Almanak, Van Dorp, 1858, #1577


Sêrat Pananggalan

--- 0 ---

Ing taun Wêlandi ôngka: 1858.

Kaêcap dening Tuwan Oliphan sakancanipun ing nagari Sêmawis.

--- 58 ---

Bab Namaning Taun Jawi.

Namanipun taun Jawi punika sami kabêkta saking nêptunipun piyambak-piyambak. Awit ingkang kalampah ing tiyang Arab, sastranipun ngiras kadamêl ôngka kados ta sastra Alip, kadamêl ôngka: 1, sastra Be kadamêl ôngka: 2, Jim: 3, Dal: 4, Ehe: 5, Wawu: 6, Je: 7, wondening nêptuning dintên wêwolu punika: 1, 5, 3, 7, 4, 2, 6, 3, kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, dados sastra Alip, He, Jim, Je, Dal, Be, Jim, ingkang punika sarèhning wontên taun kêkalih ingkang tunggil nêptu: 3, mila ingkang satunggil kawastanan Jimawal. Satunggilipun kawastanan Jimakir: têgêsipun Jim wêkasan.

Bab Lampahing Pranata Môngsa.

Pranata môngsa punika yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VII: ing Surakarta, kados ingkang kapratelakakên ing Sêrat Pananggalan ing taun 1856, wondening lampahing pranata môngsa wau mêkatên.

Kasa umuripun 41 dintên, surya wiwit mangidul.

Kalih umuripun 23 dintên.

Katiga umuripun 24 dintên.

Kasakawan umuripun 25 dintên.

Gangsal umuripun 27 dintên.

Kanêm umuripun 43 dintên. Surya pantok dumugi wêkas kidul.

Kapitu umuripun 43 dintên. Surya wiwit mangalèr.

Kawolu umuripun 26 utawi 27 dintên. Yèn taun Wastu umuripun 26 dintên, yèn Wuntu: 27 dintên.

Kasanga umuripun 25 dintên.

Kasadasa umuripun 24 dintên.

Dhêstha umuripun 23 dintên.

Sadha umuripun 41 dintên. Surya pantok dumugi wêkas lèr.

Gunggunging dintên salêbêting sataun, yèn Wastu: 365, yèn Wuntu: 366 dintên.

--- 59 ---

Mênggah panggenaning taun Wuntu mêkatên ing taun ôngka: 4, ôngka: 8, 12, 16, 20, salajêngipun sabên angsal kawan taun, inggih punika taun Wuntu, ingkang kathah-kathah sami Wastu, kados taun ôngka 1, 2, 3, 5, 6, 7, 9, 10, sapanunggilanipun sadaya ingkang botên kalêbêt nyakawanan, inggih punika taun Wastu.

Manawi nagari ing Surakarta: tumbuk kaping sapisan sabên taun nuju wiwitipun môngsa gangsal, tumbuk kaping kalih nuju ing sawiwitipun môngsa kasanga, yèn ing sanès nagari inggin wontên kaotipun. Mawi-mawi lèr kidulipun. Kados ta ing nagari Batawi tumbuk kaping sapisan angrumiyini tumbuking Surakarta: udakawis kawan dintên. Tumbuk kaping kalih inggih angantuni mèh kawan dintên. Yèn ing Pacitan kosokwangsul, tumbuk kaping sapisan angantuni tumbuking Surakarta mèh kalih dintên, tumbuk kaping kalih angrumiyini kalih dintên. Sêmantên punika yèn salêbêting tanah Jawi punika kirang langkunga botên patos kathah.

Punika cariyosing Pandhawa, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata.

1. Dhandhanggula

1. kang pinurwa rinênggèng artati / kandhanira Pandhawa kang kocap / ing Srat Mahabaratane / Mahabarata wau / têmbungira Sangkrêta tuwin / punika baboning Srat / Bratayudanipun / miwah panunggalanira / critaning Pandhawa myang Korawa tuwin / lêluhurira sanggya //

2. ananging ta tibane ing Jawi / kèh salencanira lawan sêrat / wau Mahabaratane / dene gancare tuhu / kadi ingkang winiyos mangkin / rikala kunanira / ing Indhu winuwus / wontên kang madêg narendra / abisikan Prabu Barata puniki / kang nêrahkên Pandhawa //

3. myang nêrahkên Korawa sakalir / de wastaning Korawa kabêkta / sing Prabu Kuru juluke / kaprênah wayah buyut / lawan wau Barata Aji / wusnya antara lama / wontên têdhakipun / malih Prabu Asti mangran / kang akarya dhatulayenggal sawiji / wasta Ngastinapura //

4. myang winastan Gajapura tuwin / Gajahawya marma ran mangkana / wit asti gajah têgêse / ahwaya têgêsipun / nama dadya wastaning nagri / kabêkta sing panêngran / nira prabunipun / dene prênahira praja / ing Ngastina wau anèng sakiduling / prabata ing Imawan //

5. datan têbih lan Gôngga bênawi / ya ta Prabu Asti sinilihan / ing putra Sri Pratipane / Sang Pratipa sêsunu / kakung tiga ingkang sawiji / Dewapi wastanira / kaping kalihipun / Bahlika panêngranira / katrinira Santanu dene Dewapi / anandhang gêrah barah //

6. datan bangkit waluya sumarmi / tilar pura mangun tapèng wana / wontên satêngah kaole / lamun Dewapi wau / têkèng mangkin datan ngêmasi / maksih tapa nèng desa / Kalapa ranipun / salèring ardi Imawan / arinira Bahlika cakar pribadi / ngupaya praja enggal //

7. dadya Sang Santanu kang wuragil / sumilih ing kaprabon Ngastina / sêsunu juga priyane /

--- 60 ---

mijil saking Dyah Ayu / Dèwi Gôngga tuwi Jahnawi / sinung bisikan Bisma / ngajrihi liripun / dupi sira wus diwasa / winisudha mring sudarmanira dadi / sri naranata mudha //

8. kasusrambêk wicaksana ngadil / apratama ing pangulah yoda / myang mring pakêm agamane / samana kang winuwus / ing Magada wontên mandhiri / narendra abisikan / Sang Aprabu Wasu / kêkalih atmajanira / miyos kêmbar patutan saking apsari / wasta Dèwi Adrika //

9. apsarèku asalah kadadin / warni mina marma sutanira / kang priya Matsya wastane / têgêse ulam ranu / duk diwasa jumênêng aji / anèng praja Wiratha / ajêjuluk Prabu / Matsyanata utawi Sang / Matsyapati de arinira pawèstri / Satyawati mangaran //

10. tuwin Matsyagônda awit dening / wandanira amis kadi mina / nulya pinracayakake / mring sajuganing ratu / Prabu Dasa ingkang wêwangi / dadya pinèt atmaja / rèhning gandanipun / amis datan wagêd sirna / tinuduh ing nata pinrih anambangi / wontên ing lwah Jamuna //

11. môngka tapanira sang sudèwi / dupi sampun lamantaranira / nulya antuk pitulunge / atmajèng Saktri Wiku / Parasara ingkang wêwangi / yèku ingkang ambengkas / gônda amis wau / malah-malah santun gônda / langkung arum marma wontên kang mastani / Gôndawati Sang Rêtna //

12. nulya sira Rêtna Gôndawati / ginarwa mring Rêsi Parasara / datan antara lamine / sang rêtna asêsunu / nèng nuswane Jamuna kali / miyos jalu sinung ran / de rama sang wiku / Krêsnadwepayana Wyasa / dupi lair dyan agêng sakala nuli / pamit mring ibunira //

13. tumutur ing sudarma umulih / mring patapan turira iing. rena / lamun kang ibu ing têmbe / darbe karsa apangguh / ciniptaa kewala prapti / riwusnyantara lama / wau ingkang kantun / Dèwi Satyawati sira / katrênjuh ing Santanu Sri Narapati / nata wangwang kasmaran //

14. dyan pininta mring Dasa Nrêpati / sang dyah wau yun ingangkah garwa / sri nata pêthuk ing tyase / nging minta janji lamun / Dèwi Satyawati ing benjing / pêputra sumiliha / panjênênganipun / wontên ing Ngastinapura / Sri Santanu datan jumurung ing kapti / awit tanayanira //

15. ingkang nama Bisma wus kinardi / prabu anom saksana sang nata / kondur sru suntrut nityane / de kacuwan ing lulut / sapraptanta ing dalêm puri / nitya masmu turida / Rêsi Bisma sampun / anggarjita ingkang dadya / lêking driyanira rama sri bupati / sumarma sigra mentar //

16. mung pribadi sumêdya kapanggih / lawan wau Naranata Dasa / sapraptanirèng ngarsane / aprasêtya kalamun / datan arsa umadêg aji / malah tan arsa krama / salami tumuwuh / Prabu Dasa duk miyarsa / tur mangkana nulya Dèwi Satyawati / ingulungkên mring Bisma //

17. risaksana binêkta umulih / mring Ngastina dhinaupkên lawan / kang rama Sri Santanune / dupi alama sampun / Dèwi Satyawati sêsiwi / kêkalih miyos priya / dene ingkang sêpuh / Citranggada wastanira / kang taruna Wicitrawirya wêwangi / wau Sang Rêsi Bisma //

18. ingkang môngka sogataning siwi / kalihira ya ta duk Sang Nata / Santanu praptèng lalise / ginantyan ingkang sunu / Citranggada madêg narpati / Citranggada ginantyan / ing wau rinipun / kang wasta Wicitrawirya / yèku darbe paminta mring Bisma pinrih / angupayakkên garwa //

19. Bisma sigranjujug prajèng Kasi / angadêgi sayêmbaranira / putri têtiga wastane / Ômba ping kalihipun / Ambika de ingkang kaping tri / ran Dèwi Ombalika / sahadayanipun / kang nglamar putri têtiga / kasor ing prang dening Rêsi Bisma sami / nulya wanodya tiga //

--- 61 ---

20. tinawanan mring Sang Bisma Rêsi / nanging kang pambayun Dèwi Ômba / tinilar sing pamintane / ingkang kêkalih muhung / Dyah Ambika miwah kang ari / Ombalika binêkta / mring Ngastina mantuk / jinênêngkên ratu nulya / dupi sampun antara ing sapta warsi / Prabu Wicitrawirya //

21. angêmasi datan tilar siwi / marma ibunira sru turida / awit dening tanayane / wus puput wijinipun / ing wusana Sang Satyawati / kayatnan mring tanaya / kang tapa rumuhun / nênggih Sang Arêsi Wyasa / dyan cinipta sakêdhap kewala prapti / munggwing ngarsaning rena //

22. Rêsi Wyasa sinabdan ing bibi / pinrih nambungana wiji muwah / nangkarna têdhak-têdhake / sumaguh aturipun / dhinaupkên sira tumuli / lan tilarane garwa / nata kang wus surud / kocapa Dèwi Ambika / duk kapanggih kalawan Sang Wyasa Rêsi / dahat giris tumingal //

23. dening galak ulatira tuwin / netra andik jenggot wèh katrêsan / sang dèwi wau marmane / rikalanta pulang hyun / tansah mêrêm amargi dening / tan tahan non ing priya / dadya têmahipun / wawratannya mijil wuta / sinung aran Dhrêtarasthra inggih ugi / mangran Dhrêtanagara //

24. atanapi Dhrêtapura tuwin / Dhrêtaradya têgêsira samya / angasta kasrinatane / Ombalika kang kantun / dupi arsa pinardyèng rêsmi / dening Sang Rêsi Wyasa / sru kapitèng kalbu / kongsi kapayus kang nitya / marmanira mawêkaja kulit putih / Pandhu panêngranira //

25. pradikaning Pandhu iku putih / Dyah Ambika rikala ingatag / ing ibu marêka malèh / mring Rêsi Wyasa wau / ing tyasira ewa kapati / nanging jrih lêngganaa / sumarma sang ayu / anandukakên upaya / animbali pawonganira sawiji / sinalinan busana //

26. nênggih busananira pribadi / dyan ingagnyan umarêk Sang Wyasa / mindha Dèwi Ambikane / dupi sira cumundhuk / sèstu sira Sang Wyasa Rêsi / kasamaran ing tingal / panyananing kalbu / satuhu Dèwi Ambika / sinanggaman pawongan wau tumuli / anggarbini tantara //

27. apêputra jalu dèn juluki / Widura têgêse wicaksana / wangwang Sang Rêsi Wyasane / pamit dhatêng kang ibu / umantuk mring patapan malih / rèhning Sang Dhrêtarasthra / wuta cacadipun / marma Pandhu arinira / madêg prabu anom Bisma kang ngêmbani / amêngku kapamasan //

28. salamine wau calon aji / maksih timur ngiras momong putra / tiga tantara lamine / rajaputra tri wau / mijil kagunanira sami / kang tan kaprah kalawan / samining tumuwuh / Dhrêtarasthra langkung rosa / Pandhu putus ing pangulah mring jêmparing / dene sira Widura //

29. limpad ing budi miwah mumpuni / kasusastran tuwin silakrama / wasana putra tigane / sing ramantuk pituduh / kinèn sami amawa krami / Sang Dhrêtarasthra krama / antuk putranipun / Sri Subala ing Gandara / nama Dèwi Gandari Pandhwantuk Kunti / tuwi ran Dèwi Prêta //

30. duk ing nguni wau Dèwi Kunti / pinèt putra de Sri Kuntiboja / de sudarmanta yêktine / Prabu Sura jêjuluk / ing Yadawa ya ta winarni / Dèwi Kunti rikala / maksih kênyanipun / tinurunan ing Hyang Surya / têmah wawrat ambabar jalu sawiji / sinungan aran Karna //

31. tuwi Suryaputra kang wêwangi / lairira wus ngrasuk kawaca / kang tan tamèng gêgamane / myang anting-anting tatur / saking rama Hyang Surya sami / Dèwi Kunti dyan ngagnya / mèt kandhaganipun / bayi pinrih anglêbêtna / ing kandhaga linabuh ing Aswa nadi / kentir umraptèng Gôngga //

32. kongsi têkèng jajahaning nagri / Ôngga datan têbih prênahira / sing sawangan samudrane / praja ing Ôngga wau / duk samana winêngkwèng aji / jêjuluk Adirata / pawong mitranipun / wau Risang Dhrêtarasthra /

--- 62 ---

kandhagèku anulya sinarah dening / garwèng Sang Adirata //

33. Dèwi Radha ingkang awêwangi / dhasar sira dèrèng awawêka / marma sang pramèswarine / dahat tustha ing kalbu / dènnya manggih rare sawiji / nulya ingangkah putra / ing pangrêngkuhipun / dènira angupadrawa / saksat kadi tanayanira pribadi / marma wau Sang Karna //

34. pêparab Radheya pradikaning / putrèng Radha nêngna kang winarna / Sri Pandhu mèt garwa malèh / Dèwi Madri ranipun / kadangira Salya Nrêpati / ratu prajèng Madraka / de Widura wau / krama bôngsa lit kewala / kocap kratonira Pandhu Narapati / prasida ing raharja //

35. kineringan myang pinundhi-pundhi / de sasamèng ratu môncapraja / nujwèng sajuga arine / Sri Naranata Pandhu / ambêbêdhag dhatêng wanadri / amrangguhi arina / èstri lawan jalu / lagya lêlakèn saksana / ingkang jalu cinupan warastra kêni / purna jati brahmana //

36. ngupatani mring Pandhu Nrêpati / têmbe lalisira ing nalika / sarêsmi lan wanodyane / sru nalôngsa Sri Pandhu / dènnya sampun anglaksanani / dosa gêng ajalaran / madhêm brahmanèku / marma asèlèh kaprabwan / mring kang raka dyan mentar lan garwa kalih / mangun tapa mring wana //

37. umungguh ing Satasrêngga wukir / dene wau têmbung Satasrêngga / pêpucuk satus têgêse / tan lamantaranipun / lairira Pandhawa sami / pradikaning Pandhawa / putranipun Pandhu / dene ta satuhunira / dewa gangsal ingkang samya asêsiwi / sarana môntra juga //

2. Sinom

1. kang darbe môntra punika / Dèwi Kunti antuk saking / Bathara Surya ing kuna / kaluwihanira bilih / winatêk iku bangkit / andhatêngkên dewanipun / sadhengah kang cinipta / inggih lalu anuruni / dadya Sang Hyang Darma ingkang apêputra //

2. pambayun ran Yudhisthira / têgêse mantêp ing jurit / panggulunira ran Bima / têgêse anggêgirisi / inggih ugi anami / Bimasena têgêsipun / abala wèh katrêsan / tuwin Wrêkodara nami / pradikane udaraning sona ajag //

3. kanang wawêka Sang Bima / Bathara Wayu kang dadi / dewa-dewaning maruta / panêngahira wêwangi / Arjuna inggih ugi / Parta panêngêranipun / kabêkta saking rena / Dèwi Prêta lawan malih / Sang Arjuna ajêjuluk Dananjaya //

4. pradikane Dananjaya / kang rumêbut rajapèni / tuwin Kirithi anama / amakutha pradikaning / Arjuna kang sêsiwi / Hyang Indra ingkang sinêbut / ratuning para dewa / wau Risang Dèwi Madri / nambut môntra saking Dèwi Kunti nulya //

5. wawrat awawêka kêmbar / sami jalu dèn wastani / Nakula lan Sahadewa / putrane dewa kêkalih / sami anama Aswi / kalihira dadya dhukun / wontên ing Suralaya / samana Dèwi Gandari / ing Ngastina ambabar daging tugêlan //

6. atosira kadi sela / saksana Sang Wyasa Rêsi / ingundang myang pinintanan / pitulung anulya prapti / sing pituduh sang rêsi / nglewah dagingipun wau / umijil rare priya / Duryodana dèn wastani / pradikane punika prajurit ala //

7. inggih nama Suyodana / têgêse prajurit bêcik / lairira lan Sang Bima / pêparêngan ing saari / riwusira anuli / wontên malih ingkang mêtu / rare ran Dusasana / wangwang dulur mijil malih / gantya-gantya kongsi satus etungira //

8. marma ran sata Korawa / dene lairira sami / sarênti jroning sacôndra / awanèh saking puniki / Sang Dhrêtarasthra Aji / adarbe atmaja kakung / miyos saking ampeyan / Yuyutsu dipun namani / atanapi putra wanodya sajuga //

9. anama Dèwi Dusala / putra sadaya winarni [winar...]

--- 63 ---

[...ni] / sami titising raksasa / kunêng wusnyantara lami / upatanira nguni / risang brahmana katuhun / nèng Pandhu sedanira / dupi ngayuh Dèwi Madri / de sang rêtna abela lêbu tumangan //

10. parêng lan kunarpèng raka / Dèwi Kunti dyan umulih / dhumatêng Ngastinapura / Pandhawa gangsal umiring / dupi praptèng nagari / wontên ingkang tan anggugu / yèn putrèng Pandhu marga / kinira wus lama lalis / suprandene pinupu mring Dhrêtarasthra //

11. pinasrahakên mring Bisma / pinrih angêmonga sami / lan putra dalêm priyôngga / ya ta tan antara lami / Satyawati winangsit / de Rêsi Wyasa kang sunu / aturira ing rena / ing têmbe wontên bilahi / agêng andhatêngi praja ing Astina //

12. kang dadi wêwinihira / ing bêbaya sing pradondi / Pandhawa lawan Korawa / marma Dèwi Satyawati / saksana tilar puri / dinulur ing putra mantu / Dèwi Ambika miwah / Ombalika datan kari / entarira arsa mangun tapèng wana //

13. darapon ywa mênangana / karusakaning nagari / duk wus lama putri tiga / murud mring kasidan sami / Rêsi Bisma winarni / sung guru kêkalih sampun / marang momonganira / Pandhawa lêlima tuwin / mring Korawa de sogatanira mangran //

14. Pandhita Drona kalawan / Krêpa pra sami pinurih / amulang pangulah yoda / de Drona ingkang sêsiwi / Sang Baratwaja Rêsi / lairira saking êjun / jun ing basa Sangkrêta / Drona arane lan malih / êjun inggih ugi winastanan Kumba //

15. marma na malih wastanta / Kumbayoni awit saking / yoni uwêl têgêsira / dadya aran Kumbayoni / pradikanira lair / saking jun ya ta winuwus / duk Drona maksih truna / adarbe mitra sawiji / ran Drupada yèku atunggal sogata //

16. rikalane puruita / dhatêng Baradhwaja Rêsi / riwusnya antara lama / Drupada jumênêng aji / ing Pancala nagari / Rêsi Drona kumacèlu / panggih lan mitra lama / dupi tumama ing ati / Sri Drupada amitambuhi kewala //

17. malar tinundhung siniya / Drona tan kêna winarni / runtikira ing jro nala / dyan mentar anjujug maring / Ngastinapura amrih / margining pamalêsipun / kacarita Sang Drona / krama antuk Dèwi Krêpi / prênah kadangira wau Rêsi Krêpa //

18. krêpa têgêsira wêlas / marma ran mangkana awit / duk Krêpi kalawan Krêpa / kalihira maksih alit / pinanggih nèng wanadri / dening Narendra Santanu / ing nagari Ngastina / anulya pinupu sami / awit saking kamiwêlasên ing driya //

19. yêktinira kang pêputra / Saradwat lawan apsari / Janapadi wastanira / Rêsi Krêpa wau inggih / kaprênah wôngsa kalih / Drupada Sri Naraprabu / ing nagari Pancala / ya ta kang winuwus malih / Pandhawa lan Korawa duk wus krêtarta //

20. mring saliring kawruh nulya / Sang Dhrêtarasthra Nrêpati / ngadêgakên gung kasukan / karsanira sri bupati / mintonkên guna tuwin / saktine putra sadarum / sakèhing para nata / sinuruhan kang supadi / sami ngadêgana prang tandhing sadaya //

21. ingkang tumutur sewaka / Karna putrèng Dèwi Kunti / dupi ngajak prang Arjuna / karsanta tan dèn turuti / marma mangkana dening / Karna dede trahing ratu / Sang Duryodana nêdya / ambantoni Karna nuli / jinênêngkên narendra ing nagri Ôngga //

22. pra Pandhawa maksih panggah / datan arsa aprang tandhing / lan Karna têmahan bubar / kongsi abusêkan sami / kawarna Drona Rêsi / aminta pitulungipun / Pandhawa myang Korawa / pinrih mikut Drupada Sri / minôngka wêwalêsira dènnya mulang //

23. saksana sata Korawa / lumurug Drona kang ngirid / praptèng jajahaning praja / Pancala sami kalindhih / ing prang lan [la...]

--- 64 ---

[...n] wadya aji / anulya sami umundur / angungsi mring Pandhawa / Arjuna tandya ngayoni / tan antara kapikut Prabu Drupada //

24. ingaturkên maring Drona / sang arêsi andarbèni / pamundhut mring Sri Drupada / ing Ahicakra nagari / bawah Pancala nagri / dadia panêbusipun / sarirane sang nata / Drupada tan nuwalani / nulya sira ingantukkên mring krajanta //

25. sakondure Sri Drupada / kamantyan dènnya aruntik / dhumatêng Sang Rêsi Drona / tan surud raosing galih / lamun dèrèng amanggih / sarana wêwalêsipun / marma sru amêmuja / ing jawata kang supadi / wontêna sihira lumuntur mring nata //

26. katrima pamintanira / sing agni padupan mijil / tanaya jalu sajuga / wus gêng sakaprabon jurit / kaparingan wêwangi / Dhrêsthadyumna têgêsipun / dahat karosanira / yèku kang sampun pinasthi / ing jawata umadhêm Sang Rêsi Drona //

27. benjing ing prang Bratayuda / nulya wontên malih mijil / putra wanodya sajuga / ran Dèwi Krêsni utawi / winastanan Dropadi / kawarna sang rêtna wau / titising putranira / èstri pandhita sawiji / nguni mangun tapa mêminta ing dewa //

28. mugi sinungana lakya / ingkang utama ing budi / katrima pamintanira / nging rèhne paminta kongsi / rambah ping gangsal marmi / panjanmanta malyèng besuk / pinasthi laki gangsal / ya ta Drupada Nrêpati / apêputra malih wanodya sajuga //

29. Sikandhini wastanira / punika aliron parji / kalawan ditya sajuga / Sêtunakarna kang nami / dadya sira sang dèwi / amancala warna jalu / nulya amalih aran / Sikandhi yèku pinasthi / têmbe ingkang umadhêm Sang Rêsi Bisma //

30. gantya kocapa Pandhawa / kathah solahira sami / mintonkên kaprawiranta / miwah tan kêndhat akardi / kadarman mring wong alit / sumarma kongsi misuwur / myang sinihan ing kathah / sira Yudhisthira nuli / jinênêngkên prabwanom de Dhrêtarasthra

Candhakipun cariyos punika badhe mêdal ing taun ngajêng.

Sasampuning pangêcapipun Sêrat Pananggalan ngajêng punika, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana ing nagari Surakarta kaangkat dados kolnèl ing lesiyunipun piyambak. Sarta kapatêdhan nama Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, wondening pangangkatipun ing dintên Rêbo kaping: 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, utawi tanggal kaping: 27 wulan Sura taun Jimakir ôngka: 1786.