Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22)

Judul
Sambungan
1. Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
3. Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 19-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 95 [lanjutan] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 1 dari 87

11. Dhandhanggula

1. sabdanira sumăngga ing kapti | ulun namung nadhah ing saprèntèh |[1] myang karsa kanjêng guprêmèn | wakil wuwan[2] guprênur | ing Bêtawi amba nglampahi | saatur-atur tuwan | panimbang wus putus | awas pamawas tan uwas | kyèhning wadya amtênar agêng myang alit | ulun dahat prêcaya ||

2. pundi ingkang tuwan pitadosi | madêg bupati ing Kuthaarja | nadyan silih rare angèn | ulun tadhah biyantu | mângsa borong tuwan pilihi | pundi pantês gumantya | kyèh patih kolèktur | nanging Dyan Cakrawinata | mantu amba dèrèng cakêp mêngku ngadil | miwah yudanêgara [yu...]

--- [96] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 2 dari 87

[...danêgara] ||

3. mêksih mudha bilih nguciwani | nora gampang wong amêngku praja | amrih arjaning wadya kèh | rumêksa kyèh pakewuh | lumrah anom kurang pangitih | têmah bubrah kyèh tingkah | parentah pyuh rusuh | anêmpuh ing wadya kathah | yèn wus bubrah guprêmèn kelangan pamrih | dasih kèh kasusahan ||

4. Dyan Tuwan Buskèt ngandika malih | kadiparan rêmbug jêngandika | mênawa yun matur milèh | marang tuwan guprènur | sintên ingkang pantês gumanti | kula kang nglêpasêna | lah andika nuwun | manira têtulung sabda | miwah surat katur Guprênur Batawi | dyan dipati manabda ||

5. ulun datan andarbèni kapti | minta janma kang pantês gumantya | ing Kaarja[3] bupatèn |[4] tan kuwasa anuduh | bilih salah anguciwani | ulun ajrih katêtah | ing tuwan guprênur | tuwan residhèn ngandika | yya mêngkana wong agung prêcaya [prê...]

--- 97 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 3 dari 87

[...caya] maring | pakarti jêngandika ||

6. yya kasêrêng jêngandika mulih | ayya pêgat angrêtikèng driya | manira asung sumêne | ari kalih myang têlu | yèn wus panggih pangriptèng galih | pundi kang ginraita | gumanti tumênggung | bupati ing Kuthaarja | inggal jêngandika angsung wartèng kami | ngong maksih nganti sabda ||

7. yèn wus sabiyantu galong[5] pikir | jêngandika kalawan manira | manira kang ngaturake | surat ring jêng guprênur | nadyan rare bodho upami | pamilih jêngandika | manira têtulung | atur surat amrih dadya | sigra jawat tangan dyan dipati mijil | tan dangu praptèng wisma ||

8. siyang latri angtikèng[6] kapti |[7] tansah nodhi marang carikira | lah kaya ngapa rêmbuge | mau pamundhutipun | Tuwan Buskèt marang ing mami | carik matur prayoga | wicara kang alus | tan kêna kawêntar jalma | dyan dipati puguh mung ambêk

--- [98] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 4 dari 87

sawiji | tan kegu[8] ing sasmita ||

9. baya ta wus karsaning Yyang Widi | angulur nalar katular-tular | tan manglêr jêjêr drajate | ki carik nulya mupus | cinarita ambal kaping tri | tuwan residhèn minta | dipati ta nuwun | wusana sawiji dina | dyan dipati ngaturan manjing ing laji | mring Tuwan Buskèt panggya ||

10. wusnya lênggah samya munggèng krasi[9] | tuwan residhèn alon wêcana | hèh radèn dipati kiye | surat sing jêng guprênur | jêngandika ingkang tinuding | ngasta pangwasèng praja | Kuthaarja mutus | sabarang pranatèng praja | miwah wadya pasilaning bumi-bumi | andika tampanana ||

11. jrê[10] andika dhingin ingsun prêdi | minta ingkang gumanti bupatya | tansah nabda siji bae | mangkya têmah katêmpuh | dyan dipati sawusnya tampi | surat pangwasèng praja | jawat asta kondur | ya ta antara wus lama | dyan dipati sabên Rêbo amiyosi [ami...]

--- 99 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 5 dari 87

[...yosi] | mring kitha Kuthaarja ||

12. panuju Tuwan Kontrolir Dhomis | rowang pangwasa sagung pratingkah | golong saparibawane | tan ana kang mandhungkul | wadyabala samya jrih asih | krana radyan dipatya | lêstari tanpa yun | gajih bupati myang barang | linuluskên marang putra Sawunggaling | myang pasilaning lênggah ||

13. suka putra sêntana prasami | dyan tumênggung kang sampun palastra | muwah-muwah pambuktinê | mung prêsèn nila taun | karsaning wong agung Batawi | pinaring dyan dipatya | tampa sambên[11] taun | panuwune dyan dipatya | picis prêcèn[12] pinêrapat kang sawiji | Tuwan Dhomis tampăa ||

14. kang sêbagi mring Rahadyan Patih | Riya Surakusuma kang tampa | dene kang rong pandumane | mring dipati sêdarum | jêng guprênur wus angidèni | sêksana lumaksana | katiga tampa wus | nêngna sampun tigang warsa | dyan dipati sabên Rêbo [Rê...]

--- [100] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 6 dari 87

[...bo] anindaki | lapuran Kuthaarja ||

15. kawuwusa Tuwan Buskèt apti | kondur marang ing nagri Olan |[13] minta pamit guprênure | rinilan sanèngga wus | dyan dipati sinungan uning | dahat cuwaning driya | tuwan enggal kundur[14] | marang nagari Walanda | sintên ingkang yogya tulung marang dasih | kang nêdya majyèng karya ||

16. Tuwan Buskèt panabdanira ris | apan sarwi kumêmbêng kang waspa | dipati yya salah dalèh | krana wus jangjinipun | lêlampahan măngsa ginanti | lan ayya sumlang ing tyas | marang kang yun rawuh | gumantya among kyèh wadya | ing Bagêlèn Tuwan Bin wus kadi mami | ambêk miwah pratingkah ||

17. tuwan guprênur ingkang amilih | sawijining tuwan kang waskitha | munah among nèng Pagêlèn | miwah pambêkanipun | datan pae malah ngêlèbi | inggih lawan manira | dipati ngling sokur | jêr ulun iki wus wêrda | miwah bodho lamu

--- 101 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 7 dari 87

lamun antuk kang gumanti |[15] tuwan kurang sêgara ||

18. nora wande kapungkur ing kapti | tuwan risidhèn aris sêbdanya | lah ayya sumêlang manèh | singa residhèn rawuh | tuwan bêsar yêkti wus milih | kang prayoga waskitha | kabèh barang laku | putus pasanging graita | myang pratingkah pranata agal lan alit | lah măngsa pêpekoa ||

19. asrêp tyase dipati miyarsi | jawat asta kondur dyan dipatya | tan dangu praptèng wismane | para wêdana sinung | pawarta sing residhèn nguni | ngungun sagung punggawa | tan kawarnèng ênu | kyèh brana dunya busana | wus kinumpul tiniti kêlawan tulis | wêngkrêran[16] residhènan ||

20. sinêksèn ring tuwan sikrêtaris | Hokhêndhorêp sawusnya tinata | marang sêhilbran komise | linelang sêdaya wus | tigang ari para bupati | tugur yun tumbas brana | sampurna tan kantun | para asistèn pra mănca | myang bupati bubar kondur sawadyèki | mring kitha

--- [102] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 8 dari 87

sewang-sewang ||

21. tan winarna sung basukèng margi | pra bupati myang asistènira | marang jêng Tuwan Residhèn | Buskèt kang ayun mantuk | mring nagrine sagung Wêlandi | ya ta tumbuking dina | myang tanggal pinuju | Jawi Wlandi ping nêmbêlas | Marêt Jumadilakir Rêspati Kasih | sêngkala pulo Jawa ||

22. tangan gajah kêpadhangan sasi |[17] warsa Ze[18] sêkalaning[19] Wêlanda | patang buta gajah rajèng | wanci tabah nêm esuk | dyan dipati sanegèng nitih | miwah para wêdana | Kumpêni gung-agung | yun angatêrna ing marga | wus angumpul munggèng madyaning galadri | loji karesidhenan ||

23. ya ta Tuwan Buskèt lan garwèki | saha putra manjing jroning rata | sumadhiya pangiride | dyan dipati gya magut | Obrês Kaptin upsir Kumpêni | wus samya nitih rata | mot sakumpul-kumpul | kinêtab pangirid rata | ginarêbêg glondhong bêkêl ngayun wuri | samya wahana kuda ||

24. tansah ingampah [ingam...]

--- 103 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 9 dari 87

[...pah] lampahing wajik | alon-lonan sarwi pagunêman | dipati myang Kumpanyakèh | para wêdana ngayun | anjajari lawan kya patih | tan kawarna wus prapta | pos Maron tumurun | pra priyayi para tuwan | jawat asta saryangsung basukèng margi | prasamya nahên waspa ||

25. Obrês Kaptin lan para upsir |[20] wangsul amung dyan dipati lawan | pra wêdana kêpalane | Dipadirja tămpa wus | gilirane rumêksèng margi | tuwan residhèn lawan | garwa manjing sampun | sarata myang para putra | gya dipati nitih pangirid gumanti | wadya wahana kuda ||

26. ngarsa wuri wus sanengga nitih | gya kinêt[21] pangirid umêsat |[22] kadya thathit cumalorot | kang garêbêg gumuruh | praptèng kikis Kêdhu kang bumi | têdhak radyan dipatya | myang residhèn asung | basuki wus jawat tangan | tuwan laju dipati sawadya ngiring | kondur ungkur-ungkuran ||

--- [104] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 10 dari 87

12. Pangkur

1. datan kawarna ing marga | dyan dipati saha wadya wus pranti | ing wisma pra garwa mêthuk | gya ngayêm-ayêm nala | kawuwusa antara rowêlas dalu | wakil ing kantor sung wikan | dhumatêng radyan dipati ||

2. benjing Rêspati Cêmêngan | Residhèn Bin prapta gumantyèg ngriki | andika lawan kontrolur | mêthuka Margayasa | lan kya Patih Cakradiwirya myang wadu | wêdana astha kêpala | desa samya kinèn ngiring ||

3. gancanging kandha sanengga | ari Buda sore radyan dipati | kêlawan tuwan kontrolur | patih para wêdana | myang kêpala budhal sanega yun mêthuk | rêrêb anèng Kali Wohan | kunêng dalu ya ta enjing ||

4. dyan dipati saha wadya | kirab maju Margayasa kinapti | anganti sarawuhipun | ya ta tabah sawêlas | praptanira Tuwan Bin tumêdhak gupuh | jawat asta lan dipatya | miwah dyan ngabèi patih ||

5. para wêdana nganthukan | ngapurancang astanya kanan kering | umadêg sarwi tumiyung [tumi...]

--- 105 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 11 dari 87

[...yung] | tatanya tan kawarna | sigra nitih rata pangirid wus magut | ingkang garêbêg sanengga | ing ngarsa miwah ing wuri ||

6. pangirid rata tinêbah | nandêr nungklang para wadya tan kari | patih wêdana tan kantun | ing marga tan winarna | praptèng kitha Purwarêja manjing sampun | Tuwan Bin sagarwa putra | nèng laji dipati mijil ||

7. sapatih wêdana wadya | sami radyan angayêmakên kapti | ya ta Sukra Kasih dhawuh | dipati myang wêdana | pra bupati asistèn pra mănca rawuh | tumamèng karesidhènan | sinung uning de Tuwan Bin ||

8. andhêr Obrês lan upsirnya | pra bupati pangulu jêksa patih | niyaka ondêr kolèktur | munggèng kering myang kanan | pra wêdana mantri nèng ngarsa supênuh | sawusnya sinungan wikan | Tuwan Bin mangkya wus tampi ||

9. pangwasa ing karesidhenan |[23] siti Paglèn gumantya Tuwan Buskit | wus mufakat para agung | alit wadya warata | gya luwaran sangking jro laji ambubul |

--- [106] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 12 dari 87

mring wismane sewang-sewang | ya ta wusnya lami-lami ||

10. ajêg pranataning praja | tuwan baru gung luhur ambêk inggil | lir satriya mudha punggung | magang kyèh ginagibang | marma magang gumururuh[24] ngiring dêlanggung |[25] abayak ngarak ing wuntat | saparanira Tuwan Bin ||

11. ya ta lagya anèng Ambal | Jêng Tuwan Bin nujyari Tumpak Manis | ping sad Mèi kaping walu | wulan Saban Ze warsa | sinêngkalan kadya kang wus munyèng ngayun |[26] sêsukan ing Ragasasran | mring gatèp gugur ngêbruki ||

12. wong rolas duk nyambut karya | ingkang astha kapisanan jro bumi | kuwandhan syuh ajur rênyuh | kang catur sru kantaka | glis dhinudhuk binubut asru kagugut | ing kisma têmah palastra | ingkang gêsang mung kêkalih ||

13. binayang sinungan tamba | marang dhoktêr rèh rênyuh sarirèki | kang sawiji têmah lampus | sawiji paripurna | sutèng kali[27] sêma pratinggi tan lampus | Tuwan Bin prapta [pra...]

--- 107 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 13 dari 87

[...pta] sinungan | warta mring radyan dipati ||

14. kalangkung marmaning driya | nênggak waspa wlas ring wadya kang lalis | ya ta sampun dangu-dangu | residhèn lan dipatya | mêksih ngasta pangwasa ngadiling wadu | sapraja ing Kuthaarja | sêksana suwalèng kapti ||

15. risidhèn lawan dipatya | dhasar warda Tuwan Bi[28] nala rungsit | dyan dipati tunèng tangguh | sring saliringan sabda | dadya radyan ngabèi patih sinrawung | jêr putramba yun dipatya | kinathik minăngka wakil ||

16. pinipil trampil angikal | kyèh ning akal nginthil ring jêng Tuwan Bin | anggêgêt sangsayanggrêgut | tuwan sring manabda |[29] sinêrawung paguyyan dipati sinung | prayoga ngayunkên putra | rèh wus măngsa yèn gumanti ||

17. kang warda măngsa mêgawan | kawarnaa sawusnya lami-lami | antara antuk dyi taun | dyan dipati ngartika | ing wardaya kaya ngapa solah ingsun | yèn sèrèna kawibawan | suta ngong mêksih [mê...]

--- [108] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 14 dari 87

[...ksih] kyèh alit ||

18. lamun mêksiha wibawa | wus tan gayuh mêngku praja patitis | uwas-uwas ing pamuwus | satêmah kaulapan | ing pêpali kaprapal Wuwan Bin kiwul | amawal mapali lawan | lumawan-mawan kawalik ||

19. wêcana wus tan kawêca | tanpa sana wusana angecani | mupus musus yun lumungsur | kawibawan ring suta | jêr wus mângsa tanaya gumantyèng lungguh | pinuju karsaning Suksma | dipati kèn karya tulis ||

20. pisèlèh ing kabupatyan | ring Dyan Cakradiwirya Kyana Patih | rèh iku putra ngong sêpuh | wusing tutug ing pangkat | lan Si Rêsadiwirya ondêr kolèktur | Si Kêrtapati Wêdana | ngong suwunkên pangkat inggil ||

21. muga jêng guprênur jendral | aparinga ring sutaningsun kalih | lêlungguh kang pangkat luhur | titi tamat panurat | nuju ari Rêspati Cêmêngan esuk | Marêt walu likur tanggal |

--- 109 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 15 dari 87

salikur Jumadilakir ||

22. warsa Be sêngkalanira | tirta murti pandhita watu yêkti | warsa Walanda winuwus | sad ditya naga raja |[30] dyan dipata[31] ngaturakên surat panglungsur |[32] manjing laji wus tinampan | maring Tuwan Residhèn Bin ||

23. binuka sinukmèng driya | wus kadhadha wêcana Jêng Tuwan Bin | inggih dipati ngong tulung | matur jêng tuwan bêsar | kyèh paminta andika mênawa sinung | rèh manira tan kawasa | mung tulung ambiyantoni ||

24. supaya antuka wêlas | ing guprênur paringa kang ingudi | wusnya jawat asta kondur | dipati pasiwakan | nanging tyase tansah karantas tan muwus | putusan mundur Kêmisan | praptèng wisma angsung warti ||

25. marang sagung para garwa | yèn surat ngong wus tinampan Tuwan Bin | pisèlèh ring sutaningsun | sinanggupan nranggulang | sapanuwun ingsun ring tuwan guprênur | para garwa duk miyarsa | anahên waspa nginggihi ||

26. ya ta prapta parmaning Yyang | baya asih ing dasih kang ngrudatin | madyantara

--- [110] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 16 dari 87

gumaludhug | têdhuh dhêdhêt ngawiyat | mêsês riris bayu bajra amor lesus | prahara gora ru-ara | aliwêran kilat thathit ||

27. kumêlap gêlap angampar | kadya gênjot jaladri gonjang-ganjing | atêr maputêr kyèh taru | pacar kaputêr sol wal | wuwung masjit Suranatan kaparuthul | jumêglug tibèng bantala | tigang dina tigang latri ||

28. prahara datan luwaran | kyèh wrêksa sol tangsi tiga kabalik | ing Kêdhungkêbo jumêgur | tan wrin sulahing janma | pra prajurit Kumpêni pating bilulung | tan wruh marganing prahara | mung karsaning Maha Cuci[33] ||

29. lir nampak marang kang karya | wus jamake jalma bodho nglêjlogi[34] | ngathik sabarang kadulu | miwah kang kapiyarsa | tan alami antara tigang sutèngsu | Tuwan Bin ngalih lalênggah | Residhèn Ngayogya gingsir ||

30. kyèh dunya brana busana | ingusungan maring Ngayogya Nagri | ing siyang latri asêlur | wadya ngusungi

--- 111 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 17 dari 87

dunya | ari Sukra Manis kaping têlung puluh | Juni sêlawe Ramêlan | sêngkala kadya ing nguni |[35]|

31. Tuwan Bin budhal sing kitha | Purwarêja ingiring kyana patih | para wêdana lan wolu | pratinggi glondhong miwah | samya wahana kuda ngarsa myang pungkur | pangirid rasa turăngga | tinabah kêsit lir thathit ||

32. datan kawarna ing marga | Margayasa prapta salin pangirid | dyan patih sawadya wangsul | kondur mring Purwarêja | tan winarna antara tri dasa dalu | ari Soma Paing prapta | Tuwan Sêhap kang gumanti ||

33. Juli kaping tigang dasa | ping nêmlikur Sawal warsa lir nginggil | Tuwan Sêhap praptanipun | pinêthuk kyana patya | myang Kontrolur Van Bês Holêh kanthinipun | wus manjing laji sêksana | ya ta kawuwusa malih ||

34. mêpak kang para bupatya | myang asistèn rêsidhèn samya prapti | upsir jumênêngipun |[36] Residhèn Tuwan Sêhap | gya luwaran bubar sewang-sewang kondur | sêmana ing jênêngira |

--- [112] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 18 dari 87

jêjêg pêngkuh mêngku ngadil ||

35. prakosa sura mrêrata[37] | yèn wêcana lir Bima ngamuk enjing | antêg gêm ting talêbuk |[38] wadya kyèh ajrih rêna | pamunahing ka[39] madêg residhèn baru | tan mèngèng atur tan layak | mrih gambuh sagung wadya lit ||

13. Gambuh

1. ya ta pinuju tumbuk | parêng tanggal sapisan winuwus | Sèptèmbêr lan Sura Wawu ingkang warsi | sêngkala jawa cinatur | buta nêkèk rêsi katong ||

2. Walânda taunipun | mêksih măngsa buta walung ratu | ari Soma Kasihan jênêngirèki |[40] dyan patih jinunjung lungguh | gumantya rama bupatos ||

3. ingkang rama lumungsur | nanging mêksih pinaring pinsiyun | têtêp mêksih kadya jumênêng bupati | nêm atus sèkêt satèngsu | sabusana kinèn nganggo ||

4. upacara myang payung | kuning saha kaprabon karuhun | linuluskên karsaning Raja Wêlandi | kang putra nama tumênggung | kaprabon

--- 113 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 19 dari 87

bupati anom ||

5. anênggih gajihipun | sami lawan kang rama nêm atus | langkung sèkêt sabên abis wulan tampi | songsong seta kilat têlu | kang sêpotong cète ijo ||

6. brana busana luhung | myang kaprabon sasigar kang sinung | ingkang rama mêksih mundhut kang sasisih | surat ing kantor kasêbut | barang pusaka bupatos ||

7. ya ta wuwusên esuk | tabah nawa Tuwan Sêhap rawuh | pêpak sagung wêdana kaliwon mantri | jêksa gêng alit pangulu | prêdikan mutihan saos ||

8. Obrês saupsiripun | para kaptin andhèr munggèng ngayun | dyan dipati wus sumaos munggèng krosi | kapang kalangan atêpung | samya busana kaprabon ||

9. punggawèng kantor agung | sikrêtaris komis parêng lungguh | Asistèn Tom Tuwan Browrê milya linggih | Residhèn Sêhap sru muwus | hèh sagung kang samya lunggoh ||

10. Kumpêni agung-agung | myang priyayi Jawa kang lumungguh | piyarsakna [piyarsa...]

--- [114] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 20 dari 87

[...kna] karsaning Raja Wêlandi | kang wakil tuwan guprênur | radyan dipati ing mêngko ||

11. lalênggahe lumungsur | panuwune kabupatèn sinung | ring putrane Tuwan Dyan Ngabèhi Patih | Cakradiwirya jinunjung | karsaning Walandi Katong ||

12. gumantya ramanipun | dadya Bupati Purwarêjèku | angitiha mrênata sagunging bumi | miwah arjaning wadya gung | jêng raja angsung pitados ||

13. miwah pangwasa agung | kadya jênênge kang rama bakuh | lan pinaring aran kadya ramanèki | Cakranagara Tumênggung | songsonging bupati anom ||

14. gajih sami kèhipun | lan kang rama pra Kumpêni manthuk | parêng urmat kala nêbut Raja Wlandi | para priyayi andhêku | samya anarimèng batos ||

15. ya ta sarmpurna[41] sampun | dyan tumênggung anèm gya mangayun | maturnuhun sarwi ambuka kang tulis | atur têmên-têmên kalbu | ing kangjêng raja sapakon ||

16. miwah wêwalêripun | nora nêdya narajang sakayun | myang sumêdya [su...]

--- 115 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 21 dari 87

[...mêdya] jêjêg nimbang tan gumingsir | mring ukum alit lan agung | myang wadya rahayu awon ||

17. sagah amawas putus | tan sih-sihên sêntana lan wadu | panjang lamun cinatur raosing tulis | gya mangsah ngabêkti ujung | mring rama sêksana mingo ||

18. jawat asta sêdarum | pra Kumpêni myang residhènipun | wusnya lênggah jajar lan rama dipati | tuwan residhèn amuwus | kyèh priyayi agung anom ||

19. yèn wus narimèng kalbu | ngangbêktia[42] marang dyan tumênggung | lah ta iku bupatinira ing mangkin | para priyayi sumuyud | umadhêp lir bêktèng katong ||

20. piskal miwah pêngulu | jawat asta lan radyan tumênggung | wus sampurna inuman nyamikan mijil | wusnya gya residhèn kandur[43] | pra Kumpêni anut bodhol ||

21. rara priyayi nurun | urmat para tuwan ingkang kandur | nulya tata lênggah sagunging priyayi | ing pêndhapi landrat agung | pundhutan dhêdharan miyos ||

22. wusnyandrawina nayub | praptèng saari kasukan

--- [116] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 22 dari 87

nutug | pra prawira taru sukane ngênting |[44] kang sêpuh sayah gya kandur | panjang lamun winiraos ||

23. ya ta wusing lêstantun | Dyan Tumênggung Cakranêgarèku | ambêk tansah amrih kaarjaning dasih | ènthènga barang jinunjung | gampanga barang kang ewoh ||

24. amrih barkah tumuwuh | amrih birat sagung arubiru | barang karya siyang latri sru ginupit | nanging karsaning Yyang Agung | lagya sung mlarat tumuwoh ||

25. krêsa rumêksèng wadu | dyan tumênggung mumpuni kyèh butuh | saapdheling ing mangke mêksih larang pring | parentah kinèn anandur | ing pagunungan dènnyandon ||

26. wadya bawah Luwanu | Purwarêja Cangkrêp Jênar sinung | papan nandur nèng wukir sawetan kali | rèh Jênar tan darbe gunung | nanging mêksih dèrèng dados ||

27. ya ta gantya winuwus | Tuwan Sêhap antuk pangkat lungguh | mring Mêkasar jumênêng Guprênur Silbis | dunya brananya kinumpul | nèng meja ing galdri

--- 117 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 23 dari 87

jêro ||

28. sinaksèn surat sampun | rinakêning tuwan komis juru | wusnya lelang nuju ari Soma Kasih | kaping pitulas Agustus | Bêsar nêm likur pêncorong ||

29. lumampah taun Wawu | sêngkala Walanda kang kawuwus | gunung gumuling panjaraning sabumi | sangkala Jawa sumundhul | buta nêkèk rêsi katong |[45]|

30. wuwusên budhal esuk | dyan tumênggung sanega sasawadu |[46] nitih rata lawan anganthi kontrolir | myang Obrês saupsiripun | trêsna yun ngatrê ring Maron ||

31. patih miwah kyèh wadu | pra wêdana mantri kang pangayun | angitihi kêpala wahana sami | ngayap ngarsa miwah pungkur | rata bèndi lampahnya lon ||

32. ing pos Maron kapungkur | gantya pangirid pra Kumpni agung | samya wangsul amung dyan tumênggung ngiring | myang patih wêdana ngayun | pra pratinggi parêng bodhol ||

33. tan kawarnèng dêlanggung | wus lumangkah ampeyaning dhusun | ngancik bumi ing

--- [118] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 24 dari 87

ing Kêdhu pos têpis wiring |[47] para amtênar gyang[48] wangsul | nèng marga tansah wirangrong ||

14. Wirangrong

1. datan kawarna ing margi | dyan tumênggung lan sakèh wong | wahana turăngga prapta sampun | ing wisma bupatin | gya bubar sewang-sewang | mri[49] prênahira priyăngga ||

2. Tuwan Hokhêndhorêp wakil | mêksih sikrêtaris manggon | ya ta ri Anggara Manis rawuh | kang gantya risidhin | Tuwan Van Ris Magêlang | pinêthuk ing Margayasa ||

3. de wêdana miwah patih | astha kêpala myang glondhong | tan kawarnèng marga sigra rawuh | Paglèn laji manjing | kang umiring wus bubar | mantuk wismèng sewang-sewang ||

4. ya ta ari Bu Paing |[50] enjing mêpak pra bupatos | pangulu myang jêksa ondêr kalèktur[51] |[52] patih para mantri | para wêdana kapat | wus andhèr ngarsèng siwaka ||

5. Obrês kaptin para upsir | kontrolur Asistèning Tom | kayu manis miwah sindêr catur | siwaka nèng krosi | Tuwan Van Ris manêbda | hèh

--- 119 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 25 dari 87

para bupati samya ||

6. pangulu jêksa gêng patih | myang sagung pangitihing wong | para tuwan-tuwan ingkang lungguh | munggèng ngarsa mami | prasamya kawruhana | karsaning guprênur jendral ||

7. wakiling Raja Walandi | manira sinrahan among | myang wasesèng praja kyèh wadya gung | Pagêlèn samangkin | mêngku ngadil panimbang | lan pamrih arjaning wadya ||

8. myang rênaning pra bupati | priyayi kang agung anom | ngong têtulung uga mring wadya kang punjul |[53] pakaryaning nagri | sawusira sampurna | siwaka parêng luwaran ||

9. mijil sewang-sewang mulih | ya ta lêstari gumantos | Tuwan Van Ris panggah printah bakuh | pinurih tan kongkih | ya ta wusing dyi măngsa | garwanya residhèn gêrah ||

10. tirah mring Ambal tri sasi | tuwan residhèn amomong | saha para putra sabên esuk | mring samodra mandhi | tan kawarna sêmana | sakondure sangking Ambal ||

11. ngêdhatyan Bagêlèn loji | nanging dahat rênèng batos |

--- [120] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 26 dari 87

makuwon ing Ambal têmah wadu | grêsah wira-wiri | angiring miwah mapag | nandêr saengga maruta ||

12. kêpala kudanya alit | tan dungkap sandêrnya repot | ayun tumbas ingkang kuda agung | luhur tanpa picis | tansah ngrudatin ing tyas | sagung kêpala kang mlarat ||

13. mangkana jêng Tuwan Van Ris | undhang ring sagung bupatos | kyèh tani cinêgah nandur gadhu | myang gaga sinapih | sagung sawahan rata | kinèn nandur palawija ||

14. wadya lit dahat prihatin | kisma lêmpung langkung atos | pinacul kêtiga nanêm jagung | kêtela yèn mijil | woh tan marêm pinangan | bêsêt lêsu jasat lupa ||

15. rèh biyasa mangan nangsi | tur pênggarape rêkakos[54] | wong sawiji kuwat macul namung | nênandur sairing | nadyan darbe maesa | kisma winluku tan pasah ||

16. pae lamun nandur pari | kisma luluh rèh binanyon | gampange ingulah lamun mêtu | gadhu [ga...]

--- 121 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 27 dari 87

[...dhu] amarêmi | sênadyan kirang toya | pinasthi cêkap kiwala ||

17. yèn kaduk cupêt kang warih | amung Bagêlèn sisih lor | Lowanu sabêlah wetan gunung | tanahira gampil | kinarya palawija | kang kilèn ngarga kangelan ||

18. nanging sinêrêng nglampahi | parentah tan antuk mogok | samya lumaksana nandur jagung | kênthang katela wi | puhung kacang lanjaran | sagung kang eca pinangan ||

19. wadya lit kèh kontrang-kantring | palawija samya dinol | picis karya tumbas pari nêmpur | nanging tan marêgi | rèh bêras pari larang | palawija murah dahat ||

20. têmah ngêlih ting karêmpis | kang sugih anak gumuroh | palawija têlas tanpa sêkul | nêmpur tanpa picis | tan antuk utang-utang | gumuruh tangising bocah ||

21. kêmlurusên têmah gêring | biyunge ngadhêp mêgogok | sarwi kuthah waspa sru anuwun | ring kang Maha Suci | mugi paringa siram | ring dasih kang kamlaratan [ka...]

--- [122] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 28 dari 87

[...mlaratan] ||

22. rèh agung jalma kang nangis | mêminta sihing Yyang Manon | murahêna panganan wusnya dangu |[55] panjang yèn winarni | wuwusên Purwarêja | Radèn Tumenggung taruna ||

15. Sinom

1. lagya parentah ring wadya | sanengga kurmat ing aji | Walânda yun tiningalan | busêkan anambut kardi | kyèh wadya angungsung pring | kinarya dilah myang plêngkung | ngalun-alun kèbêkan | gumuruh syaraning kardi | kang amatah Kya Patih Mangkudipura ||

2. tugur wêdana sêkawan | ngitihi wong nambut kardi | karya damar rêngginangan | gunungan gapura ngapit | sinungan ron kêmuning | puring andong tulak wungu | sari sêkar samboja | mayang janur worah-warih | pan inganggit sagunging taru puspita ||

3. sinalimpêt binabuntal | wasis prawira kang nganggit | pratistha rèh gura[56] rupa | damar gung lètêr nama ji | rinênggèng krun ngubêngi | pinucak rèdêr rinubung | palipid si sarpa |[57] sinung lor waringin kalih | amarapit [amarapi...]

--- 123 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 29 dari 87

[...t] kanan kering rêngginangan ||

4. kyèh palêngkung ngumbak toya | têpèng lun-alun ngidêri | sabên tugu sinung damar | sabên pakuwon rinakit | umbul-umbul sasupit | rontèk rantak-rantak runtuk | gângsa pinanggung raras | wisma rinênggèng ron asri | daludage sinung ngapit ing gapura ||

5. kumêlab tinub ing tupan | milir mimba obar-abir | anjrah taru myang puspita | angsung rêsêp kang ningali | damar pinasang latri | ambyro[58] lir sur rong èwu |[59] myang trênggana barêngan | mijil sangking jalanidhi | kêmbang-kêmbang amrok minăngka trênggana ||

6. kasênênan ing baskara | surêm tinon ting parêlik | pangayuning wadya Cina | angsung rênggan sêkar api | samadya muka laji | ya ta anuju sutèngsu | Pèbruari ping sangalas |[60] sêngkala praja Wêlandi | tanpa rasa tuganganing[61] naranata |[62]|

7. sagunging para dipatya | bupati kaliwon patih | ondêr kolèktur wêdana | kinumpul

--- [124] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 30 dari 87

ing Jêng Tuwan Ris | prapta sawadya sori | salangên kudampar arum | binusanan sarwendah | mimba kinarya apsari | anggarêbêg ngayap dayinta dipatya ||

8. sêdya yun ngêsorkên lawan | sagunging para apsari | warna myang syara busana | ginêdhêg ring kang darbèni | praja kang dèn tamoni | ngimbangi kang ambêk punjul | sagunging para sêkar | rinucat busana salin | kinèn ngrasuk busana kusut kiwala ||

9. pinipil kang punjul ing rat | syara yya kasor sasami | sênadyan kasor warnanya | miwah busana ing mangkin | ing don têmah ngungkuli | syara myang lêlewa tanduk | rêspaning[63] sudigbya |[64] guna langêning panganggit | mrih kakênan tyas sipat jalu kasmaran ||

10. pinuju ing Purwarêja | ana apsari sawiji | sugbya[65] sura mrêrata |[66] kabudayaning ngluwihi | ing apsari sabumi | syara manis muluk lurus | warna amung mêjana | gung luhur luwês dumaging | lamun mêlêng kasor sari sabuwana ||

11. wignya sakèhing [sakèh...]

--- 125 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 31 dari 87

[...ing] wangsalan | Jawi Malayu mênyanyi | panjang lamun winuwusa | ya ta pukul sapta latri | sagung para bupati | ngandikan mring laji kumpul | Obrês upsir kapitan | pangayuning Cina prapti | nèng galadri supênuh pating galidrah ||

12. sinungan sakarsanira | sugota inuman mintir | para wêdana mangatag | kyèh damar pinasang api | ing lun-alun ngubêngi | myang têngah pinarêng murub | lètêr lan rêngginangan | lir awun-awun kabêsmi | kadya gêrah gumuruh syarèng kasukan ||

13. umung kyèh tabah-tabahan | saruni pating jalêmprit | wor pangliking para sêkar | para taruna angênting | suka marwata siwi | mrêbangsèng[67] ronggèng abarung | jêr wuru ing wêragang | layap-layap lali dhiri | kang kabarus sakèhing ngurus kabingkas ||

14. ing laji gumêrah dhangsah | tan mênggah lêsah ingungkih | gagah prawira mrih nyonyah | nganthi-nganthêpêl makanthil | pinggang mubêng

--- [126] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 32 dari 87

ngubêngi | wawêngkon galdri mawêngku | kuwat tan was karantas | napas putus kêmpis-kêmpis | titis kumyus nêlêsi busana raras ||

15. panjang lamun winuwusa | duk pukul sêdasa latri | luwaran kang para dhangsah | liru nyonyah samya manjing | caosan wus sinaji | nèng meja panjang supênuh | tan cuwa tinanyakna | wowohan lawuhan bukti | parêng lênggah Kumpêni myang pra bupatya ||

16. ing krosi kang wus pinangkat | lumintu kang angladèni | gumêrah parêng dhaharan | kumrincing syaraning piring | têmpuh porok lan lading | sawusnya dhaharan nutug | minuman warna-warna | tan cuwa barang kinapti | ganti undhang kundhisi nginum kumpulan ||

17. sung urmat tauning raja | mangkya ari anêtêpi | sawusing nutug bujana | mundur miyos ing galadri | sagung para kumpêni | myang bupati ayun dulu | urmating upsir Cina | gya parentah pasang api | long katunu gumrudug lir gêlap [gêla...]

--- 127 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 33 dari 87

[...p] sasra ||

18. gapura pawaka sêkar | wus kabuka dinulyasri | srèng mêsat ngumbarèng wiyat | ting pancurat ngilat thathit | riris api mênuhi | ing madyantara sumawur | wor panjrah kyèhing dilah | sasirnaning sêkar api | mêksih banar kantun sunaring kyè[68] damar ||

19. prabawa kadya raina | anjang lamun winarni |[69] luwaran sagung kasukan | antara wus tabah katri | bubar mijil sing laji | tabahan pating carêngkung | ngalun-alun kèbêkan | sagunging para bupati | myang Kumpêni amakuwon sewang-sewang ||

20. gancanging carita bubar | kondur kang para bupati | nganthi saasistènira | praptèng wisma tan winani[70] | ya ta sagung wadya lit | lêstari prihatinipun | kasrakat larang pangan | palawija tan marêmi | ring anggane lamun durung badhog sêga ||

21. marma kyèh kontrang-kantringan | wadya lit ngupaya pari | katula akèh pakarya | ya ta kawusa [kawu...]

--- [128] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 34 dari 87

[...sa] malih |[71] Wanasaba nêgari | lagya kinarya raèru | karsaning Yyang Wasesa | kucêm cahyaning nagari | bupatine suwala lawan punggawa ||

22. datansah pancah-pinancah | saru-sinaru pakarti | katuju padha jayanya | samya wasis ing pangliring | samya waskithèng rungsit | samya tarampil ing têmbung | samya tajêm ing jawab | samya patitis mêmanis | singa lena têmahan maga bathanga ||

23. samudananing narendra | semana radyan dipati | Jêng Arya Mangunkusuma | wus wêrda kinèn mèrêsi | sinung pinsiyun bukti | tigang atus lima likur | tampi sabên bis bulan | kang putra rêkyana patih | kinèn ngalih lênggah patih ing Kabumyan ||

24. pêpatihirèng Kabumyan | tênayaning Kalapaking | pêparab Mas Kartawăngsa | mantu Cilap[72] Bupati |[73] iku ingkang gumanti | ing Wanasaba Tumênggung | aran Kartanagara | sawusnya têtêp bupati | punggawane [punggawa...]

--- 129 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 35 dari 87

[...ne] lawananing suwala |[74]|

25. lawan Dipati Bêgawan | linèrèh sinungan bukti | aran Mas Jayadipura | kalih dasa sabên sasi | mantuk mring asli bumi | Bagêlèn jroning kitha wus | ginantyan Atmadrana | têtêp Wanasaba nagri | panjang lamun cinatur ingkang gumantya ||

26. dadya Wêdana Kêtawang | Urutsèwu tan winarni | ya ta kitha Purwarêja | tuwan residhèn sung uning | ring dyan tumênggung mangkin | manira tan tulus lungguh | pangwasèng natapraja | anèng ing Pagêlèn ngriki | karsèng nata kita kinèn liru pangkat ||

27. Residhèn ing Surabaya | ing ngrika wus kumplang lami | dyan tumênggung matur sapa | ingkang gumantya mariki | Jêng Pan Ris muwus aris | dèrèng kawêca kang tuhu | ujaring pakabaran | residhèn Magêlang malih | têmbe lamun manira antuk pawarta ||

28. kang sêtya sing tuwan bêsar | tan wande

--- [130] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 36 dari 87

asung pawarti | yêkti marang jêngandika | ya ta wusnyantara ari | residhèn wirah-wiri[75] | ngidêri sabawahipun | Lêdhok lan Karanganyar | Kabumèn sring dèn tindaki | mubêng-mubêng wusana andhok ing Ambal ||

29. saklangkung asih-sinihan | lan rahadyan adipati | ing Ambal Purbananara[76] | rèh kapondhokan ing nguni | duk nyonyah nandhang sakit | sapara putra nèng ngriku | winong ring dyan dipatya | sinungga-sungga sakapti | dyan dipati dhasar rapêt ingancuran ||

30. marmambêk saekapraya | barang winêca ginanti | panjang lamun winuwusa | ya ta ing dina sawiji | tabah sapta ing latri | tuwan residhèn angutus | ring magang angsung wikan | marang dyan tumênggung mangkin | jêng risidhèn antuk warta kang têtela ||

31. kang wus gumantya masesa | nèng Paglèn anata bumi | tuwan Kindêr kang wus lama | dadya kontrolir ing ngriki | wus [wu...]

--- 131 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 37 dari 87

[...s] anèng Surawèsthi | lagya pinangkat sipèktur | makili Surapringga | residhèn lagya sêpi |[77] nandhang sakit tirah nèng nagari Olan ||

32. sawêtara dina prapta | anguwasani mariki | wusnya wangsul magang duta | dyan tumênggung trusthèng kapti | dene kang ayun prapti | masesa sabarang panduk | Tuwan Kindêr wus wikan | pratikêle lus patitis | awas tatas tan uwas purwa wusana ||

33. ambêk sih wadya utama | tan kewran amrih pakarti | tulatèn tuladan tatal | kang wus tatal sring tinulis | pinulas pinawasis | datan pinrih kêng têrus |[78] pinasrahan pêpangkat | kang luwih sangking ingkang wit | ingkang ala tan winantêr ing grahita ||

34. nanging ing tyas pinèngêtan | adat tan kêna sinalib[79] | ginarit madyèng wardaya | gung alit kacakup kapti | mangkya wus agung malih | sayêkti wêwah pamêngku | marma sagung kang myarsa | agêng alit jalu estri | sukèng driya

--- [132] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 38 dari 87

sadaya-daya nênadar ||

35. sakuwasane sidêkah | nambêlèh ayam myang kambing | kang sêpala liwêt lara | sung basuki kang yun prapti | tangguhe kyèh wadya lit | adat tuwan kang yun rawuh | marahi murah bêras | dhingin duk dadi kontrolir | ing Bagêlèn murah kang sarwa tinumbas ||

36. barang tinandur dumadya | mêngko ujar prapta malih | tur wuwuh wus pangkat bêsar | yêkti sawabe ngluwihi | lawan kang dhingin-dhingin | nêngna sukaning wadya gung | tuwan residhèn mêpak | dunya brana rinakêning | sinêksènan sikrêtaris Kumis tăndha ||

37. kumpul bupati amănca | asistèn para kontrolir | ingundhangan mulat lelang | kagungan Jêng Tuwan Van Ris | luwaran tigang ari | bingkas sakèh brana kêbut | dumadyang[80] sugih utang | sagunging para priyayi | anarêngi kalawan laranging pangan ||

38. panjang lamun cinatura | kêmlaratan tanpa [tan...]

--- 133 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 39 dari 87

[...pa] kardi | wuwusên ing budhalira | Jêng Tuwan Residhèn Van Ris | anuju Dite Manis | Juni tanggal kaping têlu | warsane sinêngkalan | sirna rasa nunggang jalmi | ping pat bêlas nuju wulan Dulkangidah ||

39. sêngkalaning nungsa Jawa | nunggang naga gunung bumi |[81] enjing kêpala wahana | wêdana sanengga ngiring | Obrês kaptin upsir |[82] dyan tumenggung wus mangayun | miwah wahananira | sikrêtaris sistèn Kumis | sabiyantu ngiring sapikantukira ||

40. garwa residhèn lan putra | kamot sarata wus manjing | Tuwan Van Ris nitih kuda | dyan tumênggung myang Kumpêni | miwah wêdana mantri | kêpala glandhong[83] nèng ngayun | wurining pra antênar | agarêbêg urut margi | praptèng Maron Obrês wangsul sawadyanya ||

41. miwah para tuwan-tuwan | sawusnya angsung basuki | jêng residhèn nitih rata | kontrolir lan sikrêtaris [si...]

--- [134] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 40 dari 87

[...krêtaris] | dadya sarata sami | nèng wuri nyonyah pangayun | sarata sewang-sewang | radyan tumênggung anitih | nganthi piskal pangulu Komis sarata ||

42. wus tata wadya wahana | ngarsa wêdana pangirid | ing wuri glondhong pangawat | rakit turăngga pangirid | parêng ngêtab turanggi | mêsat lir kilat sumiyut | rêmpêg lampahing kuda | ngêndhanu saurut margi | tan kawarnèng marga praptèng Margayasa ||

43. para agung sarêng têdhak | wadya wahana anisih | sigra samya jawat asta | parêng sung basukèng margi | ring sang kasurèng wèsthi | parêng nahên waspanipun | dyan patih nagri Ngambal | ngatêr Margayasa bali | sêmunira sung urmat sarèh ingêbang ||

44. manjêlang tinangguh ing tyas | ujare jalma kang lantip | sayêkti wus antuk bangbang | nging dèrèng kacêthèng jalmi | rèh wêning kèng wêwadi | kantor tan kêna dinumuk | mung lagya papêthekan [papêthe...]

--- 135 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 41 dari 87

[...kan] | kasaru Jêng Tuwan Van Ris | antuk pangkat budhal maring Surabaya ||

45. marma manjêling marga |[84] sêmune angêtarani | cinêndhak ing carita |[85] gya ungkur-ungkuran sami | tan winarna ing margi | kang wangsul wus samya rawuh | jro kitha Purwarêja | rarênggan ing pos lan margi | tan rinucat cinadhangakên kang prapta ||

46. tuwan residhèn kang anyar | antara sapêndhak ari | ya ta rêngganing pêmapag | marga gung lun-alun mêksih | plêngkung gapura ngapit | umbak samodra winangun | tarulata myang sêkar | mayang puring janur kuning | binabuntal pinalisir mêgat marga ||

16. Megatruh

1. wangunaning ron buntal gapura luhur | ngrêguyung saega[86] wukir | pos marga sakèhing angkruk | sinung tabahan myang sari | sêkar mêkar parêng mêkrok ||

2. kaidêran ing taru-taru tarutul | binuntal muntêl batitil | tan kontal pinukul

--- [136] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 42 dari 87

lesus | kapusus riris katawis | sari mungal ting parêlok ||

3. pinêluk ing pulung balung kenging janur | jinajar jujur jalirit | jinait kinait mirut | mêrit pêthitnya jlakithit | lungit lir patuking pangot ||

4. asrining kang rêrênggan gapura ragu | gora nagara ing margi | Dite Pon kaping sapuluh | Juni sêkalaning[87] Wlandi | sirna rasaning nunggang wong ||

5. ping salikur Dulkangidah engkang taun | sêngkalaning nungsa Jawi | nunggang naga gunung watu |[88] rawuhe residhèn mangkin | Tuwan Khindêr ayun manggon ||

6. nèng Bagêlèn masesa sakèh wadya gung | dyan tumênggung sawadyèki | wêdana kêpala dhusun | glondhong wahana angiring | mêthuk ing Margayasa pos ||

7. tan antara Tuwan Khindêr nulya rawuh | saha garwa wus apanggih | nèng pos lan radyan tumênggung | têdhak jawat asta sami | wêdana kêpala glondhong ||

8. parêng urmat jêng

--- 137 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 43 dari 87

tuwan nanggapi anthuk | jêng tuwan wus wanuh dhingin | duk kala dêg kontrolur |[89] nèng Purwarêja apdhèling | marma kyèh samya kinaroh ||

9. wus kana lir pangiriding rata gupuh | tuwan residhèn gya manjing | rata lawan garwanipun | dyan tumênggung lan kontrolir | kang dhê wus milya manjing jro ||

10. pra wêdana glondhong myang kêpala dhusun | kang munggèng ngarsa wus nitih | miwah kang umiring pungkur | parêng angêtab turanggi | mêsat kêsit cumalorot ||

11. sru ingampah kang lampah kala turun |[90] datan kawarna ing margi | sabên pos kuda linintu | gya praptèng madyèng nêgari | gumuruh munya kêndhang gong ||

12. wusnya manjing gapura laji jinujug | dyan tumênggung sawadyèki | kondur marang dalêm rawuh | wêdana glondhong prêtinggi | wus kalilan parêng mlorod ||

13. wus kasuwur Tuwan Khindêr èstu rawuh | wadya gung gambirèng kapti | pênadarane dinalur[91] | kyèh sidêkah [si...]

--- [138] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 44 dari 87

[...dêkah] sung basuki | agung alit trusthèng batos ||

14. pra priyayi lir manggih rêtna sawaluh | dene jêng tuwan kang prapti | wus lami dènira mêngku | duk lagya dadya kontrolir | gung alit wus kathah wawoh ||

15. mangkya rawuh tur mêngku pangkat kang agung | yêkti wuwuh kang pakarti | pangêmonge kyèhing wadu | dhingin ambêk mindha rêsi | among sagung wadya borong ||

16. mêngko maning wus madêg pangkat linuhung | marma kyèh rêna ing kapti | gung alit amrih kadulu | ing karya sang mindha rêsi | gambira sagung lêlakon ||

17. tan antara sore tabah sapta rawuh | ing kabupatèn yun panggih | lawan dyan dipati sêpuh | pinêthuk madyèng pêndhapi | jawat asta parêng lunggoh ||

18. munggèng krosi katri lan radyan tumênggung | sami rênanira katri | saudara kuna rawuh | tan nyana pêpanggih malih | adat tan kadya mêngkono ||

19. para tuwan

--- 139 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 45 dari 87

yèn linggar sing gèn palungguh | tan ana kang ambalèni | mung tuwan sawiji iku | wangsul antuk pangkat inggil | tuwan residhèn miraos ||

20. kaya paran dipati pikantukipun | yèn măngsa kêtiga sabin | ing sakintên antuk ranu | ginadhu bilih prayogi | apa pantês nanêm terong ||

21. jagung lombok kacang cina tela puhung | kêtela pêndhêm gêmbili | pundi ingkang rênèng kalbu | ring sagunging wadya tani | dyan dipati wêcana lon ||

22. yèn panuju dhingin ulun sampun rêmbug | amrih sukaning wadya lit | bumi ingkang antuk banyu | pantês tinanêman pari | pangulahe nora ewoh ||

23. lamun dadya marêm binuktèng wadya gung | adat Bagêlèn kang bumi | rèhning kathah samya lêmpung | atos yèn ingulah garing | wadya kang karya rêkaos ||

24. lamun dados palawija kongsi ngundhuh | tan marêm

--- [140] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 46 dari 87

kuwat binukti | amung siti ing Lowanu | sawetan ngardi kang kenging | pinalawija yêkti woh ||

25. nanging Tuwan Van Ris nêgah nanêm gadhu | sêdaya manut sakapti | jêr kang kiwasa[92] nanggung |[93] enggal rêkasaning kardi | myang suka susahing kyèh wong ||

26. sêdaya nut ing sapakon tuwan agung | nanging para bawah sami | datan kakirangan atur | yèn wus matur tan kinapti | yêkti manut ing sapakon ||

27. rusak arja wadya gung ana kang nanggung | luhuran sangking bupati | mapan wontên wakilipun | Jêng Tuwan Bêsar Batawi | tuwan residhèn sumagoh ||

28. karya arja marang sakèhing wadya gung | myang pasilaning kyèh bumi | mângsa borong kang linuhung | wadya lit darma lumaris | residhèn wajib katêmpoh ||

29. jêng residhèn nêbda mring radyan tumênggung | hèh dyan tumênggung samangkin | andika paringa dhawuh [dha...]

--- 141 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 47 dari 87

[...wuh] | sakèhing bumi kang sami | antuk warih pantês ngêmbong ||

30. ing sakira nyukupi kêtiganipun | samya kinèn nandur pari | dimèn rêna kyèh wadya gung | ingkang samya among tani | nanging jêngandaka[94] bobot ||

31. rèhning mangsa wus kasèp panguritipun | miwah sitine wus garing | sawêtara bae gadhu | mênawa ing têmbe warih | alit tan cukup angêmbong ||

32. lan andika tadhi[95] pra wêdana catur | paran sênênging wadya lit | apa sênêng nanêm pantun | rèh wus măngsa siti garing | apa sênêng nanêm lombok ||

33. lamun sênêng wadya lit ananêm gadhu | lan pantês tirta nyêkapi | lah andika glis tumanduk | pêparentah samya ngurit | poma aja mandhêg mayong ||

34. wusnya mojar jêng tuwan residhèn kundur | tan kawarnèng dalu enjing | mêpak pra wêdana catur | prasamya arêmbag pikir | krêsane kang kinêwaos [ki...]

--- [142] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 48 dari 87

[...nêwaos] ||

35. yèn sêmbada lan panjang agênging ranu | pantês sami nandur pari | rèh wus kasèp mosa[96] gadhu | matur wêdana kêkalih | Jênar pangayun wiraos ||

36. yèn sembada lan karsamba nyuwun gadhu | mung sakèhing bumi-bumi | măngsa rêndhêng kêlêm ranu | pantês gadhua samangkin | sacêkape tirta unon ||

37. gya Wêdana Purwarêja aris matur | ulun minta nandur pari | sawawrat cêkaping ranu | rèh siti wus samya garing | pangisêpe taya[97] kaot ||

38. gya Wêdana Pucangkrêp sumêla matur | wadya bawah wetan kali | mangke măngsa wus kapungkur | kasêsa babêndung warih | mupus nanêm gagi mawon ||

39. miwah sakèh sawah ing sadarbèkipun | palawijane ngêbêki | wus parêng măngsa gumunggung | utawi mêksih dhumangir | sayêkti eman binêdhol ||

40. tambe lamun kang palawija wus ngundhuh | nangguh labuh andhingini [andhingi...]

--- 143 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 49 dari 87

[...ni] | babêndung datan kasusu | myang mangke lagya akardi | rêspatining margi myang pos ||

41. krana dhawuh tuwan bêsar enggal rawuh | têmah eruh kyèh wadya lit | anyambut karya kasusu | maro gawe nganan ngering | ulun bingung menggak-menggok ||

42. bilih têmah kapiran kalihe jêmbrung | ulun ingkang antuk runtik | matur wêdana Luwanu | kawula eman tan sipi | yèn palawija binêdhol ||

43. tela jagung gumunggung pating palêdhung | wus dhangir myang mêngantèni | eman kalamun binêdhul | tur wus kathah sarat wiji | miwah pakaryaning kyèh wong ||

44. sinarèhkên sayêkti mijil wohnya gung | murakabi yèn binukti | dinol tinumbasna pantun | yèn kathah agêng kang picis | amung siti ingkang lêndhoh ||

45. angèl tinanêman kête myang jagung |[98] miwah lêmpung kilèn ngardi | sapikantuk antuk ranu | sinambi ananêm pari | rèh lagya mangun

--- [144] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 50 dari 87

sakèh pos ||

46. miwah marga kang yogya kamargan tamu | jêng tuwan bêsar ing benjing | sawêg amba kinèn nyambut | marga gunung nora gampil | gampil saunduring kewoh ||

17. Durma

1. wusnya gilig sampurna sagung rinêmbag | parêng kalilan mulih | bubar sing paseban | radyan tumênggung panggya | ing jêng residhèn sung uning | saaturira | catur wêdana malih ||

2. sampun katur ature satunggal-tunggal | jêng tuwan angidèni | sigra linampahan | ya ta ganti winarna | nujyari Tumpak Pon kaping | sawêlas Bêsar | ping têlung puluh Juni ||

3. sêngkalaning nungsa Jawa nunggang naga | ing aldaka sabumi | sangkala Walânda | nir rêtuh naga sela |[99] jeng tuwan residhèn nganthi | Tumênggung Purwa- | rêja enjing lumaris ||

4. marang Kuthaarja Dyan Tumênggung Arya | Surakusuma mangkin | rinèrèhkên dadya | bupati mêngkupraja | kangjêng guprêmèn paring |[100]

--- 145 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 51 dari 87

pinsiyun arta | tigang atus sasasi ||

5. dhinawuhan Dyan Arya Surakusuma | sru sungkawa sarimbit | gancanging carita | antara kalih dina | nuju ari Soma Kasih | kaping têlulas | mêksih Bêsar kang sasi |[101]|

6. kangjêng tuwan wus sasêtyan parêng prapta | mring Kuthaarja enjing | Dyan Dipati Ngambal | Dipati Karanganyar | Kabumèn ingkang Bupati | ing Purwarêja | nunggil sarata prapti ||

7. wusnya pêpak sakyèhing para bupatya | samya lênggah ing krosi | andhèr nèng ngayunan | kontrolur datan têbah | Radyan Patih Kartapati | myang Patih Ambal | kolèktur lunggyèng krosi ||

8. pra wêdana mantri supênuh siwaka | myang glondhong pra pratinggi | sêksana jêng tuwan | jumênêng andhawuhna | mangke Dyan Bèi Patih |[102] Pringgaatmaja | karsaning Raja Walandi |[103]|

9. wus angangkat luguhe[104] dadya [da...]

--- [146] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 52 dari 87

[...dya] bupatya | nèng Kuthaarja ngriki | mêksih aran lama | Radyan Tumênggung Pringga- | atmaja amêngku ngadil | yudanêgara | nanggung sakèh pakarti ||

10. myang pasilan ing bumi among kyèh wadya | ya ta sampurnèng angling | bubaran sêksana | ngumpul para bupatya | ring wisma tuwan kontrolir | jêng tuwan lênggah | miwah para bupati ||

11. papundhutan lumintu mawarna-warna | myang inuman gya mijil | tan cuwa tinanya | parêng sameja dhahar | wêdana kolèktur patih | parêng sameja | rame syaraning bukti ||

12. panjang lamun winarna wus nadhah bubar | tuwan residhèn nganthi | Dyan Tumênggung Purwa- | rêja nunggil sarata | tinabah kuda pangirid | mêsat lir kilat | tan kawarna ing margi ||

13. praptèng kitha laji agung Purwarêja | ya ta para bupati | kondur sewang-sewang | wus sêpi Kuthaarja | bupati taruna sêkti | sandi wiweka | wignya waskithèng [wa...]

--- 147 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 53 dari 87

[...skithèng] laring ||

14. amampuni[105] sagung jaya kawijayan | prawira ring kyèh pamrih | nêngna kang wus wirya | ya ta antara dina | jêng tuwan parentah tulis | mêlak pakarya | marga pos miwah nagri ||

15. myang sanega sasak ing tirta Sêngara | jêng tuwan bêsar benjing | rawuh sangking Ambal | yêkti miyos Sêngara | busêkan anambut kardi | ing têmbe budhal | Wanasaba kinapti ||

16. mampir mulat ing Dièng rêdi Baita | marma sinrêg ing kardi | mèh antara prapta | tamu jêng tuwan bêsar | samya maèsi pos margi | krêtêg sinasak | busêkan siyang latri ||

17. karepotan Wêdana Tarunèng Jênar | tan kobêr amrih warih | miwah bêdhah sawah | rêrêngganira kathah | pos sêpuh rapuh kinardi | parêng samăngsa | kathah băndha gamping pring ||

18. ya ta toya Sêngara wiyar kacêngkal | walu likur pinalih | sêparo ing Jênar | sêparo ing Kêtawang | gumuruh parêng

--- [148] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 54 dari 87

akardi | gembong baita | jinajar lêt tri kaki ||

19. sacukupe kinambang gèthèk têmumpang | sinasak ing gêdhèg pring | tèdhèng kering kanan | sinantosa mrih kuwat | kambah rata myang turanggi | miwah wahana | sampurna pos kinardi ||

20. ngarsèng wuri ginapura kutha gora | rinonan andong puring | janur mayangsêkar | samboja tulak jênar | binuntal tali lilitwi[106] | turut lalita | lar gapura pinlipid ||

21. mulêt jujur jug-ajug jêjêg jêr jangkar | jinăngka sinasami | ngrêguyung lir arga | marga-marga |[107] mayang mayung ngimbak[108] warih | berok bêbungkak | sêtal tri dasa kering ||

22. wus samêkta rarênggan marga pos praja | warna ragu sinami | mung plêngkung kalihnya | ngarsaning residhenan | kinarya pae pribadi | lètêr Vi nama | jendral kang ngarsa prapti ||

23. munggèng madya sinalimpêt ingidêran | buntal tali malipid | turut ing lalita | tinali [tina...]

--- 149 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 55 dari 87

[...li] turut bungkak | puncak rèdêring prajurit | rus amêrapat | sinungan sêkar rukmi ||

24. pêpundhaking gapura sinungan tumbak | rontèk sêkawan sisih | tinon sing mândrawa | kadya giri kusuma | madyaning waringin kalih | ngarsa sinungan | gapura rêtna api ||

25. miwah bawah têngah sinung lètêr tândha | nama kang ayun prapti | gapura rineka | krun ragu Raja Olan | sinung papan sanggan api | calupak kisma | lêksan diyan suma ji ||

26. kanan kering ngapit banjêng rêngginangan | praptèng marga kang ngarsi | loji residhènan | wringin kalih biningkas | jêr pêrnah ngaling-alingi | damar sayuta | ngrêguyung ngarsèng loji ||

27. alun-alun ngubêngan palêngkung umbak | sinung api sasiki | myang pakuwonira | para wêdana kapat | pinasang siniring-siring | damar lintangan | mrih amyang yèn binasmi ||

28. angimbangi kang mindha baskara sasra | madyaning wringin [wring...]

--- [150] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 56 dari 87

[...in] kalih | miwah rêngginangan | ya ta wusing sampurna | rarênggan praja myang margi | angkruk pos sêtal | paseban sasak dadi ||

29. tinrapakên ing krêtêg tur linambaran | rumput wuh mrih tan bribin | ya ta ari Buda | Kasih tanggal sapisan | Agustus wulan Wêlandi | enjing jêng tuwan | residhèn gya lumaris ||

30. sêdya mêthuk ring bumi watês Banyumas | nitih rata pangirid | rasa kuda mêsat | ing marga tan winarna | gancang carita gya prapti | jêng tuwan jendral | nèng watês Tirtarukmi ||

31. nèng pos tambak têdhak kanjêng tuwan bêsar | saha kang putra-putri | jêng residhèn nyandhak | asta anganthi nyonyah | para bupati miwah | wêdana para priyayi | sangking Banyumas | ngadêg urmat sang aji ||[109]

32. gya nganthukan ingidèn wangsul sawadya | Dipati Tirtarukmi | kanjêng tuwan jendral | sigra wahana rata | kuda pangirid sinalin | Tuwan Bagêlyan |

--- 151 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 57 dari 87

tansah anganthi putri ||

18. Kinanthi

1. sêksana nginggahkên ngumpul | sang dyah lan rama myang siwi | Residhèn Bagêlè[110] numpak | sarata lan para tami | punggawaning tuwan bêsar | gya rataning dyan dipati ||

2. ing roma[111] anganthi tamu | tuwan kontrolir tan têbih | wuwusên limang kareta | pangirid sampun rinakit | amot tamu myang pêngarak | kyèh wadya wahana wajik ||

3. pinarêng pangêtabipun | wadya ngarsa miwah wuri | gumrudug lir gunung bêntar | myang umbaking jalanidhi | lêbu kapusus puyêngan | limêngan mamang pangiring ||

4. surêm baskara ngêndhanu | dhêtdhêt[112] lir mêndhung mandhêmi | tan kêndhan[113] kuda kyèh ngêrap | kang nitih tanpa ningali | kalingan lêbu mangampak | manutup netra ngèbêki ||

5. ing marga datan winuwus | praptèng Kabumèn gya manjing | jêng tuwan basar[114] saputra | pungga rêrêp salatri |[115] sinunggata ing karamyan | rarênggan

--- [152] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 58 dari 87

gapura api ||

6. sadalu pating pêlancur | bujana sang wakil aji | lan punggawa pra bupatya | tuwan residhèn tan têbih | dahat anorakên raga | tansah nèng wuri amrih sih ||

7. kunêng dalu ya ta esuk | wahana rata rinakit | pangirid rasa turăngga | kalima sumaos ngarsi | myang patih wêdana wadya | wahana ngarsanjajari ||

8. glondhong pêrtinggi ing pungkur | wus samya sanega nitih | pinatah pinangkat-pangkat | sarata ngarsa myang wuri | busana sinama-sama | lir panjrah puspa kariris ||

9. tabah rasa parêng dhaut | wahana ngarsa myang wuri | gumrudug nungklang lon-lonan | lêbu mêlêk anglimputi | manaput netra tan miyat | lêpas sabên pos ginanti ||

10. praptèng puring marga nikung | ing Karangbolong kinapti | tan kawarnèng marga prapta | têdhak parêng sing panitih | jêng tuwan bêsar yun mulat | guwa pasusuhan pêksi ||

--- 153 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 59 dari 87

11. gurundaya kang linuwung | midêr akathah kaèksi | nulya lênggah mêsanggrahan | dhaharan sampun sinaji | sêksana rame bujana | lan punggawa pra bupati ||

12. tuwan residhèn angayun | anganthi putra sang putri | tansah wayah wakil nata | tinata atap ing krosi | inuman mawarna-warna | barang tinanya sumaji ||

13. kang ngladèni ting sarikut | kumlinthing têmpuhing piring | lan porok sêking kumrampyang | nutug bujana kawuri | tumêdhak sang wakil nata | myang punggawa parêng nitih ||

14. wadya sanega pêngayun | ing wuri tabahan muni | anggrêng gong maguru găngsa | parêng angêtab turanggi | nungklang samarga lon-lonan | ing puring kapindho margi ||

15. pangirid ginantya gugup | sabên pos lêpas lumaris | ing truntung wus sinabrangan | tan kawarna Ngambal prapti | manjing asistèn wismanya | têdhak wakil narapati ||

--- [154] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 60 dari 87

16. nganthi wayah putra arum | tuwan residhèn tan têbih | ingayap para punggawa | ajudan myang sikrêtaris | rêrêb salatri nèng Ambal | ngumpul samadyaning laji ||

17. wuwusên rarênggan luhung | lun-alun kampung ngubêngi | marga rinênggèng gapura | rinonan saengga wukir | rêspati amrok sinêkar | mêkar ngungkurakên kori ||

18. lir kartika tan kêtawur | kasorotan damar kentir | ing maruta kantar-kantar | kêsantêrên têmah mati | mubyar duk parêng pinasang | kamarutan pêt ngêmasi ||

19. kang masang kaku tyasipun | paran marga damar urip | maruta santêr kaliwat | rèh ptining jalanidhi |[116] ya ta wakiling narendra | ăndrawina myang bupati ||

20. punggawa ajudan ngayun | tuwan residhèn nèng kering | asistèn residhèn Ngambal | ngadhêp ing ngarsa myang nganthi | wayah putra sang lir rêtna | aglar dhêdharan ing ngarsi ||

21. lumintu inuman [inu...]

--- 155 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 61 dari 87

[...man] anggur | mêdherah asêm lan abrit | tan cuwa barang tinanya | miwah nyamikan di-adi | arame pating kucapah | manisan salin-sumalin ||

22. sawusira nadhah nutug | parêng mundur sing gèn linggih | mijil mulat ing rarênggan | lun-alun ngidêran api | ing madya supênuh damar | lir awun-awun kabêsmi ||

23. gapura tinon ngrêguyung | pinayu taru myang sari | asri wasis ingkang ngraras | rêspati pantês kaèksi | panjang lamun winuwusa | kunêng dalu ya ta enjing ||

24. wahana sumaos ngayun | pănca rata wus rinakit | sarata rasa turăngga | wadya sanega nèng ngarsi | tan têbah wahana kuda | pangayun wêdana kalih ||

25. rèhning patih mêksih suwung | marma wêdana kang ngirid | wadya panganjur jumajar | mantri galondhong nèng wuri | wus pinatah pangkat-pangkat | pangapit rata pangiring ||

26. sêksana jêng tuwan agung | tabah [ta...]

--- [156] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 62 dari 87

[...bah] rasa sigra nitih | rata saha wayah putra | pra punggawa wusnya manjing | sapântha-pântha nèng rata | asistèn myang dyan dipati ||

27. tuwan residhèn kontrolur | gya nabah kuda pangirid | parêng munya kyèh tabahan | kêndhang gong bèri saruni | jumêgur mimba samodra | bêna yun ngêbêki bumi ||

28. gumrudug ngarsa myang pungkur | lêpas sabên pos ginanti | datan kawarna gya prapta | papagan Sêngara warih | watês milya Purwarêja | pos agung rinêngga asri ||

29. ngambah sasak mêksih manggung | nabrang rata myang turanggi | sumêngka ing pos praptanya | santosa sasak kinardi | pangirid rata ginantya | myang wadya pangiring gilir ||

30. wadya Ngambal parêng wangsul | wadya Purwarêja tampi | pangayun Wêdana Jênar | myang Kuthaarja ngrojongi | ing ngarsa wurining rata | budhal kadya banjir wukir ||

31. tan kawarna praptèng Bandhung | dyan tumênggung lan kontrolir | pamêthuke wus kapanggya | sung urmat parêng

--- 157 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 63 dari 87

mangarsi | jêng residhèn angsung wikan | jêng tuwan bêsar nganthuki ||

32. kuda pangirid sêdarum | sêksana parêng ginanti | ginilir wadya wahana | kang umiring ngarsa wuri | pangayun rêkyana patya | jajar lan wêdana nagri ||

33. budhal sawadya sing Bandhung | Mangkudipura Apatih | Prapwiradipura[117] kanan | kinêmbar ngarsa ngitihi | tan kawarna anèng marga | prapta Purwarêja nagri ||

34. pinêthuk munya jumêgur | mriyêm samadyaning biting | umyung tabuhan tinêmbang | kadya bêlah kang pratiwi | orêg saisining praja | praptèng ngarsèng loji mijil ||

19. Mijil

1. jêng tuwan bêsar sawayah siwi | sing rota[118] gya anjog | jêng risidhèn tansah nèng wurine | pra punggawa ajudan umiring | sêdaya wus manjing | jêksa gêng pangulu ||

2. kliwon jaksa lit lan para mantri | kang tan mêthuk ing don | parêng urmat nèng ngarsèng lojine | parêng mundur dyan tumênggung [tu...]

--- [158] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 64 dari 87

[...mênggung] mijil | gya ingidèn sami | mantuk wismanipun ||

3. yèn wus aso kinèn wangsul sami | lun-alun makuwon | para mantri patih kaliwone | pra wêdana tugur sêdayèki | sanenggèng pakarti | kyèh rênggan sêsuguh ||

4. ari Dite Cêmêngan Sura ping | pitulas pêncorong | warsa Jimawal ing sêngkalane | ronging naga pandhita ngurugi | de wulan Wêlandi | ping lima Agustus ||

5. sirna rêtuh pênaganing bumi |[119] rarênggan kinaot | gapura ngapit ngajêng risidhèn | wus sampurna lètêr pinalipid | salimpêt ngubêngi | ing puncak ridêr rus ||

6. bêbaune rontèk kanan kering | ngrong rakit pinatoh | buntal mulêt nurut jug-ajuge | limang gapura maju pat sami | mukaning bupatin | rinonan ngrêguyung ||

7. ya ta pukul sapta sarawuhing | plêsir wakil katong | didrèng praja pasang damar kabèh | angubêngi lun-alun ngêbêki |

--- 159 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 65 dari 87

myang madyèng wiringin[120] | kang kaparèng ngidul ||

8. gapura damar krun ingkang mawi | lètêr gung binarong | tăndha namanjêng tuwan bêsare | rêngginangan ngapit kanan kering | ambanjêng nêpangi | têpèng lurung kidul ||

9. amyor[121] mimba wiyosing yyang rawi | tri parêng mêtontong | rêbut sorot madhangi jagate | damar alit lir trênggana sidi | ngakasa ngêbêki | trang sakèh dinulu ||

10. tan sinung lena jalma kang jagi | jêjêgsane goncor | munggèng wuri damar rarêksane | sabên pakuwon wêdana sami | tahuan[122] ngrêrangin | pra apsari mêlung ||

11. panyêkare rurus nut ing gêndhing | andhêndhêng kang nonton | rêbut katon amrih ngarsa dhewe | ya ta tuwan bêsar nèng jro laji | ngumpul punggawèki | risidhèn kontrolur ||

12. asistèn Kumis lan sikrêtaris | dyan tumênggung karo | Purwarêja Kuthaarja anèm | tinimbalan kinèn

--- [160] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 66 dari 87

parêng bukti | bujana ing latri | inuman di luhung ||

13. kyèh nyamikan wowohan marnani | wusnya bubar miyos | mulat damar miwah rarênggane | pukul sawêlas luwaran mijil | sewang-sewang mulih | tan kawarnèng dalu ||

14. kawuwusa rêrêb kalih latri | sunggata tan pêdhot | ing lun-alun si latri rame |[123] sabên pakuwon gangsa ngrêrangin | tinêmbang mêmanis | ngês-ngês nganyut umur ||

15. para taruna tan etang arip | nitya payus layop[124] | ngayab-ayab angguyubi bèyès | biyas abêsa bisa mrih basi | basi bêsar wuri | wiwara winuru ||

16. wuru warih agung wirah-wiri[125] | warta amrih katon | ing tuwane mila kawulane | dèn la-êla kawêntara benjing | panjang wêjang pamrih | têmah ing panjunjung ||

17. junjung dhiri panjang yèn winarni | baskara mèh ngayon[126] | dyan dipati sêpuh lan putrane | Dyan Tumênggung [Tu...]

--- 161 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 67 dari 87

[...mênggung] Kuthaarja sami | ngandikan mring laji | tabah nawa dalu ||

18. para tuwan amtênar Kumpêni | myang Pangran Dipatos | Mangkunêgara lan rêsidhène | Surakarta sampun kala wingi | pakuwon kêkalih | nèng pangèn yun pangguh ||

19. parêng ngaturan manjing ing loji | panggih wakil katong | ya ta praptèng sêmaya praptane | tabah nawa ngumpul nèng galadri | ting glidrah ngajrihi | pra upsir nung-anung ||

20. jajar anjêjêr jro angidêri | tuwan bêsar miyos | gyangsung basa basuki karsane | sabên sawiji rinewang angling | tanya anak rabi | tan kirang pamuwus ||

21. wusnya pungkas angalih liyaning | sinung sasmita lon | paring basuki tanya arjane | anak rayat myang pakarya linggih | sabên pungkas ngalih | warata sawêngku ||

22. tuwan residhèn tansah nut wuri | ing wakil sang katong | dahat dènnya norakên ragane | wusnya warata

--- [162] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 68 dari 87

sêksana linggih | nèng kanan Dipati | Purwarêja sêpuh ||

23. lunggyèng krosi dipati ngingkêdi | tuwan bêsar alon | nyandhak nêbda dipati yya ngalèh | bêcik lungguh parêk lawan mami | supaya wak mami | antuka panuhun ||

24. katularan kongsi warda benjing | kadya dyan dipatos | among putra wayah buyut akèh | miwah canggah andika mêningi | dipati naugi[127] | inggih langkung nuhun ||

25. dangu lênggah jajar dyan dipati | parêk sang kinatong | sarwi mulat kabèh rarênggane | madya midêr lun-alun ngêbêki | damar tanpa wilis | asor surya sèwu ||

26. anon damar lètêr pi namèki | gung luhur sru mompyor | anêlahi salun-alun kabèh | trusthèng driya mèsêm nolih dasih | sêmu rênèng galih | sêksana kinumpul ||

27. manjing panti saosan sumaji | kabèh kinèn lunggoh | munggèng krosi ngubêngi mejane | pra punggawa myang para

--- 163 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 69 dari 87

Kumpêni | Obrês kaptin upsir | wus mapan alungguh ||

28. magut bujana lan pra bupati | rame syarèng porok | ting sarikut kang ngladèni akèh | wusnya tutug nyamikan binukti | inuman ngidêri | tan cuwa jinaluk ||

29. ngiras samya pagunaman[128] pikir | injang ayun bodhol | ganti kundhisi sung basukine | anèng marga gumuruh gumanti | panjang yèn winarni | luwaran gya mêtu ||

30. sang rinaja pra punggawa ngiring | dhêdharan linarod[129] | parêng lênggah nèng galadri manèh | dyan sumusul inuman tatindhih | sawusnya ing bukti | sinambi andulu ||

31. lutnan wong Cina sung sukèng laring | kêmbang api myang long | gya pinasang agancang tukange | upêt sinipat mêrapat[130] api | umêsat mathathit | mancurat kasaput ||

32. kêsit ngênani long pinalipit | kumrut barondong |[131] srèng umêsat kumilat wiyate | kathah warnane kang sêkar api | brastha gya ngêmasi | mung damar wèt murub ||

--- [164] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 70 dari 87

33. abyor ngèki[132] nutug salatri |[133] gumuruh kêndhang gong | kang tinêmbang ngrêrangin wèh wire | kyèh taruna tan anantuk guling | gumolong ningali | kang pating carêngkung ||

34. kunêng dalu kawuwusa enjing | jêng tuwan yun bodhol | ri Anggara Manis sangalase | wus sumaos wahana nèng ngarsi | pânca rata rakit | pangirid ing ngayun ||

35. wus sanega wahana kya patih | pangayuning lakon | Prawiradipura ing kanthine | ngirid wadya glondhong myang pratinggi | wahana angiring | wuri miwah ngayun ||

36. jêng tuwan bêsar sêksana nitih | lan putra sang sinom | myang wayahe tan têbah ibune | pra punggawa ajudan wus nitih | jêng residhèn aglis | sarata angumpul ||

37. dyan tumênggung nitih rata ngiring | sawadya sumaos | parêng ngêtab kuda pangiride | miwah wadya wahana turanggi | mêsat tan akêsit | gya syara jumêgur ||

38. mriyêm munya sangking [sang...]

--- 165 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 71 dari 87

[...king] jroning biting | gumuruh kêndhang gong | myang salomprèt Kumpêni kurmate | suldhadhu jajar kanan lan kering | lêpas tan kaèksi | kasmaran kang dulu ||

20. Asmarandana

1. wus lêpas rata lumaris | ingiring wadya wahana | praptèng Maron parêng rèrèn | para tuwan parêng têdhak | angsung basukèng marga | ring jêng tuwan jendral agung | wus tinarima sêdaya ||

2. gya samya kalilan mulih | kumêndir Kumpêni lawan | tuwan-tuwan amtênare | jêng tuwan bêsar saksana | lan putra manjing rata | myang wayah tan kêna kantun | sarata lawan kang eyang ||

3. rata tinarik ing jalmi | pangayun kalih Wêdana | Lowanu Patih kanthine | Wêdana Cangkrêp nèng wuntat | dyan tumênggung sanega | wahana kuda mangayun | tan têbah jêng tuwan bêsar ||

4. gya sagunging para mantri | glondhong myang prêtinggi desa | jêng residhèn ngari dhewe | anita[134] sakèhing tundhan | kuda para punggawa | ajudane tuwan [tu...]

--- [166] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 72 dari 87

[...wan] agung | bok ana kang antuk kuda ||

5. busana kang tan rêspati | miwah kuda kang gêndhila | marma jêng tuwan residhèn | kari gung titi pariksa | prayitna kyèh pratingkah | wusnya bêrsih kang wadya gung | jêng tuwan wahana mêsat ||

6. wus campuh sagung pangiring | dyan tumênggung parêk lawan | kontrolir tansah wurane[135] | wahana jêng tuwan bêsar | marga sumêngkèng arga | sabên sasêngkan kang wadu | pangirid rata ginantya ||

7. ya ta wus praptèng Kêmiri | jêng tuwan bêsar tumêdhak | tan kari wayah putrane | dhahar minum sawêtara | Bupati Wanasaba | patih wêdana wus mêthuk | ingiring mantri kêpala ||

8. sanega wahana sami | busana mawarna-warna | abra murub parabote | rèh bupati anom anyar | amrih ngunjoni lawan | dènnyarsa nampani tamu | wus sanega wadya dharat ||

9. kang ngarsa karya pangirid | ratane jêng tuwan bêsar | sanega

--- 167 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 73 dari 87

tundhan wus akèh | sumaos têpining marga | Tumênggung Purwarêja | pasrah pangangkating tamu | mring Bupati Wanasaba ||

10. mantri pangiriding dasih | pêpikul sagunging brana | busana pinasrah akèh | mring Mantri Lêdhok saksana | pêpikul lumaksana | Dyan Purwarêja Tumênggung | angsung basuki ing lampah ||

11. jêng tuwan bêsar nganthuki | gya nitih rata myang putra | tansah kalawan wayahe | jagul Lêdhok narik rata | tampi parêng lumampah | jêng residhèn lan Tumênggung | Purwarêja jawat asta ||

12. jêng tuwan laju tut wuri | saparan jêng tuwan bêsar | dyan tumênggung sawadyane | lan tuwan kontrolirira | sedya mantuk ring praja | wus nêlas wawêlingipun | parêng budhal kur-ungkuran ||

13. dyan tumênggung sawadyèki | myang nganthi kontrolirira | praptèng Maron têdhak age | parêng manjing nitih rata | pangirid gya tinêmbang | mêsat tan kawarnèng ênu | gya prapta ing Purwarêja ||

14. sewang-sewang samya mulih |

--- [168] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 74 dari 87

myang patih wêdana wadya | rêpat mrih ayêm driyane | jêng residhèn kawuwusa | andhèrèk ing salampah | jêng tuwan bêsar wus rawuh | ing pos agung Ngadiraja ||

15. pangirid rata ginanti | kuda myang catur kang rata | pêthukan sing kitha Lêdhok | gumanti madyaning maga[136] | gya nitih parêng budhal | saha punggawa tan kantun | praptèng Sapuran tumêdhak ||

16. pra tuwan miwah bupati | sawusnya lênggah atata | pêpundhutan ing ngarsandhèr | dhêdharan sang wakil raja | residhèn myang punggawa | nutug nyamikan lumintu | inuman mawarna-warna ||

17. barang tinanya mêpêki | sakarsa-karsane ana | sawusnya bujana rame | mundhut wahana gya numpak | tansah putra myang wayah | residhèn nganthi kontrolur | Asistèn Lêdhok tan têbah ||

18. patih pêmatah lumaris | nèng ngarsa nganthi wêdana | ing wuri mantri galondhong | sagung pratinggi wahana | parêng ngêtab turăngga | ambubul mimba sêsulung | tan kawarnèng [ka...]

--- 169 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 75 dari 87

[...warnèng] marga prapta ||

19. ing Wanasaba nêgari | jujug asistèn wismanya | busêkan andum pakuwon | rêrêb sakèhing punggawa | ing dalu kawuwusa | jêng tuwan bêsar sawadu | bujana lawan bupatya ||

20. jêng tuwan residhèn nganthi | putra lan wayah sang duta | saboga sameja rame | inuman wowohan lawan | nyamikan kakêringan | kang ngladèni ting sarikut | nutug sêksana luwaran ||

21. miyos madyaning galadri | lênggah krosi pra punggawa | angadhêp andhêku andhèr | samya nèng krosi tungmingal[137] | rarênggan pakurmatan | abyor sunar damar sewu | gapura gung gora rupa ||

22. palêngkung têpi ngubêngi | lun-alun agung kèbêkan | rêspati pinaprap[138] rone | inganggit taru puspita | wasis mantri kang karya | dhasar gèn kawignyan punjul | Wanasaba dhingin mila ||

23. sring pininta sraya nguni | mring kitha ing liyan-liyan | nganggit patra kawignyane | măngsa kirang pangupaya | malah anguyangêna [anguyang...]

--- [170] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 76 dari 87

[...êna] | jêng tuwan rêrêb sêdalu | ari Buda tabah rasa ||

24. wahana sanegèng ngarsi | myang sagung wadya wahana | kuda miwah têtindhihe | patih wêdana pangarsa | ngirid wadya sêdaya | sêksana budhal gumuruh | pinêlak lêpasing lampah ||

25. praptèng pos kuda ginanti | lumarap sumêngkèng arga | tan kawarna praptèng Dièng | rarêngganing pakurmatan | punjul sangking ing praja | nèng ngriku rêrêb sadalu | pra mantri wadya kasrakat ||

26. rèh dahat asrêp tan sipi | tansah angapi sarira | manggung baju asingêb dhèg | barukut barungkus karna | prandene kapanjingan | cinakot ngadhêm dhakukul | kyèh mêngkul dhêngkul tan wudhar ||

27. dharodhog lambe ngabibir | wadya kang dèrèng biyasa | bayu pêpês anggêlèyèh | payah payus cahya pucat | ing dalu tan kawarna | pukul nêm enjing kawuwus | sumaos wahana rata ||

28. sanega wêdana patih | ngitihi wadya mangayap [manga...]

--- 171 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 77 dari 87

[...yap] | ing ngarsa miwah wurine | tinata pinatah-patah | glondhong prêtigi[139] desa | gya nitih jêng tuwan agung | tansah nganthi wayah putra ||

29. tuwan residhèn tan kari | asistèn kontrolur ngayap | budhal ambubul lir laron | pangirid rata pinêlak | sabên ing pos ginantya | lêpasing lampah gya rawuh | jajahan ing Pêkalongan ||

30. tuwan residhène prapti | sanega lawan bupatya | patih wêdana kanthine | mantri pênatus kêpala | pêpak madyaning marga | myang sagung ingkang pamêthuk | wahana rata turăngga ||

31. sanega sakèh pangirid | miwah pêpikul kyèh brana | busanane wakil katong | myang punggawa pra ajudan | sikrêtaris sêdaya | tinampan mantri pêngayun | Mantri Wanasaba pasrah ||

32. budhal pêpikul dhingini | Residhèn Bagêlèn pasrah | Residhèn Pêkalongane | tămpa tamu tuwan bêsar | saha punggawanira |

--- [172] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 78 dari 87

wusnya Tuwan Kindêr maju | ngaturi basukèng marga ||

33. myang putra wayah wus ngalih | rata sangking Pêkalongan | gya Jêng Residhèn Bagêlèn | tumanduk ngarsa sung urmat | sêksana inganthukan | jawat asta lawan sagung | punggawa wakil narendra ||

34. budhal pênganjur lumaris | pangirid rata tinêbah | mêsat sru kêsit lampahe | sumusul para punggawa | samya wahana rata | ing wuri nusul ambubul | kadya bêlah bumi kambah ||

35. pungkas sagung kang lumaris | ya ta kang kari anggana | Tuwan Residhèn Bagêlèn | Dyan Tumênggung Wanasaba | tuwan asistèn lawan | kontrolir parêngnya wangsul | sêdaya wahana rata ||

36. tan kawarnèng marga prapti | jroning kitha Wanasaba | ya ta jêng tuwan residhèn | rêrêb salatri nèng kana | ngayêmakên sarira | sayah panjang lampah rawuh | wêwah lagya nandhang gêrah ||

37. cêlêp linud ing panastis | wus [wu...]

--- 173 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 79 dari 87

[...s] lami awit pakarya | nanging tan kinarya raos | awrate amêngku praja | ngayun-ayun tamuan | kathah pangaturanipun | angrêngga sakèh katingal ||

38. mung sangking akasing kapti | miwah rêncanging sarira | kabèh ayun priksa dhewe | tan prêcaya sakèh liyan | krana ing sabawahan | jêng tuwan bêsar tan wêruh | punggawa akathah-kathah ||

39. ala bêcik bênêr sisip | sawiji kang pinêrcaya | amung jêng tuwan residhèn | marma salamining karya | mangun praja myang marga | pantês kêlawan kang saru | jêng residhèn kudu wikan ||

40. rumaos ing têmah benjing | yèn patrapana kang salah | katêmpuh residhèn dhewe | wuwusên ing Wanasaba | ing dalu tan winarna | jêng tuwan residhèn esuk | busana mundhut wahana ||

41. rata sumaos gya nitih | sanega wadya tut wuntat | sinabêt kêsit kudane | lêpas sabên pos ginantya |

--- [174] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 80 dari 87

ing Kêmiri gya prapta | wêdana Lowanu mêthuk | rèh wus pinaring tupiksa ||

42. rata tinarik ing jalmi | ing marga datan winarna | praptèng Maron sigra rèrèn | Wêdana Jênar kang tampa | mêthuk praptaning praja | pangirit sinambuk mamprung | tan kawarna praptèng praja ||

43. nêrus manjing dalêm laji | kang umiring parêng bubar | ya ta tan kawarna manèh | salaminira Jêng Tuwan | Kindêr prapta pilênggah | residhèn agung mêmangun | sapraja myang parentahan ||

44. pae lan Jêng Tuwan Van Ris | ing karsa miwah prênata | mupakat lan bupatine | tabêri titi pariksa | tulatèn barang tingkah | panggah lamun wus kêpangguh | gagah tan nêdya suminggah ||

45. yèn durung panggih pinikir | pakarti tiniti tansah | mufakat lan sasênênge | sarèh-rèh ingarah-arah | mrih wêruha kang owah | myang wêwah wowohan ketung | nadyan pucung yya ginancang ||

21. Pocung

1. dèrèng lami Jêng

--- 175 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 81 dari 87

Tuwan Kindêr linungguh | dungkap gangsal wulan | mêngwasani bumi-bumi | ing Bagêlèn mêrnata sagunging wadya ||

2. agung alit miwah dipati tumênggung | tan ana sulaya | ing karsa winoran kapti | ingkang pantês sêdaya mangayubagya ||

3. mrih arjaning praja wêwahing tumuwuh | myang rênaning wadya | wangunan praja sinalin | agung nantun Dyan Cakranagara warda ||

4. barang karsa ngewahi warna kang sampun | myang imbuhing tăndha | marma agung wira-wiri | mulat măncanêgara myang bumi wana ||

5. kawuwusa jêng tuwan aparing wêruh | Dyan Tumêngung Mudha | Purwarêja kinèn nuding | mêthuk tamu mring watês bumi Mêtaram ||

6. pra kêpala dhesa myang glondhong tut pungkur | rata wahananya | tumênggung miwah kontrolir | nora susah pamundhute tuwan jendral ||

7. mêng kêpala nênêm ngarsa nênêm pungkur | lah ayya pêpeka | titi têmbayaning tulis | ing sêmangke jêng tuwan jendral kêlana ||

--- [176] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 82 dari 87

8. nèng Ngayogyakarta dènira yun rawuh | Bagêlèn sêmaya | benjing ing Rêspati Kasih | ping rong puluh Sèptèmbêr etanging warsa ||

9. sirnaning rasa pênaganing watu |[140] myang Mulud kaping pat | Jimawal sêngkala Jawi | gapuraning panjara pitung prêtala |[141]|

10. wus anuduh kêpala rolas amêthuk | ring watês Mêtaram | ing Congot tampaning kapti | kang ngitihi glondhong wêdana satunggal ||

11. kawuwusa enjing Rêspati Sih wau | nuju ana lampah | mantri nagara sawiji | jayèng kalih katiga brêgêdhirira ||

12. mundhi surat ambêkta kang sarang burung | tiga likur rêmbat | kawan dasa wolu kuli | wus sinungan sangu pukul sanga budhal ||

13. budhal kasèp pinêlak anèng dêlanggung | tan kawarnèng marga | ing pos Tulungagung prapti | samya raryan anuju pukul sawêlas ||

14. kyèh gotongan tinata madyèng

--- 177 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 83 dari 87

pos pênuh | mantrine alênggah | nèng bale madyèng pos nganti | niring sayah kyèh jagul duk samya mangan ||

15. ting kucapah ki mantri eca alungguh | ana rata prapta | pangirid rasa turanggi | tanpa wadya umiring ngarsa myang wuntat ||

16. datan nyana ki mantri kagyat andulu | lawanging kang rata | kabuka dadya kaèksi | nyata Tuwan Jindral Polèt kang pratăndha ||

17. gya binirat sakèhing kang sarang burung | mijil ing pos samya | dadya rata bisa manjing | Tuwan Jendral Dhêbru têdhak lan kanthinya ||

18. mulat kanan kering tan ana wong mêthuk | myang pangirid kuda | tan ana ingkang miranti | ya ta mantri ngartika jroning wardaya ||

19. baya arsa têtanya jêng tuwan iku | gya marêk ing wuntat | tuwan jendral tanya aris | sira mantri apa ora antuk warta ||

20. miwah printah ing dina iki ngong rawuh | ngong wus angsung surat |

--- [178] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 84 dari 87

marang residhènirèki | mantri matur ulun datan antuk warta ||

21. lampah amba bêkta kyèhing sarang burung | kanthi jayèng tiga | mantri glis printah mêranti | kuda pangirid rata rasa wus wumrap[142] ||

22. tuwan kaptin têtanya mantri apa wruh | pos apa ingaran | miwah pos ingkang kawuri | ngêndi rane lan milya ngêndi baya |[143]|

23. mantri matur ing ngriki pos Tulungagung | ing Bênêr namanya | Bagêlèn ingkang bawahi | kang kawuri milyèng Kêdhu Mêrgayasa ||

24. wusing tanya nênurat sêksana laju | mantri lajêng budhal | sajagul jayèng tan kari | tan kawarna ing marga glis praptèng Krasak ||

25. mantri pasrah mring Dêmang Krasak tampi wus | jayèng lumaksana | jagul wangsul parêng mantri | tan kawarnèng marga praptèng Purwarêja ||

26. wus têtela wau Tuwan Jendral Dhêbru | kang sêdya pinapag | mring Congot watês Mêtawis | tan anyana [anya...]

--- 179 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 85 dari 87

[...na] tuwan jendral mangas marga ||

27. sing Ngayogya dumadakan miyos Mêndut | anjog Margayasa | tan ana mêthuk sawiji | ngrês ing driya sagung kang samya miyarsa ||

28. de wang[144] agung sawiji tan ana mêthuk | pupusing wardaya | mênawa salah ing kapti | karsanira dadakan ayun tumingal ||

29. rêca Mêndut Brajanalan miwah Budhur | dadya mengo lampah | tan kongsi akirim tulis | kawuwusa budhale mangilèn pêndhak ||

30. antara nêm ari budhal rinarubung | kêpala wêdana | ngiring rowêlas jajari | lêpas lampahing wuri tansah pakarya ||

22. Sinom

1. ya ta ingkang kawuwusa | carita dadya mangsuli | karsane Radyan Dipatya | Cakranagara mèngêti | dènnya yasa nêgari | myang sagunging lurung-lurung | ing jro jawining praja | myang kang lumangkah ing kali | kinêrtêgan santosa jati kang wrêksa ||

2. kali Jali kinêrtêgan [kinêrtêga...]

--- [180] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 86 dari 87

[...n] | saengga tundha kêkalih | krana magane cinawang | mangilèn mring Gêbang kali | ing Bandhung dèn kêrtêgi | santosa jati pinayung | pakaryane palihan | Purwarêja dyan dipati | andarbeni pasangan banon kang wetan ||

3. saka dalurung tataban | kabèh samya kayu jati | bageyaning Purwarêja | pasangan banon sasisih | kilèn krapyak manginggil | cagak pangrêt blandar usuk | rèng paku molo sirap | ing Kuthaarja darbèni | duk ing karya umèb wadya nambut karya ||

4. lamine datan kawarna | karêtêg Bandhung wus dadi | miwah pos sêtalira |[145] pêsanggrahan pinaranti | pamêthukan priyayi | pinarnah sasisah[146] kidul | pakarya Purwarêja | Dipadirja mêdanani | ya ta marga ing Kuthaarja cinawang ||

5. mangidul praptèng Sêngara | Sangubanyu kali Jali | sinungan kêrtêg santosa | Wêdana Jênar sapalih | panduming karya sinami |[147] Wiranagara

--- 181 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22): Citra 87 dari 87

Tumênggung | arine Dyan Dipatya | ing Jênar kang mêdanani | wusing dadya karêtêg pinayon sirap ||

6. sêksana radyan dipatya | karsanira wanti-wanti | Bogawanta sala tiyang | kinêrtêgan kayu jati | Dipadirja wus ngalih | dadya Wêdana Lowanu | kang kinèn ngangkat karya | kanthi wadya Karangjati | ngumpul wêrksa sanega sagung abahan ||

7. gya mêpak sagunging wadya | kang wus wignya nambut kardi | tumandang pakaryèng wrêksa | dyan dipati lan Kya Patih | Gagak Andaka asring | papriksa tan lami rampung | kêrtêg pinayon sirap | rêspati tinon lir panti | kinêrapyak sinungan sinom têratag ||

8. sauruting marga-marga | rinata praptaning wukir | ing pos Jêlamprang rinêngga | ginêndhèng de kali Kudhil | pinasangan buh inggil | kathah bata wêdhi labur | tinon dahat santosa | nanging datan usya lami | pos Cacaban sumêngkèng wukir Tunggangan ||

 


Biasanya guru lagu a: ulun namung nadhah ing saprentah. (kembali)
tuwan (dan di tempat lain). (kembali)
Kuthaarja. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing Kuthaarja bupatèn. (kembali)
golong. (kembali)
angartikèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: siyang latri angartikèng kapti. (kembali)
keguh. (kembali)
krosi. (kembali)
10 jêr. (kembali)
11 sabên. (kembali)
12 prêsèn. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: kondur marang ing nagari Olan. (kembali)
14 kondur (kembali)
15 Lebih dua suku kata: miwah bodho lamun antuk kang gumanti. (kembali)
16 wêngêran. (kembali)
17 Tanggal: Rêspati Kasih (Kêmis Kliwon) nêmbêlas (16) Jumadilakir Je: tangan gajah kêpadhangan sasi (AJ 1782). Tanggal Masehi: Kamis 16 Maret 1854. Terdapat juga tanggal Masehi: nêmbêlas (16) Marêt: patang buta gajah rajèng (1854 M). (kembali)
18 Je (dan di tempat lain). (kembali)
19 sêngkalaning (dan di tempat lain). (kembali)
20 Kurang satu suku kata: Obrês Kaptin lawan para upsir. (kembali)
21 kinêtab. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: gya kinêtab pangirid umêsat. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: pangwasa ing residhenan. (kembali)
24 gumuruh. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: marma magang gumuruh ngiring dêlanggung. (kembali)
26 Tanggal: Tumpak Manis (Sêtu Lêgi) wolu (8) Saban (Ruwah) Je: [AJ 1782]. Tanggal Masehi: Sabtu 6 Mei 1854. Terdapat juga tanggal Masehi: sad (6) Mei. (kembali)
27 kalih. (kembali)
28 Bin. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: tuwan asring manabda. (kembali)
30 Tanggal: Rêspati Cêmêngan (Kêmis Wage) salikur (21) Jumadilakir Be: tirta murti pandhita watu yêkti (AJ 1784). Tanggal Masehi: Kamis 28 Februari 1856. Terdapat juga tanggal Masehi: walulikur (28) Marêt: sad ditya naga raja (1856 M). Semestinya 28 Februari dan bukan Maret. (kembali)
31 dipati. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: dyan dipati ngaturkên surat panglungsur. (kembali)
33 Suci. (kembali)
34 ngêjlogi. (kembali)
35 Tanggal: Sukra Manis (Jumungah Lêgi) sêlawe (25) Ramêlan (Pasa): [AJ 1784]. Tanggal Masehi: Jumat 30 Mei 1856. Terdapat juga tanggal Masehi: têlung puluh (30) Juni. Semestinya bulan Mei dan bukan Juni. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: upêsir jumênêngipun. (kembali)
37 mêrata (dan di tempat lain). (kembali)
38 Kurang satu suku kata: antêg gêgêm ting talêbuk. (kembali)
39 kang. (kembali)
40 Tanggal: Soma Kasihan (Sênèn Kliwon) sapisan (1) Sura Wawu: buta nêkek rêsi kator (AJ 1785). Tanggal Masehi: Senin 1 September 1856. Terdapat juga tanggal Masehi: sapisan (1) Sèptèmbêr: măngsa buta walung ratu (1856 M). (kembali)
41 sampurna. (kembali)
42 ngabêktia. (kembali)
43 kondur (dan di tempat lain). (kembali)
44 Kurang satu suku kata: pra prawira taruna sukane ngênting. (kembali)
45 Tanggal: Soma Kasih (Sênèn Kliwon) nêmlikur (26) Bêsar Wawu: buta nêkek rêsi katong (AJ 1785). Tanggal Masehi: Senin 17 Agustus 1857. Terdapat juga tanggal Masehi: pitulas (17) Agustus: gunung gumuling panjaraning sabumi (1857 M). (kembali)
46 Lebih satu suku kata: dyan tumênggung sanega sawadu. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: ngancik bumi ing Kêdhu pos têpis wiring. (kembali)
48 gya. (kembali)
49 mring. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: ya ta ari Rêbu Paing. (kembali)
51 kolèktur. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: pangulu myang jeksa ondêr klèktur. (kembali)
53 Lebih dua suku kata: ngong tulung uga mring wadya punjul. (kembali)
54 rêkaos. (kembali)
55 Lebih satu suku kata: murahna panganan wusnya dangu. (kembali)
56 gora. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: pinalipid si sarpa. (kembali)
58 ambyor. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: abyor lir surya rong èwu. (kembali)
60 Lebih satu suku kata: Pèbwari ping sangalas. (kembali)
61 tungganganing. (kembali)
62 Tanggal Masehi: sangalas (19) Pèbruari. tanpa rasa tuganganing [tungganganing] naranata (1860 M). (kembali)
63 rêspatining. (kembali)
64 Kurang satu suku kata: rêspatining sudigbya. (kembali)
65 sudigbya. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: sudigbya sura mrêrata. (kembali)
67 mrêbasèng. (kembali)
68 kyèh. (kembali)
69 Kurang satu suku kata: apanjang lamun winarni. (kembali)
70 winarni. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: ya ta kawuwusa malih. (kembali)
72 Cilacap. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: mantu Cilacap Bupati. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: punggawane lawananing asuwala. (kembali)
75 wira-wiri. (kembali)
76 Purbanagara. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: residhèn lagya asêpi. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: datan pinrih kêngkêng têrus. (kembali)
79 sinilib. (kembali)
80 dumadya. (kembali)
81 Tanggal: Dite Manis (Ngahad Lêgi) pat bêlas (14) Dulkangidah: nunggang naga gunung bumi (AJ 1788). Tanggal Masehi: Minggu 3 Juni 1860. Terdapat juga tanggal Masehi: têlu (3) Juni: sirna rasa nunggang jalmi (1860 M). (kembali)
82 Kurang satu suku kata: Obrês kaptin upêsir. (kembali)
83 glondhong. (kembali)
84 Kurang satu suku kata: marma manjêlang ing marga. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: cinêndhak ingkang carita. (kembali)
86 saega. (kembali)
87 sêngkalaning (kembali)
88 Tanggal: Dite Pon (Ngahad Pon) salikur (21) Dhulkangidah (Dulkangidah): nunggang naga gunung watu (AJ 1788). Tanggal Masehi: Minggu 10 Juni 1860. Terdapat juga tanggal Masehi: sapuluh (10) Juni: sirna rasaning nunggang wong (1860 M). (kembali)
89 Kurang satu suku kata: duk kala madêg kontrolur. (kembali)
90 Kurang satu suku kata: sru ingampah kang lampah kala tumurun. (kembali)
91 dinulur. (kembali)
92 kawasa. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: jêr kang kiwasa ananggung. (kembali)
94 jêngandika. (kembali)
95 todhi. (kembali)
96 măngsa. (kembali)
97 toya. (kembali)
98 Kurang satu suku kata: angèl tinanêman kêtela myang jagung. (kembali)
99 Tanggal: Tumpak (Sêtu) Pon sawêlas (11) Bêsar: nunggang naga ing aldaka sabumi (AJ 1788). Tanggal Masehi: Sabtu 30 Juni 1860. Terdapat juga tanggal Masehi: têlung puluh (30) Juni: nir rêtuh naga sela (1860 M). (kembali)
100 Kurang satu suku kata: kangjêng guprêmèn aparing. (kembali)
101 Tanggal: Soma Kasih (Sênèn Kliwon) têlulas (13) Bêsar: [AJ 1788]. Tanggal Masehi: Senin 2 Juli 1860. (kembali)
102 Kurang satu suku kata: mangkê Dyan Ngabèi Patih. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: karsaning Raja Wlandi. (kembali)
104 lungguhe. (kembali)
105 amumpuni. (kembali)
106 liliting. (kembali)
107 Kurang tiga suku kata: kêmbang samarga-marga. (kembali)
108 ngombak (kembali)
109 Lebih satu gatra: ke-5 seharusnya tidak ada. (kembali)
110 Bagêlèn. (kembali)
111 romah. (kembali)
112 dhêdhêt. (kembali)
113 kêndhat. (kembali)
114 bêsar. (kembali)
115 Kurang satu suku kata: punggawa rêrêp salatri. (kembali)
116 Kurang satu suku kata: rèh aptining jalanidhi. (kembali)
117 Prawiradipura. (kembali)
118 rata (kembali)
119 Tanggal: Dite Cêmêngan (Ngahad Wage) pitulas (17) Sura Jimawal: ronging naga pandhita ngurugi (AJ 1789). Tanggal Masehi: Minggu 5 Agustus 1860. Terdapat juga tanggal Masehi: lima (5) Agustus: sirna rêtuh pênaganing bumi (1860 M). (kembali)
120 waringin. (kembali)
121 ambyor. (kembali)
122 tabuhan. (kembali)
123 Kurang satu suku kata: ing lun-alun siyang latri rame. (kembali)
124 loyop. (kembali)
125 wira-wiri. (kembali)
126 ngayom (kembali)
127 nauri. (kembali)
128 pagunêman. (kembali)
129 linorod. (kembali)
130 mêrapit. (kembali)
131 Kurang satu suku kata: kumêrut barondong. (kembali)
132 ngèbêki. (kembali)
133 Kurang satu suku kata: abyor ngèbêki nutug salatri. (kembali)
134 aniti. (kembali)
135 wurine. (kembali)
136 marga (dan di tempat lain). (kembali)
137 tumingal (kembali)
138 pinatrap. (kembali)
139 prêtinggi. (kembali)
140 Kurang satu suku kata: sasirnaning rasa pênaganing watu. (kembali)
141 Tanggal: Rêspati Kasih (Kêmis Kliwon) pat (4) Mulud Jimawal: gapuraning panjara pitung prêtala (AJ 1789). Tanggal Masehi: Kamis 20 September 1860. Terdapat juga tanggal Masehi: rong puluh (20) Sèptèmbêr: sirnaning rasa pênaganing watu (1860 M). (kembali)
142 tumrap. (kembali)
143 Kurang satu suku kata: ngêndi rane lawan milya ngêndi baya. (kembali)
144 wong. (kembali)
145 Kurang satu suku kata: miwah êpos sêtalira. (kembali)
146 sasisih. (kembali)
147 Lebih satu suku kata: panduming karya sami. (kembali)