Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525 (Jilid 1)

Judul
Sambungan
1. Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
2. Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525 (Jilid 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 25-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Lêlana ing Ngakerat

Nyariyosakên lêlampahanipun Sang Prabu Pakuningrat, Sri Narendra Binathara ing Gilingwêsi, nalika lêlana dhatêng ngakerat, lajêng kondur, ngantos dumugi lêlampahanipun Sang Aprabu Pastapa, ambêdhah kutha ing Karangasêm, sarta ing Bali Bulelang,[1] dumugi dhaup kalayan Sang Kusumaning Ayu Dèwi Sêkar Kadhaton, kalihan Sang Kusuma Dèwi Rasa Adi (garwa kêkalih).

Babon asli saking priyantun sagêd ing jaman kina, lajêng kaimpu[2] sapikangsalipun, sarta kawêdalakên dening administrasi Gêntha Kêkêlèng ing Surakarta.

Kaêcap ingkang sapisan, kala ing taun 1856–1925.

Tercitak oleh Drukkerij K.T. TAN - Solo. No. 114-7-25.

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : [0] ---

[...]

Sêrat Lêlana ing Ngakerat

Nyariyosakên lêlampahanipun Sang Prabu Pakuningrat, Sri Narendra Binathara ing Gilingwêsi, nalika lêlana dhatêng ngakerat, lajêng kondur, ngantos dumugi lêlampahanipun Sang Aprabu Pastapa, ambêdhah kutha ing Karangasêm, sarta ing Bali Bulelang,[3] dumugi dhaup kalayan Sang Kusumaning Ayu Dèwi Sêkar Kadhaton, kalihan Sang Kusuma Dèwi Rasa Adi (garwa kêkalih).

Babon asli saking priyantun sagêd ing jaman kina, lajêng kaimpu[4] sapikangsalipun, sarta kawêdalakên dening administrasi Gêntha Kêkêlèng ing Surakarta.

Kaêcap ingkang sapisan, kala ing taun 1856–1925

Tercitak oleh Drukkerij K.T. TAN - Solo. No. 114-7-25.

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : 1 ---

1. Dhandhanggula

1. kadyangganing brêmara mangrêngih | duk mangarah maduning puspita | pipit kapêpêtan rone | tyas mangu kapirangu | merang mire mara mangungkih | kongkal rone kalingkap | kang sêkar sumawur | wor kisma datanpa karya | yayah kadi sêsawur dera murwani | carita duk ing kuna ||

2. wontên sajuga ingkang winarni | buron alit sajroning samodra | kang wus siluman sipate | ing sajuga ri nuju | ngracut raga amindha janmi | sumêdya malbèng pasar | arsa non pangrungu | paran wartaning dharatan | jujug doning padhasaran ulam kali | kèh janma tan nglêgewa ||

3. rikalane kang amindha janmi | parêk lawan wong roro nèng pasar | sapocapan lan rowange | mangkana wuwusipun | hèh kisanak kula yun uning | gonira antuk ulam | kathahe kalangkung | tikêl lawan lyaning janma | kadiparan pratikêle angupadi | kula arsa uninga ||

4. kang tinanya anauri aris | dhuh sumitra kaote punapa | sami-sami misayane | amung prasajanipun | kula darbe mitra linuwih | ingkang tuhu waskitha | jêjuluke nujum | bangkit dhatêng pêpetangan | pundi ing don kang kathah minane uning | nadyan jroning samodra ||

5. rowangira anambungi malih | dhuh kisanak bok ulun têtanya | nujum sintên jêjuluke | lan pundi dunungipun |

--- 1 : 2 ---

dene nujum waskitha yêkti | kula arsa sumewa | aminta pangèstu | lamun ngangge ambêbêkta | lah punapa sarat masruting sumiwi | sampun kongsi kuciwa ||

6. kang tinanya gantya anauri | mitra lamun sira atêtanya | dhatêng sang nujum asmane | kathah samya anêbut | panêmbahan miwah maharsi | Sang Rêsi Tirtamarta | dhepoking sang wiku | jroning Guwa Jatijajar | kang kaprênah lêngkèhing Arjuna wukir | dohe mung sawatara ||

7. dene sarat masrut datan mawi | awit dening risang panêmbahan | kamantyan gung subratane | tan bukti datan minum | lamun nuju karsa abukti | godhong gudhe ginudhang | tanapi kinulub | unggyane nanêm priyangga | sigêg gatya[5] kocapa kang mindha janmi | wasta Kijing Wahana ||

8. duk angrungu wicaraning janmi | kang kadyèku nulya gêgancangan | mantuk mring tasik dununge | arsa sumiwèng ngayun | nagaraja ingkang bêbisik | Risang Anantaboga | eca ngisis siyung | kagyat ana kijing prapta | kusung-kusung gumrêmêt sumiwèng ngarsi- | nira sang nagaraja ||

9. nagaraja angandika aris | he he sira Si Kijing Wahana | apa sira karêpake | sumiwèng ngarsaningsun | kusung-kusung sêmu wigati | payo nuli matura | sun arsa angrungu | sigêgên Kijing Wahana | kang dinangu matur sarwi ngasih-asih | pukulun sarparaja ||

10. ulun [u...]

--- 1 : 3 ---

[...lun] arsa angunjuki uning | duk nalika ulun amanjanma | nèng pasar amirêngake | janma kêkalih sampun | paginêman lamun ing ardi | wasta ardi Arjuna | mangke wontên nujum | karan Rêsi Tirtamarta | juru petang kêsdik paningal nglangkungi | dadya pangungsèn janma ||

11. kathah juru misaya prasami | tanya dhatêng risang panêmbahan | pundi doning ulam lèpèn | tanapi jroning laut | ingkang kathah dipun upadi | Sang Rêsi Tirtamarta | nulya sung pituduh | sadaya wus katur samya | dening kijing miwiti malah mêkasi | sigêg sang sarparaja ||

12. wusing myarsa ature pun kijing | sakamantyan rudahing tyasira | mangkana lon andikane | lamun mangkono èstu | tan wun karya rusaking dasih | kèh mina winisaya | labête si nujum | prayoga ingsun kapanggya | lah ta kijing sira mundura tumuli | sun arsa katêmua ||

13. amit mundur kijing wus tan kèksi | Sarparaja Sang Anantaboga | winatêk pasilumane | nêdya amowor sambu | malih warna amindha janmi | sapandurat wus dadya | janma tani wutun | nulya age lumaksana | mring aldaka Arjuna ayun sumiwi | Sang Rêsi Tirtamarta ||

14. panêmbahan pan wus antuk wangsit | lamun arsa katamian janma | ingka[6] dede suwadine | nahên ta kang winuwus | nagaraja kang mindha janmi | wus praptèng Jatijajar | dhepoking [dhe...]

--- 1 : 4 ---

[...poking] sang wiku | anjujug korining guwa | manyabawa nuwun-nuwun sang maharsi | ulun sumiwèng ngarsa ||

15. Panêmbahan Tirtamarta uning | lamun ana janma anênêka | nulya ingacaran age | kisanak dika laju | umanjing ing guwa alinggih | sang mindha tanggap sabda | sangêt matur nuwun | sawusira bêbagean | dangu dènnya panggihan janma kêkalih | sang mindha gya têtanya ||

16. dhuh pukulun sang ambêk maharsi | dangu ulun sumiwèng ngarsanta | mulat sang rêsi solahe | kadyarsa darbe pêrlu | punapa ta ingkang wigati | mugi dipun dugèkna | sampun walangkayun | he kisanak sumurupa | ingsun datan darbe pêrlu ika-iki | kajaba asêsawah ||

17. arsa tandur anibakkên wiji | wit sun sêngguh mêngko wus prayoga | dhaup kalawan mangsane | sang mindha lon sumambung | dhuh pukulun anèh kêpati | măngsa katiga ngêrak | dadak arsa tandur | paran marganirèng gêsang | lamun wiji datan siniram ing warih | lăngka lamun gêsanga ||

18. sang maharsi mèsêm anauri | têka bênêr ing pambatangira | nanging miturut petunge | ing wêngi mêngko jawuh | adrês kadi udan sêmèni | banjir sajroning kutha | kêlêban sadarum | sapusêr jêroning toya | sang amindha ing galih kaduk ngèsêmi | dene têka nglêngkara ||

19. awon-awon ulun băngsa tani |

--- 1 : 5 ---

tanpa petang mung blilu balaka | mangsaning jawah ngarêcèh | mya[7] katiga ngalangut | yêkti ulun sampun udani | wangsul dintên samangkya | dede mangsanipun | paduka ambatang jawah | mêngko ratri jro kutha banjir ngêlêbi | tangèh lamun kalakyan ||

20. sang pandhita maksih anyukêngi | têmahannya prasamya darêdah | sang pindha puguh driyane | prayogine sang wiku | lah suwawi dipun êtohi | akêkêthokan jăngga | kewala pukulun | lamun mangke ratri jawah | kongsi banjir ngêlêbi jro kutha singgih | ulun dipun kêthoka ||

21. anging lamun jro kutha tan banjir | têtêp pukulun ingkang alêpat | murdanta ulun sêmbêlèh | samana pan wus sanggup | sang mapindha anulya pamit | mentar saking ngarsèng Sang | Tirtamarta nujum | ing marga tan cinarita | janma pindha wus rucat lir wingi uni | malbèng têlêng samodra ||

22. nulya tampi dhawuhing Hyang Widhi | mêngko kinèn andhawahna jawah | lir pandhita pambatange | naga kagyat tyasipun | ngrasa lamun arsa katitih | tohe lan sang pandhita | kêkêthokan gulu | dadya têmah laku cidra | karya lakon ambadal dhawuhing Widhi | udan dèn lih kewala ||

23. sanalika parêpatan sami | sagung para kănca-kănca sarpa | kabèh wus kumpul rêmbuge | dènnyarsa ngêlih jawuh | jawi kitha dipun [dipu...]

--- 1 : 6 ---

[...n] êlêbi | wus samya linaksanan | jawah drês kalangkung | blumbang ngêmbong kêmbêng toya | kali-kali lumembak lubèr ngêlêbi | wisma jawining kitha ||

24. jroning kitha datan sida banjir | muhung jawi kitha banjir bandhang | mawèh gung kasangsarane | kathahing kutu-kutu | walangtaga nêmahi lalis | samya kêlêban toya | dadya lêbur tumpur | dening pakartining naga | nênggih nagaraja ingkang mindha janmi | ing ratri wus kawuntat ||

2. Pangkur

1. sigêg gantya kawuwusa | duk ing wanci enjang sang pindha janmi | tandya mentar gupuh-gupuh | saking dhasar samodra | yun sumiwèng ngarsanta risang mawiku | ing marga datan winarna | Jatijajar sampun prapti ||

2. jumujug ing ngarsanira | Sang Maharsi Tirtamarta nanggapi | sang mapindha pinrih laju | lumêbèng jroning guwa | nulya linggih satata nèng bale watu | gya umatur sigra-sigra | pukulun ulun sumiwi ||

3. wontên ing ngarsa paduka | sayêktyamba arsa nagih prajanji | dera samya êtoh gulu | kala sami ambatang | wontênipun jawah pambatang pukulun | banjir ngêlêbi jro kutha | ing ênu satêmah sisip ||

4. jawi kitha kang abêna | têtêp sampun paduka ingkang sisip | marmanta risang pukulun | amba dèn lilanana | arsa nigas murdanira ulun suwun | mênang ngukup kalah bayar | jêr wus samya dèn sanggupi ||

5. sang rêsi aris [ari...]

--- 1 : 7 ---

[...s] ngandika | bênêr sira kisanak ingsun sisip | nging sira kang antuk bêndu | dening Sang Hyang Wisesa | labêt sira mêmancah karsèng Hyang Agung | angêlih tibaning udan | jaban kutha kongsi banjir ||

6. jêr ingsun tan kêkilapan | marang sira kang lagya malih warni | dadya manungsa nyalamur | jatine nagaraja | kang rumêksèng têlêng samodra sirèku | aran Si Anantaboga | aywa sira angukiri ||

7. iku luput kang kapisan | kapindhone sira dosa ing pati | marang sagung kutu-kutu | walangtaga kang samya | magênturan pêpati maèwu-èwu | dening kêlêban ing toya | padha kêlah minta adil ||

8. jêr nora angrasa salah | ganggu gawe mring sasamining urip | wusana nêmahi lampus | saking pakartinira | ing samêngko atas karsaning Hyang Agung | sira nandhang ukum kerat | murdamu tinigas pacing ||

9. kagyat tyas kang pindha janma | andharodhog riwe kumyus ngêbêsi | netra kêkotos rawat luh | sêrêt wahyaning sabda | dhuh pukulun sang mahambêk kumawiku | sèwu kasisipan amba | pukulun minta aksami ||

10. sintên ingkang gêsangana | tarlèn saking paduka sang maharsi | dewaning kang para wiku | kêkasihing Hyang Suksma | muhung tuwan guru ratuning pra nujum | layak pantês mangaksama | dhumatêng dasih kaswasih ||

11. Sang Maharsi Tirtamarta | jroning galih

--- 1 : 8 ---

kamiwêlasên uning | mangkana ing wuwusipun | he sarpa pindha janma | sun tan wajib mangaksama mring sirèku | marga sisip mring Hyang Suksma | kudu nalăngsa ing Widhi ||

12. yogya sira sumewaa | mring ngarsaning sang nata kang bêbisik | Sri Pakuningrat kasêbut | narendra binathara | angaturna pati urip mring sang prabu | pirangbarantuk aksama | sisipira ring Hyang Widhi ||

13. wit Sang Prabu Pakuningrat | nguni darbe abdi mantri pangukir | pakaryane sabên dalu | angrangkêp măndaraka | anèng kerat dadi tukang ngukum gantung | amicis angêthok jăngga | jangganing sakitan sami ||

14. nadyan têkèng sira benjang | nora liya saking mantri pangukir | kang kabubuh karya putus | anigas murdanira | marma bêcik sira enggala nyênyuwun | sih parmaning sri narendra | bokmanawantuk aksami ||

15. ugêre sang nata karsa | ananggupi yêkti luwar sirèki | wurung tinigas murdamu | waluya paripurna | nuli bae aywa kongsi katarucut | sigêg gantya winursita | naga ingkang pindha janmi ||

16. amit mundur palarasan | sêdyanira sumiwèng narapati | ing marga datan winuwus | anênggih sampun prapta | ngarsèng nata pangadhêpe makedhupuh[8] | kagyat sang nata tumingal | mring naga kang pindha janmi ||

17. alon pangandikanira | hèh ta sira janma saka [sa...]

--- 1 : 9 ---

[...ka] ing ngêndi | lan sapa aranirèku | prapta ing ngarsaningwang | miwah apa ingkang sinêdya ing kayun | kang pindha lon aturira | adhuh gusti nuwun runtik ||

18. ulun pun Anantaboga | sajatine sarpa amindha janmi | ing samodra dunung ulun | sumiwèng ngarsa tuwan | yun mêminta aksamanta sang aprabu | karanamba nandhang dosa | ing ngakir dèn ukum pati ||

19. murdamba arsa tinigas | marma enggal sumiwèng sang siniwi | mugi wontên sih pukulun | aparing pangaksama | mamrih luwar saking pamidana lampus | sang nata kagyat lingira | hèh naga kang pindha janmi ||

20. aywa sira salah cipta | ujêr ingsun dudu ratu ing ngakir | kang dadi bubuhan ingsun | ngratoni ngalam donya | ing ngakerat wajibing kang Maha Agung | kaya priye marganira | gèn ingsun angapurani ||

21. sang pindha maksih ngrêrêpa | dhuh pukulun wartosipun sang rêsi | anênggih paduka prabu | darbe abdi sajuga | dadya mantri pangukir ngrangkêp yèn dalu | dados mantri măndaraka | ing kerat juru nglunasi ||

22. dhumatêng para dêdosan | nigas jăngga anjonjang ukum picis | punika pakaryanipun | abdi mantri paduka | lêgêging tyas sang nata dhawuhkên sanggup | janma wus rinilan mentar | mring tasik tyasnya ngarawit ||

3. Sinom

1. gantya kocapa sang nata | sigra-sigra

--- 1 : 10 ---

animbali | abdi ngukir măndaraka | ngandikan ngarsèng narpati | tan dangu sampun prapti | ngarsanira sang aprabu | nata lon andikannya | hèh abdiningsun pangukir | marma sira sun timbali nèng ngarsèngwang ||

2. ingsun tanya marang sira | miturut aturing rêsi | sira ngrangkêp pasuwitan | yèn pinujwèng măngsa ratri | nèng kerat sira dadi | măndaraka juru ngukum | sagung kang kokum kisas | sira kabèh kang majibi | măndaraka andhêku ing aturira ||

3. dhuh pukulun sri narendra | lêpat ulun nyuwun runtik | sadaya dhawuh paduka | lêrês tan wontên nalisir | malah mangke ing ratri | kawula angêmban dhawuh | timbalaning Hyang Suksma | kinèn dhawuhkên pêpati | mring Anantaboga nigas murdanira ||

4. karana lêpating naga | ambadal karsèng Hyang Widhi | ngêlih jawah jawi kitha | kongsi banjir angêlêbi | kathah karya pêpati | walangtaga kutu-kutu | kang samya botên dosa | sami kêlah minta adil | mring Hyang Suksma naga kenging ukum kisas ||

5. sang nata malih ngandika | lah măndaraka sirèki | yèn kêna pamit kewala | sira aywa marang ngakir | mantri dhêku nauri | dhuh gusti dhawuh pukulun | sayêktinipun amba | tan kalilan nyuwun pamit | tulung liya lêpat badane priyăngga ||

6. sigêg wau ta sang nata | mangunandika ing galih | bêcik sun ingêr kewala |

--- 1 : 11 ---

măndaraka sun jak main | yèn katungkul ing wêngi | tumêkèng byar yêkti wurung | gone angukum kisas | margane si naga urip | kunêng lingnya narendra mring măndaraka ||

7. babo sira măndaraka | karsaningsun mêngko ratri | arsa kasukan lan sira | main catur nèng jro puri | karya nglêlipur galih | măndaraka aturipun | nuwun gusti sumăngga | ing karsa gusti sang aji | sri narendra dhawuh amirantènana ||

8. ing nguni pan wus samapta | sadaya sampun cumawis | nulya sang nata alênggah | măndaraka angladosi | ramya gênti kalindhih | suka ing galih sang prabu | ngraos tumamèng gêlar | samana wus krasa arip | madya ratri ngantuk abdi măndaraka ||

9. sarwi angrungkêbi meja | kadi kapati aguling | napas ngasur[9] karênggosan | kumyus karingête mijil | sukèng galih sang aji | mring abdi nata dhêdhawuh | he kabèh bae padha | bocah ingsun ywa baribin | supayenak măndaraka gone nendra ||

10. nulya pinundhutkên kipas | kinêpêtan wanti-wanti | wantune ki măndaraka | ing sêmu karaos isis | nging napas kêmpas-kêmpis | sakêdhap-kêdhap angangsur | kêdhap unjal anjola | sang nata maksih ngêpêti | tan adangu ngalilir ki măndaraka ||

11. nata dhawuh nutugêna | supaya warêg aguling | aturipun măndaraka |

--- 1 : 12 ---

dhuh gusti kula sang aji | ulun minta aksami | labêt dêksuraning tanduk | wontên ing ngarsa tuwan | kasupèn kawula guling | awit saking kabêkta arip kawula ||

12. dumadakan jroning nendra | kawula nglampahi wajib | nambut karya măndaraka | pun naga băndakalani | dangu kawula tandhing | mèh kasor dening prang pupuh | napas kawula têlas | pinuju tuwan kêpêti | sanalika aring ing napas kawula ||

13. naga nyaut sarwi ngakak | ing ngriku ulun sarêngi | ulun lăngga cêthakira | lan sanjata Pasupati | tugêl bêt amisani | murda pisah kantun gêmbung | têbah kawula bucal | tanbuh-tanbuh mangke gusti | sirah naga katut kabuncang maruta ||

14. têlas ture măndaraka | gumêbrug wontên kapyarsi | dhumawah ngarsèng sang nata | sirah naga golang-galing | sarwi lara anangis | kaniyaya sang aprabu | dosa gung winasesa | baya ta cidra ing janji | adhuh gusti mugi tuwan têmpahana ||

15. pisahing sirah kawula | saking gêmbung golang-galing | gumulung nèng ngarsa tuwan | măndaraka kang akardi | dhawuh paduka ngarsi | sanggup tanggêl gêsang ulun | tan wruh duk nèng ngakerat | aprang paduka kêpêti | yèn sampuna paduka kintun maruta ||

16. yêkti kasor dening amba | măndaraka angêmasi | nging sarêng paduka kipas | napasipun nulya aring | ulun pulêt malahi |

--- 1 : 13 ---

wanti-wanti ulun sêmbur | duk sira ulun sarap | kawula dipun sarêngi | ing pusaka kenging cêthak kapisanan ||

17. pêgating jăngga kawula | sasat paduka kang kardi | marma gusti sri narendra | pukulun anuwun runtik | dèn ruwata tumuli | sampun anggung gumalundhung | sayêkti ulun merang | mulat gêbyaring Hyang Rawi | yèn anggunga dadya tontonan nèng donya ||

18. trênyuhing tyas sri narendra | kapanduk sêmu wor tangis | aturing Anantaboga | anggarês ngêrês-êrêsi | tandya sang nata angling | ring măndaraka andangu | he măndaraka sira | apa sira bisa manjing | mring ngakerat bêbarêngan lawan ingwang ||

19. umatur ki măndaraka | sandika rèh padukaji | lamun pukulun ngarsakna | umanjing ing ngalam akir | pukulun yêkti gampil | suwawi ulun tut pungkur | nata mèsêm ngandika | naga ywa was-was ing pikir | puluh-puluh jêr wus dadi bêgjanira ||

20. besuk bae nèng ngakerat | sun katêmu Jabarail | bokmênawa sira bisa | suwarga ing dalêm pati | naga nêmbur nauri | adhuh gusti sang aprabu | dahat panuwun amba | dadosa marganing dasih | paripurna ing pati nêmu suwarga ||

21. sirah naga sampun sirna | umanjing dhasaring tasik | sang nata kantun anggana | ingadhêp mantri pangukir | nata ngandika aris | paran sira patrap [patra...]

--- 1 : 14 ---

[...p] ingsun | umanjing marang kerat | măndaraka matur angling | marginipun tarlèn saking jroning nendra ||

22. paduka angraga suksma | ing cipta êning sawiji | umandêng pucuking grana | angon napas manjing mijil | lamun kraos gumriming | amathêta napas-nupus | amung sakêdhap netra | kewala sayêkti prapti | alam gaip nênggih jatining ngakerat ||

23. sang nata pan wus luwaran | umanjing kamar panêpin | măndaraka amit mêdal | karone samya sêmèdi | sakêdhap netra pan wis | murut kang yitma sumêbut | manjing jroning ngakerat | panggih lawan Jabarail | janma tiga prasamya atata lênggah ||

24. wusnya samya bêbagean | sang nata ngandika aris | dhumatêng malekat duta | anênggih Ki Jabarail | pinrih age nulungi | yitmaning naga kang lampus | dèn unggahna sawarga | umatur Ki Jabarail | nuwun inggih pukulun dhatêng sandika ||

25. Jabarail sampun mentar | suksmèng naga sampun panggih | binêkta manjing suwarga | wus mulya ing dalêm pati | gya wangsul Jabarail | marêk ing ngarsa sang prabu | gusti ulun têtanya | dalêm donya barang bukti | pundi ingkang pukulun wastani eca ||

26. sang nata anambung sabda | mungguh ta ing barang bukti | tan ana kadi sêmăngka | sêgêr sumyahe mring dhiri | sanyata yèn binukti | badan atis dadya sumuk |

--- 1 : 15 ---

lamun ing măngsa gêrah | mapan bisa dadi atis | sêgêr sumyah tan kaya wohing sêmăngka ||

27. dahat kayungyuning nala | Malaekat Jabarail | umatur ring sri narendra | kawula sangêt kapengin | lamun panujwèng kapti | pukulun gusti yèn kondur | aparinga kintunan | mring ulun pun Jabarail | wit kamantyan ing cipta nêdya buktia ||

28. samana wus sinagahan | sadaya ingkang piwêling | Sang Aprabu Pakuningrat | anulya mundhut dèn irit | ring sira Jabarail | amêng-amêng karsanipun | midêr ngidêri kerat | mêmundhut barang kang èdi | sakala wus dèn irit lan malaekat ||

29. amidêr midrawèng taman | miwah toko-toko sami | warata tan kaliwatan | sagunging don rajapèni | sêngsêm tyasnya sang aji | kathah pêpundhutanipun | nging sabên-sabên bayar | tinampik tan arsa tampi | akarana bènèh wange boya lampah ||

30. wit uwang donya lan kerat | kalamun winor tan kêni | beda-beda warnanira | myang ajine datan sami | dadya sigêg sang aji | Jabarail kang dinangu | kayaparan kisanak | Malaekat Jabarail | apa têmên wang donya kerat tan lampah ||

31. nuwun gusti kaluhuran | ature Ki Jabarail | marmanta lamun paduka | sumêdyarsa ngagêm picis | kathah ing kerat gusti | ing gudhang gadhuhanipun |

--- 1 : 16 ---

janma-janma ing donya | ingkang katarimèng Widhi | sang aprabu sigra têdhak gêdhong arta ||

32. anjujug gudhanging arta | Nyi Bandhoga kang darbèni | maksih gêsang anêng donya | ature Ki Jabarail | lamun paduka gusti | arsa ngagêm kenging nyambut | sukèng tyase sang nata | nulya dhawuh anyambuti | kathahipun kalih dasa èwu reyal ||

33. benjang lamun arsa bayar | tan susah dhumatêng ngakir | pukulun mugi paringna | Nyi Bandhoga kang darbèni | nèng donya maksih urip | ingupaya yêkti pangguh | wus katampèn sang nata | kalih dasa èwu picis | dhinawuhan ambayarakên prasamya ||

34. sawusnya rampung ambayar | sang nata kondur tumuli | dhumatêng ing ngalam donya | apan sampun ngênyapuri | enjing dhawuh sang aji | nimbali duta kautus | ngupaya Nyi Bandhoga | kang darbe picis ing ngakir | karsèng nata arsambayar utangira ||

35. gugup ingkang tampi dhawah | sinêbar samya ngupadi | pundi done Nyi Bandhoga | kèh kampung dèn osak-asik | sudagar bakul sami | tinanyan tan ana wêruh | gêmêt kang pangupaya | jajah desa milang kori | sakèh duta samya kasmaran ing driya ||

4. Asmaradana

1. tandya dhinawuhkên wradin | dhatêng para pangrèh praja | bupati sakrerehane | anyêbar srat bayawara | mring bawahe prasamya |

--- 1 : 17 ---

sapa sira kang sumurup | wismane Nyai Bandhoga ||

2. samana tantara lami | bawahnya mantri Sêrêngan | winastan kampung Jamsarèn | kapanggih janma sajuga | wasta Nyai Bandhoga | sampun nini-nini pikun | tur mlarat kaliwat-liwat ||

3. tinimbalan mring pulisi | ature Nyai Bandhoga | kipa-kipa nyuwun mopo | ujêr tan angrasa lêpat | ngèthèring lêladosan | miwah walêd dhudhuk lumpur | kawula datan rumăngsa ||

4. mantri ondêr andhatêngi | tăndha kêncênging tarikan | lunga jujul lara gotong | tandya gugup Nyi Bandhoga | matur sarwi wèl-welan | dara kula nyuwun maklum | yèn parêng pamit kewala ||

5. ulun tiyang nini-nini | badhe kinarya punapa | nimbali wong kêmpong perot | lae baya dèn utusa | mring pundi ulun mangkat | botên ketang grumah-grumuh | jaragan kèngkèn wong tuwa ||

6. duta mantri nabda aris | nyai sira ywa sandeya | bêcik sowana dèn age | marang ing ngarsa narendra | mung sadhela kewala | bok antuk ganjaran agung | labêt wêlas marang sira ||

7. sukur-sukur antuk picis | kêna kinarya pawitan | sawab ratu ganjarane | adat sêmpulur ing wuntat | dêrbala ngămbra-ămbra | tumurun mring anak putu | kêni kinarya pusaka ||

8. kapanduk wicara manis | sanalika nyai

--- 1 : 18 ---

tuwa | kawistara ing melike | bêndara ulun sêndika | nging nyuwun dèn irida | sumiwèng ngarsanta prabu | lêga tyase mantri duta ||

9. samana sampun dèn irid | sowane Nyai Bandhoga | ing marga tan winiraos | pan wus lumêbèng kadhatyan | nata lênggah sinewa | sigra ingawe sang prabu | dhawuh kinèn umarêka ||

10. gurawalan ni bok nyai | kaduk gugup solahira | tur kidhung laku bokonge | saundhak nêmbah sedhokan | kene-kene nyi tuwa | Nyi Bandhoga majêng timpuh | tangane sarwi sêduwa ||

11. sri narendra ngandikaris | kang aran Nyai Bandhoga | apa ta bênêr yèn kowe | lan ing ngêndi wismanira | myang pakaryanmu apa | nyai tutura maringsun | sun arsa miyarsakêna ||

12. Nyi Bandhoga anauri | umatur sarwi wèl-welan | lêrês gusti sang akatong | kawula Nyai Bandhoga | tiyang bawah Sêrêngan | ing Jamsarèn raning kampung | karya ulun sade srêbat ||

13. sang nata manthuk sarwyangling | pira olèh-olèhannya | dalêm sadina-dinane | umatur Nyai Bandhoga | pukulun botên mingsra | kathah kêdhik botên tamtu | kadhang bubruk tan pajêngan ||

14. wuruk bêgja ulun gusti | mênawi nuju têrangan | ungsuming tiyang angorong | tarkadhang angsal kawan wang | cêkap kinarya bêtah | sapintên tirahanipun |

--- 1 : 19 ---

kawulangge tumbas sêkar ||

15. sêkar borèh lawan malih | mênyan kinarya dêdupa | wontên ing latar wancine | sadalu tigang rambahan | anuntên salat kajat | nênuwun Gusti Kang Agung | ingkang paring sandhang têdha ||

16. dahat kacaryan ing galih | Sang Aprabu Pakuningrat | anulya amundhut pêthèn | wus konjuk marang sang nata | alon pangandikanya | dadia kawruhanamu | hèh nini Nyai Bandhoga ||

17. mula sira sun timbali | ngadhêp anèng ngarsaningwang | tampanana dipun age | sun arsa ambayar utang | rong puluh èwu reyal | Nyi Bandhoga nêmbah matur | apan sarwi palênggongan ||

18. pukulun anuwun runtik | gusti kula tan rumăngsa | motangakên sigar gowèng | dhumatêng gusti sang nata | lae sintên kawula | potang dhumatêng pukulun | pêpundhèning nuswa Jawa ||

19. pundi marganipun gusti | gèn kawula sagêd potang | dipun têdha comprang-camprèng | sang nata adrêng ing karsa | nini aywa lênggana | wit nalika ingsun rawuh | marang kerat apêpara ||

20. ature Si Jabarail | atas karsaning Hyang Suksma | nyêdhiyani marang kowe | uwang sajêroning gudhang | kèhe tanpa wilangan | sun utang rong puluh èwu | kinèn bayar lawan sira ||

21. aywa sira anyelaki | anampik sihing Hyang Suksma |

--- 1 : 20 ---

yêkti gêdhe durakane | kapindho nampik sih ingwang | pêparing marang sira | dosa lair batinipun | marma age tampanana ||

22. Nyi Bandhoga matur aris | ature sarwi ngrêrêpa | adhuh gustiku sang katong | ulun botên pisan-pisan | gung nampik sihing Suksma | alit nampik sihing ratu | muhung saking jrih kawula ||

23. bokbilih kenging prakawis | lêpat ulun ngawugawar | ngakên potang mring sang katong | wusanantuk paukuman | nyandhang kang sapudhêndha | kantun pintên gêsang ulun | dadak lampah panasaran ||

24. dangu pinlêksanèng aji | dadya ajrihe kalintang | Nyi Bandhoga sarwya ngèwèl | anampani artanira | rong puluh èwu reyal | sabondhot salong kinandhut | sambate karya punapa ||

25. arta samantên puniki | tiwas tuwas dados rêksan | rumêksa sintên rowange | sang nata mèsêm ngandika | karyanên nyandhang mangan | turutên barang karêpmu | mangan enak andrawina ||

26. adhuh gusti kadipundi | caranipun andrawina | wong madhang lawuhe luwe | nadyan kathah ulamira | yèn tuwuk botên eca | beda lan sarêm sawuku | yèn luwe nêlaske sêga ||

27. gumujêng sri narapati | nini aranmu wong kuna | mung narima sakênane | wis nini sira muliha | dimèn diatêrêna | abdiningsun bocah

--- 1 : 21 ---

tungguk | nêmbah mentar Nyi Bandhoga ||

28. datan kawarna ing margi | Nyi Bandhoga sampun prapta | nèng wisma ngêlèr dhuwite | minta tulung tangganira | kinèn age matura | mring lêlurah bawahipun | ondêr dhistrik ing Sêrêngan ||

29. sakêdhap prasamya prapti | tăngga prêpat mănca lima | gêdhe cilik tuwa anom | wismane Nyai Bandhoga | lir pendah pasar anyar | wanci tumawon kumrumpyung | Nyi Bandhoga pan wus pasrah ||

30. dhumatêng para pulisi | parentah kula sumăngga | arta niki măngsa borong | waradin andika dumna | ywa kongsi kaliwatan | dipun adil ing pandundum | sadarmi karya lantaran ||

31. punika kucahing gusti | awrat kula pinaringan | bêcik sinonggwèng wong akèh | sami umating Hyang Suksma | sayêkti tan prabeda | arta kinarya têtuku | kula trimah kalih reyal ||

32. Nyi Bandhoga wus sumingkir | kathah janma samya nglêngak | gèdhèg pangunandikane | sakêthi tanna angira | lamun Nyai Bandhoga | yèn turu datanpa kêmul | nora wêruh bantal reyal ||

33. bêbasane giri lusi | janma tan kêna dèn ina | yèn ana lakon mangkene | sajêg jumlêk adol srêbat | payon nora mingsraa | simpên pirang-pirang èwu | dhuwite kinarya jêkat ||

34. saiba bae kang kari | anèng

--- 1 : 22 ---

sajroning simpênan | sun kira maksih anggêbèl | mangkana loking kèh janma | tan wruh cumpèn kewala | mlêbu ngarêp mêtu pungkur | wong tan kuat sinung băndha ||

35. sawusnya dinuman dhuwit | kèh janma pan wus bubaran | samya mulih mring wismane | amung kari kalih reyal | darbèke Nyi Bandhoga | nuli kinarya têtuku | kêmbang borèh lawan mênyan ||

36. sinêbar sajroning panti | atanapi têngah latar | baladêr arum gandane | Nyi Bandhoga munggwèng têngah | sidhakêp salat kajad | kadi saban sabên dalu | panuwune datan pêgat ||

5. Mêgatruh

1. sigêg gantya kocapa jêng sang sinuwun | ing driya ngêmu rudatin | dènira kalajêng sanggup | mring Malekat Jabarail | arsa kêkintun sang katong ||

2. woh sêmăngka tăndha trêsnaning sang prabu | mring Malekat Jabarail | karana nalikanipun | sang nata tumamèng ngakir | apêpara têdhak toko ||

3. Jabarail kang andhèrèk atut pungkur | ing nguni dènnya mêmêling | mring sang nata lamun kondur | nèng donya pinriha kirim | pêpanganan kang miraos ||

4. sri narendra ananggupi arsa kintun | sêmăngka ingkang prayogi | sêgêr sumyah rasanipun | tangèh anaa tumandhing | Jabarail wantos-wantos ||

5. piwêlinge marang gusti sang aprabu | marmanta gunging rudatin | sapa baya [ba...]

--- 1 : 23 ---

[...ya] kang dèn utus | kirim sêmăngka mring ngakir | dadya sayêmbara katong ||

6. sapa wonge kang kaduga ingsun utus | akirim sêmăngka iki | katampakna mitraningsun | Malaekat Jabarail | agung gêganjaran ingong ||

7. dangu dènnya sayêmbara sang aprabu | tan ana janma nanggupi | paran margane kapangguh | Malaekat Jabarail | lamun datan nêdya layon ||

8. mung sajuga adol tekat tombok umur | ana janma ananggupi | Pak Santosa aranipun | katêmbèn nandhang prihatin | tininggal lalis kang wadon ||

9. sakamantyan ing driya awayang-wuyung | wiyoga marang kang èstri | kadya sumusula lampus | sambate lara ngranuhi | kaniaya raganing wong ||

10. upamane sira bêbeja karuhun | yêkti ingsun ambarêngi | dadi sun tan kawlasayun | nèng donya datanpa kanthi | anggung pijêr awirangrong ||

11. lah samêngko ana parmaning Hyang Agung | kang dadi marganing panggih | lan sira sajroning lampus | tur ta ngiras nambut kardi | dinutèng marang sang katong ||

12. wus pinuntu ing tekad alonjong punglu | sayêmbara dèn sanggupi | nulya tinimbalan gupuh | ing ngarsa sri narapati | Pak Santosa wus sumaos ||

13. sri narendra dahat sukèng tyas kalangkung | Santosa ginanjar picis | saraup datanpa petung | dhawuh [dha...]

--- 1 : 24 ---

[...wuh] mistakkên sang aji | sigra bukti kongsi katog ||

14. binusanan tan pae pangantèn dhaup | sarwa sarwyendah ing warni | sêmăngka tinampan sampun | ingêmban lan cindhe wilis | Santosa wus amit layon ||

15. nulya mangkat ingiring dèn urung-urung | nèng kreta dèn blak tinarik | patan jaran tèji pingul | komplit sarungane putih | sasat pindha mantèn têmon ||

16. kang jinujug têpining samodra kidul | jog prapta anggêbyur wani | tinampan alun jumêgur | swarane anggêgêtêri | Santosa kerut sinêrot ||

17. sapandurat wus musna datan kadulu | kolêk ulêkaning tasik | mawa swara kumaruwung | pêpanthan unthuking warih | wira-wiri gung sinêmpyok ||

18. ting blêkuthuk jroning tirta gumaludhug | lir nambrama dutèng aji | tandya molah lir kinêbur | sumilak ombake minggir | Santosa wus anjêdhodhog ||

19. nèng têpining samodra gung kapirangu | nawala sampun cinangking | wangsulan gènnya kautus | maringkên sêmăngka maring | Jabarail jroning maot ||

20. pan wus wangsul mantuk sing sêgara kidul | ing marga datan winarni | sapraptaning ngarsa prabu | nawala konjuk sang aji | binuka sinuksmèng batos ||

21. sarasèng srat: pukulun gusti Sang Prabu | Pakuningrat kang mandhiri | ulun wus tampi

--- 1 : 25 ---

pakintun | sêmăngka paringing aji | sangêt nuwun ing sang katong ||

22. sakamantyan ascaryèng tyas sang aprabu | dene sampun dèn tampani | sêmăngka dènnya kêkintun | mring Malekat Jabarail | sigêg gênti winiraos ||

23. Byang Santosa kang nèng ngakerat kasêbut | suksmane tinundhung mulih | awit durung wanci lampus | marmane kinèn abali | mring donya urip sakloron ||

24. Byang Santosa dahat ing kawêlasayun | ature mring Jabarail | kadiparan marganipun | gèn kawula wangsul kyai | ujêr raga sampun bosok ||

25. Jabarail mawèh prayoganing laku | Biyang Santosa sirèki | aywa was-was ing tyasipun | ugêr sira ananggupi | gampang margane kalakon ||

26. jroning pura putri kadange sang prabu | kang aran Wara Sumaji | iku ingkang arsa lampus | kang dadi marganing pati | sing bandulan tibèng ngisor ||

27. ing samêngko sira jujuga kadhatun | parêka Wara Sumaji | kalamun wus tiba kantu | kantaka sira angslupi | dadya aran liru ênggon ||

28. Byang Santosa dupi tinuturan sampun | mring malekat minta amit | dhumatêng ing donya wangsul | anjujug sajroning puri | lan sang rêtna datan adoh ||

29. cinarita dupi tan pantara dangu | bandulan pêdhot kang tali | Wara Sumaji sumiyut | dhawah kantaka kêpati |

--- 1 : 26 ---

jro pura pating barêngok ||

30. êmban inya parêng tangise gumuruh | sang rêtna dangu tan eling | ginosongan para wadu | maksih anglês angalêntrih | ing netya wus sawang layon ||

31. pinêtêkan cinakot jêjêmpolipun | tandya gumregah ngalilir | anging maksih salah surup | julalatan angulati | sambat êndi garwaningong ||

32. sansaya sru anjrit kang samya angrubung | sa[10] rêtna andika eling | dene ta maksih kumêncur | lêgèh lêgan loncang-lancing | nganggo dadak takon bojo ||

33. dadya enggal caos unjuk sang aprabu | dhuh gusti ngaturi uning | rayi paduka pukulun | sang rêtna Wara Sumaji | kênganglangan nyalawados ||

34. awitipun dhawah sing bandulan kantu | ginosongan wanti-wanti | pinijêt dipun talusur | kongsi dangu botên eling | sarêng jêmpol dipun cakot ||

35. gregah wungu andangu êndi bojoku | dumuginipun samangkin | ulun mêngkêr dèrèng emut | gugup sang nata nêdhaki | mring tênggane sang lir sinom ||

36. sri narendra rawuh maksih rubung-rubung | samya kasêsêgên nangis | Rêtna Sumaji angathung | lah kuwi bojoku êndi | sang nata ngandika alon ||

37. iya-iya sapa arane bojomu | sang rêtna ngaraspadaji | pukulun gusti sang prabu | pun Santosa ingkang nami |

--- 1 : 27 ---

laki ulun kang sajatos ||

38. sri narendra èmêng ing driya kalangkung | baya kasurupan dhêmit | kang ngrêksa sêgara kidul | marang Santosa kêkinthil | saulihe ingsun kongkon ||

39. mara age sapa bocah ingsun utus | Santosa ingsun timbali | barênga lan salakumu | anjujug tunggon kaputrin | duta nêmbah mangkat gupoh ||

40. tan kawarna ing marga duta wus wangsul | Ki Santosa wus dèn irid | sumiwèng ngarsa sang prabu | dhawuh timbalaning aji | Santosa hèh sira mêngko ||

41. umarêka lan Sumaji kadang ingsun | kang kampiran andalêming | sandika nêmbah amundur | gya marêk marang sang putri | kapanggih lênggah salonjor ||

42. duk umiyat Santosa amakidhupuh | datan kêna dèn sayuti | sang rêtna ngadêg nyat nubruk | manguswa awanti-wanti | kagyat Santosa dhêrodhog ||

43. sambat sampun dhuh gusti paduka emut | lah sintên kawula gusti | iba dukane sang prabu | kalamun kongsia uning | têka lajêng sengag-sengog ||

44. sang rêtnayu api-api datan krungu | pakne payo aglis mulih | sun kangên marang sirèku | wus suwe anganti-anti | baya wus tega maringong ||

45. Ki Santosa gumrobyos kringête kumyus | ing driya angêmu ajrih | tandya têdhak sang aprabu | Santosa kinèn amulih | sang rêtna dhawuh amboyong ||

--- 1 : 28 ---

6. Kinanthi

1. Santosa kogêl ing kalbu | sapandurat datan angling | baya priye raganingwang | dadining lêlakon iki | eloke kaliwat-liwat | wak ingsun amboyong putri ||

2. nora kurang para luhur | nora kurang wong jêlanthir | nora kurang wong hartawan | dadak ingsun dèn kedani | bok dudu sabaènira | baya ta ingsun angimpi ||

3. tandya ginablog anjumbul | Santosa dening sang putri | biyah iki dadak apa | nganggo minggu datan angling | apa kaduwung tyasira | katêmune lawan mami ||

4. sang nata malih adhawuh | Ki Santosa sira aglis | muliha mring wismanira | aku titip Si Sumaji | rêksanên sabisa-bisa | puluh-puluh yèn wis pasthi ||

5. dadia rabinirèku | kadang ingsun Si Sumaji | jaragan angêmong bocah | kudu sabar sarta aris | anggêpên anak kewala | aywa êsah mituturi ||

6. sawusnya nampèni dhawuh | Ki Santosa nêmbah amit | pukulun gusti sang nata | kawula dipun trimani | putri kadanging narendra | sêmbah nuwun ulun pundhi ||

7. jêr kawula darmi gadhuh | tan rumaos anggadhahi | wontêna karsa paduka | dinadak sawanci-wanci | kawula botên suwala | sumanggèng karsa narpati ||

8. wus parêng sang nata manthuk | sigra kondur ngênyapuri | Ki Santosa amit [a...]

--- 1 : 29 ---

[...mit] mêdal | sarwi amondhong sang putri | pangantyan patikêliran | datan nganggo bribin-bribin ||

9. sapungkure sang rêtnayu | binoyong tan bayangkari | pra abdi wêlas tumingal | lêlakon nganèh-anèhi | bêgjane si kuwuk gêrang | mara-mara nêmu daging ||

10. sajêg jumlêg switèng ratu | lagi tumon pisan iki | darahe wong padarakan | kinasih ginanjar putri | ngimpi anguntal rêmbulan | wêkasan daradasihi ||

11. sigêg gantya kang winuwus | ing marga datan winarni | Santosa wus têkèng wisma | bikut gonira rêrêsik | kadi solahing pangantyan | bubar têmon tangkêp samir ||

12. kadi duk katêmbèn wanuh | wong loro pating kalêsik | mangun kasmaraning driya | tanya-tinanya ing nguni | babade kala sêmăngka | sawêngi datan aguling ||

13. mêdal sing pasuptanipun | sang rêtna angore wèni | sumawur layoning sêkar | kênanga gambir malathi | ngalinthing têpining wastra | labête mêntas karon sih ||

14. tumindak mêndat amêntul | lembehan mêrak kasimpir | sang rêtna siram jinabat | pasatan sêmbagi wilis | sasat lintang karainan | sumusup mega manipis ||

15. pêpês ing tyas gandrung-gandrung | Ki Santosa kasok ing sih | sang rêtna ngadi busana | nyampinge masêm angrèni | panji wilis sumêkanta | arimong sutra sinungging ||

16. lênggah jèjèr [jè...]

--- 1 : 30 ---

[...jèr] sila panggung | Santosa tansah anglirik | tumuju ing jajanira | Sang Rêtna Wara Sumaji | sarêntêk kang payudara | sadêmak anyêngkir gadhing ||

17. cinăndraa warnanipun | kurang căndra luwih warni | dhasar kadanging narendra | maksih kênya kinyis-kinyis | darêmba kaduk asmara | marang garwanta sang putri ||

18. pangantèn satêngah taun | sang rêtna pan wus garbini | durung tutug pêpasihan | kasêlak garwanta lalis | pêjahe Kyai Santosa | sang rêtna pijêr tan eling ||

19. sakêdhap-kêdhap sumaput | sambate kang wus ngêmasi | kaniaya têmên kakang | Santosa kang sun trêsnani | patine tinggal rêrêksan | lagi têmu pirang sasi ||

20. sang rêtna pan wus pinupus | pêpasthèn takdiring Widhi | nèng donya tanpa timbangan | puluh-puluh awak mami | nora kudu têmantenan | narimarsa among siwi ||

21. widada kang ingsun kandhut | lair jalu amantêsi | kongsi praptaning diwasa | kênaa ingsun ngèngèri | anak anung anindita | prawira ngungkul-ungkuli ||

22. kunêng gantya kang winuwus | ing kaendran kang winarni | parêpatan para dewa | kamituwa ingkang wajib | mangulah arjaning praja | kumpul ngudankên mêmanis ||

7. Dhandhanggula

1. pêpak sagung kang para maharsi | miwah dewa-dewa suralaya | satata wus lênggah andhèr | tan lyan ingkang rinêmbug | jumênênge sri narapati |

--- 1 : 31 ---

ratu ing ngarcapada | boyadil kalangkung | gone ngasta bêbênêran | mring kawula akèh ingkang angrasani | ban cindhe ban siladan ||

2. kaparênging dewa amutusi | mring sang nata kang nèng ngarcapada | arsa linungsur dhampare | dewa mudha tinantun | sapa ingkang srêdha gumanti | ngratoni ngarcapada | nging tan wontên sanggup | bakal dadining lêlakyan | ana katon sajuga awarni kucing | gubêl padaning dewa ||

3. para dewa mapan wus udani | sasmitaning kucing căndramawa | yêkti dudu suwadine | dewa anulyandangu | andikannya marang si kucing | hèh kucing căndramawa | sira ingsun dangu | apa ta wadine sira | dene gubêl anèng pada tan wis-uwis | apa kinarêpêna ||

4. apa jaluk jumênêng narpati | nèng sajroning ngalam ngarcapada | kucing mulat andêngèngèk | anuli manthuk-manthuk | sung sasmita pan wus nyanggupi | marma sigra dèn êcap | nèng sirah gonipun | pratăndha idining dewa | sanalika kucing sampun angêmasi | sirna kuwandanira ||

5. suksma angslup mring Wara Sumaji | kang garbini lagya pitung căndra | dèrèng tumêkèng mangsane | anggêrahi sang ayu | palintiran angolang-aling | sêsambat mêlasarsa | kathah atêtulung | prasamya angupakara | dhukun-dhukun dhokohana arêracik | jamune sang kusuma ||

6. wiwit [wiwi...]

--- 1 : 32 ---

[...t] sêrap prapta bangun enjing | jabang bayi pan wus lair nungsang | jalu apêkik warnane | sang rêtna maksih kantu | ting jarêrèh samya mêtêki | anging anglês kewala | nitya anglêlayung | sarira sawang kunarpa | ing wêkasan sang rêtna kalajêng lalis | dadya seda konduran ||

7. wus ngunjuki uninga sang aji | lamun rayi dalêm sang kusuma | Rara Sumaji sedane | kang dadya marganipun | babar putra jalu apêkik | lairipun anungsang | punika pukulun | dados jalaraning tiwas | sri narendra ngungun ing galih tan sipi | dènnya kapatèn kadang ||

8. mung sêsasi kapatèn ping kalih | Ki Santosa lawan rabinira | dadya pinupus galihe | jêr takdiring Hyang Agung | sri narendra nandhang prihatin | kantun putra pulunan | ki jabang kang sinung | pêparab Jaka Pastapa | pinaringkên anggadhuh pamaniraglis | ywa anggung kawlasarsa ||

9. praptèng umur kalih wêlas warsi | Jaka Pastapa lan pamanira | dahat pinêthès karyane | wancine bocah ngucul | Ki Pastapa pan wus anggiring | maesa mring pangonan | sing wisma gumrubyug | sinambi anganam wayang | pêpêthaning para ratu jaman dhihin | saking sukêt dondoman ||

10. Ki Pastapa dahat kuru aking | datan saking kêkurangan mangan | labêt sungkawa driyane | gonira nandhang tatu | anèng sirah ngênêk-ênêki | borokira

--- 1 : 33 ---

satêbah | tur mili nanah wuk | gandanira bêlarongan | akèh sungkan kancane cêdhak tan sudi | têmah siningkang-singkang ||

11. kathah rare prasamya kêkaring | arêraton nguni kang ginagas | ana sajuga ngathèngkrèng | linggih dhuwuring watu | pinarêkan kancanya sami | sinêmbah asedhokan | Pastapa yun tumut | nging mêksa siniya-siya | Ki Pastapa dadya nêmbah saking têbih | tuhu kawêlasarsa ||

12. sanalika ratu kang siniwi | nyumêrêpi sêmbahe Pastapa | kalumah saking linggihe | gya sinalinan sampun | sabên-sabên sinêmbah dening | Pastapa nuli tiba | kèh samya rinêmbug | prayogane Si Pastapa | kang dèn angkat jumênênga narapati | lungguh ing dhampar sela ||

13. Jaka Pastapa dèn undang nuli | marang kănca-kancane prasamya | dupi mara dhepe-dhepe | ingatag kancanipun | kinèn munggah mring sela linggih | gêdhangkrang sila tumpang | dèn adhêp ngedhupuh | kancane prasamya nyêmbah | parandene maksih têtêp dènnya linggih | marma sigra dèn angkat ||

14. Ki Pastapa têtêp narapati | angratoni sakathahing bocah | kănca-kancanira angèn | nanging maesanipun | sinambêlèh minăngka bêkti | kinarya dhahar pista | abujana kêmbul | samana wus linampahan | ting kêcapah tan ana kliwatan siji | kari buntut lan sirah ||

15. tinanêm [ti...]

--- 1 : 34 ---

[...nanêm] nèng rawa api urip | sinangenan hèh-hèh kêbo sira | sun sangèni sira kowe | lamun sira angrungu | swaraningsun marang sirèki | anuli sumaura | kadya duk ing idhup | nulya amblêsa kewala | para raton wus bubar prasamya mulih | anggiring kang maesa ||

16. praptèng wisma Pastapa anuli | adul-adul marang pamanira | kalamun kêmbêl kêbone | klêlêp kongsi sagulu | kari sirah myang buntut kèksi | dadya gugup kang paman | umangkat arsa wruh | marang unggyaning maesa | wus sumurup kari sirahe kaèksi | Pastapa paran baya ||

17. ingsun bisa ngarah kêbo iki | Jaka Pastapa anambung sabda | mara coba sun undange | nulya dèn undang gupuh | mung sapisan bae nauri | ngowèk anuli ilang | kalêlêb ing ranu | dahat muringing kang paman | Ki Pastapa cinandhak dipun gêbagi | sambate ngaruara ||

18. sarwya kesah datan mawi pamit | ing samarga lampahe Pastapa | anggung katula-tulane | duk kasaput ing dalu | kraos arip anulya mampir | nginêp mring bango pasar | jingkrung tanpa kêmul | sapraptane bangun enjang | lurah pasar wêlas dènnya nyumurupi | lare kalara-lara ||

19. gya ginugah pinriha tut wuri | wus binêkta mring wismaning lurah | kinèn bukti sawarêge | sinung panggenanipun | parêk lawan ing kandhang pitik | pakaryannya Pastapa |

--- 1 : 35 ---

esuk sore nyapu | yèn anon pêdhêsing karya | lurah pasar asihe kêpati-pati | nging ênêk wujudira ||

20. baya kinèn nênandur prayogi | Ki Pastapa tandya pinarentah | kinèn anandur garute | nulya dhêdhangir sampun | anèng kêbon ing sabên enjing | siniram tan kapiran | wus tuwuh narucuk | kuciwane tan naracak | ingkang dhuwur kongsi sadêdêg ngluwihi | ana cebol kalintang ||

21. lurah pasar ring kêbon atilik | tandurane garut Ki Pastapa | ana dhuwur ana èndhèk | karya cuwaning kalbu | lurah pasar bangêt aruntik | kayaparan Pastapa | gonira anandur | têka dhèkwur tan naracak | tăndha lamun kurang gonira ngopèni | dhêdhangir myang sêsiram ||

22. Jaka Pastapa nauri aris | mugi lurah sampun salah cipta | andalih kirang kopène | botên namung wit garut | nadyan janma sabilik-bilik | saundhak satataran | wontên bedanipun | ratu patih lan bupatya | prajurite ana kaptin lawan upsir | botên mayor sadaya ||

23. lurah pasar sansaya aruntik | mring Pastapa kinira srekalan | rêmbug sakêna-kênane | bok iya aywa nyablung | tan rumăngsa gonira sisip | Pastapa nambung sabda | lurah sampun bêndu | gampang adamêl arampak | benjang-enjang sayêkti rampak pribadi | lurah

--- 1 : 36 ---

pasar wus mentar ||

24. dupi enjang lurah aniliki | tanêmane garut wus arampak | samya sadêdêg dhuwure | ngunguning tyas kalangkung | ngunandika sajroning galih | dudu sabaènira | lurah pasar ngungun | bêcik sun tundhung kewala | yèn ngantia kadêngangan ing sang aji | sun nandhang paukuman ||

25. Jaka Pastapa tinundhung aglis | saking wismanira lurah pasar | lunga saparan-parane | lamun siyang lumaku | lamun ratri karasa arip | nginêp soring mandera | nêdya ngungsi turu | kono cêdhak lawan langgar | Ki Pastapa kawêruhan guru ngaji | dadyage tinimbalan ||

26. pinulasara pinrih abukti | manggon cêlak kandhanging maenda | yèn esuk angon karyane | lamun dalu anunggu | anèng kandhang wêdhus cêcêglik | sambi karya dolanan | ngêndhèg-êndhèg lêmpung | pinêtha omah pajagan | ingisenan kênthongan ana lir masjid | isi bêdhug pêpêthan ||

27. sarêng dungkap wanci madya ratri | kapiyarsa bêdhug andharandhang | karya kagèting wong akèh | dahat ngungun ki guru | dene ana bêdhug nyalandri | salawase tan ana | wong anabuh bêdhug | miwah swaraning kênthongan | baya iki bêdhug kênthongan dhêdhêmit | gya tinêlik lon-lonan ||

28. samana mapan sampun kaèksi | dheyosanlik lêmpung kang kinarya | ting thrênguk dèn [dè...]

--- 1 : 37 ---

[...n] linggihake | ngadhêp kênthong lan bêdhug | datanpae lan jaga ratri | tanapi suranata | ingkang nuju tungguk | ki guru kagyat ing driya | Ki Pastapa nulya tinimbalan aglis | dinangu mulanira ||

29. sapa ingkang akarya puniki | pêpêthaning masjid lan pajagan | dalah ing wong saisine | pinêtha saking lêmpung | Ki Pastapa lon turirèki | kyai inggih kawula | kang karya puniku | pêpêthaning tiyang jaga | atanapi suranata jroning masjid | dadya rencang kawula ||

30. kyai guru dangu datan angling | sakalangkung jrih angunandika | kaya dudu suwadine | konangana sang prabu | nora wurung anêniwasi | pidananing parentah | ingsun mèlu mikul | bêcik sun tundhung kewala | kang supaya kalisa saka bilahi | tandya Jaka Pastapa ||

31. pinarentah lungaa kang têbih | aywa kongsi kawêruhan janma | kabèh sabarang polahe | anulya mangkat gupuh | Ki Pastapa dahat mlasasih | dènnya kasurang-surang | sabên tuk pitulung | lagi sawêngi kewala | kabèh janma kang kanggonan samya ajrih | karya wijiling waspa ||

8. Mijil

1. kunêng gantya winursitèng tulis | wau sang akatong | kang wus kocap tan jêjêg prentahe | ambêk wênang tan têtêp ing adil | wus katêkan dening | swagata linuhung ||

2. saos unjuk dhumatêng sang aji | dhuh gusti [gu...]

--- 1 : 38 ---

[...sti] sang katong | mugi botên dados sêsikune | kula arsa angaturi uning | nut petang kang munggwing | lintangan pukulun ||

3. kadi lamun arsa angoncati | wahyuning karaton | jêngandika samêkta ywa kagèt | sri narendra anauri aris | dhuh sang gurunadi | paran wêkasipun ||

4. sintên ingkang arsa asumilih | jumênêng kaprabon | anggêntosi lampah kula têmbe | sang swagatotama anauri | prayoga akardi | sayêmbara bêdhug ||

5. tanpa cucal gya tinutup mori | ingkang sangêt kêndho | dipun rêmpit nênggih pratikêle | sampun ngantos wontên janma uning | lamun wus miranti | nulya adhêdhawuh ||

6. sayêmbara sadhengahing janmi | tan nampik tuwanom | sapa bisa nabuh bêdhug kiye | andharandhang kapyarsa sang aji | yèku ingkang dadi | pangran pati prabu ||

7. gya dèn angkat dadya narapati | gumantyèng kaprabon | samana wus condhong ing galihe | sri narendra dhawuh marang abdi | karya bêdhug mori | sakêdhap wus rampung ||

8. enjing dhawuh sayêmbarèng aji | miji dutèng katong | pinrih midêr sarwi nabuh bêndhe | wus kacakan wong sapraja wradin | têkèng lyan nagari | aprasamya ngrungu ||

9. lamun ana sayêmbarèng aji | kathah kang tumonton | datan ketang adoh ing lakune | gumarubyug ewon [e...]

--- 1 : 39 ---

[...won] ingkang prapti | sumêdya nglêboni | sayêmbara prabu ||

10. têmu gêlang kinêpung apipit | gêdêr swaraning wong | datan wêruh kalbèng loropane | karsèng nata anawung wêwadi | sapa kang ngentasi | sayêmbaranipun ||

11. mring sang nata yêkti dèn patèni | rêmbuging sakloron | sang aprabu lawan sogatane | kang supaya wahyune nalisir | tan tumiba maring | kang anabuh bêdhug ||

12. dadya sang nata lulus lêstari | jumênêng kaprabon | yèku saking sogata trekahe | marma nurut kewala sang aji | samana wus wiwit | kang bêdhug tinabuh ||

13. datan ana kang muni sawiji | pijêr goblag-gablog | guyu-ginuyu lawan rowange | kocap Pastapa kang kawlasasih | prapta miyak margi | nêdyarsa lumêbu ||

14. nging tinulak cinêgatan sami | ing sakathahing wong | labêt saking blarongan gandane | Jaka Pastapa mundur atêbih | kaku tyase nuli | anguncali watu ||

15. antuk bêdhug andharandhang muni | cingak sakèhing wong | panêmbahan sakala anolèh | mring Pastapa angentasi kardi | baya bocah iki | kang katiban wahyu ||

16. sang aprabu sampun nyasmitani | ywa kongsi mabonglot | Si Pastapa cêkêlên dèn age | panêmbahan anulya murugi | Pastapa ngoncati | angêmpêt lumayu ||

17. panêmbahan maksih atut wuri |

--- 1 : 40 ---

playune wus adoh | nanging maksih akêkinthil bae | labêt saking angêmu wêwadi | yun suwita maring | Pastapa sang ratu ||

18. sigêg gantya wau kang winarni | sajuga ana wong | ran Pak Krama têtanèn karyane | duk maluku linut dening pêksi | angupaya gangsir | pêksi jalak pênyu ||

19. sarwya ngocèh bisa tata janmi | swarane nyalêmong | Krama Krama ngramana dèn age | Si Pastapa madêg ratu adil | Pak Krama anolih | pangunguning kalbu ||

20. kaya dudu suwaraning pêksi | dadak ngatag uwong | kinon ngraman priye pratikêle | sun wong siji măngsa wurung mati | angurbaya iki | sun nyangèni luku ||

21. lamun nyata sasmitaning Widhi | luku ing samêngko | sira arsa ingsun kèlèkake | lamun bisa nungsung nora kèli | sun bakal nglakoni | ngraman soroh amuk ||

22. wus pinikul lukune anuli | lumaku anjojrog | anjog kali cinêmplungkên age | tibèng têngah kumambang kaèksi | kumbak toya kentir | sunmêntor[11] anungsung ||

23. sukèng tyase cêngkelak abali | ngèstoke sapakon | duk ing nguni jalak parentahe | tinggal karya nulya anyuruhi | prêpat mănca kaki | wus prasamya kumpul ||

24. nêdya ngraman pêrgadring wus dadi | rêmbuge sagolong | manggalèng prang Pak Krama [Kra...]

--- 1 : 41 ---

[...ma] tindhihe | malbèng praja sigra pacak baris | amêpêti margi | andhêndhêng kumêndhung ||

25. kacarita Pastapa duk uning | prajurit sagolong | kamigilan lumayu anggênjrèt | nyangking wilah angacung salining | lawan tempe bungkil | nèng godhong winungkus ||

26. wus binuka ron kinarya caping | tempene dèn othong | yèn ginagas majênun solahe | malbèng kraton karanane ajrih | prajurit tut wuri | manjing kraton nukup ||

27. sri narendra pan wus angoncati | mêdal jawi lolos | Ki Pastapa nèng dhampar ngathèngkrèng | napasira maksih mêmpis-mêmpis | boroke umili | gêtih lan nanah wuk ||

28. wadya kraman awas aningali | Pastapa jêdhodhog | nèng dhêdhampar pinaranan age | arsa mudhun Pastapa tan kêni | ginarêjêg wani | jinênêngkên prabu ||

29. binusanan caraning narpati | angrasuk kaprabon | kudhunge ron dadya makuthane | tempe bungkil dadya cap asmaji | kang wilah salining | dadya sabêt suduk ||

30. têtêp dadya kagungan narpati | pusakèng kadhaton | ingkang wasta Kiyai Calèrèt | nulya samya dipun ngabêktèni | kèh brandhal prajurit | kabèh samya nungkul ||

31. nanging maksih borokên sang aji | sansaya anjêmblok | dahat merang sang nata galihe | duk anuju [a...]

--- 1 : 42 ---

[...nuju] siniwèng wadyaji | karsa animbali | kabèh tukang cukur ||

32. pinilihan ingkang wêgig-wêgig | dhawuhnya sang katong | sapa-sapa ingkang pintêr dhewe | ingsun ganjar apangkat bupati | sumêngka tyas kadi | ngrangsang wohing pucung ||

9. Pocung

1. lênggah mungkur sang nata wiwit dèn cukur | mustaka cinandhak | anjola sambate sakit | pinrih mundur tukang cukur pinêjahan ||

2. malih maju ginêpok tan patya asru | sambate sang nata | larane saya ngluwihi | dhawuh mundur nuli kokum pinêjahan ||

3. wênèh matur jawi ingkang kula nyukur | lagya cêk cinandhak | sang nata jola maringis | wus dhinupak tukang cukur kapisanan ||

4. têlas kêbut tukang cukur samya murut | sigêgên kaendran | para dewa nungsung warti | wus kapyarsa sang nata karya daksiya ||

5. nulya dhawuh saking dewa pinisêpuh | Kamaratih sira | ingsun kongkon anêdhaki | mring sang nata nylamura mindha wong priya ||

6. nguni sampun Kamaratih gya tumurun | marang ngarcapada | lir priya sumiwèng aji | tur manêmbah dhuh gusti kawula sagah ||

7. lamun sarju kula parasi sang prabu | lah marage coba | sira majua tumuli | sri narendra wus lênggah paras mustaka ||

8. kongsi ngantuk sang nata athêklak-thêkluk | sakecanên paras | katut boroke malinthis |

--- 1 : 43 ---

parandene sathithik datan karasa ||

9. rampung wungu sang prabu suka ing kalbu | sang amindha priya | dèn angkat dadya bupati | kinêpyakkên nèng paseban pagêlaran ||

10. sang aprabu bagus lir Bathara Sambu | nulya adhêdhawah | arsa cangkrama ing wukir | atanapi papriksa mring guwa-guwa ||

11. kang tinuju andhèrèk ing sang aprabu | amung pinituwa | panêmbahan kang kêkasih | sri narendra wanci enjang têdhakira ||

12. sampun laju têdhakira sang aprabu | tan kawarnèng marga | wus prapta sukuning wukir | nata nabda panêmbahan kula tanya ||

13. têka agung ing pundi namaning gunung | panêmbahan lingnya | pukulun punika ngardi | kang kasêbut nênggih ardi Tirtamaya ||

14. prênah luhur wontên guwa kang misuwur | ran guwa Siluman | awis ingkang nyumêrêpi | dening guwa awis katingal ing janma ||

15. yèn tan sinung parmaning kang Maha Agung | yêkti tan uninga | guwa Siluman winadi | datan kêna ingambah kewan ing wana ||

16. nadyan ratu yèn tan katrima sang prabu | yêkti tan uninga | pintuning guwa winadi | kang rumêksa Ki Tumênggung Badranaya ||

17. sang aprabu dahat kacaryan ing kalbu | paman panêmbahan | ing sêmu tuhu udani | lah sumăngga kula arsa nyatakêna ||

18. jêng sinuhun ngambah margi munggah mudhun | praptèng lêmpèng arga | guwa Siluman kaèksi | ngunandika baya ta

--- 1 : 44 ---

ingsun katrima ||

19. singid singup pintuning guwa tinutup | bondhot bêbundhêtan | ambondhoti kang umanjing | kadya tarub taru-taruning mandera ||

20. sang aprabu miyak bondhot arsa mlêbu | kagyat ana rêca | dêpèpèl têpining kori | mung sajuga gêdhene nora sapira ||

21. sigrandangu mring panêmbahan sang prabu | bapa kula kagyat | têka wontên rêca alit | lah punika sintên wastane ing kuna ||

22. aturipun pukulun gusti sang prabu | miturut sajarah | nênggih rêca senapati | kang awasta Radèn Arya Tejamaya ||

23. saking Galuh senapati aprang pupuh | kasasêr[12] ing yuda | kêplajêng mring guwa ngriki | nuli musna katingalan rêca sela ||

24. nulya dhawuh hèh senapati ing Galuh | sira lumêbua | aywa anggung anèng kori | nulya manjing sri narendra atut wuntat ||

25. sukèng kalbu nèng jro guwa risang mulku | kang sarira nikmat | hawa rumasuk ing dhiri | jroning guwa ana rêca ngêmban putra ||

26. sang aprabu mring panêmbahan andangu | niki rêca napa | pawèstri angêmban siwi | rêca êmban ature ki panêmbahan ||

27. wastanipun ing nguni ingkang kasêbut | raja pinasthika | ngabdi Sri Banjaransari | ngêmban putra pangran patining narendra ||

28. ngandika rum sang nata ing galih mêsgul |

--- 1 : 45 ---

tuhu tan prayoga | rêca pangeran dipati | lan êmbannya dinokok sajroning guwa ||

29. gya tinundhung mring sang nata kinèn mêtu | sakaroning rêca | êmban lan pangeran pati | lumaksana sigra mêdal alon-lonan ||

30. gung kapiluh pangran pati nangis asru | dinangu sang nata | sapa baya kang anangis | panêmbahan matur pangran pati rêca ||

31. sambatipun anênggih bêntèr kalangkung | dhawuhnya sang nata | kinèn manggona kang têbih | lamun cêlak ambrêbêgi karnaningwang ||

32. nguni sampun sumingkir têbih gènipun | laju tindakira | sang nata uninga malih | ana rêca kapiluh kalara-lara ||

33. sang aprabu kèndêl tindaknya andangu | niki ontên rêca | anggung dènnya brêbês mili | nênggih paman arane rêca punapa ||

34. kang dinangu panêmbahan lon turipun | ran rêca gupala | lêluwurira sang aji | ratu dibya nyakrawati baudhêndha ||

35. kang amêngku nagri kang paduka rêbut | rêca thinuthukan | sirahnya dening sang aji | angandika nyata lanang payo rêca ||

36. sira rêbut nagaramu kang sun jabut | dadak têtangisan | kadi ambêking pawèstri | ngrasa merang êluhing rêca wus ilang ||

37. wantu-wantu panêmbahan matur asru | dhuh gusti sang nata | sampun mawi anyumbari | kawistara ambêking ratu taruna ||

Sambêtipun jilid ăngka 2.

 


Bulèlèng. (kembali)
kaimpun. (kembali)
Bulèlèng. (kembali)
kaimpun. (kembali)
gantya. (kembali)
ingkang. (kembali)
myang. (kembali)
makidhupuh. (kembali)
ngangsur. (kembali)
10 sang. (kembali)
11 sumêntor. (kembali)
12 kasêsêr. (kembali)