Lêlampahanipun Găndakusuma, Pigeaud, 1953, #1430

JudulCitra
Terakhir diubah: 24-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pèmutan Lêlampahanipun Radèn Mas Arya Găndakusuma (MN IV)[1]

--- 179 ---

Punika pemutan lêlampahanipun Radèn Mas Arya Găndakusuma, putra ing Adiwijayan ingkang sapisan, saking garwa padmi ăngka 7 saking pambajêngipun. Ingkang wêkasan jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping sakawan.

1 Miyos ing nagari Surakarta, wontên dalêm ing Adiwijayan, marêngi ing malêm Akat Lêgi wanci jam sawêlas, tanggal kaping 8 wulan Sapar ing taun Jimakir 1738. Tuntunaning pusêripun, kawaja dhumatêng ingkang paman saking rama Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat, bupati ing Kadhiri, ingkang wêkasan anama Radèn Mas Tumênggung Arya Jayadiningrat, dados wadana kaparak kiwa ing Surakarta.

--- 180 ---

Sarta lajêng kapundhut putra dhumatêng ingkang eyang saking ibu Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping kalih. Ugi ing dalu punika kabêkta dhumatêng ing dalêm Mangkunagaran. Kagadhuhakên dhumatêng garwanipun sêlir, ingkang nama Bok Ajêng Dayaningsih.

2 Sarêng yuswa 10 taun, kapatêdhakakên dhumatêng ingkang raka nak-sanak saking rama ibu, nama Kangjêng Pangeran Arya, ingkang wêkasan jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, dikakakên mulang maos sarta nyêrat sastra Jawi, tuwin pagunan[2] sanèsipun, nalika jaman samantên. Ing ngriku kaanggêp kados putranipun pambajêng, awit dèrèng kagungan putra piyambak.

Sarêng yuswa 13 taun, kasupitakên wontên ing Mangkunagaran. Marêngi ing dintên Akat Pon tanggal kaping 10 wulan Jumadilawal, ing taun

--- 181 ---

Dal ăngka 1751.

3 Sarêng yuswa 15 taun, kalêbêtakên dados kadhèt inpantêri, Kumpêni 5 angsal balănja 30 rupiyah sawulan. Kala samantên anyarêngi panglurugipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping kalih, dhumatêng ing Klathèn, anglud karaman Ngayogya, Pangeran Arya Dipanagara, prajurit ing Mangkunagaran sadaya andhèrèk, mawi kabiyantonan juru pangrêmbaging pakèwêd, saking kangjêng guprêmèn, nama Tuwan Sêtiwrês. Saking kangjêng susuhunan ing Surakarta, Radèn Tumênggung Tăndhanagara, saking kangjêng sultan ing Ngayogya, Radèn Tumênggung Sindunagara, bidhal ing dintên Saptu Paing tanggal kaping 16 wulan Ruwah ing taun Wawu, ăngka 1753.

4 Taksih nunggil wulan taun. Radèn Mas Arya Găndakusuma, pamit saking pabarisan ing Klathèn [Kla...]

--- 182 ---

[...thèn] dhumatêng Surakarta, awit ingkang rama Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya seda.

Nalika rawuh wontên dalêm ing Adiwijayan, taksih mêningi layonipun ingkang rama, ananging sampun kalêbêtakên ing tabêla dèrèng kapaku, dados taksih sagêd angabêkti, layon lajêng kasarèkakên wontên ing ardi Mangadêg. Sedanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wau yuswa 48 taun, marêngi ing malêm Akat Kaliwon, wanci jam satunggal, tanggal kaping 24 wulan Ruwah, ing taun Wawu, ăngka 1753. Sêsampuning pitung dintênipun, wangsul dhumatêng ing pambarisan Kalathèn malih.

5 Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping kalih, sawadya bidhal saking pambarisan ing Klathèn. Lajêng masanggrahan ing Tanjungtirta, ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 3 wulan Sawal, ing taun Wawu, ăngka 1753,

--- 183 ---

salêbêtipun wontên ing ngriku wau, bêdhahipun kitha Plèrèt. Dene kolono Walandi tuwin prajurit ing Mangkunagaran, komandhanipun Tuwan Kolonèl Kokis.

6 Bidhal saking pambarisan ing Tanjungtirta, majêng[3] masanggrahan ing Ngrajakusuma, dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 16 wulan Dulkangidah, ing taun Wawu, ăngka 1753. Salêbêting wontên ngriku kacêpêngipun guruning karaman, nama Panêmbahan Sangki.

Ugi nunggil wulan, Radèn Mas Arya Găndakusuma, andhèrèk ingkang raka Kangjêng Pangeran Arya, kondur dhumatêng Surakarta, amargi ingkang ibu piyambak, Radèn Ayu Pangeran Arya Natakusuma gêrah sangêt. Sarêng dumugi dalêm Mangkunagaran, ingkang ibu wau kalajêng seda, sarêng tigang dintên ingkang rayi Radèn Ayu Kusumadiningrat, seda konduran saputranipun. Layon kalih sami

--- 184 ---

kasarèkakên wontên ing ardi Mangadêg.

7 Sarêng sampun pitung dintên, wangsul dhumatêng ing Ngrajakusuma malih, sawêg dumugi ing Klathèn, angsal pawartos bilih prajurit ing Mangkunagaran, ingkang baris wontên dhusun Brosot, kang katindhihan dening Komêndhan Kangjêng Pangeran Arya Suryamataram, kawon sarta kathah ingkang pêjah, upsir 4, soldhat wutawis[4] 150, mariyêm kabandhang 2, sakantunipun mundur dhumatêng ing Ngrajakusuma, sarêng dumugi ing Ngrajakusuma, sadaya pawartos wau inggih sayêktos.

8 Bidhal saking pambarisan ing Ngrajakusuma, lumêbêt dhumatêng ing nagari Ngayogya, ing dintên Akat Lêgi tanggal kaping 3 wulan Sura, ing taun Jimakir, ăngka 1754. Saking nagari Ngayogya mundur dhumatêng Klathèn, ing dintên Akat Pon [Po...]

--- 185 ---

[...n] tanggal kaping 10 taksih nunggil wulan taun.

Bidhal saking Klathèn, kondur dhumatêng ing nagari Surakarta, ing dintên Saptu Pon, tanggal kaping 30 ugi nunggil wulan taun.

9 Sarawuhipun wontên ing Surakarta, botên antawis lami, Radèn Mas Arya Găndakusuma, katumutakên Kumpêninipun ingkang sapalih, jagi dhumatêng bètèng Toyadăna, sawatawis wulan kagiliran. Lajêng kajagèkakên dhumatêng bètèng Taman, sawatawis wulan kagiliran. Lajêng kajagèkakên dhumatêng bètèng Gombang, sawatawis wulan kagiliran. Lajêng kadhawahan sêpèksi dhumatêng bètèng Sêmanu, sawatawis dintên lajêng kondur dhumatêng Surakarta.

Taksih nunggil taun. Radèn Mas Arya Găndakusuma, sakumpêninipun dhèrèk Kangjêng Pangeran Arya nglurug dhumatêng Jatinom, kalihan Kangjêng Tuwan Jendral van Ging, wontên ing ngriku prang sawatawis [sawata...]

--- 186 ---

[...wis] lajêng bêdhah, tumuntên kondur dhumatêng Surakarta, mêdal ing dhusun Krapyak, Tangkisan, wontên ing ngriku prang sawatawis mêngsah kawon.

10 Sarêng yuswa 18 taun. Kawisudha dados kapitan inpantêri, ugi wontên Kumpêni 5 blănja 90 rupiyah sawulan, angsal sabin 2 jung, anggêntosi ingkang raka piyambak, Radèn Mas Subêkti, awit ingkang raka wau, kawisudha anggêntosi panjênênganipun ingkang rama, nama Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping kalih, amarêngi ing dintên Kêmis Pon tanggal kaping 16 wulan Bêsar, taun Ehe, ăngka 1756. Sarêng ing dintên Kêmis Kaliwon tanggal kaping 23 taksih nunggil wulan taun, kaangkatakên dhumatêng ing bètèng Gombang, sakidulipun pêkên Pedan. Wontên ing ngriku dados komêndhan. Ingkang dipun tindhihi 1 upsir, 50 inpantêri, 1 upsir, 50 panumbak, 1

--- 187 ---

upsir, 1 mariyêm, 12 kanonir, sarta angrèh siti dhusun tatêlukan tanah ing Masaran kidul sadaya, laminipun antawis 1 ½ taun, lajêng katimbalan mantuk dhumatêng Surakarta saprajuritipun.

11 Sakonduripun saking bètèng Gombang, angsal mêndhali tatêngêripun tumut prang ing tanah Jawi, mawi sêrat kêkancingan, katitimangsan kaping 12 Januari, taun 1833. Para prajurit sami kasuda blanjanipun, amargi prang sampun kèndêl, kapitan kantun 60 rupiyah litnan tuwin kadhèt kantun 20 rupiyah sawulan, ondêr upsir sapangandhap kapalih. Cadhong ulam, arak, apyun, kasuwak.

12 Sarêng yuswa 22 taun. Kakramakakên kalihan ingkang raka Kangjêng Pangeran Arya, ananging

--- 188 ---

kala samantên sampun nama Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, angsal putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mantaram, panggulu saking ngajêng, wontên dalêm agêng ing Mangkunagaran. Ningkah ing dintên Saptu Paing wanci jam 10 siyang tanggal kaping 20 wulan Rêjêb, ing taun Dal, ăngka 1759. Sapêkênipun kaundhuh dhumatêng ing Adiwijayan, sadintên sadalu. Dhumatêng ing Nataningratan, sadintên sadalu. Dhumatêng ing Ngabean, sadintên sadalu, lajêng wangsul dhumatêng Mangkunagaran, wontên dalêm ing Surya Mantaraman. Dene wiyosanipun ingkang garwa wau, ing dintên Rêbo Paing wanci jam satêngah gangsal sontên, tanggal kaping 17 wulan Rabingulawal, ing taun Be, ăngka 1744.

13 Kala kagungan putra pambajêng miyos kakung, ingkang wêkasan nama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, ing dintên Kêmis Paing wanci jam 6 enjing, tanggal [tangga...]

--- 189 ---

[...l] kaping 20 wulan Rêjêb, ing taun Be, ăngka 1760.

Kala kagungan putra kaping 2 miyos putri, ingkang wêkasan nama Radèn Ayu Arya Tăndhakusuma, ing dintên Saptu Pon, wanci jam 6 enjing, tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir, ing taun Wawu, ăngka 1761.

Kala kagungan putra kaping 3 miyos kakung nama Radèn Mas Sungkawa, ingkang wêkasan seda yuswa sataun, ing malêm Sênèn Lêgi wanci jam 4 tanggal kaping 27 wulan Ramlan, ing taun Jimakir, ăngka 1762.

Mila kanamakakên Radèn Mas Sungkawa, awit malêmipun Salasa sedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping kalih.

14 Kala ngalih saking ngalêbêt lajêng dalêm ing jawi pêparingipun ingkang raka, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, tilas dalêmipun [dalêmi...]

--- 190 ---

[...pun] kala taksih mutra, ing dintên Akat Lêgi wanci jam 7 enjing, tanggal kaping 1 wulan Ruwah, ing taun Alip, ăngka 1763. Anggènipun pêparing wau dèrèng sêsilih asma Mangkunagara.

Kala kagungan putra kaping 4 miyos kakung, ingkang wêkasan nama Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, ing malêm Kêmis Paing wanci jam 10 tanggal kaping 3 wulan Rêjêb, ing taun Ehe, ăngka 1764.

Kala yasa dalêm, adêgipun sakaguru, ing dintên Akat Paing, wanci jam 8 enjing, tanggal kaping 18 wulan Ruwah, ing taun Ehe, ăngka 1764. Dèntên dalêm wau, ugi pêparingipun ingkang raka, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga.

15 Kala ing taun Jimawal ăngka 1765, kakarsakakên dening Kangjêng Gusti Pangeran Adipati

--- 191 ---

Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, amakili dados patih ing Mangkunagaran. Awit patihipun lowong, ugi taksih dados kapitan anyêpêng Kumpêni 5 angsal wêwah blănja 100 rupiyah sawulan, siti dhusun 4 ¼ jung.

Kala kagungan putra kaping 5 miyos kakung, ingkang wêkasan nama Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, ing malêm Sênèn Paing wanci jam 3, tanggal kaping 21 wulan Sura, ing taun Je, ăngka 1766.

Kala ngalih dhumatêng dalêm enggal. Ing dintên Akat Lêgi, wanci jam 7 enjing, tanggal kaping 1 wulan Rabingulakir, taun Je, ăngka 1766.

Kala kagungan putra kaping 6 miyos kakung, ingkang wêkasan nama Radèn Mas Arya Găndawijaya, ing malêm Akat Kaliwon, wanci jam 1 tanggal kaping 4 khurup Jamngiyah wulan Rabingulawal, ing taun Dal, ăngka 1767.

Kala kagungan putra kaping 7 miyos putri, [pu...]

--- 192 ---

[...tri,] nama Radèn Ajêng Parêng, seda timur.

16 Kala makili pandamêlanipun kapitan ajudan. Ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 26 wulan Rabingulawal, ing taun Dal, ăngka 1767.

Kala ngadêgakên iyasanipun paringgitan, ing dintên Rêbo Lêgi, wanci jam ½ 6 enjing, tanggal kaping 8 wulan Rabingulakir, tunggil taun Dal. Ugi pêparingipun ingkang raka, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga.

Kala katêtêpakên dados kapitan ajudan dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, ngiras anyêpêng adminisêtragsinipun ing lesiyun sadaya. Dintên Sênèn Wage, tanggal kaping 27 wulan Ruwah, ing taun Dal, ăngka 1767. Angsal balănja 180 rupiyah sawulan, sabin 6 ¼ jung, taksih karangkêp amakili patih.

--- 193 ---

17 Kala kawisudha dados mayor komêndhan inpantêri, lêstantun anyêpêng adminisêtragsi, mantun amakili patih, ing dintên Akat Pon, tanggal kaping 29 wulan Rabingulawal, ing taun Be, ăngka 1768. Mawi sêrat kêkancingan, katitimangsan kaping 6 wulan April, taun 1840 ăngka 1.

Kala kagungan putra kaping 8 miyos kakung, ingkang wêkasan nama Radèn Mas Arya Găndasiswara, ing dintên Saptu Kaliwon, wanci jam 5 sontên, tanggal kaping 26 wulan Dulkangidah, ing taun Wawu, ăngka 1769.

Kala kagungan putra kaping 9 miyos putri, ingkang wêkasan nama Radèn Ayu Tumênggung Arya Căndranagara, ing Kudus. Ing malêm Jumuwah Kaliwon, wanci jam ½ 11 tanggal kaping 17 wulan Sura, ing taun Alip, ăngka 1771.

Kala kagungan putra kaping 10 miyos kakung,

--- 194 ---

ingkang wêkasan nama Radèn Mas Arya Găndaatmaja, ing malêm Kêmis Wage, wanci jam 3 tanggal kaping 28 wulan Rabingulakir, ing taun Ehe, ăngka 1772.

Kala kagungan putra kaping 11 miyos kakung, nama Radèn Mas Suraya, seda timur.

Kala kagungan putra kaping 12 miyos kakung, nama Radèn Mas Satriya, ing malêm Kêmis Kaliwon, wanci jam 12 tanggal kaping 18 wulan Rêjêb, ing taun Dal, ăngka 1775.

Kala kagungan putra kaping 13 miyos kakung, nama Radèn Mas Sutadi, seda timur.

Kala kagungan putra kaping 14 miyos putri, seda sarêng kalihan ingkang ibu, ing malêm Jumuwah Kaliwon, wanci jam 3 tanggal kaping 27 wulan Sapar, ing taun Jimakir, ăngka 1778. Layonipun radèn ayu wau kasarèkakên ing ardi Mangadêg, putrinipun wontên ing Masjid Kauman lèr.

--- 195 ---

18 Kala kawisudha jumênêng pangeran. Lêstantun anama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, sabin lênggah tuwin balănja taksih kados lami, ing dintên Akat Pon, tanggal kaping 8 wulan Rêjêp, ing taun Jimakir, ăngka 1778.

Nalika samantên pinuju gêrah, dados kadhawuhan kemawon, sarta amatêdhakakên songsong tigan satugêl praosan.

Kala angramakakên ingkang putra, Radèn Ayu Arya Tăndhakusuma, paningkahipun ing dintên Jumuwah Kaliwon, wanci jam 6 enjing, tanggal kaping 26 wulan Rêjêp, ing taun Alip, ăngka 1779, sontên lajêng panggih, sapêkênipun kaundhuh dhumatêng ing Kusumadilagan.

19 Kala kagungan putra kaping 15 saking garwa sêlir, Mas Ajêng Wignyadiwati, miyos putri, nama Radèn Ajêng Sutrêpti, ing malêm Kêmis Wage, wanci

--- 196 ---

jam 8 tanggal kaping 15 wulan Ruwah, ing taun Ehe, ăngka 1780.

Kala kagungan putra kaping 16 saking garwa sêlir, Radèn Sitawati, miyos putri, nama Radèn Ajêng Sutarti, ing dintên Akat Kaliwon, wanci jam 12 siyang, tanggal kaping 22 wulan Sawal, ing taun Ehe, ăngka 1780.

Kala anampèni ganjaran arta kathahipun 500 rupiyah pêthak, saking kangjêng tuwan guprênur jendral ing Nèdêrlan Indiya, minăngka pratăndha parêngipun kangjêng guprêmèn, awit saking tabêri anggènipun anglampahi dados mayor komêndhan prajurit dharat, ing lèsiyunipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, mawi sêrat kêkancingan, katitimangsan kaping 29 wulan Oktobêr, taun 1852.

Kala kagungan putra kaping 17, ugi saking garwa sêlir, Mas Ajêng Banawati, miyos kakung nama Radèn Mas Sutarta, ing malêm Akat Wage, wanci jam ½ 10 tanggal kaping 22 wulan Sapar, [Sa...]

--- 197 ---

[...par,] ing taun Jimawal, ăngka 1781.

20 Kala jumênêng anggêntosi kalênggahanipun ingkang raka Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, litnan kolonèl komêndhaning lèsiyun ing Mangkunagaran, lêstantun ing samukawisipun. Marêngi ing dintên Jumuwah Wage, tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir, ing taun Jimawal, ăngka 1781.

Kabyawarakakên wontên ing pandhapi Mangkunagaran, ingkang angèstrèni, Kangjêng Tuwan Kolonèl Buskên. Ingkang amakili residhèn ing Surakarta, tuwin para tuwan-tuwan. Kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, saha para pangeran. Punapadene Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Mas pangulu tapsiranom. Utawi para wadana ing Surakarta sadaya, sabibaripun para ingkang ngèstrèni wau, kangjêng [kang...]

--- 198 ---

[...jêng] gusti lajêng ngaturakên tarimakasih ing kangjêng tuwan residhèn dhumatêng dalêmipun, mawi tampi sêrat kêkancingan saking Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral dhe Imar van Tuwis, katitimangsan, Bogor kaping 7 wulan April, taun 1853.

21 Kala angsal lilah saking kangjêng guprêmèn, kalilanipun krama angsal putri, tatilaranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, pambajêng saking garwa padmi. Kawrat ing sêrat kêkancingan wados, aksara I katitimangsan kaping 16 wulan April, taun 1853.

Kala paningkahipun, ing dintên Salasa Wage tanggal kaping 15 wanci jam 10, siyang wulan Ruwah, ing taun Jimawal, ăngka 1781. Kajênêngan dening Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, saha para pangeran ing Surakarta sadaya, tuwin Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat,

--- 199 ---

sakancanipun para bupati ing Surakarta sadaya.

Makatên ugi sontên panggihipun, wêwah Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu têdhak. Kalihan jajênêngipun kangjêng guprêmèn, Kangjêng Tuwan Jendral Mayor Bakkê. Komêndhan Indhiya Sêlègêr, saha Kangjêng Tuwan Kolonèl Buskên, ingkang amakili residhèn ing Surakarta sadaya, dalunipun pista lajêng dhansahan.

Sapêkênipun wanci jam 6 sontên, kaundhuh dhumatêng ing dalêm paresidhenan, lampahipun nitih kareta, mawi upacara kaprabon. Abdi dalêm prajurit, tuwin wadyabala sapanunggilanipun sami andhèrèk.

Sasampunipun dumugi ing dalêm paresidhenan, sadaya urmat. Kangjêng gusti sakalihan lênggah, upacara, prajurit, tuwin wadyabala sapanunggilanipun wau, sami mantuk rumiyin. Lajêng dhansah pista, sabibaripun jam 3 kangjêng gusti sakalihan kondur.

Dèntên wiyosanipun, Gusti Radèn Ayu Pangeran [Pange...]

--- 200 ---

[...ran] Adipati Arya Prabu Prangwadana wau, ing dintên Saptu Paing, wanci jam 4 sontên, tanggal kaping 18 wulan Jumadilakir, ing taun Je, ăngka 1758.

22 Kala siram tingkêbipun, Gusti Radèn Ayu Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana ing dintên Saptu Lêgi, tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal, ing taun Je, ăngka 1782. Kajênêngan dening Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, saha para pangeran ing Surakarta sadaya, tuwin Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sakancanipun para bupati ing Surakarta, saha para garwanipun, sadaya wau sami paring pangèstu wilujêng, mugi ambabara miyos kakung, lêstantun andarbènana ing Mangkunagaran sapanginggilipun.

Kala kagungan putra kaping 1 miyos kakung, nama Gusti Kangjêng Pangeran Arya Prabu Sudibya, ing dintên Rêbo Lêgi, wanci jam ½ 7 enjing, tanggal [tang...]

--- 201 ---

[...gal] kaping 28 wulan Rêjêb, ing taun Je, ăngka 1782. Mawi kaurmatan monggang tuwin mariyêm mungêl kaping 9.

Kala kagungan putra kaping 2 miyos kakung, nama Gusti Radèn Mas Sunita, ing malêm Sênèn Lêgi, wanci jam 12 tanggal kaping 29 wulan Rêjêb, ing taun Dal, ăngka 1783. Mawi kaurmatan monggang tuwin mariyêm mungêl kaping 9.

23 Kala angramakakên Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, angsal putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2. Pambajêng saking garwa padmi, sarêng kalihan Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping tiga, angsal putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, panênggak saking garwa padmi, paningkahipun ing dintên Saptu Kaliwon, wanci jam 4 tanggal kaping 18 wulan Ruwah,

--- 202 ---

ing taun Dal, ăngka 1783, sontên lajêng panggih, sapêkênipun kaundhuh dhumatêng ing Ngabean.

Kala kagungan putra kaping 3 miyos kakung lajêng seda.

Kala angramakakên Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, angsal putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, pambajêng saking garwa padmi, paningkahipun ing dintên Saptu Paing, wanci jam 4 tanggal kaping 20 wulan Ruwah, ing taun Be, ăngka 1784. Sontênipun lajêng panggih wontên ing Nataningratan.

Kala kagungan putra kaping 4 miyos kakung, nama Gusti Radèn Mas Suyitna, ing malêm Jumuwah Pon, wanci jam 11 tanggal kaping 17 wulan Rêjêb, ing taun Wawu, ăngka 1785, mawi kaurmatan monggang, tuwin mariyêm mungêl kaping 9.

Kala angramakakên Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, sarêng kalayan Radèn Mas Arya Găndawardaya, sami angsal putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga,

--- 203 ---

sami saking garwa sêlir, paningkahipun ing dintên Akat Lêgi, wanci jam 4 tanggal kaping 10 wulan Ruwah, ing taun Wawu, ăngka 1785, sontênipun lajêng panggih.

Kala kagungan putra kaping 5 miyos kakung, têrèk lajêng seda.

24 Kala katêtêpakên, nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping sakawan, sarta kawisudha dados kolonèl komêndhan, wontên ing dalêm karesidhenan. Ing dintên Rêbo Kaliwon, tanggal kaping 27 wulan Sura, ing taun Jimakir, ăngka 1786, mawi sêrat kêkancingan, katitimangsan ing Bogor, tanggal kaping 16 wulan Agustus, taun 1857. Gupêrnur Jendral Vaut. Mila dados tingalan panjênênganipun kadamêl ing dintên Akat Wage, tanggal kaping 25 wulan Bêsar, amêndhêt cocogipun titimăngsa, tumrapipun [tumra...]

--- 204 ---

[...pipun] kalayan etang Jawi.

Kala iyasa gêdhong purwasana, awit pasang talês, ing dintên Akat Lêgi, tanggal kaping 1 wulan Rêjêb, ing taun Jimakir, ăngka 1786.

Kala angramakakên Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, angsal putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, saking garwa sêlir, sarêng kalihan Radèn Ayu Tumênggung Arya Căndranagara ing Kudus. Paningkahipun ing dintên Kêmis Lêgi wanci jam 4, tanggal kaping 18 wulan Bêsar, ing taun Jimakir, ăngka 1786, sontênipun lajêng sami panggih.

25 Kala kagungan putra kaping 6 miyos kakung, nama Gusti Radèn Mas Surana, ing malêm Kêmis Wage, wanci jam 10 ¼ tanggal kaping 8 wulan Jumadilakir, ing taun Alip, ăngka 1787, mawi kaurmatan, monggang, tuwin mariyêm mungêl kaping 9.

--- 205 ---

Kala angramakakên Radèn[5] Mayor Atmamijaya, sarêng kalihan Radèn Mas Kapitan Arya Sabrata, sami angsal putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, saking garwa sêlir, paningkahipun ing dintên Salasa Lêgi, wanci jam ½ 5 tanggal kaping 18 wulan Bêsar, ing taun Alip, ăngka 1787, sontên lajêng sami panggih, sapêkênipun kaundhuh dhumatêng ing Suryaamijayan.

26 Kala anampèni ganjaran, ridêr saking ordhê Nèdêrlansên leyo wontên ing pandhapi Mangkunagaran, ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 21 wulan Sapar, ing taun Ehe, ăngka 1788.

Kala kagungan putra kaping 7 miyos kakung, nama Gusti Radèn Mas Suripta, ing dintên Rêbo Lêgi, wanci jam ½ 7 enjing, tanggal kaping 7 wulan Ruwah, ing taun Ehe, ăngka

--- 206 ---

1788. Mawi kaurmatan monggang, tuwin mariyêm mungêl kaping 9.

Kala angramakakên Kangjêng Pangeran Arya Surya Mantaram, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, angsal putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, saking garwa padmi, paningkahipun ing dintên Akat Pon, wanci jam 4 tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir, ing taun Jimawal, ăngka 1789. Sontênipun lajêng panggih wontên ing Nataningratan.

27 Kala iyasa waos, kathahipun 100, wêdhung 100, panganggenipun abdi dalêm rănggasewaka. Waos 50, piling 50, panganggenipun abdi dalêm bramantaka. Waos 50, panganggenipun abdi dalêm prajurit, subamanggala. Waos 200, panganggenipun abdi dalêm wiratăna. Waos 100,

--- 207 ---

panganggenipun abdi dalêm prajurit margayuda. Ingkang anggarap iyasan dalêm wau, êmpunipun abdi dalêm Kyai Gunadahana, kalihan Kyai Gunapawaka, tuwin prikancanipun pandhe bawah ing Mangkunagaran sadaya, awitipun Salasa Paing tanggal kaping 3 wulan Rêjêb, ing taun Jimawal, ăngka 1789.

Kala kagungan putra kaping 8 miyos putri, nama Gusti Radèn Ajêng Suyati, ing dintên Rêbo Wage, wanci jam ½ 9 enjing, tanggal kaping 23 wulan Sura, ing taun Je, ăngka 1790, mawi kaurmatan, monggang tuwin mariyêm mungêl kaping 7.

Kala iyasa pabrik, ing Calamadu, awit pasang talês, ing dintên Akat Wage, tanggal kaping 5 wulan Jumadilakir, ing taun Je, ăngka 1790.

28 Kala têdhak dhumatêng ing Batawi, sowan ing Kangjêng [Kang...]

--- 208 ---

[...jêng] Tuwan Guprênur Jendral Baron pan Sêlut pan dhe Bèllê, ingkang andhèrèk, 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, 2. Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, 3. Tuwan Ridmèstêr Mètslêr sêpuh, mangkat saking Surakarta, ing dintên Kêmis Kaliwon, wanci jam 6 enjing, tanggal kaping 24 wulan Sapar, ing taun Dal, ăngka 1791.

Kondur rawuh ing dalêm Mangkunagaran, ing dintên Akat Lêgi, tanggal kaping 25 wulan Rabingulawal, taksih nunggil taun Dal.

Kala kagungan putra kaping 9 miyos putri, nama Gusti Radèn Ajêng Sumarti, ing dintên Jumuwah Lêgi, wanci jam ½ 2 siyang, tanggal kaping 13 wulan Jumadilakir, ing taun Dal, ăngka 1791. Mawi kaurmatan, monggang tuwin mariyêm mungêl kaping 7.

29 Kala angramakakên Radèm Mas Arya Găndawijaya, [Găndawi...]

--- 209 ---

[...jaya,] sarêng kalihan Radèn Mas Arya Găndasiswara, Radèn Mas Panji Darmakusuma, Radèn Mas Panji Jayasaputra, sami angsal putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, saking garwa sêlir, paningkahipun ing dintên Rêbo Lêgi wanci jam 4 tanggal kaping 27 wulan Bêsar, ing taun Dal, ăngka 1791, sontên lajêng panggih, sapêkênipun kaundhuh dhumatêng ing Suryamijayan namung sadintên.

Kala kagungan putra kaping 10 miyos kakung lajêng seda, ing dintên Kêmis Kaliwon, wanci jam 11 siyang, tanggal kaping 2 wulan Jumadilawal, ing taun Be, ăngka 1792.

Kala angramakakên Radèn Mas Arya Găndaatmaja, angsal putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping tiga, saking garwa sêlir, paningkahipun ing dintên Kêmis Paing, wanci jam 4 tanggal kaping 12 wulan Bêsar, ing taun Be, ăngka 1792, sontênipun lajêng panggih.

--- 210 ---

Kala kagungan putra kaping 11 miyos kakung, nama Gusti Radèn Mas Subyakta, ing dintên Sênèn Pon, wanci jam 9 enjing, tanggal kaping 5 wulan Rabingulawal, ing taun Wawu, ăngka 1793. Mawi kaurmatan, monggang tuwin mariyêm mungêl kaping 9.

Pèngêtan punika namung salêbêtipun, 55 taun (wiwit miyosipun taun Jawi 1738) dados kirang 17 taun kalihan surutipun (surut taun Jawi 1810) sampun botên dipun pèngêti, mila wontên putra tiga: 2 saking padmi, 1 saking paminggir, botên kalêbêt ing pèngêtan, inggih punika: 1. Gusti Radèn Mas Suprapta (Kangjêng Pangeran Arya Dayakiswara), 2. Gusti Radèn Ajêng Suprapti (seda timur), 3. saking paminggir, Radèn Mas Sardana (Kangjêng Pangeran Arya Nataningrat kaping II).

 


Judul ini merupakan tambahan dari redaksi. (kembali)
kagunan. (kembali)
lajêng. (kembali)
watawis. (kembali)
Radèn Mas. (kembali)