Serat Ardakandha, 1905, LOr 6614, #1757

JudulCitra
Terakhir diubah: 29-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Ardakandha

Kaanggit dening Radèn Ngabèi Suradipura. Tiyang ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Batawi

1905

--- [1] ---

Punika cariyos lampahanipun Radèn Ardakandha, ing nalika dhèrèk panjênênganipun Tuwan H.L.C. Têmèêlên, kontrolir ăngka 1 ingkang kapiji ing kangjêng parentah agung, kanarsakakên[1] dados guru coban-coban têmbung Jawi ing pamulangan luhur nagari Batawi. Kautus ing kangjêng parentah luhur dhatêng tanah Jawi Têngah, kinarsakakên mariksa sakathahing patilasanipun para luhur Jawi ing jaman kina, utawi ingkang maujud aèng sarta elok, kula kinarsakakên dhèrèk, punapa ingkang kapriksa, kawontênanipun sadaya andikakakên nyêrati.

Kala tanggal kaping 2 wulan Sèptèmbêr warsa 1876 wanci pukul

--- [2] ---

enjing tuwan bidhal saking mistêr kornèlis, rawuh ing ngêbum, anumpak kareta ingkang katarik kapal, kalihan tuwan-tuwan Walandi kalih ingkang satunggal nama Tuwan Mistêr Dhêlotir, satunggilipun nama Tuwan P. Pan Dhêr Pan, sadumugining ngêbum lajêng natih[2] satum brêgas tambangan, ngantos dumugi ing palabuhan, tumuntên sami mingkah[3] dhatêng ing baita kapal latu nama: Ciribon, ingkang sampun misuwur rikating lanpahipun.[4] Kapal wau sakalangkung agêng sarta endah warninipun, rodhanipun wontên ing lambung ngiringan kiwa têngên, pangkatipun kapal saking plabuhan Batawi pukul wolu enjing, dados pêndhak pukul wo[5] enjing sampung[6] dumugi ing

--- [3] ---

plabuhan Samarang, sarêng kapal sampun labuh tuwan têtiga lajêng madhun[7] saking kapal nitih sêtum brêgas minggah ing ngêbun,[8] tuwan lajêng natih kareta dhatêng ing griya dhahar ingkang wanastan[9] lusmèn ing Bojong.

Tuwan nyare sadalu, enjing pukul pitu bidhal numpak kareta pos dhatêng kitha Pathi, sarêng dumugi ing kitha Dêmak mampir dhatêng ing kabopatèn, ingkang dados bupati Radèn Mas Tumênggung Arya Purbaningrat.

Ing kitha Dêmak punika alit namung urut radinan agêng kemawon, ingkang saking Sêmarang dumugi Kudus. Pacinanipun anglentre alat, nanging ragi katingal rame.

--- [4] ---

Alun-alunin[10] wayar:[11] griya kabupatèn majêng mangidul angajêngakên alun-alun, nanging saantawising griya kabopatèn kalihan alun-alun kaalêtan lèpèn agêng ingkang nama Tuntang (rawa Bahrawa), ugi nama lèpèn Tuntang (Dêmak). Tuwan titagi[12] karsa mariksani masjit agêng ingkang kacariyos ing Sêrat Babad Dêmak, ayasanipun[13] para waliyolah 9. Ingkang bupati angatêrakên kalihan Pangulu Iman, tuwan sarêng dumugi sangajênging masjit, pitakèn dhatêng mas pangulu: mas pangulu manawi para Wêlandi malêbêt ing masjit, punapa inggih ambikak sapatu. Pêngulu matur: nuwun inggih kajêng[14]

tuwan,

--- [5] ---

ewadèntên sarèhning panjênêngan dalêm kula inggih anyumanggakakên. O, mas pangulu sampun sampeyan mawang tiyang, kula kêdah manut tatacara ing ngriki, kula botên purun angangge pranatan piyambak. Tuwan têtiga lajêng ambikak sêpatu tuwin mojahipun, tumuntên wijik ing balumbang. Sasampuning wijik pangulu angaturi lumêbêt ing masjid, ing nglêbêt katingal wayar sarta angraras adamêl lamlaming manahipun ingkang nêmbe tumingal, ingkang nama saka guru sakawan, punika sami katutup ing blabak mawi dipun sohi tosan, mênggah ingkang kasêbut saka ingkang dipun damêl saking tatal, dumunung [dumu...]

--- [6] ---

[...nung] wontên lèr wetan, ingkang kaciyos[15] iyasanipun Kangjêng Susuhunan Kalijaga, sarèhning saka wau dipun tutupi ing blabag sarta dipun êsohi ing tosan, dados botên sagêt katingal tatalipun. Pratelanipun pangulu Dêmak, bilih badhe sumêrêp kayêktosanipun, kêdah nangali[16] saking nginggil. Tuwan Tênmèêlên, kapiadrêng kumêdah karsa mariksani kanyataanipun. Pêngulu matur: bilih kajêng tuwan karsa mariksani, punika sampun kula sêdhiyani ăndha ingkang sumendhe ing saka, tuwan lajêng karsa ngayoni mènèk ing ăndha, sawatawis kalih dêdêg ing pamènèkipun tuwan lajêng mêdhun, ing gilih[17] sumêlang margi ăndha ingkang

--- [7] ---

kapènèk amêntul-mêntul, kula kadhawahan mènèk ăndha wau, sadadyan[18] kula botên nate mènèk, ewadèntên kula lampahi saking awrating tiyang ngawula, ing batos pancèn angupados pandhok,[19] dados ngatingalakên lubèring kuwantêran kula (iyak kok onggrongan) sajatosipun, ing manah inggih tansah dhèr-dheran. Kula lajêng mènèk ăndha wau, sarêng dumugi sanginggiling têngah-têngahan, ing manah ragi gilapên sarta arumaos badhe sêmaput, badan lajêng drêdhêk kringêtên gumarobyos, ciptaning manah isin sangêt bilih wangsula mêdhun, dados kula pêksa kemawon. Sarêng pamènèk kula sampun gayuh lotèng [lotèn...]

--- [8] ---

[...g] punika raosing manah asrêp kados kasiram toya sawindu, sarta sampun kirang ing ajrih kula. Tumuntên kula aningali wêkasanipun saka ingkang nginggil, andadosakên sakalangkung gumuning manah dene sampun atusan taun laminipun, têka taksih katingal santos[20] miwah botên wontên ingkang rêmpit, mênggah kayêktosanipun dede tatal pêthelan kajêng, kanyataanipun warni kajêng têtugêlan, ingkang agêngipun salêngên-lêngên panjangipun saasta. Dene blabak ingkang kadamêl anututupi[21] saka guru wau, kandêlipun sadim. Kula lajêng mêdhun, sadumugi kula ngandhap aningali mimbar damêlan jaman kina, nanging sapunika sampun kaêcèt utawi

--- [9] ---

kapraos. Saking cariyosipun pangulu sati[22] sangandhaping mambar,[23] ing kinanipun rumiyin ingkang kacukulakên[24] gêlagahwangi. Tuwan lajêng mariksani surambi, surambi wau ngangge cagak 8 sami ukir-ukiran kina sadaya, saking pratelanipun pangulu, cagak sadaya wau asal saking karaton Majapait, sarta mawi sêngkala: kori loro gaweding[25] wong.[26] Korining masjid wontên gambaripun gêlap mawi dipun praos, cariyosipun pangulu upakipun[27] kori wau wontên sêngkalanipun, nanging katutupan ing mêstèr, ungêlipun: patra kinarya rupa gêlap tunggal[28] Tuwan têtiga lajêng mariksani pasareanipun para ratu ingkang jumênêng ing Dêmak,

--- [10] ---

ingkang dumunung ing pêngkêran masjid, punika pasareanipun Kajêng Sultan ingkang kaping 3, kalihan para santananipun, ngangge kacungkul,[29] mênggah cungkulpipun[30] taksih katingal prayogi sarta agêng: ayon[31] sirap, kacriyos cungkupipun lami sampun risak, ingkang amulyaakên[32] swargi kajêng pangeran bupati ing Dêmak, kala taun Walandi: 1852. Pasareanipun Kangjêng Sultan ingkang kaping 1 sarta 2, panggenanipun wontên sajawining cungkup ingkang sasisih[33] lèr utawi sanginggiling Kajêng Sultan ingkang kaping 3, botên mawi kacungkup, awit kajêng sultan kêkalih wau botên karsa kacungkup. Pasareanipun Kajêng Susuhunan Ngundung:[34] wontên sajawining cungkup dagan ingkang ngandhap, mawi sêngkala

--- [11] ---

kasêrat wontên ing sela sêkaranipun, mungêl: pandhita trus sariraning tunggal,[35] saking pratelanipun juru kunci sêngkala wau nalika sedanipun madyaning[36] paprangan wontên ing Majapait.

Sasampuning tuwan mariksa pasareanipun para ratu ing Dêmak, lajêng wangsul dhatêng kabupatèn, lênggah sakêdhap saha ngunjuk tih, tuwan têtiga lajêng pamit dhatêng ingkang bupati bilih badhe lajêng dhatêng Kadilangu, ingkang bupati botên angatêrakên, margi kapambêngan pêrlu, sasampuning têtabean, lajêng natih kareta pos, Kadilangu wau sati pasareanipun Kangjêng Susuhunan Kalijaga wiyolah[37] ing tanah Jawa, dene ingkang anênggani pasarean wau, putra wayahipun kang sumare, [su...]

--- [12] ---

[...mare,] inggih punika ingkang dados juru kunci, anama Pangeran Wijil, wondening ingkang minăngka têdhanipun, kados dening pènsiyun: 175 rupiyah sawulanipun. Kajawi punika sati dhusun Kadilangu kaparingakên, minăngka têdhanipun tiyang ingkang angrimati sawawêngkoning pasarean.

Sarawuhipun ing Nadilangu[38] tuwan jujug dalêmipun Pangeran Wijil. Tuwan matur ing pangeran, nyuwun lilah badhe diarah[39] pasareanipun kajêng susuhunan. Pangeran anyumanggakakên, lajêng kaaturan dhatêng pasarean, Pangeran Wijil angatêrakên.

Sarêng lumêbêt ing balemanguning pasarean, ing ngriku pangeran anêdahakên [anêdahakê...]

--- [13] ---

[...n] dhatêng tuwan, warni panjang ambêng: bilih dhahar Arya Panangsang ing Jipang. Ing nalika wêktu dhahar, pakathikipun mêksa lumêbêt sowan Sang Arya Panangsang, kalihan akuthah rah margi kupingipun kapêrung dening Sultan Pajang[40] sarta ambêkta sêrat panantang, sarêng sampun maos sêrat panantang, sêkul ingkang sampun kapêl-kêpêl[41] lajêng kabanting ing panjang ambêng wau, panjang pêcah dados sakawan, dene warnining panjang punika kados damêlan Cina: mawi sêkaran ijêm sarta abrit, tumutên[42] tuwan lumêbêt ing gapura ingkang kaping kalih, lajêng lumêbêt malih ing kori kaping tiga, dhatêng sajawining cungkup pasarean ingkang jawi, tuwan ambikak sêpatu sarta mojah, lajêng malêbêt ing cungkup, ing ngriku wontên cungkupipun masih

--- [14] ---

alit, punika panggenan pasareanipun kajêng susuhunan.

Dene cungkup wau griya limrah kemawon, wangunipun pêncu, pagêr papan gêbyog, makatên ugi cungkup ingkang nglêbêt panggenan pasarean, inggih sêpên botên wontên têtingalan ingkang anèh. Saunduripun saking pasarean, tuwan têtiga nyuwun pamit dhatêng Pangeran Wijil, lajêng têtabean, tuwan nuntên anitih kareta, sarêng dumugi ing Kudus mampir ing grayanipun[43] tuwan asastèn[44] resadhèn,[45] lênggah sakêdhap lajêng tindak anitih kareta kagunganipun tuwan asistèn residhèn, rawuh dhatêng Kudus kilèn, mariksani masjid kina yasanipun Kajêng Susuhunan Kudus, sadumugi ing Kudus kilèn [ki...]

--- [15] ---

[...lèn] katingal masjid agêng, sangajênging masjid wau wontên manaranipun inggil sangêt saha sae, wangunipun pêsagi, inggilipun wantawis wontên 70 kaki, mênggah pangêtrapipun banon tanpa kalepa ing gamping, namung kaabên kosok sami banon kemawon, pancèn inggih awig ing pakartènipun, pagêring masjid tuwin gapura sadaya banon, pangêtrapipun sami kados dening manara, mênggah pamasanging banon botên kadamêl wradin, awit kasinukarta dening sasêkaran, ing saèstu andamêl rêsêp kang aningali. Tuwan mariksa salêbêting masjid inggih limrah kemawon. Tuwan mêdal saking masjid lajêng mariksa pasareanipun kajêng susuhunan, wontên sawingkinging masjid, pasarean [pasare...]

--- [16] ---

[...an] mawi kacukup[46] sarta katingkatingalan[47] kaupakara sae. Sasampuning mariksani sadaya lajêng wangsul dhatêng asistenan, lèrèh dhahar, sasampuning dhahar lajêng bidhal numpak kareta pos dhatêng kitha Pathi, sadumugining kitha Pathi, lèrèh ing griyanipun Tuwan Wèlêm Têmèêlên, kontrolir ăngka 1 ing Pathi, inggih punika kaprênah ingkang rayi tuwan kula wau.

Kula kadhawuhan kakêrsakakên aningali kitha ing Pathi sarta kinèn anyêrati, kula kaparingan kanthi magangipun tuwan kontrolir, nama Mas Mulyadi.

Ing Kabupatèn Pathi griyanipun majêng mangidul, alun-alunipun botên wiyar, waringinipun sêngkêran namung satunggil, ing wêngkon[48] kabupatèn rupêg sangêt, mawi

--- [17] ---

pagêr banon mubêng têpung gêlang, margining lumêbêt menggak-menggok, taksih manut pranatan Jawi kina, dene pandhapinipun inggih sae nanging alit, pandhapi ingkang ngajêng kasambêtan tratak anglangkungi panjangipun, nanging ciyut punika ingkang dêdamêl[49] saru, pagenanipun[50] para prayantun songan lapuran sawulan sapisan.

Salêbêting kitha margi-margi sarta kapagêr banon. Mawi bolongan, griya-griya Wlandi inggah[51] kathah saha ngajêngakên ing radinan agêng, pungkasan kitha ingka[52] kilèn lan lor karisidhenan, griyanipun langkung agêng sarta sae, majêng mangalèr mawi plataran mubêng, antawis satêngah pal saking kantor wau, dalêmipun residhèn anglangkungi agêng [a...]

--- [18] ---

[...gêng] saha endah, dados panggenanipun wontên sajawining kitha, kiwa têngên dalêm mawi griya pamondhokan tamu, ngajêng griya agêng dumugining radinan, wontên patamananipun asri wiyar, ing têngah-têngah wontên bèjinipun. Sarêng sampun sêrap kula wangsul dhatêng pondhokan. Tuwan namung nyare sadalu, enjingipun tuwan bidhal nitih kareta pos dhatêng apdhèling ing Purwadadi Grobogan, saking Pathi ngidul, sarêng dumugi ondêr dhistrik Wanalela dhistrik Cêngkalsèwu, tumêdhak saking kareta gantos nitih titihan kapal, awit radinanipun alit sarta minggah mêdhun, inggih punika ingkang nama rêdi Kêndhêng, sarêng dumugi kawêdanan ing Grobogan, tuwan gantos nitih kareta pêthukanipun tuwan asastèn residhèn [residhè...]

--- [19] ---

[...n] ing Purwadadi, lèrèh grayanapun tuwan asistèn residhèn.

Enjingipun tuwan têtiga tindak dhatêng Kuwu, têbihipun saking Grobogan tigang pos, sadumuginipun ing Kuwu, tuwan tumêdhak saking kareta amriksani ingkang nama Kuwu, punika maujud angeram-eramakên, ingkang botên kenging ginayuh dening manungsa, ing ngrikuku[53] kawastanan Balêdhug, wiyaripun watawis wontên tigang bau, warni siti êndhut sarta êmbêl amimblêg-mimblêg, maujud êndhut cuwèr, tuwan têtiga agènipun[54] mariksani ragi cêlak kalihan êmbêl wau, nanging kacêgah dening wadana Kuwu, awit sitinipun sagêd ngolah-ngalih dados êmbêl, punapa malih lêbêting êndhut tanpa wêkasan, wadana tumuntên mundhut pagêr [pa...]

--- [20] ---

[...gêr] gêdhe[55] wiyar katumpangakên ing êndhut wau, dados tuwan sagêd mariksani wontên sanginggiling gêdhèg, êndhut wau tansah sagêd malêndhung agêngipun sagriya-griya, lajêng blêdhos mawi nyuwara gumaludhug, plêndhungan êndhut wau sarêng jêblos amêdalakên toya panas raosipun asin, sarta amêdal kukusipun, dene ing pinggir ugi sami malêndhung alit-alit sarta kathah pêcahing plêndhungan ingkang alit-alit, swaranipun pating crêplok, inggih mêdal kukusipun, sarta angêdalakên toya pana[56] sarta asin, toya ingkang mêdal saking pêcahing plêndhungan wau dipun kirihi dening para tiyang ing Kuwu, kadamêl sarêm.

--- [21] ---

Mila para tiyang ing Kuwu pakaryanipun sami damêl sarêm saking wêdali[57] toya plêndhungan êndhut ingkang blêdhug, kadamêl ing panggaotan agêng, awit kajêng guprêmèn sampun anglilani tiyang alit damêl sarêm, mila ing Grobogan botên kasadenan sarêm saking kakangjêng[58] guprêmèn, sarêm wêdalan Kuwu wau namung kenging kasade salêbêting apdhèling Grobogan kemawon, dene pandamêlipun sarêm tiyang ing Kuwu ragi rêkaos, beda sangêt kalihan pandamêling sarêm ing pulo Madura. Mênggah pandamêlipun sarêm tiyang Kuwu, toya ingkang saking pêcahing plêndhungan kacidhuk ing timba lajêng kasokakên [ka...]

--- [22] ---

[...sokakên] dhatêng klakah, ingkang namama[59] klakah wau, dêling kasigar kalih kabucalan tumpènipun, bilih toyanipun asat dipun jogi malih, ngantos marambah-rambah, sarêng toya kenging soroting srêngenge sagêd kênthêl dados sarêm, namung warninipun mangkak.

Tuwan lajêng mariksa dhatêng mandhikil, têbihipun saking Balêdhug tigang pal, ing ngriku wontên siti pêpunthuk ingkang anywara kumrêngsêng kados wedang umob. Ing pêpunthuk wau tansah adamêlakên[60] êndhut mili panas, tuwan dhawuh dikakakên anjajagi panggenan êndhut ingkang mili sarana dêling salojor,[61] dêling wau kapêtêlan[62] [kapê...]

--- [23] ---

[...têlan]

tiyang kêkalih sarosanipun, nanging botên sagêd lumêbêt sadaya, awit katulak wêdaling êndhut saking nglêbêt, sawêg lumêbêt sapalih tiyang kalih sampun botên kuwawi amêtêlakên, tumuntên kula tuwin tiyang satunggil malih dados tiyang sakawan, sami amêtêlakên, ewadene botên sagêd majêng, sarêng dêling sampun botên sagêd lumêbêt malih, lajêng dipun culakên, wêdali dêling saking lènging êndhut sumêbut mumbul dhatêng ing gantara[63] ngantos inggil.

Tuwan lajêng mariksa para tiyang ingkang sami damêl sarêm. Nanging pikantuking [pikantu...]

--- [24] ---

[...king] toya, mawi sarana damêl sumur lêbêt, pamêndhêtipun katimba mawi senggot, toyanipun panas kados wedang, raosipun asin, dene pandamêlipun sarêm sami ugi kalihan ing Blêdhug.

Sarêng tuwan sampun mariksa sadaya, tumuntên wangsul dhatêng ing Grobogan, nyare kalih dalu, enjingipun bidhal nitih kareta pos dhatêng Gundhi, sadumugining Gundhi lajêng numpak kareta latu ingkang saking Surakarta dhatêng Sêmarang, sarêng dumugi ing sêtasiyun Kêdhungjati, tuwan tumêdhak pindhah kareta latu ingkang lumampah dhatêng Wèlêmin, sarêng dumugi ing sêtasiyun [sêta...]

--- [25] ---

[...siyun] Kêdhungjati, tuwan tumêdhak pindhah kareta latu ingkang lumampah dhatêng Wèlêmin, sarêng dumugi haltê Tuntang, tuwan tumêdhak gantos nitih kareta kapal dhatêng Salatiga, wontên Salatiga kèndêl ing griyanipun tuwan asastèn residhèn, kula nyuwun pamit, badhe sumêrêp kawontênanipun ing Salatiga ingkang kenging kula sêrati.

Kitha Salatiga punika dumunung wontên sukuning rêdi Marbabu.

Griyanipun tuwan asistèn majêng mêngalèr sarta alit, iringanipun ingkang wetan êlêt radinan mawi alun-alun, sanadyan kitha alit katingal rame, lampahipun tiyang dagang kathah.

--- [26] ---

Toko Wêlandi tuwin Arab wontên, pacinipun alit anglantrèng turut radinan ing[64] dhatêng Surakarta, nanging rame. Punapadene pangagênging prajurit kapalan sakalihan saradhadhunipun manggèn wontên ing Salatiga punika ingkang amêwahi ramenipun, wontên Balemarta patirahanipun janma nandhang roga, kagunganipun kajêng guprêmèn, ing saèstu bilih tiyang sakit tirah dhatêng Salatiga sagêd enggal saras, punika saking dayaning hawa asrêp, sabab hawa asrêp sagêd anyawarakên[65] sakathahing sêsakit.

--- [27] ---

Ing sawetanipun kitha wontên udaling toya lakung[66] bêning, mawi pagêr jare[67] sarta mawi griya payon sirap, saha mawi kabilik-bilik, nama lèpèn Taman, kadamêl pasiraman agêng, kados ing kota Batu Bogor, sintên ingkang adus, mawi bayar 25 sèn, ingkang kagungan prigi wau nama Tuwan Hèigêndhêrat. Kula lajêng lumampah mangidul, aningali umbul toya langkung sangking bêning, nama umbul Sênjaya, cêlak ing dhusun Tingkir, saking Salatiga kawan pal têbihipun. Punika ing ngajêng tirakatanipun Kajêng Sultan Prabu Amijaya[68] ing Pajang, ing nalika taksih timur ingkang nama Radèn Mas Karèbèt (Jaka Tingkir) sarta wontên

--- [28] ---

patilasanipun warni sela gêgilang, ingkang minăngka pagenan[69] panyêpèn, malah dumugi ing sapunikaka[70] dados pamidhanganipun tiyang kathah.

Saking umbul Sênjaya kula mampah[71] dhatêng tuk Odho prênah sakilèning Salatiga, tuk Odho wau yèn măngsa rêndhêng pêpêt, botên mili toyanipun, bilih sampun numpak măngsa katiga, andarbèna[72] sasmita mungêl jumêgur, pratăndha tuk Odho sampun mênga wiwaranipun, katingal toyanipun mumpal-mumpal mili agêng lajêng para tiyang tani andandosi bêndungan tuwin susuk wangan, toya kailèkakên dhatêng pasabinanipun.

Saking tuk Odho kula lajêng

--- [29] ---

dhatêng lèpèn Tuntang: aningali grujugan Sêmirang, anjlogipun toya saking nginggil dhumawah ing ngandhap, kintên wontên 100 kaki, andamêl eram dhatêng tiyang ingkang sawêg nêmbe sumêrêp, karana dhumawahing toya sakalangkung inggil, sadumugining ngandhap dhumawah ing sela mala swaranipun kumarasak kamirêng saking katêbihan (mèh sami kalihan grujugan Punbahung ing Malang) cariyosipun tiyang ing ngriku, salêbêting grujugan wau wontên guwanipun wiyar, bilih tiyang wontên salêbêting guwa wau: botên têlês. Mila ing nalika taun Walandi 1824 dados pratapanipun Radèn Ayu Serang, ingkang kacriyos dados [da...]

--- [30] ---

[...dos] senapati paprangan jaman pêrang Dipanagaran.

Kula lajêng wangsul dhatêng Salatiga, enjingipun tuwan têtiga bidhal nitih kareta kapal, sarêng dumugi ing Tuntang nitih kareta latu, ingkang dhatêng ing Wilêmin (Bahrawa) wontên ing Bahrawa lèrèh wontên ing griya nêdha, kula kadhawuhan ing tuwan, dikakakên lumampah aningali punapa-punapa ingkang pantês dipun sêrati.

Kula lajêng aningali bètèng ingkang kawastan[73] Wilêmin, adamêl gumun ngunguning manah aningali kawujudanipun bètèng agêng dhapur pêsagi sakalangkung santosa, warninipun endah [e...]

--- [31] ---

[...ndah] awig ing pandamêlipun, mawi jagang-jagang sarta baluwarti saha katanêman ing dêling ori; sampun ngrêda, wiwaranipun sakawan, wetan kidul kilèn sarta êlèr, nanging ingkang kangge dipun lampahi tiyang kêkalih, wiwara wetan kalihan kidul, lojinipun mubêng tundha satunggil, plataran ingkang têngah mawi sumu[74] bur. Kala ing ngajêng isènipun prajurit langkung kathah ewon, nanging ing wêktu punika namung sakêdhik sangêt, jalaran kala taun 1867, ing Bahrawa wontên lindhu agêng, ngantos loji-loji wau kathah ingkang blêdhag. Măngka kacriyos wragad pandamêlipun bètèng Wilêmin wau têlasa[75] 30 yuta rupiyah, mila sakalangkung emanipun, karana satanah Indiya botên wontên ingkang [ing...]

--- [32] ---

[...kang] anambangi.

Kula lajêng dhatêng ing Banyubiru, ing ngriku inggih wontên wadya-tăntra Kumpêni, nanging botên kathah amung sawatawis, griyanipun namung tangsi kemawon, Banyubiru kaprênah sukunipun rêdi Katelamaya (Marbabu).

Kula lajêng dhatêng dhusun Rawaseba, ing ngriku wontên rêdi alit kawastanan candhi Dhukuh, wontên pasareanipun Sang Aprabu Brawijaya, ing Majapait wêkasan, mênggah pasarean wau sakalangkung panjang, selanipun sêkaran sinambat sabêt saha mawi kaukir sae, kula pêcaki panjangipun wontên 12 pêcak, beda sangêt kalihan pasarean ing Dêmak tuwin Kudus, sarta [sar...]

--- [33] ---

[...ta] botên kacungkup.

Kula lajêng dhatêng umbul Pêning, ing ngriku kula aningali toya langkung wiyar kados samodra; amulak-mulak, saking bêninging toya tuwin lêbêt katingal biru, kasiliring aliwawar katingal mawi ombak gumulung alirap-lirap, andamêl nyênyêsing manah, ing têngah wontên cêcukulan anama prumpung: gêsang wontên sanginggiling toya, manawi dhêdhapuran kados wuluh, lembak-lembak anut lampahing toya, mubêng kapantuk ing maruta, winastanan prumpung sapu, cariyosipun tiyang ngriku, punika prumpung dados sapuning jim pêri pêrayangan, ingkang makayangan wontên ing Pêning, mila toya ing Pêning botên sagêd katutup [katutu...]

--- [34] ---

[...p] ing cêcukulan sarta rêrunggut, jalaran sinapu lampahing prumpung rintên dalu botên mawi lèrèh. Punapa ing Pêning kathah jin ingkang nglampahi nêrak awisaning ratunipun. Dene kathah jin ingkang nyambut damêl pêksa kinèn nyapu rintên dalu, iba pulisi jin wasis-wasis ngupados katrangan, mênggah lêbêtipun umbul Pêning botên kenging kacakrabawa. Saking gotèkipun tiyang Rawaseba ingkang angatêr kula: nalika kakèkipun buyut, sampun anyêmplungakên kudhi wontên têlênging umbul Pêning, ngantos dumugi buyut sapunika dèrèng sagêd kandhas dumugi dhasaring siti ngandhap?

--- [35] ---

Saking Pêning botên têbih kula ningali udal kêkalih: toyanipun panas kados wedang, mêsa amikantuki kadamêl adus tiyang ingkang nandhang roga. Cariyosipun umbul kêkalih wau, kala rumiyin sêpuh ingkang langkung mandi, ing nalika Sang Aprabu Brawijaya narendra ing Majapait wêkasan, kèngsêr saking praja awit pêrang kawon kalihan adipati ing Bantara,[76] lajêng adhêdhêkah manggèn ing rêdi Candhi dhukuh, karsa anindakakên pakaryan pandhe, ajêjuluk Êmpu Budhasêkti, ayasa sakathahing dêdamêl ingkang lungit sarta ampuh.

Kula saking umbul Pêning lumampah mangetan, aningali dhatêng umbul ingkang nama

--- [36] ---

Muncul, namung kalih pal saking Pêning têbihipun, dumunung wontên sukunipun rêdi Gajahmungkur (Marbabu) sarêng kula sumêrêp sakalangkung gawok mawi miris ing manah, dene wêdaling toya saking sêlaning sela ingkang agêng manyul nistha kados sirahing taksaka raja, wêdaling toya sumêmbur sumêmprot pindha kadosdenening[77] wêdaling wisa saking tutuking naga makrura: arsa manaut mamangsanipun, sumalaking[78] ganggêng sarta lumut katut wêdaling toya sumêmprot, kadosdening ilating taksaka nyêmbur mêdalakên hawa, wêdaling toya sangking sela swaranipun kumarasak kapirêng saking katêbihan, ing saèstu agêgirisi dhatêng tiyang ingkang nêmbe sumêrêp. Dene ilining toya anjok [anjo...]

--- [37] ---

[...k] ing rawa Bahrawa nunggil kalihan toya saking Pêning. Dene bêbujênganipun toya ing lèpèn Muncul ingkang kathah ulam tămbra, umbul Pêning ulam gramèh. Ing wêktu kula ningali kawontênanipun rawa Bahrawa botên sagêd têlas gumuning manah, mênggah wiyaripun rawa wau kintên gangsal pal pêsagi, nanging toyanipun katutup ing rêrukut[79] ingkang tuwuh wontên sanginggiling toya. Punapa malih wontên kaelokan ingkang linangkung, inggih punika rawa wau sabên warsa asring jêblos, êndhut saking ngandhap muncrat manginggil, sakathahing cêcukulan kados piniyak lembak-lembak, sanalika lajêng dados talaga lirap-lirap sumorot, wiyaripun kintên gangsal bau, êndhut datan [data...]

--- [38] ---

[...n] kêndhat muncrat mangigil[80] dhawah kiwa têngên kados bètèng bilih katingalan, sarta mawi swara botên kêndhat, glêgar-glêgêr, ngumandhang kapirêng saking mandrawa, limrahipun winastan londèr, saking gotèkipun tiyang ing Bahrawa, ing wêktu wontên londèr, inggih punika para dhêmit jim pêri parayangan sami gadhah damêl amêmantu, punapa botên gêlagêpan dene wontên salêbating[81] toya, kados bangsaning kodhok plembang. Saking Bahrawa mangalèr kintên kawan pal têbihipun, kula aningali ingkang winastan Gêdhongsanga, wontên sukunipun rêdi Kangungrungan, ingkang kawastanan gêdhong wau warni candhi (griya so) kathahipun sanga, nanging waktu punika ingka taksih katingal [ka...]

--- [39] ---

[...tingal] sae namung têtiga, sanèsapun[82] sami ambruk, nanging botên dipun upakara, dipun uwakakên kemawon.

Kacariyos, saking dongèngipun tiyang ing ngriku, ing jaman kina ing Gêdhongsanga dados pratapatanipun ajar nama Rêsa[83] Salokantara, langkung waskitha sidik paningalipun, awit sampun gêntur dhatêng tapanipun, andarbèni endhang satunggil, lakung endah warninipun, nama Endhang Kirana.

Ing nalika punika sa[84] maharêsi marêngi badhe sidêkah pangruwating mala, Endhang Kirana kinèn rumantos sajèn-sajèn utawi têtêdhan ingkang kinarya sidêkah, endhang matur sandika, saha nyuwun ngampil sêking (lading alita)[85] [ali...]

--- [40] ---

[...ta)] pêrlu kadamêl nigasi gêgodhongan ingkang badhe kinarya sêsêkaran ing sidêkah.

Sa pandhita aris angandika: iya rara prayoga, nanging wêkas kudu eling, yèn sira wis nganggo (yèn wis sira anggo) aja nganti sira wani-wani mangku marang iku sêking, awit ora bêcik kadadeane. Endhang matur angèstokakên dhawuh pacuhanipun sa tapa. Endhang tumuntên mêdal nyambut damêl angrakit ingkang badhe kadamêl sidêkah, nanging saking karsaning juwata ingkang linangkung, endhang dumadakan têka kasupèn ing wêlingipun sang pandhita. Sasampuning nyambut karya sêking [sê...]

--- [41] ---

[...king] lajêng pinangku, botên ngatos[86] sakêdhèping netra sêking prabawa musna, Endhang Kirana sakamantyan kagèt sarta andhrêdhêg badaning sakojur, manah sungkawa miwah trataban. Endhang enggal-enggal atur wuninga dhatêng sa pandhita: musnanipun sêking kêmayan.

Sarêng sang tapa miyarsa aturipun Rêtna Kirana, sanalika kagèt sarta gugup ing pênggalih, wusana sa rêsi ngandika alon: dhuh rara sira wis pêsthi karsane Sang Hyang Girinata, sira tan wurung anggarbini, ing têmbe babar taksaka gung agêgirisi sarta mawa prabawa, marmane saiki karsaningsun, sira ingsun tinggal ana pratapan ing Gêdhongsanga kene, ingsun arsa

--- [42] ---

linggar marang gunung Katelamaya, mung ingsun mamêkas ing têmbe gonira garbini yèn wus lair, sungana aran Jaka Baruklinthing, nanging warna taksaka nagaraja.

Kacariyos, sang pandhita tumuntên linggar mangidul pindhah pratapan wontên ing aldaka Katelamaya kêndhitipun prawata Marbabu, anggênturakên tapa sagêda alingga bathara, pratapan asri katingal ngalela.

Endhang Kirana anggènipun garbini sampun dumugi ing ubayanipun sangang wulan, anglairakên warni taksaka kumlekar, lajêng sanung[87] têtêngêr: ngèstokakên walingipun[88] sang tapa, nama Jaka Baruklinthing, sarta sampun sagêd tata jalma, matur ingkang ibu:

--- [43] ---

dhuh ibu sintên ingkang ayoga dhatêng kula, mugi ibu paringa pitêdah ingkang sanyata.

Iya gèr. Sira iku putrane pandhita linuwih, aran Rêsi Salokantara, amêrta[89] ana ing wukir Katelamaya kêndhiting gunung Marbabu, ka[90] miring ngalor, nanging yèn kêna sira tak pênggak sêdyamu iku, awit kowe yèn nganti katêmu marang wong tuwanira, kang cêtha sira bakal nêmu papa cintraka. Botên ibu kula kumêdah sowan rama sang pandhita, sanadya[91] kula badhe manggih papa cintraka utawi dados dhêg[92] amun-amun, ing[93] kula têmah. Iya gèr kang ora liya ingsun anjurungi karaharjan ing lakumu. Baruklinthing sumungkêm padaning ibu.

--- [44] ---

Lajêng pangkat.

Kacariyos, Jaka Baruklinthing lajêng manêkung manêgês karsaning juwata ingkang kawêkas.

Ong siwah wisesa jati mahayu ri mahayun mananggapa, têgêsipun: dhuh Hyang Wisesa satuhu kuwasa sung arja dhatêngakên gara-gara jawah păncawora tarik, lesus dhèdhèt orawati,[94] lajêng lèpèn ing Gêdhongsanga banjir lakung agêng toya saking rêdi Kangungrungan, Jaka Baruklinthing enggal anjêgur lèpèn angèli anut lampahing toya banjir, siti ingkang katrajang banjir dados lèpèn agêng, katêlah dumugi sapunika nama kali Panjang. Sarêng dumugi siti bulak saantawising [saanta...]

--- [45] ---

[...wising] aldaka Marbabu, Jaka Baruklinthing minggah ing dharat ngadêg jêjêr lwir tuku[95] tan sinukarta, amaspaosakên wukir Marbabu, padhepoklanipun[96] ingkang rama, pratapan katingal ngalela mawa prabawa, Sa Jaka angungandika:[97] apa kae pratapane rama kang katon asri amawa cahya, têmtu ora cidra ika pratapane pandhita kang wus lingga bathara. Katêlah dumugi jaman sapunika siti panggènipun Ki Jaka kewraning manah kawastanan dhusun Têgalmangu. Baruklinthing lajêng lumampah dêdêl sumêngka ing wukir Katelamaya, pêthit ngadêg sarta mungêl kumarompyong kados gantha sayuta, saha amawa prabawa. Sakathahing tiyang parêdèn sami giris mirêng swara [swa...]

--- [46] ---

[...ra] kumarompyong wontên ing dirgantara, kalihan mawi prahara angin lesus agêgêtêri, para tayang[98] sami adêdupa tuwin bucali sêkar-sêkar ingkang gănda wangi supados sirêpa.

Kacariyos, Sa Rêsi Salokantara, sarêng amiyarsa wontên swara kumarompyong kados gêntha sayuta wontên ing dirgantara, sa tapa langkung kagèt, lajêng mêdal saking padhepokanipun, amawas kawontênanipun swara, sang rêsi botên kasamaran ing tingal, bilih ingkang dhatêng mawi gung swara sarta prabawa, punika ingkang putra. Sanadyan Sang Jaka inggih sumêrêp, bilih tiyang ingkang dhatêng amêthukakên punika ingkang rama, mila Sang Jaka enggal lampahipun, lajêng manganjali sumungkêm [sumungkê...]

--- [47] ---

[...m] padaning rama. Sang pandhita ngandika: kulup bagea satêkanira ana ngarsanisun.[99] Sa Jaka matur sarta manganjali: dhuh rama kang wisesa, sanyata kuwasa sung arja papa ing ulun. Nanging sa pandhita sêmu duka, jalaran dhatêngipun Ki Jaka mawi digsura amurang tata, purun angwontênakên prabawa dhèdhèt erawati anggêgêtêri, andamêl girising para tiyang ing parêdèn sadaya, sarta merang darbe wêka taksaka gung kagila-gila, sanalika tuwuh sruning duka saha ngandika wêngis.

Hèh Baruklinthing, kayaparan dene sira kumawani marang ingsun, jujug tanpa larapan, sarta ungumbar[100] swara lan amawa prabawa, gawe gita girising [giris...]

--- [48] ---

[...ing] kawulaningsun wong pagunungan kabèh. Sa tapa saksana narik katga, pêthiting Sa Jaka katigas, Ki Jaka lajêng nglêmpuruk kados kapuk sirna daya prabawanipun.

Sang pandhita angandika: hèh, Jaka, sira aja lunga-lunga saka kene, matêngna tapanira, aja sira boga yèn ora ana têka ing ngarêpira, besuk kowe ruwat papa cintrakanira, pulih paripurna sajatining manungsa kang sampurna, sa tapa kondur dhatêng padhepokan. Tansah manungku puja sêmèdi, nênuwun Sang Hyang Jagad Wisesa, anakipun tumuntêna enggal ruwat saking papa cintraka, sagêd dados manungsa kang utama.

Kacariyos Baruklinthing, sapêngkêring [sapêngkêr...]

--- [49] ---

[...ing] kang rama sang pandhita botên mingsêr saking panggenan waktu katigas pêthitipun, wontên sukuning rêdi Katelamaya angalêngkêr[101] wontên ing ngriku, saking laminipun agènipun ngalêngkêr, ngantos kacukulan ing glagah sarta kambêngan tuwin kêkajêngan sanèsipun, dados sampun botên katingal sipating taksaka, katêlah dumugi sapunika nama rêdi Malêkêr, sakiduling rawa Bahrawa.

Kocapa, ing dhusun Banarawa sangandhaping rêdi Katelamaya, para tiyang ing dhusun ngriku badhe sêdhêkah mêrti dhusun, kamisêpuh sarta tiyang kathah kesah angupados sato wana, badhe kadamêl ulam anggènipun badhe sidhêkah, anggènipun kesah awit enjing [e...]

--- [50] ---

[...njing] ngantos lingsir kilèn, botên pikantuk satunggiling sato.

Kamisêpuh wicantên: he, kănca dina iki kok sabêl têmên, wong kancil bae ora mrangguli, tak kira kewane padha ngalih marang gunung, ayo kănca padha munggah marang gunung bae. Măngga kyai: mumpung taksih ragi siyang.

Kacariyos, tiyang Banarawa sadaya lajêng sami minggah dhatêng rêdi Katelamaya, rèhning sami sayah lèrèh wontên pêpunthuk sukuning rêdi, ingkang kadamêl linggih èmpêr prabatang agêng. Wontên satunggiling tiyang badhe nginang anyigar jêbuk kalandhêsan ingkang warni prabatang wau, berangipun [berang...]

--- [51] ---

[...ipun] angenging ingkang pandha[102] prabatang, prabatang mêdal êrahipun, tiyang wau wicantên: he kănca iki prabatang dudu suwadine, ora ana kayu kang wis dadi prabatang mêtu tlutuhe. Kamisêpuh enggal aningali: iki sanyatane dudu kayu, iki buron kang diarani uling, ayo kănca nuli dipurak, mumpung ijih awan. Enggalipun lajêng kapurak-purak, ulamipun kausung mantuk dhatêng griyanipun umbul ing dhusun Banarawa, kadèkèk wontên ing mathokan, ulam angêbêki griya satunggil.

Kacariyos, yitmanipun Baruklinthing angêtutakên para tiyang ingkang angrêmbab[103] ulam ngantos dumugi griyanipu[104]

--- [52] ---

umbul ing Banarawa, nanging warninipun sang yitma wau lakung dening awon: bathuk nonong mripat gêrong, irung mênthil kuping pêrut, dhadha pêksi wêtêng bèkèl. Bokong canthik suku impur, tangan kuwaga. Lampahipun jujug ing latar ngajêng griya mathokan, nêmbung dhatêng tiyang ingkang wontên ing mathokan: kyai bok inggih kula nyuwun ulam sakêdhik, minăngka jampi luwe. Para tiyang mangsuli sêrêng: hèh, bocah kang ora wêruh ing tata, iwake ta: lagi arêp diolah, kowe kok wani anjaluk, sing kangelan, ta: durung wêruh rasane, kêbat kowe lungaa saka kene, nèk kowe ora nuli lunga mêngko kowe kêpranangan ing gêgitik. Yitma lajêng kesah dhatêng pawon,

--- [53] ---

amanggihi juru adang nama Nyai Lêmbah, nêmbung anêdha sêkul. Nyai Lêmbah anyukani sêkulipun têmpèlèng ing godhong jati. Bagus tak wèhi sêga, nanging ora ana iwake, jaluka iwak mênyang mathokan. Yitma wicantên, inggih nyai sangêt panuwun panarimah kula, sampeyan paring sêkul dhatêng kula, kalihan malih kula aningali wontên sada sumêlap ing gêdhèg, manawi kaparêng kula suwun. Iya jukukên gus. Yitma mêling dhatêng Nyai Lêmbah: mangke mênawi wontên swaraning tiyang rame, utawi swara kumarasak kados lampahing banjir agêng, nyai kula purih enggal numpak lêsung sarta ambêkta enthong kadamêl wêlah, anuruta

--- [54] ---

lampahing toya, ing pundi kèndêling lêsung sampeyan lajêng amêntasa lajêng sampeyan dhêkahi wontên ing ngriku. Nyai Lêmbah sampun nyagahi.

Kocap, sang yitma bêkta sêkul satêpelang kalihan nyangking sada saêlêr dhatêng ing mathokan: nêmbung anêdha ulam sakêdhik, sarta andêdahakên sêkul ingkang kabuntêl ing godhong jati ingkang tanpa ulam. Juru mathokan sangsaya nêpsu, sa yitma dipun dhupaki sêkulipun wutah dhawah ing sati. Sang yitma wicantên: he: kyai dika pun watak brangasan, andhupaki wong kang botên salah, hla, kula saniki ajêng gawe pasanggiri, niki sada saêlêr kula tancêpake ontên [o...]

--- [55] ---

[...ntên] satêngah latar, sintên kang bisa bêdhol, hla, kula trima dika sêmbêlèh manăngka[105] wuwuhe iwak kang dika olah, nanging nèk dika botên pêcus bêdhol, kula mung jaluk iwak mêntah sathithik, kula gawe tămba luwe.

Umbul ing Banarawa wicantên. He, bocah iki kumalungkung angina marang wong tuwa akèh, iya mara tancêpna sadamu. Sa yitma lajêng anancêpakên sada ingkang sampun kacêpêngan wontên satêngahing latar. Umbul ingkang angrumiyini ambêdhol, nanging botên sagêd ambêdhol, lajêng gêntos-gêntos ambêdhol, ugi botên kabêdhol. Tiyang

--- [56] ---

sadhusun nêpsu sadaya badhe anyêpêng sang yitma, sumêdya dipun pêjahi. Sang yitma sumêrêp sêdyaning para tiyang wau, sang yitma angêningakên cipta lajêng abêdhol[106] sada ingkang tumancêp wau, bêdholing sada ambêkta siti kakipatakên mêngalèr dhawah sakidul wetanipun rêdi Kangungrungan, dados rêdi nama Kêndhalisada, dados rêdi wau saking kêndhalining sada. Tilas panggenan sada ingkang kabêdhol wau, sanalika madal[107] toyanipun langkung dening agêng angêlêm dhusun Banarawa, tiyang ing ngriku botên sagêd angungsèkakên gêsang matêmah[108] tiyang sa-Banarawa sadaya pêjah kabalabag. Namung Nyai Lêmbah sarêng mirêng swara rame saanak putunipuripun[109] kajak numpak lêsung kawêlahan ing enthong,

--- [57] ---

sarêng dumugi wana Mangkêlang lêsung minggir kèndêl, Nyai Lêmbah saanak putunipun sami mêdal, lajêng dhêdhêkah wontên ing ngriku, lêsung wau sapunika inggih taksih, nanging maujud sela, kalêrês wontên sangandhaping krêtêg Tuntang, lèpènipun nama lèpèn Tuntang.

Sada ingkang kacêpêng sa yitma lajêng sagêd malih warni taksaka agêng sabokoting[110] tal, matur dhatêng sa yitma badhe dhèrèk sapurug-purugipun, sang yitma inggih nampèni sasêdyanipun taksaka. Sa yitma enggal mêdhêt[111] ulam ingkang wontên samaran, bilih[112] ingkang dhatêng[113] thokan[114] sakêpêl, wicantên dhatêng taksaka, balih[115] badhe sowan ingkang rama dhatêng wukir Katelamaya.

--- [58] ---

Kacariyos, Ajar Salokatan[116] tansah manungku puja sêmèdi, kasaru dhatêngipun ingkang putra kairing ing taksaka agêng, sang rêsi botên kasamaran, bilih ingkang dhatêng ingkang putra yitmanipun Sa Baruklinthing, ingkang sampun dipun ruwat dening tiyang Banarawa. Sang pandhita ambagèkakên: kulup bagea satêkanira ana padhepokan ingsun.

Sang yitma matur sarta manganjali, dhuh rama saking pangèstu paduka manggih raharja. Sira ingsun dêlêng diiring taksaka naga, iku saka ngêndi ajal[117] kamulane. Inggih panêmbahan, punika taksaka kadadosan saking sada ingkang sampun katancêpakên wontên dhusun Banarawa, kadamêl pasanggiri, sarêng punika [pu...]

--- [59] ---

[...nika] sada kula bêdhol lajêng malih dados taksaka naga, sagêd tata jalma, wicantên kêdah tumut salampah kula. Saha kula sak punika bêkta daging sakêpêl saking Banarawa.

Sang pandhita ngandika: prayoga bangêt sira gawa dagingira, ing saiki untalên aja ngago[118] ambêkan. Sira bisa nêtêpi paribasan, kaya ta: yèn manungsa urip ana mêrtyapada, upamane: kêris manjing warăngka, nanging besuk yèn ana ngendrabuwana, warăngka manjing curiga, iku têgêse bisa agulung[119] jagad. Dadi saiki sira iku kulup, wis nyata aran manungsa kang utama, karana wis badan rohkani, iya iku kang sinêbut loroning tunggal dadi sawiji.

--- [60] ---

Ing saiki kulup, kowe sira ingsun paringi jênêng: Jaka Bandhung, dene mitranira taksaka ingsun tangêri[120] aran Sarpabăngsa, isun[121] patah manggon ana ing umbul Banarawa, nanging Banarawa saiki ingsun êlih aran umbul Pêning, awit dadine umbul mau jalaran Jaka Bandhung angêningake păncadriya. Sang pandhita ngandika malih: he, kulup Bandhung ingsun miyarsa warta, yèn panjênêngane Sang Prabu Tejaningrat, ing nagara Majapait (punika karaton Majapait ingkang sapisan), angundhangake sayêmbara, sapa kang bisa angusadani gêrahe ingkang putra: aran Dèwi Kasmalawati, yèn nganti bisa mulya kaya kang nguni-uni, bakal kaganjar salêksa karya lan katriman [katrima...]

--- [61] ---

[...n] putri mau dene gêrahe sa putri mau, diridhu (godha) dening gandarwo aran Mangkara kang makayangan ing gunung Sêmèru, dadi sang rêtna mau gêrah owah saka panggawene gandarwo Mangkara. Nanging lamun sira kang ngusadini[122] masthi bisa mulya, sabab sira bisa wêruh marang gandarwo dhustha. Wis kulup sira enggal mangkata lan Si Sarpabăngsa tak lilani bali marang umbul Pêning anglurahana para jin ing kono. Jaka Bandhung kalihan Sarpabăngsa sampun pamit asumungkêm pada sang wiku, sadumugining jawi pratapan, Jaka Bandhung lan Sarpabăngsa pêpisahan, Sarpabăngsa dhatêng Pêning, Jaka Bandhung lampahipun mangetan dhatêng nagari Majapait, sadumugining praja lajêng sowan nayaka waktra, anama Kyai Patih [Pa...]

--- [62] ---

[...tih] Gajahendra, sawêg lênggah wontên ing pasowanan kaadhêp para bupati, Jaka Bandhung matur dhatêng kyai patih: kula nuwun, sowan kula ing paduka pêrlu badhe anglêbêti undhang sayêmbaranipun sang aprabu. E, sira iku bocah saka ngêndi, lan sapa sumarmanira, sarta sapa jênêngira. Kula nuwun, nama kula pun Jaka Bandhung, bapak kula nama Ajar Salokantara, pratapanipun ing rêdi Katelamaya Marbabu. Iya prayoga sira darbe tur[123] saguh angusadani sang rêtna, ayo tak irid sowan ing ngabyantara nata. Kyai patih sampun munjuk sang prabu: kawula nuwun gusti sa prabu, abdi dalêm kawula anyaosi wuninga ing paduka sang prabu, bilih wontên lare dhatêng nama

--- [63] ---

Jaka Bandhung anakipun Ajar Salokantara ing rêdi Marbabu, sagah angaturi usada gêrahipun putra paduka sang rêtna, ananging warninipun saru sangêt. Sang prabu ngandika: iya patih dahat sukaning panggalih isun, bab warna ala iku ora dadi ngapa, janji bisa mulyakake larane sang rêtna. Mara enggal timbalana patih. Jaka Bandhung sampun sowan ing ngarsa sa nata. Sa prabu angandika: he: Jaka Bandhung sêbab sira wus saguh angusadani gêrahe putranisun Sang Rêtna Kasmalawati, janji bisa waluya kaya ing nguni-uni, wis têmtu sira sun ganjar bumi desa salêksa karya lan jênêng adipati, apa manèh sang rêtna tak kramakake marang sira. Bandhung munjuka:[124] kawula

--- [64] ---

nuwun gusti sa prabu, kawula sandika, anyaosi usada dhatêng putra paduka sang rêtna, nanging kawula kêdah sumêrêp dhatêng warnipun[125] sang putri, awit gêrahipun putra paduka punika, dipun ganggu dening gandarwo nama Mangkara, ingkang makayangan wontên ing wukir Sêmèru, bilih gandarwo wau botên dipun cêpêng ing saèstu putra paduka sang rêtna botên sagêd mulya, măngka ingatasing bangsaning jin, para manungsa botên sagêd anyamêrêpi[126] warnipun.

Sa Prabu Tejaningrat, langkung dhangan miyarsakakên aturipun Jaka Bandhung. Ngandika dhatêng Patih Gajahendra: he, patih Sa Bandhung iridên marang dhatulaya, banjur sira jujugna

--- [65] ---

gêdhong panggonane sa putri, lan si êmban pradapa kanthimu[127] malêbu marang kênya puri. Patih munjuk sandika, Jaka Bandhung egal[128] kairid malêbêt kaputrèn.

Jaka Bandhung sarêng sumêrêp Sang Dyah Rêtna Kasmalawati, sakalakung wêlas, sabab sariranipun sakalangkung risak, sarta tanpa ujwala, pratăndha sampun lami anggènipun nandhang roga, botên dangu wontên suwara bayu bajra gumrubug, pratandhanipun sa gandarwo dhatêng. Bandhung bisik-bisik kalihan ki patih: mangke sakêdhap gandarwo ingkang ngrêncana sa putri dhatêng, awit prabawanipun angin sampun gumrubug. Paduka kula sêpata lisah kula kamayan, supados [supa...]

--- [66] ---

[...dos] mangke paduka ngwuninganana warnaning gandarwo dhustha, botên sakêdhèping netra Mangkara sampun dhatêng anggêgodha dhatêng sang rêtna dipun ajak alambang sari, sang putri lajêng jêrit sarta amuwun sêru, gandarwo ngintên bilih Jaka Bandhung botên sumêrêp ing sasolah-tingkahipun. Jaka Bandhung botên tahan aningali patrapipun Mangkara dhustha, bramatya[129] ngadêg nyat lajêng nyêpêng dhatêng Mangkara kawêdalakên saking gêdhong, panggenanipun sang putri, sarêng Mangkara kacapêng[130] dening Bandhung sirna sadaya kaprawiranipun, badanipun lêmês ludhês kados kapuk anglêmpuruk, tanpa daya. Bandhung cicantên:[131] ayo wêtokna kasêktènira, ingsun timbangi ora-orane ingsun ocad[132] [o...]

--- [67] ---

[...cad] mungsuh marang dhapurira. Gandarwo botên sagêd anggulawat, namung cangkêmipun kajuwat kamit, Bandhung ngatag malih: he, dhustha rêrêgêding bumi kêbat cêlathua, sapa jênêngira lan ngêndi kayanganira, lan apa pêrlune sira kumawani lumêbu ing kadhaton Majapait, yèn sira ora tumuli sumaur bakal mêsthi lan sun dulang taining lingsang. Gandarwo lajêng sagêd lênggah sarta sumungkêm suku Bandhung, kalihan matur angrêrêpa, dhuh-dhuh gusti pêpundhèn kawula, mugi-mugi karsaa paring pangaksa[133] sakathahing dosa kawula, namung kawula angaturakên pêjah gêsang kawula, dene nama kakula[134] pun Mangkara, kayangan kawula wontên ing wukir Sêmèru, mênggah kamipurun kawula [ka...]

--- [68] ---

[...wula] lumêbêt ing dhatulaya, awit kawula langkung kasmaran dhatêng sang rêtna, nanging botên sagêd kapandhan[135] kapti, mila sa rêtna kawula gora godha, ing sapunika kawula sampun tobat. He, dhustha Mangkara dadi wus têrang sira wis anglakoni panggawe duryasa nistha, nanging ingsun ora kuwasa awèh pangapura marang sira, kudu sira sun caosake Sa Prabu Tejaningrat. Iku kang kuwasa ngukum utawa angluwari. Jaka Bandhung matur dhatêng Patih Gajahendra, kyai patih punika dhustha prayoga dipun bêkta, lajêng kacaosakên sang nata. Hla, anggèn kula bănda ngangge tambang punapa, tiyang punika dhustha basaning[136] jin. Hla, punika paduka kula aturi tangsul kêmayan, [kê...]

--- [69] ---

[...mayan,] botên usah katangsulakên, punika tangsul sagêd ambêsta piyambak dhatêng pun Mangkara, pasangkitan[137] gandarwo lajêng kaunjukakên sang prabu, saha gandarwo sampun botên sagêd anglimunan, sadaya tiyang sakadhaton sagêd sumêrêp.

Kyai patih ngunjuk sa nata: dhuh gusti kawula nyaosi wuniwa,[138] bilih dhustha ingkang sampun anyikara ing sang rêtna lêrês bangsaning jin, sapunika sampun kapikut dening Jaka Bandhung, kawula sumêrêp piyambak panyêpêngipun Bandhung dhatêng gandarwo dhustha, ing sapunika kasumanggakakên ing ngarsa dalêm.

Sang nata ngandika dhatêng Bandhung, he,

--- [70] ---

Bandhung kapriye panêmunira, saka kaluputane sa gandarwo dhustha, awit wus têrang kang dhèwèkne wus kumawani angrusak marang kadhaton ingsun, ing saèstu kaparingan pidana dhatêng brêkasakan ingkang sampun lami purun ing sang prabu, kawula nyuwun êjun têmbagi, badhe kangge angunjara gandarwo dhustha, bilih dhustha sampun kawula lêbêtakên, enggal katutupan ing têmbaga lajêng kapatrenan, ing saèstu pun Mangkara botên sagêd mêdal saking salêbêting êjun. Sa prabu sampun maringi jun têmbagi, gandarwo Mangkara lajêng katutupan ing têmbagi sarta kapatri, Jaka Bandhung anyangèni: [a...]

--- [71] ---

[...nyangèni:] he, gandarwo dhustha, tampanana pidanane Sang Prabu Majapait, besuk sira bisa luwar, yèn ratu Jawa angadhaton ing Mataran,[139] jêjuluking nata Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma, yèn wis luwar sira banjur ngawulaa marang Sa Prabu Mataran mau, jun lajêng kalabuh dhatêng sagantên Kidul. Dene sang rêtna sampun waluya kados wingi uni.

Sang prabu ngandika dhatêng Patih Gajahendra: he patih Jaka Bandhung ingsun pasrahake marang sira, lan aja nganti kurang sawiji apa.

Sang nata dhawuh dhatêng sang pramèswari: bok ratu sira ingsun utus dhawuhake marang putrinira nani[140] Kasmalawati

--- [72] ---

besuk ing dina Buda Cêmêngan, bakal tak dhaupake marang Si Jaka Bandhung, nêtêpi kang wus dadi sayêmbaraku. Inggih sandika pangeran. Sang pramèswari sampun rawuh ing kaputrèn, andhawuhakên timbalan sa prabu dhatêng sa dyah rêtna. Dèwi Kasmalawati matur: kula botên sagêd anglampihi[141] jalaran warninipun Bandhung sakalakung saking awon. Bilih kula kapêksa, kula palaur[142] pêcad jiwa kula: ngêndhat talimurda. Sa pramèswari lêgêg ing panggalih, lajêng ngandika: iya nani mêngko ingsun rêmbuge karo ramanira. Pramèswari matur sang prabu, nuwun kakang prabu putra paduka kang nini Kasmalawati, bilih kadhaupakên kalihan Bandhung mopo

--- [73] ---

botên sagêd anglampahi, dipun pilaur pêjah obong, sêbab warninipun Bandhung awon sangêt. Hla, kapriye yayi ratu, rak diarani ratu cidra têmtu bakal olih sapudhêndhaning juwata. Kaluhuran dhawuh paduka, nanging rak wontên ingkang minăngka sarana supados pun Bandhung sampun runtik manahipun. Ing ngajêng kula darbe kakudangan, bilih pun nini Kasmalawati sagêd apalakrama, kula botên nêdha têtumbasan mas picis rajajabrana,[143] sintên ingkang sagêd damêl candhi sèwu dados sarêng sadalu, kalihan têlaga bandhung toyanipun ingkang bêning. Tinambang[144] kecalan putra, rak prayogi ngesahakên Bandhung

--- [74] ---

kang klayan aris. Mungguh aturira iku andadèkake dhangan panggalih ingsun.

Sa prabu enggal nimbali Jaka Bandhung, sarêng sampun sowan sa nata ngandika: he, Jaka Bandhung muguh[145] pakaryanira angusadani marang nini putri, bangêt ing suka panarimaningsun, ing saiki sira ingsun junjung ing aluhur ingsun paringi nama adipati sarta lungguh bumi salêksa karya. Kajaba iku kulup Bandhung ijih ana kang dadi rêntênging panggalih ingsun. Karana ing ngarêp yayi pramèswari darbe kêkudangan, yèn si nini Kasmalawati krama, ora mundhut tukon mas picis rajabrana, yèn ana manungsa bisa gawe candhi sèwu dadi

--- [75] ---

barêng sawêngi, lan têlaga bandhung kang banyune bêning bangêt, iku kang mêsthi kang dadi jodhone nini putri. Jaka Bandhung matur: kawula nuwun, punapa dhawuh pangandika sang prabu, kawula munjuk sandika, namung kaparêng anggèn kawula damêl candhi tuwin têlaga bandhung wontên sukunipun wukir Marapi kang kidul. Saha kawula nyuwun punggawa kêkalih minăngka pasêksèning lampah: angèstokakên dhawuh pangandika sang nata. Sang prabu enggal dhawuh dhatêng Adapati[146] Kadhari[147] kalihan Madiun, kinèn angiringakên lampahipun Jaka Bandhung minăngka pasêksèn.

Kacariyos, Jaka Bandhung kalihan [kali...]

--- [76] ---

[...han] punggawa kêkalih sampun pangkat, botên kacariyos lampahipun ing margi, sampun dumugi sukuning rêdi Marapi ingkang kidul, papanipun waradin, anjujug dhusun nama Prambanan.

Ing wêktu wanci dalu sirêping jalma, Jaka Bandhung dhatêng satêngahing ara-ara wau, lajêng alênggah sidhakêp asuku tunggal. Amêpêti babahan ingkang sasanga, angèsthi păncadriya angêningakên cipta, nênuwun ing juwata kang linuwih warni candhi sèwu sagêd dados sadalu, kalihan talaga bandhung, katarimah panêkungipun Bandhung katăndha wontên suwara kumaludhug[148] sarta rêdi Marapi animbangi mungêl gumlêgêr pucuking rêdi

--- [77] ---

murup angalad-alad. Sanalika candhi sêg maujud, nanging sèwunipun kirang satunggil, jalaran kamanungsan, taksih dalu Jaka Bandhung mirêng tiyang èstri nyapu rèk kêrèk. Mila Jaka Bandhung lajêng angupatani dhatêng para prawan ing dhusun Prambanan, he, kabèh prawan ing desa Prambanan, ora bisa laki yèn durung kira duwe anak têlu papat. Iku lagi bisa laki.

Jaka Bandhung lajêng dhatêng panggenan têlaga Bandhung wanci lingsir wetan. Lumampah wontên sapinggiring têlaga wau, sarêng Bandhung aningali rai tuwin awakipun sadaya, langkung dening kagèt. Awit salaminipun dèrèng nate sumêrêp ing warninipun,

--- [78] ---

anggagas salêbêting manah: e, e, dadi gon isun dipundhuti satukoning sang putri warna candhi sèwu bisaa dadi sawêngi karo tlaga bandhung, mung digawe nampik alus. Aja pêcak putri putrane narendra binathara karsaa, sanadyan sapadhaku têmtu ora sudi alinggihan marang aku, dadi bênêr bangêt karsane sang prabu mau, yèn ingsun boya bisa rupa bagus. Ingsun pêlaur lêbu ana kene, Bandhung lajêng angêningakên cipta nyuwun warna bagus. Tumuntên wara[149] dumêling: he, Jaka Bandhung katarima panuwunira, nanging sarananing sirna warnanira kang ala, sira enggala adus ana ing tlaga bandhung kang sira tunggoni iku. Jaka Bandhung tumuntên anggêbyur slulupa[150] ing tlaga adus kosokan rêsik,

--- [79] ---

sarêng Jaka Bandhung mêntas warninipun sampun santun bagus. Kados Sang Hyang Bathara Kamajaya, Bandhung lajêng amanggihi punggawa kêkalih, punggawa kêkalih botên angintên bilih Jaka Bandhung adalih juwata saking awiyat. Enggal angaturi panêmbrama, Jaka Bandung gumujêng latah, sarta wicantên. Dhuh mitra kula punapa paduka sakalihan pandung dhatêng kula. Punggawa mangsuli: o, ing saèstu kula katambêtan. Sintên paduka kang nêbe[151] rawuh. Kula rak Jaka Bandhung, pancèn lêrês paduka bilih pandung, karana ujud kula angajêng langkung dening awon. Sarêng kula adus ing tlaga bandhung sagêd sirna warni kula ingkang awon. Para punggawa kêkalih sapanêkaripun sami gêtun gumun,

--- [80] ---

kaelokaning juwata kang linuwih. Punggawa matur sarèhning sampun kalêksanan sadaya pamundhutipun sang aprabu, anggèr kula aturi tumuntên mundur dhatêng praja Majapait. Sagêda tumuntên kawuningan rama paduka sang aprabu. Inggih paman. Nanging wontên cuwaning manah kula, dene candhi punika namung sèwu kirang satunggil. Margi kamanungsan awit saking pratingkahipun para prawan ing Prambanan. Wanci taksih dalu sampun nyapu ing latar. Dene tlaga bandhung kula wastani tlaga Nirmala. Punggawa matur: sadadyan candhi tiyang namung kirang satunggil punika kula ingkang tumanggêl. Namaning tlaga kula sampun nyuwawèni, kawastanan têlaga Nirmala.

--- [81] ---

Enggalipun Bandhung kalihan punggawa kêkalih sampun mundur dhatêng praja Majapait. Lajêng sowan ing ngabyantara nata: munjuk ing purwa madya wasananipun, sang prabu sakamantyan ing pangunguning panggalih, ngunandika: e, hong ilahèng, dene ana jalma darbe pangwasa kaya dewa kang wisesa, wusana ngandika: he, punggawa sira enggal mêtua, Jaka Bandhung lan Si Patih Gajahendra ingsun timbali. Kawula nuwun inggih sandika. Bandhung kalihan patih sampun sowan ing ngarsa sang nata.

Sang Prabu Tejaningrat, angandika: he patih ing saiki si kulup Bandhung wus sun tamira[152] gawene, ingsun paringi nama Radèn Arya Bandhung Băndawasa

--- [82] ---

ingsun têtêpake dadi adipati ana ing Singasari, amêdananana para bupati ing bang wetan kabèh, lan sun paringi lungguh rong lêksa karya, apa manèh sun têmokake putraningsun nini putri Kasmalawati, ingsun trimakake marang Adipati Bandhung Băndawasa, mungguh dhaupe besuk dina Buda Cêmêngan măngsa Manggasri iki, banjur parentahna marang kawulaningsun para bupati pasisir măncanagara kabèh, nuli sira dhawuhna makajangan ana ing alun-alun. Sadurunge dhaup Si Arya Bandhung Băndawasa ingsun pasrahake marang sira, aja nganti kêkurangan siji ara,[153] patih matur sandika.

Botên kacariyosakên ing pambuja [pambu...]

--- [83] ---

[...ja] wiwahanipun, Arya Bandhung Băndawasa sampun kadhaupakên kalihan Sang Rêtna Kasmalawati, atut rukun anggènipun apalakrama.

Kacariyos Arya Bandhung pindhah dhatêng praja Singasari, amêdanani para bupati ing bang wetan sadaya, sampun mukti wibawa sakalihan ingkang garwa Sang Dyah Rêtna Kasmawalati.

Arya Bandhung Băndawasa, lajêng ayasa candhi sela itêm, awig ing pakartinipun sadaya saha mawi ukir-ukiran, wangunipun kados dening candhi ing Prambanan, nanging sapunika sampun kathah ingkang risak. Candhi wau mawi kapagêran mubêng sarta kadekan[154] gapura wangun supit urang, botên mawi

--- [84] ---

inêb-inêb sarta tanpa payon, pagêr tuwin gapura ingkang kadamêl sela itêm sadaya, sakiwatêngênipun gapura, mawi kadekekan rêca gupala kêkalih sami linggih jegang saha nyêpêng goda, dene ing ngigiling[155] rêca dau:[156] 12 kaki, mênggah agêngipun timbang kalihan inggilipun. Mripatipun malolo sami kalihan jêram gulung, rêca samantên agêngipun malah gadanipun wau, sela wêtah satunggil botên mawi sambêtan.

Kacariyos, panjênênganipun Tuwan Sarêl Têmèlên,[157] kalihan tuwan-tuwan kalih nyare wontên griya nêdha kalih dalu, enjingipun bidhal nitih kareta latu dhatêng nagari Surakarta, [Surakar...]

--- [85] ---

[...ta,] jam satêngah satunggil siyang rawuh ing Sêtasiun Balapan, lajêng numpak kareta kapal jujug saha lèrèh ing griya nêdha Sala. Kula lajêng kadhawuhan tuwan kinèn aningali kawontênanipun praja Surakarta, punika têlênging karaton nungsa Jawi.

Padalêmanipun Ratu Jawi punika, ingkang dipun tulad, kadhatonipun Sa Hyang Bathara Endra, sakawit tiyang badhe lumampah dhatêng alun-alun, kawastanan kori gêladhag, awit sabên sontên Sa Hyang Bathara Endra sakalihan para juwata, sami gladhag sangsam wontên ing ngriku, sabab salèr kori cakêdipun grogol sarta dipun [di...]

--- [86] ---

[...pun] wastani kori pamurakan, lajêng alun-alun. Sakiduling kori pamurakan ing wetan wontên waringinanipun nama waringin Jenggot, ingkang kilèn nama waringin Wok, kala Bathara Endra waringin kêkalih wau ingkang dipun angge gamêl. Waringin sêngkêran satêngahing alun-alun. Ingkang kilèn nama Dewadaru, ingkang wetan nama Jayandaru, waringin kalih wau ingkang dipun angge inggih êmas, kala Bathara Endra. Salèring pagêlaran cakêt, punika wontên waringin kêkalih, waringin kang sandhing mariyêm Kumba-kumba, Aswanikumba. Punika wontên waringinipun kêkalih, punapa wontên namanipun. Punika kang kilèn wasta: waringin Binatur,

--- [87] ---

kang wetan wasta waringin Gung, ingkang dipun age[158] inggih êmas, dados kala karatonipun Bathara Endra ing alun-alun, namung wontên pathêtan[159] waringin nênêm kathahipun, waringin kathah ingkang urut pinggir botên wontên, mila botên wontên namanipun. Satêngah pagêlaran kapering wetan, punika wontên griya alit, nama bangsal pangrawit, kala Bathara Endra ingkang dipun angge inggih êmas. Wetan pagêlaran utawi kilèn pagêlaran, punika wontên kori mangetan mangilèn, punika nama kori pamêngkang. Kilèn pagêlaran, wetan pagêlaran, punika wontên kori saking lèr mangidul, anjog wetan sitinggil utawi kilèn satinggil,[160] kori kalih wau, sawetan pagêlaran sakilèn pagêlaran ingkang mangidul, punika

--- [88] ---

nama kori supiturang. Kidul kori supiturang, wetan satinggil kilèn sitinggil kilènsitinggil,[161] sakidul kori supiturang cakêt sawetan sitinggil sakilèn satinggil, punika nama kori pacikêran, sakidulipun kori pacikêran, punika nama kori trêmboko, nanging sapunikaka inêb-inêbipun botên wontên, dimipun taksih wontên. Yèn saking pagêlaran badhe minggah ing sitinggil, punika wontên kori, sawikingipun[162] bangsal pangrawit, kori ingkang badhe minggah sitinggil, punika nama kori wijil pisan, kori sanginggiling undhak-undhakan sitinggil, punika kori wijil kalih. Têngah sitinggil wontên [wontê...]

--- [89] ---

[...n] griya agêng, punika nama bangsal witana. Palèr[163] bangsal witana wontên griya alit tumèmpèl bangsal witana, punika nama bangsal manguntur tangkil, ingkang kadamêl panarak[164] kajêng sinuhun, bilih bakda. Sakilèn bangsal witana utawi wetan bangsal witana punika wontên griya, punika kala Bathara Endra, ingkang kilèn nama bangsal balebang, kang wetan nama bangsal angun-angun. Saking sitinggil lajêng mundhun[165] mangidul, botên wontên korinipun, nanging kala Bathara Endra wontên korinapun,[166] kados undhak-undhakan ingkang lèr, kala Bathara Endra: ingkang nginggil wasta kobi[167] rêntêng, ingkang ngandhap kori mangu, sasampuning punika lajêng kori brajanala.

--- [90] ---

Lajêng kori kamandhungan, kilèn wetan wontên bangsal agêng, ingkang nginggil kala karatonipun Bathara Endra, dipun wêstani bale marakata, sarêng karaton sapunika bangsal kêkalih wau, ingkang wetan kadamêl pasowanipun wadana Gajihan. Ingkang kilèn pasowanipun wadana lêbêt. Ingkang nama wadana Gajihan, para mayor prajurit, mila dipun wastani wadana Gajihan, sabab lurahipun abdi dalêm tiyang Gajihan, sasampuning kori kamandhungan lajêng kori srimanganti, mila kawastanan kori srimanganti, kala Mintaraga: Dananjaya mênang pêrang kalihan Prabu Natakawaca,[168] dipun timbali dhatêng Kaendran,

--- [91] ---

badhe dipun ganjar widadari, sarêng dumugi ing Kaendran, Bathara Endra mêthuk wontên ing kori angêntosi dhatêngipun Dananjaya, mila kasêbut kori sramanganti.[169] Sapunika inggih taksih nama srimanganti, botên kok lajêng susuhunan angêntosi Dananjaya wontên ing ngriku. Sabab manawi kajêng tuwan jendral lumêbêt dhatêng karaton, ingkang sinuhun mêthuk angêntosi ing kori srimanganti. Kajêng tuwan residhèn manawi lumêbêt ing kraton, ingkang mêthuk ing kori namung tumênggung èstri, anggènipun mêthukakên inggih wontên kori srimanganti. Sasampuning kori sramanganti, lajêng lumêbêt ing palataran, [palatar...]

--- [92] ---

[...an,] lajêng dalêm prabayasa, inggih punika dalêmipun ingkang sinuhun. Rakit-rakitipun kathah ingkang sanès kalihan karatonipun Bathara Endra, sabab kala dalêmipun Bathara Endra botên mawi pandhapa, kala samantên ingkang kadamêl pandhapa bale marakata, punika bilih Bathara Endra amanggihi tamu para dewa. Ingkang nama karang pawidadarèn, ing sapunika dipun wastani ing kaputrèn, wontên sawingkinging dalêm, korinipun dhèn[170] dhatêng kaputrèn punika: bilih saking palataran, sakiduling dalêm, utawi lèring dalêm, punika wontên kori, dipun wastani kori kêkalih wau, punika dipun wastani kori ijêm. Sampuning[171] kori ijêm wau [wa...]

--- [93] ---

[...u] kala dalêmipun Bathara Endra nama kori mangungkung (mangunkung). Sasampuning kori mangunkung lajêng lumêbêt karang pawidadarèn, ing sapunika nama kaputrèn. Ingkang kidul inggih mawi nama sramanganti kidul, tumuntên kori nama kadhungmlathi,[172] sasampuning kori gadhungmlathi, lajêng kori nama saleko, sasampuning kori saleko, lajêng kori brajanala kidul, inggih lajêng sitinggil kidul, tuwin alun-alun kidul. Alun-alun ingkang êlèr wontên pasowan griya mubêng sapinggiring alun-alun, punika kala karatonipun Bathara Endra, dipun wastani bale pawatangan, dene ing sapunika

--- [94] ---

pasowanipun para wadana. Kori ngalun-alun ingkang mangilèn utawi ingkang mangetan, nama kori galedhegan. Tuwan Têmèêlên kalihan tuwan kêkali[173] mariksa ing masjid Agêng, ing[174] pinindha wangunipun majid,[175] inggih nyithak masjid ing Dêmak, ingkang kacariyos yasanipun para waliyolah, mila warninipun masjid Surakarta botên siwah kalihan masjid ing Dêmak, namung kaot agêng ing Surakarta. Tuwan têtiga nyuwun lilah sowan ing Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping 9, sasampuning sowan dhatêng kadhaton, lajêng sowan Kajêng

--- [95] ---

Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, sanèsipun dintên sowan dhatêng Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, pêpatih dalêm ing karaton nagari Surakarta, sanèsipun dintên malih martamu dhatêng dalêmipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga nagari Surakarta.

Tuwan Têmèalên[176] wontên Surakarta 10 dintên, sarêng enjingipun bidhal saking Surakarta nitih kareta latu dhatêng nagari Ngayogyakarta. Sarêng dumugi haltê Prambanan tuwan tumêdhak karsa amriksani candhi Sèwu ing Prambanan, katêranganipun kados ing ngandhap punika:

Pamariksanapun[177] tuwan ingkang wiwitan,

--- [96] ---

candhi ingkang wetan, minggah ing undhak-undhakan sela namung sawatawis inggilipun, mênggah awiging pakarti ngrawiting ukir-ukiran sarta saening rêrêngganipun sampun botên susah kula cariyosakên, para maos sampun kathah ingkang wuninga, nanging sapunika candhi-candhi wau sampun kathah ingkang risak, salêbêting candhi ngriku wontên lêmbu agêng satunggil, jarum[178] majêng mangilèn, sawingkingipun lêmbu wontên rêca kêkalih sami nitih rata ingkang kidul titihanipun rata pangirid turăngga sadasa, ingkang lèr titihanipun rata pangirid turăngga sapta, cariyosipun priyantun Prambanan ingkang dhèrèk tuwan, lêmbu punika

--- [97] ---

gambaripun Lêmbu Andini, rêca kêkalih punika sami gambaripun Sang Hyang Surya. Dene turăngga patu[179] pangiriding rata wau, kacariyos ulêsipun ijêm, inggih punika kapal sêmbrani sagêd mabur ing dirgantara, sarta kaparingan nama tuwin sasêbutan: 1. Rêsi Dite, 2. Rêsi Sora,[180] 3. Rêsi Anggara, 4. Rêsi Buda, 5. Rêsi Rêspati, 6. Rêsi Sukra, 7. Rêsi Tumpak, punika wiwitipun wontên namaning dintên pêpitu, mila kapal bilih kadamêl sêngkalan gadhah tak[181] pitu. Dene rata ingkang pangirid kuda sadasa, ugi namanipun dintên, margi sadèrèngipun wontên dintên pêpitu, pangetangipun dintên sadasa, kakados[182] [ka...]

--- [98] ---

[...kados] ta: 1. Pandhita, 2. Pati, 3. Suka, 4. Duga, 5. Sri, 6. Manu, 7. Manuswa, 8. Raja, 9. Deya, 10. Raksasa.

Sawênèhing pandhita amastani dintên wau makatên, 1. Sri, 2. Manu, 3. Manuswa, 4. Raja, 5. Dica of Ditya, 6. Raksasa, 7. Danuja, 8. Pisaca, 9. Dewa, 10. Iaksa, ing ngriku sinêbut candhi Surya.

Saking ngriku tun[183] mariksani candhi ingkang kilèn: jèjèr têtiga, êlèr kidul alit, ingkang têngah agêng, ingkang kapriksanan tuwan rumiyin ingkang kidul, nanging sampun rêbah sirah wau taksih cêtha wadananipun sakawan. Cariyosapun[184] priyantun

--- [99] ---

wau, candhi punika gambaripun Sang Hyang Bathara Brama, candhi punika ugi winastan candhi Brama, mali[185] Sa Hyang Brama kagungan wadana sakawan, awit nalika para widadari sami alenggot bawa wontên ing Ngendrabuwana, matayanipun angubêngi palênggahanipun Sang Hyang Brama, Sang Hyang Brama saking sakamantyan sêngsêming panggalih lajêng nyipta kagungan muksa sakawan, supados anggènipun mariksani matayanipun para widadari sampun ngantos mingar-mingêr.

Saking candhi Brama tuwan dhatêng mariksani candhi ingkang alèr,[186] ing ngriku wontên rêcanipun agê[187] satunggil, cariyosing priyantun [pri...]

--- [100] ---

[...yantun] wau, punika gambaripun Sang Hyang Bathara Wisnu, ing ngriku ugi sinêbut candhi Wisnu. Saking candhi Wisnu tuwan lajêng mariksani candhi ingkang agêng payambak,[188] sarta mawi cêpuri pagêr sela mubêng, inggilipun kalih mètêr, punika ugi mawi sênthongan maju sakawan, minggahipun tuwan saking wetan anjujug sênthongan ingkang majêng mangilèn, ing nglêbêt wontên rêcanipun agêng satunggil, cariyosipun priyantun wau, punika gambaripun Sang Hyang Bathara Siwah, ing ngriku ugi sinêbut candhi Siwah, gambaripun kados ing ngandhap punika:

Sa Hyang Bathara Siwah punika bilih

--- [101] ---

tiyang agama Brama, anganggêp dewa ingkang linangkung, mila dipun gambar jèjèr tiga: Brama, Siwah, Wisnu, punika sami gadhah wajib piyambak-piyambak, Sang Hyang Brama: pandamêlanipun mijèkakên sawarni gêsang, Sang Hyang Wisnu: pandamêlanipun rumêksa sawarnining gêsang, Sang Hyang Siwah: pakartinipun ambrastha sawarnining gêsang, nanging têtiga wau sajatosipun namung satunggil wontên Sang Hyang Siwah, inggih punika ingkang winastan Trimurti. Mila Sang Hyang Surya punika ingkang anggêsangi saliring dumados sadaya. Dene Lêmbu Andini wau pasêmoning bumi, inggih punika ingkang angadêlakên[189] tirta:

--- [102] ---

kama andhanu (kamandhanu).

Saking ngriku tuwan lajêng mariksani sênthongan ingkang majêng mêngalèr, ing ngriku wontên rêcanipun satunggil agêng majêng mangalèr, jumênêng ancik-ancik lêmbu, astanipun kathah kalihan angrênggêp dêdamêl warni-warni. Cariyosipun ingkang limrah winastanan: Rara Jonggrang, mêgah[190] sayêktosipun gambaripun Sang Hyang Bathara Siwah, ing nalika atriwikrama badhe anglêbur tuwuh.

Saking ngriku tuwan lajêng mariksani sênthongan ingkang majêng mangilèn, ing nglêbêt wontên rêcanipun agêng sirah liman majêng mangilèn, cariyosipun [cariyos...]

--- [103] ---

[...ipun] punika gambaripun Rêsi Gana, Saskrik mastani: Ganesa, mila asirah liman, pasêmonipun tiyang linangkung, awit liman sasami-samining kewan mangrêtos piyambak.

Saking ngriku tuwan lajêng mariksani sênthongan ingkang majêng mangidul, ing nglêbêt wontên rêcanipun satunggil majêng mangidul kalihan angêcurakên lantingan, cariyosipun ingkang limrah punika winastanan rêca Guru, anggènipun majêng mangidul kalihan ngêcurakên lantingan, punika dados pasêmon dhatêng tayang tani, têgêsipun: manawi tiyang tani badhe anyêbar winih pantun, bilih srêngenge sampun anglèrèg mêngidul.

--- [104] ---

Tuwan lajêng angubêngi candhi Siwah, mariksani gambar-gambar saubêngi[191] candhi tuwin pagêr cêpuri ingkang nglêbêt, gambar wau kêpatha[192] tiyang, sato kewan, pêksi sarta sanès-sanèsipun, pandamêlipun sakalangkung awig pancèn inggih angeram-eramakên, gambar ingkang wontên pagêr cêpuri kapêtha lampahanipun Bathara Ramawijaya, wawit[193] Dèwi Sinta kadhustha dening Sa Prabu Dasamuka wontên samadyaning wana, ngantos dumugi Anoman duta angrisak taman Soka ing Ngalêngka. Mênggah kawontênaning gambar botên siwah kalihan ingkang kacariyos ing Sêrat Rama (nanging sanès Ramandrung)[194] nanging wontên sakêdhik [sa...]

--- [105] ---

[...kêdhik] sulayanipun, inggih punika nalika Dèwi Santa[195] kabêkta Sa Prabu Dasamuka napak ing gêgana, linut dening kaga dibya Sa Jathayu, ing gambar ngriku Dèwi Sinta angulungakên agêmipun sêsupe dhatêng Sang Jathayu, ngantos dumuginipun Sa Jathayu kawon yudanipun kalihan Prabu Dasamuka, salajêngipun kêpanggih satriya Ramawijaya wontên satêngahing wana taksih anucuk sêsupe wau. Kula lajêng pitakèn dhatêng priyantun ingkang sampun anyariyosakên wau kadospundi gambar punika têka wontên gèsèhipun kalihan ungêling sêrat, sabab ingkang kacariyos wontên sêrat nalika Sa Jathayu

--- [106] ---

nututi Dèwi Sinta: lajêng dados pêrang kalihan Prabu Dasamuka ngantos Jathayu kawon, Sang Jathayu botên mawi nampèni sêsupe. Wangsulanipun priyantun: lêrês pancèn gèsèh. Hla, lêrês ingkang pundi. Bokmawi[196] lêrês ing gambar punika, awit punika damêlan pujăngga Buda Indhu, sadangunipun Sang Jathayu ngêtutakên Prabu Dasamuka wontên gêgana: matur pitakèn dhumatêng Dèwi Sinta, paduka punika sintên, lan karana punapa sa rêtna têka sêsambat Sang Dasarataputra. Wangsulanipun Dèwi Sinta: mêngko ta: kowe iku manuk apa, dene manun[197] bisa atata jalma. Aturipun Jathayu, mitranipun tuhu Prabu Dasarata. Yèn mêngkono kapasang [kapa...]

--- [107] ---

[...sang] yoga, andadèkna sumurupmu aku putri ing Mantilidirja, aran Dèwi Santa garwane satriya Ramawijaya putra ing Ngayodyapala, aku jaluk tulung marang kowe, kowe matura pangeranku satriya Rama, yèn aku dhadhustha[198] dening raksasa raja Prabu Dasamuka, pangeran tak aturi enggal ngrêbut marang aku. Kadospundi sang rêtna: satriya Rama punapa ngandêl dhatêng atur kula. Yèn mêkono[199] ali-aliku iku bae gawenên pratăndha: caosna satriya Rama, minăngka piandêling aturmu.

Sasampuning sêsupe dipun tapèni,[200] Sang Jathayu lajêng wangsul badhe ngupadosi dunungipun satriya Rama, nanging tuwuh

--- [108] ---

èngêtanipun: sasuwene aku golèki panggonane satriya Rama, lakune Dasamuka wisa[201] adoh, măngka aku iki matrane[202] sayêkti Prabu Dasarata, rak wis pantês tak rewangi labuh baya pati, Jathayu lajêng mangkrak triwikrama agêng saprabata siwi enggal wangsul anututi Dasamuka, matêmah dados prang rame, Jathayu cinandrasa pêdhot baunipun kiwa dhawah ing batala,[203] namung kapanggihipun Jathayu kalihan Rama wontên ing wana, punika taksih anucuk kalpika, kalpika wau dipun tampèkakên satriya Rama kalihan matur, anggènipun ngrêbat Dèwi Sinta kacidra raksa[204] raja ing Ngalêngka ngantos ical baunipun

--- [109] ---

ing[205] keri:[206] kagapati lajêng pêjah.

Tuwan lajêng ningali pêpêthan sawarnining gambar akang[207] katatah wontên saubênging pagêr candhi Siwah tuwin sanès-sanèsipun, candhi Wisnu ingkang lèr kilèn wontên rêcanipun satunggil, ingkang dèrèng rampung panggarapipun, taksih pating brucèl labêting pecokipun, lampahipun tuwan mangetan nêkuk mangidul, lajêng mangilèn, pagêr ingkang kidul kilèn ugi wontên rêcanipun ingkang dèrèng rampung panggarapipun, malah sawêg dipun cêkorongi[208] kemawon, bokmanawi kala rumiyin kasêlak [kasêla...]

--- [110] ---

[...k] kasêsa utawi supe dèrèng kababar.

Dados têtela candhi Prambanan wau kadamêl dening manungsa, botên kok saking sabdan utawi ciptan, kadosdene cariyosipun Bandhung Băndawasa.

Tuwan têtiga sampuning salêsih anggènipun mariksa sadaya candhi ing Prambanan, lajêng dhatêng nagari Ngayogyakarta nitih kareta latu, jujug ing griya lusmèn agêng, enjingipun lajêng sowan kajêng tuwan residhèn, anyuwun lilah badhe sowan Ingkang Sanuhun[209]

Kajêng Sultan Mêngkubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kalipatutlah[210] ingkang

--- [111] ---

kaping 6, kalihan sowan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Mêngkunagara Sudibya Narendraputra Mataram, saha sowan dhatêng Kadanurêjan, punika pêpatih dalêm ing karaton nagari Ngayogyakarta, sarta nyuwun lilah badhe aningali bètèng karaton kalihan ingkang winastan Tamansari. Ing saèstu angeram-eramakên, ngètèng[211] bagus sarta santosa, dèrèng wontên bètèng karaton ing kina-kina kados bètèng karaton Ngayogya punika, sanadyan ing Surakarta dèrèng paja-paja amèmpêra. Punapa malih ingkang nama Tamansari anglangkungi endah, ingkang dipun

--- [112] ---

emba cariyosipun Sêrat Menak, ingkang kasêbut patamananipun Sang Aprabu Nusirwan, ratu binathara ing praja Madayin, amawi gêdhong-gêdhong pagung[212] tuwin bèji-bèji kaèmpêr ing nalika panggihipun Dèwi Muninggar akalihan Amir Hambyah wontên ing gêdhong wau, ing saèstu botên wontên ingkang mirib karaton Jawi kala jaman rumiyin, nangi[213] sapunika bètèng tuwin Tamansari sampun risak, taman wau yasanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang sapisan ing Ngayogyakarta.

Kacariyos, nilaka[214] Kangjêng Sultan Sapisan pikantuk tiyang wontên pasisir sagantên Kidul, kulitipun pêthak,

--- [113] ---

ngakên angsal tiyang Portêgis, kesah dagang numpak kapal layar sarêng dumugi sagantên Kidul baitanipun kabalabag, kancanapun[215] sadaya pêjah, namung piyambakipun ingkang gêsang, nama Jukanis, kaabdèkakên dening sa prabu, sarêng sampun lami agènipun suwita, pyambakipun angaturakên gambar-gambar karaton nagari Eropah, kangjêng sultan andadosakên suka rênaning panggalih dalêm, sang prabu lajêng dhawuh karsa nelad gambar wau, lajêng ayasa karaton tuwin patamanan, ingkang pitados[216] damêl kadhaton Jukanis wau, pancèn nalika wontên praja Portêgis dados insinyir nagari, mila botên mawi kèndêl agènipun [agè...]

--- [114] ---

[...nipun] angreka damêl kadhaton. Mila walênipun[217] kalihan kadhaton Surakarta beda sangêt. Jukanis wau kawisudha dados punggawa yêyasan nagari, lênggah sabin kalih balah[218] karya sarta tampi paring dalêm balănja sabên wulan, katêdhan nama Dèn Ngabèi Prajamandrawa, amêdani[219] sakathahing para undhagi sapanunggilanipun.

Tuwan nyuwun lilahing kangjêng sultan. badhe angwuningani lêluhuripun narendra ingkang sumare ing Pasargêdhe Mataram. Tindakipun tuwan mawi kinurmatan congklang ginarêbêg para panèwu mantri, rawuhipun ing Pasargêdhe, para amat dalêm juru kunci sampun

--- [115] ---

sami samêkta, tuwan anjujug kadhaton pasarean, kapêthuk amad dalêm, sampuning tumêdhak saking kareta tuwan têtiga sami ambikak sêpatu sarta kaos suku, lajêng lumêbêt ing pasarean, tuwan pitakèn dhatêng amad dalêm, ingkang sami sumare wontên ing Kitha Agêng, amat dalêm amratelakakên, ingkang sumare ing nginggil pisan Sultan Dhatuk Palembang, saking cariyos Nitik, punika panjênênganipun Kajêng Susuhunan Kalijaga, ing ngandhapipun Nyai Agêng Ênis. Ngandhapipun malih punika Kyai Agêng Mataram, utawi Kyai Pamanahan. Ing ngandhapipun malih

--- [116] ---

Kajêng Panêmbahan Senapati ing Mataram, narendra linangkung pêpakuning tanah Jawi, undhagi amunah mêngsah suyut ing sanusa Jawi, prabawanipun kumondhang sakti botên wontên ingkang animbangi. Ing ngandhap pisan sakaranipun[220] Radèn Răngga, putranipun Panêmbahan Senapati ingkang pambajêng. Ing kadhaton pasarean, botên patos angrêsêpakên, jalaran dalêm pasarean taksih wangun kina, dados namung santosa kemawèn.[221] Masjid tuwin sarambi inggih namung dawêk kemawon, bale kambang mawi pinacak ruji, gapura tundha tiga, pamasanging banon abên kosok kemawon, ing jawi

--- [117] ---

kadhaton wontên waringin sakêmbaran. Sakiduling pasarean wontên sumbêr bêning toyanipun pinarigi, dipun ingahi gramèh saking lèpèn Oya, sarta bulus pêthak kalih, agêngipun satampah adamêl sênêng ingkang ningali, mangsuli cariyosipun waringin kêmbar, wontên cariyosipun sakêdhik. Manawi pangipun sêmpal: punika minăngka pratăndha bilih pang agêng ingkang sêmpal, panjênêngan nata ingkang seda, bilih pang ingkang alit, garwa putra tuwin santananing ratu ingkang seda, kula sakalangkung gawok amirêngakên cariyos wau, kok nyawa tumplèk[222] wontên ing kajêng, iba manawi kajêng wiringin[223] wau rêbah

--- [118] ---

punapa andamêl kiyamat kobra.

Tuwan têtiga lajêng tindak mariksani patilasanipun karaton Mataram. Kaprênah kidul wetan saking pasarean. Sarta botên patos têbih, kados namung tigang dasa cêngkal. Karaton ing Mataram sampun sirna tilasipun. Namung kantun cêpurinipun kadhaton. Dipun pagêr bata mubêng, dene pasangipun banon botên mawi gamping, namung kasokakên kemawon, santosa anglangkungi, têngahing kadhaton wontên sela gilang mawi kasêrat ing têngah amubêng, pangandikanipun Tuwan Dhotêr Dhêlotêr: iku aksara Walănda nanging têmbunge Latin. Dene jarwane: iya iki lakune [la...]

--- [119] ---

[...kune] donya, kacariyos punika panêpènipun Kajêng Panêmbahan Senapati, bilih wêdal angêningakên tipta,[224] manungku amaladi sêmadi anêgês karsaning Hyang Widhi, ing ngriku pagènipun.[225] Saha sela punika wontên tabêt cublêsan dariji, gotèkipun ingkang bublêsi[226] Radèn Răngga, inggih putranipun Panêmbahan Senapati, sarta sela wau katingal gêmpal, cariyosipun ing ngajêng, kalêrês mantunipun Panêmbahan Senapati, anama Kyai Agêng Mangir sowan ngabêkti Sang Panêmbahan, wêktu ngabêkti jêngku dipun inggati lajêng kapêpêlakên ing jêngku sirahipun Kyai Agêng Mangir rêmuk sirahi- [sirahi...]

--- [120] ---

[...-] pun, sela sagêd gêmpal.

Tuwan lajêng mariksani cêpuri karaton, wontên patilasanipun pagêr banon bolong sawiyar tiyang, punika carayosipun[227] Radèn Răngga, sampun amêjahi guru kadigjayan, ing Bagêlèn. Sarêng Panêmbahan mirêng ingkang putra sampun amêjahi tiyang tanpa dosa, sakalangkung dukanipun. Radèn Răngga enggal katimbalan. Sarêng sampun sowan dipun dukani, nanging katingal purun dhatêng ingkang rama, Sang Panêmbahan lajêng angacungakên darijinipun kinêpêng[228] dhatêng Radèn Răngga, Radèn Răngga tumun[229] anyêpêng darijipun[230] ingkang rama, nanging Sa Panêmbahan rumaos botên kuwawi darijinipun kacapêng

--- [121] ---

Radèn Răngga, enggal kakipatakên sumêbut, angengingi pagêr banon plong belong[231] sawiyaring tiyang, Radèn Răngga lajêng têrus lolos.

Tuwan têtiga lajêng wangsul dhatêng Ngayogyakarta, kula nyuwun lilah lajêng dhatêng ing Imagiri. Ing sadhatêng kula ngancik sukuning ardi, ing ngandhap pinagêran bata sinarisik. Inggah-inggahanipun mawi undhak-undhakan jobin sela cêmêng, watawis gangsal atus undhak-undhak kathahipun, tundha-tumundha linari-larik.[232] Mênawi tan[233] undhak-undhakan botên sagêd minggah dhatêng pucakipun aldaka, awit sakalangkung pandêripun.[234] Kula ngaso ngantos kaping pitu, swasana [swa...]

--- [122] ---

[...sana] mêdal ing kuping gumêrêbêg, kula lèrèh ing bangsal pêngrawit. Pamanggènipun wontên lambunging ardi, ing wêktu kula mèh dumugi ing pacak.[235] Kula eram aningali wotên toya balumbang botên sagêd lukak. Pamanggènipun prasasat wontên sapucaking wukir, toyaning balumbang pinarigi, kakrêtêg radinanipun. Ing saèstu andamêl gawok ingkang nêmbe aningali, awit botên kenging kabudi, winastanan toya sumurup. Kula lajêng minggah dumugi gapuraning puri, pinasangan padasan palembang kinêmbar-kêmbar, sabên gapura makatên. Nanging gapura ingkang lajêng dhatêng kadhaton ing têngah,

--- [123] ---

litangipun punika botên mawi pêpêthetan. Namung sêngkèh tuwin nagapuspa ngayangan kêbak kang wukir.

Pasarean ing Imagiri pinara tiga, ingkang têngah sarta ing pucak, pasareanipun Sang Aprabu Kangjêng Sinuhun Sultan Agung Anyakramakusuma[236] Narendra ing Mataram. Ingkang sisih kilèn pasayèn[237] bageanipun karaton nagari Surakarta, para nata sumare wontên ing ngriku, ingkang sisih wetan pasarean bagean karaton nagari Ngayogyakarta, para kangjêng sultan sumare ing ngriku sadaya.

Saha wontên cariyosipun Baron Sêkèndhèr ing ngajêng, sumêja [sumê...]

--- [124] ---

[...ja] anglawan prabawa kalihan Kajêng Sultan Agung, Baron Sêkèndhèr kasoran awit sadaya kasaktènipun tanpa dados, puwaranipun anungkul. Sarta atur pratăndha asoring kasêktèn. Têtungganganipun nama Manglar Monga, awarni taksaka naga krura, mawi suwiwi lan gadhing atêlale, suku mawi jalu panjang alungit. Yèn anêmbur mawi wisa langkung mandi, kangjêng sultan karsa anampèni pratăndhaning[238] têluk Sang Baron Sêkèndhèr ingkang warni tunggangan wau, sang prabu langkung amarwata suta pikantuk titihan ingkang darbe prabawa, sasurudipun kajêng sultan, Sang Manglar Monga

--- [125] ---

muksa dumados anyiluman, rumêksa pasareanipun gusti, sarta sabên anyuwara sagêd angebahakên aldaka sumêngèr sarta gumludhug anggêgirisi, punika kadamêl pratăndha saèstu puputing yuswanipun ingkang jumênêng narendra tanah Jawi, mugi sampun cuwa ing pênggalih dumèh cariyos anglêkara,[239] nanging manawi botên pitajêng suwawi kula aturi nyatakakên sumêngka ing arga amanggihana piyambak. Saktos[240] dipun panggihi utawi botên kapanggihan. Salah satunggal mêsthi nyata, nanging kula sampun anglampahi minggah ing prawata namung pinanggihan gangsir manglar, aamung[241] [a...]

--- [126] ---

[...amung] kaot nama kemawon. Manglar Munga, manglar gangsir, warniipun[242] Manglar Munga boknawi[243] kados gangsir, dene mawi suwiwi mawi gadhing asêsungut, ing suku mawi jalu arangah, yèn ngêrik angêbêki ardi, saha nyiluman. Sanadyan gangsir ugi umpêtan arêmit.

Ingkang rumêksa pasarean punika apangkat bupati, sosorinipun[244] kaliwon. Kêtib modin, saha kalil[245] amupu asil beyaning tiyang sêsadean ing pêkên, punapa malih paklèkèk sawawêngkon ing Imagiri, kalêstantunakên padat jaman kuna, sarêng sampun têrang sasêrêpan kula sadaya, kula tumuntên wangsul dhatêng nagari [naga...]

--- [127] ---

[...ri] Ngayogyakarta, kula matur ing Tuwan Têmèêlên, punapa kawontênanipun pasarean ing Imagiri kados ingkang sampun ing nginggil punika, tuwan nyare wontên ing Ngayugya tigang dalu, enjingipun lajêng dhatêng Kêdhudhu[246] Magêlang numpak kareta pos, sarêng dumugi dhistrik Munthilan, wontên margi simpangan ingkang dumugi candhi Barabudhur, kareta sagêd minggah dhatêng pasanggrahan, Wêlandi saha sampun anyadhiyani dhêdhaharan tuwin unjuk-unjukan, sampun kados dening lusmèn. Hawanipun langkung asrêp. Tuwan têtiga lajêng mariksani candhi Barabudhur wiwit malêbêt sapisan mawi gapura ingkang

--- [128] ---

kadamêl sela itêm, ngajênging gapura wontên rêcanipun warni sima kalang, agêng, salêbêting gapura plataran, angubêngi candhi, warni candhi langkung dening agêng ardi alit puka[247] dadados[248] candhi sadaya, dados beda kalihan candhi Prambanan kalihan ing Mêndut, andamêl gawok dhatêng tiyang ingkang aningali, iba-iba pandamêlipun ing jaman kuna, sayêtos[249] tiyang maèwu-èwu ing[250] andamêl, botên kenging cikrabawa[251] abudi gunanipun tiyang jaman kabudan.

Warnining candhi tinundha kalih wêlas, saundhak sabilik-bilik, panagêran[252] saha sah[253] jobin sela itêm sinukarta tinatah gambar-gambar sawarnining ing sato kewan, saha para dewa-dewa

--- [129] ---

sarta para maharsi, manguyu tuwin cantrik. Sabên duwara têrusan mubêng atêpung gêlang wongsal-wangsul, radinanipun kapara sakawan, ing nginggil pisan mawi plataran wiyar waradin, sarta sinarasah ing jobin sela itêm, gapura sadaya ing nginggil mawi gambaripun balêdhèg, ing plataran turut pinggir mubêng mawi rêca dipun kurung tanarancang[254] ing sela. Têngah-têngahing palataran mawi candhi sawarni panggung ing ngajêng payonipun sela, nanging sapunika kasantunan gêndhèng margi sampun risak. Manawi tayang minggah ing panggung wau ing sadhistrik Manorèh katingal sadaya, salêbêting candhi wau wontên rêca gambaripun Sang Hyang Wisnu, cariyosipun tiyang ing ngriku candhi

--- [130] ---

wau ing nglêbêt panggenan pambêsmining kuparna,[255] kala jaman Kabudan manawi wontên jalma pêjah malêbêt dahana, binêsmi salêbêting candhi wau, mila ing nglêbêt candhi wontên rêca gambaripun Bathara Wisnu, awit Sa Hyang Wisnu wau ingkang kuwasa adum[256] swarga dhatêng manungsa ingkang sampun katarima ing juwata.

Tuwan nyare sadalu wontên ing Barabudhur, enjingipun bidhal nitih kareta pos dhatêng Magêlang, lèrèh sakêdhap ing kabupatèn saha sowan ing kangjêng tuwan residhèn. Unduripun saking karesidhenan lajêng dhatêng griya nêdha lèrèh dhahar, sasampuning dhahar siyang kintên wanci jam kalih bidhal natih kareta pos dhatêng kitha Têmanggung, pukul gangsal [gang...]

--- [131] ---

[...sal] sontên dumugi jujug ing kabupatèn, ingkang jumênêng bupati nama Radèn Adipati Holan Sumadilaga, kitha Têmanggung punika wontên sukunipun ardi Sumbing Sêndara,[257] mila asrêpipun sakalangkung sangêt.

Ing kabupatèn Têmanggung ingkang kawastanan Kêdhunipun lêrês, sampun misuwur wêdalanipun kapal sae piyambak, kawastanan kapal Margawati, ing Têmanggung Têmanggung[258] wontên ardi nama Margawati, dados kapal bilih wêdalan saking sakiwa têngêning ardi wau sampun mêsthi saenipun, kacariyos turunan saking kapal sêmbrani. Ing kitha Têmanggung alit, nanging katingal angrêsêpakên.

Tuwan têtiga nyare wontên kabopatèn [kabo...]

--- [132] ---

[...patèn] Têmanggung sadalu, enjingipun bidhal nitih kareta, ingkang bupati angatêrakên dumugi ing Parakan, ingkang nama Parakan wau ondêr dhistrik, mênggah ramenipun angungkuli ing Têmanggung awit băngsa Cina langkung kathah, panggaotanipun sami dagang sata kasade dhatêng Bêtawi nanging sata garangan, sata ing pepean kasade dhatêng Sêmarang.

Tuwan saking Parakan gantos nitih titihan kapal, awit mêdal ing parêdèn, inggih punika sêlanipun ardi Sundara kalihan wukir Prau, ing samargi-margi tansah kajawahan, mila ngantos lami kêkêlên, wanci pukul pitu sontên dumugi kabupatèn Wanasaba (Bagêlèn), lèrèh griyanipun [griyani...]

--- [133] ---

[...pun] tuwan kontrolir, ing Wanasaba angungkuli asrêpipun kalihan ing tanah Kêdhu ing Wanasaba kalêrês wontên sukunipun wukir Prau, kuthanipun alit sarta sêpi, băngsa Cina namung sakêdhik, mênggah sitinipun langkung saking loh punapa ingkang katanêm subur awit mirah toya.

Tuwan nyare sadalu enjingipun pakat[259] nitih titihan dhatêng ing Dièng, Daèng[260] wau wontên sapucaking aldaka Prau, ing sadumugining kêndhit ancala wuryan[261] ing mandrawa, ing ngriku wontên talaga nama Mènjèr toyanipun langkung bêning, kaapit tigang alun-alun Surakarta, mulak-mulak kados samo[262]

--- [134] ---

sakiwa têngêning talaga wrêksa agêng-agêng sami angubêngi ngantos têmu gêlang, tiningalan saking mandrawa, wêwayanganing wrêksa agêng-agêng kados wontên salêbêting supêna, anglangut arante-rante, èngêt lêlampahanipun Radèn Arjuna nalika amêrtapa wontên wukir Andrakila anama bagawan Wadiningsih, ing ngriku kathah pêksi rawa, maliwis anjrah wontên ing toya lir mênur wutah sumabar,[263] paking[264] karêthap waradin. Sarêng tuwan sampun mariksa ing tlaga Mènjèr lajêng têrus minggah agraning aldaka Parau, ing ngriku wontên griya agêng pasanggrahanipun kajêng guprêmèn, minăngka sudhaning[265] para têtamu, saha pirantos sadaya botên kêkirangan, ingkang kapatah

--- [135] ---

angrêksa pasanggrahan wau pangkat mandhor, saha ingkang anyêgah dhêdhaharan dhatêng para tamu ingkang lèrèh wontên ing ngriku, nanging para tamu inggih mawi bayar dhatêng mandhor.

Tuwan lèrèh ing pasanggrahan, sasampuning dhahar tuwan karsa mariksani talaga ingkang wanastan talaga Warna, wiyaripun saalun-alun Sala, ing ngriku kathah kaga rawa, kados ta pêksi pêruk bawangan sarta maliwis panjul, anjrah nèng tlaga, pêpanthan, mila kawastanan maliwis panjul, agêngipun sami kambangan brati, tikêl agêngipun kalihan maliwis rawa ngare, sarêng tuwan amriksa andhèring maliwis panjul wontên [wontê...]

--- [136] ---

[...n] ing talaga lajêng kasanjata sajêblosan pikantuk sakawan, kumambang wontên ing tlaga, tuwan ngandika dhatêng lurah ing Dièng ingkang dhèrèkakên, kinèn enggal amêndhêta maliwis ingkang sampun kasanjata, aturipun para lurah dhusun sami nyuwun bêndu, awit ajrih talaga sakalangkung agêr,[266] kalihan têpining rawi botên kenging kaambah jalma, awit saking rumput rumpun kumambang sanginggiling toya, manawi rumput angidak[267] amblês, toya pul anutupi rumput, moka[268] ranu lêbêtipun botên kenging jinajagan, Kangjêng Tuwan Têmèêlên sêmu runtik margi kacuwan ing karsanipun, aringas sêrêng sêmunipun, [sê...]

--- [137] ---

[...munipun,] malah arsa ginêbyur pribadi, kula amambêngi ingkang dados karsanipun, kula matur sagah jêgur ing tlaga ingkang singit, sarta botên ajrih saking panêluhipun brêkasakan, sanadyan kula botên wasis anglangi, ewadene kula ngakên baut, tumuntên kula cucul pêngangge lajêng gêbyur lampah kula ambrangkang kados bajul, sarta amiyak sakathahing rêrungkut, kang bundhêl-bundhêl binudhal. Lajêng manêngah ingkang botên katuwuhan rumput, sarosa anglangi nuju panggenan paksi mliwis, ingkang kumambang ing toya, dumadakan angin dhatêng kêncêng ambêkta manêngah paksi sakawan wau

--- [138] ---

kula gayuh-gayuh gayu[269] tuna awit kasêntor ing siliran saya manêngah matêmah botên sagêd mêndhêt, măngka panglangi kula sampun sirna kadayaning angga namung enggak kemawon, tumuntên kula wangsul badhe minggir, nanging badan tan bangkat, sirna kiyating badan migag-migêg gêlagêpan botên sagêd majêng pajêr[270] nyambi nginum warih, netra abrit ngatirah andik, komêdèni ora, tiyang mêndêm inumanê[271] ès, kula sampun pasrah ing Sukma, waktu tuwan mariksa dhawuh dhatêng para patinggi kinèn enggal anulungi, yèn patinggi sami ajrih, tuwan karsa angêtêr [angê...]

--- [139] ---

[...têr] dhatêng para patinggi sarana ungêling sanjata ingkang mawi gotri sakojong, patinggi sarêng mirêng sabdaning tuwan makatên, anjalari botên ajrih dhatêng lêlêmbat, awit ajrih dhatêng agal, lêlêmbat kalihan gotri punapa inggih ragi mèmpêr makatên, dede[272] têka sami widosan,[273] kula tinulungan para patinggi kathah kajunjung kaêntasakên, ing manah langkung kaduwung dados tingalaning tiyang kathah, ngalumpruk satêngah maot angoplok andhapadhêg,[274] awit asrêping toya kados ès, sarêng sampun pulih kakiyatan kula [ku...]

--- [140] ---

[...la] tuwan lajêng mariksa ing tlaga Pangilon, nanging botên patos wiyar, sarta ing pinggir botên kacukulan rêrungkut. Katingal rêsik toya sakalangkung wêning kompyar-kompyar kados pangilon, ing têpining tlaga wontên sela agêng maring[275] gèpèng sarta waradin, wontên sêratan aksara Buda, nanging sêratanipun sampun bubur botên sagêd kaungêlakên.

Sangandhaping talaga kalih wau wontên talaga langkung wiyar kados tigang talaga Mènjèr wiyaripun, kawastanan talaga Têrusan, nanging toyanipun botên katingalan, awit katuwuhan ing rêrungkut dados namung katingal jêlèrèh ing tanah kados lèpèn, ing sanginggiling [sanginggi...]

--- [141] ---

[...ling] talaga wontên papan ragi wradin, minggah ing dhatêng papunthuking ardi mawi kadekekan undhak-undhakan, ingkang kadamêl jobin sela, linarik linaju panjang pamasangipun langkung sae, kawastanan ăndha Buda, panjangipun watawis pitung dêdaru, nanging adamêl gawoking manah dene cunthêling ăndha botên wontên patilasanipun punapa-punapa măngka inggahipun binatur sadumugining nginggil angênthak-ênthak.

Tuwan lajêng minggah ing aldaka antawis antuk kalih êpal, ing pucaking ardi Prau wontên talaga kados talaga ing Mènjèr nama tala[276] Cebong, kathah pêksipun[277] rawa, tuwan ma- [ma...]

--- [142] ---

[...-] riksani mêngandhap panggenan kawah, kawah pun Kidang kawan[278] pun Banthèng, wujuding kawah punika toya umob kumrangsang sarta kumukus kumêluk, pating karêmbos toyanipun panas. Katingal kathah walirangipun, kala taun Surya 1842 wontên priyantun Wêlandi pangkat kontrolir dhatêng mariksa kawah wau, jumênêng cêlak kalihan kawah siti ingkang dipun ênciki malothot mêdal toyanipun, tuwan wau lajêng kêmbêl lonyoh saliranipun, katulungan para patinggi nanging sampun seda.

Kajêng tuwan lajêng mariksa ingkang kawastanan talaga Balekabang[279] ugi

--- [143] ---

wontên agraning wukir Dièng, ing sanginggiling talaga wau wontên candhipun[280] gangsal iji, satunggil nama candhi Darmakusuma, kalih candhi Wrêkudara, tiga candhi Arjuna, sakawan candhi Sêmar, punika candhi sakawèn jèjèr nunggil sapanggenan, gangsalipun nama candhi Gathutkaca, nanging panggenanipun ragi têbih kalihan candhi sakawan wau, mênggah pandamêlipun botên sanès kados candhi ing Prambanan, punika tlaga Balekambang kaprênah sangajêngipun pasanggrahan, tuwan lajêng lèrèh wontên pasanggrahan, sawikingipun griya pasanggrahan wontên êtukipun kadekekan [kadeke...]

--- [144] ---

[...kan] pancuran dêling pêtung pirantos bilih para tamu karsa siram, bokmanawi botên wontên para tamu ingkang siram, awit sangêt asrêpipun, kacariyos punika êtuk Dièng sirahipun lèpèn Srayu ingkang dumugi laut Kidul. Salêbêting griya pasanggrahan mawi pawon tosan sarta botên kenging pêjah latunipun, pirantos apa-api[281] para tamu ingkang awakipun kêkês.

Enjingipun tuwan têtiga tindan[282] nitih titihan kapal, kadhèrèkakên para lurah, kula inggih dhèrèk, sakawit ingkang kapriksa ingkang nama tlaga Lêri kawan pal saking pasanggrahan [pasang...]

--- [145] ---

[...grahan] Dièng, toyaning tlaga buthêk kados lêri sarta panas kados wedang sumawah, botên beda kalihan ing kawah Banthèng, punapa malih won[283] toya mawi pancuran amangêt-mangêt, mikantuki adamêl adus tayang sakit kasrêpên, kacariyos inggal saras.

Tuwan lajêng mariksa ingkang kawastanan guwa Pakêrêman utawi guwa Upas, nanging ujudipun kados guwa, warnipun kados luwêng ingkang wiyar, awit ngajêng wingking kiwa têngên ardi, lêbêtipun kintên kawan dasa dhêpa, ing ngandhap pisan wiyaripun wontên kawan cêngkal kubuk, rêsik botên kacukulan rumput tuwin sanèsipun, katingal asat botên wontên toyanipun,

--- [146] ---

rêsik angilak-ilak awit wêdhipun[284] pêthak, ingkang wontên salêbêting luwêng namung kathah balung-balung kewan, Kajêng Tuwan karsa têdhak mariksani satêpining luwêng wau, lêlurah ingkang dhèrèk matur amambêngi, awit pêdhutipun kandêl, karana bilih pêdhutipun kandêl, wêdaling wasa[285] kathah, bilih kenging soroting srêngenge wisanipun botên mêdal, ing nalika taun 1870 tuwan asistèn residhèn Kuthaarja, tindak mariksani guwa Upas wau, inggih karsa badhe anyêlaki panggenan luwêng, nanging kapambêngan dening lurah, margi têdhuhipun sangêt, tuwan asistèn kadhawuhan nyêmplungakên sêgawon dhatêng luwêng, sarêng sagawon [sa...]

--- [147] ---

[...gawon] dhawah ing luwêng blêg cêngkèng lajêng pêjah botên mingsêr saking panggenan dhawah nanging tayang ingkang nyêmplungakên sagawon wau măngka ragi têbih saking panggenan luwêng lajêng dhawah galedhag têrus tilêm botên kenging dipun gugah, pamêndhêtipun mayit tiyang wau angêntosi panasing srêngenge, Tuwan Têmèêlên lajêng dhawuh anyêmplungakên ayam sawung satunggil, kinèn anguncalakên dhatêng luwêng-luwêng wau, dhawahing ayam botên kalêrês ing luwêng, dhawah radi têbih sarta ingkang cukul rumputipun, sarêng dhawah bok mumbul, klubuk-klubuk lajêng pêjah, dene kawontênanipun balung-balung wau, mênawi wêktu pêdhut sato

--- [148] ---

wana ing[286] sêsaba bili[287] kasasar mriku amêsthi pêjah, sanadyan bangsaning abaran manawi angungkuli luwêng waura[288] inggih lajêng dhawah pêjah, gotèkipun tiyang ing Dièng, mila guwa Pakêrêman mêdal wisanipun, kacariyos sajumênêngipun Sang Aprabu Parikêsid, inggih punika putranipun[289] Radèn Arjuna, dêdamêl jêmparing ingkang asal pêparingipun Sa Hyang Jagad Wasesa, kapundhut sadaya, lajêng kasimpên ing guwa Pakêrêman, amila ing ngriku tansah mêdal upasipun.

Kajêng Tuwan lajêng dhatêng ka[290] Căndradimuka kintên wiyaripun tigang cêngkal kubuk, swaranipun kumarusuk kumarangsang kumêlun-kêlun kukusipun, toya [to...]

--- [149] ---

[...ya] kawah umob amumpal-mumpal malik kados kinêbur, pancurating toya manginggil kalih dêdêging tiyang, sanèsipun punika kathah kawah alit-alit swaranipun kumrangsang toyanipun pating pancurat sarta panas.

Saking kawah Căndradimuka lajêng mariksa talaga, kalangkung wayar sami ing Mènjèr agêngipun. Kawastanan talaga Driyo,[291] awit têpining talaga kacukulan sakathah dringo, tuwan lajêng têrus mariksa ingkang kawastanan sumur Jalatundha, ujud dhapuripun warni luwêng ciyut anyumur, ing nglêbêt isi toya, mênggah lêbêtipun kintên [ki...]

--- [150] ---

[...ntên] tridasa dhêpa luwêng wau, cariyosipun tiyang ing ngriku, sumur Jalutundha[292] wau marginipun dhatêng Saptapratala (dhasaring bumi) ing nalika jaman purwa sabibaripun pasanggrahan Sagala-gala ing Kurusetra kabêsmi ing Kuwara,[293] amurih pêjahing Pandhawa, ubaling latu Pandhawa pikantuk kanugrahaning juwata sagêd uwal saking bêbaya maot. Yudhisthira, Wrêkudara, Arjuna Nakula sarta Sadewa, tuwin Dèwi Kunthi, punika ibunipun Pandhawa, dewa awarni garangan pêthak atêdah margi dhatêng Saptapratala, dumugi kadhatonipun Sang Hyang Anantaboga (dewa warni naga).

--- [151] ---

Ingkang nguwasani salêbêtipun ing Saptapratala, ngantos Arya Wrêkudara kêpêndhêt matu[294] dening Sang Hyang Anantaboga dhaup kalihan Patna[295] Nagagini, warni manungsa sarta endah warninipun, unduripun para Pandhawa saking Saptapratala, mêdal ing sumur Jalatundha, nurut pitêdahipun Sang Hyang Anantaboga, sarêng sampun dumugi a[296] ngarcapada, para Pandhawa lajêng ngèngèr Sang Prabu Matsyapati ing praja Wiratha.

Kangjêng Tuwan lajêng dhatêng pasanggrahan ing dhistrik Batur kabupatèn Banjarnagara (Banyumas) wadana Batur sampun mêthuk wontên [wontê...]

--- [152] ---

[...n] ing pasanggrahan, saha nyadhiyani unjuk-unjukan sarta dhêdhaharan, tuwan têtiga sami lèrèh dhahar saking pambujanipun wadana Batur, sasampuning dhahar tuwan wangsul dhatêng pasanggrahan Dièng, nyare sadalu, ing sadalu muput kula botên sagêd tilêm, margi asrêpipun langkung sangêt. Sanadyan pasanggrahan Dièng dumunungipun wontên graning aldaka Parau, pawawratipun tiyang wukir inggih ragi lumayan kenging kadamêl sarana usada asrêp.

Enjingipun jam nêm tuwan têtiga pangkat dhatêng Pakalongan. Sapang[297] dumugi ing dhusun Bawang bawah kabupatèn Bawang, Kajêng Tuwan Têmèlên kalihan [ka...]

--- [153] ---

[...lihan] kula lajêng dhatêng Pêlantungan (toya panas) bawah kabupatèn Kêndhal (Gêmarang)[298] dene tuwan kêkalih têrus dhatêng pasanggrahan Limpung dhistrik Kalisalak (Batang), tuwan kêkalih wau angêntosi Tuwan Têmèêlên wontên pasanggrahan ing Limpung.

Sarêng tuwan rawuh ing Plantungan, kula sakalangkung gawok aningali ing ngraku[299] dene parêdèn têka wontên kithanipun alit sarta rame, kathah gêdhong-gêdhong agêng, ing Plantungan punika dumunung sukunipun wukir Parau ingkang tumut kabupatèn Kêndhal, ing ngriku panggenan griya bale marta.

--- [154] ---

Kathah para priyantun Jawi utawi Wêlandi ingkang nandhang roga sami tirah ingpla[300] ing Plantungan, wontên griyanipun lusmèn, saha dhukun Walandi inggih wontên, ingkang kawogan angusadani para tiyang ingkang nandhang roga, ing ngriki wontên bèji kapagêr banon mawi karêngga sae mawi têtamanan sêkar-sakaran,[301] toyaning bèji wau radi panas amangêt-mangêt, punika pirantos padusanipun tiyang nandhang sakit panastis utawi sanès-sanèsipun, saking gotèkipun mandhor ing ngriku, sadaya sêsakit bilih sabên dintên adus ing bèji wau, sanadyan botên dipun jampèni dening dhukun Walandi

--- [155] ---

sampun mêsthi enggal waluya, ingkang mitulungi sangêt manawi tiyang sakit balung ngêrês linu (rimatik), bilih adus sabên dintên ing toya panas wau sagêd saras tanpa usada. Awit sampun won ngakènipun[302] kala Tuwan Prit Sêtol (P. Stoll) adminisêtratur pabrik Wanapringga: Pakalongan, nandhang sakit dhêngên (rimatik) ngantos botên sagêd lumampah tirah dhatêng Plantungan, enjing sontên siram kungkum ing toya panas, botên ngantos sawulan sagêd waluya paripurna.

Tuwan Têmèêlên namung kalih jam wontên ing Plantungan, lajêng wangsul dhatêng pasanggrahan Limpung nyare

--- [156] ---

sadalu, malah ingkang Bupati Batang Radèn Tumênggung Natadiningrat, amanggihi tuwan wontên pasanggrahan Limpung.

Enjingipun tuwan têtiga bidhal dhatêng Pakalongan, mampir ing kabupatèn Batang sakêdhap lajêng têrus dhatêng Pakalongan, lèrèh wontên ing lusmèn. Kula kadhawuhan ing tuwan aningali kitha Pakalongan. Punapa kawontênanipun kinèn amèngêti.

Parasidhenan[303] Pakalongan katingal sitinipun langkung êloh, katăndha sadaya têtanêman sami subur, kithanipun katingal rame sarta tata raharja, awit [awi...]

--- [157] ---

[...t] kathah tiyang ingkang sami gêgramèn, ing satêngahing kitha wontên lepanipun[304] agêng kenging kaambah baita cêmpon utawi janggolan sarta brukutan, ingkang sagêd mêdal utawi lumêbêt saking palabuhan sagantên.

Têtanêmanipun kajêng asêm ingkang wontên sapinggiring radinan agêng sampun agêng-agêng, angayomi dhatêng para tiyang ingkang lumampah, dalêm karesidhenan majêng mêngalèr gêdhongipun agêng saha cêpurènipun langkung wayar kapagêr banon mubêng, angajêng dalêm karesidhenan saèmpêr kados mawi alun-alun mawi katanêman asêm [asê...]

--- [158] ---

[...m] sampun agêng-agêng andamêl lamlam tiyang ingkang aningali, ingubêngan griya gêdhong-gêdhong agêng kados ta: kantor agêng griya pamulangan Wêlandi sawatawis, lèpèn wontên sawetaning kasidhèn,[305] babagan pakèndêlanipun baita adagang, dene Pacinanipun inggih rame sarta sae, kathah para tuwan Wêlandi ingkang sami gêgriya ing ngriku, awit saking saening kitha, para tiyang Arab katha[306] saha sami sugih-sugih, margi dagangipun agêng, ing ngriku prênah sakilèning lèpèn won tilas bètèng damêlan tiyang Portêgis, nanging sapunika kadamêl pakunjaran.

--- [159] ---

Saking gotèkipun tiyang ing ngriku mila nama Pakalongan, punika mêndhêt têmbungipun tiyang bêlah utawi tani, kados ta tiyang bêlah ingkang sawêg mantuk saking misaya ulam sagantên mêsthi mawi numpak baita mêdal ing lèpèn, para tiyang ingkang badhe kulak ulam pitakèn dhatêng tiyang bêlah ingkang mêntas misaya ulam mêkatên: sanak gonmu nyambut gawe apa along, wangsulanipun tiyang bêlah iya alèng,[307] utawi ora along, dados têgêsipun têmbung: along pikantuk ulam kathah, tiyang tani inggih makatên ugi makatên [maka...]

--- [160] ---

[...tên] ugi, kados ta: bilih sabin sabau sabênipun pikantuk pantun kalih dasa dhacin, punika tiyang tani amastani along, mila nama kitha Pakalongan. Măngka têmbung: Pakalongan, rimbag daya wacaka (pa, an) lingga saking kalong têgêsipun, karang, suda, botên têgês angsal. Dados têmbung Pangasalan,[308] punika karimbag, karana wacaka (pa, an, ingkang kangge tanduk) sangking lingga angsal. Sarèhning têmbung wau ngangge têmbungipun tiyang bêlah tuwin tani, dados mrojol saking ugêring paramasastra, kula namung anyumanggakên

--- [161] ---

ingkang karsa maos.

Sarêng enjing wanci pukul satunggil siyang tuwan têtiga badhe kondur dhatêng Batawi, saking lusmèn Pakalongan nitih kareta dhatêng ngêbum, sarêng kapal latu ingkang saking Sêmarang katingal ingkang layar dhatêng Batawi, tuwan têtiga tuwan[309] kula lajêng numpak baita jukung kawêlahan tiyang sakawan, anuju labuhipun baita kapal latu wau, tuwan-tuwan tuwin kula enggal sami minggah dhatêng kapal, sarta barang-barangipun tuwan-tuwan kula inggahakên dhatêng kapal sadaya.

Botên dangu kapal wau lajêng layar [la...]

--- [162] ---

[...yar] mêngilèn, sarêng dumugi plabuhan Têgal utawi Carêbon, lèrèh namung sakêdhap. Wontên ing kapal sadalu kalih dintên, wanci pukul gangsal sontên kapal dumugi plabuhan Bêtawi, para tiyang ingkang numpang kapal wau sami mêdhun numpak sêtum brêgas, botên dangu dumugi ing ngêbum Bêtawi, saking ngêbum tuwan-tuwan nitih kareta lajêng kondur ing mistêr kornèlis.

 


kinarsakakên. (kembali)
nitih (dan di tempat lain). (kembali)
minggah. (kembali)
lampahipun. (kembali)
wolu. (kembali)
sampun. (kembali)
mêdhun. (kembali)
ngêbum. (kembali)
winastan. (kembali)
10 Alun-alunipun. (kembali)
11 wiyar (dan di tempat lain). (kembali)
12 têtiga. (kembali)
13 iyasanipun. (kembali)
14 kangjêng (dan di tempat lain). (kembali)
15 kacriyos. (kembali)
16 ningali. (kembali)
17 galih. (kembali)
18 sanadyan. (kembali)
19 pêndhok. (kembali)
20 santosa. (kembali)
21 anutupi. (kembali)
22 siti (dan di tempat lain). (kembali)
23 mimbar. (kembali)
24 kacukulan. (kembali)
25 gawening. (kembali)
26 Tanggal: kori loro gawening wong (1429). (kembali)
27 umpakipun. (kembali)
28 Tanggal: patra kinarya rupa gêlap tunggal (1441). (kembali)
29 kacungkup. (kembali)
30 cungkupipun. (kembali)
31 payon. (kembali)
32 amulyakakên. (kembali)
33 sisih. (kembali)
34 Ngudhung. (kembali)
35 Tanggal: pandhita trus sariraning tunggal (1197). Biasanya kata "sarira" berwatak bilangan delapan (8). (kembali)
36 ing madyaning. (kembali)
37 waliyolah. (kembali)
38 Kadilangu. (kembali)
39 jiyarah. (kembali)
40 § Lêrêsipun ingkang mêrung Kyai Pamanahan. (kembali)
41 kakêpêl-kêpêl. (kembali)
42 tumuntên. (kembali)
43 griyanipun. (kembali)
44 asistèn (dan di tempat lain). (kembali)
45 residhèn. (kembali)
46 kacungkup. (kembali)
47 katingalan. (kembali)
48 wêwêngkon. (kembali)
49 adamêl. (kembali)
50 panggenanipun. (kembali)
51 inggih. (kembali)
52 ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
53 ngriku. (kembali)
54 anggènipun (dan di tempat lain). (kembali)
55 gêdhèg. (kembali)
56 panas. (kembali)
57 wêdaling (dan di tempat lain). (kembali)
58 kangjêng. (kembali)
59 nama. (kembali)
60 amêdalakên. (kembali)
61 salonjor. (kembali)
62 kapêtêlakên. (kembali)
63 dirgantara. (kembali)
64 ingkang. (kembali)
65 anawarakên. (kembali)
66 langkung (dan di tempat lain). (kembali)
67 jaro. (kembali)
68 Adiwijaya. (kembali)
69 panggenan. (kembali)
70 sapunika (dan di tempat lain). (kembali)
71 mlampah. (kembali)
72 andarbèni. (kembali)
73 kawastanan. (kembali)
74 sumur. (kembali)
75 têlas. (kembali)
76 Bintara. (kembali)
77 kadosdene. (kembali)
78 sumilaking. (kembali)
79 rêrungkut. (kembali)
80 manginggil. (kembali)
81 salêbêting. (kembali)
82 sanèsipun. (kembali)
83 Rêsi. (kembali)
84 sang (dan di tempat lain). (kembali)
85 alit. (kembali)
86 ngantos. (kembali)
87 sinung. (kembali)
88 wêlingipun. (kembali)
89 amêrtapa. (kembali)
90 kang. (kembali)
91 sanadyan. (kembali)
92 dhog. (kembali)
93 inggih. (kembali)
94 erawati. (kembali)
95 tugu. (kembali)
96 padhepokanipun. (kembali)
97 angunandika. (kembali)
98 tiyang (dan di tempat lain). (kembali)
99 ngarsaningsun. (kembali)
100 angumbar. (kembali)
101 angalêkêr. (kembali)
102 pindha. (kembali)
103 angrêmbat. (kembali)
104 griyanipun. (kembali)
105 minăngka. (kembali)
106 ambêdhol. (kembali)
107 mêdal. (kembali)
108 satêmah. (kembali)
109 panutunipun. (kembali)
110 sabongkoting. (kembali)
111 mêndhêt. (kembali)
112 Tidak perlu dibaca. (kembali)
113 wontên. (kembali)
114 mathokan. (kembali)
115 bilih. (kembali)
116 Salokantara. (kembali)
117 asal. (kembali)
118 nganggo. (kembali)
119 anggulung. (kembali)
120 têngêri. (kembali)
121 ingsun (dan di tempat lain). (kembali)
122 ngusadani. (kembali)
123 atur. (kembali)
124 munjuk. (kembali)
125 warninipun (dan di tempat lain). (kembali)
126 anyumêrêpi. (kembali)
127 kanthinên. (kembali)
128 enggal. (kembali)
129 bramantya. (kembali)
130 kacêpêng (dan di tempat lain). (kembali)
131 wicantên. (kembali)
132 oncad. (kembali)
133 pangaksama. (kembali)
134 kawula. (kembali)
135 kapadhan. (kembali)
136 bangsaning. (kembali)
137 pasakitan. (kembali)
138 wuninga. (kembali)
139 Mataram (dan di tempat lain). (kembali)
140 nini. (kembali)
141 anglampahi. (kembali)
142 pilaur. (kembali)
143 rajabrana. (kembali)
144 tinimbang. (kembali)
145 mungguh. (kembali)
146 Adipati. (kembali)
147 Kadhiri. (kembali)
148 gumaludhug. (kembali)
149 swara. (kembali)
150 slulup. (kembali)
151 nêmbe. (kembali)
152 tarima. (kembali)
153 apa. (kembali)
154 kadekekan. (kembali)
155 nginggiling. (kembali)
156 wau. (kembali)
157 Têmèêlên. (kembali)
158 angge. (kembali)
159 pêthetan. (kembali)
160 sitinggil (dan di tempat lain). (kembali)
161 Tidak perlu dibaca. (kembali)
162 sawingkingipun (dan di tempat lain). (kembali)
163 Salèr. (kembali)
164 pinarak. (kembali)
165 mudhun. (kembali)
166 korinipun. (kembali)
167 kori. (kembali)
168 Niwatakawaca. (kembali)
169 srimanganti (dan di tempat lain). (kembali)
170 Tidak perlu dibaca. (kembali)
171 Sasampuning. (kembali)
172 gadhungmlathi. (kembali)
173 kêkalih. (kembali)
174 ingkang. (kembali)
175 masjid. (kembali)
176 Têmèêlên. (kembali)
177 Pamariksanipun. (kembali)
178 jêrum. (kembali)
179 pitu. (kembali)
180 Soma. (kembali)
181 watak. (kembali)
182 kados. (kembali)
183 tuwan. (kembali)
184 Cariyosipun. (kembali)
185 mila. (kembali)
186 êlèr. (kembali)
187 agêng. (kembali)
188 piyambak. (kembali)
189 angêdalakên. (kembali)
190 mênggah. (kembali)
191 saubênging. (kembali)
192 kapêtha. (kembali)
193 wiwit. (kembali)
194 Rama Gandrung. (kembali)
195 Sinta (dan di tempat lain). (kembali)
196 Bokmanawi. (kembali)
197 manuk. (kembali)
198 sidhustha. (kembali)
199 mêngkoni. (kembali)
200 tampèni. (kembali)
201 wis. (kembali)
202 mitrane. (kembali)
203 bantala. (kembali)
204 raksasa. (kembali)
205 ingkang. (kembali)
206 kering. (kembali)
207 ingkang. (kembali)
208 cêngkorongi. (kembali)
209 Sinuhun. (kembali)
210 Kalipatullah. (kembali)
211 bètèng. (kembali)
212 panggung. (kembali)
213 nanging. (kembali)
214 nalika. (kembali)
215 kancanipun. (kembali)
216 kapitados. (kembali)
217 wangunipun. (kembali)
218 bêlah. (kembali)
219 amêdanai. (kembali)
220 sêkaranipun. (kembali)
221 kemawon. (kembali)
222 tumèmplèk. (kembali)
223 waringin. (kembali)
224 cipta. (kembali)
225 panggenanipun. (kembali)
226 nyublêsi. (kembali)
227 cariyosipun. (kembali)
228 cinêpêng. (kembali)
229 tumuntên. (kembali)
230 darijinipun. (kembali)
231 bolong. (kembali)
232 linarik-larik. (kembali)
233 tanpa. (kembali)
234 pandêdêripun. (kembali)
235 pucak. (kembali)
236 Anyakrakusuma. (kembali)
237 pasarean. (kembali)
238 pratandhaning. (kembali)
239 anglêngkara. (kembali)
240 sayêktos. (kembali)
241 amung. (kembali)
242 warninipun. (kembali)
243 bokmanawi. (kembali)
244 sosoranipun. (kembali)
245 kalilan. (kembali)
246 Kêdhu. (kembali)
247 punika. (kembali)
248 dados. (kembali)
249 sayêktos. (kembali)
250 ingkang. (kembali)
251 cinakrabawa. (kembali)
252 pinagêran. (kembali)
253 tlasah. (kembali)
254 tinarancang. (kembali)
255 kunarpa. (kembali)
256 andum. (kembali)
257 Sundara. (kembali)
258 Tidak perlu dibaca. (kembali)
259 pangkat. (kembali)
260 Dièng. (kembali)
261 kawuryan. (kembali)
262 samodra. (kembali)
263 sumêbar. (kembali)
264 pating. (kembali)
265 sudhiyaning. (kembali)
266 angkêr. (kembali)
267 ingidak. (kembali)
268 măngka. (kembali)
269 gayuk. (kembali)
270 pijêr. (kembali)
271 inumane. (kembali)
272 dene. (kembali)
273 wêdosan. (kembali)
274 andharêdhêg. (kembali)
275 miring. (kembali)
276 talaga. (kembali)
277 pêksinipun. (kembali)
278 kawah. (kembali)
279 Balekambang. (kembali)
280 candhinipun. (kembali)
281 api-api. (kembali)
282 tindak. (kembali)
283 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
284 wêdhinipun. (kembali)
285 wisa. (kembali)
286 ingkang. (kembali)
287 bilih. (kembali)
288 wau. (kembali)
289 putunipun. (kembali)
290 kawah. (kembali)
291 Dringo. (kembali)
292 Jalatundha. (kembali)
293 Kurawa. (kembali)
294 mantu. (kembali)
295 Rêtna. (kembali)
296 ing. (kembali)
297 Sarêng. (kembali)
298 Seêmarang. (kembali)
299 ngriku. (kembali)
300 Tidak perlu dibaca. (kembali)
301 sêkar-sêkaran. (kembali)
302 ngakênipun. (kembali)
303 Paresidhenan. (kembali)
304 lèpènipun. (kembali)
305 karesidhenan. (kembali)
306 kathah. (kembali)
307 along. (kembali)
308 Pangangsalan. (kembali)
309 tuwin. (kembali)