Almanak, Van Dorp, 1859, #1578

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pananggalan

--- [0] ---

Ing taun Wêlandi 1859

Kaêcap dening Tuwan Phan Dorêp Ing nagari Samawis.

--- 68 ---

Punika cariyosing Pandhawa. Kados ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata.

1. Dhandhanggula

1. kang pinurwa rinênggèng artati | kandhanira Pandhawa kang kocap | ing Srat Mahabaratane | Mahabarata wau | têmbungira Sangkrêta tuwin | punika baboning Srat | Bratayudanipun | miwah panunggalanira | critaning Pandhawa myang Korawa tuwin | lêluhurira sanggya ||

2. ananging ta tibane ing Jawi | kèh salencanira lawan sêrat | wau Mahabaratane | dene gancare tuhu | kadi ingkang winiyos mangkin | rikala kunanira | ing Indhu winuwus | wontên kang madêg narendra | abisikan Prabu Barata puniki | kang nêrahkên Pandhawa ||

3. myang nêrahkên Korawa sakalir | de wastaning Korawa kabêkta | sing Prabu Kuru juluke | kaprênah wayah buyut | lawan wau Barata Aji | wusnya antara lama | wontên têdhakipun | malih Prabu Asti mangran | kang akarya dhatulayenggal sawiji | wasta Ngastinapura ||

4. myang winastan Gajapura tuwin | Gajahawya marma ran mangkana | wit asti gajah têgêse | ahwaya têgêsipun | nama dadya wastaning nagri | kabêkta sing panêngran | nira prabunipun | dene prênahira praja | ing Astina wau anèng sakiduling | prabata ing Imawan ||

5. datan têbih lan Găngga bênawi | ya ta Prabu Asti sinilihan [sinilih...]

--- 69 ---

[...an] | ing putra Sri Pratipane | Sang Pratipa sêsunu | kakung tiga ingkang sawiji | Dewapi wastanira | kaping kalihipun | Bahlika panêngranira | katrinira Santanu dene Dewapi | anandhang gêrah barah ||

6. datan bangkit waluya sumarmi | tilar pura mangun tapèng wana | wontên satêngah kaole | lamun Dewapi wau | têkèng mangkin dèrèng ngêmasi | maksih tapa nèng desa | Kalapa ranipun | salèring ardi Imawan | arinira Bahlika cakar pribadi | ngupaya praja enggal ||

7. dadya Sang Santanu kang wuragil | sumilih ing kaprabon Ngastina | sêsunu juga priyane | mijil saking dyah ayu | Dèwi Găngga tuwi jahnawi | sinung bisikan Bisma | ngajrihi liripun | dupi sira wus diwasa | winisudha mring sudarmanira dadi | sri naranata mudha ||

8. kasusrambêk wicaksana ngadil | apratama ing pangulah yoda | myang mring pakêm agamane | samana kang winuwus | ing Magada wontên mandhiri | narendra abisikan | Sang Aprabu Wasu | kêkalih atmajanira | miyos kêmbar patutan saking apsari | wasta Dèwi Adrika ||

9. apsarèku asalah kadadin | warni mina marma sutanira | kang priya Matsya wastane | têgêse ulam ranu | duk diwasa jumênêng aji | anèng praja Wiratha | ajêjuluk Prabu | Matsyanata utawi Sang | Matsyapati de arinira pawèstri | Satyawati mangaran ||

10. tuwin Matsyagănda awit dening | wandanira amis kadi mina | nulya pinracayakake | mring sajuganing ratu | Prabu Dasa ingkang wêwangi | dadya pinèt atmaja | rèhning gandanipun | amis datan wagêd sirna | tinuduh ing nata pinrih anambangi | wontên [wontê...]

--- 70 ---

[...n] ing lwah Jamuna ||

11. măngka tapanira sang sudèwi | dupi sampun lamantaranira | nulya antuk pitulunge | atmajèng Saktri Wiku | Parasara ingkang wêwangi | yèku ingkang ambengkas | gănda amis wau | malah-malah santun gănda | langkung arum marma wontên kang mastani | Găndawati Sang Rêtna ||

12. nulya sira Rêtna Găndawati | ginarwa mring Rêsi Parasara | datan antara lamine | sang rêtna asêsunu | nèng nuswane Jamuna kali | miyos jalu sinung ran | de rama sang wiku | Krêsnadwepayana Wyasa | dupi lair dyan agêng sakala nuli | pamit mring ibunira ||

13. tumutur ing sudarma umulih | mring patapan turira ing rena | lamun kang ibu ing têmbe | darbe karsa kapangguh | ciniptaa kewala prapti | riwusnyantara lama | wau ingkang kantun | Dèwi Satyawati sira | katrênjuh ing Santanu Sri Narapati | nata wangwang kasmaran ||

14. dyan pininta mring Dasa Nrêpati | sang dyah wau yun ingangkah garwa | sri nata pêthuk ing tyase | nging minta janji lamun | Dèwi Satyawati ing benjing | pêputra sumiliha | panjênênganipun | wontên ing Ngastinapura | Sri Santanu datan jumurung ing kapti | awit tanayanira ||

15. ingkang nama Bisma wus kinardi | prabu anom saksana sang nata | kondur sru suntrut nityane | de kacuwan ing lulut | sapraptanta ing dalêm puri | nitya masmu turida | Rêsi Bisma sampun | anggarjita ingkang dadya | lêking driyanira rama sri bupati | sumarma sigra mentar ||

16. mung pribadi sumêdya kapanggih | lawan wau Naranata Dasa | sapraptanirèng ngarsane | aprasêtya kalamun | datan arsa umadêg aji | malah tan arsa krama | salami tumuwuh | Prabu

--- 71 ---

Dasa duk miyarsa | tur mangkana nulya Dèwi Satyawati | ingulungkên mring Bisma ||

17. risaksana binêkta umulih | mring Ngastina dhinaupkên lawan | kang rama Sri Santanune | dupi alama sampun | Dèwi Satyawati sêsiwi | kêkalih miyos priya | dene ingkang sêpuh | Citranggada wastanira | kang taruna Wicitrawirya wêwangi | wau Sang Rêsi Bisma ||

18. ingkang măngka sogataning siwi | kalihira ya ta duk Sang Nata | Santanu praptèng lalise | ginantyan ingkang sunu | Citranggada ngadêg nrêpati | Citranggada ginantyan | ing wau rinipun | kang wasta Wicitrawirya | yèku darbe paminta mring Bisma pinrih | angupayakkên garwa ||

19. Bisma sigranjujug prajèng Kasi | angadêgi sayêmbaranira | putri têtiga wastane | Ămba ping kalihipun | Ambika de ingkang kaping tri | ran Dèwi Ombalika | sahadayanipun | kang nglamar putri têtiga | kasor ing prang dening Rêsi Bisma sami | nulya wanodya tiga ||

20. tinawanan mring Sang Bisma Rêsi | nanging kang pambayun Dèwi Ămba | tinilar sing pamintane | ingkang kêkalih muhung | Dyah Ambika miwah kang ari | Ombalika binêkta | mring Ngastina mantuk | jinênêngkên ratu nulya | dupi sampun antara ing sapta warsi | Prabu Wicitrawirya ||

21. angêmasi datan tilar siwi | marma ibunira sru turida | awit dening tanayane | wus puput wijinipun | ing wusana Sang Satyawati | kayatnan mring tanaya | kang tapa rumuhun | nênggih Sang Arêsi Wyasa | dyan cinipta sakêdhap kewala prapti | munggwing ngarsaning rena ||

22. Rêsi Wyasa sinabdan ing bibi | pinrih nambungana wiji muwah | nangkarna têdhak-têdhake | sumaguh aturipun | dhinaupkên sira tumuli | lan [la...]

--- 72 ---

[...n] tilarane garwa | nata kang wus surud | kocapa Dèwi Ambika | duk kapanggih kalawan Sang Wyasa Rêsi | dahat giris tumingal ||

23. dening galak ulatira tuwin | netra andik jenggot wèh katrêsan | sang dèwi wau marmane | rikalanta pulang hyun | tansah mêrêm amargi dening | tan taha non ing priya | dadya têmahipun | wawratannya mijil wuta | sinung aran Dhrêtarasthra inggih ugi | mangran Dhrêtanagara ||

24. atanapi Dhrêtapura tuwin | Dhrêtarajya têgêsira samya | angasta kasrinatane | Ombalika kang kantun | dupi arsa pinardyèng rêsmi | dening Sang Rêsi Wyasa | sru kapitèng kalbu | kongsi kapayus kang nitya | marmanira mawêkaja kulit putih | Pandhu panêngranira ||

25. pradikaning Pandhu iku putih | Dyah Ambika rikala ingatag | ing ibu marêka malèh | mring Rêsi Wyasa wau | ing tyasira ewa kapati | nanging jrih lêngganaa | sumarma sang ayu | anandukakên upaya | animbali pawonganira sawiji | sinalinan busana ||

26. nênggih busananira pribadi | dyan ingagnyan umarêk Sang Wyasa | mindha Dèwi Ambikane | dupi sira cumundhuk | sèstu sira Sang Wyasa Rêsi | kasamaran ing tingal | panyananing kalbu | satuhu Dèwi Ambika | sinanggaman pawongan wau tumuli | anggarbini tantara ||

27. apêputra jalu dèn juluki | Widura têgêse wicaksana | wangwang Sang Rêsi Wyasane | pamit dhatêng kang ibu | umantuk mring patapan malih | rèhning Sang Dhrêtarasthra | wuta cacadipun | marma Pandhu arinira | madêg prabu anom Bisma kang ngêmbani | amêngku kapamasan ||

28. salamine wau calon aji | maksih

--- 73 ---

timur ngiras momong putra | tiga tantara lamine | rajaputra tri wau | mijil kagunanira sami | kang tan kaprah kalawan | samining tumuwuh | Dhrêtarasthra langkung rosa | Pandhu putus ing pangulah mring jêmparing | dene sira Widura ||

29. limpad ing budi miwah mumpuni | kasusastran tuwin silakrama | wasana putra tigane | sing ramantuk pituduh | kinèn sami amawa krami | Sang Dhrêtarasthra krama | antuk putrinipun | Sri Subala ing Gandara | nama Dèwi Gandari Pandhwantuk Kunti | tuwi ran Dèwi Prêta ||

30. duking nguni wau Dèwi Kunti | pinèt putra de Sri Kuntiboja | de sudarmanta yêktine | Prabu Sura jêjuluk | ing Yadawa ya ta winarni | Dèwi Kunti rikala | maksih kênyanipun | tinurunan ing Hyang Surya | têmah wawrat ambabar jalu sawiji | sinungan aran Karna ||

31. tuwi Suryaputra kang wêwangi | lairira wus ngrasuk kawaca | kang tantamèng gêgamane | myang anting-anting tatur | saking rama Hyang Surya sami | Dèwi Kunti dyan ngagnya | mèt kandhaganipun | bayi pinrih anglêbêtna | ing kandhaga linabuh ing Aswa nadi | kentir umraptèng Găngga ||

32. kongsi têkèng jajahaning nagri | Ăngga datan têbih prênahira | sing sawangan samudrane | praja ing Ngăngga wau | duk samana winêngkwèng aji | jêjuluk Adirata | pawong mitranipun | wau Risang Dhrêtarasthra | kandhagèku anulya sinarah dening | garwèng Sang Adirata ||

33. Dèwi Radha ingkang awêwangi | dhasar sira dèrèng awawêka | marma sang pramèswarine | dahat tustha ing kalbu | dènnya manggih rare sawiji | nulya ingangkah putra | ing pangrêngkuhipun | dènira angupadrawa | saksat kadi tanayanira pribadi | marma [mar...]

--- 74 ---

[...ma] wau Sang Karna ||

34. pêparap Radheya pradikaning | putrèng Radha nêngna kang winarna | Sri Pandhu mèt garwa malèh | Dèwi Madri ranipun | kadangira Salya Nrêpati | ratu praqjèng Madraka | de Widura wau | krama băngsa lit kewala | kocap kratonira Pandhu Narapati | prasida ing raharja ||

35. kineringan myang pinundhi-pundhi | de sasamèng ratu măncapraja | nujyèng sajuga arine | Sri Naranata Pandhu | ambabêdhag dhatêng wanadri | amrangguhi arina | èstri lawan jalu | lagya lêlakèn saksana | ingkang jalu cinupan warastra kêni | purna jati brahmana ||

36. ngupatani mring Pandhu Nrêpati | têmbe lalisira ing nalika | sarêsmi lan wanodyane | sru nalăngsa sri Pandhu | dènnya sampun anglaksanani | dosa gêng ajalaran | madhêm brahmanèku | marma asèlèh kaprabwan | mring kang raka dyan mentar lan garwa kalih | mangun tapa mring wana ||

37. umungguh ing Satasrêngga wukir | dene wau têmbung Satasrêngga | pêpucuk satus têgêse | tan lamantaranipun | lairira Pandhawa sami | pradikaning Pandhawa | putranipun Pandhu | dene ta satuhunira | dewa gangsal ingkang samya asêsiwi | sarana măntra juga ||

2. Sinom

1. kang darbe măntra punika | Dèwi Kunti antuk saking | Bathara Surya ing kuna | kaluwihanira bilih | winatêk iku bangkit | andhatêngkên dewanipun | sadhengah kang cinipta | inggih lalu anuruni | dadya Sang Hyang Darma ingkang apêputra ||

2. pambayun ran Yudhisthira | têgêse mantêp ing jurit | panggulunira ran Bima | têgêse anggêgirisi | inggih ugi anami | Bimasena têgêsipun | abala wèh katrêsan | tuwin [tu...]

--- 75 ---

[...win] Wrêkodara nami | pradikane udaraning sona ajag ||

3. kanang wawêka Sang Bima | Bathara Wayu kang dadi | dewa-dewaning maruta | panêngahira wêwangi | Arjuna inggih ugi | Parta panêngêranipun | kabêkta saking rena | Dèwi Prêta lawan malih | Sang Arjuna ajêjuluk Dananjaya ||

4. pradikane Dananjaya | kang rumêbut rajapèni | tuwin Kirithi anama | amakutha pradikaning | Arjuna kang sêsiwi | Hyang Indra ingkang sinêbut | ratuning para dewa | wau Risang Dèwi Madri | nambut măntra saking Dèwi Kunti nulya ||

5. wawrat awawêka kêmbar | sami jalu dèn wastani | Nakula lan Sahadewa | putrane dewa kêkalih | sami anama Aswi | kalihira dadya dhukun | wontên ing Suralaya | samana Dèwi Gandari | ing Ngastina ambabar daging tugêlan ||

6. atosira kadi sela | saksana Sang Wyasa Rêsi | ingundang myang pinintanan | pitulung anulya prapti | sing pituduh sang rêsi | nglewah dagingipun wau | umijil rare priya | Duryodana dèn wastani | pradikane punika prajurit ala ||

7. inggih nama Suyodana | têgêse prajurit bêcik | lairira lan Sang Bima | pêparêngan ing saari | riwusira anuli | wontên malih ingkang mêtu | rare ran Dusasana | wangwang dulur mijil malih | gantya-gantya kongsi satus etungira ||

8. marma ran sata Korawa | dene lairira sami | sarênti jroning sacăndra | awanèh saking puniki | Sang Dhrêtarasthra Aji | adarbe atmaja kakung | miyos saking ampeyan | Yuyutsu dipun namani | atanapi putra wanodya sajuga ||

9. anama Dèwi Dusala | putra sadaya [sada...]

--- 76 ---

[...ya] winarni | sami titising raksasa | kunêng wusnyantara lami | upatanira nguni | risang brahmana katuhun | nèng Pandhu sedanira | dupi ngayuh Dèwi Madri | de sang rêtna abela lêbu tumangan ||

10. parêng lan kunarpèng raka | Dèwi Kunti dyan umulih | dhumatêng Ngastinapura | Pandhawa gangsal umiring | dipu praptèng nagari | wontên ingkang tan anggugu | yèn putrèng Pandhu marga | kinira wus lama lalis | suprandene pinupu mring Dhrêtarasthra ||

11. pinasrahakên mring Bisma | pinrih angêmonga sami | lan putra dalêm priyăngga | ya ta tan antara lami | Satyawati winangsit | de Rêsi Wyasa kang sunu | aturira ing rena | ing têmbe wontên bilai | agêng andhatêngi praja ing Ngastina ||

12. kang dadi wêwinihira | ing bêbaya sing pradondi | Pandhawa lawan Korawa | marma Dèwi Satyawati | saksana tilar puri | dinulur ing putra mantu | Dèwi Ambika miwah | Ombalika datan kari | entarira arsa mangun tapèng wana ||

13. darapon ywa mênangana | karusakaning nagari | duk wus lama putri tiga | murud mring kasidan sami | Rêsi Bisma winarni | sung guru kêkalih sampun | marang momonganira | Pandhawa lêlima tuwin | mring Korawa de sogatanira mangran ||

14. Pandhita Drona kalawan | Krêpa prasami pinurih | amulang pangulah yoda | de Drona ingkang sêsiwi | Sang Baradhwaja Rêsi | lairira saking êjun | jun ing basa Sangkrêta | Drona arane lan malih | êjun inggih ugi winastanan Kumba ||

15. marma na malih wastanta | Kumbayani awit saking | yoni uwêl têgêsira | dadya aran Kumbayoni | pradikanira lair | saking jun ya

--- 77 ---

ta winuwus | duk Drona maksih truna | adarbe mitra sawiji | ran Drupada yèku atunggal sogata ||

16. rikalane puroita | dhatêng Baradhwaja Rêsi | riwusnya antara lama | Drupada jumênêng aji | ing Pancala nagari | Rêsi Drona kumacèlu | panggih lan mitra lama | dupi tumama ing ati | Sri Drupada amitambuhi kewala ||

17. malar tinundhung siniya | Drona tan kêna winarni | runtikira ing jro nala | dyan mentar anjujug maring | Ngastinapura amrih | margining pamalêsipun | kacarita Sang Drona | krama antuk Dèwi Krêpi | prênah kadangira wau Rêsi Krêpa ||

18. krêpa têgêsira wêlas | marma ran mangkono awit | duk Krêpi kalawan Krêpa | kalihira maksih alit | pinanggih nèng wanadri | dening Narendra Santanu | ing nagari Ngastina | anulya pinupu sami | awit saking kamiwêlasên ing driya ||

19. yêktinira kang pêputra | Saradwat lawan apsari | Janapadi wastanira | Rêsi Krêpa wau inggih | kaprênah wăngsa kalih | Drupada Sri Naraprabu | ing nagari Pancala | ya ta kang winuwus malih | Pandhawa lan Korawa duk wus krêtarta ||

20. mring saliring kawruh nulya | Sang Dhrêtarasthra Nrêpati | ngadêgakên gung kasukan | karsanira sri bupati | mintonkên guna tuwin | saktine putra sadarum | sakèhing para nata | sinuruhan kang supadi | sami ngadêgana prang tandhing sadaya ||

21. ingkang tumutur sewaka | Karna putrèng Dèwi Kunti | dupi ngajak prang Arjuna | karsanta tan dèn turuti | marma mangkana dening | Karna dede trahing ratu | Sang Duryodana nêdya | ambantoni Karna nuli | jinênêngkên narendra ing nagri Ăngga ||

22. pra Pandhawa maksih panggah | datan [data...]

--- 78 ---

[...n] arsa aprang tandhing | lan Karna têmahan bubar | kongsi abusêkan sami | kawarna Drona Rêsi | aminta pitulungipun | Pandhawa myang Korawa | pinrih mikut Drupada Sri | minăngka wêwalêsira dènnya mulang ||

23. saksana sata Korawa | lumurug Drona kang ngirid | praptèng jajahaning praja | Pancala sami kalindhih | ing prang lan wadya aji | anulya sami umundur | angungsi mring Pandhawa | Arjuna tandya ngayoni | tan antara kapikut Prabu Drupada ||

24. ingaturkên maring Drona | sang arêsi andarbèni | pamundhut mring Sri Drupada | ing Ahicatra nagari | bawah Pancala nagri | dadia panêbusipun | sarirane sang nata | Drupada tan nuwalani | nulya sira ingantukkên mring krajanta ||

25. sakondure Sri Drupada | kamantyan dènnya aruntik | dhumatêng Sang Rêsi Drona | tan surud raosing galih | lamun dèrèng amanggih | sarana wêwalêsipun | marma sru amêmuja | ing Jawata kang supadi | wontêna sihira lumuntur mring nata ||

26. katrima pamintanira | sing agni padupan mijil | tanaya jalu sajuga | wus gêng sakaprabon jurit | kaparingan wêwangi | Dhrêsthadyumna têgêsipun | dahat karosanira | yèku kang sampun pinasthi | ing jawata umadhêm Sang Rêsi Drona ||

27. benjing ing prang Bratayuda | nulya wontên malih mijil | putra wanodya sajuga | ran Dèwi Krêsni utawi | winastanan Drupadi | kawarna sang rêtna wau | titising putranira | èstri pandhita sawiji | nguni mangun tapa mêminta ing dewa ||

28. mugi sinungana lakya | ingkang utama ing budi | katrima pamintanira | nging rèhne paminta kongsi | rambah ping gangsal marmi | panjanmanta malyèng besuk |

--- 79 ---

pinasthi laki gangsal | ya ta Drupada Nrêpati | apêputra malih wanodya sajuga ||

29. Sikandhini wastanira | punika aliron parji | kalawan ditya sajuga | Sêtunakarna kang nami | dadya sira sang dewi | amancala warna jalu | nulya amalih aran | Sikandhi yèku pinasthi | têmbe ingkang umadhêm Sang Rêsi Bisma ||

30. gantya kocapa Pandhawa | kathah solahira sami | mintonkên kaprawiranta | miwah tan kêndhat akardi | kadarman mring wong alit | sumarma kongsi misuwur | myang sinihan ing kathah | sira Yudhisthira nuli | jinênêngkên prabwanom de Dhrêtarasthra ||

31. kawarnaa Duryodana | lawan ingkang para ari | atanapi ingkang paman | apanêngêran Sakuni | ratwèng Gandara nagri | arinira nrêpawadu | Dèwi Gandari sira | Sakuni minăngka dadi | patakonanira kang para Korawa ||

32. myang kang mitulungi rêmbag | nandukkên sarana mamrih | sirnane para Pandhawa | apan sing panasing galih | wit Pandhawa dèn sihi | sinuba-suba kalangkung | dening sujanma kathah | dene kang dadi têlênging | sêngitira dumunung anèng Sang Bima ||

33. yèku ingukih lalista | asarana dèn wisani | cinakotkên ing sarpa myang | ing ngambalèng Găngga kali | ananging datan bangkit | akarya ing patinipun | malar sangsaya ngrêbda | pangugut-uguting galih- | ira marang wau Risang Duryonada ||

34. Dhrêtarasthra winursita | ginagasah dening siwi | pinrih pêdhot lan Pandhawa | alami datan ginalih | nging wusana lumirig | katarik ing sih mring sunu | nulya para Pandhawa | kinesahkên saking nagri | dhinawuhan adêdunung anèng praja ||

35. kang wasta Waranawata | sakidul Astina

--- 80 ---

nagri | lêlampahan wolung dina | angongkang ing Găngga kali | Duryodanandarbèni | cipta anandukkên dudu | mrih patining Pandhawa | dasih ta tanggên sawiji | wasta Purocana kinèn lumaksana ||

36. dhêmitan angruhunana | mring Waranawata nagri | dhinawuhan karya wisma | Jatugriya dèn wastani | têgêsira kang nami | wisma damar selanipun | apan pêpagêrira | sahadaya dèn usari | damar sela dene jroning jagamaya ||

37. ingisenan samubarang | kang galak kêna ing agni | saupama pra Pandhawa | datan jinawilan dening | Widura wus amêsthi | praptèng sirnane sadarum | nujwèng dina sajuga | pra Pandhawa lagi bukti | lawan ibunira myang brahmana kathah ||

38. anèng wau Jatugriya | awit saking wus pinasthi | dening dewa nuju ana | tamune èstri sawiji | Bila kanang wêwangi | lan sutanta gangsal kakung | nalika ngeca-eca | anèng sajronirèng panti | dyan tinunu dening Pandhawa priyăngga ||

39. Pandhawa nulya nglès samya | asêsiliban ing laris | Purocana lawan Bila | satanayanira sami | pralaya dening agni | labêtira sami wuru | datan bangkit umendra | duk wangkenira pinanggih | sami nyêngguh kunarpane pra Pandhawa ||

40. lan kunarpèng ibunira | dadya misuwur anuli | yèn Pandhawa lan ibunta | sampun sirna dening agni | Dhrêtarasthra miyarsi | datandya sira adhawuh | nyidêkahi lir ngadat | kunêng Pandhawa winarni | lawan Kunti yèku wastaning renanta ||

41. sangkin mandrawa nglèsira | lampah sêsiliban sami | duk praptèng têmbing lwah Găngga | wontên baita sawiji | wus rumanti kang saking | Widura pitulungipun | riwusira anabrang [a...]

--- 81 ---

[...nabrang] | ngidul anutugkên laris | nulya anjog dhatêng ing wana gêrotan ||

42. dhangkaning ditya sajuga | Idhimba ingkang wêwangi | ya uga aran Irimba | danawa amăngsa janmi | rikala sami guling | rinêksa ing Bima muhung | inginte de Idhimba | tandya nuding kadang èstri | ran Idhimbi iya Irimbi awasta ||

43. pinrih madhêma kang nendra | nuli winawaa mulih | darapone minăngsaa | sapraptanira Idhimbi | ing prênah Bima maksih | atunggu kang sami turu | Idhimbi sanalika | kasmaran mring Bima nuli | amancala warna janma mrêk ing Bima ||

3. Pangkur

1. Idhimbi malèhkên agnya | ingkang saking kadang priya ananging | mring Bima saguh tumulung | yèn arsa ngangkah garwa | Bima nampik apan sira datan ayun | pisah lan kadang myang rena | datan wun minăngsa ing wil ||

2. angungsèkkên kadangira | iya datan arsa wit eman bilih | ginugaha ingkang turu | yêktine sira Bima | dhasarira datan ajrih maring diyu | Idhimba kang winuwusa | kataman ing walangkapti ||

3. marga wus dangu antara | kadangira wanita tan umulih | saksana nuli jinujul | pinanggih wawan sabda | lawan Bima dahat karya runtikipun | wit winalèhkên kang agnya | dening kadangira èstri ||

4. dyan rumagang yun ngantaka | kadangira lawan Pandhawa sami | Bima tanggon nuli gapyuk | aprang lawan Idhimba | dangwantara Idhimba kajodhi lampus | kadangira èstri nêdya | binelakakên ing pati ||

5. ananging tan kalaksanan | pan Idhimbi ngungsi mring Dèwi Kunti | amalèhakên sadarum | sosiking driyanira | miwah minta winlasana wandanipun | Kunti awêlas tumingal | nganggêp mring sira Idhimbi [Id...]

--- 82 ---

[...himbi] ||

6. dyan dhinaupkên lan Bima | myang linilan nunggil Pandhawa kongsi | tumrapta patutan kakung | siji kayêktèn nulya | sira Sang Idhimbi mawêkaja kakung | sajuga warna danawa | gêng sanalika kang bayi ||

7. tinêngêran Gathotkaca | kadayane munjuli sakèhing wil | sira Gathotkaca wau | binêktèng ibunira | janjinira ing benjang arsa uwangsul | malih maring pra Pandhawa | yèn wontên prêluning kardi ||

8. Pandhawa sangkin mandrawa | anampakèng wana dènnya lumaris | ngagêm lir brahmananipun | kiswane kinêlabang | kang kinardi busana babakan kayu | miwah crêmaning arina | karyane nênumpu sami ||

9. atanapi anggêgulang | sakathahing sêrat pakêm agami | wasana kang eyang rawuh | ingkang panênggah Wyasa | Pandhawa sami dhinawuhan dêdunung | anèng praja Ekacakra | mungguhing Kicakabumi ||

10. sapraptaning Ekacakra | mondhok ing wismane brahmana miskin | datan ana kang sumurup | marang para Pandhawa | dene ingkang dadi dhaharira muhung | awèhira wong Kicaka | ya ta mangke kang winarni ||

11. datan têbih saking praja | wontên ditya adhêdhăngka sawiji | Baka panêngêranipun | kang dadi buktinira | bêras sapadhati ing sadinanipun | dalasan wuruke miwah | pangiride mesa kalih ||

12. bebas tinadhah sadaya | wong Kicaka tan kêlar nêmbadani | Baka marma sangganipun | sabên ari lumadya | gênti-gênti kang năngga pundhutanipun | nulya kabênêr samana | wau sang brahmana miskin ||

13. kang kapondhokan Pandhawa | bubuhane năngga rèhning tan kwawi | atuku manusanipun | kinarya ladèn marma | badanira dhewe linadèkkên kudu |

--- 83 ---

rabinira darbe karsa | dadi lêliruning laki ||

14. miwah suta-sutanira | sami diya-diniya rêbut kapti | sumêdya nglakoni lampus | dadi liruning bapa | ananging brahmana tan pêthuk ing kalbu | ing sadangunira samya | adiya-diniya maksih ||

15. Sang Bima prapta dinuta | dening Dèwi Kunti amariksani | kang dadi prawitanipun | pasambat myang pamular | riwusira jinarwanan Bima saguh | ngêlari lêladènira | saksana sira lumaris ||

16. umawa buktine Baka | wandanira priyăngga inggih ugi | yun sinrahkên măngka lawuh | duk prapta ngarsèng Baka | ladèn wau binukti pribadi ramud | ri sampunira anadhah | Baka tinantang ajurit ||

17. dumadi apăncakara | tan antara dangu Baka kajodhi | kongsi tumêka ing lampus | kadang kadeyanira | dahat pinacêhan aywa purun-purun | anusahakên manusa | malih-malih lir kang uwis ||

18. Bima dyan maluyèng praja | wus prasida praptanira ing nagri | miwah wêwarta kalamun | Baka uwus pralaya | wong sapraja pra sami tustha sadarum | ya ta mêne kang winarna | nuju ing ari sawiji ||

19. para Pandhawa kapraptan | brahmana sajuga wêwarta bilih | ing nagri Pancalanipun | arsana sayêmbara | kang sinayêmbarakkên putri jêjuluk | Dèwi Dropadi samana | Wyasa nulya andhatêngi ||

20. andhawuhi pra Pandhawa | pinrih madêgi sayêmbara lagi | amarga pinêsthi sampun | dening dewa manawa | Dyah Dropadi bakal dadya garwanipun | Pandhawa lêlimanira | kang ingagnyan mèstu sami ||

21. dupi sami lumaksana | ratri kala anèng patirtan prapti | dèn andhêg ing lampahipun [lampahi...]

--- 84 ---

[...pun] | dening janma sajuga | awasta Anggaraparna marmanipun | ingandhêg apan anujwa | adus lawan ingkang rabi ||

22. Arjuna mêksa lumajwa | atêmahan păncakara pra sami | Arjuna gêgamanipun | panah gêni pasungnya | Sang Hyang Agni Anggaraparna kapupu | sinrahkên mring Yudhisthira | nuli sira dèn luwari ||

23. wangwang ngaku yèn Gandarba | Citrarata panênggahira nuli | mêjang mring Pandhawanipun | kang aji pangawasan | lawan malih umasung turăngga satus | aminta wau gêgaman | ingkang saking Sang Hyang Agni ||

24. minăngka lêlirunira | pra Pandhawa sami pêthuk ing galih | turăngga sabiting wau | tinitipakên marang | Citrarata kongsi ana karyanipun | lan Pandhawa sinung rêmbag | mèt puroita pra sami ||

25. ingkang panêngêran Domya | kanang lagi mangun tapa tan têbih | saka ring patirtanipun | kang wasta Utkocaka | pra Pandhawa mituhu Domya rinuruh | duk kapanggih pinèt sira | dadi puroita nuli ||

26. binêkta salampahira | pra Pandhawa wangwang lumajwèng laris | samana sapraptanipun | anèng praja Pancala | sami mondhok wontên ing suyasanipun | pandhita aran Bargawa | ya ta gêntya kang winarni ||

27. akathah para narendra | kang marêpat anèng Pancala nagri | anjênêngi karyanipun | sayêmbara kadi ta | Duryodana Karna Salya malihipun | Prabu Krêsna kang madaha | nèng praja ing Dwarawati ||

28. lan Balarama kang raka | liya saking iku kèh pra nrêpati | yèn winuwusa sadarum | Krêsna myang Balarama | wau putranira Wasudewa Prabu | kang jumênêng ing Yadawa | dene Yadawa utawi ||

--- 85 ---

29. Yadu iku raning băngsa | aran mêngkoneku kagawa saking | ratune ing kunanipun | Prabu Yadu wastannya | krajanipun băngsa Yadawa ranipun | Matura tuwi Madura | angongkang Yamuna kali ||

30. sidhatanira lwah Găngga | Wasudewa wau kadange Kunti | kang rama ran Sura Prabu | jumênêng ing Madura | Prabu Wasudewa garwanira catur | Rohini Dewaki nama | lan Badra Madira nênggih ||

21. Rohini putrane sapta | sami jalu de kakanging wuragil | kang nênêm sami linampus | dene Sang Prabu Kăngsa | Kăngsa iku putrèng Ugrasena Prabu | sira Sang Sri Ugrasena | nak-sanake Dyah Dewaki ||

22. kang kapitu aran Bala | têgêsira rosa lan iya nami | Balarama myang ajuluk | Baladewa lan wasta | Sang Karsana lan malih panêngranipun | Halayuda pardikannya | ran kang wêkasan pribadi ||

23. agaman walukunira | Balarama wau kocap titising | ratuning taksakanipun | Wasuki wastanira | sayêktine patutan saking dyah ayu | Dewaki nging sadurungnya | lair kang wêtêngan rinih ||

24. marang guwa garbanira | Dyah Rohini marma sira Rohini | winastanan ibunipun | Rêtna Dewaki nulya | apêputra jalu malih wastanipun | Krêsna irêng têgêsira | dene Sang Krêsna winarni ||

25. titise Wisnu Bathara | ping asthanira mungguh panjanmaning |[1] Wisnu kaping astha wau | kang linuwih priyăngga | sabyaktane Krêsnèku ya dhasar Wisnu | marma silih parabira | Bathara Wisnu pribadi ||

26. kadi ta ran Jagadnata | Janardana lan Narayana tuwin | Kesawa pradikanipun | Kesawa sugih rema | lawan malih Wisnumurti [Wisnu...]

--- 86 ---

[...murti] julukipun | ya Arimurti têngranta | pradikane Arimurti ||

27. wandane Wisnu Bathara | pêparabe Wisnu punika ari | Krêsna kala lairipun | tinitipkên tumulya | marang pangon kewan Gănda wastanipun | alaksana sêsamunan | ming karanana supadi ||

28. dhêsthi sing pakaryèng Kăngsa | rabinira Gănda wau anami | Yasoda nuju sêsunu | anyar mijil wanita | iku dadi lirunira Krêsna wau | Balarama miwah Krêsna | dupi wus diwasa sami ||

29. tandya anglurugi Kăngsa | Kăngsa kandhah mati madyaning jurit | parêng lan kadange jalu | ingkang wasta Sunama | nulya sami anglurugi sira Prabu | Jarasănda ing Magada | mantunira Kăngsa Aji ||

30. kasor Prabu Jarasănda | nging tantara alama dira malih | saksana sira lêlurug | maring praja Madura | Krêsna kandhah kèngsêr mring pasisir kidul | nèng ngriku yasa karatyan | Dwaraka dipun wastani ||

31. tuwi Dwarawati mangran | garwanira siji ran Jambumati | ya Jambawati ranipun | putrèng kapi Jêmbuman | iya uga Jambawan panêngranipun | kaping kalih garwanira | anama Satya utawi ||

32. apanênggah Satyabama | ping trinira wasta Dèwi Rukmini | tanayèng Bismaka Prabu | kang jumênêng ing Boja | iya wasta Iranyaroma Sang Prabu | Dyah Rukmini darbe kadang | priya siki wasta Rukmi ||

33. iku kasor yudanira | lawan Krêsna nulya Dèwi Rukmini | tinawan de Krêsna wau | liya saking punika | kèh garwanya malih nanging tan cinatur | Balarama cinarita | kramantuk Dèwi Rewati ||

34. atmajèng Prabu Rewata | adêgira sayêmbara winarni | ing nagri Pancalanipun | madêgi pra Pandhawa | nanging datan [data...]

--- 87 ---

[...n] wontên sujanma kang wêruh | apan pangagêmanira | caraning brahmana maksih ||

35. kang kinarya sayêmbara | langkap juga kiyatira ngluwihi | angèl papênthanganipun | sing sapa kang kaconggah | angencokkên astranta ing lesanipun | asarana wau langkap | kramantuk Dèwi Dropadi ||

36. sakèhing para narendra | kang madêgi sayêmbara ngayoni | nandukkên warastranipun | saking wau gandhewa | nging tan bangkit malah-malah nora enjuh | amênthang kanang gandhewa | Arjuna mangsah tumuli ||

37. mijil sing krompolanira | pra brahmana langkap pinênthang nuli | warastranira tumanduk | angênani kang lesan | Sri Drupadarsa ngulungkên putranipun | maring sira Sang Arjuna | nging malang para nrêpati ||

38. awit mung para satriya | kang kalêbwèng sayêmbara jinawi | kang para brahmananipun | milu-milu tan kêna | Sri Drupada kawêkèn sajroning kalbu | ngungsi mring para brahmana | iku padha ambêk wani ||

39. nanggulang para narendra | Karna kasor dening Arjuna tuwin | Salya dening Bimanipun | tandya Krêsna ngartika | lamun kanang brahmana lêlima wau | byaktane para Pandhawa | marma sinapih kang jurit ||

4. Asmarandana

1. Dèwi Drupadi anuli | binêkta ing pra Pandhawa | maring wismèng Bargawane | ginarwèng Pandhawa lima | sawusira mangkana | Krêsna lan kadange sêpuh | kapanggih lan pra Pandhawa ||

2. sarta angurmati sami | kapindhone asung rêmbag | maring para Pandhawane | pinurih misiha samya | rumuhun asingidan | anèng patapan puniku | Sri Dhrêtarasthra kocapa ||

3. lan pra santana agosthi | ingkang dadi gunêmira | para Pandhawa [Pan...]

--- 88 ---

[...dhawa] wartane | sabyaktane durung sirna | malah-malah pra samya | pinèt mantu dera Prabu | Drupada rajèng Pancala ||

4. duk samana ingkang dadi | rêmbagira Duryodana | lawan Karna prayogane | Pandhawa pinrêpa ing prang | nanging Bisma lan Drona | myang Widura datan rêmbug | mrayogakkên arukuna ||

5. Dhrêtarasthra amarêngi | Widura nulya dinuta | nimbali pra Pandhawane | dhumatêng nagri Ngastina | arsa sinungan praja | Ngastina sapalihipun | Pandhawa sigra umangkat ||

7. dulur lawan Krêsna tuwin | Balarama sapraptanya | anèng nagri Ngastinane | pinradhahan dening sira | Sang Prabu Dhrêtarasthra | nulya ingagnyan dêdunung | wontên ing wana Kandhawa ||

8. bawahing Ngastina nagri | Pandhawa sigra umangkat | Krêsna dadi pandhegane | sapraptanta ing Kandhawa | sami yasa nagara | Indraprastha wastanipun | utawi Kandhawaprastha ||

9. angongkang Yamuna kali | kuthanira sinantosan | sarana balowartine | tantara lama akathah | brahmana lan sudagar | myang kriya mawarna agung | dêdunung nèng prajanira ||

10. sira Sang Krêsna anuli | sumusuk maring Dwaraka | lawan kadangira sêpoh | riwusnya antara lama | Hyang Narada tumêdhak | dhatêng pra Pandhawanipun | miwah umasung wêwarah ||

11. pinurih atuta sami | unggwanira akêkadang | ywa sulaya bab garwane | kang wasta Dropadi Sang Dyah | Narada sung saloka | caritanira ing diyu | kêkalih ran Prabu Sunda ||

12. myang Upasunda Nrêpati | karwèku umadêg nata | anunggal sanagarane | atut dènnya mêngku praja | ing wasana pra samya | kasmaran ing surawadu | kang mangaran Tilotama ||

13. nulya sami apradondi [apra...]

--- 89 ---

[...dondi] | têmahan apăncakara | apralaya sakarone | dupi kang para Pandhawa | miyarsa cariteka | dyan janji kalimanipun | nèng ngarsane Hyang Narada ||

14. kadang lima salah siji | pundi kang ngaton ing kadang | kang nuju lênggahan karo | Dèwi Dropadi sawastwa | bakal amangun tapa | maring wana rolas taun | laminira winangênan ||

15. kocaping ari sawiji | wontên brahmana tumrapta | umanjing jro nagarane | aminta tulung amarga | lêmbunira binarak | dening wong durjananipun | Arjuna dupi miyarsa ||

16. aturing brahmana nuli | arsa nututi durjana | nging kudu minta lilahe | kadang sêpuh sri sarendra | Yudhisthira samana | panuju lagi alungguh | kalawan Dropadi Sang Dyah ||

17. Arjuna dumrojog prapti | ing ngarsane kaka nata | minta lilah ing entare | sri nata pêthuk ing driya | Arjuna sanalika | wisata tantara dangu | kang durjana katututan ||

18. miwah pra sami kajodhi | wau lêmbu kang binarak | sampun wangsul sadayane | Arjuna sapraptanira | ing wisma malih sowan | ing ngarsane kaka prabu | anggugat wănda priyăngga ||

19. wit nêrak kang dadi janji | Sang Arjuna ingaksama | nanging kêdahing karsane | nandhang pêpatrapanira | kadi kang wus winarna | sumarma umentar gupuh | saking karsane priyăngga

Candhakipun badhe mêdal ing taun ngajêng.

--- 90 ---

Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat

Kala ing taun Jimakir ăngka: 1786: ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta santun. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Ingkang Kaping VII kondur ing rahmatullah, kagêntosan ingkang raka Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, wondening kangjêng susuhunan ingkang surud wau putra dalêm Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping V, ingkang kasêbut nama Sunan Bagus. Patutan saking putri ing Pamêkasan. Wiyosipun kala ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping: 15 wulan Sura, taun Alip, ăngka: 1723, utawi kaping 21 wulan Juli taun Wêlandi 1796, sadèrèngipun jumênêng nata anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Purabaya, sasurudipun ingkang rama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IV wau, kala ing taun Alip ăngka: 1747, taun Wêlandi 1820, kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V, kasêbut nama Sunan Sugih, surudipun kala ing taun Je ăngka: 1750, taun Wêlandi 1823, botên tilar putra kakung saking ngajêng, mila ingkang gêntosi kaprabon putra dalêm saking garwa ampeyan, anama Radèn Mas Sapardan. Sarêng jumênêng nata ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping VI, kala ing taun Jimawal, ăngka: 1757: taun Wêlandi: 1830, anilar kaprabon têrang saking

--- 91 ---

kangjêng gupêrmèn, lajêng pindhah dhatêng pulo Ambon. Mila lajêng kasêbut nama Sunan Banguntapa, inggih surud wontên ing ngriku. Sapindhahipun ambêkta garwa satunggal. Awasta Kangjêng Ratu Anèm. Ingkang kantun kêkalih, 1. Kangjêng Ratu Kancana, putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, kala sêmantên panuju anggarbini, dumugining măngsa ambabar putra kakung, sarêng diwasa kaparingan nama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping: 7 wulan Rêjêb taun Je ăngka: 1758; utawi kaping: 22 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi: 1830, 2. Kangjêng Ratu Mas, putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, ratu kêkalih punika ngantos sapriki inggih taksih sugêng, ananging kaêlih namanipun, 1. Kangjêng Ratu Mas, 2. Kangjêng Ratu Madurêtna, dene ingkang gêntosi kaprabon dhatêng Kangjêng Susuhunan Banguntapa wau, rama dalêm paman Kangjêng Gusti Pangeran Arya Purabaya, dados Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping VII, jumênêngipun nata kala ing dintên Sênèn tanggal kaping: 22 wulan Bêsar taun Jimawal ăngka: 1757, utawi kaping 14 wulan Juni taun Wêlandi: 1830, dene ingkang jumênêngakên kumisaris kêkalih: 1. Kangjêng Tuwan Rad Indhiya Ridêr Mèrkus, 2. Tuwan Residhèn ing Surakarta Ridêr Kulnèl Nais. Kala sêmantên garwa dalêm namung satunggil, putrinipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kapisan ing nagari Surakarta, sarêng jumênêngipun susuhunan, ingkang garwa lajêng kaangkat nama Kangjêng [Kang...]

--- 92 ---

[...jêng]

Ratu Kancana, antawis lami kangjêng susuhunan amundhut garwa malih, putrinipun Kangjêng Sultan Cakraadiningrat ingkang kaping II ing Madura, kaparingan nama Kangjêng Ratu Pakubuwana, dene Kangjêng Ratu Kancana wau sampun seda, atilar putri satunggil. Kala timur anama Radèn Ajêng Andawiyah, sarêng ingkang rama jumênêng nata lajêng kasêngkakakên nama Radèn Ayu Sêkar Kadhaton. Ngantos sapriki taksih sugêng ananging dèrèng krama, anjawi saking punika wontên putra dalêm kakung satunggil patutan saking Kangjêng Ratu Kancana wau, ananging seda timur, wondening Kangjêng Ratu Pakubuwana wau taksih sugêng, ananging botên kagungan putra, wontên malih putri dalêm saking garwa ampeyan, kala timur anama Radèn Ajêng Maknawiyah, kadhaupakên kalihan Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, ingkang kalêrês rayi dalêm Kangjêng Susuhunan Banguntapa wau, putranipun kêkalih sami kakung, ingkang sêpuh anama Radèn Mas Sukirman, ingkang rayi anama Radèn Mas Akadiyat.

Surud dalêm Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping VII wau kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Siyam taun Jimakir ăngka: 1786, utawi kaping 10 wulan Mèi taun Wêlandi: 1858, wanci pukul satêngah kalih wêlas siyang, dados yuswa 63 taun. Enjingipun dintên Salasa wanci pukul 10 utawi 11 layon dalêm kaangkatakên badhe kapêtak dhumatêng pasarean ing Imagiri.

Sarèhning kangjêng susuhunan ingkang surud wau botên tilar putra kakung, mila

--- 93 ---

ingkang gêntosi kaprabon Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, putra dalêm panênggak Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IV, dados kaprênah raka dalêm Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping VII, ananging sanès ibu, wiyosanipun kala ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping: 24 wulan Rêjêb taun Alip ăngka 1715 utawi kaping 10 wulan April taun Wêlandi: 1787, dados yuswanipun kala jumênêng nata sawêg: 71 taun. Garwa dalêm ing sapunika sampun botên wontên. Garwa ingkang wau putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara ing Mangkunagaran, ananging sampun seda, atilar putri sakawan, 1. Kangjêng Ratu Bêndara, ingkang wau garwa dalêm Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping VI, ing sapunika kaangkat nama Kangjêng Ratu Kadhaton, 2. garwanipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwidjaya kaping kalih, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Bêndara, 3. Kangjêng Ratu Kancana garwa dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Ingkang Kaping VI ing nagari Ngayogyakarta, 4. kagarwa ing Radèn Mas Mayor Jayèngtilam, ing sapunika kaangkat nama Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, dene ingkang garwa kaangkat nama Kangjêng Ratu Anggèr, wondening putranipun kakung Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi namung satunggil seda timur.

Kala ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping: 4 wulan Sawal taun Jimakir ăngka: 1786, utawi kaping: 17 wulan Mèi taun Wêlandi 1858, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngabèi kajumênêngakên nata saha kaundhangakên [kaundhangakê...]

--- 94 ---

[...n] dening Kangjêng Tuwan Jendral Mayor Ridhêr Buskês ingkang amakili residhèn ing Surakarta, saha kumisaris kêkalih: 1. Tuwan Phan dhe Graph residhèn ing Kêdhu, 2. Tuwan Wihrês residhèn ing Madiun, inggih kapatêdhan nama Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Ingkang Kaping VIII, tumuntên Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya putra dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping VI, kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing nagari Surakarta Adiningrat ingkang taksih sami sugêng.

1). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping III, kakung namung kantun satunggil Kangjêng Pangeran Arya Adinagara.

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IV, 1 Kangjêng Pangeran Arya Yamawidura, 2 Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya, 3 Kangjêng Pangeran Arya Panji Priyambada.

--- 95 ---

3). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping V, 1 Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata, 2 Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma, 3 Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat wontên ing pulo Ambon, 4 Kangjêng Pangeran Arya Tumênggung Sindusena, 5 Kangjêng Pangeran Arya Suryadipura, 6 Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

4). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping VI, 1 Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ingkang wau nama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya.

5). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping III.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Pakubuwana Ingkang Kaping IV, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan, 1 Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping II,

--- 96 ---

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, 1 Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping II, 2 Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan, 1 Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara, 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

6). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IV.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping V; sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda kapisan, 1 Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda kaping II, 2 Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan, 1 Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan, 1 Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping II.

--- 97 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan, 1 Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kapisan, 1 Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kaping II.

7). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Kaping V.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping VI, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping II.

8). Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Kaping III.

Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IV, sampun kasêbut ing nginggil.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan,

--- 98 ---

1 Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping II, dene ingkang rama swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

9). Pangeran ing Kamangkunagaran ingkang ngabdi ing Kasunanan.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping II, 1 Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryaamijaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya II, 1 Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping III.

Ing ngandhap punika Pratelanipun para Pangeran ing Kamangkunagaran ingkang taksih sami sugêng.

1). Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping II, 1 Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat.

2). Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping II, 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV, ingkang wau nama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, sasedanipun ingkang [ing...]

--- 99 ---

[...kang] raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana rumiyin. Jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping: 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka: 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi: 1853. Sarêng sampun jumênêng pangeran adipati tumuntên krama angsal putrinipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III wau, wondening pangangkatipun dados Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV, kala ing dintên Rêbo tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ăngka: 1786, utawi kaping: 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi: 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping: 25 wulan Bêsar, manut titimangsaning sêrat nawalanipun kangjêng gupêrmèn.

3). Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III, 1 Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, 2 Kangjêng Pangeran Arya Mataram.

4). Putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV, ingkang jumênêng sapunika, 1 Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma.

--- 100 ---

Ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, manawi wontên ingkang lêpat utawi kêkirangan, ingkang mugi wontêna pangapuntênipun para priyantun ingkang karsa amariksani, sintên ingkang sumêrêp lêrêsipun, mugi sukaa pitêdah kawrat ing sêrat dhumatêng Tuwan Kohèn Sêtiwar juru basa ing nagari Surakarta, mêkatên malih ing nagari Ngayogyakarta sapanunggilanipun wawêngkoning tanah Jawi, ing pundi wontên pangeran sasaminipun priyantun agêng, mugi kapratelakna ing nama saha kalênggahanipun tuwin ingkang apêputra, supados benjing taun ngajêng punika sagêda kaêtrapakên wontên ing Sêrat Pananggalan.

---------

Sêrat ngajêng punika nalika sawêg kaêcap Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ing Ngayogyakarta dumugi ing janji, kala ing dintên Jumungah Kaliwon kaping 12 wulan Bêsar taun Jimakir ăngka: 1786, utawi kaping: 23 wulan Juli taun Wêlandi: 1858, yuswanipun kawartos 75 taun. Mila ingkang kasêbut ing ngajêng dintên wiyosan saha panjênênganipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam wau sampun botên dados. Dene ingkang kakarsakakên ing kangjêng gupêrmèn anggêntosi kalênggahanipun sapriki dèrèng wontên.

Wontên malih lêpating pangêcapan. Kados ta ing Pananggalan taun Jawi, [Ja...]

--- 101 ---

[...wi,] kaca: 6, tanggal kaping: 14 wulan Jumadilakir kasukanan tatêngêr bintangan: 14*, lêrêsipun botên mawi, awit dede dintên agêng, balik ing kaca: 30, tanggal kaping: 25, wulan Bêsar punika dintên agêng, amêsthi mawi têngêr: 25*. Ing kaca: 24 dumugi 30 wulanipun Wêlandi mungêl Jani: Jali, lêrêsipun: Juni, Juli. Ing kaca: 32 wontên mungêl wuku Gumdrêg, lêrêsipun Gumbrêg.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, kala ing dintên Rêbo tanggal kaping: 20 wulan Safar, taun Alip ăngka: 1787, utawi kaping: 29 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1858.

 


Kurang satu suku kata: kaping asthanira mungguh panjanmaning. (kembali)