Kêkesahan Dhatêng Riyo, Sasrasugônda, 1921, #1833 (Hlm. 078-158)

1. Kêkesahan Dhatêng Riyo, Sasrasugônda, 1921, #1833 (Hlm. 001-077). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan
2. Kêkesahan Dhatêng Riyo, Sasrasugônda, 1921, #1833 (Hlm. 078-158). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan

Bab XV. Tontonan.

Satunggaling dintên kula ningali sêmbahyang rêbutan, mênggah entra-entranipun inggih kados sêmbahyang rêbutan ing tanah Jawi, namung panggunganipun pangraos kula sakalangkung inggil. Ing Madiun, nalika kula ningali, inggiling panggungan namung sadêdêg sapêngawe, ing Magêlang watawis tiga sakawan mètêr, nanging ing Tanjungpinang, watawis nêm pitung mètêr. Anggènipun ngrêbatakên botên wanci siyang, watawis jam 11 dalu. Namung wiwit sontên, Cina jalêr èstri sami nglêmpak ing saubênging panggung ambêsmi dalancang sarta dupa, tuwin sami sêmbahyang. Sanajan anggènipun sami sêmbahyang katingalipun botên khusuk, ewadene wontên trontong-trontongipun, yèn sami angluhurakên dhatêng ingkang botên katingal. Kula lajêng kèngêtan dhatêng bôngsa kula Jawi tuwin Malajêng, dene sami kêndho anggènipun ngabêkti dhatêng Pangeran. Eman-eman.

Wondene pambêsminipun dalancang wau, miturut babad Cina ingkang sampun kula waos, makatên asal-usulipun. Anuju satunggaling dintên Raja Cina ingkang ajêjuluk Prabu Lisimbin, katimbalan dhatêng ing pangayunanipun Ingkang Maha Suci, yèn caranipun Islam: mikrad, wontên ing ngrikanipun [ngrikani...]

--- [0] ---

[Grafik]

Klênthèng ing Riyo.

--- 79 ---

[...pun] amriksani têtiyang warni-warni, wontên ingkang sangsara wontên ingkang mulya, sarta wontên ingkang sangsaranipun botên ilok, ngantos rêntah wêlasipun Prabu Lisimbin wau, nanging badhe mitulungi botên sagêd, margi botên sêsangon. Lajêng takèn-takèn, punapa wontên tiyang ingkang purun nalangi yatra, dados sêsambutanipun sang prabu, benjing badhe dipun sauri. Yatra wau badhe kagêm mitulungi tiyang-tiyang ingkang sami nandhang sangsara. Wontên tiyang cariyos, yèn ing ngriku wontên gêdhong pintên-pintên kêbak isi yatra, gadhahanipun pun anu, sapunika taksih wontên ing donya. Manawi sang prabu karsa nyambut, wontên ingkang dipun kuwaosakên dhatêng pun anu punika, kenging kasambut. Sang prabu inggih lajêng murugi, sarta nyambut yatra sacêkapipun, kangge mitulungi tiyang-tiyang (rohing manungsa) ingkang sami kasangsaran wau.

Sarêng sang prabu sampun tumurun malih dhatêng ngalam donya, lajêng utusan ngupadosi tiyang ingkang kasêbut sugih rajabrana wontên ing akerat wau. Dangu-dangu kapanggih, tiyangipun mêlarat kemawon. Sarêng kadangu, kadospundi, dene kasêbut gadhah gêdhong pintên-pintên wontên ing akerat. Atur wangsulanipun: Botên nate gêgadhahan, namung sabên sontên ambêsmi dalancang praosan.

--- 80 ---

Saking pamahamipun sang prabu, inggih dalancang ingkang kabêsmi wau ingkang dados yatra pintên-pintên gêdhong wau. Wiwit nalika samantên cara wau kalimrahakên dados tata ngadat, sarta kalêbêtakên dhatêng saraking agami.

Cariyos ingkang makatên wau pamaos kula sapriki watawis sampun 25 taun, pramila èngêt kula namung kantun brênang-brênang kemawon.

Mangsuli cariyos sêmbahyang ing Riyo ingkang kasêbut nginggil. Para tiyang Tyonghwa ingkang sami ngalêmpak ing saubênging panggung, saking paningal kula kathah sangêt ingkang untunipun kasopak utawi kasrasah ing jêne. Punika gampil anggèn kula sumêrêp, jalaran, kajawi manawi wicantên utawi gumujêng pancèn katingal, limrahipun ingkang sami ngangge untu sopakan wau lambenipun sami nincing, kilap saking sampun bêndana, kilap pancèn ngatingalakên untunipun ingkang sopakan wau, pangraosipun, eman-eman, yèn untu jêne gumêbyar, kok botên kêtingal.

Kajawi punika, salêbêtipun kula wontên ing Riyo satêngah wulan, botên wontên têtingalan punapa-punapa. Gambar sorot utawi reyog, emprak, sapanunggilanipun, botên wontên. Namung saking cariyosipun tiyang-tiyang ing ngriku, inggih wontên tontonan, anama

--- 81 ---

jogèd kalihan makyung. Jogèd punika mèmpêr ringgit (tlèdhèk) makyung mèmpêr andhe-andhe lumut.

__________

Bab XVI. Pangenggar-enggaring Manah.

Hawanipun ing Riyo punika adatipun bêntèr, nanging inggih botên kados ing Sêmarang. Yèn siyang, kringêt wêdalipun kathah. Yèn sontên, sabibaring adus, sakeca kangge mlampah-mlampah. Ingkang nama pacinan, panggenaning toko-toko, botên patos agêng. Mawi kasêlanan kêmasan Cina tiga sakawan panggenan. Satunggal-tunggaling kêmasan prasasat pabrik alit-alitan, kathah ingkang sami nyambutdamêl. Pancèn tiyang ing Riyo, ingkang èstri sami mêmpêng panganggenipun êmas-êmasan. Gêlang kalung sêsupe tusuk kondhe, kathah ingkang êmas, namung binggêl, sarèhne agêng, limrahipun sami trimah salaka utawi suwasa kemawon.

Kampung panggenanipun tiyang mêndhêt ulam, namanipun: Pêlantar Goyang. Ingkang kawastanan pêlantar wau wujudipun margi wontên sanginggiling toya, warninipun kados krêtêg,

--- 82 ---

nanging tanpa aling-aling kiwa têngên. Manawi dipun langkungi: ebah amiyut-miyut. Wondene ingkang manggèn ing kampung wau inggih Cina sadaya. Griyanipun sami wontên ing sanginggiling toya. Yèn mêndhêt ulam, mangkatipun watawis jam kalih utawi jam tiga dalu, wangsulipun jam nêm utawi jam pitu enjing.

Papan ingkang sakeca kangge isis-isis: ing ngêbum. Yèn jam nêm dumugi jam pitu sontên, sakeca sangêt wontên ing ngriku, lampahing angin silir-silir, botên bantêr kados yèn wanci siyang. Sagantên katingalipun kados alun-alun ing Ngayoja, sabab kinubêng ing pulo alit-alit, dilah-dilah ingkang wontên ing pulo-pulo wau katingal pating karêlip, kadosdene dilah ingkang wontên sapinggiring alun-alun yèn anglêrêsi malêman. Kalêrêsan ing têngah wontên baita Jêrman agêng, angrêgunuk, kadosdene waringin sêngkêran. Lênteraning plabuhan ing Singgapura namung katingal sulakipun kemawon, byar pêt, bokmanawi margi lêntera wau kacanipun mubêng. Tuwan-tuwan tuwin nyonyah-nyonyah, sok ugi botên jawah kemawon, sampun tamtu wontên ingkang sami jêjagongan wontên ing ngêbum, pancèn inggih sakeca sayêktos, tur botên wontên ingkang ngrêregoni.

--- [0] ---

[Grafik]

Krêtêg ingkang dhatêng Palabuhan ing Riyo.

--- 83 ---

Yèn mêntas jawah wontên ingkang angrêregoni dhatêng pamirêng: swaraning kodhok ngorèk gumrunggung anggêgirisi. Yèn saking katêbihan kados swaraning tiyang kothekan bêbendrongan, manawi anglêrêsi grahana, ngantos ambrêbêgi sangêt, kêju dhatêng kuping.

Wondene ingkang dados pangenggar-enggaring têtiyang Islam (ingkang aslinipun saking Batawi, Surabaya, Sêmarang sapanunggilanipun, sarta saking Padhang, Palembang, Singgapura, Arab, Hindhu), mainan sasumêrêp kula kalih warni. Satunggal: dham, kalih: trup. Anggènipun dolanan botên wontên ingkang ngangge totohan, dipun kêciki kemawon: botên. Main trup punika: main ombêr. Yèn sontên, sabibaring pandamêlan, watawis jam 5, sami main wontên ing latar, ngantos wancinipun nêdha. Dene ingkang sêmbahyang, inggih ngantos wancinipun sêmbahyang. Yèn dalu inggih wontên ingkang main, ngantos jam sawêlas utawi jam kalih wêlas, sarèhne botên mawi totohan, dados botên wontên ingkang amberoti.

Kajawi mainan, ingkang dipun sênêngi: têtabuhan, bangsanipun gitar, biolah sapanunggalanipun, lagu sêtambulan. Tiyang rêngêng-rêngêng utawi ura-ura kados caranipun ing Ngayoja, [Ngayo...]

--- 84 ---

[...ja,] kula kok botên nate mirêng. Môngka kula kêpengin sangêt mirêngakên sair utawi pantun ingkang sae sayêktos. Ingkang sok kêpirêng namung tiyang ngaos sarta pujian.

__________

Bab XVII. Ngatêrakên Layon, sarta Karamean Ngatami tuwin Nyunatakên Lare Jalêr.

Ing ngajêng kula nyariyosakên wontên jawah dêrês, blêdhègipun ngampar-ampar. Wontên lare ing ngajêngipun griya kula, watawis umur 8 taun, anakipun tiyang Hindhu, kagèt mirêng blêdhèg, kalajêng sakit, tangan sarta sukunipun lajêng peloh botên sagêd angglawat, lêt kalih dintên, pêjah. Lare wau sampun botên gadhah biyung, bapakipun anjêgrêg, susahipun sampun botên prêlu kula cariyosakên, gampil dipun angên-angên. Tôngga-tôngga sami mitulungi pangupakaranipun. Ingkang mangagêngi: tuwan pêngulu. Watawis jam sawêlas layon kabêkta dhatêng masjid, dipun sêmbahyangakên ing ngriku. Sarampunging sêmbahyang, lajêng kabêkta dhatêng pakuburan, ing kampung Bakar Batu, ingkang ngiringakên watawis tiyang tigang dasa. Katingalipun botên wontên [wontê...]

--- 85 ---

[...n] ingkang bela sungkawa, namung tuwan pangulu katawis wêlasipun dhatêng bapaking lare wau. Kampung Bakar Batu têbihipun saking kampung Bintan ingkang kula ênggèni, botên wontên saêpal. Pakuburan wau sitinipun inggih inggil, kados tanah parêdèn, ananging dipun dhudhuki namung sadhadha kemawon sampun mêdal toyanipun, dados mawi dipun tawu. Pacul ing ngriku doranipun panjang-panjang, malah wontên ingkang ngantos sadhêpa, botên mawi gagang terong. Tiyang yèn macul, botên mawi ambungkuk, ngadêg jêjêg kemawon, kados saradhadhu yèn dipun antri.

Sarampunging kluwat, jinajah kalêbêtakên, lajêng katutupan tabêla, tumuntên kaurug, maesan lajêng kapasang. Maesanipun kajêng giligan, agêngipun watawis sakempol. Tuwan pangulu sarta ingkang ngiringakên lajêng sami maos tahlil. Botên kawaosakên talkin, lajêng sami bibaran.

Lêt sawatawis dintên, tôngga kula tunggil tembok, anama Haji Ismangil ngatami anakipun, ngiras nyunatakên lare wau. Uparêngganing griya samadya, namung papaning lare ingkang dipun katami, dipun pêng sangêt, wontên ing lotèng. Watawis jam gangsal, lare wau kaarak ngubêngi kitha, dipun panganggèni adi luhung cara khaji. Lampahipun dharat kemawon, [kemawo...]

--- 86 ---

[...n,] kairing ing têtabuhan trêbang. Watawis satêngah êjam sampun dumugi ing griya malih, lajêng minggah dhatêng ing lotèng. Tiyang sêpuh-sêpuh sarta ingkang kaanggêp agêng, sami kapurih ngèstrèni, kula inggih katut minggah, malah radi nyagak talang, cakêt kalihan lare ingkang dipun katami. Lare wau kalinggihakên wontên ing papan rinêngga, kawastanan puwadhèi, yèn ing Surabaya, kawastanan badhe-badhe, utawi: padhe-padhe. Sarêng sampun sami mapan, lare kasukanan Kuran, kapurih ngaos, wiwit surat Ekrak. Sadangunipun lare wau ngaos, manah kula kraos ngêrês sangêt, kèngêtan nalika kula dipun katami. Ingkang andadosakên ngêrêsing manah kula: makatên, nalika kula taksih alit, maos kataman makatên punika, tamtunipun tiyang-tiyang nyawang dhatêng kula inggih rêsêp, tiyang sêpuh kula bingahipun sarta agênging manahipun, tamtu botên kenging kaucapakên, ingkang môngka sapunika kula jêbul babarpisan sampun botên sagêd ngaos, kok sampun têbih têmên panyimpanging lampah kula. Rumiyin, pangintên kula, ngaos punika botên sagêd kasupèn, jêbul sapunika kasupèn kula kok ngantos mak blas. Dados kapintêran punika inggih kados tiyang ngèngèr, yèn botên dipun opèni, lajêng minggat. Manah kula sakalangkung karônta-rônta,

--- 87 ---

ing batos, kula nangis, karaos eman sangêt dhatêng pasinaon kula ingkang sampun ical punika. Sanajan ngaos ingkang makatên wau tumrapipun lare utawi tiyang sêpuh ingkang kathah-kathah namung ngungêlakên gondhang-gandhènging aksara kemawon, botên mawi kamanah utawi sumêrêp dhatêng têgêsipun, ewasamantên, sarèhne pangudinipun têtaunan, yèn lajêng ical makatên, manah kula: anggèn kula kraos eman kok sangêt. Malah ing salêbêting nyêrat punika, êluh kêdah mêdal kemawon. Sapunikanipun kula pupus, namung ing samôngsa-môngsa, manawi sadaya pandamêlan nagari sampun sumingkir babarpisan, yèn Gusti Allah marêngakên, badhe kula ayati malih. Makatên punika pupusanipun tiyang ingkang dèrèng pinarêng anggayuh kamulyan.

Mangsuli cariyosipun lare ingkang dipun katami. Pangaosipun anglêr, kêcapipun cêtha. Sarèhne tiyangipun kathah, dados badan inggih kraos bêntèr kados dipun godhog, kringêting lare wau ngantos daleweran ing bathuk, sumangsang ing alis, dangu-dangu sangsaya kathah, ngantos andalèwèr dhatêng pilingan, kados adus. Dene tiyang-tiyang sêpuh sampun botên kacriyos, yèn tiyang Mlajêng nêmbungakên, jangan kata lagi. Rangkêpaning rasukanipun [rasukanipu...]

--- 88 ---

[...n] wontên ingkang klêproh. Sabibaring ngaos lajêng sami nêdha, sêkulipun mawi lisah samin, wujudipun kados sêkul gorèng, namanipun: nasi minyak utawi nasi lêmak. Bibar nêdha bêntèripun sampun botên ambêtahi, lajêng sami mandhap, karaos radi sêgêr. Tiyang-tiyang lajêng kathah ingkang sami mantuk, sami sêmbahyang Maghrib.

Ing wanci dalu tingalanipun warni kalih, satunggal bêrjanji, satunggalipun gitar biolah. Wanci jam 10 kula mantuk, tingalan taksih lajêng. Kula tilêm mawi mirêngakên trêbang brang-brangan, utawi biolah, kok malah anglêr, botên sumêrêp bibaripun.

Kacariyos enjingipun. Sarèhne uruh-uruhanipun sumur utawi jambanipun tôngga kula punika lampahipun anglangkungi ing griya kula, dados katingal ilinipun. Enjing jam nêm punika kalèn mili sêkul, jangan, sapanunggilanipun, isah-isahan basi piring tuwung. Sakêdhap malih mili bubuk, tèh ampas, sontan-santun botên kèndêl-kèndêl ngantos watawis jam sadasa siyang. Tamtu wragadipun inggih kathah. Yèn ta botêna kandêl bètèngipun, yèn cara ing tanah Jawi tamtu kabur griyanipun. Tujunipun ingkang gadhah damêl pancèn sampun mirantos, wutahing ingon ambladhah, ngedab-edabi. Tamu sarta rencang: [re...]

--- 89 ---

[...ncang:] jalêr èstri kathah. Anggènipun lèk-lèkan ngantos tigang dintên tigang dalu, yèn dalu watawis namung dumugi jam 1. Yèn siyang ingkang lêlinggihan botên pêdhot, dolananipun inggih namung dham-dhaman sarta: trup (ombêr tanpa totohan). Panganggenipun tiyang Mlajêng: clana sarta rasukan kurung, sarung kasuwêlakên kemawon ing sanjawining rasukan, ngangge kupluk sarta cripu utawi sandhal. Tiyangipun èstri sami akudhung sarung, ngangge bakiyak utawi gamparan. Wondene pangangge ingkang bôngsa êmas-êmasan, anggawokakên kathahipun, sêsupe gêlang kalung anting-anting utawi krabu êmas, blèg-blègan, binggêl salaka utawi suwasa. Sinjang rasukan sarta kudhung, sadaya sutra, anèm sêpuh sami bêsus-bêsus, botên wontên ingkang tanpa anting-anting. Bab intên-intênan utawi barleyan, prasasat botên wontên. Sumbangan, namung wingking.

Bab XVIII. Têtingalan ingkang Anama Makyung sarta Jogèd, sarta Dolananipun Lare-lare.

Makyung punika têtingalan Malajêng tulèn, nalika kula ningali dhatêng kampung Bakar Batu, tiyangipun èstri ingkang anjogèd [a...]

--- 90 ---

[...njogèd] gêgêntosan tiyang sakawan, dene tiyangipun jalêr gangsal. Jalêr èstri sadaya ngiras dados niyaga, pundi ingkang nglêrêsi botên mêdali, dados niyaga. Ingkang èstri panganggenipun inggih radi mèmpêr, kadosdene tiyang ingkang badhe kesah anjagong. Dene jalêripun, panganggenipun kados tiyang macul, utawi kados murid-murid yèn badhe adus punika: sarung suwêlan, kalihan rasukan kaos. Namung: inggih kawon rêsik kalihan panganggenipun para murid, kêdhokipun tiga.

Ingkang kacariyosakên: raja jim kalihan mantri-mantrinipun, mêmêngsahan kalihan putra raja anama: Bijak Laksana. Inggih wontên dewanipun punapa, ingkang tumurun saking kayangan, mitulungi dhatêng putra raja wau. Gancaring cariyos, sarta bêbanyolanipun, botên kula andharakên, sabab botên patos gèsèh kalihan cariyos sanès-sanèsipun ingkang kamainakên wontên ing sêtambulan. Namung anggènipun nglampahakên, pangraos kula: ing sawawrat, inggih sae, kados yêktos-yêktosa. Ing ngriku têmbung panguwuh, kados ta: swaraning tiyang mlampah, tiyang andhudhuki siti, tiyang madung, dipun tirokakên mawi cangkêm kemawon. Ginêmipun, cara Mlajêng jêkèk, kêcapipun tumrapipun kula, botên patos cêtha yèn ngungêlakên r. Ingkang [Ing...]

--- 91 ---

[...kang] èstri wicantênipun kumrampyang, ingkang jalêr inggih trampil. Tabuhanipun: kêndhang, kêtipung, jedhor, trêbang, kêmpul, sarta slomprèt. Wragading tanggapan, sadalu: sadasa ringgit dholar. Sadangunipun ing ngriku main, kula tansah nyêpêngi cathêtan kalihan potêlot, ananging anggèn kula nyathêti botên patos gêmêt, awit papanipun botên patos mathuk, wontên ing undhuk-undhukan, tur tanpa dhampar.

Lêt sadalu ing kampung Bintan ingkang kula ênggèni wontên tingalan jogèd, ingkang nanggap, tiyang ing ngajêng kula, anggènipun main, wontên ing siti mluwa ing iringanipun griya kula. Dados kula botên susah mlampah, namung kantun ngêdal-êdalakên kursi sambutan kemawon (kula dèrèng gadhah kursi piyambak). Jogèdipun (ringgit utawi tlèdhèk) kalih, èstri sadaya, ingkang satunggal semahipun tukang rêbab, ingkang satunggal semahipun panjak êgong. Panganggenipun: sarung sutra, rasukan sutra, kêbayak dumugi ing ngandhaping dhêngkul. Anggènipun anjogèd namung mincêg-mincêg kemawon, kadhangkawis mawi ukêl tangan, sarta mawi sampur, ingkang ajêg namung kacu. Anggènipun sindhèn gêntosan, inggih cara Mlajêng, lagunipun warni-warni, têrkadhang sêtambulan têrkadhang cara Mlajêng. Suraosing panggêndhèng, [pang...]

--- 92 ---

[...gêndhèng,] kula botên mangêrtos, jalaran barung kalihan ungêling têtabuhan. Dene tabuhanipun: biolah, trêbang, kêndhang, gong, jedhor. Wiwitipun main, bibar jam pitu. Sarêng watawis jam sanga, tiyang-tiyang ingkang ningali wontên ingkang malêbêt kalih, anjogèdi. Inggih kenging kemawon, bibar anjogèd, nyukani yatra, watawis gangsal wêlas sèn tiyang kalih. Lajêng santun tiyang kalih malih. Malah saradhadhu Jawi-Jawi ingkang pancèn taksih brai anjogèd punika inggih kathah ingkang malêbêt. Namung sadèrèngipun anjogèd mawi dipun bisiki dhatêng tukang rêbab, bokmanawi dipun wêling sampun ngantos kalajêng, manawi sêsêmbranan. Kuwatos manawi dipun cara tayub ing tanah Jawi. (Ing tangsi mêntas wontên tayuban cara Jawi, ringgitipun inggih semahipun saradhadhu, jêbolan ringgit saking Madiun). Jogèd cara Mlajêng punika iramanipun namung nurut kêndhang utawi trêbang sarta jedhor. Ingkang dipun gêsangakên sangêt: suku sarta pundhak. Bibaripun watawis jam 12. (Makyung: inggih makatên) sabab angsalipun palilah adatipun inggih namung dumugi jam samantên, awit swaraning jedhor ambrêbêgi dhatêng tuwan-tuwan ingkang sami badhe tilêm.

Dolananipun lare-lare, ingkang kula sumêrêpi: balapan mènèk wit wohan mawi srampad. Anggènipun mastani:

--- 93 ---

bêrlomba mêmanjat. Pamènèkipun saklangkung rikat, kados bajing kemawon. Ingkang ngêpang watawis lare sadasa, wontên ingkang dipun totohi, ngantos sadasa sèn (botên sakêthip, sabab sènipun sèn Inggris). Ingkang mênang prasasat botên ngukup, namung angsal nama kemawon, yatra mênangan kajajakakên wedang, kaombe lare kathah. Dalah ingkang kawon inggih tumut.

Kajawi punika wontên dolanan anama:

Main tempang Jawinipun obrog.

Main belung Jawinipun obagsodor.

Main canang Jawinipun bênthik.

Main ukik Jawinipun inggih ukik.

Main sêlubang Jawinipun cirak wok.

Main pice Jawinipun cirak ula.

Main congkak Jawinipun dhakon.

Main anak-anak Jawinipun mantenan.

Main dham utawi rimao Jawinipun cuki.

Main lambung Jawinipun kalang bapang.

Main sêlambung utawi batu sêlambung Jawinipun gathèng.

Main sêlerap Jawinipun malingan.

Main porok Jawinipun bengkat.

--- 94 ---

Bab XIX. Saking Tanjungpinang badhe dhatêng Singgapura.

Sarèhne panggonan kula saking Singgapura namung layaran nêm jam, dados manah kula kumêdah-kêdah badhe ningali kitha Singgapura wau. Namung miturut cariyos, Singgapura punika kok gawat têmên tumrapipun tiyang enggal. Cariyos nagari Singgapura ingkang kula sumêrêpi wiwit alit, kasêbut ing sêrat cara Walandi, anama: De lotgevallen van Djahidin. Punika tansah kumanthil ing manah. Sapunika kula sampun sêpuh, nanging miris kula botên ical-ical.

Ingkang kacariyos ing Sêrat Jahidin, rêringkêsanipun makatên:

Jahidin, lare ing dhusun Pasauran ing Bantên, minggat kalunta-lunta dumugi ing Singgapura, tumut lurahipun, wontên ing ngriku ningali ringgit thithi kalihan têpanganipun, jongos lusmèn, kasaru wontên gegeran, jalaran wontên tiyang pabên, lajêng pêthal kalihan jongos ingkang ngatêrakên. Badhe wangsul dhatêng pondhokan, botên sumêrêp marginipun, lajêng kaajak tiyang Tiyonghwa, badhe katêdahakên marginipun, namung: kadadosanipun dipun apusi sarana dipun êndêmi, kalêbêtakên dados matrus.

--- 95 ---

Cariyos ingkang makatên, yèn tumrap badad[1] kula piyambak, kula botên patos kuwatos, jalaran sampun sêpuh, môngsa pajênga dipun sade. Namung sarèhne kula badhe ambêkta semah, dados manah kula mêksa kuwatos manawi pêthal, lajêng kapaeka murih têlasing manahipun kêkalihipun, punika ingkang andadosakên mirising manah kula. Kula lajêng takèn-takèn dhatêng tiyang ingkang sampun nate gêgriya wontên ing Singgapura, sarta tiyang ingkang sampun ngambah ing ngrika. Cariyosipun tiyang-tiyang ingkang ngalami sarta ingkang botên ngalami, kula sêrat ing ngandhap punika.

__________

Cariyos A. (Kula tirokakên kemawon).

Ah, dèn, Singgapura niku kathah bangsat: bangsat ngapusi. Yèn tiyang ngutil, kados ing tanah Jawi botên ontên, Cina-Cina tongkang, sing nglakokake sampan niku mawon, sagêd ngapusi, mêgêlake. Tiyang mêdhak saking kapal, badhe minggah têng dharatan, ngangge numpak tongkang. Yèn dugi ing têngah-têngahing sabrangan, ênggène andhayungi niku didamêl saenake mawon, lajêng ngrêmbag bab umbalan.

--- 96 ---

Adate tiyang sêtunggal mung sêdasa sèn, lajêng nêdha tigang dasa sèn, ontên mawon sing diangge pawadan: ombak gêdhe, utawi sayah. Êmpun ta wêrni-wêrni. Yèn botên disagahi, ênggène andhayungi niku botên didugèk-dugèkake. Napa malih yèn saking dharat, têng kapal. Wong êmpun dijanji, diduduhi kapale, niku sing diparani kapal sing seje-seje, prêlune ajêng nêdha umbalan kathah mawon. Môngka kapale sêlak mancal. Ati kula sok pêgêl bangêt, kêdah kula jotos mawon Cinane niku. Yèn botên ditambahi kêdhik-kêdhik, botên didugèk-dugèkake.

Kula nyêlani: Sing dikotênake niku wong anyar mawon, napa wong ngriku barang.

Botên pilih-pilih. Nanging yèn tiyang ngrika, ênggih lajêng srêngên, Cinane lajêng ering. Yèn tiyang enggal, ênggih lajêng kêkengingan, têrkadhang tiyang sêtunggal sok kengingan sêringgit, utawi satêngah ringgit. Lha saking ngêbum têng pondhokan, yèn numpak becah, Cinane niku ênggih anggrêgêtake. Mung lampahan gangsal mênit, disukani umbalan 10 sèn, nêdha tambah. Yèn disukani sêtêngah ringgit, utawi saringgit, ênggih nêdha tambah. Êmpun, ta, sasat bêlis.

Lha mêsthine bayarane kadospundi.

--- 97 ---

Mêsthine sabatu mung sêdasa sèn.

Sabatu niku sêpintên.

Yèn tanah Jawi kintên-kintên saêpal, lampahan nêm pitung mênit. Nanging kula ênggih sok mêsakake, kringête gêmrobyos, sab, ênggène anggèrèd becak niku kalih mlajêng, dados ênggih sok kula tambahi kalih tigang sèn.

__________

Cariyos B.

Kangmas, Singgapura punika, yèn kula mastani: nagari jahanam, kula nênuwun dhatêng Gusti Allah, sampun ngantos kapêksa minggah dhatêng dharatan ing Singgapura. Malah sampun nate, nalika kula pindhah, kadhawuhan dhatêng lurah kula, sowan dhatêng kunsul, murih kula angsal dheklarasi, kula mopo. Atur kula yèn saupami jalaran anggèn kula botên sowan, kula botên angsal dheklarasi, kula têmah. Namung dadosipun kok inggih angsal dheklarasi. Kadospundi, tiyang rumiyin, wontên cariyosipun, mantri minggah dhatêng dharatan ing Singgapura, kalihan semahipun. Semahipun numpak becah kalihan ambêkta barang-barang, mantrinipun inggih anumpak becah. Kadadosanipun, ingkang èstri kaplantrang-plantrangakên [plantranga...]

--- 98 ---

[...kên] dhatêng Cina becah, mantrinipun kantun wontên ing wingking, ngantos pêthal. Ingkang èstri kala lajêng ical, dipun upadosi ngantos tigang wulan botên kêpanggih.

Sampeyan punapa dipun cariyosi piyambak dhatêng mantri punika, kadospundi larah-larahipun.

Botên, nanging yakin, kathah ingkang cariyos.

__________

Cariyos C. (Cara Mlajêng nanging kula jawèkakên).

Bang radhèn, kula mênika manggèn ing Singgapura sampun têtaunan, pancèn kula rumiyin nyambutdamêl wontên ing ngrika tumut dhoktêr. Yèn kula piyambak, botên ulap dhatêng tiyang Singgapura. Yèn purun-purun clangkrakan, utawi badhe angglêmbuk, tamtu kula dhupak, krengkangan, kula botên ajrih mêngsah tiyang tiga sêkawan. Nanging yèn tumrapipun tiyang enggal, pancèn nguwatosi. Tiyang-tiyang: kathah ingkang ngakên-akên dados bêbauning pulisi, nganggrak tiyang enggal, prêlu badhe pados bêsêl. Upas-upas mênika satunggal kalih inggih wontên ingkang ngangkah bêsêl. Malah wontên ingkang engko kalihan bajingan, kajawi punika ing

--- 99 ---

ngrika wontên tiyang sugih, ingkang gadhah sewan kreta kathah sangêt, mênika ingkang nguwatosi sangêt. Yèn wontên tiyang ingkang dipun angkah, môngka kalêrêsan numpaki kretanipun, punika lajêng dipun bêkta dhatêng satunggaling panggenan, wontên ing ngriku dipun kaniaya. Dados, yèn sampeyan tamtu dhatêng Singgapura, ingkang ngatos-atos, yèn nitih kreta kapal, aluwung nitih motor (ing Riyo utawi Singgapura, motor punika kawastanan: matokah.

__________

Cariyos D.

Dèn bei, Singgapura punika pancèn gawat, enggal punika wontên mantri pênjual dhatêng Singgapura, lajêng dipun apusi tiyang, kabêkta dhatêng satunggaling panggenan, wontên ngriku, cariyosipun, dipun kèn ngrupèkakên yatra gangsal atus rupiyah, dipun damêl gadhèn, supados dipun têbus sanak sadhèrèkipun. Kancanipun inggih madosi. Tigang dintên sawêg kêpanggih.

Mênapa inggih mawi têbusan.

Botên, nanging yatra babêktanipun f300 sampun têlas. Môngka pancènipun mantri panjuwal punika botên kenging kesah-kesah [ke...]

--- 100 ---

[...sah-kesah] makatên, punika anggènipun sêsadeyan jêbul ngantos lowok tigang dintên.

Punapa punika botên damêl-damêl, namung kangge wangsulan dhatêng pangagêng kemawon.

Botên. Pancèn nalika kadangu, aturipun dhatêng pangagêng inggih makatên, dipun pratelakakên manawi dipun gêdhong, pramila botên sagêd tumuntên wangsul. Pangagêng inggih pitajêng, tiyang pancèn sayêktosipun makatên.

__________

Cariyos E.

Êngku radèn, ing Singgapura punika tiyang nganiaya tiyang sagêd kemawon. Saupami wontên tiyang gadhah gêgêthingan, punika sok ugi gadhah yatra kemawon, panganiayanipun dhatêng mêngsahipun, botên kuwatos manawi kaukum. Makatên rekanipun: yèn wontên ing panggenan ingkang rame, sumêrêp dhatêng mêngsahipun, mêngsah wau lajêng dipun antêm kemawon, gaplêk, lajêng nyalimpêt, manawi kacêpêng ing upas (ing ngrika kawastanan: mata-mata) upasipun dipun sukani jajan ingkang radi mèmpêr, inggih lajêng dipun êculakên. Manawi wontên ing tanganing upas botên sagêd ucul, pangagênging pangadilan dipun bêsêli ingkang murwat [mur...]

--- 101 ---

[...wat] 5 utawi sadasa èwu, tamtunipun lampahing pangadilan inggih lajêng sagêd bengkong.

Rumiyin wontên mantri pulisi ing Tanjungpinang dipun bêncèt tiyang wontên ing Singgapura, sabab nalika tiyang wau wontên ing Tanjungpinang, dipun pakèwêd dhatêng mantri pulisi wau. Tujunipun, tiyang ingkang sêsarêngan kalihan mantri pulisi wau lajêng sagêd ngrêpa-ngrêpa nêdhakakên maap. Mantri pulisi sagêd wilujêng.

Malah rumiyin wontên kontrolir saking guprêmenan Walandi, sawêg mandhap saking kapal, dipun antêm tiyang, lajêng anjungkêl. Pawartosipun, ingkang ngantêm punika tilas magangipun, nalika taksih dados magangipun, dipun siya-siya dhatêng kontrolir punika. Lajêng nêdha mêdal, manggèn wontên ing Singgapura.

Punapa ing ngêbum botên wontên ingkang jagi.

Inggih wontên, nanging dhapuripun ingkang jagi punika sampun sêkaitan kalihan tiyang ingkang ngantêm punika. Sigêg.

Taksih wontên malih cêcriyosan panunggilanipun punika, ingkang adamêl mirising manahipun tiyang bodho kadosa kula. Yèn ta kula jurungi ajrih kula, tamtunipun kula botên wani ngambah Singgapura. Tujunipun kêpengin kula sagêd ngawonakên miris kula. Punapa malih kula gondhelan dalil Kuran, ingkang suraosipun makatên: sapa têmên [têmê...]

--- 102 ---

[...n] tinêmênan. Dados ajrih kula lajêng lumajêng ngênthir kados sagawon ingkang dipun thungi sanjata.

__________

Bab XX. Mangkat dhatêng Singgapura.

Nalika kula taksih wontên ing griya badhe mangkat dhatêng Riyo, pancèn kula sampun matur dhatêng lêlurah kula, bilih kula inggih badhe dhatêng tanah Mlajêng sanès-sanèsipun. Samantên wau yèn kacêkapan sangu kula. Angkah kula: kasêbutna ing sêrat panyuwunan, yèn atur kula makatên, sagêda angsal wragading lampah dumugi ing pundi-pundi. Namung sêrat kêkancingan, kok namung kasêbutakên dumugi ing Riyo kemawon, dados manah kula radi mênggah, kêdah ngiwit-iwit wêdaling yatra, kenginga kula angge kêkesahan mawi wragad kula piyambak.

Sarêng anggèn kula wontên ing Tanjungpinang sampun angsal kalih wulan, sampun radi kathah pamirêng kula ing bab nagari Singgapura sarta Johor, manah kula sangsaya adrêng badhe sumêrêp, wêwah-wêwah wontên satunggal têpangan kula ingkang anyêngkakakên, supados kula sampun ngantos kaduwung ing têmbe. Kula manah-manah inggih lêrês, sabab saking Tanjungpinang dumugi ing Singgapura [Singgapu...]

--- 103 ---

[...ra] namung layaran nêm jam. Saking Singgapura dhatêng Johor, numpak sêpur namung saêjam. Cêcriyosan bab gawating panggenan, lajêng kapêngkêr, kula gêgandhulan dhatêng Ingkang Maha Kawasa, niyat kesah dhatêng Singgapura. Sarêng dintênipun sampun kula tamtokakên, kalêrêsan wontên tôngga ingkang badhe dhatêng Singgapura. Kula lajêng masrahakên badan kula dhatêng tôngga wau.

Kula manah-manah anggèn kula badhe kesah dhatêng Singgapura, kok kados danawa ingkang sami badhe nglurug dhatêng tanah Jawi, mawi takèn papan prênahipun dhatêng Togog, nakèkakên kagunan sarta kasêktènipun tiyang-tiyang ing tanah Jawi. Yèn dipun cariyosi kagunanipun Radèn Gathutkaca, lajêng sami kagawokan sarta miris. Sarta malih kula lajêng kèngêtan dongèngipun Mas Sumadijaya, mantri guru ing Bandhongan, Magêlang, bab tiyang ing nglêbêt bètèng, ingkang badhe kesah dhatêng Sleman, inggih mawi takèn prênahipun, utawi gawating margi. Manah kula kok lajêng isin sangêt. Anggènipun anggujêngakên tamtu kados tiyang ing nglêbêt bètèng ingkang badhe dhatêng Sleman punika.

Kalêrêsan, kula sarêngan semahipun Mas Diran, dhoktêr ing Sambu, badhe wangsul dhatêng ing Sambu, dados wontên malih kancanipun.

--- 104 ---

Ing wanci enjing watawis jam sadasa, kula sarta semah kula, tuwin semahipun Mas Diran, mangkat dhatêng ngêbum, kaatêrakên dhatêng tuwan pêngulu. Dumugi ing ngêbum lajêng numpak sampan. Tuwan pangulu inggih ngatêrakên, sabab botên tega ngêculakên ijèn, watawis sadasa mênit dumugi ing baita, anama Esmaraldha. Tuwan pêngulu mitulungi nginggahakên kopêr, anggènipun manggul kopêr dhokoh sangêt, manah kula lajêng nalôngsa, dene ngantos dados damêl makatên. Sangêt-sangêt panuwun kula dhatêng tuwan pangulu.

Tuwan pangulu katingal mêlang-mêlangipun, wicantênipun makatên: Apa macam ini nanti, radhèn dhi Singapura kêsorangan (kêsêorangan = kijenan. Bok manawi: kêsorangan punika asalipun têmbung Jawi: kêsurang-surang).[2] Saya harap, Haji Ahmad, dhan Haji Muin, suka tolung kêpadha radhèn ini, carikan têmpat tumpangan dhi sanê. Dhan jika hêndhak kê Johor, carikan orang yang mêngantar.

Baik, lah, dhi sanê adhê sudharê sayê yang

--- [0] ---

[Grafik]

Ned. Torpedojager (kapal Nederlan pamleter baita torpedo) wontên ing palabuhan Riyo.

--- 105 ---

bolih sayê mintai tolung. Sayê sêndhiri tak bolih, sêbab besuk pêtang sayê hêndhak têrus kê Batu Pahat.

Sasampunipun andum wilujêng, tuwan pangulu lajêng wangsul. Botên dangu Radèn Ino kalihan mantri pulisi ing Sambu anama Êncik Rahmat, kusung-kusung sami dhatêng ing baita, sami suka wilujêng ing lampah kula sakalihan. Priyantun kêkalih punika sami kalairan ing Riyo, sumêrêp dhatêng êngkak-êngkiking têmbung Malayu. Asring kula guroni. Inggih sami dhangan-dhangan mitulungi. Radèn Ino punika ingkang kula cariyosakên ing ngajêng, putranipun Radèn Cakradirêja, priyantun Jawi asal saking Kêbumèn, punapa Gombong.

Watawis jam sawêlas, sarêng baita badhe mangkat, kêkalihipun sami andum wilujêng, wangsul dhatêng dharatan, numpak sampan. Sarêng jam sawêlas, baita Esmaraldha ngungêlakên sumpritanipun, mungêl bro...ng. lajêng mangkat. Wondene panggenan kula sarta semah kula tuwin semahipun Mas Diran, botên angsal ingkang sakeca, jalaran baita punika alit kemawon. Kula sami linggih wontên ing gladhag utawi ing nginggil pêthi utawi kopêr. Ing ngriku sarêngan kalihan priyantun asistèn kolèktur ing Boyan, ingkang badhe mantuk, mêntas pasokan [pasoka...]

--- 106 ---

[...n] dhatêng Tanjungpinang. Punika sagêd angsal kursi panjang. Nanging sarêng semahipun Mas Diran katingal badhe mabuk, lajêng ngawon, kursi dipun anggèkakên dhatêng semahipun Mas Diran.

Wontên ing margi sami rêrêmbagan bab lampah kula dhatêng Singgapura punika. Asistèn kolèktur ing Boyan, kathah cariyosipun bab nagari Singgapura, bab panggledhahing babêktan, tuwin bab upas-upas pulisi, punika botên adamêl indhaking kuwanèn kula, malah sangsaya adamêl miris. Kula botên ajrih, nanging kok inggih sênig-sênig, sabab kula punika botên patos kêndêlan. Danguning dangu, rêraosan dhawah prakawis ing Sambu. Semahipun mas dhoktêr Diran, sangêt-sangêt anggènipun ngampirakên dhati[3] kula sakalihan. Kula wiwitanipun botên purun, sabab manah adaya-daya badhe sumêrêp ing Singgapura, nanging sarèhne sangêt panêdhanipun, kula inggih anglêgani. Watawis jam sakawan, baita dumugi ing Sambu. Saking katêbihan sampun katingal griyanipun kathah enggal-enggal, botên kados ing Tanjungpinang, griya-griya sampun sami kawak-kawak, kathah ingkang bobrok.

Sarèhne punika ambêkta semahipun dhoktêr, lajêng kapêthuk baita motor saking plabuhan. Lajêng sami mandhap dhatêng motor but, mawi andum wilujêng kalihan ingkang sami

--- 107 ---

kantun wontên ing baita. Sakêdhap dumugi ing ngêbum, lajêng anjujug ing griyanipun Mas Karjana, juru sêrat bum, têpanganipun Mas Diran. Dene Mas Diran piyambak, griyanipun radi têbih.

__________

Bab XXI. Cariyosipun ing Sambu.

Wontên ing Sambu kula kasêgah nêdha ing wanci sontên dhatêng Mas Karjana, panampinipun sakalangkung angrêsêpakên, punapa malih semahipun, sanajan taksih lare, nanging botên kidhung anggènipun nampèni tamu. Ing dhoktêran, sarèhne pancènipun anggèning gagriya lamban, dados sanajan sarwa sae, ewasamantên botên mirantos kangge nampèni tamu. Ewasamantên kula sakalihan sagêd angsal panyipêngan ing ngriku.

Wondene Sambu punika panggenanipun pabrik andamêl blèg wadhah lisah patraliyun, sarta panggenaning patandhon lisah ingkang saking pabrik-pabrik ing Balikpapan, Palembang sarta sapanunggilanipun, wadhahipun lisah pintên-pintên kawah, kawahipun agêngipun watawis saprapating alun-alun, watawis wontên 20 panggenan, apisah-pisah urut pasisir.

--- 108 ---

Mênggah blèg wau wontênipun ing ngriku namung kadamêl wangunipun kemawon, blebekanipun kadhatêngakên saking sanès panggenan. Bab pandamêlipun blèg, botên prêlu kula cariyosakên, sabab kirang paedahipun, tur mêsthi kirang cêtha.

Ing ngriku inggih wontên pabrik panggenanipun andamêl pêthi wadhah blèg. Saking cariyosipun Tuwan Blom (sadhèrèkipun Tuwan Blom ing Ngayoja) blabagipun pêthi wau saking Jêpang. Kula tingali wontên kalih tigang godhang agêng-agêng.

Papan pasitènipun ing ngriku sakalangkung mêndhak mandhukul, margi-margi botên wontên ingkang waradin, malah wontên ingkang undhak-undhakanipun ngantos 90 tundha. Ing samargi-margi kathah sangêt undhak-undhakanipun, pangruktining waradinan sae. Toya ngombe sarta ingkang kangge adus, kadhatêngakên saking Singgapura mawi baita, sadintên kaping kalih. Tiyang-tiyang ingkang sami nyambutdamêl ing ngriku, mèh sadaya tiyang Jawi, watawis wontên kalih èwu. Saking cariyosipun Mas Diran, pangrêngkuhipun tuwan-tuwan dhatêng kuli-kuli kontrak, sae. Kuli-kuli sarta mandhoripun inggih cariyos piyambak makatên. Panyambutdamêlipun watawis namung 6 jam sadintên, enjing tigang jam, sontên [so...]

--- 109 ---

[...ntên] tigang jam. Dados botên kados ing kabudidayan sata utawi sanès-sanèsipun. Tiyang sakit mèh botên wontên, margi saking saening pangupakara. Tiyangipun sênêng-sênêng. Ringgit wayang, ringgit talèdhèk, gôngsa, ing ngriku inggih wontên, bab mainan dhadhu inggih botên kirang, namung punika pangraos kula botên sae, sabab adamêl boros, ewasamantên, manawi dipun awisi, botoh-botohipun inggih kirang sênêng, nyolong-nyolong anggènipun main.

Wontên ing dhoktêran, anggèn kula adus karaos adus, toyanipun bêning tur kathahipun anyêkapi. Yèn wontên ing Tanjungpinang, toyanipun botên patos bêning, radi sulak jêne, tur raosipun botên sêgêr. Pramila ing têmbe, manawi wontên kônca-kônca ingkang nyuwun pêrmisi dhatêng tanah Mlajêng, kula mrayogèkakên sampun manggèn wontên ing Tanjungpinang, prayogi manggèn ing Pênyêngat, utawi ing Johor. Ing Pênyêngat kathah griya ingkang suwung agêng-agêng, sewanipun mirah, tur tiyangipun kathah ingkang Riyo tulèn, namung radi sêpên anyênyêt.

Sarêng kula sampun nyipêng wontên ing Sambu sadalu, enjingipun watawis jam sawêlas, kula sakalihan numpak baita badhe dhatêng ing Singgapura. Kaatêrakên Mas Diran sakalihan, sarta

--- 110 ---

ingkang ngrêmbagakên tumpakan inggih Mas Diran. Dene badan kula katitipakên Mas Karjana, dhatêng Haji[4] Abdullah bin Haji Abdurrahman. Asli saking tanah Jawi, manggèn ing Singgapura. Inggih kyai kaji punika ingkang ngopèni kula sakalihan wontên ing Singgapura. Kula prasasat bayi ingkang mêntas lair, kyai kaji punika ingkang ngayomi, sangêt saening pangrêngkuhipun dhatêng kula.

Lampahing baita sakeca, wontên ing margi katingal clèrèt taun saking katêbihan, akole-kole saking mega dumugi ing sagantên, tiyang Mlajêng mastani: puting bêliung. Lajêng jawah, nanging botên dêrês. Dhawahipun dhatêng kula, tampunipun inggih mêksa radi kumlambi.

Watawis jam kalih wêlas, dumugi ing Singgapura. Bab pamriksaning barang babêktan, inggih sami kemawon kalihan ing sêtatsiun ing tanah Jawi. Manawi sêmunipun botên nguwatosi, inggih kalajêngakên kemawon, botên mawi katiti sangêt kados cariyosipun tiyang-tiyang. Kula kalihan semah kula numpak becah dados satunggal, kyai kaji numpak becah satunggal kalihan kopêr, anjujug ing griya pamondhokan Jêpun, anama: Tamanoya, sewanipun kalih têngah ringgit tiyang satunggal, kula sakalihan namung

--- [0] ---

[Grafik]

Margi agêng Raffles.

--- 111 ---

kêduman ing lotèng sungsun ingkang nomêr tiga, inggil sangêt, minggah mêdhunipun anyayahakên sangêt. Kyai kaji linggih sakêdhap, lajêng pamit mantuk, sagah sontên wangsul. Kula sakalihan kantun piyambak.

__________

Bab XXII. Wontên ing Singgapura.

Wontên ing griya pamondhokan, sasampunipun adus, kula lajêng tilêm kemawon, botên nêdha botên punapa, badhe jajan, ajrih, kabêkta saking prabawaning dêdongengan ingkang sampun kula mirêngi. Jam sakawan tangi lajêng lêlinggihan wontên ing èmpèring hotèl, ing ngriku èmpèr ngajêng makatên punika kawastanan kaki limah, kangge langkung tiyang. Ing waradinan lampahing tiyang pating sliri, wontên ingkang numpak becah, wontên ingkang numpak kreta kapal, wontên ingkang numpak motor. Tiyang Cina, Bênggala, Kêling, Jêpang, botên kêndhat-kêndhat anggènipun pating sliri. Nyonyah Cina sarta Jêpang, sami dandos ngadi busana sarta ngadi sarira, plêsir numpak becah, tiyang Kêling anggêdhèdhèr, botên ngangge rasukan, nyonyah Jêpang lampahipun racak gathik, amèdèl-mèdèl. [amèdè...]

--- 112 ---

[...l-mèdèl.] Anggèn kula ningali, mripat kula ngantos kêju, botên wontên mêndhanipun, malah sangsaya rame. Sarêng jam satêngah pitu, kyai haji dhatêng, kula sakalihan kaajak mlampah-mlampah. Punika kula sawêg purun, lajêng kabêkta dhatêng wande sêkul, gadhahanipun tiyang Kêling. Kula tiyang kalih inggih sami nêdha. Lajêng andumugèkakên mubêng-mubêng ing pacinan, manah kula tatag kemawon. Toko-toko sanajan kathah, nanging pangraos kula sae-sae ing Surabaya, mubyar ing Surabaya. Bab tubrukanipun kreta, ing Singgapura botên nguwatosi, sabab tiyang-tiyang: kathah ingkang numpak becah. Môngka becah punika ingkang anggèrèd Cina, ngèjèg utawi nyongklang, botên wontên ingkang ambandhang. Yèn dalu, jonggol-jonggoling sirahipun Cina ingkang anggèrèd becah wau plêk kados sirah kapal. Bantêripun inggih mèmpêr-mèmpêr. Watawis jam sadasa kula sami wangsul dhatêng pamondhokan. Kyai kaji pamit mantuk, kula mapan tilêm. Ing griku botên wontên lêmudipun, namung satunggal kalih. Anggèn kula tilêm lirsuk, sabab sayah. Enjingipun kula sampun wiwit purun dhatêng wande piyambak, kalihan semah kula, botên kaatêran kyai kaji, sarta purun dhatêng wande wedang panganan. Lajêng enggal-enggal wangsul dhatêng hotèl. Lêt sakêdhap, [sakê...]

--- [0] ---

[Grafik]

Musium kanthi taman-pustaka Raffles.

--- 113 ---

[...dhap,] kyai kaji dhatêng, lajêng mêndhêt motor kangge mubêng-mubêng. Wiwitanipun mampir dhatêng griyanipun kyai kaji, ngampiri semahipun. Wondene semahipun kyai kaji: tiyang Kêlantan, sêbutanipun êncik, pasêmon sarta tindak-tandukipun, sae angrêsêpakên. Wicantênipun cara Mlajêng tulèn, kados tiyang Pênyêngat utawi Johor. Sarèhne pancènipun anggèn kula badhe ngampiri jam sawêlas, dados dèrèng sadhiya, lajêng dandos, sat-sêt, ngangge kudhung sarung, lajêng sami numpak motor mubêng-mubêng, tumuntên dhatêng gêdhong musium, sami mandhap saking tumpakan, minggah dhatêng ing gêdhong. Ing ngriku ingkang kathah kewan-kewan ingkang sampun pêjah kados musium ing Bogor. Wontên tiyang-tiyanganipun, pêthanipun tiyang Trêngganu nênun, susunipun dipun onthèl kemawon. Bab barang-barang sarwa sakêdhik, wontên sima gembong agêng, pawartosipun pisungsung saking Kangjêng Sultan Johor, anggènipun nyanjata piyambak wontên ing wana. Kasèlèh wontên ing têngah jogan, nglemprak, wontên salêbêting kurungan kaca, kados sima gêsang patrapipun.

Wontên malih pêpêthanipun tiyang Jawi ngringgit wayang. Ringgitipun dipun simping, dhalangipun sawêg badhe nglampahakên ringgit,

--- 114 ---

niyaganipun pêpak, agêngipun inggih satiyang sayêktos.

Semahipun kyai kaji pitakèn dhatêng ingkang jalêr makatên: Ini orang Jawê, kandhê.

Bukan, orang Jawê tidhak bêgitu, dhi tanah Jawê tak adhê orang bêgitu macam, êntah orang manê itu.

Ah, kakandhê ini olok-olok sajê. Orang rame katê ini orang Jawê.

Ah bukan, orang Jawê tidhak bêgitu, bagus-bagus, ini romanyê sêpêrti orang utan, têntu bukan orang Jawê. Êntah orang dhi manê ini. Coba tanyê kêpadhê radhèn, ini. Ini bukan orang Jawê, ya, radhèn.

Kula mangsuli, ngrencangi kyai kaji, murih sênêng: Bukan, orang Jawê biasênya bagus-bagus sêpêrti tuwan kaji ini. Sêburuk-buruknyê sêpêrti sayê ini.

Lajêng sami gumujêng gêr-gêran, semah kula inggih tumut gumujêng. Êncik pêrêmpuan punika dèrèng nate sumêrêp tiyang Jawi ingkang mangangge cara Jawi dêlês. Môngka niyaga tuwin dhalangipun sami mangangge cara Jawi, panganggenipun malah pêpak, ngangge rasukan mênapa. Adatipun, dhalang manawi ngringgit, tamtu ngliga. Dados ingkang kapêtha ing ngriku punika taksih sae, manawi katimbang kalihan nyatanipun, ikêt-ikêtanipun [ikêt-ikê...]

--- 115 ---

[...tanipun] taksih kêncêng, botên dhawul-dhawul. Panjakipun êgong nolèh kados gêgujêngan kalihan kancanipun.

Wondene prakawis ulam sarta kewan sagantên tuwin sawêr sarta kupu walang, sapanunggilanipun, ing ngriku kathah sangêt, bêbujêngan wana inggih kathah, namung inggih botên ngawonakên musium ing Bogor. Punika miturut panyawang kula sagêbyaran, kilap yakinipun.

Saking ngriku tumuntên numpak motor malih mubêng-mubêng sakêdhap, lajêng ngampirakên êncik pêrêmpuan mantuk. Kyai kaji nglajêngakên ngatêrakên kula sakalihan, sowan dhatêng kantoripun kongsul, prêlu nèkênakên pas. Mandhap saking tumpakan lajêng malêbêt dhatêng kantor. Sarèhne panggenanipun paduka tuwan konsul wontên ing nginggil, kula tiyang tiga lajêng malêbêt ing lip (Lift), lêr ... kakèrèk minggah, sakêdhap dumugi salêbêting sênthonganipun tuwan konsul, ingkang nampèni kula juru sêratipun, putranipun patih ing Bogor anama Radèn Pandhu Suradiningrat. Taksih lare, sawêg umur kawan likur taun, namung sawanganipun kados sawêg umur 16 taun, nyêngka-nyêngkanipun 18 taun. Sumèh sarta grapyak. Rumiyin sêkolah H.B.S. ngajêngakên minggah klas V lajêng sêkolah dagang.

--- 116 ---

Prakawis pas, saking cariyosipun, botên prêlu katèkênakên. Namung benjing yèn kula sampun wangsul saking Johor, prayogi katèkênakên. Kula lajêng wangsul mandhap malih, minggah dhatêng tumpakan, wangsul dhatêng hotèl. Kyai kaji pamit mantuk.

__________

Bab XXIII. Manah Kumêpyur Kabêkta saking Lampahing Angên-angên.

Sontênipun watawis jam sakawan, kula dipun ajak mlampah-mlampah dhatêng semah kula. Kula botên patos purun, sabab kuwatos manawi kêpisah kados lêlampahanipun Jahidin. Ananging sarèhne badhe ngatingalakên kuwanèn kula, kula inggih lajêng purun. Mêdal saking griya pamondhokan, mlampah alon-alon, manah kula tansah mêlang-mêlang, bawanipun tiyang enggal, kèngêtan lêlampahanipun Jahidin, namung semah kula kêndêl kemawon, yèn anggèn kula mastani: margi saking anggènipun botên jawi, kula upamèkakên lare ingkang dolanan wontên ing pinggir sumur, inggih botên gadhah kuwatos punapa-punapa. Anggèn kula sami mlampah namung ngubêngi saêgang watawis namung satêngah êjam. [ê...]

--- [0] ---

[Grafik]

Hotel Victoria kalihan griya tontonan.

--- 117 ---

[...jam.] Kula dipun ajak mrika-mrika botên purun, kuwatos manawi kêsasar, jlig dumugi ing sangajênging hotèl. Semah kula wontên ing wingking kula cakêt (anggèn kula mlampah waktu punika radi krikatên, sabab adaya-daya) wicantênipun makatên: Lha kae kok wis têkan ing hotèl manèh. Kula lajêng mancik ing undhak-undhakan hotèl, badhe malêbêt ing kori. Sarêng nolèh, semah kula katingal botên wontên ing wingking kula. Kula radi kagèt, kuwatos bokmanawi anggènipun malêbêt ing kori kêsasar dhatêng griya sacêlakipun, kula ongak ing ngriku ... botên wontên. Manah kula sampun trataban. Lajêng wangsul dhatêng satêngahing margi, kula wawas mrika-mriki, botên wontên, kringêt kula gumrobyos. Batos kula makatên: Saiki bilai ta kaku.[5] Gèk mênyang êndi bocah iki mau. Saiki katêmahan caritane wong-wong dhèk anu kae. Kêpriye polahku. Kok kêbangêtên têmên awakku. Raosipun panon kados badhe sumaput, nanging dèrèng. Manah tratabipun sampun botên kenging kula aturakên. Kula lajêng takèn dhatêng tiyang ingkang panuju andhodhok wontên ing ngajênging griyanipun tôngga: Kêmanê istri sayê ini tadhi.

Kê sanê tadhi. Ah, sudhah kêhilangan (kalihan gumujêng).

--- 118 ---

Manah kula sangsaya bêntèr. Nanging sarêng kula tingali ancêr-ancêripun anggènipun nudingi, semah kula katingal malampah saking pinggiring margi. Lajêng kula pitakèni: Iki mau saka ngêndi, kok ora kôndha-kôndha.

Niki wau kula êmpun tumut mancik ing undhak-undhakan, sumêrêp tiyang sade kacang Arab sandhing niku, lajêng murugi mriku, tumbas kalih sèn. (Ingkang sade kacang Arab, dhasar wontên sapinggiring margi, watawis lêt gangsal pêcak saking hotèl. Nanging radi kaling-kalingan pilar. Inggih sok kula tumbasi).

Dubilah, olèhku anggolèki kasi gêdandapan.

Kula kintên sampeyan êmpun sumêrêp, dados kula botên criyos.

Punika wau sadaya kalampahanipun watawis namung gangsal mênit, nanging tratabing manah kula botên mantun-mantun, saêjam anggèn kula blangkêmên, botên sagêd wicantên ingkang sarèh. Manah tansah gronjalan. Sadintên punika manah kula botên sagêd têntrêm, môngka enjingipun kula niyat badhe dhatêng Johor, jêbul manah kula growah makatên. Radi ngêdhap raosipun.

Jam pitu sontên kyai kaji dhatêng ing hotèl kalihan Radèn Pandhu, lajêng sami mubêng-mubêng, ngiras tumbas sêkul. Jam sawêlas [sawê...]

--- 119 ---

[...las] wangsul dumugi ing hotèl. Kyai kaji sarta Radèn Pandhu pamitan wangsul, sarta nyangoni wilujêng anggèn kula badhe kesah dhatêng ing Johor. Kyai kaji anggènipun badhe nguntabakên kula ing enjingipun, mawi kalèk. Sarêng sampun katilar tiyang kêkalih punika manah kula molak-malik, ing dalu mèh botên sagêd tilêm. Pamanah kula makatên: Iya aku iki arêp mênyang Johor karo bojoku, ora ana sing ngatêrake. Aku diêtutake bojoku, prasasat aku sing dadi tukang nuntun, jêbul aku ora wêruh apa-apa, harak kaya wong picak, nuntun wong picak, salah-salah kêcêgur blumbang sakaro-karone. Kathik aku durung wêruh prênahe sêtatsiun, ana ing Johor ora ana sing tak têpungi. Mêngko gèk diblasuk-blasukake marang Cina becah, gèk sapa sing tak sambati. Jênênge: aku rak kainan. Ana ing Johor gèk dianggrak sapa-sapa, kêpriye wangsulanku.

Sadalu manah kula molak-malik, wasana pêpuntoning manah, kula wandèkakên niyat kula, manawi botên wontên ingkang nêdahakên margi. Sangêt-sangêt panyuwun kula dhatêng Gusti Allah, mugia paring kanthi. Enjingipun kula cariyos dhatêng semah kula, yèn niyat kula, kula sandèkakên, badhe wangsul dhatêng Riyo kemawon. Nanging dintên punika kalêrês [kalêrê...]

--- 120 ---

[...s] botên wontên baita ingkang dhatêng Riyo. Dados manah kula kula enggokakên malih, badhe ngupadosi griyanipun kyai kaji. Anggèn kula wiwit kesah saking hotèl watawis jam satêngah wolu, mompar-mampir dhatêng toko, sarta mubêng-mubêng margi radi bingung. Sagêd kula dhatêng ing griyanipun kyai kaji watawis jam sanga. Môngka pancènipun namung lampahan saprapat êjam. Êncik pêrêmpuan cariyos, yèn kyai kaji, jam satêngah sanga dhatêng pondhokan kula, badhe ngatêrakên kula dhatêng sêtatsiun, sabab manahipun mêlang-mêlang, dados dhapur katlisiban ing margi. Kula lajêng ngêntosi wontên ing ngriku kemawon ngantos watawis jam sadasa.

Mangsuli cariyos anggèn kula mubang-mubêng madosi griyanipun kyai kaji. Wontên ing kampung Jawi kula sakalihan katingal, yèn ngupadosi punapa-punapa, lajêng kaampirakên dhatêng lare neneman. Kula sakalihan inggih mampir, nanging manah kirang sakeca, ngandhut dirgama kemawon. Wontên ing griyanipun, bapakipun sarta ipenipun lajêng sami manggihi. Bapakipun asli saking Blora, anama Kaji Nawawi. Kula dipun pitakèni ngupadosi punapa. Wangsulan kula kumbi, cariyos yèn ngupados kitab. Botèn walèh manawi ngupadosi griyanipun Kaji Abdullah.

Kitab punapa ingkang dipun padosi.

--- [0] ---

[Grafik]

Alun-alun Raffles lan greja st. Andreas.

--- 121 ---

Kitab Pêpatah Mêlayu utawi Pêrumpamaan Mêlayu.

Èngêt kula inggih wontên, kados kula gadhah. Cobi kula padosane.

Sarêng dipun upadosi, botên wontên, lajêng dipun pêndhêtakên katalogês, kaupadosan ing ngriku inggih botên wontên. Kula dipun prayogèkakên ngupados dhatêng gudhang buku ingkang anama: Kelly twalsh. & Co: Ltd. Kula mangsuli, yèn sampun ngupados ing ngriku, nanging botên sagêd angsal.

Sarêng sampun omong-omongan sakêdhap, kula dipun pitakèni mondhok ing pundi. Wangsulan kula mondhok ing griyanipun Kaji Abdullah bin Haji Abdurrahman, ing: Mintorud No. 117. Kula lajêng criyos pisan, yèn radi bingung. Lajêng katêdahakên ancêr-ancêripun, cêlak kemawon. Kula enggal-enggal mêdal saking griya, ngupadosi. Nanging mêksa taksih mubang-mubêng, sabab radi bingung, dangu-dangu inggih kêpanggih, kasêbut ing ngajêng.

Bab XXIV. Mangkat dhatêng ing Johor.

Watawis jam sadasa kyai kaji dhatêng. Cariyos manawi ngantos bêbêg anggènipun ngupadosi kula, sabab ingkang

--- 122 ---

gadhah hotèl utawi tiyang ing hotèl, bokmanawi ingkang sami mondhok ing ngriku cariyos, manawi kula sampun kesah. Makatên wicantênipun kyai kaji. Sarêng dhatêng ing griya, sumêrêp yèn kula sakalihan wontên ing ngriku, lajêng nyêbut: Laillah mênika wau kula upadosi dhatêng hotèl, tiyang ngriku criyos, yèn radèn sampun tindak. Kula titik, kasut sampun botên wontên, dados kula ngintên manawi saèstu sampun mangkat. Kula susul dhatêng sêtatsiun, kalihan tiyang Arab, ingkang badhe kula kanthèkakên dhatêng radèn, inggih botên kêpanggih. Lajêng kula susul numpak sêpur klas kalih, dhatêng sêtatsiun sanèsipun, bokmanawi numpak ing ngriku, mêksa botên wontên, kula lajêng mupus, mantuk punika. Jêbul sampun sami wontên ing ngriki. Laillah.

Kula mangsuli: Niyat kula dhatêng ing Johor pancènipun kula sandèkakên, nanging manawi wontên ingkang ngatêrakên, kula inggih purun, sabab, yèn ijèn, kula ajrih, kuwatos yèn manggih punapa-punapa, dados kainan, tur dipun têtah tiyang kathah. Bab tiyang ingkang ngatêrakên, wragading lampah sampun tamtu kula ingkang nyanggi.

Kadadosaning rêmbag, lajêng manggihi tiyang Arab ingkang kacariyosakên wau. Mênggah nyatanipun: lare neneman [ne...]

--- [0] ---

[Grafik]

Kabuyutan sarta mêsjit.

--- 123 ---

[...neman] pranakan Arab, anama: Abdullah Ali Ambar. Sarèhne sêpur jam sawêlas sampun botên kabujêng, lajêng numpak sêpur ingkang mangkat jam 2. Kyai kaji inggih nguntabakên ngantos sahalte. Wragadipun sêpur klas satunggal, tiyang satunggal 1 ringgit 28 sèn. Lampahipun sêpur sasampunipun mêdal saking nagari, lajêng nrajang wana sarta pakêbonan karèt. Kathahipun kêbon karèt angeram-eramakên, witipun sami kasukanan cangkiran, kangge nadhahi talutuhipun. Pamêndhêtipun talutuh wau ing têmbung Malajêng kawastanan: mênorih, têgêsipun anggarêt nandhês. Yèn ing têmbung Walandi anama: tampên, têgêsipun andèrès.

Margi sêpur wau jèjèr kalihan margi agêng. Tiyang-tiyang ingkang anggarap waradinan, utawi ngrêsiki kalenan, ingkang kathah namung tiyang Hindhu, kilap Bênggala kilap Kêling. Cina sawatawis, tiyangipun Malajêng botên wontên. Ingkang dados mandhor utawi upas, inggih tiyang Hindhu. Sarêng sampun jam tiga, dumugi ing supitan. Wontên ing ngriku kula sadaya mandhap saking sêpur, tumuntên numpak baita. Punika pancèn dados urutanipun sêpur wau, dados botên mawi ambayar tambangan. Ingkang klas satunggal, manggèn wontên ing nginggil. Sanès-sanèsipun manggèn wontên ing ngandhap.

--- 124 ---

Watawis sadasa mênit dumugi ing sabrang. Ing ngriku anama Johor Baru. Kula pancèn botên sadhiya badhe nyipêng wontên ing ngriku, botên sadhiya santun pangangge, namung badhe mubêng-mubêng kemawon. Lajêng enggal-enggal tumbas kêrtu pos gambar, prêlu kakintunakên dhatêng tanah Jawi. Panumbasipun dhatêng toko Cina, botên dhatêng kantor pos.

__________

Bab XXV. Cariyosipun Nagari ing Johor.

Kula kêpengin sowan dhatêng dhatuk mêntêri, yèn ing Ngayoja: kangjêng radèn adipati. Ingkang badhe kula angge sayadan, prêlu nyuwun pamit, badhe mubêng-mubêng ningali nagari Johor. Lajêng numpak becah kalih, kula danos[6] sabecah kalihan semah kula. Pangraos kula lampahing becah mangidul, nanging bokmanawi lêrêsipun mangalèr, kula botên sumêrêp, sarêng sampun ngèjèg watawis satêngah êjam, dumugi ing dalêmipun dhatuk mêntêri. Dalêmipun awangun gêdhong Eropah, agêng asungsun tiga, sae sangêt. Pawartosipun, punika dalêmipun piyambak, dede kagunganing nagari. Ingkang nampèni pasowan kula lare taksih alit. Kula ngaturakên karcis, prêlu badhe sowan. [so...]

--- 125 ---

[...wan.] Lampah makatên wau pancènipun inggih kirang mungguh, tur mangsanipun inggih botên lêrês. Nanging anggèn kula purun makatên punika margi kula sampun dipun wulang dhatêng marasêpuhipun dhatuk mêntêri, ingkang manggèn wontên ing Singgapura, anama Êncik Ambak. Kadadosanipun, dhatuk mêntêri botên sagêd nampèni, margi wontên tangadur utawi udur. Makatên cariyosipun lare ingkang kula wêlingi unjuk. Nalika samantên pangangge kula, kula damêl cara Jawi, kados yèn malêbêt dhatêng pamulangan, ngangge bêbêd sarta ikêt, murih adamêl cingakipun tiyang-tiyang ing kapatihan. (Yèn wontên ing Riyo utawi Singgapura, kula ngangge sarung sarta kupluk).

Sarèhne botên sagêd sowan, lajêng sami wangsul numpak becah malih. Nalika mrikanipun, margi minggah, sarêng wangsulipun punika margi tumurun, nanging Cina becah sayahipun kados dèrèng mantun, rasukanipun ing gêgêr klêboh kados tiyang adus. Cina kalih wau lajêng linton momotan, sabab ingkang anggèrèd kula tiyang kalih, sêmunipun radi mèyèk-mèyèk. Kula tiyang kalih pancèn kalêbêt botên patos kêra. Môngka tuwan-tuwan punika badanipun alit. Sarêng becah lampahipun mandhap punika, panahanipun inggih katingal ngrêkaos, ngantos pathênthêngan. [pathênthêng...]

--- 126 ---

[...ngan.] Ing samargi-margi ningali kiwa têngên, ingkang kathah namung kêbon karèt, pawartosipun, punika kagunganipun kangjêng sultan, pintên-pintên atus bau kathahipun, pananêmipun alarik-larik sae. Marginipun inggih sae. Griya-griya tuwin pemahanipun tiyang dhusun utawi tiyang kampung rêsik-rêsik, pasang rakitipun kados ing tanah Jawi, nanging inggih mawi gladhag. Pamirêng kula pancèn ing ngriku kathah tiyangipun Jawi, tiyangipun Malajêng botên patos kathah. Kangjêng sultan kacariyos asih dhatêng tiyang Jawi jalaran sami tabêri-tabêri, sarta kathah ingkang pintêr utawi ingkang alim. Tiyangipun Malajêng kalêbêt kêsèd-kêsèd.

Kangjêng sultan ing Johor pawartosipun sakalangkung kêncêng anggènipun ngasta paprentahan, kawulanipun sami kaprêdi ing kasagêdan sarta dhatêng ngibadah. Bab panganggenipun para priyantun, sampun plêk, kados tiyang Inggris, sawang-sawunging pawakan inggih gagah-gagah, namung pakulitanipun jêne, botên pêthak kados bôngsa Eropah, sami lêbda ing têmbung Inggris, malah kathah ingkang sinau wontên ing Eropah. Kangjêng sultan piyambak yuswanipun watawis 40 taun, lami anggènipun sinau ing tanah Inggris, gagah prakosa, asring ambêbujêng dhatêng wana, kêrêp angsal sima, malah sampun nate nandhingi Sima sami ijèn. Makatên cariyosipun [cariyo...]

--- 127 ---

[...sipun] tiyang-tiyang: anuju satunggaling dintên, kangjêng sultan ambêbujêng ijèn dhatêng wana, kapanggih kalihan sima gembong, ajêng-ajêngan, dipun sanjata, kenging, nanging botên pêjah, ngancab dhatêng kangjêng sultan, dipun tampèni mawi golok, gêcos, sima lajêng pêjah, nanging sukuning sima sampun kalajêng ngrangkul, kuku mancêp ing pêngkêranipun kangjêng sultan, punika sadaya saking cariyosipun tiyang-tiyang. Wontên titihanipun kapal, ingkang adamêl dukanipun, dipun sotho sapisan kemawon inggih pêjah. Dalêmipun kadhaton kalih, satunggal ing Johor Lami, satunggalipun ing Johor Baru. Ingkang kula sumêrêpi ingkang wontên ing Johor Baru.

Sarêng lampahing becah dumugi ing Johor Baru, lajêng kula purih ngubêng-ubêngakên wontên ing ngriku. Wiwitanipun dhatêng ing masjid. Masjidipun dumunung ing pêpunthuk. Kula sadaya sami minggah dhatêng ing masjid. Ing ngajêngipun, wontên balumbangipun, toyanipun bêning sangêt, pirantos kangge wulu sarta kangge wisuh. Saking ngriku taksih minggah malih, undhak-undhakanipun marmêr (blumbangipun inggih marmêr). Sadaya-sadaya katawis rêsik, mratandhani yèn sae pangupakaranipun. Kula lajêng malêbêt ing masjid. Jrambahipun marmêr, kados masjid ing Ngampèl, nanging inggih sae masjid ing Johor. Wondene lèmèkipun, babud prangwêdani [prangwêda...]

--- 128 ---

[...ni] sae-sae. Blêg sajêmbaring jogan, babud sadaya alarik-larik. Babudipun katingal taksih enggal, botên namung anggêr babud kemawon, dilahipun gantung acawang-cawang pintên-pintên, èlèktrik sadaya. Cêkakipun, sadaya-sadaya angantawisi yèn kopèn. Saking ngriku lajêng dhatêng kantor pos. Kantor posipun alit kemawon, ingkang nyambutdamêl tiyang Mlajêng sadaya. Kartu pos botên dipun wontêni, ingkang wontên namung prangko, mawi gambaripun kangjêng sultan. Kartu pos gambar anggèn kula tumbas, kula tèmplèki prangko ngawan sènan. Sasampunipun kula ngalamati, lajêng kula posakên pisan. Yèn namung kakintunakên ing salêbêting kraton Johor utawi dhatêng Singgapura, prangkonipun namung kalih sèn.

Ing sangajênging kraton wontên alun-alunipun jêmbar sangêt, sitinipun waradin, katanêman rumput apapak, warninipun kados babud ijêm gumêlar. Nanging wanguning alun-alun botên kados ing tanah Jawi. Ing ngrika wangunipun pasagi panjang, kados wontên ing lêngkèhing rêdi. Ingkang sasisih: kadhaton, dumunung ing pêpunthuk. Sasisihipun: bètèng, dumunung ing gêgumuk. Prajuritipun tiyang Johor sadaya, katingal brêgas-brêgas, kados prajurit ing Mangkunagaran.

Pancènipun kula kapengin manggèn wontên ing Johor ingkang

--- [0] ---

[Grafik]

"Teutonia" kamarbolahipun tiyang Jerman.

--- 129 ---

radi dangu, namung sarèhne kula botên sadhiya, sangu sarwa cupêt, dados inggih narimah namung nginguk kemawon. Kula namung sagêd wicantênan kalihan tiyang tiga, tur ingkang kalih kabaripun asli saking tanah Jawi.

Cariyos bab nagari ing Johor pancènipun taksih kathah, nanging kula cupêt samantên kemawon, sabab panyawang kula botên patos cêtha, kuwatos manawi klenta-klèntu. Watawis jam satêngah gangsal kula wangsul malih dhatêng Singgapura. Dumugi ing Singgapura mandhap ing sêtatsiun sanès, lajêng numpak becah, tiyang satunggal becah satunggal, iring-iringan, mubêng-mubêng malih ing salêbêting kitha.

__________

Bab XXVI. Mubêng-mubêng Malih ing Singgapura.

Lampahing becah ngambah panggenan ingkang rumiyin dèrèng kula ambah nalika numpak motor. Kula dipun têdahakên panggenan patandhoning toya, awarni blumbangan agêng pintên-pintên bau mawi katutupan ing blabag, panggenanipun wontên ing pêpunthuk, ngantos tigang panggenan. Toya wau mawi kasaring, sarta kagodhog, kangge ngombe sarta adus tiyang-tiyang ing sanagari Singgapura sadaya, sarta wontên [wo...]

--- 130 ---

[...ntên] ingkang kabêkta dhatêng Sambu, sabên dintên kalih baita. Griya-griya ing Singgapura, sanajan ingkang mawi lotèng asungsun-sungsun inggil sangêt, sagêd kacakan toya saking ing patandhon wau, sarana mawi bumbungan tosan, kados ing Surabaya sarta Sêmarang tuwin ing Batawi. Tumuntên katêdahakên griya panggenanipun mragad rajakaya: lêmbu, babi, sapanunggilanipun. Lampahipun becah anglangkungi pakuburan Inggris, jêmbaripun botên ilok, mratandhani yèn ing ngriku kathah tiyangipun Eropah, dados inggih kathah ingkang pêjah. Tumuntên dumugi ing papan panggenan ambêsmi larahan utawi rêrêgêding nagari, mawi margi kukus agêng anjêjêr kadosdene ing pabrik gêndhis, nanging ing ngriku langkung agêng. Kukusipun tansah anglandêng botên sirêp-sirêp. Lajêng kabêkta dhatêng plabuhan, kula tamatakên anggèn kula ningali kathahing baita, prasasat tanpa wicalan, angungkuli ing Batawi sarta ing Surabaya, kathah kaotipun. Makatên ugi sampan-sampan ingkang sami andhong nènèp kemawon. Ingkang nglampahakên Cina sadaya, sarta wontên Cinanipun ingkang wira-wiri wontên ing dharat, nawèk-nawèkakên sampanipun, kadosdene kreta andhong wontên ing sêtatsiun punika. Ing sajawining plabuhan wontên baitanipun jagi botên kesah-kesah. Yèn dalu masang lêntera [lênte...]

--- [0] ---

[Grafik]

Margi plancongan ing pinggir lèpèn.

--- 131 ---

[...ra] ingkang kawastanan suklih, sorotipun sakalangkung têbih, ngantos pintên-pintên dasa pal, kangge nyoloki sagantên, bokmanawi wontên sandi upayaning mêngsah. Inggih lêntera punika ingkang sulakipun katingal saking Tanjungpinang aclorot-clorot pêt.

Saking cariyosipun tiyang-tiyang, palabuhanipun nalika dèrèng pêrang, kathahing baita prasasat tikêl kalihan wontênipun sapunika, makatên ugi kathahipun tiyang pêthak ing salêbêting nagari, inggih sampun suda kathah. Kamar bolahipun tiyang Jêrman, saprika-sapriki tutup kemawon.

Ing Singgapura nalika samantên anglêrêsi wontên kumedhe Pèrsi agêng, nanging kula botên kêpengin ningali, sabab manah kuwatos, bokmanawi: dipun jahidin ing tiyang. Kumedhe sorot gadhahanipun elam kongsi, panggenanipun nyangklêg kemawon, namung lampahan samênit saking pondhokan kula, ewasamantên kula inggih botên gadhah kêpengin ningali. Malah ing ngriku wontên pawartosipun sok rêsah, sabab pêtêng.

Watawis jam satêngah pitu kula kèndêl ing griyanipun tuwan Abdullah Ali Ambar, ing 722 North bridge road, inggih ingkang ngatêrakên kula wau. Pambêkanipun kalêbêt prawira, manahipun sae. (Tiyang-tiyang ing Tanjungpinang, ingkang sampun wanuh [wa...]

--- 132 ---

[...nuh] kalihan piyambakipun, inggih mastani yèn punika tiyang sae sangêt). Kangge ngangsul-angsuli pitulungipun, kula tumbasi daganganipun: kopyah Turki satunggal rêgi pitung ringgit, sarta kupluk Malajêng satunggal, rêgi tiga têngah ringgit. Sasampunipun kula mampir ing griyanipun Kyai Kaji Abdullah ing Mintorud, kula lajêng wangsul dhatêng griya pamondhokan. Enjingipun niyat badhe wangsul.

Watawis jam satêngah wolu sontên, Kyai Abdullah kalihan êncik pêrêmpuan tuwi dhatêng hotèl ambêkta angsal-angsal buah rambèi sarta pêlêm kangge sangu ing baita. Kula panggihi wontên ing lotèng ingkang nginggil piyambak. Wontên ing ngriku ginêman radi dangu, kula pitakèn têmbung-têmbung kathah dhatêng êncik pêrêmpuan, sadaya kula cathêti, sarêng jam sawêlas, sawêg kula lilani mantuk. Kula lajêng tilêm.

Bab XXVII. Wangsul dhatêng Tanjungpinang.

Enjing kula tangi, lajêng ningali pratelaning kapal ingkang badhe layar ing dintên punika, kula upadosi ingkang dhatêng ing Riyo (satunggil-tunggiling hotèl, sabên dintên tampi pratelan ingkang makatên), kula tamtokakên yèn [yè...]

--- [0] ---

[Grafik]

Pandulu ing lèpèn Singgapur.

--- 133 ---

[...n] wontên, sabab ing dintên ingkang kapêngkêr sampun botên wontên. Môngka cariyosipun tiyang, wontênipun kapal ingkang dhatêng ing Riyo: lêt sadintên. Jêbul ing dintên punika botên wontên. Môngka kula sampun tata-tata, pangangge sampun kula ringkês-ringkêsi wontên ing kopêr. Manah sampun botên bêtah manggèn wontên ing Singgapura. Dados saklangkung jibêg manah kula. Botên dangu Kyai Kaji Abdullah dhatêng, cariyos, yèn angsal katrangan saking para kaptin baita, bilih ing dintên punika têrang botên wontên baita ingkang dhatêng Riyo, wontênipun benjing êmbèn. Manah kula ngêndhêlong sangêt. Judhêging manah, kula lajêng badhe numpal kèli, tumuntên pitakèn: Punapa wontên baita ingkang dhatêng Sambu. Kyai kaji mangsuli: Wontên. Sarta sagah ngrekakakên. Kula purun. Lajêng katumbasakên karcis. Kula bingah, dene badhe tumuntên sagêd kesah saking Singgapura. Nanging semah kula manahipun pakèwêd, manawi nyipêng wontên ing Sambu, sabab adamêl repot. Kula ambragudul kemawon, sarta cariyos yèn wontên baita saking Sambu dhatêng Riyo. Cêkakipun, jam sanga lajêng sami minggah dhatêng baita, inggih baita ingkang kula tumpaki rumiyin punika. Wontên ing baita ngêntosi dangu sangêt. Jam kalih wêlas sawêg mancal,

--- 134 ---

sabab ngêntosi sêrat-sêrat pos. Botên kacariyos lampahing margi ing sagantên. Watawis jam kalih dumugi ing Sambu. Dhoktêr Mas Diran katingal numpak baita, nganglangi palabuhan, kados alap-alap, sabab nalika samantên baita ingkang mêdal saking Singgapura, badhe dhatêng kapuloan Indhi mawi karantèn, kapriksa rumiyin, bokmanawi wontên tiyangipun ingkang sakit, sabab ing Singgapura wontên malih tiyang ingkang katrajang ing pès, sawêg kalih dintên punika wiwitipun karantèn enggal. Kula angsal katrangan saking Mas Diran, sarta Mas Karjana, yèn sampun botên wontên baita ingkang dhatêng ing Tanjungpinang. Sadèrèngipun bêdhug sampun wontên baita kalih ingkang dhatêng Tanjungpinang. Manah kula kêcuwan malih. Kula lajêng kèndêl wontên ing griyanipun Mas Karjana sakêdhap, lajêng dhatêng ing dhoktêran, kabêkta dhatêng semahipun Mas Diran (sabab dhatêng ing ngriku, pêrlu manggihi). Semahipun Mas Karjana inggih tumut, ngiras malampah-malampah. Mas Karjana taksih anglêrêsi sakit (rumiyin inggih sakit, dèrèng mantun), sasampunipun adus wontên ing dhoktêran, lajêng mubêng-mubêng, wangsul dhatêng griyanipun Mas Karjana. Dilalah karsa Allah, wontên baita dhatêng. Sarêng dipun gênah-gênahakên, têtela yèn baita wau badhe wangsul dhatêng Riyo, nanging wangsulipun jam satunggal dalu.

--- 135 ---

Sanajan makatên, bingah kula prasasat kapêthuk motor, kaajak plêsir. Sabibaripun nêdha wanci sontên, wontên ing griyanipun Mas Karjana, jam sanga kula nêdha kaatêrakên dhatêng baita, dipun êndhêg-êndhêg dhatêng Mas Karjana, botên purun. Mas Diran lajêng ngihtiyarakên tumpakan motor but, sarta ngatêrakên dhatêng baita sakalihan sarta semahipun Mas Karjana. Anggèn kula sagêd nunut wau inggih saking pitulunganipun Mas Diran. Wontên ing baita angsal papan wontên ing ngandhap, ing salêbêting wêtêngipun baita, wontên papanipun patilêman, nanging tanpa lèmèk, kalêrêsan wontên kasuranipun alit-alit, kula anggèkakên semah kula. Kula manggèn wontên ing kursi kemawon, katingalipun nalôngsa sangêt, botên wontên kancanipun, namung tiyang kalih kemawon, dilahipun alit kêlip-kêlip, sumukipun cêkapan kemawon, sakêdhap-sakêdhap minggah dhatêng êdhèg, ngisis. Sarêng sampun ngantuk lajêng sami mapan tilêm, kok inggih sagêd tilêm, saking sayah sarta aripipun.

Jam satêngah satunggal kula nglilir, mirêng swaranipun sêtokêr nglêbêtakên kajêng dhatêng pawoning baita: glodhag, glodhag. Jam satunggal baita mancal. Soroting suklih saking Singgapura inggih dumugi ing baita wau, nanging botên [bo...]

--- 136 ---

[...tên] patos padhang. Lampahing baita botên manggih sambekala. Watawis jam satêngah pitu dumugi ing plabuhan Tanjungpinang. Manah kula cumêplong, lajêng mantuk dhatêng kampung Bintan. Gunawan sawêg badhe ngêngakakên kori, kula dhatêng. Alkamdulillah.

__________

Bab XXVIII. Sowan dhatêng Raja Haji Abdullah ing Pênyêngat.

Lêt sawatawis dintên saking anggèn kula mantuk saking Singgapura, kula dhatêng Pênyêngat, kaatêrakên Êncik Eliyas bin Dhaèng Haji Usman (asal saking Singgapura, manggèn ing Riyo watawis kalih tigang taun), tôngga ing ngajêng kula. Êncik Eliyas punika sampun kulina sangêt kalihan Raja Haji Abdullah wau. Niyat kula badhe nyuwun barkah sasêrêpan têmbung Malajêng, sarta bab kasampurnan, sabab Raja Abdullah wau kawartos priyantun pinunjul ing kawruh. Namung radi angèl tangguhipun, tumrap dhatêng tiyang ingkang botên kulina. Mangkat saking griya watawis jam sanga, numpak sampan. Yèn adat sabênipun, umbalanipun sampan, tiyang satunggal namung tiga dumugi gangsal sèn.

--- [0] ---

[Grafik]

Raja Haji Abdullah ing Pênyêngat.

--- 137 ---

Dumugi ing dalêmipun raja haji, raja haji sawêg ngupakara sêrat karangan, sariranipun agêng aginuk-ginuk, namung tandangipun cukat trêngginas. Sarêng priksa kula tiyang kêkalih badhe sowan, lajêng andangu dhatêng Êncik Eliyas: Siyapê itu kao bawê, Êncik Eliyas. Kula matur: Hambê, dhatang dhari tanah Jawê.

Dhari Bêtawi.

Bukan, Dhari Jokjê.

Ah, sayê tak pake baju. Tak apê ya.

Tak apê.

Ewa samantên lajêng malêbêt ing dalêm, ngagêm rasukan, kula kadhawahan linggih ing dhipan, sariranipun anjèjèri kula, tunggil sadhipan, Êncik Eliyas linggih kursi

Mênggah Raja Haji Abdullah wau sêntananipun kangjêng sultan ing Riyo ingkang sampun kalungsur, wondene sapunika pandamêlanipun dados lid rad agami. Pamirêng kula, kaparingan balônja dhatêng kangjêng guprêmèn f325 (kilap lêrês kilap botên) bokmanawi kangge nêmpahi pamêdalipun, nalika taksih ngabdi dhatêng kangjêng sultan. Sapunika karêmênanipun ngudi kawruh sarta nganggit sêrat, utawi nyara Mlajêngakên sêrat-sêrat Arab, ing waktu punika nyara Mlajêngakên Sêrat Sèwu Satunggal Dintên, ingkang dados têtimbanganipun Sêrat Sèwu Satunggal [Satungga...]

--- 138 ---

[...l] Dalu, ingkang sampun sumêbar ing sajagat, pangikêtipun mawi siir. Kula kadhawahan maos sakaca kalih kaca, kathah ingkang bôngga, têmbungipun Malajêng dakik-dakik, tur dipun salundhingi têmbung Arab, môngka têmbung Arab punika, dhatêng kula pugal sangêt. Dados batos kula makatên: Wong kaya ngene kok dadi guru Mlayu, maca Mlayu ora jegos. Marang têmbung Arab cotho. Lajêng kula wangsuli piyambak: Mulane iki mênyang Riyo, prêlu sinau cara Mlayu. Lha pintêra: mula klayaban mrana-mrana.

Kula inggih matur ing bab kabodhoan kula ing têmbung Malayu, ingkang kula wulang punika tiyang ingkang kawruhipun kirang saking kawruh kula. Lajêng ngandika makatên: Kalao adhê lapang sayê hêndhak kê Tanjungpinang, dhatêng kê rumah radhèn, bêlajar basê Mêlayu.

Ah, manê bolih, rajê[7] têrlalu pandhèi bêgitu, hêndhak minta ajar kêpadhê sayê.

Basê Malayu sayê tahu sikit-sikit, kurang dharipadhê radhèn. Basê Arab tahu sikit-sikit jugê.

Kula lajêng kèndêl kemawon, manah kula kraos radi isin, nanging botên wirang. Raja Abdullah sawang-sawunging wadana tuwin pasariranipun, pantês manawi wêgig sarta tanggon, pangandikanipun [pa...]

--- 139 ---

[...ngandikanipun] rècèh, namung manawi ngêsor-êsorakên kagunanipun, radi kêsangêtên. Yuswanipun watawis 55 taun. Anggèn kula ngladosi ngandikan bab kasusastran, kraos kêconthalan. Nahwu Arab, kula lingak-linguk, nahwu Mlajêng sumêrêp sakêdhik-sakêdhik, nanging botên patos sagêd gathuk, sabab ing ngrika kacundhukakên kalihan nahwu Arab. Kula: kula laras saking nahwu Walandi.

Sêrat Sèwu Satunggal Dintên, yasanipun raja haji wau badhe dados sèkêt jilid kirang langkung, ingkang sampun rampung gangsal wêlas jilid, sêratanipun mawi potêlot kemawon, badhe kaêcap timah wontên ing Singgapura, awit saking panêdhanipun sudagar buku ing Singgapura.

Sarêng ngajêngakên jam kalih wêlas, kula pamit nyuwun mundur, dipun lilani. Mêndhungipun anggamêng, enggal-enggal ngupados sampan, kalêrêsan sagêd angsal. Wontên ing têngah-têngahing sagantên, jawahipun tamtu andhawah, môngka botên wontên iyub-iyubipun, kupluk kula bludru enggal ngantos anjêdhindhil, kula tutupi cathêtan kula, mêksa têlês. Kula radi kraos apês, batos kula: Wong nganyari kupluk, jêbul kodanan, apa gara-gara, iki. Dumugi ing griya sampun mangsanipun nêdha. Bibar nêdha lajêng tilêm.

--- 140 ---

Bab XXIX. Têmbung Malajêng ing Riyo.

Ing ngajêng sampun wontên têmbung-têmbung Malajêng ing Riyo ingkang kula tirokakên, ing sapunika badhe kula pratelakakên bab pakêcapanipun, sarta panganggenipun têmbung-têmbung ingkang gèsèh kalihan ing tanah Jawi.

A. Gèsèh ing Pakêcapan.

Bab swaraning e taling, botên wontên ingkang miring kados swaraning taling miring ing tanah Jawi kados ta:

jogèt ungêlipun jogeet kasêrat jogét

sèn ungêlipun seen kasêrat sén

lècèk ungêlipun léceek kasêrat lécék

lèhèr ungêlipun léhé kasêrat léhér

Makatên ugi swaraning taling tarung, inggih jêjêg. Kados ta:

doktor kaungêlakên dóktó

pos kaungêlakên pós

tohor kaungêlakên tóhó

Johor kaungêlakên Jóhó

Aksara: r (r) ing wiwitaning kêcap, anggènipun ngungêlakên, wontên ing saantawising gorokan kalihan cêthak (dados) gèsèh kalihan anggènipun ngungêlakên Walandi totok punika. Yèn Walandi totok punika (ingkang brouwen) anggènipun ngungêlakên r pangraos kula, swaranipun [swa...]

--- 141 ---

[...ranipun] kados wontên salêbêting gorokan. Yèn wontên ing pungkasaning wanda (dados sêsigêg) botên patos kêpirêng, malah yèn ing pungkasaning têmbung, swaranipun ical, makatên ugi ing atêr-atêr ber, ter, per, kados ta:

raja kaungêlakên ...ajê.

bara kaungêlakên ba..ê.

harga kaungêlakên ha.gê mèh hagê.

kêrja kaungêlakên kê..jê mèh kêjê.

Léhér kaungêlakên léhé

Johor kaungêlakên Jóhó

Kajawi punika ing pawicantênan wontên têmbungipun ingkang ajêg panganggenipun, kados ta:

Aku ora wêruh. ... Aku ta' tahu.

Apa kowe wêruh. ... Engkau tengok.

Aku ora bisa wêruh. ... Aku ta' nampak.

Aku ora katon. ... Aku ta' nampak.

Aku nganggo klambine. ... Aku memakai baju dia.

Iki anake. ... Ini anak dia.

Kaya wong edan. ... Macam orang gila.

Genea kok mêngkono. ... Apa macam bêgitu?

Kaya iki. ... Macem ini.

--- 142 ---

Kok mêngkono. ... Apa macam, ini?

Iya ta. ... Jadilah.

Iya wis ta. ... Jadilah.

Iki bae. ... Jadilah.

Nrima. ... Jadilah.

Iya bênêr mêngkono. ... Jadilah.

Nonton tlèdhèk. ... Menengok joget.

Cêthil. ... Lokek.

Ora trima. ... Ta terima.

Rêmbulan andadari. ... Bulan mengambang.

__________

Swaranipun aksara k.

kêbanyakan ungêlipun kêbanya'kan.

botên kêbanya'an.

__________

Swaranipun ai.

sampai ungêlipun sampaaèi

botên sampei ut. sampiy

__________

Têmbung maka botên kangge ing pawicantênan, nanging ing sêrat: kangge. Dados manawi ing sêrat cariyos utawi dongèng, têmbung maka dipun angge. Yèn nirokakên [niroka...]

--- 143 ---

[...kên] wicantênipun tiyang: botên. Kadosdene têmbung Jawi: kacariyos, wiyosipun, inggih botên nate kangge ing pawicantênan. Têmbung Walandi inggih kathah ingkang namung kangge ing sêrat cariyos utawi sêrat ibêr-ibêr kemawon, botên kangge ing pawicantênan.

Kajawi punika taksih wontên malih, ananging ing ngriki kula cêkak samantên kemawon, mindhak kêsangêtên anggènipun ambosêni.

__________

Bab XXX. Kesah dhatêng Kota Piring.

Tanggal 20 Oktobêr utawi tanggal 14 Sura dintên Minggu enjing kula kalihan semah kula dhatêng Sênggarang, margi dipun undang dhatêng Mas Harjasuma, mantri pênjual ing Sênggarang. Lampah kula numpak sampan sêsarêngan Mas Wôngsadirja, mantri pênjual Tanjungpinang I sakalihan, sarta Mas Munandar, mantri opnèmêr B.O.W. sakalihan. Sasampunipun sarapan jênang sura, pukul sadasa lajêng sami numpak sampan kalih, Mas Harjasuma sakalihan inggih ngatêrakên. Sarèhne sampanipun namung satunggal ingkang ngangge layar, dados satunggalipun dipun gandhèng kemawon, kadosdene sampan [sa...]

--- 144 ---

[...mpan] ingkang kagèrèd ing motor but punika. Utawi kados kreta sêpur, kagèrèd ing lokomotip. Lampahipun, ing sawawrat inggih rikat, tur ingkang nglampahakên botên ngrêkaos andhayungi, namung nyêpêngi kêmudhi kemawon. Wontên ing têngahing sagantên, lampahipun anglangkungi pasangan ulam ingkang anama: kelong, dados sampan ingkang ngajêng radi menggok, sarêng badhe lajêng, sampan ingkang wingking nanggrok kelong, jègrêg. Sampan ingkang ngajêng inggih tumut kèndêl, tur mingêr nèmplèk kalihan sampan ingkang kagèrèd, kados badhe gêlutan. Nanging manah kula botên uwas sakêdhik-kêdhika, sampun mindhak kêndêl. Sarêng tangsul panggandhèng sampun dipun uculi, sampan kalih sagêd pisah. Sasampunipun jujur, lajêng kagandhèng malih. Sarêng sampun angsal kalih têngah jam anggènipun layar mangetan, lajêng malêbêt ing têluk alit. Botên dangu dumugi ing pinggir. Ing ngriku wontên griyanipun tiyang Mlajêng namung satunggal. Kula lajêng sami mêntas, kapanggih kalihan tiyang ingkang gadhah griya, apitakèn makatên.

Manê Kotê Piring.

Itu Kotê Piring. (Tembokipun katingal, namung kantun sadêdêg. Saking pinggiring sagantên namung lêt kalih dasa pêcak).

--- 145 ---

Masih adhê piringnyê.

Tak adhê.

Sikit-sikit.

Tak adhê. Sudhah duê puluh taun sayê tinggal dhi sini, tak pêrnah mênengok piringnyê.

Kula lajêng sami murugi tembokipun, tipis kemawon, botên mawi banon, namung krikil-krikil sagantên kaêmoran luluhan kawur. Saking pangintên kula, punika tilas pagêr pakawisan. Nanging tilasing griya, kula botên sagêd manggihakên, sitinipun kathukulan ing rêrungkudan, kados ing taman sari ing Ngayoja. Sarta dipun tanêmi wit kalapa, pête, jengkol, jambu, pundhung, sapanunggilanipun, cêkakipun, cariyosipun tiyang-tiyang, kathah sulayanipun. Botên wontên piringipun, botên punapa. Yèn ta wontêna, badhe kula pêndhêt satunggal-satunggal, kula aturakên dhatêng musium ing Batawi.

Sarêng sampun kêmput anggèn kula mubêng-mubêng, lajêng kèndêl ing griyanipun tiyang Malajêng wau, nêdha wowohan anggèn kula sami sangu, sarta ngombe toya dêgan pasêgahipun tiyang wau. Sasampunipun suka panarimah, lajêng numpak sampan dhatêng: Kota Sirih. Ing ngriku inggih wontên kakantunanipun tembok radi kandêl, sarta radi inggil, wontên [wontê...]

--- 146 ---

[...n] ingkang taksih tigang dêdêg inggilipun. Ingkang gêgriya ing ngriku inggih namung tiyang satunggal (dalah anak semahipun). Saking cariyosipun tiyang-tiyang, inggih ing Kota Piring sarta Kota Sirih punika ingkang anama Riyo sayêktos. Rumiyin dipun ênggèni tiyang ingkang nyêpêng panguwaos, kilap raja, kilap lurah dhusun. Ing Kota Sirih wau katawis manawi sitinipun dipun garap ing tiyang sarta badhe kadamêl kêbon karèt.

Watawis saprapat êjam anggèn kula sami kèndêl wontên ing ngriku, lajêng wangsul dhatêng Sênggarang. Lampahing baita rikat, ngungkuli nalika mangkatipun, watawis jam satêngah tiga dumugi ing pênjualan. Sirah kula sampun wiwit karaos ngêlu, wêtêng ngêlih, gorokan ngêlak, lajêng sami nêdha, botên taha-taha. Jam satêngah gangsal wangsul dhatêng Tanjungpinang. Dumugi ing griya ngêluning sirah botên ambêtahi, lajêng kula brukakên ing patilêman.

Jam pitu sontên Radèn Ino dhatêng, pamitan badhe dhatêng Sambu, margi kapurih nyambutdamêl wontên ing ngriku. Sarêng sumêrêp yèn kula sakit ngêlu, kula kapurih adus wedang. Kula turut, enjingipun mantun blas.

Mangsuli cariyos sakêdhik, nalika sampan dhatêng ing Sênggarang saking Kota Piring, mèh katiwasan. Sampan ingkang katumpakan [ka...]

--- 147 ---

[...tumpakan] priyantun èstri, Cinanipun ingkang nglampahakên dèrèng patos prigêl. Sarêng semah kula mancad ing undhak-undhakan, badhe minggah ing dharatan, sampanipun botên dipun jagèni murih kèndêlipun, dados mingsêd-mingsêd, ngantos semah kula kalênggak, tujunipun dhumawah ing sampan. Lha dhawaha ing toya rak inggih glaprut. Manah kula kumêlap sangêt. Cinanipun mèh dipun taboki tiyang kathah, namung pringas-pringis kemawon.

__________

Bab XXXI. Nandhang Sakit Watuk sarta Pilêg tuwin Bêntèr.

Anuju satunggaling dintên, dintên Minggu, kula dipun kèngkèni mas ngabèi mantri pênjual ing Sênggarang, badhe kaajak ngupados kancil malih. Tukangipun mênêpuk sampun wontên, semah kula kula ajak, botên purun, jalaran karaos radi ngêlu. Dados kula mlampah piyambak, sampun dilalah kula kok botên kapok sayêktos, sadumuginipun ing pênjualan Sênggarang, ing ngriku tukangipun mênêpuk sampun sadhiya, anama: Siung, tiyang Mlajêng totok, jam sadasa sami mangkat tiyang tiga. Mas ngabèi mantri anyangklong sênjata, Siung nyangklong gêndul isi toya ngombe,

--- 148 ---

sabab kula kuwatos manawi kasatan malih kados nalika dhatêng Tanjungsêbauk punika. Sarêng mlampah watawis angsal tigang prapat êjam, wiwit grimis, ngupados pakèndêlan botên angsal, badhe wangsul, eman-eman, dados inggih lajêng. Jawahipun saya dangu saya dêrês, kula tiyang tiga klocut. Botên namung kumlambi[8] kemawon. Dalah sinjang utawi clana, tuwin sabuk, tumut têlês sadaya. Anggèn kula sami kêjawahan makatên wau watawis ngantos kalih têngah jam, sawêg dumugi ing griyanipun Cina, ing satêngahing wana. Cina wau inggih botên gadhah tôngga. Panggaotanipun nanêm kêtela, sarta damêl arêng, tuwin ngingah ayam, kasade tiganipun. Wontên ing ngriku badan sampun anjêbibir, wêtêng karaos radi luwe. Cinanipun botên gadhah sadhiyan punapa-punapa, kula dipun tawèni bubur botên ajêng. Nêmbung tumbas tigan, namung gadhah nênêm, kula tumbas sadaya, kula purih anggodhog. Sadangunipun anggodhog tigan, kula kalihan mas bèi mantri pênjual sami cucul, pangangge kapanggang ing latu dhingkêl. Kula namung kantun ngangge sruwal kalihan kotang kemawon. Sarung, rasukan, dalah sêtagèn sami kapanggang gêntos-gêntos. Samatênging tigan, katêdha ing tiyang tiga, kaêdum adil. Pangangge dangu-dangu inggih garing, lajêng sami dandos malih.

--- 149 ---

Jawahipun sampun radi têrang, lajêng mangkat anasak wana pakis, sarêng sampun dumugi ing têngah wana, Siung lajêng mapan, nyêpêngi godhong kakên-kakên watawis rangkêp tiga sakawan, kasèlèhakên ing siti, dipun tabuh mawi êpanging kajêng sadriji-driji: kalih, watawis saprapat êjam dangunipun, botên wontên kancil mara. Lajêng ngalih panggenan, inggih botên wontên kancil ingkang dhatêng. Jawahipun wiwit ngrêcih malih. Lajêng sami mantuk, tansah kajawahan kemawon. Mampir ing griyanipun Cina sanès, ingkang gadhah tanêman rosan sarta jêjanganan. Wontên ing ngriku tumbas rosan, katêdha ing tiyang tiga, ngiras ngêntosi mêndhaning jawah. Sarêng sampun kantun kêpyur kemawon, lajêng sami nglajêngakên lampah. Dumugi ing pênjualan watawis jam satêngah gangsal, lajêng sami nêdha. Jam satêngah nênêm kula mantuk dhatêng Tanjungpinang numpak sampan, inggih taksih radi grimis. Dumugi ing griya watawis jam nênêm, semah kula kêpanggih tilêman, jalaran sakit bêntèr. Criyosipun, nalika kula mangkat, sakitipun sangsaya sangêt, sadintên lajêng tilêman kemawon. Gêtun kula sangêt, dene anilar semah sakit, botên sagêd ngupakara. Nalika kula dhatêng wau, sirah kula inggih kraos ngêlu sangêt. Sasampunipun ngopèni semah sakêdhap, [sakê...]

--- 150 ---

[...dhap,] kula inggih lajêng mapan tilêm, botên mawi nêdha, sabab taksih tuwuk.

Enjingipun sakitipun semah kula dèrèng suda malah mawi watuk, tur mindhak sangêt, kula lajêng ngaturi tuwan dhoktêr. Tuwan dhoktêr rawuhipun sontên jam gangsal, margi mrêlokakên tiyang ingkang sami sakit sangêt. Sasampunipun kapriksa, lajêng kaparingan rêsèp, ombèn-ombèn. Lêt kalih dintên katawis radi suda. Gunawan lajêng nusul sakit, kula kijenan, ngolah-olahakên tiyang kalih, andandosi lampu sarta ngrêsiki griya. Namung umbah-umbah kula botên kadugi, pramila pangangge ingkang rêgêd, dados kum-kuman ngantos sawatawis dintên. Kula lajêng nusul sakit bêntèr, kula lêbêti tablèt kados adat sabênipun, andadra kemawon, botên purun mêndha, dados kapêksa angglethak. Dados tiyang tiga sami sakit sadaya. Tuwan dhoktêr sarêng sampun dhatêng kaping kalih, ngintên manawi semah kula lajêng saras, dados mrêlokakên ingkang sami sangêt, ing pacinan tiyang sakit pintên-pintên atus, ingkang pêjah sabên dintên ngantos dasanan. Ngantos katêlasan tabêla. Tiyang-tiyang Mlajêng inggih kathah ingkang pêjah, nanging botên kados bôngsa Cina, jalaran tiyangipun pancèn kathah Cinanipun, [Ci...]

--- 151 ---

[...nanipun,] watawis tikêl sasasa.[9] Swaraning tôngga-tôngga ingkang sami watuk botên wontên kèndêlipun, pating carêkèh.

Mangsuli anggèn kula sakit, tiyang tiga pating glinting. Ing wanci enjing semah kula mandhap saking lotèng, taksih andharêdhêg, margi taksih radi sakit, ambuburakên kula. Sasampunipun bubur kasandhingakên kula, lajêng badhe mandhap malih prêlu ambayar sewan griya. Dilalah, pamancadipun undhak-undhakan kalèntu, dados kaplorod dumugi ing ngandhap, ngantos rêngkêng-rêngkêng. Kula mirêng suwara mak grudug, lajêng anjênggerat tangi. Nuwèni sarta mitulungi semah kula. Lajêng kula ajak minggah dhatêng lotèng. Tingalipun botên rêkaos, kula inggih lajêng mayar sakit kula. Sontênipun têpangan sami tuwi. Kula tiyang kalih katingal ganggas. Ingkang taksih angglinting namung kantun Gunawan. Enjingipun semah kula sakit malih, kula inggih kimat, botên wontên ingkang olah-olah, botên wontên ingkang ngabari dhatêng têtêpangan, botên wontên ingkang kenging kakèngkèn tumbas têtêdhan. Tujunipun, tiyang sakit botên doyan nêdha punapa-punapa, dados inggih namung sami tilêman kemawon, pangangge ingkang rêgêd sangsaya kathah, botên wontên ingkang ngumbahi. Sadintên muput tanpa punapa-punapa, namung sagêd nêdha wowohan, kakantunanipun [kakantunani...]

--- 152 ---

[...pun] wingi-wingi. Enjingipun malih Gunawan sagêd tangi, ngupados tiyang ingkang sok bêrah ngumbahi, angsal Cina Mêkao èstri. Bêrahanipun tigang dholar sawulan, punika ingkang ngrampungakên umbah-umbahan sadaya, bablas. Mantri pênjual Tanjungpinang sarta ing Sênggarang, sarta mantri guru lajêng sami mirêng kawontênan kula, punika sami mitulungi warni-warni, wontên ingkang ambêktakakên sêkul salawuhipun, wontên ingkang ambêkta sêsêgêran utawi wowohan, sapanunggilanipun, tôngga-tôngga inggih kathah ingkang tuwi. Radèn Ngantèn Mantri Sênggarang sarta ing Tanjungpinang sami ngurut semah kula. Malah tôngga anama Bajuri, inggih wontên pitulungipun. Gunawan lêstantun saya sakeca, kula inggih lajêng mantun, namung semah kula sakitipun sangsaya sangêt, watukipun prasasat tanpa kèndêl rintên dalu. Tuwan dhoktêr inggih dhatêng malih, sarta nyukani jampi, nanging botên patos pitulung. Lajêng Mas Diran dhatêng saking Sambu, makili tuwan dhoktêr, jalaran tuwan dhoktêr inggih sakit. Semah kula kapriksa, lajêng kasukanan jampi puyêr. Punika ingkang ambablasakên watukipun, saya dangu saya mantun, gunggung sakitipun semah kula 23 dintên. Kula saminggu, Gunawan sadasa dintên. Semah kula wiwitipun sakit rumiyin piyambak, mantunipun kantun piyambak, jalaran mawi dhawah punapa.

--- 153 ---

Sarêng semah kula sampun mantun, tiyang-tiyang sakit inggih namung kantun sawatawis.

Nalika kula sami sakit, anggèn kula andêdonga ing Pangeran sangsaya kula bantêri. Sarêng sampun sami luwar saking bêbaya, sakalangkung anggèn kula sami sukur ing Pangeran.

Prakawis pandamêlan sêratan, kèndêlipun watawis sawulan. Mangsaning pamit lajêng kantun kalih wulan, nanging mantuk kula badhe kula damêl radi awal, supados wontên ing margi, manah kula sampun kasêsa, sagêda radi ayêm.

Bab XXXII. Mantuk dhatêng Tanah Jawi.

Badan kula tiyang tiga sangsaya dangu sangsaya mindhak rosa, nanging taksih kêra-kêra, rasukan dados kombroh sadaya, ewadene kêkiyatan tansah mindhak-mindhak, wasana pulih kados ingkang wau-wau, nanging kuping kula sasisih kraos budhêg. Sabên enjing dhatêng ing griya sakit, kaupakara dhatêng Tuwan Dhoktêr Pogêr, watawis sawulan, sagêd mantun. Kula lajêng tata-tata badhe mantuk. Pancènipun anggèn kula badhe mangkat tanggal 4 Januari, nanging baita ingkang saking Singgapura, ingkang pancènipun dhatêng ing tanggal sakawan wau, [wa...]

--- 154 ---

[...u,] botên dhatêng-dhatêng. Sangu-sangu bubruk malih. Kalêrêsan, Mas Diran kawangsulakên dhatêng Tanjungpinang. Angêbrêki griya kula dalah sapirantosipun, dhingklik-dhingklik tuwin meja pating preyok, kula pasogakên dhatêng Mas Diran. Dados salêbêtipun kula ngêntosi dhatênging baita kapal, kula kalihan bojo kula mondhok ing griya kula, ingkang sampun dados griyanipun Mas Dhoktêr Diran.

Ing ngajêng kula ngaturakên, bilih barang-barang kula, kula pasogakên dhatêng Mas Diran. Punika jalaranipun, margi botên pantês manawi kalelangakên. Môngka yèn ta kula tawèk-tawèkakên mrika-mrika, inggih botên pantês. Yèn ta kula tilara brêng kemawon, eman-eman. Jalaran yatra sangu sampun radi nipis.

Wondene prakawis balônja, pancèn kula tampi wêtah, nanging botên kula bêkta dhatêng Riyo. Têrangipun makatên: sarèhne nyadhong balônja punika prêlu ngaturakên sêtat balanjan, dados kula radi wêgah. Balônja kula kula pasrahakên dhatêng paduka tuwan dhirèktur kwiksêkul ing Ngayoja. Panyuwunanipun taksih kêmpal kalihan guru sanès-sanèsipun. Yatra wau kula aturi nampèkakên dhatêng Radèn Bèi Kartapringga, guru gambar, supados karimatana wontên ing eskomto maskape. Samôngsa-môngsa [Samôngsa-mông...]

--- 155 ---

[...sa] kula prêlu ngangge yatra, kenginga kula têdha sarana telegram. Dene yèn wilujêng, kula botên kêkirangan yatra, inggih kajêngipun mathuthuk kemawon ngantos saantuk kula. Radèn bèi guru gambar inggih kêrsa kula suwuni tulung makatên punika.

Prakawis sangu, reka kula makatên: kula rêmbagan kalihan dhirèksi Yava Bang, badhe nitipakên yatra sacêkapipun kangge gêsang wontên ing purug, punika kawastanan reistcrediet. Dhirèksi mangsuli, yèn botên sagêd, jalaran anggèn kula kesah namung cêlak-cêlakan kemawon, punapa malih ing Riyo botên wontên agènipun Yava Bang. Sagêdipun nindakakên manawi kula kêkesahan têbih, kados ta dhatêng Eropah, Amerikah, sapanunggilanipun.

Kula lajêng takèn dhatêng eskomto sarta andhêl faktore. Wangsulanipun sami kemawon. Tumuntên kula rêmbagan kalihan pos sêpar bang. Punika sagêd mitulungi. Nanging inggih kêdah nurut pranataning pos sêpar bang: ing dalêm sawulan, botên kenging nêdha langkung saking satus rupiyah. Kula manah-manah kirang sakeca, sabab kula kuwatos, bokmanawi kula bêtah yatra sawanci-wanci, badhe botên kacêkap bêtah kula. Pêpuntoning manah, sangu: kula bêkta piyambak, cara kina. Kula dondomi wontên ing salêbêting sabuk. [sabu...]

--- 156 ---

[...k.] Dados nalika kula ambêbujêng kancil kêjawahan punika, sangu inggih katut kula bêkta wontên ing sabuk, kula panggang wontên ing griyanipun Cina. Manah kula kok inggih botên uwas utawi êmar.

Mangsuli cariyos ing nginggil.

Tanggal sawêlas, kula sawêg sami jêjagongan, watawis jam gangsal mirêng swaraning mriyêm, têngaraning baita kapal dhatêng saking Singgapura: glêgêr. Kula lajêng sami ribut, bêbêktan kula lajêng kula purugakên dhatêng ing ngêbum, kula tumuntên sami bidhal. Têtêpangan sadaya agêng alit, jalêr èstri sami kasdu ngatêrakên, wontên ingkang dumugi ing ngêbum, wontên ingkang ngantos dumugi ing baita kapal. Anggèn kula sagêd mangkat saking ngêbum watawis jam nênêm, dumugi ing baita kapal watawis jam satêngah pitu. Èngêt kula ingkang ngatêrakên ngantos dumugi ing baita kapal: 1. Angku Yèni, 2. Radèn Ino, 3. Mantri Pulisi Angku Abdul Muluk, sarta wontên malih kalih, kula kasupèn.

Dumugi ing baita kapal kula kraos ngêlu sangêt, botên bêtah linggih, botên kèngêtan ambingahakên kônca-kônca ingkang sami ngatêrakên wau. Tujunipun Angku Yèni trampil, dados wakil kula. Sangêt ing panarimah kula dhatêng piyambakipun.

--- 157 ---

Sarêng kônca-kônca sampun mêngkêr, kula lajêng andhawah ing patilêman, raosipun sampun ngudubilah, panon pêtêng kemawon. Kados punika inggih kalêbêt mabuk laut, mabuk nalika numpak baita alit saking ngêbum wau punika, ombakipun radi agêng, anginipun bantêr. Sarêng jam wolu anglilir, wêtêng kula kraos luwe sangêt, semah kula inggih makatên. Botên wontên ingkang ngundang nêdha. Kula êntos-êntosi ngantos jam sanga, jam sadasa, mêksa amlêng kemawon, lajêng krengkang-krengkang tangi, takèn dhatêng tiyang ing baita ngriku, punapaa kula botên dipun sukani nêdha. Wangsulanipun: Pancèn sampun caranipun makatên, manawi anggènipun mandhap dhatêng ing baita sampun langkung saking jam gangsal sontên, botên dipun sadhiyani nêdha. Kojur punika wastanipun.

Jam sawêlas dalu baita mancal, mlampah rintên dalu, botên kula cariyosakên kawontênanipun ing margi. Tanggal 13 Januari dumugi ing Batawi, mondhok ing griyanipun Suratin, ing Salemba. Wontên ing ngriku saminggu, manggihi têtêpangan sarta sowan-sowan, tanggal 21 kula mantuk dumugi ing Ngayoja, wilujêng. Tanggal 25 wiwit nyambutdamêl, sagêd ngaso sawatawis.

Salêbêtipun kula enggal-enggalan wontên ing griya, manah [ma...]

--- 158 ---

[...nah] kula tansah kèngêtan têtêpangan kula ing Tanjungpinang, sarta kèngêtan griya kula ing ngrika. Ing pangraos, anggèn kula dhatêng ing Ngayoja punika kados sawêg anglêrêsi plêsir kemawon, badhe tumuntên wangsul malih dhatêng Riyo, kados nalika kula dhatêng ing Johor punika. Dangu-dangu kraos, yèn griya kula pancèn ing Ngayoja. Pamanah lajêng malih, ing Riyo katingal anglangut malih. Yèn ta kapêksa mrika, manah kados awang-awangên. Ewadene yèn wontên prêlunipun, kados-kados inggih taksih tumindak.

__________

Rampunging panyêrat ing Ngayogyakarta amarêngi dintên Akad tanggal kaping 10 wulan Marêt, sinêngkalan, gandaning sarira trusthaning janma.[10]

__________

--- [I] ---

Isinipun sêrta punika.

Bab: ... Kaca:

Bêbuka. ... 1

I. Jalaranipun anggèn kula nyuwun pamit. ... 3

II. Tata-tata badhe mangkat. ... 11

III. Ngupados panggenan ingkang badhe kula jujug. ... 15

IV. Mangkat saking Ngayoja. ... 19

V. Wontên ing salêbêting baita. ... 31

VI. Mandhap saking baita. ... 35

VII. Pindhah dhatêng griya sewan. ... 39

VIII. Bab kawontênanipun tiyang sarta basanipun ing nagari Riyo. ... 43

IX. Dhatêng ing Sênggarang sarta dhatêng Pênyêngat. ... 48

X. Sônja sarta kaundang nêdha. ... 55

XI. Dhapat Pangajaran. ... 58

XII. Rumaos mèh dados tai urang. ... 64

XIII. Ngangên-angên bab pandamêlan. ... 68

XIV. Sêrat kintunan tuwin sêrat kabar sarta sêrat waosan. ... 72

XV. Tontonan. ... 78

--- [II] ---

XVI. Pangenggar-enggaring manah. ... 81.

XVII. Ngatêrakên layon, sarta karamean ngatami tuwin nyunatakên lare jalêr. ... 84

XVIII. Têtingalan ingkang anama makyung sarta jogèd, sarta dolananipun lare-lare. ... 89

XIX. Saking Tanjungpinang badhe dhatêng Singgapura. ... 94

XX. Mangkat dhatêng Singgapura. ... 102

XXI. Cariyosipun ing Sambu. ... 107

XXII. Wontên ing Singgapura. ... 111

XXIII. Manah kumêpyur kabêkta saking lampahing angên-angên. ... 116

XXIV. Mangkat dhatêng ing Johor. ... 121

XXV. Cariyosipun nagari ing Johor. ... 124

XXVI. Mubêng-mubêng malih ing Singgapura. ... 129

XXVII. Wangsul dhatêng Tanjungpinang. ... 132

XXVIII. Sowan dhatêng Raja Haji Abdullah ing Pênyêngat. ... 136

XXIX. Têmbung Malajêng ing Riyo. ... 140

XXX. Kesah dhatêng Kota Piring. ... 143

XXXI. Nandhang sakit watuk sarta pilêg tuwin bêntèr. ... 147

XXXII. Mantuk dhatêng tanah Jawi. ... 153

__________

Catatan kaki:

1. badan (kembali)
2. § Wontên malih têmbung: blayaran, saking têmbung: bêrlayar, kêcapipun sarta têgêsipun ing Riyo mèmpêr têmbung Jawi: blayangan. Orang blayaran = wong blayangan. (kembali)
3. dhatêng (kembali)
4. § Yèn ing tanah Jawi: kaji. (kembali)
5. aku (kembali)
6. dados (kembali)
7. § Pancènipun sêsêbutanipun: êngku. (kembali)
8. kulambi (kembali)
9. sadasa (kembali)
10. Sengkalan: gandaning sarira trusthaning janma (Akad, 10 Maret 1919 A.D.). (kembali)