugna | liya ingkang mêtoni | sasat kaobongan | layan tan ana nôngga | ing prang anadhahi kami | lagya mung sira | kang wus gambuh ing jurit ||

32. Amir Anjilin Kapupu Ing Prang.

32. Gambuh

1. pan wontên kadangipun | lawan wong agung tunggal saibu | ingkang rayi Wong Agung Surayèng Bumi | nanging rêbutan puniku | musanèp atilar kaol ||

2. wontên kitab kang muwus | Rolatul Abab ingkang amuwus | kadangipun Ngabdulah Umi Wakidin | têgêse tunggal saibu | sanga papat ingkang wadon ||

3. lêlima ingkang kakung | Radèn Ngabdulah Amir Anjilun | Ngabdul Kakbah Jubèh lawan Abu Talib | Walar ingkang limanipun | dene kadangira wadon ||

4. Dèwi Bawela iku | lan Dèwi Arpah katiganipun | nênggih Dèwi Imamah sakawannèki | Dèwi Ngatikah puniku | ibu Patimah ing Kaol ||

--- 2 : 75 ---

5. Wong Agung Jayèngpupuh | lima ingkang atunggil saibu | kang asêpuh Wong Agung Surayèng Bumi | saking lêlima puniku | arine Jayèng Palugon ||

6. Sayid Adak puniku | kang rayi ran Sayidina Mukub | sakawane Sayidina Nurutamsi | pawèstri kalimanipun | Dèwi Supiyah kinaot ||

7. dene ta ibunipun | ran Dyah Alimah nak-sanakipun | kang sêsunu kadange Bagendha Hasim | Menak Abas mung têtêlu | kang tunggil ibune kono ||

8. Dèwi Rulbulah iku | arine Abas Sayidi Mansur | lan Sayidi Ngubedah katiganèki | kang siji tanpa sadulur | putrane kang kakung roro ||

9. Sidik Karisman iku | lan ari Bulahab tanpa dulur | sami ijèn puniku putra kêkalih | kalih wêlas kadang kakung | nênêm kadange kang wadon ||

10. kadi Umarmayèku | satêngah kaol misananipun | kang wus kaprah nak-sanak wayahe sami | Bagendha Hasim puniku | prandene satêngah kaol ||

11. Bani Umya puniku | kadang Bagendha Hasim kang sêpuh | putrane Sèh Ngabdul Manap sêpuh èstri | Bani Umiya puniku | kang pêputra Marmayèko ||

12. wau ingkang winuwus | ing kitab Rulah Amir Injalun | kang basa Rab basa Jawi Mir Anjilin | kang amit arsa umagut | mring raka

--- 2 : 76 ---

Jayèng Palugon ||

13. ingandhêg kêdah magut | hèh ta yayi aja prang lan iku | Kyana Patih Duljalal prajurit luwih | lawan agêng tur aluhur | pan sira lit sarta anom ||

14. yèku arsa sun adu | lawan yayi Gulangge apatut | padha gênge miwah ta luhure sami | wingi yudane putumu | pantês rinowang gêguyon ||

15. wêlase maksih timur | dèn têmênana sayêkti ajur | putunira Si Atasaji wus mati | kang rayi mêksa anuwun | kêdah nanggulang palugon ||

16. dadya linilan magut | Sultan Kamidilngalam tyasipun | mêlang-mêlang mangkêl pangandikanèki | iya sun srahkên Hyang Agung | yayi dèn prayitnèng kewoh ||

17. Dyan Mir Anjilin sampun | nêmbah ing raka lajêng umagut | munggèng kuda kawot sakaprabon jurit | anèng payudan wus pangguh | Patih Duljalal têtakon ||

18. prajurit sapa ranmu | apa satriya tanapi ratu | bagusira myang cahya norkên sitèngsi | ratu ing ngêndi prajamu | tur abagus maksih anom ||

19. yèngsun Amir Injalun | arine Sang Surayèng Apupuh | iya ingkang kinayah Amir Anjilin | sun sêdya mapag sirèku | dêstun angrok aprang popor ||

20. apa ta nèng sirèku | payo lanat hèh lêkasna mring sun | Kyana Patih

--- 2 : 77 ---

Duljalal asru dènnya ngling | hèh Mir Anjilin kadangmu | lami prang tan ana miyos ||

21. apa ajrih maringsun | dadak putune kinèn umagut | asru mojar Sayidin Amir Anjilin | ratumu dene tan mêtu | yèku tandhinge palugon ||

22. yèn sira bae mêtu | sêdhêng lan ingsun ing sagêndhingmu | arsa magut ingsun ingkang angalangi | yèn dudu ratunirèku | misih akèh para katong ||

23. tur ratu agung-agung | kang munggwing soring amparanipun | para ratu gagalan prawira luwih | ing prang parêng rêmak rêmpu | Duljalal angucap sêngol ||

24. yèn lumaku sirèku | sun dhingini kudhunga parismu | bôndabaya tadhahana gada mami | Radèn Mir Anjilin kudhung | ing paris atadhah tanggon ||

25. Duljalal gada sampun | gadanira wawrat kalih èwu | kadya gêlap gada tiba ing têtangkis | waja pawaka umurub | kang bumi kadya mandhêlong ||

26. turangganira lampus | Dyan Mir Anjilin tibane lungguh | sigra ngadêg sarwi pêdhange tinarik | Duljalal turangganipun | sukune pinêdhang pêdhot ||

27. sakawan pisan rampung | Patih Duljalal tiba gumabrug | tangi lajêng anyikêp Amir Anjilin | krodhane mêmpêng amumpung | kadya wêwah gêng pitung wong ||

28. radèn sampun kajunjung | sigra [si...]

--- 2 : 78 ---

[...gra] tininggil dhatêng ing luhur | gya binanting Radèn Injalun ngêmasi | wong Jaminambar gumuruh | wong Arab angungun tumon ||

29. wong agung duk andulu | yèn kang rayi Mir Anjilin lampus | sigra nitih turôngga nandêr wus prapti | ing paprangan kagyat dulu | Duljalal sira têtakon ||

30. sapa ranmu umagut | dene pidêgsa datan gung luhur | apa sira tan mulat iki kang mati | kang sun banting rêmak rêmpu | pan iki kadange anom ||

31. Amir Anjilin lampus | Sultan Kamidilngalam kang sêpuh | dadak wong kang kaya sira mêtu jurit | angur nungkula maringsun | sun turakên gustiningong ||

32. sira kinarya tunggu | marang kagungane swarga agung | dene ruruh sêmune salamêt budi | myang cahyanira sumunu | yayah sasôngka umiyos ||

33. lan wus satêngah tuwuh | pan ora pantês anèng donyèku | wingitira wênêse ngêbêki bumi | wong agung nauri wuwus | hèh Duljalal aja tamboh ||

34. iyèki wruhanamu | Sultan Kamidilngalam ya ingsun | kang ngadhaton iya ing Kuparman nagri | wadya gung ingkang anêbut | ginusti ing para katong ||

35. kagyat Duljalal ngrungu | lajêng makanjar sarya sru muwus | dhuh prasasat lalab-lalaban sirèki | tan gawêr nèng bahêm ingsun | ko sun mamah ênyah-ênyoh ||

--- 2 : 79 ---

36. iya sajêng lêlawuh | Sultan Kamidilngalam padhamu | jênèwêr mas kang munggwing gêlas rinukmi | pinatik sêsotya mancur | iku rasane tyas ingong ||

37. wong agung lingira rum | lah iya luwih-luwih karêpmu | nanging kene lah payo nuli ajurit | apa kang anèng sirèku | nuli tamakna maring ngong ||

38. lawan ngambila iku | turôngga malih payo dèn gupuh | aja dharat ingsun iki nèng turanggi | Patih Duljalal angguguk | ngawe bala ngidung sinom ||

Lajêng nyandhak jilid 3.

--- 2 : [80] ---

Isinipun.

... Kaca:

18. Jawah wêdhi saking ngandhap. ... 3

19. Untabing wadyabala sapandhèrèkipun satriya Parangteja tuwin wong agung. ... 8

20. Prabu Tasangsulngalam mangsah prang. ... 13

21. Raja Kosyani tandhing lan Mikail. ... 20

22. Prabu Gulangge nrambul prang. ... 23

23. Raja Surakal nandukakên ngèlmu sikir. ... 27

24. Surakal pêjah dening Umarmaya. ... 31

25. Raja Sambaji magut prang. ... 38

26. Raja Daryalam tandhing lan Raja Duljalal. ... 44

27. Duljalal nyariyosakên awrating juritipun para ratu Kuparman. ... 50

28. Balanipun wong agung katawan ing mêngsah. ... 53

29. Prabu Tasangsulngalam kapikut ing mêngsah. ... 57

30. Prabu Tasangsulngalam dipun luwari. ... 61

31. Prabu Atasaji pêrang lan Patih Duljalal. ... 68

32. Amir Anjilin kapupu ing prang. ... 74

__________

--- 2 : [0] ---

[2 halaman kosong]