Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 33–41)

Judul
Sambungan
1. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 01–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 12–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 22–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 33–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
6. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 53–61). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

33. Asmaradana

1. wau kalane miyarsi | nèng pakuwon Radèn Wahas | lamun patih lan ratune | binalaèn kêna têrka | dene Unuk Marjaban | Radèn Wahas sigra nusul | lan surate Ratu Makwah ||

2. kêkitir inggate nênggih | layange [la...]

--- 6: 165 ---

[...yange] sampun cinandhak | bala lumayu kang olèh | prajurite Raja Balbal | layang jinaluk kêna | sigra ginawa malêbu | prapta ing pakuwonira ||

3. Unuk Marjaban kapanggih | Baktiyar wus cinêngkalan[1] | Irman barundhulan bae | Radèn Wahas aturira | marang Unuk Marjaban | ature amor lan nêpsu | puniku dosa punapa ||

4. lah dawêg layang kêkitir | milane ratune minggat | Raja Makwah sabalane | angkuhe kănca andika | nora kaprah ing jagad | mamăngsa wong padha dha batur |[2] nora wani maring mêngsah ||

5. pijêr batur dèn colongi | pira bêtahe manusa | marang mungsuh nora enjoh | Sang Raja Unuk Marjaban | miyarsa langkung merang | ngêjèpi prajuritipun | arsa nubruk Radèn Wahas ||

6. wong papat yun nyêkêl wani | tangane cikêr sadaya | sarta tiba ting kalèsèd | ana prapta narik pêdhang | tibane kajungkelang | Rahadèn Wahas puniku | têgêse sampun pandhita ||

7. nora kêna dèn cidrani | ing batin mèlu wong Menak | kang wus nunggal agamane | amung laire kewala | sabab saking kaprintah | titik mêlik wong Mêdayun | mila tan bisa suminggah ||

8. Marjaban sirêp kang runtik | bênêr ture Radèn Wahas | iya yèn kaya mangkono | prajuritku warasêna | kang papa saking sira | Radèn Wahas alon muwus | yèn padha aris kewala ||

--- 6: 166 ---

9. mikir rahayune bumi | aran ta sêlamêt padha | muliha kaya sabêne | sakala prasami waras | angadêg sami nêmbah | maring Radèn Wahas sampun | Unuk Marjaban ngandika ||

10. dene ana wonge bêcik | sira Betaljêmur putra | pagene têka mangkene | pratingkahe ratunira | duk alame Nusirwan | iya agung nora arus | dene ana wonge tuwa ||

11. Radèn Wahas anauri | paran ta sadasa-dasa | kudu mangkono karsane | ing nguni saking si paman | Baktak kang gawe tingkah | Ki Patih Baktak rumuhun | arine ibu kawula ||

12. sami anak Eklaswajir | ibu kawula kang tuwa | Baktiyar punika mangke | naking-sanak lan kawula | nanging pikire nasar | ngajap apês ratunipun | ratune tan darbe manah ||

13. singa kang madêg Mêdayin | sampun bêgjane nagara | kadi bêbayi ratune | anut pikir ingkang nasar | pêpatihe kang gila | setan katon pikir asu | agung agawe tan arja ||

14. lah puniku ingkang rayi | kalih kang tan mèlu kadang | sami luhur karatone | Urmus Sêmakun punika | madêg ratu kèringan | Unuk Marjaban anjêtung | mudhun jog saking gon lênggah ||

15. sarwi anyandhak gêgitik | Ki Baktiyar jinêmpalan | andêngkèng angulèt-ngulèt | iki patih jajal lanat | nênulari wong liyan | ngêmu rah saliranipun | bêngêp [bê...]

--- 6: 167 ---

[...ngêp] abuh kang wadana ||

16. nanging ta panggawe iki | wêruha yèn sêsopakan | supayane ratuningong | gêlêma kongkon maringwang | mêngko uwis kaliwat | măngsa balènana wuwus | ilang sipating narendra ||

17. ajur mumur sun lakoni | nanging sira Raja Irman | têmêne panggawe kiye | lamun ta sri naranata | Irman yèn gêguyona | mênang tuwin kalah wurung | yèn mangkono dudu akal ||

18. lamun pikir kang sayêkti | mênang tămpa kalah sirna | măngsa etunga awake | lamun datan mangkonoa | yêkti mungsuh lan ingwang | saiki sida prang pupuh | nora mungsuh wong Kuparman ||

19. jêr ratuku wus nyaguhi | atêtulung marang sira | măngsa uncata wuwuse | asor unggula tinêmah | yèn padha têmênanan | dadya êndhêk amun-amun | mangkono ratu prawira ||

20. Raja Irman anauri | kabutuh ing aturira | nora kongsi pikir manèh | inggih ta kula tan obah | ing sakarsa paduka | nadyan katura ing besuk | Ratu Ngrokam Kalakodrat ||

21. botên anêdya gumingsir | Irman sampun tinarima | sakathahe prasêtyane | nimbali punggawanira | Raja Balbal sakawan | wus prapta ing ngarsanipun | Unuk Marjaban ngandika ||

22. aja na kang măngsa janmi | undhangana kancanira | ywa măngsa padha bature | bok dèn idhêp wirang padha | prang kalah măngsa janma | yèn arên[3] mangan wong

--- 6: 168 ---

iku | jamak amèk batur mêngsah ||

23. ngêpluk ora idhêp isin | kabèh balane Si Balbal | padha wong rai têmbêlèk | jamak wong wus dadi kănca | iya nora minăngsa | iya nora kurang mungsuh | badhogên dikongsi mutah ||

24. punggawa sakawan ajrih | tumungkul sarwi tur sêmbah | inggih sandika ature | mulane Kusilkin minggat | saking pratingkahira | apa uwong apa dudu | ratunira Raja Balbal ||

25. sampun têlas kang pinikir | kalilan Sang Raja Irman | mantuk marang pakuwone | Baktiyar wus linuwaran | ginotong ulihira | sarirane sangêt rêmpu | ngiringkên Rahadèn Wahas ||

26. kunêng kang lagya prihatin | wuwusên baris ing jaba | kêkirab ajar pêrange | ngubêngi kitha kewala | para ratu sadaya | lawan sagêgamanipun | saupacara lêlampah ||

27. wong kang anèng jro kithèki | sami ningali sadaya | eram anon gêgamane | sagunge kang para nata | sami munggèng dipăngga | pangayap kaprabonipun | pangarsa Sang Raja Makwah ||

28. mèh surêm baskara nitis | dening gêbyaring busana | Irman baktiyar amencos | mulat kaluhuranira | miwah agunging pangkat | solahira Prabu Urmus | lan gunge pangayapira ||

29. sasat Sang Surayèng Bumi | solah lakune kang bala | utawi upacarane | myang anggêpe para nata | ngungun Sang Prabu Irman |

--- 6: 169 ---

Radèn Wahas alon matur | hèh Ratu Mêdayin tuwan ||

30. paran kang tuwan ulati | wong aurip anèng dunya | tan liyan kaluhurane | punika rayi paduka | botên ngangge kangelan | parandene manggih luhur | karaton agêng punika ||

31. hèh Batiyar sira iki | kangelan nistha kaliwat | atombok rusak balane | tur dadi guyoning kathah | punapi kang dèn arah | balundhus atombok umur | wus sasat pangewan-ewan ||

32. tumungkul tanpa nauri | sira Ki Patih Baktiyar | Sang Raja Irman dêrodos | tumungkul adrês kang waspa | merang mulat ing bala | sira wau Raja Urmus | wibawa myang luhurira ||

33. ginusti-gusti para ji | para Narendra Kuparman | balane Jayèngpalugon | tan pae pangidhêpira | lawan Sang Kakungingrat | panêmbahe mring Sêmakun | lan maring Urmus punika ||

34. dènnya ngubêngi kithèki | wau sagung para nata | sadaya angongak ing jro | wong jro balane Marjaban | lawan balane Irman | tanpa galih nanging Unuk | Marjaban tyase tan owah ||

35. wau Rajèng Ngambarkawit | enjang anêmbang têngara | maksih wutah kuwanène | gong bèrinira wurahan | nimbangi atêngara | Tasangsulngalam lan Urmus | miwah sagung para nata ||

36. gumuntur gurnang thongthonggrit | mêdal baris para nata | têpung kalangan mirantos [mira...]

--- 6: 170 ---

[...ntos] | wus mijil anèng ing papan | senapatine yuda | sira Sri Bupati Urmus | lawan Sri Tasangsulngalam ||

37. mijil Natèng Ngambarkawit | barise sampun mêlatar | munggèng amparan sang katong | aglar munggèng ngarsanira | miwah uwonge Balbal | sarêng ngiring Raja Unuk | Marjaban prajuritira ||

38. sang nata ing Burudangin | angatag prajuritira | Raja Bandar Ngali rane | narendra ing Maniskaran | ratu gagah prakoswa | mangsah nitih dipăngga gung | rêspati angundha gada ||

39. surake gumuruh atri | prapta gajahe mêndhapan | sêsumbar nguwuh mungsuhe | sapa kang arsa palastra | papagna tandang ingwang | iki andêle sang prabu | Brudangin Tasangsulngalam ||

40. ingsun Raja Bandar Ngali | narendra ing Maniskaran | ing aprang pilih bobote | Sang Raja Unuk Marjaban | ngatag ratu pungawa | nama Sang Prabu Buhastur | nagaranira ing Polah ||

41. nitih andaka sang aji | kang paman Unuk Marjaban | ayun-ayunan kalihe | tanya sapa ratu prapta | ingsun ratu ing Polah | bisikan Raja Buhastur | kang paman Unuk Marjaban ||

42. lah payo kene ajurit | Buhastur apa nèng sira | nuli lêkasna dèn age | tatane bala Kuparman | nora dhingini ing prang | ngundha gada Sang Buhastur | aja ngunduri ing yuda ||

34. Durma

1. Maharaja Bandar Ngali ri sêksana | tangkis parise wêsi |

--- 6: 171 ---

gadane katulak | rame surak wurahan | sira Raja Bandar Ngali | malês anggada | jumêbrèd tibèng tangkis ||

2. dadya rame prangira gada-ginada | Buhastur Bandar Ngali | lêmpêr panangkisnya | tan nganggo inganggopan | pinêndir tinitir-titir | wus karepotan | kèthèr dènira tangkis ||

3. kapalêsat parisane tiba kuntal | andakane kababit | pêcah sirahira | Buhastur kajungkelang | sangêt tibane kabanting | Sang Rajèng Polah | kantaka dèn gongsongi[4] ||

4. surak umyang kadya curnèng antariksa | wontên narendra prapti | Sang Sri Raja Bijal | kuthane ing Busirnas | ngundha gada munggèng èsthi | ayun-ayunan | sapa ranmu prajurit ||

5. ingsun Ratu Busanas Raja Bijajal | lah sira sapa iki | Ratu Maniskaran | Bandar Ngali ran ingwang | andêl Rajèng Burudangin | sèn-isèn ingwang | wijoan palowani ||

6. hèh Sang Raja Bijajal payo gadaa | sigra amutêr bindi | asru panggadanya | sira Raja Bijajal | kuwate dènira tangkis | angangkat gada | Sang Raja Bandar Ngali ||

7. dyan pinupuh sira Sang Raja Bijajal | kuwat dènira tangkil[5] | rosaning panggada | nglumba dipangganira | tangkêping prang Bandar Ngali | yèn wus anggada | lajêng anitir-nitir ||

8. datan anggop gadane kadya kitiran | bingung ingkang nadhahi | dadya karepotan | prange Raja Bijajal | kabèh [ka...]

--- 6: 172 ---

[...bèh] wong Ngrum Burudangin | prajuritira | samya anèh ing jurit ||

9. gada siji amadhani gada papat | tibane tan ngobêri | Sang Raja Bijajal | kèthèr panangkisira | parisane tibèng siti | sirahing gajah | katênggêl ing panggitik ||

10. pêcah rêbah mêlopor polone pêcah | kasingsal kang anitih | kantêp tibanira | Bijajal sru kantaka | rinêbut wus dèn gongsongi | Raja Bijajal | datan amăngga pulih ||

11. anèng papan dipăngga mubêng mêndhapan | Sang Raraja Bandar Ngali |[6] nguwuh sumbar-sumbar | payo Unuk Marjaban | mêtua tandhing lan mami | isèn wijoan | Rajèng Ngrum Burudangin ||

12. ratu debya Sang Prabu Tasangsulngalam | Narendra Burudangin | tan mêtokkên aprang | ratu durung dèn ajar | kaluwihane ngajurit | akèh anjêprah | punggawa pra narpati ||

13. ratu ipe kang mêsthi kinadang-kadang | Risang Surayèng Bumi | arine ingalap | dhasar putri prawira | prandene ingakên adhi | mring Kakungingrat | mantêp kinulit daging ||

14. dadi ingsun Unuk Marjaban sêmbada | pranga lawan sirèki | sira iku iya | mantune Rajèng Ngrokam | tandhing sira lawan mami | Sang Natèng Ngrokam | tandhing lan gusti mami ||

15. duk miyarsa Sang Prabu Unuk Marjaban | ngadêg anênga langit | tumungkul pratala | prapta ingkang cinipta | sira Natèng Ngambarkawit [Ngambarkawi...]

--- 6: 173 ---

[...t] | dipăngga awak | macan irêng ngajrihi ||

16. sungu kadi wadung sêkawan nèng sirah | buntut lir manyurèki | sigra dènnya têdhak | saking palăngka rêtna | Raja Kalbujèr udani | kathêkêrira | Unuk Marjaban kèksi ||

17. lamun mijilakên sikir pangabaran | Kalbujèr matur aris | mring Tasangsulngalam | kakang prabu punika | mêdalakên kêmat sikir | Unuk Marjaban | kawula kang nimbangi ||

18. lan asayah pun Bandar Ngali punika | paduka nuduh malih | kang sami ungaran | sigra Tasangsulngalam | ngatag prajuritira ji | mangsah tur sêmbah | Raja Badingukabir ||

19. Natèng Krustal mangsah anitih dipăngga | nanging lar kadi pêksi | asirah maesa | kuping sungune panjang | praptèng papang angajrihi | makutha mubyar | satus hèripun gêni ||

20. kadya konthing malipir pinggir samodra | banjur dipun layari | eram kang tumingal | tandange Raja Krustal | gêng luhur godhèk uwok bris | netrane gilar | Raja Badingukabir ||

21. nguwuh adhi Bandar Ngali lah mundura | ingsun kang anggêntèni | mapan kang timbalan | Gusti Tasangsulngalam | mundur Raja Bandar Ngali | Unuk Marjaban | prapta sru dènnya angling ||

22. sapa ranmu ratu ingkang lagya prapta | ingong Badingukabir | narpati ing Krustal | andêl isèn wijoan | para Ratu Burudangin | iki gêgala | sumbaga ing ajurit ||

23. sira Unuk [U...]

--- 6: 174 ---

[...nuk] Marjaban payo gadaa | iya Badingukabir | dèn padha sudira | masanga parisira | Sang Raja Badingukabir | parise cawang | dudu paris kinardi ||

24. pan sadhêpa rong asta panjanging cawang | sawêntis gêngirèki | Sang Unuk Marjaban | sigra wau angêtab | kang wahana sura titis | angangkat gada | ginada sri bupati ||

25. duk lumarap awas tibane sinăngga | ing cawang datan osik | pinulêt ingikal | rapêt manjing ing cawang | asênggak Badingukabir | ngêtab dipăngga | andhosok mungsuhnèki ||

26. tinahênan kuwat Sri Unuk Marjaban | udrêg adêdêl gênti | gapyuk kang dipăngga | surak mungsuh lan rowang | yayah manêngkêr ing langit | ingkang ayuda | sami prakosa kalih ||

27. lir panduking wukir siwi acangkrama | midêr mèt papan sami | dêdêl jêjorogan | gantya kuntal-kinontal | cawang kang tan kêna têbih | Sang Rajèng Krustal | midêr pandhosoknèki ||

28. pama kadya maruti sajroning jodhang | suka sagung ningali | Sang Aprabu Krustal | tan anggop pandhosoknya | anruwêng gajah nglawèhi | byak-byok angêbyak | Sang Natèng Ngambarkawit ||

29. karepotan tinahan isin mundura | kinêbyok wanti-wanti | mèlu kumpul saya | kèthèr saya kalingkab | kasêliring kajumpalik | Unuk Marjaban | kasingsal saking èsthi ||

30. tibèng siti èngêt [èngê...]

--- 6: 175 ---

[...t] wungu narik pêdhang | Raja Badingukabir | pan arsa rinasang[7] | kêbat anarik pêdhang | pêdhang tikêl tibèng siti | êmèh kabănda | Sang Prabu Ngambarkawit ||

31. pan kasaru surup ingkang diwangkara | pur mundur kang ajurit | têtêge ngapinjal | angundurakên ing prang | Sang Prabu Badingukabir | ngatepang wêdhar | undure ingkang èsthi ||

32. sami mèsêm umiyat Sang Raja Krustal | sagung kang para aji | muji sêktinira | wagêde ing ayuda | sinambrama ing branduwin | mring gustinira | Natèng Ngrum Burudangin ||

33. bubar sagung para ratu mêsanggrahan | lajêng busana sami | dalu andrawina | Urmus Tasangsulngalam | kumpul sagung kang para ji | nêngna wau ta | undure kêthèk putih ||

35. Sinom

1. Sang Raja Unuk Marjaban | siniwi para prajurit | Irman Baktiyar nèng ngarsa | Raja Unuk angling aris | hèh Sang Prabu Mêdayin | prang punika tanpa kiwul | dhewe manggung kasoran | kuwalahên anadhahi | ing yudane para prajurit Kuparman ||

2. lan puniki Raja Balbal | dèrèng waras dènnya kanin | manawi mungsuh anggêtak | dadya keron ing piranti | pan arsa ngong unduri | marang Kalakodrat ingsun | angungsi Raja Salsal | ngaturkên kadange kanin | yèn nusula wong Kuparman pêsthi sirna ||

3. dèn iras Sang Raja Salsal | runtike kadange kanin | ingsun budhal [budha...]

--- 6: 176 ---

[...l] benjang enjang | lah dawêg yayi Mêdayin | sampun pisah lan mami | sabiyantu lara lampus | Irman matur sandika | èwêd ing galih pribadi | Ki Baktiyar ngêncêngi matur manuta ||

4. sampun ngundhangi siyaga | Balbal wus miyos ing jawi | ing dalu tan winurcita | enjang bangun budhal aglis | gêrus sagunge baris | ing lampahira kasusu | manawa tinututan | dene wadya Burudangin | langkung giras Sang Prabu Unuk Marjaban ||

5. enjinge Sang Rajèng Makwah | tur priksa Raja Kusilkin | mring Prabu Tasangsulngalam | lamun mêngsah angoncati | budhal ing wau ratri | sawadyanira anggêrus | Raja Unuk Marjaban | lan Raja Irman tut wuri | sabalane anut ing Patih Baktiyar ||

6. Sang Prabu Tasangsulngalam | lawan punggawane sami | miwah sagung para nata | senapati dèn aturi | yèn mêngsah sampun gusis | linêbêtan kuthanipun | baris jawining kitha | kêmput sadintên angalih | samya manjing ing Makwah sapraptanira ||

7. Raja Urmus ingaturan | ngêbroki sajroning puri | Sang Prabu Tasangsulngalam | kang makuwon ing sitinggil | Raja Kemar Kuwari | bangsal pangrawit gènipun | sagung kang para nata | anambungi kanan kering | wusnya tata lajêng ngaturi uninga ||

8. marang nagari Kuparman | ing Ngungsur Sri Narapati | Dukyanus kinèn anyurat | kang badhe katur ing gusti | ratu tyase undhagi | ing

--- 6: 177 ---

Ngungsur Raja Dukyanus | dadya kang ponang surat | anuding amarentahi | lêlancaran ambêkta nyèwu turăngga ||

9. mêsat kang ngêmbani surat | ing wuri amarentahi | Sang Raja Tasangsulngalam | Rajèng Kulub lan Kubarsi | sira Prabu Kuwari | Kemar pangiriding laku | ngodhol Unuk Marjaban | lawan prabu ing Mêdayin | Raja Wiswèl kinanthèkkên cucuk ngarsa ||

10. bêkta ratu wolung dasa | panêkarira tan kari | budhal saking nagri Makwah | pangarsa Natèng Kanardis | Raja Wiswèl prajurit | kang andêl titihanipun | sami macan sadaya | Raja Kalbujèr nambungi | Sang Maliyat Kustur andhadhani lampah ||

11. ing wuri Sang Raja Kemar | langkung agêng tyase sami | angajap mungsuh mandhêga | wus lêpas lampahirèki | lêt kêdhik kang ingusir | agênti pakuwonipun | sinêrêg tan kêcandhak | kaparèng doh angandhêgi | pan kasusu susah atine kang mêngsah ||

12. wuwusên kang ngêmban surat | nagri Kuparman wus prapti | katur ing Sang Kakungingrat | tinampèn sinukmèng galih | suka duk amiyarsi | kang raka ngandikan rawuh | inguncalkên kang surat | puniki kakang dèn aglis | angsulana surat saking pabarisan ||

13. yayi Urmus lilanana | lan yayi Ngrum Burudangin | jujul maring Kalakodrat | ngong iya nusul ing benjing | Dipati Guritwêsi | Arya Maktat[8] lan Sêmakun | wus prapta jroning pura | angadhêp kang karya tulis |

--- 6: 178 ---

Menak Abas tan adangu nulya dadya ||

14. alon dènira ngandika | Wong Agung Surayèng Bumi | yayi mas ing Parangteja | kang Dipati Guritwêsi | bêdhahe Makwah iki | yayi prabu arsa nusul | marang ing Kalakodrat | iya prayogane yayi | binantonan ingkang ana pêbarisan ||

15. nagri gêdhe Kalakodrat | bok dadi kuciwa yayi | yayi prabu ing Yujana | iku kon dandan ngajurit | ing Dêmis lan Biraji | kang padha milua bantu | mring yayi Kewusnendar | ngandikan prapta jro puri | angandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

16. yayi prabu ing Yujana | Kunawar Dêmis Biraji | ya padha milua sira | yayi ing Ngrum Burudangin | arsa padha angungsir | lawan yayi Prabu Urmus | banjur mring Kalakodrat | tyas ingsun luwih kuwatir | ratu gêdhe pandhegèng prang Raja Salsal ||

17. lawan parêk nagri Ngrokam | lawan Sorangan tan têbih | kutha Gajimăndalika | Uktur pra mulane adhi | dadi kaparèng atis | yèn nora sinungan bantu | Kewusnendar sandika | sakawan wus sami mijil | praptèng jawi kang tumut wus dhinawuhan ||

18. ing dalu tan kawuwusa | enjing budhale sang aji | ing Yujana Kewusnendar | Kunawar Dêmis Biraji | kang sami atut wuri | lampahe baris gumuruh | gêgaman warna-warna | kadi yangyang wukir sari | ingkang munggèng ngarsa Sang Raja Kunawar ||

19. Rajèng Biraji wurinya | ing lampah ingkang dhadhani | Sri

--- 6: 179 ---

Bupati Kewusnendar | prajurit panata baris | wuri Sang Natèng Dêmis | lêpas ingkang baris agung | kunêng ingkang kawarna | nyai agêng pramèswari | ingaturan warta saking pêbarisan ||

20. yèn kang putra Raja Irman | lajêng dènnya ngungsi-ungsi | anut aturing Baktiyar | yayi Urmus kang nututi | ngêsuk saparannèki | inggih yayi Prabu Urmus | sawadya para nata | samarga gung andon jurit | rusak wonge Sang Irman kapunthal-punthal ||

21. wus mantêp pamuwusira | nyai agêng pramèswari | sapuluh-puluh Si Irman | wus boya kêna pinikir | lara kalawan pati | pan wus karsane Hyang Agung | wus takdire Si Irman | tan kêna ginawe bêcik | mati nandhang iman lawan mati siya ||

22. tan kêna milu-milua | jênênge kawula iki | pamupusira santosa | kunêng malih kang winarni | carakanira prapti | saking Kuparman puniku | linilan anjujula | mêngsah saparanirèki | lan miyarsa binantonan Kewusnendar ||

23. Sang Raja Urmus têngara | miwah Natèng Burudangin | samêkta bala wus budhal | saking ing Makwah nagari | sira Raja Kusilkin | sabalanira mênganjur | narapati ing Makwah | ginêlak lampahing baris | tan anyandhak lakune kang wus lumampah ||

24. kunêng ingkang kawuwusa | Unuk Marjaban wus prapti | ing nagari Kalakodrat | lawan prabu ing Mêdayin | katur sri narapati | yèn kasoran yudanipun |

--- 6: 180 ---

wadyabala kèh pêjah | Raja Balbal nandhang kanin | mêngsahipuna sami anglud atut wuntat |[9]|

25. mangkana ngancik jajahan | Raja Kemar kang prajurit | Raja Salsal duk miyarsa | angakak angêntrog wêntis | enak wong Pusêr Bumi | sira atur nyawa mring sun | iya antinên padha | sira nora mulat maning | kang sumorot ing dunya samsi lan kamar ||

26. Raja Irman ingaturan | makuwon sajro kithèki | lan Raja Unuk Marjaban | ngêbroki wismèng dipati | cukup sawadyanèki | punggawa ingkang tinundhung | rêrêm ing pêndhak dina | ingaturan mring sitinggil | abujana sang prabu ing Kalakodrat ||

27. langkung saking ingancaran | sira Sang Prabu Mêdayin | ginathuk palangkanira | Unuk Marjaban ing kering | Patih Baktiyar nunggil | lan Patih Kalkal puniku | ngandika Raja Salsal | hèh sang prabu ing Mêdayin | sampun marasa praptane bala Kuparman |[10]|

28. ingkang bêbujung ing sira | sanadyan Surayèng Bumi | yèn praptaa asrah nyawa | sajêge wong Pusêr Bumi | kaliwat ngêlanangi | datanpa tandhing kumlungkung | jêr durung andon aprang | dhumatêng praja ing ngriki | lawan durung barang prang marang ing Ngrokam ||

29. kawula kang mulihêna | kasusahanira pêsthi | angakak tuhu sêmbada | dêdêge sri narapati | apan satus gas nênggih | kalawan punjul sapuluh | godhèk wok simbar jaja | netranira angajrihi | lerap-lerap [lera...]

--- 6: 181 ---

[...p-lerap] pan kadi netraning detya ||

30. mangkana Sang Raja Salsal | bujana midêr kang larih | Unuk Marjaban tinanya | pratingkahira ajurit | matur yèn sami luwih | sadaya kang para ratu | awrat sinăngga krama | tan wontên apês satunggil | punggawane satriyane anêracak ||

31. ri paduka Raja Balbal | Kalbujèr rencangnya jurit | papa kapracondhang yuda | sawulan tan kenging mari | wadya kang kesah ratri | amêmaling sami lampus | datan antuk mamăngsa | pintên-pintên angêmasi | sabên dalu pêjah balanipun Balbal ||

32. lagyeca imbal wacana | dumrojog ing ngarsa prapti | bupati jagi tampingan | matur sarwi mêmpis-mêmpis | pukulun mêngsah prapti | sakalangkung rêsahipun | tan kenging wong katingal | sipat lanang dèn pêjahi | nadyan lare yèn jalêr gih pinêjahan ||

33. pawèstrine binoyongan | gusti ing dhusun paminggir | dèn êsuk kang ngungsi arga | mila wadya kathah ngungsi | inggih dhatêng nagari | kang mêngsah lajêng bêbujung | datan kèndêl punika | wontên ing dhusun paminggir | maksih lajêng bêbahak wadya Kuparman ||

34. ngandika Sang Raja Salsal | sapa ngiriding baris |[11] punggawa tampingan nêmbah | Sang Raja Kemar Kuwari | dene kang dèn tindhihi | Sang Raja Maliyat Kustur | balane para raja | ratu saking ing Kubarsi | lawan Raja Kalbujèr Kulub kuthanya ||

35. warni kêkalih punika | lêt tigang dina duk prapti | ing mangke panggenanira |

--- 6: 182 ---

namung lêt saari |[12] dêdamêl agêng wingking | gène senapatinipun | Raja Urmus punika | lan Raja Ngrum Burudangin | langkung agêng balane Tasangsulngalam ||

36. nênggih ratu pitung dasa | dene kang dados pangarsi | balane Tasangsulngalam | Sang Raja Wiswèl Kanardis | rêsahe anglangkungi | baris bêbahak pukulun | maksih eca ngandika | Patih Kalkal atur pêksi | wontên duta saking pun Tasangsulngalam ||

37. ambêkta tunggul panantang | raja ing Ngrum Burudangin | wontên sèwu nitih macan | macan sami dèn jêmbuli | buntutipun lar putih | mung kêkalih mantrinipun | mundhi punang nawala | pênêd mantrine kêkalih | napa inggih tinimbalan ngarsa nata ||

38. iya kang loro kewala | sigra tinimbalan prapti | nèng wurine Patih Kalkal | surate cinandhak aglis | pèngêt lah iki tulis | iya ingsun Sang Aprabu | Risang Tasangsulngalam | narendra Ngrum Burudangin | wruhanira Raja Salsal Kalakodrat ||

39. prapta ngong ngirid gêgaman | ing nagaranira yêkti | bêbujung bêburon ingwang | loro ngungsi ing sirèki | ratu ing Ngambarkawit | Si Unuk Marjaban iku | lawan Si Ratu Irman | iku ratu ing Mêdayin | aturêna bêbandan mring jênêng ingwang ||

40. lamun ora mangkonoa | hèh Raja Salsal dèn eling | sun rusak nagaranira | sun gêmpur kuthanirèki | yèn sira angukuhi | dèn igal[13] [i...]

--- 6: 183 ---

[...gal] payo prang pupuh | titi Salsal ngandika | matura ratunirèki | ngong kukuhi sun wani gambuh ing aprang ||

36. Gambuh

1. sakarêpe ratumu | pan nora sudi nglakoni ingsun | lamun dudu Wong Agung Surayèng Bumi | ngrawati bangkong angantuk | iya dudu pantês ingong ||

2. aprang lawan ratumu | ika pêdhotan pan ingsun wutuh | apa gawe mungsuh lawan wong ting sluwir | sakarêpe amrih mungsuh | uwis matura mangkono ||

3. caraka amit mundur | Sang Aprabu Salsal sigra mundhut | prapta aglar pra dipati angladèni | warna-warna ulamipun | kang adi-adi iwak wong ||

4. êtim sirah kadulu | amêrngèngèh maksih untunipun | mung rambute kinêrok kongsi barêsih | kuping irung maksih wutuh | lan pindhang antêp bêbokong ||

5. siji pindhange gênjur | bêbayi ingkang umur sataun | èpèk-èpèk dêlamakan sami maksih | panggang tangan wakêt sikut | watêse ingkang kinêthok ||

6. tur maksih kulitipun | dariji kabèh pan maksih wutuh | iku lalab cinuwil kang luwih ênyir | Sang Raja Irman andulu | mungur-mungur mumêt panon ||

7. Raja Salsal sumrikut | panggang dariji sinisil gupuh | êtim sirah pinêcah polone pinrih | kinokop sarwi ginilut | Irman pijêr ênêk dongong ||

8. atine mungkag-mungkug | kèlingan jênang Baktak karuhun | pan kagagas sangsaya [sangsa...]

--- 6: 184 ---

[...ya] ênêk tan sipi | Unuk Marjaban amuwus | dawêg dhahara sang katong ||

9. awon bilih kadulu | andika nurut amèt tyasipun | gih punika kang sirangkas-angkas jêjurit |[14] sasukanipun tinurut | dika bêtahkên sang katong ||

10. nanging Irman andulu | andulu polahe wong dhahar nglalu |[15] Raja Salsal wruh Irman tan mèlu bukti | dènnya muluk-muluk wurung | linirik dene sang katong ||

11. ngandika sang aprabu | hèh Ratu Irman nora amuluk | durung wêruh rasane iwak wong iki | yêkti tuman kang wus wêruh | rasane bêkasêm uwong ||

12. lah dawêg yayi prabu | punika eca gorengan usus | lan jaringan puniki dika icipi | kalawan rêrêmpah susu | lah dawêg bêkasêm polo ||

13. ajrih nampik sang prabu | sigra dhinahar lagi kalêbu | pan sumêntug wêtênge ênêk kêpati | luntak-luntak sang aprabu | sangêt mumêt anggêloso ||

14. Raja Salsal arêngu | ratu tan pantês Si Irman iku | undurêna yèn awèt nèng ngarsa mami | sun antêbi gada luluh | Unuk Marjaban nulya kon ||

15. Baktiyar gawa mundur | praptèng pakuwon gêrah sang prabu | gêrah ênêk mutah ilat siyang ratri | awatara pitung dalu | warase Sang Irman Katong ||

16. wau ta Sang Aprabu | Salsal maksih sangêt rêngunipun | angandika ing putra lawan pêpatih | Sri Irman Mêdayin iku |

--- 6: 185 ---

nora pantês dadi katong ||

17. wonge Irman bên dalu | bêkasêmana balane iku | lêmêngana enak bae wong Mêdayin | akèh wong bala Mêdayun | iku kang wajib binadhog ||

18. aja badhog sirèku | wong wani prang kang sira pikut |[16] ingkang nora wani prang mung wong Mêdayin | mêmangsanên sabên dalu | ya ta wau cinariyos ||

19. kathah kalonge dalu | yèn diarah tan kêna luput |[17] wong Mêdayin singa kapêncil tan mulih | atintrim pakuwonipun | ngênês sru sagunging uwong ||

20. kunêng ta praptanipun | baris kang wingking sampun akumpul | Kewusnendar lan Natèng Ngrum Burudangin | lah suwawi kakang prabu | lamun wontên wong manjing jro ||

21. bupati miwah ratu | saking ing mănca kawula gêpuk | botên kula sukani manjing kuthèki | Raja Salsal dimèn mêtu | nuntên mijila palugon ||

22. mèsêm dènira muwus | Sang Natèng Ngrum Burudangin Prabu | Kewusnendar tuwin kakang ing Kuwari | kang sami wong agung sêpuh | ratu kalih matur alon ||

23. inggih ta yayi prabu | kula punika nêdya prang pupuh | kang pinêrêp punika sanès agami | tan arsa mijil prang pupuh | nanging ta kang para katong ||

24. kang prapta yun bêbantu | saking ing nagri măncapatipun | marang kitha ginêpuk wontên ing jawi | lamun bupati angintun | bèbèk kambing miwah uwos ||

25. punika botên patut |

--- 6: 186 ---

yêkti nistha kalamun ginêpuk | lamun ratu praptane ambantu jurit | punika pantês ginêpuk | kalamun tan purun awor ||

26. marang agamanipun | manut kawula gih yayi prabu | langkung saking prayoga ingkang para ji | sadaya rêmpêg kang rêmbug | kadya Kewusnendar Katong ||

27. nulya Prabu Tasangsul | kalawan sira Sang Prabu Urmus | ngêlar-êlar jajahan măncanagari | tinumpêsan yèn tan mantun | dènira mêmăngsa uwong ||

28. Rajèng Makwah tinuduh | lawan ta sira Raja Kalkuwur | tuwin para ratu Kulub Kubarsi |[18] tinumpês wong buminipun | yèn ora mari badhog wong ||

29. lamun ngaku ping tulu[19] | nuli pinatèn yèn nora manut | inguripan kinèn asalin agami | yèn tan purun gya linampus | gègèr busêkan sagung wong ||

30. kathah kang ngungsi gunung | sami dèn êsuk marang ing pucuk | cinêkêlan pinirsa tinitik-titik | tutura sapangrungumu | sapa tabêri badhog wong ||

31. ana wong kang tan ngaku | ingkang satêngah ana kang tutur | ngrika wontên sadesa ingkang tabêri | têkan bocah cilikipun | wong wadon sami badhog wong ||

32. ing Drêngos wastanipun | sadhusun wontên isi wong satus | botên kêni dèn sanjani dèn ampiri | dhumatêng măncapatipun | nuntên cinêkêl binadhog ||

33. bêkêle Abu Jêmbul | inggih kadange pun Banisablu [Ba...]

--- 6: 187 ---

[...nisablu] | wong kêkalih punika ingkang ngajani | dhatêng anak putunipun | ngrungu macêpat wong kulon ||

34. miwah wong wetan kidul | suwung desa wong măncanêmipun | nadyan inggih wong mănca sapuluh gusis | ajrih dhatêng Abu Jêmbul | sangêt buyanipun uwong ||

35. sigra mantri tinuduh | sakawan ambêkta ngawan atus | balanipun Raja Wiswèl ing Kanardis | prapta dhusune kinêpung | tinumpêsan lanang wadon ||

36. têka bocahe gêmpur | sadesa pisan tumpêsan lampus | lare cilik nora nana luput siji | wonge lanang tumpês lampus | sadaya sami kinêthok ||

37. pinanjêr sirahipun | jawining dhadhah mubêng atêpung | tan ana kang malua panjêrannèki | lanang wadon ingkang sêpuh | sami pinanjêr jêjodhon ||

38. giris kang sami ngrungu | yèn ing desa Dêrngos ginêmpur |[20] parentahe Sang Natèng Ngrum Burudangin | kêkês awingwrin kêlangkung | kêcandhak kang lunga adoh ||

39. dhusun ing Dêrngos puniku |[21] tumut ing lurah gamêl sang prabu | saking pura inggal wau kapiyarsi | kalamun barising mungsuh | angubrês kang badhog uwong ||

40. saênggone dèn êsuk | ginêcak-gêcak dhase lan watu | pan misuwur Prabu Irman amiyarsi | kang sangêt prihatinipun | balane wus kalong ewon ||

41. kintun sêrat angutus | ing Radèn Wahas ingkang lumaku | katêmua [ka...]

--- 6: 188 ---

[...têmua] kakang Prabu Burudangin | matura patobat ingsun | mring kakang prabu ngong kapok ||

42. Radèn Wahas wus mêtu | ing dalu wadya tan ana wêruh | praptèng kuwonira Natèng Burudangin | Radèn Wahas sampun pangguh | lan Burudangin Sang Katong ||

43. Radèn Wahas turipun | amba dinuta arinta prabu | Irman minta pitulung wadyane mangkin | kathah longe sabên dalu | wadya Mêdayin cinolong ||

44. mangkya nêlangsanipun | rayi paduka Natèng Mêdayun | angandika Sang Natèng Ngrum Burudangin | ngong pikir lawan sang prabu | Urmus senapatiningong ||

45. ingaturan wus rawuh | tata alênggah Sang Raja Urmus | hèh ta paman Wahas pêkênira prapti | punapa ta kang kinayun | Radèn Wahas matur alon ||

46. inggih anggèr ingutus | sakathahing atur pan wus katur | raka tuwan Sang Natèng Ngrum Burudangin | nauri mila puniku | ngaturi manising raos ||

37. Dhandhanggula

1. raka paduka karsanya mangkin | anêlăngsa saking kaluputan | samangke ngraos lupute | saking ta bêgjanipun | kataliwêng laku tan sipi | Raja Urmus ngandika | lamun kakang prabu | Tasangsulngalam nanggunga | pan katanggung yèn kula botên kadugi | ajrih lamun nanggunga ||

2. kakang Yujana kakang Kuwari | wartènana ing raos punika | Tasangsulngalam nulya ge | ngaturi para ratu | dhêdhêmitan pating kalêsik [ka...]

--- 6: 189 ---

[...lêsik] | Sang Prabu Kewusnendar | lan Maliyat Kustur | Kemar Kalbujèr wus prapta | miwah Prabu Dukyanus lawan Dukyadis | praptane tanpa wadya ||

3. sami alênggah pating kalêsik | para ratu bagèkkên sadaya | ing Radèn Wahas praptane | sami suka gumuyu | eyang-eyung panggawe iki | karyane Radèn Wahas | ingkang eyang-eyung | poyang-paying apuyêngan | mangke ngiyêng balane ing sabên wêngi | cinolong akèh ilang ||

4. kudu ngungsi nagarine eblis | adol umbag dika Radèn Wahas | ajêng ngêrobi langguke | têka karoban langguk | kirang awas dika puniki | sangsaya gujêngira | sagung para ratu | ana nyablèk Radèn Wahas | angandika Sang Natèng Ngrum Burudangin | kakang prabu sadaya ||

5. miwah yayi-yayi prabu sami | rewangana ananggung kawula | ing Prabu Irman lupute | lagi sapisan iku | mêsakake inggih puniki | yèn botên tinulungan | wadyanipun gêmpur | sabên dalu binadhogan | kalong ewon Rajèng Kulub matur aris | suwawi ginêndhingan ||

6. yèn wus rayi paduka Mêdayin | sampun tuwan tarima tobatnya | inggih sampun manjing age | saking kitha pukulun | abdi tuwan pun Baubadrin | Kalbèn Badras lan Kuncrat | Badakir Kalkuwur | sami manjinga jro kutha | anjagani amapag cidranirèki | dados sahing prakara ||

7. sasat mêthuk rayinta Mêdayin | nadyan inggih tuwan andikakna |

--- 6: 190 ---

sandika ngawaki dhewe | alon dènira muwus | sira Prabu Ngrum Burudangin | yayi prabu prayoga | rumêksa wong agung | yayi Mêdayin kalonga | anêmua kiwul sakarsanirèki | riyêg para narendra ||

8. wanci pukul sapuluh rinakit | wus samêkta sagunge pra kêmat | ingkang măngka têtindhihe | Kabujèr Rajèng Kulub | wontên kawan atus prajurit | wong Ngungsur lan Kalkiyah | Kubarsi lan Kulub | wong Burudangin akathah | Raja Wiswèl anjagani prange rêmpid | Kalbujèr kondhang ing prang ||

9. Radèn Wahas sarêngira pamit | lampah nilip saking jroning kitha | datan kawruhan ing ngakèh | praptanira jinujug | pakuwone Rajèng Mêdayin | ing kêbon patamanan | pêpungkuranipun | Radèn Wahas panggih lawan | Prabu Irman lampahe katur bêbisik | yèn karsanya kang raka ||

10. sang aprabu ing Ngrum Burudangin | amrih kiwule wadya paduka | ingkang minăngka icale | anilip Rajèng Kulub | tuwan wêngi puniki sami | samêkta asadhiya | barang rèh wus katur | binisikan rêrêmpidan | wus mangkana nimbali Rêkyana Patih | Baktiyar praptèng ngarsa ||

11. angandika Sang Rajèng Mêdayin | paran iki hèh Patih Baktiyar | wong Mêdayin kèh kalonge | ginayêman bên dalu | matur nêmbah rêkyana patih | tuwan antos sakêdhap [sakê...]

--- 6: 191 ---

[...dhap] | wau sang aprabu | duka Sri Bupati Salsal | amiyarsa balane dipun tumpêsi | dhatêng Tasangsulngalam ||

12. tiyang dhusun miwah wukir-wukir | Raja Irman alon angandika | pangrunguningsun ing mangke | mila ing luwangipun | ingkang padha amăngsa janmi | ginitik saênggonnya | katêmu ginêmpur | balane Tasangsulngalam | kang dèn umbar prajurit Ngrum Burudangin | ngosak-asik padesan ||

13. nora kaya tuturira iki | patih matur inggih sok tiyanga | Sang Prabu Salsal milane | ing wingi punika wus | nglampahakên sèwu prajurit | malih kang doyan mêntah | manjing baris agung | yèn wus gègèr binadhogan | Kyana Patih Baktiyar tur sêmbah mijil | marang pakuwonira ||

14. kawarnaa dutane narpati | anglampahkên cidra amamăngsa | nêkakakên bramatyane | Raja Salsal puniku | kang dinuta pikir nèng margi | pangarêpe sakawan | enake ing laku | padha sêsèmèk ing dalan | nadyan manjing ing barisan agêng malih | wus sêgêr bok nêmu prang ||

15. padha mampir pondhokan Mêdayin | asêsarap wus rêmbug sadaya | mampir bêbadhog sêdyane | warnanên Rajèng Kulub | sakancane wus amiranti | kori kidul jinaga | sagêgamanipun | kêmate sampun pinasang | duk tumingal ana wong sèwu mêrpêki | nêdya mampir sarapan [sara...]

--- 6: 192 ---

[...pan] ||

16. dupi parêk puthon dèn gêtaki | kumarutug kang pêputhon waja | ting klêpruk nêmpuh êndhase | bindi gada tumanduk | kêmatira wadya Kubarsi | pitu pat sarêng mangsah | ana têlung puluh | busêkan kang arsa măngsa | anggêlasah lir pendah babadan pacing | kang wuri marang ngarsa ||

17. tan anyana yèn băndakalani | dene datan ana swaranira | amung wêruh gumapruke | kang rubuh kabarubuh | ana ingkang dipun cêkêli | wong sèwu sampun sirna | rong jam gêmpuripun | kang kacêkêl kinêthokan | wus mangkana Baktiyar kang dèn sirêpi | sabalane anendra ||

18. budhal dalu Sang Rajèng Mêdayin | ingkang repot prasami tinilar | kasusu sangêt lampahe | sakèthèng kang atunggu | bupatine wus dèn lunasi | tumpês sawadyanira | dene Rajèng Kulub | lawange sampun binuka | pan gumrêdêg wêdale bala Mêdayin | têlung jam dèrèng têlas ||

19. ingkang repot sami dèn êntosi | Raja Wiswèl tinuduh ngaria | tunggu lawange sêkèthèng | Irman ratune sampun | praptèng kuwu ing Burudangin | mèh êbyar têlasira | wau kang winuwus | Raja Salsal dutanira | animbali enjing mring Rajèng Mêdayin | pan arsa ăndrawina ||

20. mulat lamun pêsanggrahan sêpi | bangke prajurit ing Kalakodrat | wong sèwu atumpês kabèh | sami andêling pandung | duta marang pakuwon [pa...]

--- 6: 193 ---

[...kuwon] patih | Baktiyar maksih nendra | lan sabalanipun | ginugah aguragapan | marang duta ratunira anèng ngêndi | sabalane tan ana ||

21. ana bangkene wong sèwu iki | padha jurune maling sang nata | kang wignya măngsa wong kabèh | Baktiyar mara gupuh | mring pakuwon nyata yèn sêpi | Baktiyar dharodhogan | paran ta sang prabu | aninggal lolos maringwang | ingsun andhêg duk sore nari mring mami | iki mêsthi dèn gawa ||

22. mring balane Natèng Burudangin | kang nimbali asru dènnya ngucap | lah ta baya sira age | apan ratumu suwung | payo marêk ing sri bupati | Baktiyar atholtholan | pucêt ulatipun | janggute kadi kitiran | badhe mopo ajrih sêksana lumaris | praptane pênangkilan ||

23. katur lamun minggat wong Mêdayin | sawadyane agusis sadaya | amung kantun pêpatihe | lan bala tuwan lampus | tukang maling kang măngsa janmi | sèwu tumpês sadaya | nèng pondhok Mêdayun | mantrinipun kinêthokan | sang aprabu têdhak anitih turanggi | kalawan para nata ||

24. amariksa dutane narpati | prapta pondhok Mêdayin tumingal | dènnya gêlasah kang bangke | eram kang sami dulu | Raja Unuk Marjaban angling | matur marang sang nata | punika pukulun | senapati pabarisan | pêndamêle Sang Nata Ngrum Burudangin [Bu...]

--- 6: 194 ---

[...rudangin] | dutane aprang kêmat ||

25. Sri Marjaban angling mring ki patih | apa ora tarèn marang sira | Si Irman iki lolose | Baktiyar nêmbah matur | inggih wingi sontên anari | prakawis ingkang wadya | kathah icalipun | sabên dalu dipun măngsa | kalong ewon agiris arsa ngoncati | kawula sangêt mênggah ||

26. prapta mantri kang ajaga kori | tur wuninga punggawane pêjah | kang têngga kori sakèthèng | tumpêsan wadyanipun | goyang muka sri narapati | Baktiyar kinunjara | wêsi tinarungku | lawan samantrine pisan | sigra kundur marang panangkilan aglis | wau Sang Raja Salsal ||

27. aturipun prajurit para ji | luwung tuwan miyosana aprang | wong Arab lêga manahe | yèn tuwan nampik mungsuh | sayêktinya datan ngobêri | wong Arab prange kêmat | upami pukulun | miyosana ing ayuda | mênggah sampun alêga rasaning galih | kèndêl pakarti kêmat ||

28. Patih Kalkal saosa sirèki | pasanggrahan ingkang tarub rambat | ing jaban kutha dèn age | prajurit para ratu | akaryaa pakuwon jawi | sun arsa mêtoni prang | sandika turipun | kunêng ingkang kawuwusa | Prabu Irman pinanggihan ing para ji | golong satingkahira ||

29. ingkang sasar sakêcapan mangkin | Patih Baktiyar tinilar kitha | turu tinilar angkate | wau Sang Raja [Ra...]

--- 6: 195 ---

[...ja] Urmus | ingkang dèrèng purun manggihi | akêdah binanguna | ing sahadatipun | yèn dèrèng nganyarkên sadat | nèng ngarsane kakang Prabu Burudangin | nadyan kadang dêr murtad ||

30. tinurutan Irman sadat malih | nèng ngarane kang para narendra | sadat padu sor têgêse | wusnya umangkat katur | amba dhèrèk sakarsanèki | kasêksèn para nata | Prabu Urmus rawuh | nanging tan arsa tur sêmbah | linairkên mring Natèng Ngrum Burudangin | parentah kang wus dhawah ||

31. pinartiga nagari Mêdayin | rayi dika Urmus kang saduman | rong duman inggih têtêpe | maksih dika puniku | para ratu lan pra dipati | mantri lan ulubalang | pinartiga sampun | wus eca kang para nata | andum sami Urmus lan Irman Narpati | wus trima-tinarima ||

32. wus miyarsa Natèng Burudangin | lamun Salsal akarya wangunan | tinarub rambat badhene | suka kang para ratu | dene sida miyosi jurit | Patih Kalkal andina | karya tarub agung | prajurit kang para raja | wus apajêg barise anèng ing jawi | balabar pakuwonnya ||

33. kunêng ingkang kawuwusa malih | ing Kuparman Sang Surayèng Jagad | sampun tampi sasmitane | parentahing Hyang Agung | pangluruge waktu puniki | lamun ta sampun bêdhah | Jaminambar besuk | ing kono panglanturira | lajêng napis lor kulon pinggire langit | mêrangi brêkasakan [brê...]

--- 6: 196 ---

[...kasakan] ||

34. cocog lawan wangsitira nguni | Ki Sèh Betaljêmur duk ing kuna | anulya ngundhangi age | saduman ingkang kantun | kang rong duman binêkta jurit | dene ingkang rong duman | wus kalong rumuhun | mangkana Sang Kakungingrat | angundhangi samêkta kaprabon jurit | budhal Sang Kakungingrat ||

35. wusnya bêkti dhatêng ibu sori | para garwa pan kantun sadaya | miwah para ratu kabèh | ingkang padha pinukul | liwat kathah lumahing bumi | ratu mamăngsa janma | lan sabalanipun | lan badhe lajêng lampahnya | maring kutha Jaldahas lan kutha Jamsit | jêjurang pèrèng parang ||

36. tan winar lampah agêng nênggih |[22] lawan warna-warnane kang bala | miwah ing marga lamine | nênggih panganjuripun | wontên longkang kawan dasa ri | Rajèng Kohkarib lawan | kadang patang puluh | lan putra Rajèng Talsiyah | Banuarli lêpas lampahe nyundhuli | Sri Naranata Selan ||

37. lan kang putra Prabu Samasrawi | nulya Prabu Sêmakun Gumiwang | sawadya para ratune | wuri Prabu Tamtanus | lawan sagung para narpati | lawan kang para putra | nulya wurinipun | Adipati Tasikwaja | sawurine Wong Agung Surayèng Bumi | satriya Parangteja ||

38. Pangeran Kelan Sri Parangakik | Rustamaji lan Rajèng Karsinah | sami ing wuri lampahe | putra kêkalihipun | ing Kuwari Hasim Katansi[23] | sami amor ing

--- 6: 197 ---

wuntat | amêkasi pungkur | Sang Raja Kuwari Usman | lan putrangkat Rahadèn Amir Anjilin | wadya kados hèrnawa ||

39. sampun lêpas lampahe kang baris | ngambah wana agêng gêgêrotan | kang tinurut salasahe | ingkang mangkat rumuhun | dèrèng ical labête maksih | Sang Prabu Kewusnendar | lan sabalanipun | salasahe lusah-lusah | kang parigis sagung kêkayon wanadri | kang tinut bala ngarsa ||

40. tan winuwus lamine nèng margi | prapta jajahan ing Kalakodrat | wus ngambah têpiswiringe | mangkana miyarsa wus | sri bupati ing Burudangin | ngundhangi marang wadya | karya tarub agung | tuwin saos pasanggrahan | praptanira Wong Agung Surayèng Bumi | kurang samadya căndra ||

41. wau Raja Salsal sampun mijil | dados sanggrahanira kasukan | lawan sagung prajurite | agung ing sabên dalu | Kyana Patih Baktiyar nênggih | lamine pinanjara | wêsi tinarungku | sampun kawan dasa dina | linuwaran kang badhe dèn têtakoni | yèn mêtu bala Ngarab ||

42. aranipun ratu siji-siji | Patih Baktiyar kinèn nunggila | Sang Unuk Marjaban gone | mangkana Sang Aprabu | Salsal arsa angabên jurit | lawan bala Kuparman | ingkang para ratu | enjing anêmbang têngara | mijil Prabu Salsal barise miranti | Sang Sri Tasangsulngalam ||

43. atêngara sagunge para ji | mijil barise [bari...]

--- 6: 198 ---

[...se] sampun akapang | kêpung kalangan wadyane | sagung kang para ratu | sampun munggèng ing palowani | sèn-isèning wijoan | sira Prabu Urmus | wus munggèng ing padmasana | Raja Salsal ingayap sagung prajurit | tan sêdya mundur ing prang ||

38. Durma

1. Raja Salsal angatag prajuritira | ratu ing Tambangtimis | Sang Raja Giyalyal | mangsah nitik mong pêthak | manglaga asikêp bindi | praptèng payudan | sêsumbar nguwuh tandhing ||

2. mêtonana payo prajurit Kuparman | sapa arsa ngêmasi | iki papagêna | andêling Kalakodrat | wau tan bêtah miyarsi | amit anêmbah | Sang Raja Jabalsahir ||

3. wus ingidèn ing Gusti Tasangsulngalam | mangsah wahana èsthi | pan asikêp gada | prapta ayun-ayunan | sapa aranmu prajurit | mêtu ngalaga | sun Raja Jabalsahir ||

4. ing Minabat kuthaningsun kang minăngka | andêling Burudangin | sapa aranira | prajurit Kalakodrat | ingsun Ratu Tambangtimis | ngong Raja Yalyal | payo ta Jabalsahir ||

5. akudhunga parisamu băndabaya | dèn yitna ingsun bindi | Sang Raja Minaban | kudhung parise waja | Raja Yalyal mutêr bindi | surak gumêrah | tumêmpuh ingkang bindi ||

6. kadi gêlap katulak ing paris waja | astanira tan osik | Sang Raja Minaban | Raja Salsal têtanya | hèh Baktiyar sapa iki | sigra tur sêmbah |

--- 6: 199 ---

prajurit ing nrêpati ||

7. wadyanipun Sang Prabu Tasangsulngalam | nama pun Jabalsahir | kuthane Minaban | ratu andêling yuda | tate amungkasi kardi | wau kang aprang | rame bindi-binindi ||

8. nulya mindho gadane kadya kitiran | tibane gada siji | sami lawan papat | kèthèr Sang Raja Yalyal | bingung kuwur ing panangkis | kuwat tur bisa | Sang Prabu Jabalsahir ||

9. pan kaplêsat parisira Raja Yalyal | sirahe kêna bindi | kuwating panggada | lawan macane pêjah | surake gumuruh atri | bangkene Yalyal | amor sima lan siti ||

10. sami eram prajurit ing Kalakodrat | wau saklangkung runtik | prapta Patih Kalkal | panggih ayun-ayunan | sapa ranmu kang prajurit | matèni Yalyal | sun Raja Jabalsahir ||

11. sira sapa sumaur sun Patih Kalkal | dèn eling Jabalsahir | iya tadhahana | iki panggadaningwang | warak titihane patih | sigra kinêbat | têmpur bindi-binindi ||

12. gajah tangkêp gapyuk sinêrot ing warak | miring gadhinge manjing | sêsalange warak | suru manjing andhêman | kang niti[24] bindi-binindi | kang tinitihan | udrêg sarêng kairing ||

13. kagulimpang kang nitih sarêng kaplêsat | tibane barêng tangi | barêng buwang gada | sarêng anarik pêdhang | pinêdhang warake patih | gulune pagas | gajahe Jabalsahir ||

14. wus pinêdhang [pi...]

--- 6: 200 ---

[...nêdhang] janggane mring patih pagas | sarêng amarêpêki | rok pêdhang-pinêdhang | dangu main prang pêdhang | rusake[25] gumuruh atri | mungsuh lan rowang | suka dènnya ningali ||

15. buwang pêdhang duk arsa candhak-cinandhak | kasaru têtêg muni | ngundurakên ing prang | surya nunggang ancala | bubar kalih kang ajurit | lajêng bujana | ing pakuwone sami ||

16. Raja Jabalsahir langkung sinambrama | mring Gusti Burudangin | Raja Urmus milya | nglopa Raja Minaban | para nata sami nglarih | Sri Kewusnendar | ping tiga mara nglarih ||

17. nyata baik prajurite adhi lurah | Si Raja Jabalsahir | katanggênên sira | kurang thithik rikatnya | sêmbadanana rêspati | panggadanira | jipat lawan para ji ||

18. angandika Sang Prabu Tasangsulngalam | hèh iku Jabalsahir | sira èstokêna | kakang Prabu Yujana | wulange ratu linuwih | matur tur sêmbah | sandika Jabalsahir ||

19. mudhun nyandhak gada wau Kewusnendar | Jabalsahir nèng wuri | iya tingalana | yèn sira aprang gada | mangkene yèn arsa gitik | yèn wus anggada | mangkenea anuli ||

20. pamilare sarwi nyabêtake ulat | binuwang nganan ngering | ulate kang netra | yèn wus mutêr gadanya | mingkisa lambe kang kering | ulat tajêma | gèdhèg tênggak ping kalih ||

21. sami suka gujênge kang para nata | bêsuse ngajar jurit | Prabu Kewusnendar | ratu

--- 6: 201 ---

sêdhêng dêdêgnya | ngêjèpi para nrêpati | prajuritira | Natèng Ngrum Burudangin ||

22. anulya tri para ratu kang tut wuntat | anèng wurinirèki | Prabu Kewusnendar | mèsêm dènnya ngandika | adhi lurah bibisani | dikon angajar | jawane ingsun iki ||

23. samya gumyak gujênge kang amiyarsa | dadya wau sawêngi | dènira drawina | angiras ajar-ajar | apan satuhu linuwih | Sri Kewusnendar | pratingkahing ajurit ||

24. pan sakawan balane Tasangsulngalam | kang ingajar sawêngi | dènira prang gada | dene Sri Kewusnendar | ya ta kawuwusa enjing | myarsa wus cêlak | praptèng Rajèng Kohkarib ||

25. samya mêthuk Sang Prabu Tasangsulngalam | panggih Natèng Kohkarib | lan sawadyanira | miwah wau kang putra | sira Raja Banuarli | Rajèng Talsiyah | dadya tan mêtu jurit ||

26. dina iku apan ta sami ubêkan | anggili awit prapti | pan sadina-dina | para ratu kang prapta | pinêrnah pakuwon sami | kang para nata | cucuk makuwon sami ||

27. Raja Salsal dangu paran ta wong Arab | nora mêtu ajurit | Patih Kalkal nêmbah | pukulun gustinira | Wong Agung Surayèng Bumi | cucuke prapta | inggih dintên puniki ||

28. pan sawulan balane kadi tan têlas | mila tan mijil jurit | bala ing Kuparman | ngandika Raja Salsal | iki ta lêga tyas mami | yèn [yè...]

--- 6: 202 ---

[...n] uwis prapta | iya Si Jayèngmurti ||

29. sampun lami dènnya saos pasanggrahan | Natèng Ngrum Burudangin | ya ta kawarnaa | têlas prapta sadaya | balane Natèng Kohkarib | Sang Prabu Selan | prapta ing dintên malih ||

30. nulya Prabu Gumiwang kalawan Yunan | prapta sadina malih | Ngabêksi lan Kebar | Turki Santari prapta | Adipati Guritwêsi | barise prapta | cêpak baris jro prapti ||

31. pamêthuke sagunge kang para nata | Natèng Ngrum Burudangin | akêkanthèn asta | lan Urmus sarêngira | Kewusnendar sarêngnèki | Sang Raja Irman | dene kang têngga baris ||

32. Sri Maliyat Kustur Kalbujèr kalawan | Dukyanus lan Dukyanis | kang amêthuk têbah | Prabu Tasangsulngalam | lawan Urmus Sri Bupati | ingkang pinapag | wong agung wus apanggih ||

33. ngaras pada ingaras lungayanira | mring Sang Surayèng Bumi | langkung sami suka | katur waluyaning prang | lawan kang rayi Mêdayin | Sang Prabu Irman | èngêt anungkul malih ||

34. pun Baktiyar lolose botên kabêkta | gugup milane kèri | anèng jroning kutha | binêlok cinêngkalak | lami mangkya dèn luwari | dupi mijil prang | asmara dèn takoni ||

39. Asmaradana

1. lan pratingkahing ajurit | bala saking Kalakodrat | katur sadaya solahe | budhal suka amiyarsa | sira Sang Kakungingrat | tan antara [a...]

--- 6: 203 ---

[...ntara] wus atundhuk | Irman sarêng Kewusnendar ||

2. Irman ngrungkêbi anangis | anèng padane kang raka | Kewusnendar lon wuwuse | anggèr sampun jamak umat | laline mila lêpat | nanging lêpat kaping pitu | sok sampun tinggal agama ||

3. lamun agami Ibrabim | mêlarati binucala | inggih jaman kitrah mangke | wasesa inggih trah Mêkah | mila rayi paduka | Urmus runtiknya kalangkung | tan emut ing kadang tuwa ||

4. matur mring jêngira Amir | Sang Aprabu Kewusnendar | rayi tuan ingkang anèm | inggih botên purun tămpa | tundhuke ingkang raka | apan botên purun nanggung | winastan lècèk agama ||

5. kang raka pinundhut mulih | kinèn amaos sahadat | ing ngrasane para katong | mèsêm Risang Kakungingrat | miyarsa aturira | sarwi mêtêl wêntisipun | Narapati Kewusnendar ||

6. uluning pêdhang linirik | sira Prabu Kewusnendar | ngadhang-adhangi ciptane | kaya nuli cinandhaka | janggane Prabu Irman | lah wong mangkono dèn ingu | arine karo prayoga ||

7. siji iki bakal licik | padha ipe jêr kêparat | nuju Marmaya sandhinge | anèng ngarsane wong Menak | lawan kang para putra | Rustamaji datan purun | manggihi dhatêng paman |[26]|

8. Adipati Guritwêsi | mèlèd-mèlèd lathinira | apan sarwi gèdhèg-gèdhèg | Irman pan maksih [ma...]

--- 6: 204 ---

[...ksih] karuna | wong agung angandika | wis mèndêla ariningsun | wungua payo alênggah ||

9. kang rayi wungu alinggih | tumungkul maksih karuna | mung kari sênggruk-sênggruke | wong agung ngawe kang putra | Parangakik Karsinah | Pangeran Kelan prapta wus | wotsari dhatêng kang paman ||

10. wusnya makuwon sawêngi | enjing budhale kang wadya | satêngah ari praptane | manjing pêsanggrahanira | kang dadi pamondhokan | kitha Kalakodrat pênuh | kadya mêndhung sabuwana ||

11. kadya tasik tanpa têpi | gumuruh sagunge bala | wong jro kutha kêkês tyase | mulat gunge mungsuhira | kadya samodra wutah | Raja Salsal drawina gung | datan miris manahira ||

12. antawising tigang ari | wong agung ing praptanira | kèndêl sami para katong | tan wontên mijil ayuda | miwah Sang Raja Salsal | anut sasukaning mungsuh | sapraptaning patang dina ||

13. Wong Agung Surayèng Bumi | animbali para nata | Wong Agung Parangtejane | lan Wong Agung Tasikwaja | miwah Rajèng Gumiwang | sira Sang Prabu Sêmakun | kang tinari ing prakara ||

14 mudhêng ing rèh agal alit | Urmus mung agal kewala | undhagi pikir arine | ing aprang sampun prawira | mila wênang ajajar | lawan Sang Prabu Tamtanus | myang Wong Agung Parangteja ||

15. ngandika Sang Jayèngmurti | yayi mas Tasangsulngalam | maksih karyanira

--- 6: 205 ---

kiye | sira yayi mêtua prang | ngadua para nata | manira arsa andulu | yudane wong măngsa janma ||

16. prabu ing Ngrum Burudangin | tur sêmbah inggih sandika | miwah kang rayi wotsinom | Raja Urmus sarêng mêdal | miwah Tasangsulngalam | praptane pakuwonipun | narendra kalih têngara ||

17. têtêg kêndhang lan thongthonggrit | puksur bèrine wurahan | samêkta mijil barise | wau Raja Kalakodrat | nimbangi atêngara | barise mijil kumêbul | rakit nèng papan gumêlar ||

18. prajurit para narpati | kang sami anitih macan | tur sami langkung agênge | sadaya sami lan kuda | watara pitung dasa | kang sami ratu gêgêdhug | tan têbah lan Raja Salsal ||

19. munggèng ing palăngka rukmi | kang rayi Balbal wus waras | munggèng ing kursi jajare | Sang Raja Unuk Marjaban | Baktiyar nèng wurinya | wau Sang Raja Tasangsul | lawan Urmus nèng wijoan ||

20. andhèr kang para narpati | Wong Agung Surayèng Jagad | amung kang upacarane | mung ngabên kang para nata | balane baris kapang | akapang kalangan têpung | para nata para putra ||

21. sigra angatag prajurit | Salsal kang anitih macan | sakawan ratu andêle | Raja Galgal Raja Walwal | Palpal Raja Nalnal |[27] prapta payudan anguwuh | wau kang ratu sakawan ||

22. Sang Natèng Ngrum Burudangin | mit mangsah salin wahana | nênggih [nêng...]

--- 6: 206 ---

[...gih] amêng-amêngane | gêrgabèl sipate baya | sukune mung rong asta | saandaka agêngipun | ing ngandhap suku sadasa ||

23. pinêlanan kadi èsthi | mawi siyung rangap-rangap | buron sagara angsale | nanging dèn ingu dharatan | kalamun yèn lumampah | kinêranji ênggènipun | rinuji wêsi sadaya ||

24. ulam loh ingkang binukti | tadhahe satus sadina | kang sawêntis-wêntis gênge | sirahe rinajawêtha | rinawis ing sêsotya | tur sêmbah pêksa umagut | angawaki ing ayuda ||

25. Sang Natèng Ngrum Burudangin | samêkta palu rante mas | sigra anitih gêrgabèl | lumarap marang payudan | panggih ratu sakawan | surake bala gumuruh | kang aprang ayun-ayunan ||

26. ratu papat têtanya ris | sapa aranmu narendra | têtunggangamu mangkono | apa wong dhasar sagara | putune Ăntaboga | sumaur ingsun Rajèng Ngrum | Burudangin kang kinadang ||

27. marang Sang Surayèng Bumi | ya Sultan Tasangsulngalam | nadyan akèh para ipe | iki ipene dandanan | ing aprang widigdaya | narendra sakawan gupuh | sarêng angêtab pragalba ||

28. sarêng nêmpuh anggadani | Sang Prabu Tasangsulngalam | ngadêg nèng luhur gêrgabèl | Sang Raja Salsal têtanya | iki ta ratu sapa | kulit putih gêng aluhur | dhegus uwong kang mangkana ||

29. Baktiyar matur wotsari | sang nata

--- 6: 207 ---

inggih punika | Tasangsulngalam warnine | ratu agêng binathara | sinêmbah sami nata | ngrèh ratu sèwu nêm atus | kang sami amăncapraja ||

30. tur sami ratu prajurit | balane Tasangsulngalam | Ngrum Burudaning kithane | tunggangane iku apa | anèh lan para nata | Baktiyar nêmbah umatur | pukulun dèrèng uninga ||

31. pan sawêg mijil puniki | adate liman kewala | kang minăngka titihane | wau kang ayunan aprang | prajurit Kolakodrat | sakawan sami angrubut | Kalkal Nalnal Walwal Palpal ||

32. datan kewran ing panangkis | Sang Prabu Tasangsulngalam | sigra ngulur palu rante | sinabêt sakawan pisan | pulêt lir pinijêran | sinêndhal sigra ngalumpruk | macane lawan kang nunggang ||

33. ginubêt kacakup sami | pinutêr palu rante mas | gêbyar-bêgyar mubyar tinon | sinabêtakên ing kisma | luluh ratu sakawan | amor lan titihanipun | pragalba sakawan pisan ||

34. surake gumuruh atri | eram kang sami tumingal | Sri Burudangin yudane | pratingkah solahing aprang | mêdhun saking wahana | ginêtak gêrgabèlipun | sumêbut mêmăngsa macan ||

35. gègèr mungsuh dèn parani | kang sami anitih macan | sinaut siyung sumêlèt | ing buntute patang dhêpa | akèh rêbah bêlasah | untung kang rikat lumaku | awor kang nitih turăngga ||

--- 6: 208 ---

36. busêkan kang nitih èsthi | mung kuda nora pinarag | mung pinêlêng macan bae | sirna macan pitung dasa | ngarsane Raja Salsal | eram kang sami andulu | prajurit ing Kalakodrat ||

37. ratu sakawan kang mati | kuwandane nora kalap | luluh dene palu rante | kuwănda luluh wor kisma | wau titihanira | gêrgabèl pan sampun wangsul | sigra malih tinitihan ||

38. ingkang mêthuk songsong prapti | sakawan munggèng palana | nênggih wontên pirantine | wontên andêl Kalakodrat | nagari ing Ngurêngkang | Risang Calcal wastanipun | wasis ing prang tur paekan ||

39. amit mangsah nitih krênis | dhapuripun kadi banyak | kadi trênggiling sisike | buntut êlar kadi mêrak | cucuk cinathok êmas | mung sakuldi agêngipun | yèku buron bêrkasakan ||

40. ilate mung têlung nyari | panjangipun mung sadhêpa | abrit ampuh pênyaute | kadi parud ngêrindhan |[28] singa sinaut rantas | Raja Salsal mèsêm muwus | hèh iya Tasangsulngalam ||

41. măngsa wurunga ngêmasi | kowe aprang lan Si Calcal | durung wêruh kêtegane | sumêbut praptèng ranangga | sampun ayun-ayunan | praptèng Sang Raja Kalkuwur | kinêjepan mring gustinya ||

42. Natèng Kubarsi ngajani | rumêksa Tasangsulngalam | datan kawruhan ing ngakèh | dhêpès ngajênge pêlana | binêktan pêputhon [pêpu...]

--- 6: 209 ---

[...thon] mas | marang sang prabu ing Kulub | wêrit datan ana wikan ||

43. Rajèng Ngurêngkang ling aris | hèh sira Tasangsulngalam | ambêkmu prang wasis dhewe | iya yèn nagara liya | yèn ana Kalakodrat | pêsthi sira nora payu | iki ratu ing Ngurêngkang ||

44. Raja Calcal aran mami | kêrnis têtunggangan ingwang | măngsa nănggaa maring ngong | sun tate anumpês mêngsah | narpati pira-pira | wong Kalakodrat ya ingsun | andêle yuda kanaka ||

40. Pangkur

1. mèsêm dènira ngandika | sri bupati ing Êrum Burudangin | iya payo sakarêpmu | lamun sira kuwasa | amatèni marang ing saliraningsun | nora pasrah marang sira | pati kagungane Widi ||

2. Raja Kalkuwur sêksana | pinarêngan Calcal angêtab kêrnis | duk lumarap mèh anaut | marang gêrgabèl sigra | sinambêr ing pêputhon asru gumapluk | êndhasira kêrnis pêcah | polo mlopor angêmasi ||

3. Raja Calcal kapalêsat | wus sinambêr pêputhon gapluk kêni | Raja Calcal sirahipun | pêcah utêke muncrat | gya palastra tan ana wruh purwanipun | kang satêngah mungsuh ngucap | baya kêna antu angin ||

4. Raja Salsal sru ngandika | iki priye Si Calcak tê mati |[29] palinthêng gêgamanipun | apa durung tumama | patih nêmbah kadi palinthênge wangsul | dene ta kèndêl kewala | Sang Natèng Ngrum Burudangin ||

5. wontên [wo...]

--- 6: 210 ---

[...ntên] malih ingkang awas | matur nêmbah kula priksa pribadi | yêktos palinthênge wangsul | gumapluk makan tuwan | ratu alit purun mêngsah ratu agung | inggih karoban dêrajad | milane apês ing jurit ||

6. ngungun duka Raja Sasal | datan antuk dènnya ngabên prajurit | nanging kêsaput ing dalu | têtêg ngundurkên ing prang | bubar kalih akêmba ingkang prang pupuh | ing dalu lajêng bujana | Wong Agung Surayèng Bumi ||

7. langkung dènnya sinambrama | mring kang raka Natèng Ngrum Burudangin | alon ngandika wong agung | yayi prabu kaya pa | pratingkahe mungsuhira ing prang mau | dene wong sok măngsa janma | têka repot ing ajurit ||

8. sagunge kang para nata | pan tumungkul sami nglirik ing batin | winatara bok kasêndhu | Raja Tasangsulngalam | nêmbah matur kados punika pukulun | tiyang durakèng Hyang Suksma | inggih gusti ulun dugi ||

9. kados malampah rinuwat | sampun kathah dosa dhatêng Hyang Widi | punika watawisipun | mangsane apês prapta | mila dèrèng pinuju sasolahipun | kados pinacuh ing Suksma | kalangkung kèthèr ing jurit ||

10. wau Sang Surayèng Jagad | amiyarsa ature ingkang rayi | suka gumujêng wong agung | yayi nora kayaa | nagara gung mangkono prajuritipun | mung bisane măngsa janma | sinêndhu apêsing jurit ||

11. lêga tyase para nata [na...]

--- 6: 211 ---

[...ta] | pênyanane kapirsan ing ajurit | saking parêng aturipun | Prabu Tasangsulngalam | ratu wignya ing rèh amăngsa pakewuh | lêjare wau kang raka | suka sagung kang para ji ||

12. lajêng prasamya bujana | para ratu suka tan walangati | dene sănggarunggènipun | sêndhune ingkang raka | saking sagung sadaya kang para ratu | sangêt dènnya asih marma | mring Sang Prabu Burudangin ||

13. ing mangke kaanggêp nyata | pan kaipe mring Sang Surayèng Bumi | wong agung bujana nutug | angling Sang Raja Selan | yayi ing Ngrum Burudangin awak ingsun | besuk esuk lilanana | dimèn ratune mêtoni ||

14. ngong tuwanane cinoba | iya yayi Prabu Ngrum Burudangin | Si Salsal dimèkne mêtu | gumyake kang wus wikan | nora kacèk sausap kalawan ingsun | gêdhene luhure padha | Si Salsal kalawan mami ||

15. padha nyatus sapuluh gas | anauri Sang Natèng Burudangin | sayêktine kakang prabu | sami lawan paduka | nanging inggih kaot anèm lawan sêpuh | pun Salsal sêdhêng damêlnya | paduka mèh kaki-kaki ||

16. sami godhèg simbar jaja | mung salahe Si Salsal badhog janmi | jêng paduka ambêk wiku | pun Salsal nitih macan | kasor saking japa andika sru ampuh | gumujêng ingkang miyarsa | wus bubar sagung para ji ||

17. ing dalu datan kawarna | enjing muni têngarane ing jurit | mungsuh rowang sami mêtu |

--- 6: 212 ---

baris kapang kalangan | sami mijil sakathahe para ratu | nèng amparan dirgasana | Wong Agung Surayèng Bumi ||

18. aglar ingkang para nata | ingkang ngarsa wijoan palowani | Sang Raja Salsal wus mêtu | aglar prajuritira | arsa têdhak angawaki sang aprabu | wahana sumaos ngarsa | angrasuk kaprabon jurit ||

19. pragalba gêng saturăngga | sigra têdhak ngawaki ing ajurit | surake bala gumuruh | wurahan mungsuh rowang | Raja Salsal mangsah nitih macan agung | lêngkèh-lêngkèh lampahira | mulat Sang Natèng Sêrandil ||

20. amit ingidèn umangsah | nitih èsthi kawot kaprabon jurit | mungsuh rowang surak gumruh | prapta ayun-ayunan | duk amulat Salsal dènira tanya sru | sira baya Menak Ambyah | sumaur Natèng Sêrandil ||

21. sun dudu Sayidin Ambyah | iya ingsun narpati ing Sêrandil | kang nama Prabu Lamdahur | andêl kawak-kumawak | bontosane wong Kuparman iya ingsun | angrèh bupati amănca | rong lêksa angrèh bupati ||

22. dhomas ratune pangarsa | pan sakêthi rong lêksa para mantri | apa iya sira iku | kang nama Raja Salsal | ratu ingkang duraka marang Hyang Agung | gawemu sok badhog janma | nauri pan iya iki ||

23. narendra ing Kalakodrat | Raja Salsal sumbagèng ing ajurit | hèh dèn prayitna Lamdahur | sangganên gadaningwang | gya kinêtab pragalbanira [pra...]

--- 6: 213 ---

[...galbanira] sang prabu | mutêr gadanira wawrat | sèwu kalih atus kati ||

24. tumênga panggadanira | duk tumêmpuh kadi gêlap sakêthi | tibèng tangkisira murub | anjrit dipangganira | andharodhog gajahe Prabu Lamdahur | sumaput Sang Prabu Selan | anyata kuwat si bêlis ||

25. sun walês Salsal dèn yitna | ngangkat gada sang prabu ing Sêrandil | Salsal masang tangkisipun | tumêmpuh sawi sênggak | panggadane sira Sang Prabu Lamdahur | lir gunung sèwu tumiba | anggro gumêtêr mongnèki ||

26. darodos karingêtira | Raja Salsal angêtab simanèki | tanpa polah jêngking jênggruk | macane Raja Salsal | surak umyung kadya antariksa rubuh | antuk sisih kang ayuda | arame bindi-binindi ||

27. dheprok macanira Salsal | dipanggane sang prabu ing Sêrandil | gumêtêr têmah anjêrum | kalih sarêng malumpat | samya dharat kang aprang pupuh-pinupuh | tan ana ingkang kuciwa | suka kang sami ningali ||

28. kalih sarêng buwang gada | narik pêdhang pêdhang-pinêdhang gênti | tumibèng ing paris murub | dangu dènnya prang pêdhang | tanpa karya rêmpu pêdhang kalihipun | gya sarêng candhak-cinandhak | agênti tarik-tinarik ||

29. sadina dènira aprang | wus kasaput dalu pur kang ajurit | sampun tinêtêgan mundur | Raja Salsal angucap | besuk esuk tinutugakên Lamdahur |

--- 6: 214 ---

bubar kalih kang ayuda | kukud sakathahing baris ||

30. ing dalu lajêng bujana | sawadyane Risang Surayèng Bumi | pêpak sagung para ratu | aglar munggèng ngayunan | larih midêr janèwêr brênduwin anggur | wong agung alon ngandika | hèh yayi Prabu Sêrandil ||

31. kayaparan Raja Salsal | prakosane matur Natèng Sêrandil | pan inggih dawêg pukulun | nglangkungi para raja | sami lawan Raja Rukwatil pukulun | mèsêm wong agung ngandika | yèn maksiha dadi kanthi ||

32. Si Salsal Rukwatil Polan[30] | alon matur Dipati Guritwêsi | datanpa asil pukulun | pênêd pun Johanpirman | pênêd Raja Barikahar Ngambarkustup | tanpa damêl ingucapa | kèndêl mubêng punang larih ||

33. hèh yayi Prabu Si Salsal | pamuwuse sun kinèn mêtu maning | anutugakên prang pupuh | manira wus sêmayan | ya ta angling ing Ngrum Burudangin Prabu | dhuh kakang prabu kawula | dêstun arsa apêpanggih ||

34. kalawan pun Raja Salsal | anambungi sang prabu ing Kubarsi | aluwung ki lurah sampun | kakang Srandil kang anyar | kula ingkang dèrèng pisan aprang pupuh | lawan bala Kalakodrat | Raja Sêmakun nambungi ||

35. kula kakang dèrèng pisan | sru gumujêng sang prabu ing Kubarsi | dhuh anggèr Prabu Sêmakun | tuwan kang prapta anyar | inggih sarêng raka paduka wong agung | kula kang nyalisik lama | parandene dèrèng jurit ||

--- 6: 215 ---

36. mung kakang prabu ing Selan | ingkang bêgja nuntên sagêd ajurit | dene sami agêngipun | apik Si Raja Salsal | dawêg benjing kula pêthèk botên mêtu | yèn ki lurah miyosi prang | kakang Prabu Burudangin ||

37. adate dèn ajap-ajap | mring ki lurah tan purun mêtu jurit | yèn ki lurah botên mêtu | Salsal mêtu ing aprang | sami suka gumujêng kang para ratu | dèn sirik kaliwat-liwat | kakang Prabu Burudangin ||

38. ing dalu datan kawarna | enjing muni têngara ing ajurit | thongthonggrit gurnang lan puksur | têtêge asauran | sampun mêdal barise kang para ratu | miwah baris Kalakodrat | sampun tata amiranti ||

39. prajurite sampun aglar | Raja Salsal munggèng palăngka rukmi | wong agung nilib gènipun | para prawira aglar | wong agung ing Parangteja munggèng ngayun | Urmus Sêmakun nèng ngarsa | lawan Sang Prabu Yunani ||

40. Lamdahur lan Umarmadya | Kewusnendar lan Natèng Burudangin | banjang[31] ingkang para ratu | Prabu Tasangsulngalam | mêdal ing prang gêrgabèl titihanipun | praptèng papan sumbar-sumbar | rêbutên iki prajurit ||

41. andêle nagri Kuparman | ratu ipe Prabu Ngrum Burudangin | sumbagèng aprang pinunjul | mêtua Raja Salsal | angandika ika dudu Si Lamdahur | Salsal angatag kang paman | Sang Raja Burhum prajurit ||

42. ratu saking [sa...]

--- 6: 216 ---

[...king] ing Kalsandhar | ratu kêmbar Dul ingkang taruni |[32] mangsah Dulhum lawan Ulhum | sami nitih turăngga | ratu iku akathah prajuritipun | kang sami anitih macan | bupati satriyanèki ||

43. aranipun Raja Daldal | sanès ibu lan Salsal ramanèki | Raja Ulhum Raja Dulhum | kalih sami prawira | mila Kalakodrat kèringan ing mungsuh | kang paman kalih prakoswa | mangkana narpati kalih ||

44. prapta rana yun-ayunan | sira iki Natèng Ngrum Burudangin | ngundhamana anak prabu | kaya nora katêkan | lamun isih ratu paman kalihipun | sugal dènnya atêtanya | Sang Natèng Ngrum Burudangin ||

45. sapa ranmu ratu kêmbar | anauri Kalsandhar praja mami | ingsun tuwa Raja Ulhum | Raja Dulhum taruna | dèn prayitna anadhahi gadaningsun | sigra kalih mutêr gada | tumêmpuh ing gada gênti ||

46. surake bala gumêrah | kadi guntur mungsuh rowang barêngi | akuwat panangkisipun | tan osik astanira | pining kalih andêngkèng gêrgabèlipun | mèh alihan ngulêr kilan | irunge kakotos gêtih ||

47. saking kuwate panggada | lan kapadhal dening ingkang nitihi | Tasangsulngalam sru muwus | sun walês dèn prayitna | eling-eling Raja Ulhum Raja Dulhum | sambata ingkang ayoga | miwah surya lawan sasi ||

48. angulur palu rante mas | ingkang wawrat sèwu nêm atus [a...]

--- 6: 217 ---

[...tus] kati | pinutêr kadya kêkuwung | malêngkung gêbyar-gêbyar | kasongane diwangkara kadya daru | siyute kadi prahara | ngadêg pa ana ngunduri ||

41. Durma

1. ragi sompok panjange ingkang rante mas | eram ingkang ningali | anyabêt sêksana | miyat rante kumêlab | kapulêt narendra kalih | lir pinijêran | ginubêdakên kering ||

2. pan karangkud kalih lan turangganira | kumitêr dènnya nguntir | rinangkus rante mas | kinosèr nêngên ngiwa | datan ucul kadi undhi | tinon ing kathah | sinabêtakên siti ||

3. Ulhum Dulhum sumyur bangkene tan kalap | pan kadya dèn sêsuwir | surak lir ampuhan | tiwase Sri Narendra | Kalsandhar sang ratu kalih | satriyanira | nêdya kiwul bêk pati ||

4. kumarubut punggawa anitih macan | wadya Ngrum Burudangin | kang prapta tinulak | tan arsa tinulungan | prajurit rongatus prapti | ing wuri ana | pănca tumrap ta malih ||

5. angarubut jêmparing lawan sarampang | pêdhang gada myang bindi | tan kewran ing aprang | Prabu Tasangsulngalam | lir kitiran umêtnèki | palu rante mas | barukut amagêri ||

6. pira-pira gêgaman prapta katulak | balêdug tibèng siti | anyabêt sang nata | mubêng palu rante mas | ginubêt kang pra prajurit | lamun sinêndhal | ajur luluh wor siti ||

7. kang kaarsa sèkêt satus [satu...]

--- 6: 218 ---

[...s] sami lunas | Natèng Ngrum Burudangin | wuru ing ayuda | malah sangsaya krura | dènira angobat-abit | palu rante mas | mungsuh nèng ngarsa tapis ||

8. dèn ucapkên musanès[33] ahli khikayat | Natèng Ngrum Burudangin | dènnya prang sadina | amatèni prawira | punggawa miwah para ji | tuwin satriya | pitung atus pan luwih ||

9. nitih macan para satriya Kalsandhar | tan ana măngga pulih | tuhu sumbagèngrat | moncol nèng pramudita | Sang Natèng Ngrum Burudangin | ing yudanira | malah kasaput ratri ||

10. tinêtêgan mundur kalih kang ayuda | kukud sakèhing baris | mundure pinapag | Prabu Tasangsulngalam | ing raka Sang Jayèngmurti | rinangkul sigra | mring Sang Surayèng Bumi ||

11. rawat waspa Wong Agung Surayèng Jagad | pagene sira yayi | dènira ayuda | tan arsa tinulungan | bangêt karya walangati | mring sanakira | katuju sihing Widi ||

12. sang aprabu anuwun ing aturira | Natèng Ngrum Burudangin | lajêng andrawina | lan sagung para nata | wau Salsal kang prihatin | angêmu brăngta | kang paman kalih mati ||

13. Raja Ulhum Raja Dulhum ing Kalsandhar | ing dalu tan winarni | enjing atêngara | sagunge para nata | wus sami ngêdalakên baris |[34] têpung akapang | para ratu wus mêrgil ||

14. datan owah ing panggonanira lênggah | maksih kadi duk wingi | miwah Raja Salsal |

--- 6: 219 ---

munggèng dhampar kancana | aglar sakarine mati | prajuritira | sira Natèng Kubarsi ||

15. amit nêmbah mangsah anitih dipăngga | Salsal têdhak ngawaki | munggèng ing pragalba | kawot kapraboning prang | praptèng rana wus apanggih | ayun-ayunan | Salsal asru dènnya ngling ||

16. hèh ya iku dudu Si Lamdahur Selan | ratu apa sirèki | asru saurira | Kubarsi kuthaningwang | Maliyat Kustur ran mami | ratu sinêmbah | ing samaning para ji ||

17. pan kaipe ingsun ing Pangeran Kelan | kinarya isèn mami | wijoaning Kelan | Raja Salsal angucap | apa kêlar nadhahi |[35] ing gadaningwang | dene Natèng Sêrandil ||

18. karepotan nadhahi panggadaningwang | angling Natèng Kubarsi | sun arsa ngrasakna | marang panggadanira | jêr ingsun iki narpati | dudu prawira | mundura ing pawarti ||

19. hèh Maliyat Kustur iya dèn prayitna | kudhunga paris aglis | angêtab pragalba | sira Sang Raja Salsal | tumêmpuh gadanirèki | surak gumêrah | yayah nêngkêr wiyati ||

20. Sri Maliyat Kustur angêtab dipăngga | mutêr gadanirèki | saksana ginada | sira Sang Raja Salsal | kadya balêdhèg sakêthi | surak gumêrah | obah bêbalungnèki ||

21. Raja Salsal ingkang satus pitung dasa | pragalba anggro ngrintih | datan bisa obah | anglumpruk macanira | Raja Salsal muwus aris |

--- 6: 220 ---

munduran sira | alah Natèng Sêrandil ||

22. iya jipat pamukule abot sira | rame dènnya ajurit | tan ana kuciwa | dangu gada-ginada | rame dènnya main bindi | antuk sisihan | ing prang prakoswa kalih ||

23. Sang Maliyat Kustur gajahe ngalemprak | Salsal macanirèki | ngalumpruk tan obah | sami nilar tunggangan | surake awanti-wanti | wus sami dharat | wau dènira jurit ||

24. parisane katiban ing gada samya | murub sami ngungkuli | mubyaring dahana | ngalad angalad-alad | sangsaya wuru kang jurit | sami karêmnya | gada kalihirèki ||

25. Raja Salsal tangkise lamun ginada | akuwat datan osik | rosaning panggada | suku amblês ing lêmah | kacêp panggêlangan sikil | karingêtira | kotos lir dèn sirami ||

26. Sri Maliyat Kustur kalamun ginada | apanggah datan osik | watês dêlamakan | dhungkar siti kapadal | alupa repot ing jurit | Sang Raja Salsal | asru dènira angling ||

27. tuhu sira Maliyat Kustur prakoswa | sayah pan ingsun iki | sesuk manèh padha | tinutugakên ing prang | iki ta kasêlak wêngi | tan na kasoran | angling Natèng Kubarsi ||

28. iya Salsal sun turut sakarsanira | sigra têtêge muni | mundur kang ayuda | Maliyat Kustur prapta | pinapag ing sawatawis | asta cinandhak |

--- 6: 221 ---

dhêngku saha wotsari ||

29. sinambrama mring Wong Agung Kakungingrat | lajêng bujana sami | kumpul para nata | pêpak anèng ngayunan | sigra midêr punang larih | rame drawina | wong agung têtanya ris ||

30. hèh kapriye prange Salsal lawan sira | matur Rajèng Kubarsi | inggih langkung kuwat | sêmbada gêng luhurnya | nanging tan awas panggitik | tan sagêd ngêngah | duk pamutêring bindi ||

31. kuwatipun têlas pamutêr kewala | kêmba dhawah ing bindi | yèn sagêda ngêngah | kuwate ing panggada | yêkti lamun bilaèni | pun Raja Salsal | kuwatipun munjuli ||

32. kadya asor prangipun kang para raja | kirang ngêngah sakêdhik | pamutêring gada | tibane mupuh kirang | badan botên anglawèhi | wau ing solah | katingal buta tuli ||

33. apêranga lan pun kakang Kewusnendar | ulun purun angapit | lamun prange ga |[36] dene liyaning gada | wau dèrèng kantos salin | nutug sêmana | andrawina sawêngi ||

34. enjing muni têngarane ing ayuda | gurnang miwah thongthonggrit | gong maguru găngsa | muni kêndhang Iskandar | têngara ing Parangakik | bala Kuparman | wuwuh tyasira sami ||

35. sigra mijil sagunge kang para raja | ing palênggahannya wingi |[37] kang munggèng wijoan | kursi miwah amparan | Wong Agung Surayèng Bumi | munggèng wijoan | mung lan upacarèki ||

--- 6: 222 ---

36. pêtayare tigang kêthi datan mêdal | koyup ing senapati | amung para nata | barisira kang mêdal | wus tata kabèh miranti | Sang Raja Salsal | têdhak nitih mong salin ||

37. hèh Maliyat Kustur age mêtonana | nutugkên ing prang wingi | sigra Raja Kemar | amit ingidèn mangsah | nitih turăngga sang aji | prapta payudan | ayun-ayunan panggih ||

38. angling asru sang prabu ing Kalakodrat | iki asalin maning | dudu Si Maliyat | Kustur pan wis ubaya | Raja Kemar anauri | giliraningwang | aprang lawan sirèki ||

39. Raja Salsal gumuyu sapa ranira | si kêmba kudu jurit | si kêlom ngalămpra | mêksa prang lawan ingprang[38] | sabêne abêcik-bêcik | arikat-rikat | prajurit Pusêr Bumi ||

40. sira ratu tan saguh kêmba ngêlămpra | apa ratu dipati | apa juru sawah | apa satriya desa | bapakamu lurah tani | nuli tinriman | marang ratune dhingin ||

41. lawas-lawas nuli amêtoni sira | mulane sira iki | paron ulêsira | mung matamu sapala | ana labête wong bêcik | lan jajanira | iku rada mantrèni ||

42. kabèh-kabèh akuwur pan nora pacak | sariraning bupati | nora katempelan | nauri Raja Kemar | sun narendra ing Kuwari | Kemar ran ingwang | ratu ipe sun iki ||

43. mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagad | Raja Salsal miyarsi [mi...]

--- 6: 223 ---

[...yarsi] | megos mengo ewa | iya pênyawang ingwang | pantêse karyamu iki | kalamun enjang | lunga luru kêmiri ||

44. Raja Kemar ngling sugal payo gadaa | Salsal sru dènnya angling | mêlaku ginada | si kêmba dèn prayitna | ngêtab pragalba sang aji | angundha gada | tumêmpuh paris wêsi ||

45. pan pinindho tugêl gigiring turăngga | tiba Rajèng Kuwari | tangi nora bisa | jêr kangkang kulekaran | sinurak gumuruh atri | Sang Raja Salsal | têdhak saking mongnèki ||

46. Raja Kemar ingancikan jajanira | rinangkus astanèki | wau katumpiksa | pratingkahira Salsal | Wong Agung Surayèng Bumi | duka murina | ipe mèh dèn talèni ||

47. nitih kuda sumêbut prapta ing papan | lajêng pêtak sira Mir | gumludhug ngawiyat | gora rèh gara-gara | Sri Salsal kagèt tan sipi | wurung dènira | bănda Rajèng Kuwari ||

48. inguculkên ningali wau kang prapta | sarwi nitih turanggi | iki baya ingkang | prapta anggawa swara | hèh sira iki wong ngêndi | kang gawa gêlap | lan sapa ranirèki ||

49. anauri apan ingsun satriyanya | Natèng Ngrum Burudangin | Sayid Sami ingwang | kinèn anulungana | kasore Rajèng Kuwari | rêp sira bănda | kinèn angrêbut wani ||

50. ingsun kinèn apranga kalawan sira | Raja Salsal nauri | apa sira kêlar | aprang [a...]

--- 6: 224 ---

[...prang] mungsuh lan ingwang | ratumu Si Burudangin | ingsun tan obah | sira pan dudu tandhing ||

51. amundura mumpung isih duwe nyawa | aja prang lawan mami | Sayid Sami mujar | pan ingsun kudu mêksa | wruha rasane prang mami | kalawan sira | nadyan tumêkèng pati ||

52. kudu năndha iya mring sudiranira | Salsal gumuyu angling | sira iku mêksa | yèn tan sun turutana | kaningaya jênêng mami | lah dèn prayitna | sun gada Sayid Sami ||

53. gya kinêtab pragalbane Raja Salsal | sarwi asru ambindi | gada gêng katulak | ing paris datan obah | pinindho mêksa tan osik | asru lingira | nyata gambuh ing jurit ||

 


cinêngkalak. (kembali)
Lebih satu suku kata: mamăngsa wong padha batur. (kembali)
arêp. (kembali)
gosongi. (kembali)
tangkis. (kembali)
Lebih satu suku kata: Sang Raja Bandar Ngali. (kembali)
rinangsang. (kembali)
Maktal. (kembali)
Lebih satu suku kata: mêngsahipun sami anglud atut wuntat. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: sampun maras praptane bala Kuparman. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: sapa pangiriding baris. (kembali)
12 Kurang dua suku kata: pan amung êlêt saari. (kembali)
13 inggal. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: gih punika kang sirangkas-angkas jurit. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: dulu polahe wong dhahar nglalu. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: wong wani prang ingkang sira pikut. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: yèn diarah datan kêna luput. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: tuwin para ratu Kulub lan Kubarsi. (kembali)
19 têlu. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: yèn ing desa Dêrngos pan ginêmpur. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: dhusun Dêrngos puniku. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: tan winarna lampah agêng nênggih. (kembali)
23 Katamsi. (kembali)
24 nitih. (kembali)
25 surake. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: manggihi dhatêng kang paman. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: Palpal lan Raja Nalnal. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: kadi parud ngêri pandhan. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: iki priye Si Calcal têka mati. (kembali)
30 Polad. (kembali)
31 banjêng. (kembali)
32 Kurang Satu suku kata: ratu kêmbar pun Dul ingkang taruni. (kembali)
33 musanèp. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: wus sami ngêdalkên baris. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: apa kêlar anadhahi. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: lamun prange gada. (kembali)
37 Lêbih satu suku kata: ing plênggahannya wingi. (kembali)
38 ingwang. (kembali)