Menak Kanjun, Balai Pustaka, 1934, #840

JudulCitra
Terakhir diubah: 03-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1130

Menak Kanjun

(Inggih Menak Parangakik)

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka - 1934 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Dhandhanggula

1. Wong Agung tuwin Radèn Maktal dipun racun ing mêngsah

1. prapta jajahan ing têpis wiring | Rajèng Parangakik lampahira | masanggrahan sabalane | pun druwis kinèn laju | mring jarate Ni Muninggarim | asadu lampahira | wau kang winuwus | wong agung kang tunggu makam | Umarmaya sabên enjing atêtilik | lawan kang para kadang ||

2. nanging wong agung kalangkung runtik | muring-muring marang Umarmaya | aja atêtinjo manèh | utawa kadang ingsun | apa karya pan wus kapundhi | pan lagi ingsun sêdya | among lara gandrung | wus padha dèn lilakêna | Umarmaya lunga aywa sira bali | sun cor sarta upata ||

3. para kadang mantuk samya nangis | miwah Marmaya anggablog jaja | arawat waspa ulihe | wau sang among gandrung | sabên enjing mijil kêkaring | lawan Sang Arya Maktal | sarwi gandrung-gandrung | yayi mas ing Parangteja | tingalana ima gumarit nyalirit | kataman diwangkara ||

4. mèmpêr imba kakanta Mêdayin | prayanira anut ing baskara | yèn majad diwangkarane | ima tamat anglimut | sangsaya nir

--- 4 ---

rêngganing langit | wêning ima walikan | amuwuhi gandrung | yayi mas ing Parangteja | wiyat irêng amuyêk akêtang wèni | ukêle rakanira ||

5. kartika lor wetan maksih kèksi | rênyêp-rênyêp wong agung ngandika | yayi mas lor wetan kae | aganti lintang wuluh | lir netrane kakanirèki | baya nukma ing kana | ngusadani gandrung | rèh diwangkara diwasa | mêmanising sarosa dènnya ningali | ton sinang katang-katang ||

6. yayah sotyane salah pêndalih | katang-katang sukêt katon abang | sakala surêm tingale | amênggah gandrung-gandrung | iya yayi ika kaèksi | ludirane rakanta | duk prang murwèng gandrung | lan Ratu Kaos nagara | sêmpoyongan cinandhak rinangkul aglis | marang Sang Arya Maktal ||

7. dhuh pukulun emuta sayêkti | dawêg kondur dhatêng ing astana | kadangon asru bêntère | kondur agandrung-gandrung | pan anglèyèh astanira ris | ing pundhak Arya Maktal | mênggah gandrung-gandrung | sapraptanirèng astana | prapta duta saking kang rama angirim | lajêng wus samya nadhah ||

8. sawusira mantuk kang angirim | satriya kalih maksih alênggah | kagyat druwis duk praptane | lajêng lênggah angukruk | mêmpis-mêmpis sayahe maksih | wong agung angandika | hèh druwis sirèku | ing ngêndi pinangkanira | miwah paran karyanira marang mami | druwis matur tur sêmbah ||

9. mila amba umarêk [uma...]

--- 5 ---

[...rêk] ing gusti | kawula saking Betal Mukadas | kawula nadar ing têmbe | angabdi ing pukulun | akidêmak ing siyang latri | ing nguni tan kawasa | marêk ing pukulun | ing mangke paduka nilar | ing kaprabon kawula arsa nglabuhi | rèhning anêdya papa ||

10. Jayèngmurti angandika aris | hèh wong sanak ingsun wus tarima | sadurunge lan sawuse | muliha ta sirèku | marang Betal Mukadas malih | ya druwis wruhanira | akèh para ratu | kang nêdya belani papa | miwah kadang ingsun pan arsa belani | nanging ingsun tan arsa ||

11. kudu ingsun labuhi pribadi | wong loro lan yayi Parangteja | aja na wong manèh-manèh | marmane ta sirèku | aywa kudu milu ing kami | druwis matur karuna | dangu sênggruk-sênggruk | dhuh gusti nadar kawula | datan luwar kalamun dèrèng nglampahi | ing sawiji nalika ||

12. angandika ingsun kang ngluwari | nadarira aja kasangsaya | pan ingsun kang ngêsahake | druwis niba gumulung | anèng siti sarwi anangis | wong agung wlas ing driya | nulya kinèn lungguh | pun druwis sampun alênggah | cinarita sadalu langkung sakenjing | druwis pan dèrèng kesah ||

13. enjing prapta wau kang angirim | lajêng dhahar Risang Kakungingrat | lan Arya Maktal sarênge | druwis ingajak sampun | wong têtiga sinarêng bukti | wau Sang Kakungingrat | kasêrêtên mangu | kèndêl dènira adhahar | sira druwis wruh kèndêle Jayèngmurti [Jayèngmur...]

--- 6 ---

[...ti] | nulya angambil toya ||

14. cinaruban sarta darubêsi | ing kêstul katur sigra cinandhak | lajêng inginum toyane | sawusira inginum | sakantune nulya pinaring- | akên mring Arya Maktal | saksana dèn inum | pun druwis sigra lumajar | kapiandhêm mring barisan Parangakik | prapta ing ngarsanira ||

15. lajêng katur ing sri narapati | lamun wong Menak wus kalêbêtan | ing darubêsi kalihe | lan Arya Maktalipun | Raja Kanjun sigra ngundhangi | wadya siyaga budhal | panganjur sura nung | punggawa para satriya | para ratu sadaya sami lumaris | anjujug ing astana ||

16. wus kinêpung kakêmput ing baris | Raja Kanjun têdhak saking kuda | pan arsa lumêbu dhewe | lawan ratu sapuluh | sakaprabonirèng ajurit | prapta jroning astana | kapanggih wong agung | rêbah lawan Arya Maktal | kinakahan ing prajurit para aji | samya anarik pêdhang ||

17. wong agung kalih dèrèng anglilir | saking sangêting kênèng wisaya | kadya wong mati pamane | sigra Sang Raja Kanjun | mundhut rante kinèn anggodhi | kalih sariranira | ing rante amuput | wakêt jăngga sapangandhap | rante rukmi agêng bakuh aningsêti | wisa nulya tinawa ||

18. pan siniram ing obat kinardi | tan antara ilang wurunira | wungu wong agung kalihe | kagyat sarira rimpus | tobat ing Hyang alon dènnya ngling | yayi mas Parangteja | dèn èngêt riningsun |

--- 7 ---

yèn wus titahing Hyang Suksma | aja mamang payo padha dèn lakoni | Arya Maktal karuna ||

19. matur inggih datan dados galih | pêjah lêburèng pada paduka | nanging inggih kuciwane | dene mêngsah anambuh | têka damêl nisthaning pati | kang mungguhing prawira | angajak prang pupuh | wong roro yèn wus kasoran | dèn rantea hèh mungsuh prajamu ngêndi | lan sapa aranira ||

20. anauri ingsun Parangakik | Raja Kanjun pan pêparab ingwang | apan ingsun ratu gêdhe | iki kabèh pan ratu | ingsun anake Raja Perid | Radèn Maktal wuwusnya | pagene sirèku | nganggo tingkah doracara | aprang nistha dudu ratu kang sayêkti | mangkono tingkahira ||

21. alon ngandika Sang Jayèngmurti | lah uwis yayi aja dinawa | mung madhêpa pati bae | mung yayi raganingsun | lilanira yayi ing kami | sira sun aku kadang | taruna satuhu | sasat tunggal ibu rama | ciptaningsun kadangku kabèh kawuri | mung sira woding nala ||

22. sira tilar trêsna yayah bibi | kawibawaning karatonira | Ngalabani ratu gêdhe | prandene datan ketung | amung trêsnanira ing kami | nusup angayam alas | anjajah praja gung | sira tan kari sadina | kinunjara nèng Mêsir antara pati | sun luwar saking sira ||

23. ingsun ari durung wèh kamuktin | angenakakên ing budinira | aêjam[1] sangsaya bae | dhuh Hyang Kang Maha Luhur | ngapuraa marang kaswasih |

--- 8 ---

tinut wuri ing kadang | taruna pinunjul | bagus prawirèng ayuda | ing prang putus tate amungkasi kardi | lêlana widigdaya ||

24. durung bisa malês sih saari | angênakakên yayi tyasira | pijêr ginawa mangkene | papa bae riningsun | tiwas têmên sun iki yayi | tinut wuri ing kadang | Si Parangtejèku | tyasira ngasturi ngambar | sarjana ngrèh prayoga amilang bumi | rêmbês anrus raharja ||

25. ambêciki bae tyasirèki | nora pantês yèn ginawe ala | santosa ayêm arèrèh | wasis bêlabur madu | nora nana kaya sirèki | upama ngulatana | ing nagara sèwu | pan ora nêdya antuka | tan gumunggung ing prawira prang sayêkti | putus ing rèh utama ||

26. arang para ratu kang nadhahi | kaprawiranira ing ayuda | tan ana năngga bobote | tan pae lawan ingsun | tingkahira tan măntra kèksi | măngsantuk ngulatana | kang kaya riningsun | bapa raja kaki raja | buyut raja trah Nabi Yusup sayêkti | Ngalabani Narendra ||

27. Arya Maktal tumungkul aririh | karunane mawindu nascaya | mingsêg-mingsêg sajatine | dhuh paran tuwan wuwus | datan mèngèng alabuh pati | sarambut pinardasa | suka sukèng lampus | paran ta kang ingupaya | ngungsi pêjah tuwan trah Nabi Ibrahim | siyang dalu kacipta ||

28. para ratu mungsuh kang ngadhêpi | kèh kang wêlas samya rawat waspa | miyat marang ing mungsuhe | mangkana Raja Kanjun [Ka...]

--- 9 ---

[...njun] | mèsêm-mèsêm ngidung parasi | metang lêskar dandara | pari raja tèngsu | Leman gaib kursinira | ing têgêse kidunge sri narapati | pama karaton donya ||

29. kursi Nabi Suleman saking jin | miwah kursi jin saking Suleman | nabi ratuning rat kabèh | puniku têgêsipun | wusnya ngidung sri narapati | ngucap marang wong Menak | pan sarwi angguguk | hèh sira Sang Raja Arab | apa eling kaskinahira nèng bumi | amangan pêpanganan ||

30. ing sadonya ingkang adi-adi | sira dhewe milihi amangan | para ratu saisine | ing bumi kabèh iku | padha mangan sisanirèki | wulu wêdhus lan unta | kang padha tinênun | kabèh kang dadi busana | anggon-anggon sira dhewe kang mêmilih | para ratu sadonya ||

31. padha nganggo sisanira sami | sira tingkah lanang pramudita | nora nana lanang manèh | mêngko sira anêmu | cintakane ratu sabumi | lah iki ana lanang | liyane sirèku | pan ing mêngko lagi memba | kang pêparab Raja Kanjun Parangakik | wudhu kasumbung ing prang ||

32. arsa malês siyasatirèki | isining bumi kang para raja | kabèh sira wêtokake | saking kadhatonipun | lawan akèh ratu sinêkti | sira dhunakên samya | ing amparanipun | têmah angandhap ing sira | miwah bapa aji sira kang matèni | lan akèh para raja ||

33. sira tarik marang gon kang sêpi | ara-ara sira kèhi jalma |

--- 10 ---

lan amêtokakên gêtèh | lawan maratuwamu | Sri Bathara Anyakrawati | anggung kinuya-kuya | tan mênêng tinundhung | sumaur Sang Kakungingrat | hèh Sang Ratu Kanjun saking Parangakik | rungokna wruhanira ||

34. para ratu kang ingsun lurugi | kang sun tarik marang ara-ara | dudu karêp ingsun dhewe | iku sah saking kukum | kang tan anut agama mami | miwah ta bapakira | dening putuningsun | kaki Prabu Ibnu Ngumar | kang matèni wus sah karsaning Hyang Widi | mati ngasmarèng wuntat ||

2. Pangkur

2. Wong Agung tuwin Radèn Maktal dipun siksa dening Raja Kanjun

1. dene sagung para raja | kang sun tarik marang ênggon kang sêpi | mring ara-ara prang pupuh | mukir ing têkad ingwang | kabèh mati nèng sajroning astaningsun | wus sah lawan ukum uga | patine nibani pasthi ||

2. lan ingsun sinung pangwasa | ing Hyang Sukma dene Natèng Mêdayin | lunga sabên paranipun | pan dudu saking ingwang | apan dudu saking karsane puniku | Kanjun malih muwus sugal | hèh Raja Arab sirèki ||

3. sira rasa kang karasa | iki silih sêmbulih sira pilih | wong agung pamuwusipun | miwah Sang Arya Maktal | hèh ta Kanjun aywa ta kakehan wuwus | sakèhe pratingkahira | iya nora sun singgahi ||

4. wong agung kalih

--- 11 ---

kulitnya | samya bunyak saking sruning ginitik | wau ta Sang Raja Kanjun | akèn anglamus unta | lawan akèn angadêgkên tiyang luhur | kayu kang agung apanjang | watara rong atus kaki ||

5. wong Menak wus winadhahan | kulit unta binuntêl binatitil | lawan pinasêg jronipun | uyah asêm warata | wus ginantung luhure têtiyang iku | bêbuntêl kuliting unta | sinungan gêntha kalinthing ||

6. wong agung ing Parangteja | pan ingugêr ngisoring tiyang nênggih | wong agung Menak yèn dalu | nèng luhuring têtiyang | yèn raina kinèrèk ginawa mudhun | anèng ngandhap ginitikan | langkung dening kawlasasih ||

7. miwah sira Arya Maktal | yèn raina pan sami dèn gitiki | mangkana Sang Raja Kanjun | parentah tata-tata | bêbarisan kutha ing Mêkah kinêpung | kalêbu astananira | Rajaputri Muninggarim ||

8. lor kidul kang para raja | wus binagi gènira pacakbaris | kutha ing Mêkah kalimput | gène Sang Kakungingrat | luhur tiyang ngarsa pakuwone Kanjun | sandhinging tarub wangunan | wau Rajèng Parangakik ||

9. anglampahakên caraka | mring Mêdayin sarwi amundhi tulis | ing marga datan winuwus | kunêng kang winicara | Sri Bathara Nyakrawati bubaripun | saking ing Kaos nagara | lajêng kondur mring Mêdayin ||

10. antara ing tigang wulan | praptanira duta ing Parangakik | Kya Patih Bêstak jinujug | lajêng katur sang nata | Sri Nusirwan surat saking Raja Kanjun [Ka...]

--- 12 ---

[...njun] | binuka sinukmèng driya | nênggih Prabu Parangakik ||

11. puji Hyang lata wal ujwa | sêmbah ulun Sang Prabu Parangakik | katura tuwan pukulun | Sri Bathara Nusirwan | kang sinêmbah para ratu patang èwu | kawula atur uninga | yèn amba wêktu puniki ||

12. wontên nagari ing Mêkah | putra tuwan pun Menak Jayèngmurti | sampun kawula wiyuyung | kula gantung têtiyang | arsa kula pêjahi pun Jayèngpupuh | dèrèng tur uninga tuwan | mila kawula sêsakit ||

13. manawi paduka arsa | mêmariksa papane Jayèngmurti | miwah ta ing pêjahipun | kula ngantos paduka | lamun karsa paduka têdhak pukulun | dhatêng ing nagari Arab | ningali pratingkah mami ||

14. aniksa putra paduka | duk miyarsa Sang Prabu Nyakrawati | anênggak sarwi rawat luh | sêrêt dènnya ngandika | kayaparan iki solahe Si Kanjun | arsa mêndhêmi sutèngwang | Ki Kalana Jayèngmurti ||

15. Ki Patih Bêstak tur sêmbah | purunipun Sang Prabu Parangakik | dening ta pun Jayèngsatru | siya-siyèng paduka | têgêsipun palimarma ing pukulun | Prabu Nusirwan ngandika | iki ngaturi ing mami ||

16. paran ta bêcike Bêstak | ingsun apa lumaku dèn aturi | apa ta nora lumaku | Patih Bêstak tur sêmbah | inggih gusti pênêt têdhaka pukulun | wus anut ature Bêstak | siyaga bala Mêdayin ||

17. budhal Sang Prabu Nusirwan | saha bala punggawa pra narpati | ing marga [mar...]

--- 13 ---

[...ga] datan winuwus | prapta nagari Ngarab | Raja Kanjun miyarsa sigra amêthuk | tundhuk sampun ingaturan | Sang Prabu Anyakrawati ||

18. makuwon sabalanira | abujana Sang Prabu Parangakik | lawan Nusirwan anayub | langkung sukaning driya | dening Jayèngmurti ing mangke kapikut | mila nêkakakên suka | sang prabu ing Parangakik ||

19. kunêng kang lagya kasukan | kawarnaa wong Arab sêdhih kingkin | tan wruh praptane kang mungsuh | wong Menak sinangsaya | wus ginodhi munggèng ing têtiyang luhur | Maktal ginodhi nèng ngandhap | wong Mêkah asêdhih kingkin ||

20. wuwusên Ki Umarmaya | anèng pulo Adam gènnya martapi | salaminira tinundhung | mring kang rayi duk arsa | tunggu makam lan Arya Maktal pan amung | kesahe Ki Umarmaya | nèng pulo Adam martapi ||

21. mangkana wau Marmaya | sabên enjing dhodhok pinggir pasisir | lungguhira apitêkur | ciptane Umarmaya | bokmanawa ana parau kang rawuh | dagang saking nagri Mêkah | dèn adhang Umarmayèki ||

22. pinarêng palwa duk prapta | saking Mêkah Marmaya gya mrêpêki | hèh kisanak para iku | saking nagari Mêkah | paran warta Gusti Menak Jayèngsatru | wong dagang sami karuna | mulane sun enggal bali ||

23. tan bisa ngrungu wak ingwang | ing solahe Jêng Gusti Jayèngmurti | tinubruk ing Raja Kanjun | duk tunggu nèng astana | wus ginodhi ginantung têtiyang luhur | sabên dina

--- 14 ---

ginitikan | marang Rajèng Parangakik ||

24. kinêpung kutha ing Mêkah | pirang-pirang para ratu kang prapti | suruhane Raja Kanjun | kagyat sira Marmaya | nêbah pupu jroning samodra wus gêbyur | wagêd dêkung kambangira | lampahe angusap wèni ||

3. Sinom

3. Umarmaya badhe nulungi Wong Agung

1. lampahe Ki Umarmaya | samarga asangu tangis | mêntas saking jro samodra | momor busanane salin | angangge cara drêwis | wus manjing barisan agung | tan ana kang uninga | lamun iku Pulangwêsi | pan gêgêdhug senapati ranagana ||

2. kunêng Arya Tasikwaja | kang momor amara sandi | wau Sang Dipati Mêkah | langkung dènira prihatin | miyarsa putranèki | cinêkêl ing Raja Kanjun | agung siyasatira | Ki Arya Ngabdul Muntalib | animbali ing sagung para santana ||

3. miwah ta pêpatihira | kaipe mring sang dipati | kadange tuwa wanodya | garwane Patih Jumiril | yèku arsa tinuding | anandukna suratipun | tur priksa para raja | sira Kya Patih Jumiril | wus atampi surat saking sang dipatya ||

4. momor nêrak pabarisan | sira Umiya Jumiril | lampahira pan anukma | mangkana ratu kang baris | ingkang dipun margani | anuju barisanipun | Raja Kalana Kalbat | narendra saking Wrêdasi | lagya nganglang Sang Prabu Kalana Kalbat [Ka...]

--- 15 ---

[...lbat] ||

5. apan dalu lampahira | sira Umiya Jumiril | kawênangan wêdalira | dening Sang Rajèng Wrêdasi | wus kinèn angadhangi | tan kêna wong liwat dalu | kinêpung kinakalang | mring ulubalang Wrêdasi | punggawane Sang Prabu Kalana Kalbat ||

6. jinênêngan ratunira | wau Ki Patih Jumiril | dhasar sampun rada tuwa | binujung dening prajurit | cinandhak nganan ngering | sayah pan sampun kapikut | anulya tinataban | gendhongane Ki Jumiril | pan kapanggih isi patang atus layang ||

7. katur mring Kalana Kalbat | binuka sêrate sami | muni marang para raja | kang patang atus nagari | ratu wadana sami | apanêkar nyatus-nyatus | rerehan para raja | sigra wau Ki Jumiril | wus ginodhi mring Ratu Kalana Kalbat ||

8. binakta mring pasamuan- | ira Prabu Parangakik | miwah Bathara Nusirwan | aglar kang para narpati | Kalana Kalbat prapti | wus katur sasolahipun | bêbandan Patih Mêkah | sira Umiya Jumiril | Patih Bêstak mojar besan katiwasan ||

9. pagene kêna binănda | atmajanira nèng ngêndi | ki pothèt panali yuda | ki panggagap Guritwêsi | angling Patih Jumiril | besan karsane Hyang Agung | lara kalawan pêjah | gumujêng para narpati | maca surat ibêr marang ratu samas ||

10. sawusnya Kalana Kalbat | anarik pêdhangira glis | Miya Jumiril pinêdhang | tugêl jăngga tibèng siti | Patih Bêstak sru angling |

--- 16 ---

hèh Kalbat wani sirèku | marang Ki Umarmaya | bapane sira patèni | Ratu Kalbat mèsêm pan ora jrih ingwang ||

11. pagene Kalana Kalbat | ratu pandhega ngajurit | wêdia lan Umarmaya | mangkana ingkang winarni | Ki Umarmaya prapti | wus miyarsa wartanipun | lamun kang rama pêjah | Ratu Kalbat kang matèni | Umarmaya gya ngagêm topong wasiyat ||

12. kang saking nagri Ngajêrak | Umarmaya tan kaèksi | lajêng marang pasamuan | jisiming bapa ingambil | winadhahan kêkandhi | kagyat kang samya andulu | jisim Jumiril ilang | Umarmaya wus mangrêti | lah ta iki Sang Ratu Kalana Kalbat ||

13. sinêbrak jêjenggotira | bêdhol makutha ingambil | kagyat sira Ratu Kalbat | jêjenggot tan ana kari | makutha ilang nênggih | reyab-reyab mêtu marus | janggute gobrah-gobrah | Ki Patih Bêstak sru angling | lah ta apa iku Kalbat solahira ||

14. layak iku Umarmaya | bapakne sira patèni | obah sagung para raja | prasamya angati-ati | Ratu Kalbat sru angling | Umarmaya dudu laku | carane wong prawira | Umarmaya anauri | tan katingal pan amung swara kewala ||

15. lah iya Sang Ratu Kalbat | payo aprang mêngko bêngi | ujêr wong atuwaningwang | sira cêkêl duk ing wêngi | Kalbat asru nauri | iya aja tambung laku | Umarmaya dyan kesah | marang jro Mêkah tumuli | pan amêtak marang kunarpaning bapa ||

16. kagyat [kagya...]

--- 17 ---

[...t] wong sajroning Mêkah | Ki Arya Ngabdul Muntalib | ngungun praptane Marmaya | rinangkul mring sang dipati | paran solahirèki | Umarmaya nêmbah matur | raka paduka bapa | cinêkêl duk mijil latri | kang amêdhang Sang Raja Kalana Kalbat ||

17. kawula dèrèng pariksa | prênahipun anyakiti | putra tuwan Bagendhambyah | miwah pun Parangtejèki | kalih warti ginodhi | pan inggih ing mangke dalu | kawula arsa aprang | lawan Sang Rajèng Wrêdasi | kang pêparab Sang Ratu Kalana Kalbat ||

18. suwawi tuwan siyosna | utusan para narpati | amba kang ngatêr ing jaba | rayi paduka ing Mêsir | lawan pun Umarmadi | dimèn undhang para ratu | Sêrandil miwah Yunan | ing Kebar Yahman rumiyin | mung punika kewala tiniban surat ||

19. sigra wau sang dipatya | kang putra kinèn nênulis | nulya nurat Menak Abas | wus tinuduh kang lumaris | sigra ingatêr jawi | mring pothèt Umarmayèku | tan ana kang uninga | lampahing duta lêstari | Umarmaya dyan wangsul marang jro kutha ||

20. antara surya diwasa | kesahe Umarmayèki | tanggal ping pitu samana | tanpa rewang mung pribadi | ki pothèt Pulangwêsi | manjing pabarisan agung | wau Sang Ratu Kalbat | punggawane dèn undhangi | kalih atus sadaya maling aguna ||

21. miwah ta Sang Ratu Kalbat | punika maling sinêkti | sagung kori pabarisan | sadaya wus dèn jagani |

--- 18 ---

sami punggawa maling | kori agêng ngarsanipun | Ratu Kalbat ajaga | Ki Umarmaya praptèki | wus malumpat lajêng wau lampahira ||

22. Ratu Kalbat wus uninga | lamun Ki Umarmayèki | lampahe gya tinutan |[2] apan ta sami pribadi | Umarmaya udani | lamun lampahe sinusul | yèn têbih ingêntosan | yèn cêlak dipun têbihi | Umarmaya apan sarwi nyêbar kêmbang ||

23. sêkar adi-adi samya | inguraban darubêsi | Umarmaya wus miyarsa | watêke Rajèng Wrêdasi | asih marang wêwangi | wau dènira bêbujung | kèndêl ningali sêkar | apan sarwi dèn arasi | Ratu Kalbat aniba kênèng wisaya ||

24. cangkelak Ki Umarmaya | Kalbat sigra dèn titihi | jajane wus ingancikan | gulune sigra sinêking | pagas angganirèki | Kalana Kalbat wus lampus | cinangking kang mastaka | binêkta marang gènèki | Arya Maktal lan Wong Agung Kakungingrat ||

25. sarwi nyangking utamangga | Radèn Arya Pulangwêsi | anjêjêp pakuwonira | Sri Bupati Parangakik | ewon punggawa kêmit | ngadhêpi tiyang puniku | pan sampun sami nendra | Ki Umarmaya andingkik | praptèng ngandhap têtiyang Ki Umarmaya ||

26. aningali Arya Maktal | ginodhi dipun tangisi | ingugêr lawan têtiyang | Umarmaya têtanya ris | rakanira nèng ngêndi | Wong Agung Anjayèngsatru | sumaur Arya Maktal | nèng luhur têtiyang iki | pan binuntêl nèng sajroning [sa...]

--- 19 ---

[...jroning] kulit unta ||

27. wong agung ing Parangteja | tanya mring Umarmayèki | apa sira tan miyarsa | salawasira nèng ngêndi | Umarmaya nauri | ingsun lêledhang mring Êrum | nuli sapraptaningwang | nèng pulo Adam martapi | pan ing kono gon ingsun miyarsa warta ||

28. yèn sira lan rakanira | karo anêmu bilai | siniksa sadina-dina | marang Prabu Parangakik | ingsun nuli mariki | katêmu pan uwis lampus | uwakira ki bapa | Kyai Umiya Jumiril | kang matèni Sang Ratu Kalana Kalbat ||

29. dinuta marang ki arya | ngundhangi sagung para ji | wêtune bapa konangan | nèng jabaning kitha nuli | sang prabu ing Wrêdasi | kang matèni uwakanmu | Ratu Kalana Kalbat | iki ngong walês wus mati | iya iki dhase Si Kalana Kalbat ||

30. sun gantung luhur têtiyang | karsaningsun mêngko yayi | dadia lêlirunira | kakangira Jayèngmurti | Radèn Maktal nauri | kakang angèl prênahipun | padha sinungan gêntha | kêkêlèng miwah kalinthing | nora kêna obah muni ingkang gêntha ||

31. nauri Ki Umarmaya | iya uwis sun kawruhi | pan ingsun wus sangu kapas | gêntha badhe sun sumpêli | darapon aja muni | dèn obah-obah dèn iyun | yèn wus sinumpêl kapas | sira dhingin sun uculi | salah siji pan dadia kondhang ingwang ||

32. satriya ing Parangteja | godhine wus dèn tatasi | wus ucul Sang Arya Maktal | hèh Maktal tunggunên [tung...]

--- 20 ---

[...gunên] iki | sirah Rajèng Wrêdasi | sun arsa mènèk mandhuwur | gêntha nurut têtiyang | iku kabèh sun sumpêli | aja kongsi muni iku lamun kambah ||

33. wus mènèk Ki Umarmaya | lèng gêntha wus dèn sumpêli | ing kapas kalawan malam | Marmaya mrambat manginggil | praptèng gèn Jayèngmurti | sigra uluk salamipun | kagyat Sang Kakungingrat | praptane Umarmayèki | ana kêdhik suka ciptanirèng driya ||

34. Marmayarsa nguculana | ing Kalana Jayèngmurti | ana gêntha kaliwatan | siji tur agêng pribadi | nginggile Jayèngmurti | Ki Umarmaya nora wruh | nora sinumpêl kapas | tiyang obah gêntha muni | gêntha agêng unine kadya ginoyang ||

35. kang kêmit kagyat miyarsa | tangi gugup alok maling | Marmaya kagyat anjola | ngandika Sang Jayèngmurti | kakang mudhuna dhingin | bok kacandhak sira iku | salah siji uripa | Marmaya malumpat aglis | sampun prapta panggenane Radèn Maktal ||

36. kinêpung kinandhang-kandhang | mire ngiwa wong kêkalih | Marmaya sigra anyandhak | marang astane kang rayi | ngrasuk makuthaning jin | Marmaya datan kadulu | kang ngêpung wus kelangan | dangu-dangu aningali | ana sirah tabêt gène Arya Maktal ||

37. sirahe Sang Ratu Kalbat | têtela Rajèng Wrêdasi | punggawa ngungun sadaya | katur Rajèng Parangakik | yèn Kalbat angêmasi | wontên ing panggenanipun | kang godhi Arya Maktal | ing mangke [mang...]

--- 21 ---

[...ke] Maktal wus lari | amung kantun sirahe Kalana Kalbat ||

38. kumpul ingkang para raja | marêk Sang Rajèng Mêdayin | katur ing sasolahira | pratikêl uculirèki | Arya Maktal ginodhi | ilang liru sirahipun | Ratu Kalana Kalbat | ngungun kang para narpati | ana ngucap layak iku Umarmaya ||

39. nauri Ki Patih Bêstak | durung karuwan kang yêkti | pan Wong Agung Parangteja | Si Maktal prajurit luwih | tan ana kang nimbangi | sagung para ratu-ratu | mila dadi sudara | kênthêngan lan Jayèngmurti | iya saking putus kaprawiraning prang ||

40. duk wong Menak pinanjara | jro bumi nèng nagri Mêsir | ucule saking Si Maktal | lan sawidak kang para ji | nadyan Umarmayèki | iya mèlu binalênggu | prandene nora polah | mung Maktal kang anèng jawi | nuju ngutus marang Mêdayin nagara ||

41. yèn aja ana Si Maktal | sida mati duk Pamêsir | Umarmaya mèlu modar | mung Maktal ingkang nguculi | bisa manjing jro bumi | duk ana ing pulo Sulup | Raja Kanjun miyarsa | yèn Maktal prajurit luwih | lamun wruha dhingin angur danasmara ||

4. Asmaradana

4. Radèn Maktal luwar saking Tarungku lajêng mêpak bala

1. angling Rajèng Parangakik | tan wruh yèn Si Parangteja | lamun prajurit kinaot | wruha yèn [yè...]

--- 22 ---

[...n] tuhu prawira | dhingin pinapatenan | tan wruh yèn kinadang tuhu | nyana baguse kewala ||

2. mila sinudara yêkti | dene èmpêre kang warna | tan dipe gêdhe gawene | pan undha-usuk kewala | lawan Sang Kakungingrat | kaprawiraning prang pupuh | tuhu lamun widikdaya ||

3. Patih Bêstak matur malih | kalamun Umarmayaa | tan makotên tèrègane | iku amung Arya Maktal | pinaran Raja Kalbat | ratu bênyanyak-bênyunyuk | tan wruh yèn Maktal digdaya ||

4. iku bayarsa nakoni | mrêpêki Si Parangteja | sinampe pêdhot gulune | Sang Raja Kanjun miyarsa | yêktine Arya Maktal | pucêt netranira suntrut | wau ta Ki Umarmaya ||

5. saking ing tiyang ngulati | ing ênggène Radèn Ijras | drêwis kang ngaku angèngèr | andarubêsi wong Menak | duk anèng ing astana | lan Arya Maktal pinikut | kapanggih pakuwonira ||

6. sinirêpan darubêsi | drêwis sirahe tinigas | anulya cinangking miyos | lan antuk bandhangan pêdhang | sinungkên Arya Maktal | mring pakuwon Raja Kanjun | wau Kanjun lagya prapta ||

7. saking pakuwon Mêdayin | karipan kapati nendra | Ki Umarmaya dêrojog | lajêng marang pasarean | sirah drêwis punika | sinandhingkên jajanipun | Ki Umarmaya gya mêdal ||

8. mantuk mring kitha sêdyèki | lan Wong Agung Parangteja | wun[3] raina ing pakuwon | Raja Kanjun wungu nendra |

--- 23 ---

kagyat ana mastaka | anjola Sang Raja Kanjun | sirah kinèn amariksa ||

9. pinariksa sirah drêwis | kang darubêsi wong Menak | gumyak sagung para katong | ngungun mring pakuwonira | Mêdayin Sri Nusirwan | Sang Raja Kanjun umatur | yèn sirah drêwis tinigas ||

10. sinandhingakên aguling | wontên paturon manira | Ki Patih Bêstak wuwuse | lah iku Ki Umarmaya | makotên pakartinya | dèn prayitna Raja Kanjun | pasthi Umarmaya prapta ||

11. Sang Raja Kanjun nauri | yèn mangkono Patih Bêstak | pan ora sun tutugake | mêmungsuhan lan wong Arab | matur Ki Patih Bêstak | lah puniku dede laku | mundura satêngah karya ||

12. aran ta pun Jayèngmurti | wus mati nèng kulit udta[4] | angrawati apa manèh | kang kari cêdhis kewala | payo padha kasukan | pratikêl wus nêmu unggul | saksana lajêng kasukan ||

13. kunêng kang kasukan sami | wuwusên Ki Umarmaya | lan Radèn Maktal lampahe | prapta jro kitha ing Mêkah | gègèr samya karuna | dene Maktal praptanipun | prasasat Sang Kakungingrat ||

14. sang adipati manggihi | angrangkul ing Arya Maktal | adhuh babo putraningong | kayaparan rakanira | mati atawa gêsang | Radèn Maktal nêmbah matur | punika walahu aklam ||

15. Allah ingkang ngudanèni | ing lara kalawan pêjah | luwih karsaning Hyang Manon | mangkya kawula wus bamban | inggih arsa angrêbat [angrê...]

--- 24 ---

[...bat] | lan pun kakang mangke dalu | singa tiwasa palastra ||

16. sang dipati lingira ris | kulup aja apêpeka | dudu mangkono lakune | miwah sira Umarmaya | aja kalêbu nistha | pacaka baris rumuhun | saanane bala Mêkah ||

17. dening măngka senapati | sutèngong Ki Parangteja | yèn wus umadêg barise | ing kono sakarsanira | tiwasa nora nistha | angrêbut kakangirèku | antêping sura marata ||

18. mangkana Umarmayèki | angling marang Arya Maktal | lah sira paran karsane | turutên iku prayoga | dhawuhe ramanira | Radèn Maktal lon amuwus | kakang măngsa bodho sira ||

19. ingsun pan darma nglakoni | senapatining alaga | buhêna aprang kasape | aprang ing lêmbut pan sira | gunême sampun dadya | nêtêg têngara gumuruh | wong Mêkah miyos ing jaba ||

20. akarya pakuwon sami | munggèng sajawining kitha | miranti kutha kojore | wong agung ing Parangteja | pangirid prang misesa | Marmaya bêbotohipun | wus andadi barisira ||

21. kunêng wontên baris prapti | sri naranata ing Yahman | atawan tangis praptane | ambêkta bala rong yuta | wontên malih kang prapta | kadang Kohkarib rong puluh | ambêkta bala nyalêksa ||

22. Sang Aprabu Umarmadi | lumampah ing wingkingira | kinèn rumiyin kadange | wus prapta kang para nata | panggih lan Radèn Maktal | anèng

--- 25 ---

ing pakuwonipun | lajêng ngrangkêpi barisnya ||

23. nulya wontên prapta malih | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | lan ingkang eyang sarênge | garwanira Arya Maktal | saking Mêsir nagara | Kusuma Sajarahbanun | bêkta bala limang yuta ||

24. wus panggih kalawan laki | wong agung ing Parangteja | wus akathah punggawane | ngara-ara Kèb barisnya | sampun kadya samodra | balabar kalangan têpung | wus pajêg kukuh barisnya ||

25. rawuh Prabu Umarmadi | prasamya tawan karuna | kadya ge têmpuh rêbut rok | lan ratu kang nganiaya | ngajapa têmpuh ing prang | kadya ge wruha mring Kanjun | rêringa agênti gada ||

26. Wong Agung Parangtejaki | akèn anêtêg têngara | gumuruh munya kêndhang gong | siyang latri têtabuhan | gunêm ngiras bujana | kunêng wau kang winuwus | Sang Raja Kanjun miyarsa ||

27. yèn wong Mêkah pacakbaris | satriya ing Parangteja | kang dadya gêgunungane | senapati rananggana | Raja Kanjun gya marak | marang Bathara Mêdayun | umatur yèn Arya Maktal ||

28. sampun madêg pacakbaris | gumrah sajawining kitha | baris tugur nèng têgal Kèb | ngajapa têmpuhe aprang | aprang atêtunggulan | mangkya prajurite kumpul | kang saking Mêsir wus prapta ||

29. saking Yahman ing Kohkarib | para ratu kathah prapta | wus samêkta dandanane | ngungun kang samya miyarsa | lamun wong Parangteja | ing mangke badhe anêmpuh | barise

--- 26 ---

wus têtimbangan ||

30. tunggule panantang prapti | Nusirwan maksih sineba | lan Raja Kanjun alunggoh | aglar kang para narendra | praptane punang surat | katur marang Raja Kanjun | pèngêt iki surat ingwang ||

31. satriya ing Ngalabani | wong agung ing Parangteja | kang wirutamèng palugon | wêgig lêlana digdaya | ingangkah tunggil yayah | mring Kalana Jayèngsatru | tur kinèn mungkasi karya ||

32. hèh Sang Prabu Parangakik | yèn sira arsa waluya | awèt amêngku kaprabon | gustiningsun luwarana | lan sira ngatêrêna | dèn sarta bongkokanipun | lamun ora mangkonoa ||

33. tan wurung ingsun patèni | pasthi tugêl gulunira | pinangan ing panah ingong | sun têtêngkêr badanira | ingsun dadèkkên papat | kagyat myarsa Raja Kanjun | surat sinungkên mring Bêstak ||

34. prasamya angati-ati | enjang badhe miyos ing prang | lawan wong Arab rêbut rok | wus bubar kang para raja | saking ngarsa Nusirwan | gumuruh kang para ratu | kang arsa mangun ngalaga ||

35. kunêng malih kang winarni | Sri Naranata Karsinah | angaturakên putrine | mring Wong Agung Kakungingrat | myarsa yèn gusti dhudha | putri Mêsir sedanipun | lawan Sang Rêtna Muninggar ||

36. ing warti dèrèng akrami | mila Sang Prabu Karsinah | amawongakên putrane | putri punjul pramudita | agung tan arsa krama | pêparab Rêtna Rabingu | Sirtupelaèli pelag [pe...]

--- 27 ---

[...lag] ||

37. binêkta bala rong kêthi | punggawane tiga wêlas | amitung èwu balane | wus prapta nagari Mêkah | myarsa lamun wong Menak | kênèng apus binalênggu | munggèng saluhur têtiyang ||

38. wus panggih praptanirèki | lan Wong Agung Parangteja | katur saniyat-niyate | Radèn Maktal langkung suka | pakuwon wus pinrênah | lawan sinungan sêsuguh | sadalu yuda kênaka ||

5. Pangkur

5. Radèn Maktal ngamuk wontên ing paprangan

1. enjang anêmbang têngara | bala Ngarab kumrab miyos ing jurit | tandanging bala gumrêgut | Wong Agung Parangteja | wus angrasuk sabusananing prang pupuh | ginarêbêg pra dipatya | prapta ing papan alinggih ||

2. nèng wijoan palorêtna | Umarmaya ngapit lan Umarmadi | baris kalangan atêpung | gubar bèri lan gurnang | tri gumuruh lir parang katêmpuh alun | ciptanira bala Ngarab | kadya ge têmpuh ing jurit ||

3. wong Parangakik miyarsa | wong Mêdayin samya miyos ing jurit | têngaranira gumuruh | wadya tanpa wilangan | lir samodra bêna barise wus têpung | munggèng patarana rêtna | Sri Bathara Nyakrawati ||

4. ingkang minăngka satata | ênggènira Sang Prabu Parangakik | wadya Rab surak gumuruh | Wong Agung

--- 28 ---

Parangteja | mundhut kudanira sumaos ing ngayun | kuda pun simbarlautan | kawot sakaprabon jurit ||

5. pamit marang Umarmaya | lir ginosong Wong Agung Ngalabani | nitih turăngga wus mamprung | nandêr mring rananggana | praptèng papan nyongklang wêdhar kudanipun | mubêng sarwi asêsumbar | êndi Rajèng Parangakik ||

6. yèn sira tuhu prawira | mêtonana kene padha prajurit | kantar jaja têpung bau | akaid wêntis walang | ngadu kuwat prakosaning otot balung | payo ukêl siring netra | arok băndawala prapti ||

7. hèh iki Si Parangteja | singa tiwas ing rèh arêbut pati | ilokna mring gustiningsun | lamun sira kang tiwas | sun jêjuwing ngong karya pakan kudèngsun | hèh Kanjun padha prawira | aja nambuh ing ajurit ||

8. sira ratu nganiaya | dudu tatrap culika ing ajurit | hèh dèn age Raja Kanjun | iki ana wong lanang | lanang tuhu padha trahing ratu agung | têtela sami miyarsa | prajurit ing Parangakik ||

9. wau tan bêtah miyarsa | Raja Saridurga kalangkung runtik | narendra saking Tarkukum | mangsah nitih turăngga | kawot sagung sakapraboning prang pupuh | prapta madyaning ranangga | apanggih samya prajurit ||

10. mojar Arya Parangteja | sapa aranira wong Parangakik | ingsun Narendra Tarkukum | pêparab Saridurga | nora olèh sira ngajap Raja Kanjun | ingsun bae mungsuhira | sagêndhingmu ing ajurit ||

--- 29 ---

11. lah ta payo lêkasêna | Parangteja mèsêm dènnya nauri | iya dudu caraningsun | aprang yèn dhinginana | balik sira payo anggadaa gupuh | Saridurga ngikal gada | tumêmpuh gada nibani ||

12. parisane Arya Maktal | mubal agni saking sruning gêgitik | kang atangkis kuwatipun | dahana kantar-kantar | sênggak-sênggak sira Sang Prabu Tarkukum | lah mati ko Parangteja | wurung dhingin sida iki ||

13. duk ingugêr lan têtiyang | Arya Maktal wusnya kalaban agni | katon ngikal pêdhangipun | kinitêr Saridurga | wadya Parangakik surake gumuruh | miwah wadyabala Ngarab | lir gora manêngkêr langit ||

14. lah kudhunga băndabaya | Saridurga sangganên pêdhang mami | sigra pinêdhang winuwung | sigar parise waja | anêratas sigar palih sirahipun | jăngga lajêng marang jaja | lajêng wêtêngipun palih ||

15. têrus kêkapaning kuda | kampad tugêl gigire kang turanggi | sigar Sang Rajèng Tarkukum | surak wadya ing Arab | samya eram wong Parangakik andulu | kuwat wasise amêdhang | satriya ing Ngalabani ||

16. duka Prabu Danurisman | nitih kuda nandêr miyos ing jurit | praptèng pabaratan sampun | panggih ayun-ayunan | tambung laku Danurisman sigra gupuh | wong agung ing Parangteja | tan osik dènira tangkis ||

17. pinindho panggadanira | pining tiga nanging kuwat panangkis | Wong Agung Parangteja wus | anyarungakên pêdhang | sigra nyandhak [nyandha...]

--- 30 ---

[...k] kang palu rante sumiyut | sinabêt Sri Danurisman | Arya Maktal sarwi angling ||

18. sandhangên ratu culika | sêsabête satriya Ngalabani | kagubêd sariranipun | katut turangganira | Danurisman wus rêbah lan kudanipun | tinarajangakên kuda | wira-wiri dèn idêki ||

19. sigra Prabu Darundiya | nusul marang raka sarwi nalèni | Danurisman wus kapikut | binêkta mundur nulya | surak bala Ngarab kadi wukir guntur | wong agung ing Parangteja | midêr ing papan sêsirig ||

20. lah payo sapa narendra | bosên urip papagên tandang mami | sigra wau Raja Kanjun | dukanira kalintang | amit marang Nusirwan kudane mamprung | praptèng papan yun-ayunan | lan Wong Agung Ngalabani ||

21. Raja Kanjun asru mojar | tadhahana Maktal panggada mami | mêngko sira ajur mumur | mèsêm Sang Arya Maktal | kalingane sira kang anama Kanjun | sêdhêng sinêbut prawira | yèn ana ing Parangakik ||

22. anom tur gagah prakosa | têtapi yèn ngambah liyan nagari | tan ana nêbut sirèku | miwah nèng bumi Ngarab | sira ratu gorekan pan ora payu | durjana ratu niaya | sudine ingkang sumiwi ||

23. kaya ta larang manusa | gawe ratu culika ing ajurit | langkung duka Raja Kanjun | myarsa pangucapira | sigra mutêr gadanira gêng tumêmpuh | wong agung ing Parangteja | palu rante karya tangkis ||

24. duk sumiyut gadanira | palu rante barêngi anadhahi [a...]

--- 31 ---

[...nadhahi] | sinabêt gadane rampung | tugêl lan tibèng lêmah | pasikêpan kang kari kinarya gutuk | tinangkis sinabêt sirna | duka pêdhange tinarik ||

25. Sang Raja Kanjun amêdhang | duk lumarap wong Parangteja nangkis | sinabêt pêdhange putung | langkung rame kang aprang | wadya surak gumêrah kêndhang gong umung | kang aprang datan kuciwa | samya prajurit sinêkti ||

26. sinabêt turangganira | Raja Kanjun sikil kudaning wuri | rampung turanggane rubuh | Raja Kanjun malêsat | karepotan Raja Kanjun yudanipun | kasaput surya diwasa | mundur kalih kang ajurit ||

27. ing dalu samya bujana | Arya Maktal anggung ingkang pinuji | ing rowang kalawan mungsuh | prawirane sêmbada | Raja Kanjun kalingsêman unduripun | soring prang lan Arya Maktal | wuwusên Kanjun ing wêngi ||

28. bujana lan para nata | Sri Nusirwan aglar kang pra dipati | tuwin Dhatuk Betaljêmur | nèng kèrine sang nata | Raja Kanjun angling marang Betaljêmur | hèh bapa Jêmur wong Arab | angèl yèn pinèt ing manis ||

6. Dhandhanggula

6. Dèwi Sudarawrêti pêrang kalihan putri ing Karsinah

1. datan antuk ginampang ing pati | cacak Si Maktal timbang lan ingwang | tuhu abot sêsanggane | ngasorkên para ratu | ingsun aprang ing nguni-uni | durung kaya

--- 32 ---

Si Maktal | boting para ratu | ingkang kabănda dening wang | Betaljêmur nauri wacana manis | ya Maktal ya wong Menak ||

2. Patih Bêstak anambungi aris | duk prang ara-ara Bakdiyatar | wong Menak tatu sirahe | kantu pitulas dalu | anèng Mêkah sasat ngêmasi | Maktal kang maksih gêsang | pajêg barisipun | tyase kang para narendra | datan owah Maktal madêg senapati | bêbotoh Umarmaya ||

3. sakadange prawira ngajurit | trahing Ngalabani Raja Masban | tur ratu prajurit gêdhe | ratu bang kilèn wudhu | tur sinêmbah samaning aji | ngungun Kanjun miyarsa | pêparentah gupuh | angêdhunakên têtiyang | Jayèngmurti tinrap ing kunjara wêsi | pinêndhêm jroning lêmah ||

4. urunan kang rumêksa para ji | munggèng pakuwon pungkuranira | pojok lor wetan prênahe | kunêng gantya winuwus | nênggih putri ing Parangakik | pan kadange taruna | lawan Raja Kanjun | amunjuli pramudita | panêngêran Ni Dèwi Sudarawrêti | tan pisah lan kang raka ||

5. tumut alêlana andon jurit | sasedane kang rama sang rêtna | tan pisah lawan kadange | tuhu prajurit punjul | pilih tandhing lamun ajurit | nadyan dèrèng diwasa | prang ambănda ratu | putri adi janaloka | Ngendraloka pantês siniwèng apsari | sêmbada wirutama ||

6. ngulatana ing sèwu nagari | kadi datan apanggih sawulan | ingkang mirib sairibe [sairi...]

--- 33 ---

[...be] | tuhu ratuning ayu | apidêksa dêdêg rêspati | pamulune ajênar | sêmu wilis arum | kaduk ing raga karana | sasolahe murwendah yangyanging bumi | sêdhêp tur awiraga ||

7. padanira amanis aramping | jariji rurus rapêt araras | jêmpol nyirah ula cabe | jêjênthik nguwoh tanjung | jari madya manis alungit | rêmpêg kênaka sunar | amraba ngênguwung | yèn tinon dalu ngangonang | yèn lumampah padanira mêlik-mêlik | kadya konang kanginan ||

8. pêtêng-pêtêng andamari siti | nadyan ana kang mrêki katingal | saking mèntèr jarijine | pêpolok lir ginangsur | mênthêg manis amênis-mênis | kempol kadya kancana | pinatar pinatut | cêcingkloke maya-maya | anggaligir têtiga otote wilis | wêntis kadya pinasah ||

9. anglir pudhak siniwêr amanis | èmêt mêmbut mêndat mêntal-mêntal | pinidihan ngatal dene | mêlok-mêlok ngênguwung | walakange mêmêt aramping | marăngka pangot pelag | angudhup sitangsu | wêwangkong nyangkal ajangkang | pan amathak kuwangwung cacêthik manis | mêmanise marpada ||

10. lambung ngula lêmpe amalipis | lembong amalang lambang nglêmbing mas | amênggik nawon saose | iga wêkas manaput | turut pirid raras aramping | pan kadya pinataran | praptèng jajanipun | sangandhaping payudara | lir pinasah winali tinurut sungging | sênêning ima

--- 34 ---

rata ||

11. payudara nyêngkir mas sinangling | mênthêk-mênthêk lir pênyon kancana | sumêngkèng bau wijange | gandhewa gadhing putung | jăngga lumung mêmbat rêspati | uwang anglêngkang nangkal | pêthèl anyar rampung | lathi jring mardapa rêngat | waja angron tangguli mêmêt amanis | grana amali carma ||

12. papa sumêsêp amlat amidih | idêp dêkung sumêngkèng ing mantra | pipi pantês lir pinongge | netra jait marasmu | balut imba larapan adi | anyêndhani ngumala | talingan ngênguwung | rema wilis têtêl atap | duk samana Sang Rêtna Sudarawrêti | lagya sakeca nendra ||

13. nèng pakuwon supêna ing latri | katon wiyati bêdhah nêrawang | sang rêtna kagyat ing tyase | lawan ana tumurun | saking wiyat palăngka rukmi | kang nitihi wong tuwa | lanang sampun ciklu | sang rêtna katingal mapag | sapraptane palăngka rukmi kang isi | wong tuwa gya sinêmbah ||

14. matur alon sang raja pinutri | tuwan puniki sintên kang nama | saking wiyati têdhake | wong tuwa lon sumaur | ingsun iki Nabi Ibrahim | têdhak saking akasa | tutur ing sirèku | lamun jatukramanira | pan wus parêk kang anèng kunjara wêsi | siniksa kakangira ||

15. iya iku musthikaning bumi | Kakungingrat lêlana digdaya | ing aprang pilih bobote | lan besuk sira sinung | anak lanang pêkik rêspati | prawira ing ayuda | madêg ratu agung | lah nini sira salina | ing agama [aga...]

--- 35 ---

[...ma] payo nini sun warahi | sampun winuruk sadat ||

16. sawungune sang rêtna aguling | pasarean gandanya mrik ngambar | ulêkan ing sarirane | sang ayu langkung ngungun | supênane ingkang kaèsthi | amung kang kinunjara | ing wêsi kang ketung | siniyasat prabu kaka | ciptanira nora wande awak mami | mêmungsuh lawan kadang ||

17. ingkang pasthi jatukrama mami | dèn pilara tan wande sun rêbat | sigra anggugah êmbane | pawongan kawan atus | ingkang sampun ingajar jurit | samya kinèn sanega | kabatinanipun | baris pêndhêm pasanggrahan | kunêng malih putri Karsinah winarni | kang tugur anèng Mêkah ||

18. Dyah Rabingu Sirtupelaèli | mangun sungkawa dalu supêna | Nabi Kilir duk têdhake | wêwarah lamun èstu | jatukrama Sang Jayèngmurti | kang maksih sinangkala | dening Raja Kanjun | besuk sinung putra lanang | tur pinêkik sêmbada prawirèng jurit | ngungun sawungunira ||

19. ciptanira lumampah ing latri | amandungi mring Sang Kakungingrat | wontên amêng-amêngane | kang rama sang aprabu | pêksi kêna dipun titihi | ambêk idhêp ing jalma | sacêngkal gêngipun | warna di kêkasih endah | măncawarna pun pêksindra saomahi | titihane kang rama ||

20. pinaringkên ing putranirèki | manawi manggih karya ing paran | ing prang dadya titihane | rumêksa Jayèngsatru | wus mangkana sang rajaputri | nungkulakên ing wadya | wanci têngah

--- 36 ---

dalu | anitih paksindranira | sigra mumbul dhasare putri prajurit | napak sura wiweka ||

21. manjing pakuwon ing Parangakik | Rêtna Rabingu Sirtupelalya | wus ngungkuli pakuwone | wau Sang Raja Kanjun | sirêp datan ana kang tangi | kênèng pangaribawa | sirêpe sang ayu | mung pakuwon pêpungkuran | ênggènira Sang Rêtna Sudarawrêti | sang dyah pan dèrèng nendra ||

22. duk siyaga pan arsa mêmaling | marang ênggène Sang Kakungingrat | pojok wetan kunjarane | jro luwang prênahipun | Rêtna Dèwi Sudarawrêti | pan arsa manggihana | mring sang binalênggu | yèn bisa ginawa mêntas | nora ketang dadya tawaning ajurit | lan raka wus tinêmah ||

23. lan parêkanira mung kêkalih | kang jinatèn angampil endhong mas | kang satunggil gandhewane | nèng latar wong katêlu | lawan gusti sang rajaputri | kunêng wau kang prapta | kang nêdya mêmandung | putri adi ing Karsinah | Ni Rabingu nênggih Sirtupelaèli | kang jêjêp ing anjajah ||

24. sang rêtna lir jangkung miling-miling | jinajah kang pakuwon sadaya | rêrêp sirêp panendrane | amung pungkuranipun | sri bupati ing Parangakik | ana amajang wulan | wanodya têtêlu | samya busana ngayuda | sigra niyup putri Karsinah mrêpêki | manawêng ăndakara ||

25. kagyat tumênga Sudarawrêti | sapa iki kang nawêngi wulan | kadya mêndhung gumrêmênge | ngakua kang satuhu | apa dhustha amara sandi | tuwin karti

--- 37 ---

sampeka | panjilmaning satru | nauri putri Karsinah | aja tambuh iya ingsun iki putri | adi saking Karsinah ||

26. kagyat Sang Rêtna Sudarawrêti | datan kongsi acatur pariksa | kasusu dening sukane | hèh kalingane pandung | pêksa lancang ngungkul-ungkuli | apa putri sajagad | mung sira pinunjul | nadyan Parangakik ana | putri luwih pêparab Sudarawrêti | prawira măndraguna ||

27. tadhahana maling sun jêmparing | dyan lumêpas sanjata pananjak | putri Karsinah anampe | sarwi ngandika asru | galak têmên wong Parangakik | maling durung karuwan | têka ngarah lampus | kêna dosa wong sikara | jêmparinge cinandhak ing asta kering | pinutung gya binuwang ||

28. ênya mènthèl jêmparingirèki | ingsun putung payo anusula | mring awiyat aprang rame | Sudarawrêti ngrungu | lir sinuwèk talingan kalih | lah sapa aranira | antènana ingsun | sang rêtna nimbali sigra | titihane garudha yêksa wus prapti | ditya sirah garudha ||

29. eyangira nguni kang darbèni | Raja Kulkum mêng-amênganira | winarisakên wayahe | abuntut lan ajalu | sêsabane ing awiyati | saksana tinitihan | kinêtab wus mabur | sang rêtna anarik pêdhang | sigra têmpuh rok paksindra saomahi | lawan garudha yêksa ||

30. kabruk-kinabruk sêbit-sinêbit | sampar-sinampar kêpyak-kinêpyak | wau kang nitih kalihe | agar-ingagar palu | pêdhangira [pêdhang...]

--- 38 ---

[...ira] amobat-mabit | lah payo angakua | sapa ranirèku | aja mati tanpa aran | iya ingsun Rabingu Sirtupelèli | putri adi Karsinah ||

31. babo-babo si bungkêr kêmini | ngaku putri adi ing sajagad | durung ana têtondhene | sangganên pêdhang ingsun | dyan amêdhang Sudarawrêti | nangkis putri Karsinah | samya pêdhang caruk | pan kadya sêsiring kilat | ting karêthap kang aprang anèng wiyati | kalihe yu utama ||

32. pêdhang-pinêdhang pating carêngkling | danguning prang putung pêdhangira | candhak-cinandhak kalihe | rukêt titihanipun | kang paksindra ya saomahi | lawan garudha yêksa | pulêtan apêluk | kang nitih jambak-jinambak | sami supe sarêng dènnya tibèng siti | dèrèng wal kalihira ||

33. kêkêt dènira jênggit-jinênggit | sarêng uwal kontal kalihira | miwah wau titihane | sarêng panyandhakipun | dadya ucul kang samya jênggit | nyandhak titihanira | putri kalihipun | ngadêg sangarsèng tunggangan | payo rèrèn mêngko padha aprang malih | ngantêp sura mêrata ||

34. asta kiwa kang samya gujêngi | asta kanan masang ukêlira | samya angigit wajane | mêngko-mêngko dikêpruk | anauri Sudarawrêti | digablog wong pitulas | kongsi anjalêbud | mènjèng têmên wong Karsinah | sumangkeyan sirèku putri prajurit | sumêkti tur gumuna ||

35. Ni Rabingu Sirtupelaèli | anauri sira putri gila |

--- 39 ---

eman têmên yu warnane | cocote abêrancuh | tan pêparah dènira angling | tan pantês lamun darah | turuning pra ratu | dangu samya kabêranang | sarêng nitih ing titihanira kalih | sarêng mêsat ngawiyat ||

36. pêdhang-pinêdhang caruk makangsi | ucul sanjata gora sêngara | cawuk-cinawuk arame | gantya bujung-binujung | kang paksindra ya saomahi | lawan garudha yêksa | akabruk-kinabruk | cakar-cinakar masimpar | rame patuk-pinatuk tan migunani | ukêl pada sri nata ||

7. Sinom

7. Wong Agung luwar saking Pakunjaran

1. arame danguning aprang | kalihe putri prajurit | tan ana ingkang kasoran | Rabingu Sirtupelèli | lawan Sudarawrêti | samana sarêng maniyup | ngèmpèr marang têlaga | praptane asiram kalih | patut sami siram kosok-kinosokan ||

2. wusnya siram sarêng mêntas | lajêng bujana prang malih | sayah yuda nèng gêgana | ing dharatan rame jurit | tan wus ucapên kalih | sang putri dènnya prang pupuh | lèrèn ngisoring gurda | prajangji sarêng aguling | titihane kalihe samya cinancang ||

3. sawungunira anendra | nèng wana sami ngundhuhi | manggis jambu lan pijêtan | dènira adhahar sandhing | Rêtna Sudarawrêti | lan putri Karsinah wau | dènnya prang tigang dina | lawan nênggih tigang latri |

--- 40 ---

duk samana munggèng têpining talaga ||

4. asru dènira ngangandika |[5] Rajaputri Parangakik | lah ta iki basakêna | ingsun kasusu aruntik | datan nganggo paniti | aprang kongsi tigang dalu | kang rinêbut tan ana | ing prakara durung yêkti | lah ta paran sirèku putri Karsinah ||

5. andhustha mring pasanggrahan | sira Sirtupelaèli | angakua dèn pratela | apa sêdyamu kang yêkti | putri Karsinah angling | iya sayêkti ngong mandung | dudu raja barana | pan Gusti Sang Jayèngmurti | siniasat marang Kanjun kakangira ||

6. iku kang arsa ngong dhustha | gumujêng Sudarawrêti | apa mulane dhinustha | putri Karsinah nauri | pan iku gusti mami | bêndarane rama prabu | lan iya iku bakal | gusti ngiras dadi laki | duk miyarsa ngungun tyas Rêtna Sudara ||

7. dhuh babo nora kayaa | tunggak rone angalingi | katuju padha raharja | aprang kongsi tigang ari | yèn kalakon amati | pan ingsun kelangan maru | angrangkul gablog jaja | rêtna yu ing Parangakik | iya ingsun bakal anyèthi marana ||

8. pan ingsun jroning supêna | winangsit Nabi Ibrahim | malah iya wus aningkah | sinêksèn Nabi ibrahim | pan arsa sun malingi | nêdya mungsuh kakang prabu | kasêlak sira prapta | lakunira laku maling | nora etung kasusu panas tyas ingwang ||

9. ing mêngko wus manggih tata | karone padha basuki | payo mulih masanggrahan [masanggra...]

--- 41 ---

[...han] | sun suguh sun gumatèni | sun pêcêlakên pitik | jangan mênir mênir jagung | sigra kalih saksana | nitih titihanirèki | parêng mêsat praptèng jroning pasanggrahan ||

10. saosanira wus aglar | wus dhahar sang putri kalih | pan angiras pagunêman | ngandika Sudarawrêti | payo jangji kariyin | sapa ingkang dadi sêpuh | angling putri Karsinah | ingsun iki apan dhangri[6] | dadi tuwa dadi anom pan tarima ||

11. gumujêng Rêtna Sudara | ya ingsun kang basa yayi | sira anom ingsun tuwa | putri Karsinah nauri | sumăngga anuruti | kangbok yèn sami rahayu | sok sami salamêta | Jêng Gusti Sang Jayèngmurti | apan ingsun trahing abdi timur mila ||

12. pan sira durung kabala | ing Gusti Sang Jayèngmurti | ramanira sri narendra | miwah kadangira iki | Si Prabu Parangakik | têtimbangan maksih mungsuh | marmane pantês sira | iya ingkang anuwani | apan uwin[7] sun sêdya anut ing sira ||

13. sawusnya sami adhahar | baskara diwasa nitih | prabane kang ăndakara | lorodan sampun cinarik[8] | marang parêkan cèthi | sadaya prasamya ngungun | miyat ing tamunira | lan gustinira mèh sami | rêspatine pan undha-usuk kewala ||

14. jatmika sêdhêpe samya | kari cahyane sakêdhik | mèntèr-mèntèr mulat-mulat | Rajaputri Parangkakik | rêspati midêksani | putri Karsinah pan dhuwur | lêncire sawatara | sêdhêng

--- 42 ---

putri Parangakik | nanging pantês sêmbada dadya sudara ||

15. ngandika Rêtna Sudara | payo yayi amêmêling[9] | wong roro mring pakunjaran | busana kaprabon jurit | mangkat sang rajaputri | marang pêpungkuranipun | pakuwone kang raka | wus prapta sang putri kalih | kang akêmit sadaya wus samya nendra ||

16. mung kantun lêlurahira | mantri papat dèrèng guling | kagyat mire dènnya lênggah | mulat mring gusti sang putri | Rêtna Sudara angling | hèh mantrine kakang prabu | sun jaluk marang sira | iya kang sira tunggoni | yèn dinangu awadna musna kewala ||

17. yèn sira wangkot tan suka | lah payo prang lawan mami | sang rêtna amênthang langkap | yèn sira wèh sun opahi | iki dinar rong kêthi | êdumên lan sakancamu | mantri matur anêmbah | sandika kawula gusti | pan sakarsa-karsa kawula sumăngga ||

18. soroge pinundhut sigra | sinorog kunjara wêsi | mênga sang rêtna kalihnya | manjing ing kunjara wêsi | wong agung sayah guling | winungu mring sang dyah ayu | wungu wus sinaosan | inuman anggur kang manis | sarbad kilang bêbêktanira sang rêtna ||

19. wong agung nginum saksana | sêgêr sariranirèki | wau ta Sang Kakungingrat | têtanya wacana manis | sira iku wong ngêndi | wèh inuman dalu-dalu | putri kalih tur sêmbah | kula putri Parangakik | kang satunggil punika putri Karsinah ||

20. milamba marêk ing tuwan | apan Jêng Nabi [Na...]

--- 43 ---

[...bi] Ibrahim | ing nguni dalu wêwarah | yèn kawula jatukrami | lawan paduka Amir | kinawinkên wingi dalu | malah winasiyatan | pêputra jalu tur pêkik | prawirèng prang madêg ratu binathara ||

21. lan yayi putri Karsinah | katêdhakan Nabi Kilir | warah lamun jatukrama | inggih putra jalu pêkik | mila sami mandungi | ing paduka purwanipun | suwawi sami mêdal | kula bayang wong kêkalih | saking tabêt gêrahe sarira tuwan ||

22. wong agung binêkta mêdal | kang kêmit pi-api guling | ing kaputrèn sampun prapta | ginănda dèn usadani | sarirane mèh pulih | awatara pitung dalu | mulya sagung lêlara | tatune mung kari kêdhik | saking ampuhing usada têmah mulya ||

23. matur Sang Rêtna Sudara | dhuh Gusti Sang Jayèngmurti | ing mangke sampun waluya | pan inggih ingkang misakit | pun kakang Parangakik | paduka amalês ukum | linaran nyatur[10] lara | pinatèn anyaur pati | pan kawula tan asih kadang sikara ||

24. wong agung alon lingira | yèn sira asih ing dasih | prasêtya tan tolih kadang | pan ingsun nari samangkin | tan ana gaman jurit | dadi tan bisa prang pupuh | matur sang rêtnaning dyah | paran kang tuwan karsani | angandika iya yayi amung gada ||

25. mèsêm Sang Rêtna Sudara | yèn makatên inggih gampil | kawula kèn karya gada | ngriki kathah pandhe wêsi | saking ing Parangakik | bêbêktane [bê...]

--- 44 ---

[...bêktane] kakang prabu | samya pandhe utama | binêkta ngalurug sami | kalih atus sami pandhe pêdhang gada ||

26. sigra nimbali parêkan | Sang Rêtna Sudarawrêti | lan mundhut mas pitung talam | awatara pitung dhacin | kinèn samya maringi | pandhe wêsi sadayèku | badhenira sang rêtna | pan arsa akarya bindi | wus binagi êmas mring pandhe sadaya ||

27. antara ing tigang dina | pandhe sami dèn timbali | sang rêtna karyaa gada | sinungan ênggèn pribadi | gada gêng kang ngluwihi | timbalanira sang ayu | dadia têlung dina | wau kang winuwus malih | para mantri kang samya têngga panjaran ||

28. tur uninga sri narendra | lamun rêrêksanirèki | lir pinèt lata wal ujwa | musna sing kunjara wêsi | kunci mênga pribadi | upami pinèt ing pandung | tan wontên pagêr owah | lung-lungan tan punggêl sami | samya ngungun sagung kang samya miyarsa ||

29. Raja Kanjun tur uninga | marang Prabu Nyakrawati | yèn musna saking panjara | pan inggih pun Jayèngmurti | tan wontên banon gigrig | lung-lungan tan ana rampung | kagyat sagung miyarsa | maras Prabu Parangakik | Patih Bêstak angunggar Kanjun tyasira ||

30. puniku pinèt ing setan | satrune pun Jayèngmurti | jêr sok anggadani setan | pun uwal payal binanting | rêmuk awor lan siti | pasthi anak putunipun | sadaya malês pêjah | mangko wong Menak bilai | ajêmrunuh pasthi panggawening setan [se...]

--- 45 ---

[...tan] ||

31. iku binadhog ing setan | gêmêt datan ana kari | mring turune duwal payal | setan tan bisa miwiti | payo kasukan sami | pratăndha ing rèh wus unggul | musna mêmarasing tyas | sira Prabu Parangakik | anuruti mring Bêstak sami kasukan ||

32. andina-dina bujana | lan sagung para narpati | kunêng malih kang winarna | sang rajaputri kêkalih | kang sami angrawati | mring Kalana Jayèngsatru | ingkang pinulasara | waluya laminya mangkin | jinampenan marang Sang Rêtna Sudara ||

33. prasasat garwa kalihnya | mring Kalana Jayèngmurti | dènira amulasara | miwah dènnya nglêladosi | Rêtna Sudarawrêti | kalawan Rêtna Rabingu | Sirtupelèli samya | trêsna srah jiwa kêkalih | pêjah gêsang nèng pada Sang Kakungingrat ||

34. wong agung alon têtanya | yayi Sirtupelaèli | duk lagine praptanira | sira wus padha pêpanggih | lawan wong tuwa mami | kayaparan solahipun | apa ta wus miyarsa | yèn ingsun nêmu bilai | matur nêmbah putri adi ing Karsinah ||

35. inggih duk prapta kawula | pan sampun apacakbaris | rayi tuwan Parangteja | umadêg nyenapatèni | Umarmaya ngêmongi | rama paduka pukulun | inggih anunggil dina | ngadhêpi putrèng Ngalabi | pan jinurung ugêr asmara dilaga ||

36. para santana ing Mêkah | angeka parêng ngêmasi | lan Wong Agung Parangteja | raka paduka [padu...]

--- 46 ---

[...ka] prasami | sawêlas nunggil kapti | sabiyantu parêng tumpur | sadaya bala Mêkah | gêng alit anêdya pati | nèng ngarsane rayi tuwan Parangteja ||

37. katuju dhatêng kawula | bêkta bala tigang kêthi | wolu punggawa Karsinah | rama prabu kang bêktani | tigang atus pra mantri | punika pan lothung-lothung | nuntên malih kang prapta | dêdamêl kang saking Mêsir | kawan yuta kathah punggawa prawira ||

38. kang ngirid Rêtna Sajarah | lan wayah tuwan tut wuri | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | nuntên Sang Prabu Kohkarib | sakadange wus prapti | para ratu patang puluh | nuntên Sang Rajèng Yahman | kuda endah betal pêkih | praptanipun angirid kapraboning prang ||

39. rayi tuwan Parangteja | pan sampun miyosi jurit | dhatêng rana pabaratan | inggih anuntên ngawaki | Wong Agung Ngalabani | aprang antuk bănda ratu | ingkang pêjah satunggal | ratu kêkalih kang kêni | marang Maktal prasamya ratu prakosa ||

40. malah ta ipe paduka | Sri Bupati Parangakik | pan sampun miyosi ing prang | atandhing arêbut pati | lan putra Ngalabani | sadintên ing yudanipun | rame wong Parangteja | kapara unggul sakêdhik | sru gumujêng miyarsa Rêtna Sudara ||

41. gumampang yayi Karsinah | ngipèkakên durung pasthi | manawa tan pinarcaya | ingsun mring wong agung iki | yèn anggêp ingsun yayi | nadyan kadang dadi mungsuh | saking bot trêsnaningwang | tan tolih kadang rama ji | kang sun turut [turu...]

--- 47 ---

[...t] mung Nabi Ibrahim mulya ||

42. pitutur jroning supêna | ing nguni Jêng Nabi Brahim | yèn pasthi ajatukrama | ingsun lan wong agung iki | nanging yayi sun dugi | wong iki ngandhangi angkuh | manawa tan katrima | ingsun lawan sira yayi | kusung-kusung wong loro anduratmaka ||

43. ingsun yayi lawan sira | konangana dèn patèni | duk lagi manjing panjara | măngsa tolih kadang èstri | ujêr arsa ngluwari | iya marang mungsuhipun | Wong Agung Kakungingrat | myarsa lingira sang putri | pan kagagas waspa mijil lir turasan ||

44. asêrêt dènnya ngandika | kang mangkana yayi kalih | măngsa dadia manungsa | lamun tan idhêp ing bêcik | pan ingsun wong wus mati | kang awèh urip sirèku | lawan yayi Karsinah | kang dadi kanthinirèki | nguculakên manira saking panjara ||

45. apa ta kang sun walêsna | nadyan sakurêbing langit | pangrasa măngsa puliha | yèn dudu pati lan urip | ingsun mirah angabdi | mring nah anggèr kalihipun | janma angêla-êla | ing gusti sang putri kalih | ing dêlahan tulusa angèstupada ||

46. gumujêng tyase kakênan | sira rajaputri kalih | sumèntêg anêmpuh jaja | kêsangêtên Paduka Mir | pundi wontên pawèstri | angabdèkakên ing kakung | mendah dening duraka | mung kandhêg ngrêrasan inggih | ingkang kocap munggèng srênggara kalangyan ||

47. kang tuhu măngsa wontêna | nauri Sang Jayèngmurti | sayêktine [sayêkti...]

--- 48 ---

[...ne] iya ana | ingkang kaya awak mami | pasthi ingsun labuhi | lair batine tan keguh | pan ingsun wong wis pêjah | yayi kalih awèh urip | apa dudu satriya gambuh ing ngarsa ||

8. Gambuh

8. Wong Agung pêpanggihan kalihan sang putri kêkalih

1. pan kalih mirah ingsun | ngêntas saking naraka satuhu | datan ana mantêp kadya yayi kalih | anglabuhi lara lampus | tur kadang tinêmah mungsoh ||

2. wong Mênak sarya dulu | marang ing sang rêtna kalihipun | dhuh kusuma pintên banggi kangge ngabdi | putri kênya kalihipun | samya musthikaning wadon ||

3. kula puniki sêpuh | tan pantês sandhing ratuning arum | langkung saru kula sampun kaki-kaki | angabdi sang liring santun | akarya ewa kang tumon ||

4. pêpantêse mas ingsun | manggiha satriya nom binagus | kang amêngku datan kuciwa ing tandhing | kawula sampun pêputu | punika Sang Rajèng Kaos ||

5. Maryunani kang susu[11] | nênggih sutaningsun kang pambayun | patut ingsun lawan Rajaputri Mêsir | Sêkar Kadhaton rumuhun | patutan jalu sawiyos ||

6. putri kalih sumaur | lah sintên kang mêmoyok puniku | botên dene satriya jêjaka pêkik | yèn kirang prawiranipun | lawan yèn ambêke awon ||

7. awone satriyèku |

--- 49 ---

kirang saking kadigdayanipun | nora pantês amêngku wanodya luwih | lan anèm wanodyanipun | satriya kodhèn kemawon ||

8. miwah yèn tanpa ngèlmu | urakan sayêkti tanpa kusur | nadyan inggih paduka wus kaki-kaki | wong Mêkah pan sugih ngèlmu | pantês mêngku wanodya nom ||

9. lawan trah Kurès iku | sugih kaprawiraning prang pupuh | pundi wontên kang kasongan ing wiyati | kadya paduka pukulun | kasub sumbagèng palugon ||

10. boya kudu mrih lulut | têbih saking gagasan kadyèku | nadyan silih kêmpalana sabên latri | yèn tan wruh wêkasanipun | yèn pêputra nora ilok ||

11. apês mring turunipun | pan mêdhotakên darajatipun | nadyan silih akrama akaki-kaki | yèn bêcik wêkasanipun | amrih turune kinaot ||

12. miwah wasiyatipun | Jêng Nabi Ibrahim kang linuhung | pintên-pintên ngong antuk wasiyat nabi | sun labuhi ajur-mumur | sun rewangi arêrêmpon ||

13. mèsêm angling wong agung | dhuh mirah kalih ratuning tuhu | baya ratu-ratuning putri sabumi | èstu ratuning rum-arum | ratu-ratuning wong wadon ||

14. gusti pêpujan ingsun | nugraha kang pasthi èstunipun | sih ing dasih êla-êla kawlasasih | kang pasthi tinohan lampus | pantês rinewang rêrêmpon ||

15. èstu wangsit tumurun | Nabi Brahim rikalaning dalu | anêdhaki mangsit yèn rahmating Widhi | kang mawa

--- 50 ---

anggawa wahyu | iya maringi lêliron ||

16. patine garwaningsun | putri adi kêkalih pan sinung | lêlirune yayi dèwi putri Mêsir | putri Karsinah puniku | gumantya Sêkar Kadhaton ||

17. yayi Muninggar liru | iya kang dadi lêlirunipun | apan yayi Rajaputri Parangakik | tan ana silib sarambut | tatah pamulu tan kalong ||

18. mung kêdhik marang lagu | yayi Muninggar mèsêm tumungkul | yayi dèwi Rajaputri Parangakik | aladak pasêmonipun | èsême tan milih ênggon ||

19. kaparèng pantêsipun | ing sasolah-solahe apatut | kaduk raga karana wong Parangakik | Muninggar jatmika ruruh | kalihe putri kinaot ||

20. ngupayaa sataun | kadi tan manggih lir mirah ingsun | baya iki musthika wadon sabumi | kang asih mring dasihipun | kang angsung urip pra layon ||

21. wontên parêkan matur | marang Rêtna Sudarawrêtiku | abdi dalêm pukulun wong pandhe wêsi | dènnya karya gada sampun | dadose langkung kinaot ||

22. tan wontên para ratu | angagêm gada kadi puniku | êmasipun inggih kalêbêt sadhacin | sêsotya parmatanipun | satus kêmbaran mirantos ||

23. kalih dasa hèr laut | hèr kêmbange nênggih patang puluh | kang sawêlas kêmbaran sami hèr thathit | hèr kilat kang têlung puluh | hèr diwangkara nêm jodho ||

24. hèr ăndakara pitu | hère kartika apan wêwolu [wêwo...]

--- 51 ---

[...lu] | pasikêpaning gada ênggène sami | lah punika warnanipun | gada gêng langkung kinaot ||

25. wong wadon patang atus | kang ambayang marang ngarsanipun | wus cinandhak mring Wong Agung Jayèngmurti | kang gada kinarya umbul | kang mulat sadaya gawok ||

26. cinandhak tibanipun | munggèng ing asta kiwa puniku | umbul saking kiwa têngên kang nanggapi | dadya mêng-amênganipun | ènthèng nèng astane karo ||

27. angling Sang Jayèngpupuh | iki tuhu si lamun pinunjul | gaweane gada pandhe Parangakik | tan ana kang para ratu | angagêm gada mangkono ||

28. rakit parmatanipun | tuhu yèn pandhe luwih pinunjul | angandika Wong Agung Jayadimurti | dhuh mas mirah gustiningsun | paran parentah sang sinom ||

29. gada punika sampun | Rêtna Sudarawrêti umatur | yèn suwawi paduka maguta jurit | ing yudane kakang prabu | wong ala winalês awon ||

30. ngandika Jayèngpupuh | yayi Karsinah sira sun utus | laku nilib marang yayi Ngalabani | paringêna surat ingsun | dèn dhêmit aja na wêroh ||

31. tinampan suratipun | sarwi nêmbah lèngsèr sang dyah ayu | Rêtna Dèwi Rabingu Sirtupelèli | nitih paksindra wus mabur | saomahi cumalorot ||

32. anèng gêgana ngayuh | sru manapak jumantaranipun | angungkuli pakuwon Arab kaèksi | putri Karsinah aniyup | lajêng manjing ing pakuwon [paku...]

--- 52 ---

[...won] ||

33. pukul sanga ing dalu | Wong Agung Parangteja duk lungguh | nèng pakuwon lan kang garwa putri Mêsir | Kusuma Sajarahbanun | nèng pungkure raka lunggoh ||

9. Pangkur

9. Wong Agung pêrang kalihan Raja Kanjun

1. kagyat sira Radèn Maktal | lan kang rayi Sang Rajaputri Mêsir | Kusuma Sajarahbanun | mulat putri Karsinah | prapta sarwi anuntun paksindranipun | wong agung ing Parangteja | lan kang garwa gya nêdhaki ||

2. wus samya lênggah atata | pinaringkên yayi puniki tulis | saking rakanira iku | Wong Agung Kakungingrat | tinampanan kaping tri pinêtêk ngêmbun | ingaras sigra binuka | pèngêt salam ingsun yayi ||

3. hèh ari mas Parangteja | ingsun yayi wèh wêruh ing sirèki | aja dadi tyasirèku | ingsun yayi wus mulya | ingapura dening Hyang Kang Maha Luhur | awit putri roro iya | kang nguculakên ing mami ||

4. putri Parangakik ingkang | apêparab Rêtna Sudarawrêti | arine Sang Raja Kanjun | lawan putri Karsinah | dene ingsun yayi mas ing besuk dalu | pukul tiga sun umangsah | magut Rajèng Parangakik ||

5. sira yayi samaktaa | angêpunga pakuwon Parangakik | lawan pakuwon Mêdayun | iya ing pukul tiga | lan matura marang [ma...]

--- 53 ---

[...rang] wakira sirèku | lamun ingsun wus waluya | miwah mring para narpati ||

6. titi panukmaning surat | tur sandika Wong Agung Ngalabani | sigra Sang Rêtna Rabingu | Sirtupelèli mêsat | wus anapak jumantara nyamut-nyamut | niyup paksindra manglayang | mring pakuwon Parangakik ||

7. wong agung ing Parangteja | angaturi Marmaya sigra prapti | tinuduhkên sêrat sampun | ngungun Ki Umarmaya | luwar saking prihatin kêndhang gong umung | barise kang para nata | mirsa baris Ngalabani ||

8. gumuruh tabah-tabahan | gya nimbangi munya sagung para ji | sabên pakuwon gumuruh | Wong Agung Parangteja | manjing pura panggih lan Ki Arya Ngabdul | Muntalip atur uninga | waluyane Jayèngmurti ||

9. prasamya ngadêg dêdonga | sukur ing Hyang Dipati Mêkah sami | lan saanakputunipun | wau malih winarna | sarawuhe pakuwon Rêtna Rabingu | Sirtupelaèli nêmbah | ing Kalana Jayèngmurti ||

10. pukulun rayi paduka | Arya Maktal pan sampun nyamêktani | dhawuhing sêrat pukulun | enggar kang para raja | miwah rama paduka saputranipun | samya salat sukur ing Hyang | wadya gung alit jalwèstri ||

11. tan sangsaya ri paduka | ing parentah magut ing bangun enjing | alon ngandika wong agung | marang Rêtna Sudara | yayi dèwi parentahira maring sun | ingsun sira kon magut prang | lan rakanira sang aji ||

12. wantu wong abăndayuda |

--- 54 ---

bok kêbanjur kêbrangas dadi pati | Rêtna Sudara wotsantun | inggih tuwan bêdhèla | tyas kawula datan garantês sarambut | sukur tuwan pêjahana | kakang Prabu Parangakik ||

13. jêr wong ala nêmu ala | lila lair batin tan ana kari | têtapi benjang yèn lampus | Parangakik nagara | kula suwun dados panandhon pukulun | sampun katanêman raja | ing nagari Parangakik ||

14. dados panandhon kawula | sru gumujêng Wong Agung Jayèngmurti | dhuh kusuma mirah ingsun | yèn èstu tinulungan | ing Hyang Suksma luwiha saking puniku | pan pati urip manira | kusuma yu kang darbèni ||

15. suwawi puniki măngsa | magut ing prang apan mèh pukul katri | ngundhangi parêkanipun | kawan atus sanega | sakapraboning prang kabèh cara kakung | Sang Rajaputri Karsinah | nunggil putri Parangakik ||

16. wong agung sampun busana | ingaturan mring putri Parangakik | pusaka wasiyatipun | saking kang eyang-eyang | Parangakik sadaya saking sang ayu | badhong tanapi makutha | rinasuk ing Jayèngmurti ||

17. parise baruti sangsang | pêdhang duduk sadaya wus rinakit | mangkat matêng jangjinipun | ginrêbêg ing pawongan | nênggih ingkang badhe ngampingi prangipun | nanging sang putri kalihnya | anjangkung nèng awiyati ||

18. tan adangu lampahira | praptèng jroning pakuwon Parangakik | munggèng palataranipun | sagung prajuritira [prajuri...]

--- 55 ---

[...tira] | prawirèstri angayap Sang Jayèngpupuh | samas wus winangsit samya | tutup talinganirèki ||

19. Wong Agung Menak gya pêtak | kadya gora gumuruh ingkang ardi | kêtug jaladri gumludhug | gêtêr-patêr liwêran | dhèdhèt erawati pracalita umung | gègèr wadya pasanggrahan | kagyat Prabu Parangakik ||

20. anyana akasa rêbah | ting bilulung punggawa pra dipati | takon-tinakon wartèku | wau sagung wadya Rab | duk miyarsa pêtak bêdhol barisipun | wong agung ing Parangteja | ngarêpan kang dèn barisi ||

21. kalawan sira Marmaya | ingkang kilèn sang prabu ing Kohkarip | kang wetan Tanus Tamtanus | ing Yahman lan ing Kebar | kang tinowongakên amung ingkang kidul | wau ta sawungunira | sira Rajèng Parangakik ||

22. miyarsa sêsumbarira | hèh sang prabu aja tambuh sirèki | sun Kalana Jayèngsatru | arsa magut prangira | payo kene rok bănda atêpung bau | pan sira ratu durjana | sok anambuh ing ajurit ||

23. dèn enggal padha prawira | rêbut pati marmane praptèng ngriki | iya arsa malês ukum | nguni siasatira | duk miyarsa têrataban Raja Kanjun | pan arsa angoncatana | sakala emut yèn aji ||

24. ratu kasub pramudita | nistha lamun ngoncatana jrih pati | pan tuhu nisthaning ratu | mati tilar galanggang | angur mati angurêbi gadanipun | têgêse narendra tama | matia [ma...]

--- 56 ---

[...tia] madyaning jurit ||

25. sigra angrasuk busana | nyandhak gada Sang Prabu Parangakik | mêdal saking kuwu rawuh | nèng latar yun-ayunan | hèh wong Menak payo apa nèng sirèku | sumaur Sang Kakungingrat | dudu watak prang dhingini ||

26. balik sira anggadaa | sigra ngangkat gada Sri Parangakik | wong agung sigra akudhung | parise băndabaya | dyan ginada tumêmpuh parise kombul | agni saking tamèng waja | sênggak Rajèng Parangakik ||

27. hèh ko mati Kakungingrat | wurung dhingin siramu mati iki | katiban ing gadaningsun | angling Sang Kakungingrat | nora mati maksih rinêksèng Hyang Agung | arame gada-ginada | dangu tan kasoran kalih ||

28. sèlèh gada narik pêdhang | rame pêdhang-pinêdhang parêng tangkis | lir kilat thathit ambarung | têmpuh kêmpranging pêdhang | sèlèh pêdhang agantya duduk-dinuduk | jirêt-jinirêt prasamya | candhak-cinandhak mrêpêki ||

29. sang rêtna kalih rumaras | sigra niyup kalihe marêpêki | nèng wurinira wong agung | nginggil kaparèng ngandhap | Raja Kanjun angangkat datan kajunjung | awanti-wanti ingangkat | suku tumanêm ing siti ||

30. prandene mêksa tan kangkat | hèh ra Arab angur junjunga wukir | sagêdhene pan kajunjung | payo sira malêsa | dyan cinandhak wangkingane Raja Kanjun | binanting sarwi apêtak | kantaka gumuling siti ||

31. sigra Sang Rêtna Sudara | lawan putri

--- 57 ---

Karsinah têdhak aglis | sarwi narik pêdhangipun | ingkang raka pinêdhang | jăngga pagas pêjahira Raja Kanjun | kang rayi Rêtna Sudara | kang mêdhang sarwi ngunduri ||

10. Durma

10. Wong Agung dhaup kalihan putri kêkalih

1. byar raina gumuruh ing pasanggrahan | lajêng amacak baris | tan wruh ratunira | yèn ing prang wus palastra | lan Kalana Jayèngmurti | nèng pasanggrahan | mila samya miyosi ||

2. miwah Prabu Nusirwan sru kagegeran | pakuwon Parangakik | dènnya bilulungan | gumuruh swaranira | punggawa myang pra narpati | miyos ing rana | tan wruh sangkaning warti ||

3. miwah Prabu Mêdayin kalulun samya | mijil sawadyanèki | kapanggih wong Arab | dhêndhêng têpung barisnya | surake mawanti-wanti | kumrab sumahab | li[12] alun anggulungi ||

4. dadya kosik barise miyat wong Arab | lir buta măngsa daging | kang satêngah mojar | lah iki ana paran | wong Arab angrêjêk baris | katut wijilnya | Kalana Jayèngmurti ||

5. miyos saking pakuwon lan para nata | ginarbêg ing parèstri | dadya katingalan | lan ambêkta mustaka- | nira Prabu Parangakik | sigra wadya Rab | samya mêthuk ing gusti ||

6. kusung-kusung mangaras pada karuna | kabèh kadya wong ngipi [ngi...]

--- 58 ---

[...pi] | miwah Umarmaya | sêsirig cikrak-cikrak | sinaosan palowani | sampun alênggah | Wong Agung Jayèngmurti ||

7. sigra mundhut turăngga Sang Kakungingrat | mustaka wus inguncit | sinangsayèng asta | rame kang têmpuh ing prang | wong Arab wèng[13] Parangakik | binandhêm sirah | dening Sang Jayèngmurti ||

8. tibèng ngarsanira Sang Prabu Nusirwan | kagyat kang aningali | sigra mundhut kuda | gègèr abilulungan | wong Arab barêng ngêbyuki | lor kulon wetan | nêmpuh ngungkih ngakahi ||

9. kyèh katutup kakênan akèh kacandhak | punggawa Parangakik | mung Prabu Nusirwan | lajêng palajêngira | punggawa wadya kyèh kêni | dening wadya Rab | miwah wong Parangakik ||

10. kathah pêjah lapgang samya jinarahan | wadya ing Parangakik | satriya punggawa | akathah kang kacandhak | ingkang kabarojol kêdhik | kyèh tinumpêsan | rinampêd dèn patèni ||

11. ingkang nutut kang wus ambuwang gêgaman | mung iku dèn talèni | gumuruh ubêkan | tangise kang kacandhak | miwah wong kang nandhang kanin | rusak kacandhak | wadya ing Parangakik ||

12. wus anggêrus sar-saran Prabu Nusirwan | wong Arab doh angungsi[14] | ya ta bala Ngarab | ingundhangan mandhêga | wong agung têdhak ningali | mring pasanggrahan- | ira Prabu Mêdayin ||

13. masanggrahan nèng ngriku Sang Kakungingrat | sarya ngêntosi dasih | satriya punggawa | kang samya bujung mêngsah |

--- 59 ---

sadina sontên kang prapti | bêkta jarahan | ana kang prapta wêngi ||

14. pukul sanga miwah kang pukul sadasa | kang prapta pukul kalih | kongsi byar raina | maksih kathah kang prapta | ana kang matur ing gusti | rama paduka | kang kawula tut wuri ||

15. wadyanira mawur kêdhik kang tut wuntat | dipăngga mung satunggil | cacahing turăngga | tigang atus watara | kuda kang kêthèn prasami | malêdug misah | makuwon pinggir wukir ||

16. duk acucul turăngga kula mangrêpak | pan kula wêwêdosi | ambêndhe sakêdhap | nuntên gègèr wurahan | kuda kalih bêlah kari | dipangganira | satunggil inggih kari ||

17. nunjang-nunjang pothar-pathir kuthetheran | kèndêl pinggiring kali | wus kêdhik wadyanya | duk ngajêngakên dhahar | kawula ambêndhe nuli | gègèr puyêngan | rama paduka nangis ||

18. nitih kuda tumpêng pangangge binêkta | dhahar nginggil turanggi | sarwi julalatan | angling Rahadèn Maktal | hèh Darundiya sirèki | bêsur kalintang | dadak sri narapati ||

19. ing Mêdayin sira anggo kalangênan | anèng têngah wanadri | gumyak para nata | gumuyu bata rêbah | Marmaya suka mênyanyi | acikrak-cikrak | hèh yayi Rajèng Bangid ||

20. uwakira Patih Bêstak tan kacandhak | gawanên ngarsa mami | sun gawe tarumpah | umatur Darundiya | tan pisah lawan narpati | rama paduka | Bathara Nyakrawati ||

21. ya ta kondur Wong Agung Surayèng Jagat [Ja...]

--- 60 ---

[...gat] | marang Mêkah nagari | apan arsa ningkah | lawan putri kalihnya | wus kêbut kang para aji | praptaning kitha | kang rama mêthuk aglis ||

22. ngaras pada ingaras lungayanira | suka-suka prasami | langkung sukanira | gêng alit wadya Mêkah | saksana wus dèn undhangi | kang para raja | mêmêtis kêbo sapi ||

23. putri kalih pinisah katur kang rama | ngungun kang aningali | dening warnanira | Rajaputri Karsinah | wus ngêblêgi putri Mêsir | Rêtna Sudara | ngêblêgi Muninggarim ||

24. duk samana samêkta sagung punggawa | ngumpul para narpati | miwah para tapa | suhada lan ngulama | Sang Dipati Mêkah mijil | mring pasamuan | aglar punang kandhuri ||

25. kadya baris pêndhêm kandhuri anjirap | sang rajaputri kalih | dangu wus apasrah | ngrêsaya mring kang rama | sang adipati malèni | pangulu ngiras | ningkahakên kang siwi ||

26. kathah para ngulama miwah suhada | nêksèni angèstrèni | wus luwar kang ningkah | ambêngan pinaragat | gumêr swarane wong bukti | kang para nata | suka-suka tan sipi ||

27. wus ingundhangakên sagung para nata | yèn putri Parangakik | ingkang dadya tuwa | anom putri Karsinah | mupakat undhanging gusti | wusnya mangkana | kasukan siyang latri ||

28. para ratu tan pêgat kang lagya prapta | kang têbah prajanèki | tan mêningi karya | lajêng bantoni suka | gumuruh swaraning baris | sêsêk ing Mêkah | ing wadya pra narpati ||

29. dyan wong agung pamit marang ingkang

--- 61 ---

rama | arsa budhal tumuli | mring nagri Kuparman | sadaya sukur ing Hyang | de putra Sang Jayèngmurti | wusnya waluywa | ing kaprabon wus eling ||

30. angulihi dènnya manggalani jagat | senapatining bumi | lêlana sumbaga | mandra ring Kakungingrat | wadyanya wus tanpa wilis | budhal gumêrah | lir rugrug ing wiyati ||

31. kari tistis asamun nagari Mêkah | sagunging pra narpati | sakucumbinira | kunêng datan winarna | ing marga talatah prapti | nagri Kuparman | Wong Agung Jayèngmurti ||

32. lajêng manjing kadhaton Sang Kakungingrat | lawan kang garwa kalih | pan sampun pinatah | dalêm kulon lan wetan | kulon putri Parangakik | wetan Karsinah | runtut tan walang ati ||

33. sih-sinihan lir tunggal ibu sayayah | Sang Putri Parangakik | lan putri Karsinah | langkung winong sakarsa | mangkana Sang Jayèngmurti | anèng Kuparman | nutug dènnya mong rêsmi ||

34. miwah garwanira satriya punggawa | tuwin para narpati | sadaya mangkana | samya belani suka | ing Gusti Sang Jayèngmurti | nungku asmara | tuhu yèn ambrangtani ||

11. Asmaradana

11. Wong Agung wontên ing Kuparman

1. sawusnya alami-lami | anèng nagari Kuparman | sira Sang Jayèngpalugon | langkung amangun wibawa | miwah kang para raja | sabudi-budine tutug | nagari

--- 62 ---

pelag tur endah ||

2. tan ana ingkang nimbangi | pelage nagri Kuparman | tan ana siti kang jêblog | atandhês wêdhi sadaya | wêning toya tumumpang | andadi tanêmanipun | lir praja Ngendrabawana ||

3. mangkana Sang Jayèngmurti | enjang miyos siniwaka | aglar ingkang para katong | kadya samodra balabar | wutah marang dharatan | wong agung ngandika arum | mring Wong Agung Parangteja ||

4. lawan mring Umarmayèki | yayi mas ing Parangteja | kakang mas Tasikwajane | paranta wartane baya | ênggone panêmbahan | apa wus anèng Mêdayun | apa ta maksih nèng têba ||

5. Radèn Maktal awotsari | pukulun dèrèng miyarsa | rama paduka wartane | Umarmaya aturira | kados sampun ngadhatyan | lamun lajênga pukulun | angungsi nagari liya ||

6. sayêkti wontên kang warti | dening sampun kawan wulan | bibar Pakanjun ing mangke | wong agung malih ngandika | bênêr yèn mangkonoa | hèh yayi Parangtejaku | sapa kang antuk jarahan ||

7. santana ing Parangakik | miwah kang mantri punggawa | Arya Maktal awotsinom | inggih kêkalih santana | punika naking-sanak | inggih lan pun Raja Kanjun | anama Radèn Irmakam ||

8. Radèn Panggandar satunggil | punggawa ingkang kacandhak | pitung dasa ing cacahe | ing mangkya kathah kang prapta | wadya lit asêluran | kawula pacaki tarub | wong cilik aywa na susah ||

--- 63 ---

9. wong agung ngandika aris | hèh yayi mas Parangteja | iya kang satriya loro | iku adêgêna raja | Parangakik nagara | Si Irmakam Raja iku | lawan Si Raja Panggandar ||

10. nanging padha ratu miji | mring yayi Rêtna Sudara | pan dadi ratu panandhon | dening ta yayi Karsinah | iya nagri Karsinah | kang dadi panandhonipun | sandika Sang Arya Maktal ||

11. kondur sang pramodèng jurit | nanging anahên sungkawa | dening tan ana wartane | ingkang rama sri narendra | Sri Bathara Nusirwan | karaos ing tyas wong agung | wêlas tabêt maratuwa ||

12. sapraptane dalêm puri | pinêthuk ing para garwa | cahyanira mulih anom | lipuring pangarangira | miwah mupus ing titah | wus tata dènira lungguh | munggèng made kinumala ||

13. lajêng sêsaosan prapti | adhahar katiga garwa | jibêg pawonganirandhèr | pan angiras pagujêngan | angling Rêtna Sudara | yayi sira wingi esuk | atutur-tutur supêna ||

14. wulan tiba saking langit | watara tanggal ping lima | manjing ing guwagarbane | ingsun yayi apan iya | supêna kaya sira | watara tanggal ping pitu | tiba saking ăntariksa ||

15. manjing garbaningsun nuli | miyarsa Sang Kakungingrat | mèsêm angandika alon | hèh yayi karo wruhanta | iku karo nugraha | manawa pêputra besuk | padha jalu karo pisan ||

16. gumujêng Sudarawrêti | iku yayi ing Karsinah [Kar...]

--- 64 ---

[...sinah] | wus mangkar-mangkar susune | baya ngandhêg pirang wulanan |[15] matur putri Karsinah | kakang bok tuwan puniku | kang wus lami mangkar-mangkar ||

17. kula sawêg tigang sasi | kakang bok pintên paduka | Sudarawrêti saure | ingsun yayi kawan wulan | amung kacèk sawulan | yèn tulusa lair besuk | kakang adhine mèh kêmbar ||

18. ambêng wus linorod sami | lajêng adhahar nyamikan | Sang Jayèngmurti wirangrong | rangu-rangu dènnya dhahar | jarêming tyas wiyoga | Sang Rêtna Sudara dulu | ing rêntêngira kang raka ||

19. dadya umatur wotsari | pukulun wontên punapa | dening tyas tuwan rêntênge | gumujêng Sang Kakungingrat | yayi nora na paran | putri Karsinah sumambung | bok inggih sampun durjana ||

20. kakang bok mila mastani | ujêr sampun kawistara | dadya wong agung lingnya lon | iya yayi sun balaka | tan bisa yèn kikiba | ingkang dadi susah ingsun | dening Bathara Nusirwan ||

21. durung karuwan ing warti | kondure mring prajanira | miwah maksih nèng parane | iku rêntênge tyas ingwang | matur Rêtna Sudara | lamun makatên pukulun | kawula ingkang mariksa ||

22. inggih lawan yayi dèwi | samya amargèng gêgana | lakon sawulan praptane | amba sagah tigang dina | tur ta angsal waspada | gumujêng Sang Jayèngsatru | apa kabatin tyasira ||

23. padha lumaku tinuding | pan sira ngeman tur marma | ywa kadawan rêntêng ingong |

--- 65 ---

iya yayi tyas manira | yèn nuduha punggawa | yêkti yèn lawas ing laku | mangkono ing karsanira ||

24. ya liwat tarima mami | pan saking pitulungira | anglêjarake tyas ingong | iki yayi ana sutra | kêmandèn wrêdi tama | ing nguni paju manguntur | duk ingsun anèng Jabalkap ||

25. pêparinge Nabi Kilir | tawèng wisa api tawa | lawan bisa nora katon | lawan bisa tan kasatan | miwah tan angêliha | sang putri kalih wotsantun | samya ngabêti[16] ing priya ||

26. wus ngrasuk busana sami | anitih titihanira | garudha yaksa namane | nênggih Sang Rêtna Sudara | dening putri Karsinah | anênggih titihanipun | kang saomahi paksindra ||

27. kalih wus dêdêl wiyati | samya ngayuh jumantara | marang Mêdayin sêdyane | kunêng wau kang tinilar | Wong Agung Kakungingrat | ing tyas kalangkung kaduwung | dening dinuta kalihnya ||

28. tanpa dhahar lawan guling | anèng ing pura Kuparman | rangu-rangu tyas wirangrong | anggung măndra kalênglêngan | amung kang dadya cipta | garwa kalih kang ingutus | marang Mêdayin nagara ||

29. wau ta ingkang winarni | lampahe putri kalihnya | cinêndhak prapta lampahe | ing Mêdayin kaungkulan | niyup putri kalihnya | sarêng baskara sumurup | manjinge marang nagara ||

30. kèndêl rajaputri kalih | lumêbêt ing patamanan | angayêmkên dènnya lèrèn | sarwi ngundhuh kêmbang-kêmbang | wusnya pukul sadasa |

--- 66 ---

Rêtna Sudara lon muwus | lah yayi iki wus măngsa ||

31. padha anjêjêp jro puri | umatur putri Karsinah | inggih suwawi kakang bok | titihan samya tinilar | kantun cinancang taman | sang rêtna kalih tumanduk | mrêpêk marang jroning pura ||

32. amomor kalawan cèthi | putri kalih tan katingal | agarap sutra kêmandèn | wus lajêng marang ngajêngan- | ira Prabu Nusirwan | kapanggih dhahar sang ulun | têtela lamun sri nata ||

12. Sinom

12. Dèwi Marpinjun Rajaputri ing Mêdayin

1. bêbisik putri Karsinah | marang mutri[17] Parangakik | kakang bok punapa nyata | puniku lamun sang aji | Rêtna Sudara angling | măngsa panglinga si dhawuk | pira lawase uga | amor baris Parangakik | dèn pulasa pan ingsun măngsa panglinga ||

2. yèn makotên tur kawula | dhuh kakang êmbok suwawi | sêsaba mubêng jro pura | Rêtna Sudara nuruti | manjing kaputrèn aglis | pukul rolas wayahipun | kunêng ingkang winarna | kang agung sungkawèng galih | putri adi ing Mêdayin lara brăngta ||

3. pan kêkalih putrinira | Sri Bathara Nyakrawati | tur sami putri utama | Muninggar sêpuh pribadi | dening ta ingkang rayi | pêparab Rêtna Marpinjun | ingkang jalu têtiga | Urmus lan Sêmakun nênggih | ingkang sêpuh Irman iku ya Ardiman [Ar...]

--- 67 ---

[...diman] ||

4. mangkana sang rêtnaning dyah | yèn dalu anggung anangis | yèn ari tan antuk dhahar | langkung rêntênge sang putri | karuna lantik-lantik | kang sinambat ing pamuwus | mung kang raka Muninggar | kang seda Kaos nagari | kapiyarsa ana swaraning karuna ||

5. anjawil sarwi lumampah | Sang Rêtna Sudarawrêti | yayi payo rungokêna | iki ta swaraning tangis | Rêtna Sirtupelèli | mring raka alon umatur | inggih kang bok mendaha | warnane kang darbe tangis | swaranipun kadi ngalapêna jiwa ||

6. linêbêtan gêdhongira | mring sang rajaputri kalih | panangise nèng made mas | ingadhêp cèthi kêkalih | panangise sang putri | sira Ni Rêtna Marpinjun | mung nênutuh kang rama | sikarane têka riti | putri kalih nèng ngarsane pan katingal ||

7. prasamya ngungun tumingal | sira rajaputri kalih | mulat rêspatining warna | tuhu punjul ing sabumi | tan ana kang nimbangi | suwarnanira Marpinjun | ya ta Rêtna Sudara | kang rayi jinawil mijil | apan arsa ngatingal tumut alênggah ||

8. sutra kêmandèn pinêcat | sakêdhap saking astèki | kalih wus samya katingal | kagyat Sang Putri Mêdayin | kèndêl dènira nangis | ngungun ngacarani tamu | inggih tigas kawuryan | sintên paduka puniki | dalu-dalu nêdhaki wong kawlasarsa ||

9. punapa jin parayangan | manawi putrining pêri | langkung kagèt tyas kawula | nauri sang putri kalih | sampun kadukên tampi | apuntênipun sang

--- 68 ---

ayu | kawula pan manungsa | dutane Sang Jayèngmurti | angadhaton ing mangke nagri Kuparman ||

10. sigra rinangkul kalihnya | dene sambat Jayèngmurti | kangbok ingutus punapa | dening kangmas Jayèngmurti | Wong Agung Kuparmani | codakane prapta dalu | matur Rêtna Sudara | ingutus mariksa sami | rawuhipun rama paduka nèng praja ||

11. Rêtna Marpinjun têtanya | dika putri saking pundi | punapa kaprênah garwa | dening kangmas Jayèngmurti | Rêtna Sudara angling | pan inggih parêkanipun | dhatêng raka paduka | kula saking Parangakik | pun Sudarawrêti kêkasih kawula ||

12. putri Karsinah namanya | Rabingu Sirtupelèli | pan inggih maru kawula | sabaya pati angabdi | marang Sang Jayèngmurti | ngandika Rêtna Marpinjun | dhuh kakang bok Sudara | warnane têka ngêblêgi | nora gethang lan swargi kangbok Muninggar ||

13. anulya mundhut saosan | lêjar tyasira sang putri | alami atajin dhahar | ing mangkya lêga kang galih | nutug dènira bukti | lan kêkalih tamunipun | nyamikan gănda wida | gumantya salin-sumalin | dadya mangun suka-suka anatmata ||

14. apan mèh bangun raina | pamit rajaputri kalih | Rêtna Marpinjun lingira | bok sipêng ing tigang latri | kula dèrèng dumugi | nêng-onêngan dèrèng lipur | putri kalih amêksa | kawula ingutus sami | yèn lamia manawi ingarsa-arsa ||

15. dhatêng ing raka paduka | rèhning kawula angabdi |

--- 69 ---

pasthi winastan sêmbrana | anênggak waspa miyarsi | sarwi mundhut pisalin | Kusuma Rêtna Marpinjun | putri kalih ginanjar | sapanjênêngan pawèstri | sira Rêtna Marpinjun pitungkasira ||

16. kangbok mung bêkti kawula | katur kangmas Jayèngmurti | matura lamun kawula | maksih amanggung prihatin | sedane kangbok swargi | kantos mangke dèrèng lipur | yèn dangu mring kawula | ing timur diwasanèki | dika matur kawula sampun diwasa ||

17. kadya mèh kuwawi ngêmbat | ing watang saking sakêdhik | tan măntra-măntra kawratan | mila kangmas Jayèngmurti | graitaa ing mami | krama tan kramaa ingsun | sayêkti saking kana | tan pendah saking rama ji | nora niyat purun krama saking bapa ||

18. wus samya putus bicara | pamite sang putri kalih | mêsat angayuh gêgana | kang kari mangu gêng brangti | anungkêmi gêguling | kang kèsthi mung tamunipun | putri adi Karsinah | lawan putri Parangakik | sasolahe ngangêni raga turida ||

19. kunêng kang mangun sungkawa | wuwusên ingkang lumaris | kang anapak jumantara | Karsinah lan Parangakik | samarga pan lêstari | putri kalih wus aniyup | praptèng pura Kuparman | ing pukul sanga duk prapti | lajêng marêk ing ngarsa Sang Kakungingrat ||

20. kapanggih pan lagya lênggah | kagyat para garwa prapti | lajêng samya ngaras pada | rinangkul ing kanan kering | ingaras ganti-ganti | wus dangu kinèn alungguh | sarêng nêmbah anulya | umatur sasolahnèki [sasolah...]

--- 70 ---

[...nèki] | pan wus katur ing purwa madya wasana ||

21. praptanya sri maharaja | ing Mêdayin wus alami | lawan umatur sasolah | tingkahe putri Mêdayin | arine Muninggarim | kang parab Rêtna Marpinjun | langkung saking diwasa | pantês putri tanpa tandhing | midêr ing rat Marpinjun măngsa na memba ||

22. kawula dèrèng tumingal | warnane kang para putri | jajahan salêksa praja | kang mirib putri Mêdayin | nadyan para apsari | Ngendrabawana tan patut | lamun lênggah ajajar | sayêkti pantês anyèthi | pun Marpinjun putri kumaraning jagat ||

23. gumujêng Sang Kakungingrat | adat têmên sira yayi | lamun ana sênêngira | angalêm kapati-pati | matur Sudarawrêti | boya watak anggadêbus | yayi putri Karsinah | pan sira padha udani | iya ngêndi ana putri kang mangkana ||

24. Rêtna Rabingu tur sêmbah | Dèwi Sirtupelaèli | alêrês rayi paduka | kawula dèrèng ningali | kang kadi Rajaputri | Mêdayin Rêtna Marpinjun | nanging sinambang rêngga | pantês garwaning prajurit | nora pantês dudu wonge kang ngingua ||

25. kêjabane kang kêkutha | anèng Kuparman nagari | wong agung mèsês[18] ngandika | basakêna yayi dèwi | tan ana kang gujêngi | padha ngêculakên maju | mungguh sariraningwang | iya tan angrasa urip | nora ngrêjêt yèn nora kalawan prentah ||

26. pan iya parentahira | kang bisakakên ngulisik | putri kalih matur nêmbah | apan sarwi anggablogi [ang...]

--- 71 ---

[...gablogi] | dhuh pantês-pantês ugi | anggêntosi karangulu | mring kang raka Muninggar | ngandika Sang Jayèngmurti | mendahane Marpinjun nora nampika ||

27. pan putri parawan kênya | mêngko ngong wus kaki-kaki | baya dèn palaur pêjah | matur rajaputri kalih | sayêkti amanasi | yèn punika kongsi luput | pundi kang para raja | amêndhêt putri Mêdayin | sayêktine kawula tan sae gêsang ||

28. emane Rêtna Sudara | Rajaputri Parangakik | duwe pacuk kaluputan | kaya tan wani ngawaki | dadi lamaking jurit | tinampika lakiningsun | mandah dening mêmirang | laki mrih krama tinampik | angur aja duwe garwa Si Sudara ||

29. nambungi putri Karsinah | lêrês kakang bok manawi | wontên ratu kang anglamar | sayêkti ngisin-isini | Ni Sirtupelaèli | tan sae andulu manus | apa gawene gêsang | kudu ngaku putri adi | sayêktine putri gorekan kewala ||

30. alon dènira ngandika | Wong Agung Surayèng Bumi | satêmêne apa sira | padha wus olèh pamangsid | marang putri Mêdayin | apa kêna ujaripun | matur Rêtna Sudara | ing solah sampun katawis | pitungkase pan inggih dhatêng kawula ||

31. kakang bok manawi tanya | kakang êmas Jayèngmurti | kawula sampun diwasa | lamun kramia upami | kadi pêputra kalih | malah pantês putra têlu | nanging sariraningwang | tan arsa lamun akrami | yèn ucula saking astane [a...]

--- 72 ---

[...stane] jêng rama ||

32. kapok manawi tan angsal | kadi kangmas Jayèngmurti | momot duwe maratuwa | kangjêng rama sok ngalani | mari-mari yèn mati | anyrêtu mring mantunipun | mila yèn tan ucula | pakramaningsun ing benjing | saking kangmas kang ngadhaton ing Kuparman ||

33. sayêkti datanpa krama | makotên dènira mêling | punika mila kawula | nangguh yèn botên anampik | tan antuk botan-batin | mung punika tandhanipun | măngsa borong paduka | ambudi masalah èstri | bokmanawi lêpat ing tangguh kawula ||

34. mangkana Sang Kakungingrat | iya yèn mangkono yayi | sun turuti karsanira | ing mêngko sun arsa nangkil | sigra busana mijil | Sang Kalana Jayèngsatru | aglar kang para nata | punggawa satriya mantri | lir baskara sumyar kadya natas nyawa ||

13. Mêgatruh

13. Wong Agung nglamar Dèwi Marpinjun

1. alon dènnya ngandika sira wong agung | mring satriya Ngalabani | tuwin mring Umarmayèku | ingsun miyarsa pawarti | têtela lamun sang katong ||

2. wus ngadhaton anèng nagari Mêdayun | wus tigang wulan puniki | lamine dènira kondur | mung bala mantri kang mati | arang ingkang para katong ||

3. hèh ta kakang Umarmaya nguni emut | mring yayi putri Mêdayin | iya Kusuma Marpinjun | wêwayahane [wêwayaha...]

--- 73 ---

[...ne] samangkin | apa baya uwus awoh ||

4. Radèn Arya Tasikwaja lon umatur | inggih ta kawula eling | sipate Rêtna Marpinjun | nanging lamine samangkin | agêng timur dèrèng anon ||

5. duk Pakaos lami kula tan andulu | kadi wus diwasa mangkin | mrêpêki birainipun | ping nêm kadya garapsari | rumiyin ayu kinaot ||

6. kang pamulu kang kadi Rêtna Marpinjun | kadi angèl angulati | măngsa manggiha sataun | wong agung ngandika aris | kakang yèn kaya mangkono ||

7. yayi Dèwi Marpinjun arsa sun suwun | marang Prabu Nyakrawati | apa baya padha rêmbug | umatur wong agung kalih | tuwin sagung para katong ||

8. samya anut sadaya kang para ratu | tan wontên kang nyuwalani | sadaya samya panuju | ing karsa Sang Jayèngmurti | angarangulu sang sinom ||

9. sarwi guguk umatur Prabu Lamdahur | pênêt martuwa Mêdayin | agung sagêd golèk batur | ngupaya para narpati | salin-salin para katong ||

10. nora kêmba lamun dados marasêpuh | jagat yèn tan ana jurit | yêkti tan gumêdêr suwung | apênêd Rajèng Mêdayin | wagêd akarya lêlakon ||

11. sru gumujêng sagung para ratu-ratu | ngandika Sang Jayèngmurti | iku yayi karsaningsun | sira kang sun karya wakil | aseba marang sang katong ||

12. anuwuna marang ing yayi Marpinjun | wong Parangteja wotsari | sandika Marmaya matur | kawula miyarsa

--- 74 ---

warti | rama paduka sang katong ||

13. apan badhe têtamuan ratu agung | saking nagri Kăndhabumi | sugih bala para ratu | ratu prakosèng ajurit | gagah prawira tur anom ||

14. Prabu Banakamsi pan pêparabipun | kadange èstri prajurit | Banawati namanipun | ing aprang langkung sinêkti | wudhu datan antuk mungsoh ||

15. sampun lami bidhal saking prajanipun | balane datanpa wilis | wus ngancik jajahanipun | tapêl watês ing Mêdayin | wadyane lir samodra rob ||

16. wiyosipun badhe nglamar Dyah Marpinjun | kinapti sinori padmi | agung pangêbange prabu | punapa ingkang kinapti | prabeya sang liring sinom ||

17. lampahipun rayi paduka pukulun | pênêd ragi ngati-ati | ambêktaa baris agung | miliha para narpati | dhomas kang prawirèng kewoh ||

18. Jayèngmurti ngandika marang Tamtanus | yayi sira aja kari | lawan Sang Prabu Lamdahur | kadang Kohkarib sapalih | kang kinèn samya wotsinom ||

19. wusnya têlas pangandikanya wong agung | kondur Sang Wiradimurti | sampun manjing ing kadhatun | ing jawi sagung narpati | ngundhangi siyaga kang wong ||

20. para ratu dhomas pan ratu pangayun | kajawi kang para aji | panêkar pra ratu-ratu | wadya Selan Ngalabani | ing Yunan Ngêrum lan Kaos ||

21. orêg nagri Kuparman umung gumuruh | para mantri pra dipati | busana kaprabonipun | ing aprang samêkta sami | ing dalu [da...]

--- 75 ---

[...lu] tan winiraos ||

22. enjing sami ngandikan kang para ratu | Wong Agung Parangtejèki | kang ngirid manjing kadhatun | ngabêkti ing Jayèngmurti | munggèng padane kumroyok ||

23. uwus têlas pitungkasira wong agung | para ratu samya mijil | panggih lawan wadyanipun | barise wus angêbêki | lir gunturing samodra rob ||

24. kadya wana-wana prabata katunu | busana wadya prajurit | kuda dipăngga lan sênuk | titihan kabèh mêpêki | blêgdaba miwah angrimong ||

25. kadya karang wahana kang gunung-gunung | têtêk munya kaping kalih | obahe kang baris agung | daludag bandera kawit | ping tiga pungkuran bodhol ||

14. Pangkur

14. Prabu Banakamsi nglamar Dèwi Marpinjun

1. kang dadi cucuking lampah | Prabu Darundiya Narpati Bangid | tigang kêthi balanipun | asri busananira | ing wurine Ratu Kebar barisipun | Raja Yusup Adi tara | rong yuta wadyanirèki ||

2. wurine Natèng Katijah | Natèng Indi ing wuri kang nambungi | kang ratu kêmbar rong puluh | sawadyabalanira | wong agung ing Parangteja wurinipun | anitih rata rinêngga | asongsong patbêlas sisih ||

3. kang garwa Rêtna Sajarah | nèng wurine nitih jêmpana rukmi | ingayap [ingaya...]

--- 76 ---

[...p] pangayapipun | rontèk pangayap samas | jring mardapa nguwung-uwung prabanipun | asri prajurit prawira | sadaya wong Ngalabani ||

4. wong Mêsir ingkang sapangkat | magêrsari rontèk pita ing wuri | gumuruh wadyabala gung | ing wuri Rajèng Selan | sabalane sagung para ratu-ratu | satêlase bala Selan | gêgaman Yunan nambungi ||

5. satêlase bala Yunan | bala ing Rum ingkang sumambung wuri | Rajèng Kaos kang sumambung | Sri Sayid Ibnu Ngumar | pitung yuta prajuriting para ratu | wadyaning kang para nata | sabalanira ngajrihi ||

6. kêbut saking ing Kuparman | tanpa wilis gêgaman kang lumaris | ayêm sarèh lampahipun | Wong Agung Parangteja | anèng marga kasukanira anutug | amrih sakecaning lampah | bêbêthèk ngarakad kali ||

7. sabên ing pukul sawêlas | masanggrahan kèndêl sagung lumaris | kunêng gantya kang winuwus | Natèng Kăndhabuwana | lampahira nênggih sampun tigang tangsu | masanggrahan saha bala | nèng Pakiwèn têpis wiring ||

8. agung barise kèbêkan | pira-pira têgal kaisèn baris | ana wong desa dinangu | iki apa ing kuna | ana ratu ing kene abaris tugur | ature kang tinakonan | inggih Pakiwèn puniki ||

9. sabên wontên ratu prapta | mring Mêdayin inggih makuwon ngriki | nanging kawon juritipun | nguni Raja Alkamah | Natèng Kebar kawon prang lan Jayèngpupuh | Sang Prabu Kăndhabuwana [Kăndhabuwa...]

--- 77 ---

[...na] | miyarsa asru dènnya ngling ||

10. hèh Patih Dukawikăndha | budhalêna ala pakuwon iki | nora bêcik labêtipun | wadya wus ingundhangan | budhal majêng abaris nèng Têgal Simun | wadya lir robing samodra | kutha kêkojor wus dadi ||

11. siniwakèng pasanggrahan | para ratu nèng ngarsèng Banakamsi | prajurit andhèr supênuh | Banakamsi ngandika | hèh Apatih Dukawikăndha apa wus | prapta kabèh dutanira | kang nêlik sagung nagari ||

12. rêkyana patih tur sêmbah | ingkang prapta inggih sawêg kêkalih | ingkang cêlak purugipun | dhatêng ing tanah Ngarab | wontên baris wong agung ingkang lêlaku | saking nagari Kuparman | lampahe dhatêng Mêdayin ||

13. wadyane tanpa wilangan | para ratu agung-agung umiring | wontêndene karyanipun | kadi lampah paduka | inggih nglamar dhatêng Sang Rêtna Marpinjun | wong agung ing Parangteja | minăngka wakil nguwisi ||

14. akathah kang para raja | kang umiring dhatêng wong agêng wakil | sami narendra gêgêdhug | kang badhe mangun laga | duk miyarsa Banakamsi sru gumuyu | iku andêle wong Arab | asuwe sun mamah ranti ||

15. suwe nyuru jangan gudhang | amungsuha ingsun lan Si Arabi | kudu nglamar Ni Marpinjun | barêngi lakuningwang | kunêng ingkang makuwon ing Têgal Simun | Narpati Kăndhabuwana | gantya kang winuwus malih ||

16. wong agung ing Parangteja | lampahira prapta nagri Mêdayin | Patih Bêstak ingkang mêthuk | lan [la...]

--- 78 ---

[...n] putra kalih samya | Radèn Urmus kalawan Radèn Sêmakun | pinêthuk jawining kitha | ngirid praptèng jro nagari ||

17. pinarnah pakuwonira | pakuwone lami Sang Jayèngmurti | arèrèh sawadyanipun | kang tata pamondhokan | wusnya aso antara ing tigang dalu | ngandikan manjing jro pura | Wong Agung Parangteja ris ||

18. lawan sang prabu ing Selan | lan Sang Prabu Yunani kang piniji | sapraptanirèng kadhatun | ngarsane Sri Nusirwan | Maktal nêmbah angaturkên suratipun | tinampan sinukmèng driya | surat panuwunirèki ||

19. kadhadha sadayanira | animbali garwa sri narapati | dèwi juru jinêm rawuh | pan sampun jinarwanan | langkung suka kaliwat sarêjunipun | cuwa dènira pêputra | antêpe Sang Jayèngmurti ||

20. mung kari punggawanira | lawan patih ingkang dèrèng tinari | adangu anèng kadhatun | Wong Agung Parangteja | lan Tamtanus katiga Prabu Lamdahur | wus samya tinundhung mêdal | gantya Bêstak dèn timbali ||

21. praptèng ngarsaning narendra | Sri Bathara Nusirwan ngandika ris | hèh patih sira sun tantun | lakune Arya Maktal | iya iku nuwun marang Ni Marpinjun | Si Suraya Jayènglaga | kinarangulu nak mami ||

22. tur sêmbah Ki Patih Bêstak | yèn kawula gusti dèrèng suwawi | dipun kapok sang aprabu | mêmantu tiyang Arab | bok kapindhon anarumbul nguwus-uwus | punika amba miyarsa | wontên ratu badhe prapti [pra...]

--- 79 ---

[...pti] ||

23. nagrine Kăndhabuwana | ajêjuluk Sang Prabu Banakamsi | gagah prakosa dibya nung | santika măndraguna | pilih tandhing asugih prajurit ratu | arine sri naranata | nama Dèwi Banawati ||

24. kadya manungsa kajiman | yèn ayuda nèng awiyat sinakti | kadi benjing praptanipun | codakaning narendra | yèn katrucut pangandika sampun dhawuh | aran punika pangkalan | linamar ing Banakamsi ||

25. sri narendra wus sêmbada | ing ature wau rêkyana patih | kunêng kang kawarnèng dalu | enjing miyos sineba | sri narendra lunggyèng patarana murub | aglar adining amănca | supênuh satriya mantri ||

26. wong agung ing Parangteja | sakancane para raja anangkil | pinarnah munggèng ing ngayun | jajar lan Patih Bêstak | tan antara wontên raja duta rawuh | saking ing Kăndhabuwana | prapta sami ngusap wèni ||

Lajêng nyandhak: Menak Kăndhabumi

--- [80] ---

Isinipun

...Kaca

1. Wong agung tuwin Radèn Maktal dipun racun ing mêngsah. ... 3
2. Wong agung tuwin Radèn Maktal dipun siksa dening Raja Kanjun. ... 10
3. Umarmaya badhe nulungi wong agung. ... 14
4. Radèn Maktal luwar saking tarungku lajêng mêpak bala. ... 21
5. Radèn Maktal ngamuk wontên ing paprangan. ... 27
6. Dèwi Sudarawrêti pêrang kalihan putri ing Karsinah. ... 31
7. Wong agung luwar saking pakunjaran. ... 39
8. Wong agung pêpanggihan kalihan putri kêkalih. ... 48
9. Wong agung pêrang kalihan Raja Kanjun. ... 52
10. Wong agung dhaup kalihan sang putri kêkalih. ... 57
11. Wong agung wontên ing Kuparman. ... 61
12. Dèwi Marpinjun rajaputri ing Mêdayin. ... 66
13. Wong agung nglamar Dèwi Marpinjun. ... 72
14. Prabu Banakamsi nglamar Dèwi Marpinjun. ... 75

 


saêjam. (kembali)
Kurang satu suku kata: lampahe gya tinututan. (kembali)
wus. (kembali)
unta. (kembali)
Lebih satu suku kata: asru dènira ngandika. (kembali)
dadi. (kembali)
uwis. (kembali)
tinarik. (kembali)
amêmaling. (kembali)
10 nyaur. (kembali)
11 sunu. (kembali)
12 lir. (kembali)
13 wong. (kembali)
14 angungsir. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: baya ngandhêg pirang wulan. (kembali)
16 ngabêkti. (kembali)
17 putri. (kembali)
18 mèsêm. (kembali)