Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050 (Pupuh 01–11)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Babad Purubaya
--- [f. 1r] ---
Dhandhanggula
1. pawongan mijil kinèn ngaturi | sampun kering Ajisaka lênggah | nèng ngandhap batur sabate | sinusunan ing kasur | kang pawohan ngandhap sumaji | dènnya lênggah Ki Jaka | amardapa patut | bok răndha jêngêr tumingal | têtamunya bagus anom sêmu wingit | kêmbar lan putra nata ||
Asmaradana
1. langkung wiku sri bupati | pratăndha bang ingkang jaja | kumêdut panon lathine | ujyala netra lir surya | sigra ngling mri[1] ki ajar | mungguh ron kêji tan patut | dyan ki ajar pinarjaya ||
2. jaja trus walikat keris | tan sambat ki ajar pêjah | iku sira karêpake | kuwandane ajar ilang | kamuksan wus sampurna | kondur lajêng mring kêdhatun | sakêdhap wus panggih putra ||
3. mangujung suku rama ji | nahan dhatêng ingkang raka | ratu pagêdhongan ture | rama punapa karan ta | ajar sêgah mring tuwan | paduka wiku kasuduk | puwara pun ajar pêjah ||
--- [f. 1v] ---
[...]
--- [f. 2r] ---
Punika[2] srêrat babad wiwit suwunging tanah Jawi dumugi babaripun Kanjêng Panêmbahan Purubaya yasa Mangkubumèn ing Ngayogyakarta Adiningrat, sinêkalan[3] nir samodra ingmawaning[4] rat, 1740.[5]
--- [f. 2v] ---
1. Dhandhanggêndhis[6]
1. mangun puja murwaning palupi | de sang narantara ing Ngayogya- | karta Adiningrat kaot | kyati manguswèng kayun | ayunira kang dèn ulati | mrês ing tyas matah kăndha | sinipta sinamun | samune mêksa katawang | sêdya marna sajarah ing nungswa Jawi | murwèng sing Jêng Nabyadam ||
2. kang minăngka wiji kang kinapti | sabakdèng gung kang batal kinarsan | myang kang siya tinitahe | ana sinèh lyan kinud | de Ywang Sukma mangkya dinadi | Kangjêng Abuhu Adam | saha swaminipun | inggih Kangjêng Umi Khawa | Abi Adam apêputra Jêng Nabi Sis | aputra Sang Nurcahya ||
3. apêputra Nurrasa gya siwi | Sang Ywang Tugal[7] putra Sang Ywang Wênang | Sang Ywang Guru atmajane | păncatmaja Ywang Guru | Sang Ywang Sambo ingkang pangapti | panênggak Sang Ywang Brama | de pramadènipun | jêjuluk Ywang Mahadewa | sumêndhi Ywang Wisnu wuragil Rêtna Sri | Sang Wisnu
--- [f. 3r] ---
madêg nata ||
4. amêngku rat tanah nungswa Jawi | kinarya timbanganing agama | Islam ing Arab tanahe | Pusêrngalam saèstu | tanah Jawi ing Gilingwêsi | yèku Mêdhangkamulan | purwanya na ratu | iya Sri Swelamahendra | Mêdhang malah Panataran Gilingwêsi | wus lami antaranya ||
5. rêngka nagri wrêsa salah prapti | sindhung dudung pracăndha liwawar | nahan tang awal kandhane | Bathara Brama sunu | Dyah Bramani Tritustha siwi | ring Sang Manuksmanăngsa | patut Darmasunu | Sakutrêm gya Sakri putra | Palasaratmaja Abiyasa siwi | Pandhu putrarjunatma ||
6. Sang Bimanyu putra Parikêsit | tanaya Yudayana pêputra | Sang Gêndrayana yogane | Ji Jayabaya Prabu | nulya rêngka ingkang nêgari | Aji Jayabayatma | Jayabaya sunu | anama Jayamisesa | apêputra Jayamijaya asiwi | nama
--- [f. 3v] ---
Jayamisena ||
7. Sri Kusumawicitra kang siwi | apêputra Prabu Citrasoma | Sri Păncandriyatmajane | Sang Anglingdriya Prabu | putra Mraja Suwelagiri | nging wus anggantya praja | sangking Ngastina gung | mring nagri Purwacarita | ya ing Mêdhang nanging Mêdhang kang ping kalih | dede ing Panataran ||
8. kang têdhak tri dasa lan jêng nabi | sinêngkalan wayang Bramahendra | jagat kang winarna ing rèh |[8] nungswa Jawa ngrat agung | nagri Purwakăndha ginupit | Mraja Suwelacala | duk sinaning[9] prabu | tan lami jumênêng nata | tandya mukswa parêng sirna praja tintrim | rat Jawa dadya wana ||
9. rêtuning rat datan ana jalmi | brêstha tapis minăngsèng drubiksa | miwah sato manuk kabèh | angkêr rat Jawi langkung | tan kêna ingambah ing grami | lamine dadya wana | pitung atus taun | singa mara mara pêjah | nging tan sêpi tejaning pracina maksih | ingkang mêngku buwana ||
10. atmajanya Kangjêng Sri Bupati | Swelamahendra badhe mêngku rat | anurunkên para katong | ing rat Jawi sêdarum | têkap narpa Pajang Matawis | mangkya sang narpaputra | ginaib Ngyang Agung | dèrèng măngsa amêngku rat | mila kyati narpaputra anru brangti | amangun kasutapan ||
11. barang tapa pan wus dèn lampahi | mantêp cipta nèng Guwa Têrusan | tan mèngèng ing lyan tingale | nanging Ywang Sukma Luhur | pan wus sirna ananing dasih | sihing Ywang lir sudama | ing surya tan jumbuh | sapandulon lawan arka | arka kilêm sudama tan dadi rawi | iku sêmbah utama ||
12. katarima ing dewa kang luwih | narpaputra wus angraga sukma | wus andadya saciptane | ciptanirèng tumuwuh | pri prayangan lêlêmbat myang jim | miwah saisining rat | ngawula sêdarum | têmbe narpatmaja tandya | prabu tama minguni ing nguni-uni | sasamaning nalendra ||
13. ing rat Jawambêkirèng nyudarmi | awit sangking kasujananira | miwah kawicêksanane | nanging mangke dyan sunu | dèrèng măngsa maksih nru brangti | sigêgên kang kocapa | kangjêng sultan ing Rum | narpa amisesa ing rat | nalendra gung ing sabrang tan aminguni | rajèng raja sadunya ||
14. mangkya Gusti Allah yun mijèni | nagri Jawa kang kinarya marga | sultan ing Rum dalu sare | pan katurunan wahyu | nagri Jawa dadi wana writ | kèn nanêmana jalma | karsaning Ywang Agung | nungswèku timbanging Mêkah | karatone wetan Ngajam tanah Jawi | kilèn Jan tanah sabrang ||
15. sultan ing Rum wungu dènnya guling | ri sêdhêngira miyos sineba | wadwabala pêpak kabèh | pra ngalim [ngali...]
--- [f. 4r] ---
[...m] pandhita gung | pra ratu pra bupati mantri | sigra ngling sultan bêsar | hèh kawulaningsun | wetan Ngajam tanah Jawa | ana nungswa suwung dadya wana wêrit | matur lurah juragan ||
16. inggih wontên kalangkung prayogi | apanjang-punjung radin awiyar | loh jinawi banyak aèr | kaluwar dhari gunung | sultan ing Rum ngandika malih | sapa wruh iku kuna | pan nêgara agung | kang wadwa amatur kila | ing pandhita papat samya ngastutèni | mungêl Kitab Musarar ||
17. pan anêmpal sawang-sowang sami | matur inggih kawula uninga | wrin ungêling kitab mawon | sultan gêng ngandika rum | nêdha tuwan kula yun myarsi | matur pandhita juga | sajarahing tutur | wus tamat gantya wirayat | dhawak-dhawak kantun pandhita satunggil | ingkang murwa carita ||
18. duk mulane dhumatêng ing mangkin | sangking Nabi Adam turun tigang | dasa dhumatêng ing mangke | tan kasêlanan ratu | nênggih taksih sangking Jêng Nabi | Adam kang darbe têdhak | sirna ratu iku | kinêlêm dening Pangeran | dalah mangke tan wontên kang madêg aji | ing Jawi dados wana ||
19. Gusti Allah karsa amijèni | nagri Jawi punika mangsanya | wus pitung atus taune | Kalabumi ranipun | inggih tuwan kang dados margi | mijèni nagri Jawa | benjing sampun pênuh | anak putu rajèng Jawa | nuntên ngadêg Gusti Allah damêl aji | rajèng Rum angandika ||
20. inggih sami lawan impèn mami | sultan ing Rum nulya mundhut jalma | rongèwu purên kathahe | patik[10] iwèn lan satu | ngalih èwu purên pan sami | wus sumaos juragan | kang kinèn lumaku | rajèng Rum kondur juragan | sampun layar kêbat dhatêng pulo Jawi | bêbêktane tinilar ||
21. saungkure ki juragan nuli | kang angkêr-angkêr muni sêdaya | Sêgara Kidul swarane | jumêgur alun nêmpuh | obah kawah Gunung Mêrapi | gora grah asauran | rug wrêksa sol gung-gung | lêlêmbut samya mêmăngsa | sampun têlas patik iwèn kêbo sapi | tanapi ponang jalma ||
22. kantun kalih dasa purên jalmi | sêdaya têlas minăngsèng setan | lêlêmbat ngrat Jawi kabèh | lir pinakanan kumrud | wong rongpuluh purên wus mulih | dhatêng ing Rum sêdaya | katur sultan ing Rum | sakêlangkung dukanira | wus amundhut salêksa purên kang jalmi | patik iwèn salêksa ||
23. salêksa kang khewan kêbo sapi | wus ngalêmpak nulya ki juragan | lan patih ingkang kinèngkèn | kabèh wus munggèng prau | salir kang yun tinanêm Jawi | layar kêras wus prapta | ing wana Jawa gung | tinanêman wus wêrata | duk tinilar mêndhung dhêdhêt awor riris | sindhung riwut [ri...]
--- [f. 4v] ---
[...wut] tri gora ||
24. angin agêng kumêrud swaraning | brêkasakan padha amêmăngsa | lir grah kapitu swarane | narag rêbut-rinêbut | sampun têlas kang kêbo sapi | patik iwèn myang jalma | têlas ingkang kantun | tigang dasa purên jalma | pan wus mulih marang Rum kalangkung giris | katur ngrajèng Rum duka ||
25. sinewaka mêpêk wadu aji | para raja sayidin anbiya | pra ngalim mulan akèh |[11] ngandika Jêng Sultan Ngrum | tuwan-tuwan para sayidin | mulana waliyullah | beta mintak tulung | niyan tanah pulo Jawa | tlalu jahat sudhah kasih dhuwa kali | lêksa bis itu orang ||
26. tuwan samyandêdonga Ngyang Widi | beta mintak dhêngên zimat tumbal | donga bêsar-bêsar lêbèh | sêmoa sudhah cundhuk | hèh nêkoda dhêngên lu patih | lu lagi pêgi Jawa | bawak tumbal itu | orang dhuwa kasih sêmbah | sama pêgi lêkas kata patih lagi | nêkoda dhapêt Jawa ||
27. kang prayoga wus dèn pêpêndhêmi | sangking kilèn gunung ing Tompomas | lan Gunung Ola-ulune | ngetan kandhêg ing Kêdhu | Gunung Tidhar kang dèn pêndhêmi | derèku têngah nungswa | Jawa pusêripun | ing Luwanu pinêndhêman | laju ngetan ing Matawis dèn pêndhêmi | ya ing Gunung Sêmpora ||
28. wetan Gunung Bancak Ardi Wilis | lajêng ngetan dhatêng Balambangan | pinêndhêm gunung tumbale | nyabrang sêgara wangsul | pinêndhêman tumbal kang ardi | tumbal sampun wêrata | gara-gara tarung | ribut gêng kang păncawora | pracalita gora nitir gêntêr ngikid | gutuking malaikat ||
29. kagum sabêking rat kang dhêdhêmit | sasaran tanpa tutur ruara | gonjlêng-gonjlêng lir ginênjong | ywangkasa kadya rêmpu | yayah sumyur jayèng pratiwi | manggalêpang gung arga | isthanya matarung | ting galêro kapilêngan | gêrêng-gêrêng garong-garong ngabar angin | tanpa rungon barungan ||
30. barêng bingung kobêng kêmpis-kêmpis | lir pinusus mêsês bayu bajra | liwran ewrawati[12] dhèdhèt | têdhuh pangadhuh-adhuh | rindik-rindik ing pangrêrintih | gumoyang ing pambiyang | biyang adho biyung | ngiyêng-iyêng apuyêngan | poyang-paying kêkayangan ting jaruwing | jurang rong anyawangan ||
31. kabuling zimat tumbal mranani | pamrêwasanirèng gung lêlêmbat | lir binêbakah intêr wor | sumyur mawur sumawur | pêksa ngungsi ngungsi kuwalik | mulêk prabawèng tumbal | ngampuhan pat têmpuh | campuh sangking catur kiblat | sao[13] tuhu singlur mang wrêsa tumimbis | lintang daru kèh tiba ||
32. tanpa
--- [f. 5r] ---
êndhan malah saya mrati | miyud kurnaning lêmbu gumarang | menggung rat mangyunan tumog | mêdêd ngêdêd mangudud | ngadad-adad mangidid-idid | gadgada jagad raya | rimêng riyêming truh | mulêk gung sumuking jahnam | makuwêlan gêmpang yayah dèn saponi | suh budi srani setan ||
33. sasirnaning lêlêmbut winarni | wontên wahyuning Pangeran prapta | na swara krênga mêngkene | èh sakèhing lêlêmbut | apa sira wus padha wêdi | sêdaya srah patobat | sumanggèng rèh ulun | yèn mêngkono akumpula | ingsun awèh prênah aja wor lan jalmi | nanging wêwêkas ingwang ||
34. ing besuk yèn ana Ratu Jawi | ja na wani padha ngawulaa | lan sirèku iblis kabèh | dèn jrih ing Kangjêng Rasul | yèn ngandikan sira dèn aglis | yèn tan mituhu sira | pêsthi ingsun lêbur | tan nganti dina kiyamat | apa maning wêdia ratuning Jawi | iblis angawulaa ||
35. dèn nêstiti iblis jim dhêdhêmit | prayangan pri padha ngawulaa | anuta apa sarèhe | yèku wakil Ngyang Agung | yèn wania sira bilai | kabêndon ing Ywang Sukma | gumêtêr padha nut | satêdhak-têdhake poma | ja na wani ngawulaa dèn awêdi | samya matur sandika ||
36. sira besuk kang angêbayani | putri Sri Galuh nata wanudya | Sêgara Kidul kuthane | iku ratu lêlêmbut | nanging mêngko misih ginaib | nulya binagi papan | sira ya sun dunung | sun bagi anèng Lodhaya | Kabareyan Balambangan Rawa Pêning | Krangcêlong Wana Roban ||
37. Kali Jrowan lawan Tuntang Kali | ing giri gung myang kayu landheyan | Kêsanga lan ing Dalêpèh | iku kabèh tunggonmu | guwa alas gunung myang kali | rêrawan Guwa Upas | sawangan sêdarum | nging besuk yèn ana jalma | ngêndi-êndi kang dèn ambah ja na wani | age padha lungaa ||
38. poma-poma ja na wor lan jalmi | dene besuk ana wangên ingwang | jaman akhir antarane | dahuru bumi mingkup | suda longe wong kangên mari | wong wadon lali wirang | wong garoh[14] amuput | prentah tan kêna ngugêman | wong prayayi dora akèh cidrèng jangji | nak lali wani bapa ||
39. biyangane nora dèn wêdèni | kang atuwa lali anak[15] kadang | bêciking wong anèng lambe | adoh agamanipun | ora ana khukum lan ngadil | kang dadi kira-kira | melik wong dèn rêbut | iku wora lan manusa | di dahuru kiyanatullah kang prapti | aja gawe maksiyat ||
40. hèh
--- [f. 5v] ---
lêlêmbut dèn padha nastiti | wus ginaib amanggon sêdaya | datatita caritane | kangjêng sultan ing Ngêrum | dan amundhut kang jalma malih | ronglêksa somah lawan | patik iwèn satu | ngalih lêksa purên pêpak | sêntana kèh tut wingking sayid satunggil | Jêng Sultan Ngrum ngandika ||
41. patih sira lungaa mring Jawi | nandura wong banjur awismaa | wus ambêkta nak putune | boyong sadarbèkipun | kang sêntana tanapi sayid | boyong tumut mring Jawa | wus kamot ing prau | layar kras prapta ing Jawa | wus binagi jalma wisma dèn wratani | sangking kilèn mangetan ||
42. tinumbal sanggèn kang dèn tênggani | ing Tompomas Ngolah-ulu Tidhar | wêrata kiwa têngêne | wetan Sêmpora Gunung | sapangetan tandhês ing Bali | tumbal kang tinunggonan | yèku tamtunipun | ing Jawa kèh makam panjang | wong ing Ngêrum kang mati kinubur sami | Tidhar na makam panjang ||
43. myang pênunggilannya kanan kering | ngetan Jawa kathah makam panjang | pan ing kuna trêtantune | jarate wong ing Ngêrum | ingkang gêsang atangkar sami | kang dados pênêmbahan | sayid patih wau | miwah kang para sêntana | sami pêncar dhêdhukuh sêwiji-wiji | sayid patih mulana ||
44. wirayat besuk ing tanah Jawi | ngidhêp mring Rum bêkti marang Mêkah | nanging sapta tus warsane | Jawa benjang na ratu | ri sêdhêng Ywang Sukma karya ji | ratu agung birawa | guna sêkti punjul | agamane maksih Buda | tanpa sêstra ing Sigaluh kang nêgari | nama Raja Sindhula ||
45. sirna muksa lan kêdhatonnya ji | kagantyan ratu mungkar birawa | wani wong tuwa mangan wong | ngalih kêdhatonipun | nênggih Mêdhangkêmolan benjing | pan taksih tanpa sêstra | sêkiduling Warung | Ngurawan wetaning Dêmak | nuli ana brêmana sabrang ngêjawi | nama Sang Ajisaka ||
46. nêlani Jawa jumênêng aji | wus pinêsthi nanging tigang warsa | nuli mulih ingkang duwe | wus pinêsthi Ngyang Agung | Ajisaka kasiku aji | dadi ratu siluman | awor lan lêlêmbut | karaning Jawa na sastra | iya sangking Ajisaka sumbaga di | limpad bagus taruna ||
2. Sinom
1. akathah lamun winarna | wirayat dhatêng Mêtawis | mangkin kalakon sêdaya | wirayate Tuwan Sayid | gancang cêrita lami | duk ing pitung atus taun | wêradin tanah Jawa | wana binabad barêsih | nging dahuru rêsah dèrèng wontên nata ||
2. pèk-pinèk klakuanira | singa ingkang rosa olih | agamane tata Buda | kayu watu kang pinuji | mangkin sêdhêng mangsaning | Ywang Sukma yun karya ratu | kang mêngku tanah Jawa | putrane [putra...]
--- [f. 6r] ---
[...ne] Sang Selagiri | tapèng guwa wus bêntur tanbuh laminya ||
3. urip datan kênèng pêjah | bagus anom wignya sêkti | anom tan kêna ing tuwa | guna sumbagèng ajurit | iku kang kinarya ji | dening Ywang Kang Maha Luhur | brăngta angraga sukma | kèdhêp swarnaning kumêlip | ajêjuluk Sang Nata Raja Sindhula ||
4. kèringan ngrat pramudita | lêlêmbut ing tanah Jawi | sami ajrih kumawula | cacade mung tanpa tulis | jênêngira wus lami | karta-karti prajanipun | tutug sakarsanira | datan ana ingkang wani | wus aputra sêkawan pambajêngira ||
5. èstri ayu anom wadat | wus jumanêng[16] nata dèwi | gènnya tapa dadya kitha | winastan Nungswatêmbini | bala sami pawèstri | rinya jalu bagus-bagus | nama Dewatacêngkar | kang badhe gumantya aji | arinipun dadya dapatyèng[17] Mêdura ||
6. aran Dewatapamunah | ari wuragil dipati | ing Bali nêgaranira | Sang Dewa Gung kang wêwangi | samya ngidhêp mring Jawi | tan wênang jumênêng ratu | nging bupati kewala | bên măngsa tur bulupêkti[18] | mring kang rama nging Dewatacêngkar mungkar ||
7. wani ngrama mangan jalma | sêkêlangkung dening musrik | tinundhung dening kang rama | kesah ngumpulakên jalmi | ngraton ngraman madhiri | nèng Mêdhangkamolan ngrêgu | pan sampun akêkutha | wus agung kang ponang dasih | sapangetan praja wus têluk sadaya ||
8. ajrih sami kawon aprang | Dewatacêngkar asêkti | mangkyarsa mêngsah kang rama | ari kalih tan ngrêmbagi | nanging mêksa tan kenging | sampun mêpak wadwanipun | kinêrig wong bang wetan | têngara budhal yun jurit | langkung agêng lir prêbata gni lumampah ||
9. myang ngirup ing pêdêdesan | wus têlas karang pêminggir | nêgari Galuh kinêpang | nanging datan dèn ladèni | mêksa samyambêdhili | ingobongan wismèng Galuh | kang rama langkung duka | anulya dipun wiyosi | aprang rame kalindhih wadyèng bang wetan ||
10. Dewatacêngkar bramatya | tumandang ngamuk pribadi | wong Galuh ajrih mapaga | piyak angungsi ing wuri | panggih sami pribadi | Sang Narpa Sindhula muwus | thole sira elinga | sira uga bakal aji | ki putra nging aja siranggege măngsa ||
11. sumaur Dewatacêngkar | apa bamu sun tan wêdi | de ngong sira siya-siya | sun ing sirarsa malêsi | narajang nyandhak bindi | mukul siyat-siyut luput | lah payo tadhahana | gya malêsa padha bêcik | tan angling kang rama sêkala wus ilang ||
12. tan katingal ngraga sukma | sêwadwabala tan kèksi | kithèng Galuh tan katingal | kang putra dèn supatani | ja sira dadi jalmi |
--- [f. 6v] ---
salaha kêdadèn besuk | ja tutug madêg nata | anaa ingkang nêlani | amalêsa angrêbasa maring sira ||
13. kênaa ing sapudhêndha- | ning bêthara kang linuwih | dadia buroning jalma | dadia isining warih | bayèku kang siranti | abangêt wani marang sun | Dewatacêngkar mirsa | anêlăngsa jroning galih | balang tiba wus tan kêna tinututan ||
14. asru tobatirèng rama | nging pêsthi tan kêna gingsir | ing Galuh wus katon wana | Dewatacêngkar wus eling | mupus wus madêg aji | ngalih Mêdhang kratonipun | tutug sêkratonira | sakarsa dhahar wong siji | sambên dina wong siji prajane rusak ||
15. pêsisir mănca nêgara | yèn sowan bêktine jalmi | Dewatacêngkar wus putra | jalêr bagus anging siji | tan ana kang munjuli | kang cahya nawang andaru | binadhe gêntya nata | lagi yuswa rolas warsi | ajêjuluk Rahadèn Andaniswara ||
16. yèku pangeran dipatya | langkung dènira ngrudatin | de kang rama nadhah jalma | kunêng ji kang nadhah jalmi | angsal barkating Gusti | Kangjêng Rasul Salallahu | Ngalayèhi Wasalam | siniwèng sêkhabat sami | Abu Bakar Ngumar Ngusman Ngali seba ||
17. pan kalima Ajisaka | Jêng Rasul ngandika manis | Abu Bakar Ngumar Ngusman | Ngali tuwin sira Aji | kentara nurut warih | hèr zamzam cilik linipun | sêkhabat gangsal nêmbah | wus kentar anurut warih | pêsthining Ywang datan kêna ingowahan ||
18. Ki Ajisaka wus kalap | kêna ginodha ing iblis | manahira sulewengan | tan tumêmên anglampahi | pangandikaning gusti | dènira lumaku kantun | tanbuh-tanbuh karyanya | datan anurut ing margi | dènnya mêdal bêndungan tinembok anyar ||
19. jroning tembok ana rinya | Ki Aji dahat tan uning | sarêng napak sukunira | santri Aji kênèng ngêri | sakit dhepok ing siti | karsaning Ywang nulya rawuh | Ngizajil lalêtullah[19] | mêthukakên sira Aji | sarywa nêbda sira Aji putuningwang ||
20. arêp maring ngêndi sira | Santri Aji anauri | tuwan sintên dening wikan | Ngizajil arum nauri | apa kluwihan mami | yèn tan wrin nèng sira kulup | sira ingkang sêkhabat | ing kangjêng andika Nabi | Rasul Salallahu Ngalèhi Wasalam ||
21. ingutus nalikèng zamzam | dera iline acili | rewangira Abu Bakar | Ngumar Ngusman lawan Ngali | gawok Jisaka dening | asidik pêngucapipun | Kya Ji wus salin cipta | salah pêngrasa pangèksi | dadya kalap pêsthining Ywang datan bakal ||
22. sira lamun tan wruh mringwang | sun malaikat Ngizajil | atêtulung maring sira | sira nut andika nabi | apa kaluwihaning | kaki misih luwih
--- [f. 7r] ---
ingsun | sira anuta mringwang | atutug karêpmu kaki | sirangsua lir warih măngsa têlasa ||
23. nuli mêdalkên istijrad | pêngeram Risang Ngizajil | sêdhêpa tan ngambah lêmah | nuli manjing jroning gêni | wus musna tan kaèksi | blês ing siti nguwuh ngluhur | nuli manjing sêmodra | kèh solahe tan winarni | karsaning Ywang wus kêpencut Kya Jisaka ||
24. wus winuruk ngèlmunira | anêlas kang ngèlmu sikhir | niyan ngèlmu panitisan | tanapi sêrat kêkawin | durunging na dumadi | kala Manikmayanipun | sêpêngandhap wus têlas | myang ngèlmu pangiwa ênting | sêwi rasaning agama tinimbangan ||
25. Santri Aji guru wignya | padhang nêrawang kang galih | salir pringga tan kewuhan | apadhang tingale sidi | langkung trusthaning ati | konjêm wus mangsud angguru | ngling wis putu karia | apa sakarêpmu dadi | iya pêsthi tinêkan ing sakarsanta ||
26. sun luwih sing gustinira | Kangjêng Rasulullah Nabi | wus putus sira muliha | ayonana ja kuwatir | sira nora sun dohi | Risang Ngizajil musna wus | Ki Aji mulih enggal | sêkêdhap ing Mêkah prapti | kang sêkhabat sêkawan rawuh ngajêngan- ||
27. ira Kangjêng Rasulullah | samya matur sahambêkti | amba kautus amirsa | ilining hèr zamzam alit | gusti sampun gêng nanging | didalêm pun Aji kantun | Kangjêng Nabi ngandika | Si Aji pan nora kari | mulih dhimin munkar yun ngayoni mringwang ||
28. mêlêbu jroning sêsaka | lawan kudrating Ywang Widi | sêdya nimbangi maringwang | Si Aji munkir ngagami | angguru mring Ngizajil | kang para sakhabat matur | amba dahat tan wikan | tuwan andikakkên mijil | ngandika Jêng Nabi èh Aji mêtua ||
29. mêdal Ki Aji sing saka | tumungkul konjêm ing siti | gumêtêr langkung jrihira | tingkahe koningan gusti | gêtun nêlangsèng ati | tan kêna wah pêsthinipun | ngungun para sakhabat | de kêna ginodha ngiblis | dan wus kondur Kangjêng Gusti Rasulullah ||
30. Santri Aji jrih kêlintang | pirang dina pirang latri | dahat tan angrasa gêsang | cipta malih sangking jalmi | kinèndêlkên Jêng Nabi | nêlăngsa ing tyas kalangkung | tansah kèsthi salahnya | canthèl atur ngasih-asih | Santri Aji marang Sayid Abu Bakar ||
31. kula canthèl atur tobat | konjuka ing kangjêng gusti | lawan pêjah gêsang amba | yèn karsandasihkên ngabdi | yèn tan yun nuwun amit | kula wisata sapurug | gya Sayid Abu Bakar | mangsuk matur ing Jêng Nabi | pun Jisaka nuwun apuntên jêng tuwan ||
32. tur pêjah gêsang sru tobat | nuwun karsa tuwan gusti | bilih tuwan datan arsa | andasihkên nuwun amit | kentar sêkaring gusti | angandika Kangjêng Rasul | èh ya sira tundhunga | ujar wong lumuh mring mami | iku uga arêp nimbangi maringwang ||
33. wus pinêsthi ing Ywang Sukma | pan [pa...]
--- [f. 7v] ---
[...n] iku wis manjing iblis | nanging ingsun wèhi nama | Si Ajisaka prayogi | dening lir setan manjing | jro saka tundhungên gupuh | ya ta wus dhinawuhan | aran Ajisaka nuli | kinèn lunga nuwun amit Kya Jisaka ||
34. wus kentar sêkaring Mêkah | mring Balhum Jisaka nuli | wong Balhum mirut sêdaya | Jisaka aguna sêkti | kapencut kapya ngaji | wong nêgara padha kerut | kaiwat kênèng kêmat | kapyanut ing sapituding | salin bawa kafir anut Ajisaka ||
35. kêlangkung pêngalêmira | wong Balhum sru wêdi asih | Ajisaka wus angrasa | duwe kabêcikan nuli | sabat padha kinardi | paliwara kang jêjuluk | pun Dora lan Sêmbada | pun Mênawa pun Mênawi | langkung kèdhêp giris kang dèrèng nut prantah[20] ||
3. Girisa
1. nagri Balhum wus kancikan | kang nyabat wus wasis samya | ing Balhum akèh brêmana | sami wignya sêkti guna | Sang Ngizajil tuwuk prapta | Ajisaka nguswèng pada | Sang Ngizajil sêbdanira | kaki tinundhung ta sira ||
2. ing Jêng Nabi aja maras | ingsun gawenên gêgêntya | aywa tanggung timbangana | Kangjêng Nabi sakarsanya | mapan sira wus sun wêjang | pêngiwa purwa wusana | sadurunging bumi kasa | anane Sang Manikmaya ||
3. kawin timbangna ing kitab | nabi timbangana dewa | sastra Rab lan sastra kardha | wus pinasthi tanna lawas | sing Balhum tinundhung sira | mring Jawa jumênêng nata | lawase anging tri warsa | kaki pinasthi Ngyang Sukma ||
4. benjang yèn wus tigang warsa | aja data kaki sira | gya kentara anggawaa | ja kari wadwa lan kutha | nging ja nuli ngadêg nata | tatanên dhingin ing Jawa | kaki agawea tilas | nyêngkalanana buwana ||
5. ngagama kaki kiwakna | tatanên dhimin dèn rata | wruhanmu iki purwanta | winênang anata tapa | kapindho anata darma | ping tri nata basa krama | kaping pat anata praja | yèn wus rata dening sira ||
6. gya murca awor lan ingwang | dadia ratu siluman | tan bukti wus sinung sarat | ingku[21] datan kêna pêjah | nèng donya salamènira | wis kaki sira karia | Sang Ngizajil sampun musna | Jisaka muruk pêngiwa ||
7. gya rawuh Kangjêng Bagendha | Khilir arum angandika | Jisaka sira lungaa | sing Balhum yèn jêng panutan | Kangjêng Gusti Rasulullah | tan arsa parêk lan sira | langkung jrihira Jisaka | ngudrasa sumungkêm pada ||
8. nuwun prênah jêng bagendha | ngandika lah mangetana | bênêr
--- [f. 8r] ---
kene ana nuswa | ingaran nêgara Jawa | tur dadi kamulyanira | besuk sira dadi nata | pinêsthi nging tigang warsa | wis ta kêbat wisataa ||
9. Jêng Nabi Khilir wus murca | Ajisaka kêbat mentar | ingiring sabat sêkawan | ujar wirayat wong Mêkah | Mêdinah têka ing Jawa | pan lêlakon tigang warsa | yèn Jisaka ja kampira | sapasar kewala prapta ||
10. sru sêktinira Jisaka | nanging mampir nagri Selan | nata praja nata gama | wong Selan ngidhêp sêdaya | Jisaka murwa carita | nganggit kawin ananira | Narpa Arjuna Wijaya | jamane ran Kartayoga ||
11. sèwu taun laminira | punika maksih alam jan | janma nora nana mangan | nora nana janma pêjah | nanging carita pangiwa | iku ingkang dadi aprang | rêbat pawèstri kang wasta | Dèwi Naruki yu endah ||
12. nèng nagri Selan sêwarsa | wus tata Jisaka kentar | nagri Surati kancikan | nganggit kawin Rama Dewa | nagrinipun Păncawatya | ratune wênara bala | amungsuh buta Ngalêngka | alamipun jaman Tirta ||
13. laminipun sèwu warsa | lawan limang atus warsa | purwa prang rêbut wanodya | ingkang aran Dèwi Sinta | anèng Surati sawarsa | Jisaka sampun wisata | ngancik ing Selong nêgara | nata gama nata praja ||
14. anèng ing Selong sawarsa | nêgarèng Selong wus rata | padha angimankên dewa | nganggit kawin Ajisaka | Rama lawan Bratayuda | aprang Pêndhawa Kurawa | purwa prang rêbut wanodya | Dèwi Durpadi ranira ||
15. jamane aran Dupara | laminya rongèwu warsa | iku Babad Tanah Jawa | anèng ing Selong sawarsa | wisata Kêling ngancikan | wong Kêling nora suwala | nut sêrat kêkawin tiga | dhenga ingkang nêmbah dadya ||
16. kang ngimankên Gurunata | wong Kurawawên aranira |[22] anadene wong ngram-êram | Bêthara Wisnu pinuja | nèng Kêling nanging sawarsa | nganggit-anggit Ajisaka | mangsane jaman sêngara | nênggih pinetang laminya ||
17. sèwu limang atus warsa | ana prang rêbut wanodya | anake wong mara tapa | Dèwi Naruki ranira | nêgara Kêling wus rata | Jisaka kentar ngêjawa | lêlampahan tigang warsa | sapêkên prapta ing Jawa ||
18. ujung kilèn ingancikan |
--- [f. 8v] ---
ing[23] Lampung lan Sokadana | nulya ngancik Bantên murca | anênggih Babad Sangkala | amêmuruk pan sawarsa | akèh bramana ngêjawa | sabate Ki Ajisaka | anusul ing gurunira ||
19. wong kilèn samya kacaryan | asujud kaprêm kawignyan | aji hguru[24] panitisan | lyan angaji basa krama | purwa Jawa ana sastra | sastra bêling sastra krêdha | Ki Ajisaka kang bêkta | miwah kidung kêkawinnya ||
20. Sastra Sandi lan sêngkala | lumrah winurukkên Jawa | kulon durung wontên nata | nging aran umbul kewala | samyarsa jinunjung nata | nging Jisaka nora arsa | nging sinêbut panêmbahan | wus sawarsa Ajisaka ||
21. [...] |[25] [...] |[26] kentar têkap pamaendran | ing Bukit Kêndhêng kancikan | nênggih têksih nugil[27] warsa | ing pasisir tinilaran | bramana kang wignya guna | mêmuruk madu kukila ||
4. Dhandhanggula
1. bagus taruna wasis ing ngèlmi | Ajisaka pan ginuron ing rat | saking kèe[28] kawignyagnyane[29] |[30] prawira sudibya nung | tur aguna sarana sêkti | wong punjul ing apapak | mrojol kêrêp iku | manjing ajur-ajèr bisa | luput pêjah duk angancik Kêndhêng Ardi | Jimakir nuju kala ||
2. sasi Bêsar wukunya Manail | pujăngga gthaka angapus gita | pêksi srêngkara têmbange | sirna wuk dasa windu |[31] sangkalane Jisaka lagi | dhêdhukuh Kabuyutan | sabatipun agung | babêktan saking ing sabrang | surat kawin Arjunawijaya tuwin | Rama lan Brăngtayuda ||
3. lawan kawin Panitisastrèki | ngagit[32] kawin sandi dasanama | căndragêni pangagite | nèng kangbuyutan[33] ingku[34] | nênatasastra kawruhing wardi |[35] lanom[36] tuwaning sastra | basa kawin pangwruh | angagit kawin Wiwaha | Bimasuci Bomatara mirut ngaji | hgêguru[37]
--- [f. 9r] ---
mring Jisaka ||
4. wo[38][39] bang kilèn amangeran sami | Ajisaka asêsilih nama | Sa[40] Yyang Mudhik Bêtharine | sabatira nung-anung | para buyut lawan wêwasi | para êmpu pujăngga | kalilan mêmuruk | wus wignya wasis sêdaya | sirah tunggal sasi Sura salin warsi | tan tênggak tan atusan ||
5. tanpa ewon sêngkalane nênggih | Ajisaka akarya sênjata | mriyêm anakan sawiyos | papa rotakanipun[41] | bêndhe walu gêndèr kêkalih | lawan nyipta têlaga | sapa kêlar jungjung | mriyêm têmbe lèh kawiryan | lamun musna bêndhe rontaka amasthi | jrêrajat[42] nêgara rêngka |[43]|
6. prêrang gêdhe lamun nora mulih | bêndhe rontaka jarat karta |[44] têngah têlaga na pulone |[45] yèn wong ngalangi[46] tutug | pulo pasthi olèh[47] kamuktin | Ji karsa nglalona |[48] kang kinèn atunggu | sabat siji luwih wignya | pan kalilan mêmuruka agêntèni | angrèh sabat sadaya ||
7. anglir satu lan rimbagannèki | Ajisaka kentar kang atêngga | dhepok Mudhik Batharine | sabat papat kang tumut | Ajisaka jajah nêgari | nglangut anut sakarsa | pujăngga angapus | kidung têmbang gula kentar | nyêngkalani wau kang alami-lami | sasmitane kawruhana |[49]|
8. sarah tênggak tusan kang mêkasi | nurahe sira adua |[50] sêngkala dhingin lan mangke | dèn waskitha angadu | milang bathi lan tunanèki | dhêndhêng mumat[51] kawruhana |[52] bokmênawa na wruh | ngèsêmi niyakaning rat | Ajisaka nèng Jawa anyêngkalani | lêlampah midrê ring rat ||
9. saking kilèn gènnya amasisir | mangetan tandhês ing Balambangan | gunung wus ngancikan kabèh | sakèh wong padha suyud | guru ngèlmu lan guru tulis | kathah warnaning[53] sastra | rumiyan[54] ranipun | pan sastra endra prawata | kaping kalih sastra pujăngga purwa kawi |[55] ping tri sandi prawata [pra...]
--- [f. 9v] ---
[...wata] ||
10. kaping catur astrane kang nami | astra pujăngga pan tarulata | ping gangsal astra arane | endradipa ranipun | kang kaping nêm araning tulis | anênggih kang pujăngga | tarurêsmi iku | ping pitu namaning sastra | tunjungrêsmi kaping walu dèn arani | anênggih namanira ||
11. bujăngga sinom sêkar lan malih | kèping[56] songa purwakanthi rannya | ping sapuluh sastra rane | purwarêsmi ranipun | ping sawêlas pratignya nênggih | lan malih ping sawalas[57] | rane sastra iku | pratistha kaping têlulas | ingaranan ya patbêlas purwaga kang nami |[58] nênggih ping gangsèl[59] wêlas ||
12. astra pungjăngga[60] kalawan malih | ping nêmbêlas mustaka jamus rannya |[61] sastra kardha pitulase | ping walulas ranipun | kang aksara murda lan malih | songalas raning sastra | gêndhing barang iku | kalih dasane kang sastra | aranira bonang sarante lan malih | salikur kang aran astra |[62]|
13. sungging prabakara[63] arannèki | pan puniku winurukkên ing rat | mila jalma suyud kabèh | dene tanpa sastra iku |[64] mangke samya uningèng tulis | purwane babad sabrang | kang minăngka paku | duk Ajisaka ngêjawa | kèh jêjanggan para êmpu buyut tabit | kèh bramona ngajawa ||
14. gunung Kêndhêng pèn[65] dèn sêngkalani | kunir awuk tanpa jalu ika |[66] sirah tunggal sangkalane | ing gunung jêbug awuk | nungsa Jawa sirnaning bumi | Nungsabarong punika | nênggih pring sadhapur | Nusatêmbini nir jalma | ing Baweyan sêngkalane cèlèng mati | babade sirah songa ||
15. ing Gunung Agung dèn sêngkalani | tulup kumukus kang Wukir Brama | ula adi sêngkalane | ing Gunung Mahamèru | ingkang wêlut anglèng ing bumi[67] | tuwin Ardi Prawata | ing sangkalanipun | kaya gapura rinupa[68] | ing Arjuna pawaka lodra karênging | nênggih ing Wukir Bancak [Ba...]
--- [f. 10r] ---
[...ncak] ||
16. candranira ing Gunung Mrêrapi | brêmana lêbu gêni punika | Wukir Pêndhêm sêngkalane | sarira wong puniku | Wukir Èngêl sangkalanèki | ing pănca trus ing lêmah | Wukir Wurya ngetung | ananggih[69] obah pawaka | Ardi Bancak kurungan aisi pêksi | ing Lawu catur muka ||
17. sirnaning wiku ing Gunung Sumbing | Ola-ulu roro kang pujăngga | ardi anyar ing babade | bahning awor lan kukus | Gunung Wilis dèn sêngkalani | karoyon sêmpal pangnya | tuwin Gunungkidul | gunaning wong yèn ingetang[70] | jênêngira Ki Ajisaka ngêjawi | saya ginuron ing rat ||
18. tata tidhar sata sasampuning | amidrê ring rat nyăndra pagunungan |[71] têdhak mring pasisir malèh | wus cinăndra sêdarum | saking Bantên Jakarta prapti | lajêng dhatêng Krêrawang | ing Carêbon rawuh | ngancik Barêbês ing Têgal | ing Pêmalang kèndêl ing Ngastinapati | Batang Kêndhal wus kambah ||
19. ing Kaliwungu ngancik Sêmawis | mring sagara lir ngancik dharatan | nacahakên pulo kabèh | gancang caritanipun | tan ingucap anulya prapti | Pulo Kelor arayyan | nulya ngancik iku | ing Pulo Majêthi rannya | sabat kalih tinilar Dora Sêmbada nami |[72] atunggu rukmakala ||
20. samya pinêndhêm Pulo Majêthi | Jisaka kentar mring Danaraja | lajêng mring Pajangkungane | saênggèn-ênggèn muruk | kathah kang wong gêguru sami | arsa mring Surapringga | angraos pakewuh | nulya malêbêt ing Mêdhang | ting balêbrê Jisaka kalêson mampir | wismanya Răndha Sêngkrêran |[73]|
21. dangu kèndêl sajawining kari[74] | wijil pisan ningali banjaran | rêmên ing pasang rakite | tanêman asri têpung | pange makah lagya ngêmohi | dadi tanna kang rêntah | arêsi[75] soripun | pagrê bata ginêpura | dhukuhnya kèh asri kang umah mêpêti | magrêsarinya kapang ||
22. dhukuh sangkèhing kang darbe
--- [f. 10v] ---
panti | Ni Sêngkrêran mukti awibawa | tur kathah anak putune | Răndha Sêngkrêran iku | têtilare kiyai patih | tan darbe anak lanang | ming sijyèstri ayu | lagya birai ing sêkar | wastanira Rêtna Dèwi Rarasati | ayu punjul sapraja ||
23. ngularana midrê datan olih | ingkang mambu mèmprê mirib memba | lir sang tanu ing wrênane | ayu ratuning ayu | madu juruh ratuning lêgi | dewataning kumala | pamulunya turut | sarira gilig ajênar | rema panjang andadi mêmak awilis | sotya balut anawang ||
24. tatirahnya lut amantêsi |[76] kaduk lindri èsmu cancut rikat | madya amêkak baune | awlar wijang smu patut | anyudênta pambayun kalih | asta pindha gandhewa | alisnya pinatut | grana rungih èsmu raras | andhêng-andhêng patut gènira amanis | anglir gambar kêncana ||
25. lir binubut udayaning alis | tuntung ijo papilinganira | imbuh ayu myang sêmune | titis thi-athinipun | karta mamak ajiling-jiling | tatirahe kang kesya | lir sinungging patut | lathi tumurut angraras | anrang gêndhis lir srêngkara juru manis | waja nglaring bramara ||
26. lamun tinon tiksa măntra wingit | lir tranggana sêmu kêtawêngan | lir ngawe kocak tingale | yèn tinon muncar-mancur | nagendra kapit ing jaladri | angendrani katingal | kontap prabanipun | manis galaking paningal | angêntèni tuhu musthikaning[77] èstri | tangèh lamun cinăndra ||
27. langkung punjul sang dyah sanêgari | ngulatana pan măngsa antuka | kadi sang rêtna citrane | kunêng ingkang winuwus | Nyai Răndha Sêngkrêran mijil | kagèt wontên dhatêngan | gupuh nuli wangsul | parêkan kinèn gagêlar | lante ngandhap tinumpang klasa pênjalin | sahana[78] nginggil pisan ||
28. pawongan[79] mijil kinèn ngaturi | sampun kering Ajisaka lênggah | nèng ngandhap batur sabate | sinusunan ing kasur | kang pawohan ngandhap sumaji | dènnya lênggah Ki
--- [f. 11r] ---
Jaka | amardapa patut | kok[80] răndha jêngêr tumingal | têtamunya bagus anom sêmu wingit | kêmbar lan putra nata ||
29. bok răndha ngling bagea ta kaki | bagus anom dèn tigas kawuryan | pundi pinangkane anggèr | lan kang sinêdyèng kayun | praja Mêdhang dèrèng udani | agèr[81] wuryan katingal | Ki Jaka sumaur | anêdha pasihan dika | alit mila saêgèn-êgène[82] kampir | tan atuduh pinăngka ||
30. songsong mega tiyang kandhang langit | kêmul pujăngga nusu raina | kaidêran duk langite | datan uningèng tuwuh | nyai răndha gumuyu angling | pundi wontên manungsa | sun tako[83] satuhu | bibi anênêdha ingwang | saking sabrang nêgara ing Atasangin | arsèng wruh nagri Jawa ||
31. gih puniki bibi nagri pundi | anauri ni radha[84] mas nyawa | Mêdhangkamolan arane | jêjuluke sang prabu | Sri Dewatacêngkar rannèki | patihe mula-mula | nênggih lakèningsun | wus lalis ingkang gumantya | sadulurku taruna punapa bibi | datan adarbe putra ||
32. kaki duwe siji nging pawèstri | lagya suson tinilar ing rama | lamun sudi sira anggèr | sira sun angkên sunu | sadulurmu ja ontang-anting | kunên sanak taruna | bibi tarimèngsun | putranira kinèn mêdal | wus inguwuh ing sadulurmu prapti |[85] ya saking pangumbaran ||
33. wus gêgănda wau sang lir suji | asinjangan pathola pan sarta | gadhung mêlathi samire | sêngkang bapang mangungkung | apanunggul intên hèr gêni | bantoni ayunira | lir Supraba nurun | wingwing pantês karya brăngta | cancut rikat apantês karya wiyadi | ulate gănda prana ||
34. sang dyah kalpika tên kalih-lih sisih |[86] amantêsi ukêl canthèl pisan | pênuh ingkang puspitane | asembak[87] lurung-lurung | sêsinome atap tur wilis | jamang mas kinatipa | nayakane murub | waja gêsêng lir mutyara | gêlang kana abinggêl lan anting-anting | kalunge susun tiga ||
35. nayakane mirah intên adi | kasorotan rawi ting samburat | sangsaya lawan tingale | kocak lindri wèh sêmu | nulya mijil pawoh cinangking | wus salèh[88] gya mendra |[89] alingan kang ibu [i...]
--- [f. 11v] ---
[...bu] | ni ro[90] ling iku uga |[91] kakangira duk wisata kala alit | lêlana midêr gya prapta |[92]|
36. lah sapanên ni kadangirèki | dangu kèndêl isin ing wêcana | yèn aja jrih ya bibine | aris wijil pamuwus | èsmu isin wêcana ririh | kakang dika bagea | ingkang lagya rawuh | kumêsar Ki Ajisaka | kagèt gugup saure ta nuwun yayi | gumuyu nyai răndha ||
37. katon êmas kadangira iki | ingsun sidhêp bibi Ni Supraba | tumurun anapa mringong | sang dyah mèsêm tumungkul | sabat kalih dènnya ningali | samya kumêdhèp tasmak[93] | panone sumaput | sajêge nora tumingal | Ajisaka kagiwang sajroning ati | yèn emut amêndhita ||
38. nyai răndha agupita aris | jaman ke[94] wartane kêburan |[95] angingkari Mêdhang bae | idhêpe maksih bingung | wong sêjaman gêguru sami | bêrmana saking sabrang | ngêjawa mêmuruk | wartane sêkti sumbaga | digbya anung èlmu panitisan waris | bagus maksih taruna ||
39. gawa sêstra pakah warna kawin | iku ingkang winurukkên ing rat | ya baya pa warnanane | yèn parêka sun ayun | gêgurua Jisaka angling | gumuyu bibi tobat | kang kawarta iku | kirim suda warta mundhak | sampun lumrah kang kawrêta inggih mami | nyai răndha gupita ||
40. bêgja pun bibi gèr sira prapti | mêmuruka ingsun punggung mudha | bibi sok sudia bae | ni răndha wus winuruk | panjing surupipun ing pati | patikêl[96] panitisan | andhap adhêpipun | ing urip tan kêna pêjah | wus sampurna ni răndha ngaji kêkawin | mêmuruk wus kalilan ||
41. ingkang putra winuruk pribadi | sampun wasis ni rara sumbaga | dhasar wong ayu rupane | Jisaka mêmuruk |[97] wong ing Mêdhang gêguru sami | kerut wong sanêgara | sumungkêm sêdaru[98] | kaloka kajana priya | wong ing Mêdhang anggêpe kadya angabdi | nèng krandhan wus alama ||
42. Kyana Patih Tênggêr mirsa nuli | mring kêrandhan Ajisaka nulya | panggya ki patih sru mangke | bawa rasa sêdalu | aji sêstra lan pramèng kawi | kawêlan kasêntikan | kaprawiran putus | kadigdayan [ka...]
--- [f. 12r] ---
[...digdayan] kanuragan | èlmu singkir pan sampun têlas ingaji | myang ngèlmu panitisan ||
43. pan olah panjing urip lan pati | panitisan gêsang tan apêjah | nglikasan kêmadhihane | ki patih manjing guru | wus sampurna Jisaka angling | pan manuningsun wikan | ing lêlurung agung | jalma tanbuh polahira | ting balêbêr mêlayu tanbuh dèn ungsi | paman wontên punapa ||
44. kyai patih aris anauri | punika gèr angulari jalma | lêmu badhe dhahar rajèng | siji sadinanipun | sri bopati adhahar jalmi | kage[99] Ki Ajisaka | ing manah gêgêtun | dadya paman ngrusak jalma | akèh suwung praja desa sun tingali | kalangan sang gupita ||
45. sabatira kèh prapta angungsi | samya nangis nuwun kinukuhan | Ajisaka pamuwuse | hèh paman patih ulun | turna dadya dhahar sang aji | nging paman suwunêna | bumi Mêdhang ingsun | sawiyare thêsthar[100] ingwang | yèn wis tampi nuli dèn dhahara mami | ki patih kagèt ngucap ||
46. gih pun paman gèr dèrèng andugi | nguyang lara anêmpuha pêjah | luhung mêmuruka anggèr | ing ngriki kathah jugul | Ajisaka aris nauri | dêdimène pun paman | ingsun têmah lampus | ambilani wong akathah | jalma Mêndhang kang sami gêguru mami | angur ingsun kang pêjah ||
47. ni bo[101] răndha asru dènnya nangis | adhuh gusti primèn sira tilar | pêsthi milu labuh kabèh | Ajisaka gumuyu | aja ugi bibi kuwatir | ki patih ris ngandika | gèr bênêr bok ayu | sinauran dika paman | tanpa karya gêguru tan tega pati | ngur aja puruhita ||
48. yèn nora kita labuhi pati | nora nana angandêl wong Mêdhang | mati pisan rip lawase | paman dèn ngandêl mring sun | nora uga kita ngêmasi | lah turutên turêna | dhumatêng sang prabu | yèn wus olèh bumi ingwang | nora mati ingsun bisa gawe jalmi | natèng Mêdhang tan cuwa ||
49. dhahara wong sadina sêdèsi | nora kurang nauri ki patya | măngsa barongna[102] ing anggèr | kalang gupitanipun | duta aji prapta sarya ngling | kyana patih ngêndikan | lan kinèn amundhut | jalma badhe dhahar nata | wus alami andika botên nyaosi | tan eca dennya dhahar ||
50. kyana patih lingnya gya marêngi | puniki lah sêdhênge dhinahar [dhi...]
--- [f. 12v] ---
[...nahar] | mapol[103] tan kiyal daginge | maksih taruna bagus | sarêng mulat jêngêr duta ji | satuwuk dèrèng wikan | nom bagus kadyèku | anging putra sri narendra | kang ngungkuli wus adandan kyana patih | wisata têmbang durma ||
5. Durma[104]
1. wus kairing Kajisaka[105] lan bok radha | tumut arsa nglabuhi | muride sêdaya | tumut padharsa bela | wong ing Mêdhang mèh sêpalih | mangutur[106] prapta | katur dipun timbali ||
2. kang ningali wasta bok Sokasarna |[107] kêmbar Jisaka kering | wus prapta ngajêngan | patih nêmbah suku sang | narendra ngandika patih | pa olèh sira | caosan dhahar mami ||
3. wus alawas ingsun tan eca adhahar | yèn nora mangan jalmi | wak ingsun awuyang | buh rasane wak iwang[108] | nuju enaka abukti | bocah parêkan | lêmu sun pindhang ênti[109] ||
4. iku patih sun olèh dhaharan nendra | mêngko agagat maning | lawan tan amangan | jalma karingêt mêdal | awak sun kaya dèn dusi | acêlangaban | watuk sarta awahing ||
5. lèh sapasar ingsun amèncrèt kewala | mili dalinding gêtih | larane tanira[110] | mulêse nora kêlar | rina wêngi marbês mili | apêtagihan | balung lir dèn lolosi ||
6. kaya priye patih ye[111] tan olèh jalma | abutuh sira pêsthi | patih ingsun pangan | sun nora etang băngsa | bo nyambêlèh mantri siji | kang rada ala | tur gampang anyalini ||
7. Patih Tênggêr atur sêmbah ing sang nata | angsal sat botên olih | mila sapunika | dede didalêm Mêdhang | jalma mongyang[112] botên pati[113] | saking ing sabrang | kêdah katur sang aji ||
8. suka wake dadia dhahar sang nata | nanging darbe pêrjanji | nuwun bumi Mêdhang | sawiyare kang dhêsthar | bumi dèn suwun kariyin | yèn sampun tămpa | sumăngga karsa aji ||
9. langku[114] trustha sri narendra angêndika | apa tuwa kang jalmi | gih taksih taruna | wêtah lêmu dagingnya | lagya ecane binukti | awak kumidang | mangke wontên ing jawi ||
10. suka-suka nata răndha timbalana | Bok Sêngkêran wus mijil | prapta saha waspa | anggèr sira ngandikan | Ki Ajisaka wus kering | prapta ngajêngan | jêngêr sri narapati ||
11. langkung pêkik eman matia ta baya | angandika sang aji | hèh
--- [f. 13r] ---
apa ta sira | kang sanggup da dadi dhahar |[115] nanging jaluk bumi dhingin | sak wiyaring dhêsthar |[116] Ajisaka nauri ||
12. inggih kula yèn sêmbada lawan karsa | aja sun eman mati | balik ngawulaa | isun gawe bopatya | eman warnamu apêkik | maksih taruna | gusmu bocah katolih ||
13. Ajisaka umatur nuwun kawula | pasihane sang aji | kêdah paripêksa | anuwun bumi Mêdhang | pan sun eman nora kêni | sun turut nata | miyos mêpak kang baris ||
14. sampun pêpak ngalun-alun amêlatar | ngandika sri bopati | hèh ta sêsèniwang | inggih aran Jisaka | sêca gup anjaluk bumi | wiyaring dhêsthar | yèn wis ingsun patèni ||
15. yèn wis cukup anili[117] sira cêkêla | wong kudu bosên urip | êndi dhêstharira | wus katur dyan binabar | sang nata jêngêr ningali | wiyaring dhêsthar | panjang tan nyanèng gali[118] ||
16. wus tinurut mring nata sawadyanira | dadya tontonan jalmi | sami kagawokan | tan têlas saya têbah | lakon sadina taksih |[119] wiyaring dhêsthar | ngèbêki ing nêgari ||
17. nata natih[120] liman dèn iring ing wadya | dhêsthar wiyare taksih | lêlakon sapasar | sapuluh wêngi prapta | lêlakon satêngah sasi | dhatêng sawulan | wiyar dhêsthar drèng uwis ||
18. kaubêngan têlatah bumi ing Jawa | kalah nata tinagih | maring Ajisaka | saparan tinut wuntat | Jisaka ngling kadipundi | bumi sun têdha | ing Jawa melik mami ||
19. sinêmayan ing nata sinanggèng krama | mêksa dipun tut wingking | binru saparannya | Dewata kalah cengkar | kang wadya wus sami balik | tumut Jisaka | mila buru sang aji ||
20. Dyan Dewata Cêngkar salah kêdadean | pan dadi baya putih | wus kêna ing papa | cintraka ramanira | gêngira kagiri-giri | lir endra suta | gila-gila ngajrihi ||
21. gigirira wiyar lir nungsa yèn ngambang | katumpanga sela curi |[121] maksih dadya nata | saisining samodra | tatanipun kadya jalmi | pêpatihira | Gajahmina Dipati ||
22. Ki Tumênggung Prang-prang lan Ki Arsa Lodan | Răngga Suradulèki | Dêmang Wikridita | Ki Pandêlêgan Kalumba |[122] sêntananira nêrpati | Tumanggung[123] Paprang | Arya Kaluyu tuwin ||
23. Radèn Arya [Ar...]
--- [f. 13v] ---
[...ya] Kalènglèng Arya Balutak | Wulungrêta Ngabèi | Ki Buntung ran dêmang | kapat Pêthan Dèn Arya | Sêgara Kidul ing nguni | roro ratunya | dhingin Raja Ngin-angin ||
24. kang satunggal Eyang Sang Dewatacêngkar | susah Rêja[124] Ngin-angin | nêbda asêngara | sapa kang nyirnakna |[125] baya putih sun ngèngèri | Dewatacêngkar | tan suda rosing galih ||
25. ngadhang marga karyanira ambêbegal | amètèni[126] ing margi | dharat miwah toya | kathah jalma sinarab | rêmên pêngantèn mring kali | prawan wulanjar | jaka pêsthi yèn kambil ||
26. ku mulane karan baya mangan jalma | tumurun dalah mangkin | Sang Dewatacêngkar | arsa malês ing lara | wirang arsa pulih gêtih | wêwah agêngnya | gila kagiri-giri ||
27. panjangira lamun malang saonjota[127] | cangkêm yèn mangap anglir | wiwara ing guwa | syara sru anjrit gora | bên dina manguwuh ngêrik | anjaluk ruwat | iku tartantunèki ||
28. wong awani-wani marang wong atuwa | kêna papa cintrèki | kunêng kang winarna | wau Sang Ajisaka | wangsul sawadyanirèki | Mêndhang gumantya | nata sampun ngrênggani ||
29. samya lulut jalma gêng alit sêdaya | ilang marasing galih | samya ngrasa gêsang | wus norana kang măngsa | tulus jumênêng nêrpati | ran Prabu Jaka | ing Mêdhang karta-karti ||
30. Ajisaka têtêp jumênêng narendra | Mêdhangkamolan uni[128] | bopati tan owah | miwah mantri sêdaya | pêpatihe taksih lami | Tênggêr Dipatya | malah wêwah kang mukti ||
31. nanging putranira Sri Dewatacêngkar | kantun dipun buroni | wong Mêdhang aeca | kayuyun prentahira | agêng palamarta adil | lan nora mangan | jalma kran wêdi asih ||
32. ri sêdhênge sang narpa siniwèng bala | pêpak sakèh bopati | myang para pratiwa | rêksa mantri prameya | Dipati Tênggêr ing ngapti | Răndha Sêngkêran | langkung wiwaha mukti ||
33. lan kèringan bumi sakèh amardika | ing reka ta sang aji | prabu nom sudigbya | sigra ngling bapa patya | miwah sakèh wadya mami | lah pirsakêna | Si Dêduga Mênawi ||
34. ingsun gawe têtidhih[129] bopati dhomas | Si Dêduga kang kering | Si Mênawa kanan | Duga sun paring nama |
--- [f. 14r] ---
Ki Dipati Suraadi | Sêcalêgawa | Si Mênawa sun paring ||
35. nama Arya Dipati Dutanêgara | nanging karone mêksih | anèng jro kêdhatyan | tan kêna pisah ingwang | samya nuhun saur pêksi | hèh lah pirsakna | sakèhe wadya mami ||
36. sun jumênêng ratu nèng Mêdhangkamolan | maksih laba[130] tan krami | juluk ingsun nata | narpa nom Prabu Jaka | Ajisaka Prabu mijil | Mundhik Bêthara | nglêlana ngrat angidêri |[131]|
37. wadya nuwun samya asêksi sêdaya | lan maning bapa patih | wong ingsun ing Mêdhang | padha enak atinya | kya patih matur wotsari | kêlangkung eca | sumungkêm wadya aji ||
38. sampun kondur Prabu Anom Ajisaka | ngêdhaton wus alami | karta-karti Mêdhang | murah sarya tinumbas | tulus kang tinandur dadi | wong cilik eca | mungsuh norana wani ||
39. wadya alit tutug dènnya dagang layar | dharat miwah pasisir | norana culika | saparan-paran têka | akèh bêrmana ngêjawi | tata tiyarta | nênggih kang brăngta kingkin ||
6. Asmaradana[132]
1. putranira sri bopati | Dewatacêngkar kang nama | Arya Danisyara rane | ginadhang gumyatya[133] nata | ing mangke binurona[134] | langkung dening kawêlas ayun |[135] nusup-nusup wanapringga ||
2. manjing jurang munggah ngardi | pinindha kidang mênjangan | tinuronan[136] ing wong akèh | ngosak-asik kadya gêmak | wus karsaning Pangeran | radèn dadi tapanipun | benjang ngêpêl tanah Jawa ||
3. samya tinibanan tulis | sapa ta wani nyêkêla | ginanjar ing yatra akèh | mukakat wong sanêgara | mila kalunta-lunta | pinadhakkên watu gunung | Radèn Arya Danisyara ||
4. kalunta sampun atêbih | saking nêgara ing Mêdhang | nora dhahar nora sare | pan ingadhêpakên tapa | panakawan sêkawan | iku padha nak tumênggung | wasta Bêgja lan Daulat ||
5. pun Mênawa pun Mênawi | punika palihanira | Bêgja Daulat êmbane | ature lir calapita [calapi...]
--- [f. 14v] ---
[...ta] | guta[137] dawêg laryyan |[138] angêlih lan botên turu | karipan kaya matia ||
6. ngandika sang raja pêkik | yèn tan bêtah abalia | sun lakonane larane | pirabara sinung gêsang | Bêgja Dulat ngucap |[139] anggung gawe sok amupus | pênêde mawi têkiyar ||
7. lumampah raina wêngi | ngidul ngilèn manjing wana | gunung alit nèng guwane | Guwa Têrusan ranira | iku ya pêngalapan | yèn dudua jalmanipun | yèn tan ilang mulih edan ||
8. ing jro jêmbar pan arêsin[140] | manguturipun ing têngah | maju papat pamêrite | kang kidul maring kêdhatyan | têrus dhatêng sêgara | nêrus ngile[141] Ngula-ulu | kang ngetan nrus Jamurdipa ||
9. kang ngalèr têrusannèki | nênggih dhatêng ing sêgara | kang kidul tinundha malèh | ran mangutur parantunan | pamêrit nora mênga | iku wiwaha[142] kêdhatun | kang kilèn sanggar langgatan ||
10. pangiwane ana bèji | ing têngah gêdhong kuwaca | asri ya ing pêthetane | gêdhong nora kêna mênga | jro gêdhong na kathil mas | langsèng tinundha kumêndhung | kang ngetan mring pêtamanan ||
11. jawi wiwara arêsik | kayoman cêngkèh satunggal | winastanan pasar Diyèng | pasare dalu kewala | norana wruh satunggal | Guwa Têrusan puniku | kêdhaton sri ing Sindhula ||
12. sasirnane Galuh nuli | ngalih ing Guwa Têrusan | kêrantên langkung endahe | wau Radèn Danisyara | kapecut[143] bangun tapa | tan winarna polahipun | langêne ana ing guwa ||
13. jinajah sakèh pamêrit | wus linêbonan sêdaya | arêmên pasang rakite | gêdhong guwaca wus mênga | linêbonan nging nora | atapa wontên ing ngriku | dèn pêpati sariranya ||
14. wau ingkang dèn tapani | sajroning wiwara jaba | anèng guwa pakaryane | wau Radèn Danisyara | pan sampun tigang cadra[144] | binantêr ing tapanipun | angêningakên ing tingal ||
15. mênêng amuja sêmèdi | lamènira amêmuja | sacăndra tan aksamane | tan panêngran jayanira | Rahadèn Danisyara [Danisya...]
--- [f. 15r] ---
[...ra] | murub sajroning guwa wau |[145] jumênêng prabawanira ||
16. pratingkahe radèn mantri | pinarêk asila tumpang | ngayunakên pêlêngane | kang asta kalih tumumpang | sinèlèh anèng pakyan[146] | asa[147] kiwa nurut pupu | kang asta têngên tumumpang ||
17. dhumatêng ing asta kering | anurut darijinira | sampun musna ranuduhe[148] | kewala Sang Danisyara | ngicalkên păncadriya | wus ical kawulanipun | dumadya prawara prana ||
18. Radèn Danisyara uwis | ati wis wisaya padhang | sampun ilang manungsane | ngraga sukma Danisyara | dalu kèh coba prapta | panakawan gila turu | dyan dhatêng wanita endra ||
19. layangane widadari | lêlima kèh mayangkara | samya yu-ayu warnane | pamêrit kidul kang mêdal | mayangkara tri dasa | Dèwi Sangkaningrat ayu | sami lan kang duwe surat ||
20. ayune tanna munjuli | mayangkara Sangkaningrat | amatèna ing rarase | pralambang kidung ayunya | apupur gêgunungan | dènira paesan patut | wontên mênêng tur pêsaja ||
21. asinjang pathola wilis | samire jiga[149] miruta | kêncana luru têpine | ya uga Dèwi Supraba | norana mirib mimba | wong ayu ayu anulus | yèn sêrêg dadi tarbuka ||
22. padha marêk mring sang tapi | ingkang lagya ngraga sukma | sangka Sangkaningrat matur alon |[150] lah puniki waragana[151] | marêk ing jêngandika | mati endan brăngta wuyung | nora ketang kamanungsan ||
23. dukanira Yyang Pramèsthi | mila tumurun kawula | mung andika ingkang katon | amawongan anjuru dang | gusti kawulakêna | mangke têkèng têmbe besuk | kawulakêna kawula ||
24. ya ta kawula puniki | atanya dhatêng andika | punapa kawitanane | ingkang tapèng jroning guwa | dika nêbda punapa | jarwanana wong abagus | sarta mijil lon wêcana ||
25. muncar lan tarwa nibani | salang dhawuh payudara | kandhêg ing wunga-wungane | de payudara têgêsnya | wunga-wunga punika | irêng-irêng ing pêmbayun | rasa-rasa tumibaa [tumi...]
--- [f. 15v] ---
[...baa] ||
26. radèn putra nora gingsir | niyan waragana prapta | gandrung-gandrung lêlakone | arum-arum saliranya | kaduk raga kêrana | kinarya wêdhak ganda rum | nênggih pulanggênèng ngambar ||
27. bau wijang slira gilig | pupuripun mănda-mănda | arum-arum pulanggênèn | alus amêkik têngahnya | saos gănda lan burat | winulang lan sinjangipun | kang kinarya sêsêkulnya ||
28. asinjang rasamala mrik | winor lan kasturi ngambar | arum katut maruta wor | sumilir gandaning sinjang | wêwiron rinatusan | akathah gêgănda arum | kang minăngka cacabira ||
29. ing payudaranirèki | anrus ngambar kang kukuma[152] | pan sadak gadhing sêkare | sadak gadhing têgêsira | kancing gêlung kinarya | sêkaring kumalanipun | salin gêlung cara Jawa ||
30. mèsêm-mèsêm kaduk manis | titi dhumatêng ing ngarsa | katingal kengis wajane | kadi kêlar[153] mandu brăngta | muncar anglir mutyara | kunêng malih ana rawuh | têka sumandhing alênggah ||
31. kilat[154] bau anting-anting | susun kalih gêlang kana | sumping mirah pinangkane | murub sêkaring palata | têgêsipun kêncana | ginubah lan mêlathiku | ragi nata lamat-lamat ||
32. sipat bot parasannèki | lunggana nagri kuwaca | lungsir pêthak rum gandane | katub maruta tibanya | ngrakêti payudara | wor susya mêncarong[155] gêmuh | kadi pêtha têgêsira ||
33. malêtug pêmbayunnèki | pan maya-maya sinăngga | mênul-mênul dumukane | kunêng malih waragana | prapta agêlung gatra | kêncana tutuping gêlung | ingukir pinatik rêtna ||
34. asêsêkar ingkang adi | mubyar murub nawa rêtna | manik ijo woworane | lir bêthara tingal kêmbar | amêmpak[156] paès kêmbang | amrik minging gandanipun | anrus katub ing maruta ||
35. tur urap-urap kasturi | rinatus wino[157] pêrada | tiningkah galar kunuse | kadi muksa kêdhèpêna | ulate gêbyar-gêbyar | kumêdhap lir mas kang luru | samya marak ing ngayunan ||
36. nging radèn tan mobah mosik | kang godha kaku galihnya | Sangkaningrat was tingale | yèn sang tapa ngraga sukma | suwung kari
--- [f. 16r] ---
pêrmana | dyah ngling payo padha mantuk | anèng kene tanpa guna ||
37. yayi atunggu wong mati | sang dyah wus kondur sêdaya | nging tan suda ing manahe | dèn têtungkul sang atapa | nganti pêpak pêrmana | wong asêkti digbya anung | anggawe malih panggodha ||
38. tan pantara prapta mêlih | ayu-ayu mayangkara | samya jênar sarirane | muncar anglir ratu wulan | sring gawe êla-êla | ngrimangi asmaranipun | pantês lagi dewa sraya ||
39. mêntas kramas ngure wèni | wènine wilis apanjang | mêntas samya susur kabèh | patut waja lungsir pêthak | lagya nginang ping tiga | kumênyar warnanya arum | sumrik gandaning kukuma ||
40. anrus ngrum amrik aminging | ngêntèkkên tênaganira | datan daha-taha[158] mangke | angrangkul sangking ing wuntat | sing ngarsa ing ngiringan | dèn wasa-wasa sang wiku | nênggih wasa-wasanira ||
41. payudarane prasami | dèn araskên mring kang tapa | radèn cinandhak astane | cinêkêlkên payudara | rinangkulkên ing jăngga | kang satunggal astanipun | rinangkulkên ing madyanya ||
42. anulya dipun tanggapi | cinêkêlkên payudara | tutuping wunga-wungane | linungsurkên sinjangira | warna lir mega ngarang | ana siji lagya rawuh | liyangan pupune radyan ||
43. sarta mandêng aningali | sa[159] tapa winangwang-wangwang | sarta pinandêng tingale | sang dyah masang gunanira | ênggoning kang sêsoca | dhêsthi pandêlêng ranipun | dimok ki tapa tumingal ||
44. sakêdhap dhumatêng mami | pêsthi kêna gunangningwang[160] | tur ta sang tapa tingale | lir jaka putus ngèlminya | donya pan dadi dadar | dyan kêna asmaranipun | anggodha kêna panggodha ||
45. atêmahan brăngta kingkin | kadi angganing padupan | katrapan anggêni mangke | luluh kang padupan timah | brăta[161] kung ngudasmara | malah mangke kasi surup | sang yyang rawi myang pracima ||
46. gênti sasăngka umijil | sing purwaka purnama |[162] sang yyang rawi surup mangke | aras-arasên surupa | wau sang dewangkara | maksih katolèhên [katolèh...]
--- [f. 16v] ---
[...ên] iku | warnane kang waragana ||
47. wus kalingan ing magiri | sang dyah kaliwat dèn era | kêdah sami asmarane | dene baguse sang tapa | lir kadya dewa dharat | mimang manahe dyah ayu | mimang punika têgêsnya ||
48. salang surup manahnèki | kang widadari sêdaya | anggodha kagodha kabèh | kapatya mundur sêdaya | dene sang tapa ika | salang surupe puniku | saking sang tapa sarinya ||
49. samya angidung mring jawi | jumênêng ngidung agantya | mamiringi mring rahadèn | anggênti ngidung aramya | kathah solahe sang dyah | mring dyan putra brăngta wuyung | sang atapa kinêplokan ||
50. sarwi gêtak ting jalêri[163] | gumuyu sumyak aramya | dèn coba ginodha malèh | ngêntèkkên tênaganira | dyan sinambut astanya | dèn karya mêng-amêng wau | awêkasan ginendholan ||
51. pan sami dipun garuti | tinutupkên payudara | anglês rasane ing tyase | kadi wuluh gathik lawan | rowangira aramya | tanbuh rasane tènipun | samya mijil saking guwa ||
52. abêbisik anèng jawi | pratingkahira sang tapa | norana eca nahe[164] |[165] dene gingsir ing asmara | wangsul malih satunggal | lingsêm kari sumpingipun | anèng pangkone sang tapa ||
53. tan kantun dèn maha iki | lingsême arsa balia | ngrapêti maput panone | wus kalungsur sinjangira | mèdêm-mèdêm katingal | lir wong purik tan inguwuh | wus ngêntèk musna sêdaya ||
54. puniki wayangannèki | ingkang widadari gangsal | sang dyah samya muwus kabèh | kêna wuyung kawuyungan | data tiyarta ring kang | musna lawan raganipun | Sang Narpa Nata Sindhula ||
55. eyangira sang apêkik | wus dadya jêngkêping[166] dewa | guwa têrus kêdhatone | langkung wêlas mring kang wayah | anulya tinurunan | jlêg tanpa sangkan ing ngayun | radèn wruh api tan wikan ||
56. ingkang eyang gumuyu ngling | wudharên gènira tapa | wus katarima Yyang Manon | sira kapatêdhan garwa | widadari lêlima | wus kapêsthi ing Yang Agung |
--- [f. 17r] ---
iku jatukramanira ||
57. besuk nurunkên para ji | ing tanah Jawa sêdaya | saturune ratu kabèh | kaki tan kasêlan-sêlan | nging mêngko durung măngsa | karan ta Jisaka iku | dadi ratu sêkti guna ||
58. nging janjine tigang warsi | nora kêna sinuwawa | yèn durung têkèng janjine | gampang bae yèn wus măngsa | pêsthi sira gumantya | madêg ratu run-tumurun | nging mêngko matêngna tapa ||
59. besuk jangkêp tigang warsi | sun amini putu sira | arêbut nagrimu mangko | tutugêna tapanira | yèn madhêp mring kamuksan | durung mangsanira putu | madhêpa mring kadigdayan ||
60. kanuragan lan kasêktin | besun[167] putu yèn digdaya | madhêp kamuksan sêdhênge | kaki tingal mring kamuksan | yun ngawaskên tunggulnya | tan kêna sinambi putu | lan tan kêna kala-kala ||
61. kala mèt kala boyèki | tan kêna basa têrkadhang | tan kêna mangkono mangko | nuli emut nuli boya | iku kaki tan kêna | wruhanira putuningsun | rêncanane pacadriya[168] ||
62. dêmi sampun ngradon kaki | iku ingkang pacadriya | angèl pambuwange radèn | kaki tan kana[169] ngambilan | iku kang păncadriya | awèh wulanguning kalbu | ambêbingungi ing manah ||
63. ngulati tingal kang êning | kaki maring ayunira | kang păncadriya bekane | tingal têrus ingulapan | klimput raga wisaya | radèn ngabêkti anuhun | pamulang muruk kang eyang ||
64. radèn matur saha bêkti | sintên ulun uni wikan | lan asih maring dasihe | sang wiku guguk gumuyya | suka patut tan wuha[170] | ku[171] putu yyangira ingsun | ing Galuh Raja Sindhula ||
65. kang muksa lan nagri mami | kaki aja taha-taha | sira sun mong sêlawase | lan larwamu[172] waragana | kaki ja salah karya | tapanira maksih durung | tega mata[173] pan mêngkana ||
66. ja kapiran lah ta kaki | tutugêna tapanira | kentara sing
--- [f. 17v] ---
guwa kene | mangulon bênêr dhatênga | wana kaki na dhêkah | ing Panungkulan ranipun | angèngèra ni bok răndha ||
67. nutugêna tapa kaki | besuk yèn wis tigang warsa | ngangkata jumênêng katong | rêbutên nêgaranira | Prabu Anom Jisaka | têka ilang dhewe besuk | putu wus ta akaria ||
68. tulunga rabimu kaki | yèn lipur sira tinggala | ingsun ingkang momong radèn | wus musna sang wiku nata | Rahadèn Danisyara | arsa ngimur rabinipun | lumêbêt kêdhatonira ||
69. katingal asri jro puri | kumêndhung langse pajangan | kênya karang widadarèn | garwa widadari gangsal | samya marêk mangrêpa | radèn ngimur garwanipun | wus mijil mring sapocapan ||
7. Mijil[174]
1. Radèn Danisyara kaduk manis | sêmune wirangrong | kawibuhan[175] dèrèng wruh kanthane | pratikêle wong karon arêsmi | angrungrum drèng wawis[176] | pan jêjaka jêgul ||
2. mulat kakung dyan lumungsur aglis | saprapta ngisya pon | sarya ngaras mrih lilih rabine | sah wêcana dèrèng angalap ing sih |[177] apuranên yayi | ngong lagya anêngku ||
3. Rêtna Sangkaningrat mengo dohi | sang kakung ngisya pon | sang dyah ngêmban agumêtêr bae | pinriyêmbada rinêmih-rêmih | sang dyah mengo dohi | dinrêsan pangrungrum ||
4. boya dosa kawulane gusti | dhêndhanên paturon | cipta de manira dewanggèr |[178] sira natma jatèng rêsmin |[179] yèn dewa sira sih | mapaga ing lulut ||
5. wêdharira sang mintar arêsmin | rarasing kêlangon | dening jaladi madu nyênyêpe | datan atuk[180] manising pangliring | anirnakkên ruji[181] | tyas wêdharkên kayun ||
6. karan ingsun tan amêdhar kapti | mênawing anom |[182] yèn tan eca gusti pangiringe | sun rumăngsa gusti datan urip | yèn ewah ing rêsmi | kawulane lampus ||
7. gusti yèn tan motra[183] luntur kang sih- | irèng jro paturon | ingsun lir kelangan jiwanggèr |[184] ing têmbe yèn sira jalma sari | ingsun bramara mrih | tan taha mor ing rum ||
8. yèn ta gusti asih kawlasasih | luntura sih turon | mendahane nuwun ing abdine | jalma
--- [f. 18r] ---
sari sun bramara mrih |[185] dadia marga writ | kambaha maringsun ||
9. yèn sih sira liliha ta gusti | sanggup anèng turon | sang dyah amrih luputa turone | kagunturan sang dyah gunung gêndhis | wus sayah anangis | anampèli pupu ||
10. gustinisun[186] aja sira nangis | ingsun pupu layo[187] | sang dyah wanggêd[188] wuwuh cangkêde |[189] nyêngkah jaja sarya anggaruti | kakung ngarih-arih | wor kawining kidung ||
11. singgihira gusti kang matèni | yèn pisaha ingong | asarêsmi sira ing jro langse | sang dyah kabyatan ing sêrnggara manis |[190] tan kêna nayuti | dene jiwa lêsu ||
12. risang kakung saya mardi rêsmi | tan kênèng sang wadon | ingarasan dyah lupa jiwane | sang dyah tyase tan nyipta urip |[191] salukaring wêdi | manahe kumêpyur ||
13. asta nglayang jaja anungkêmi | angaras pipyalon | sarya lukar sang dyah sêsampure | sang rêtna juwita kêkah tan kokih |[192] winardi ingukih | lagya kalih pijung[193] ||
14. salaminya radèn tan wruh guling | nanging ta ing mangko | saya karagan ragasmarane | rasa-rasa anampuning[194] rêsmi | sang ayu gruwêki | apan nêdha sampun ||
15. winardasmara sang dyah anangis | sinampunan alon | sang dyah lêsah nglih lêsu jiwane | risang kakung anukma nungkêmi | sarya amisiki | sun lunga wulangun ||
16. kula tumut tan sagêd akari | adhuh gustiningong | ingsun arsa nutugkên brangtanggèr | rêbut nagrinira Jawi iki | yèn besuk dewa sih | tan wande katêmu ||
17. matur sang dyah garwa catur nangis | dhuh pangeran ingong | amlasakên dika marêk mangke | ngaras dyah dhuh sih têmên mas gusti | pinondhong sang dèwi | ngêmban sarya ngidung ||
18. syara muluk arênyah amanis | lan bramara awor | pan ingidêr-adêrakên[195] mangke | padusane para widadari | kêmanisên nuli | sang dyah yu aturu ||
19. sinarèkkên ingapit gêguling | kêpati sang sinom | ulês rinangkêp kêpati sare | wus tinilar winangsulan malih | ngaras wanti-wanti | ja takon maring [ma...]
--- [f. 18v] ---
[...ring] sun ||
20. sampun wisata marêk ing rabi | pamêrit kang kulon | datan ginupita karêsmène | kadya rumuhun gènnya karêsmin | ginanti kang rabi | wus lilih sêdarum ||
21. kêmanis dyan kapadhan sari |[196] sa dyah gung wirangrong | ginuncangkên gèn wruha kandhane | ingkang garwa gangsal samya guling | radèn sampun mijil | sing guwa kapungkur ||
8. Pangkur[197]
1. lampah pirang dalu radyan | kapirangu kang garwa tinilar guling |[198] wit ingetang trisnanipun | kêpalang lagya brăngta | panakawan sêkawan tan kêna kantun | lampah nrang amurang marga | marga tanna baya kèksi ||
2. apan ta kalunta-lunta | manjing jurang mugah[199] ngardi kang sungingil[200] |[201] kadya jukung magih[202] timur | lir layang pêgat |[203] radèn putra nutugakên tapanipun | tanpa dhahar tanpa nendra | ingkang sinêdya ing ati ||
3. pituduhe ingkang eyang | Panungkulan dadya têlênging galih | ngilèn bênêr lampahipun | anusup wanapringga | têrataban myang iring-iringing gunung | gunung gêng alêlajuran | jurang katrajang jang gonjing ||
4. asungil siluk rêmbêsan | langkung rumpil sela padhas lan curi | laris samarga asingub | ya ta ana apadhang | patêgalan pêgagan prang pèrèng gunung | lagya nêdhê[204] pari parah | sinang sinungan kang pêksi ||
5. pêksi mosa[205] tarulata | katarengan manuk-manuk mênuhi | pênuh rubuh kayu pantun | taruntunan ing marga | jrah agaga gagar-gugur dèn gêgusur | gusar gumêsar lir pasar | jalma ingkang tugu[206] pari ||
6. wênèh kang jalma têtêngga | lamat-lamat syara andudut ati | asêsêndhon mêlasayun | barung barangan gambang | gambang suling barêng rêbab ngandul-adul[207] | barang miring bêbukanya | sêsêndhon ngêrs ngasih-asih ||
7. lir tur sêmu mring rahadyan | sêmunira wong wirya brăngta kingkin | tilar kawibawanipun | myang kapêgatan trisna | marang garwa mêngkana panggunggungipun | sêsêndhone mlês wangsalan | mèsêm ngêrs rasaning galih ||
8. sakèh sêkar wana marga | mănca wona gandanya amrih[208] minging | kasrangan maruta santun | sêkar tinub ing kombang | angêrêngih [ang...]
--- [f. 19r] ---
[...êrêngih] angingsêp maduning santun | lir kakung amriyêmbada | mèsêm kumênyut wèh rêsmi ||
9. sinung sêmu sira radyan | punang sêkar samya tumiyung margi | lêlungan tumiyung ênu | sêmune atur sêgah | lunging gadhung manglung-manglung angsung gêlung | amrih sêkar ingambilan | lumyang sêkar rêbat dhingin ||
10. yèn ngucapa ingkang sêkar | dèn ambila kagêma marang gusti | samya sêkar rêbat unggul | săngga arsa wilêtan | pêksi bêdhès munggèng nginggil syara umyung | wus sinung gustine prapta | gumêrah lir pendah jalmi ||
11. sêdaya èsmu tur sêgah | wohing kayon samya glar anèng siti | mrih dhahara gustiningsun | idhêpe kadya jalma | wuni sêntul êlo kêlawan têrgulun | ăndha kêlawan kêmlaka | kathah tan winarna margi ||
12. warêg ingkang panakawan | wohing wona rêntah samya binukti | radèn wus wasis ing sêmu | kèh sipat kang katingal | angsung sêgah angecana raganipun | kang asta amêthik sêkar | ingaras ingangge sumping ||
13. warak winjung lan sanepa | singa sênu blêgêdaba sawêrit | jrih parêk samya lumayu | banthèng ngèdhèng ngêngadhang | dhangah-dhangah ajajar lan kêbo tanu | nèng ênu kidang mênjangan | kurang kênthus lawan kancil ||
14. mèmrèng lawan asu ajag | apêpanthan bêburon kanan kering | lir jajari sêmunipun | sakèhe buron wona | yèn ngucapa hèh kaca[209] rewang abatur | payo ngêrksa gustiningwang | aja na sing wana-wani[210] ||
15. lajêng dènira lumampah | sata wona anjrit kang munggèng margi | mrak ngakak munya anglayung | kinjêng tangis barungan | cênggèrètnong umyang lawan pêksi êngkuk | lir pendah nangisi radyan | laju lajuran lumaris ||
16. liris-liris kadêrsanan | mêndhung liris lampahe aris lumaris |[211] kandhêg curi parang parung | toyane andêrs muncar | pan kacaryan toya mancur lir pêpêcut | tumibèng ing parang liman | na sarpa lir tambang warih ||
17. tumamèng bèji padusan | sela sumayana kadêrsan warih | lir mala toya sumunu | ulam asri liwêran | pan kacaryan radèn andulu kayungyun [kayungyu...]
--- [f. 19v] ---
[...n] | cucul busana asiram | adangu wus mêntas aglis ||
18. busana nulya umangkat | têlatah têpis wiring |[212] ing Manungkulan puniku | na dhêkah têngah wona | lamat-lamat sata krêp munya kuluruk | ngampiran sampun atanya | marang jalma atêtêgil ||
19. paman manira atanya | ngalas iki ngêndi arane nênggih | kang tinanya lon umatur | punika Panungkulan | dhuh ki êmas sintên radèn kang jêjuluk | Danisyara aningwang |[213] paman manirarsa kampir ||
20. gêpah Kyai Pacukilan | sigra radèn ngaturan dhatêng panti | saanane asêspuguh[214] | gusti têmbe tumingal | amlasakên kêsasar dhatêng alas gung | pundi têdah pinangkanya | lan karsa dhatêng ing pundi ||
21. radèn ling sun tanpa wisma | wong idêran ngong wong kandhang langit |[215] anadene sêdyaningsun | marang las Panungkulan | angupaya bok ana răndha dhukuh |[216] paman apa sira wikan | Pacukilan matur aglis ||
22. gih wontên mirsa kawula | nanging têbah sadintên saking ngriki | kang kilèn têngah las agung | asri mirsa rahadyan | dadya rêrêb rahadèn putrane ngriku | kunêng winarna bok răndha | kang wista[217] têngah wanadri ||
23. iku wona Panungkulan | ni bok răndha kêlangkung amlasasih | mêlaratipun amuput | sandhange gêgombalan | sabên dina adol gadhong[218] kasabipun | kang pinangan kêkuluban | doh desa lan bandar têbih ||
24. yèn adol gadhong bok răndha | nginêp marga darbe anak sawiji | jalêr warnanipun bagus | Jugulmudha ranira | jaka tuwa tanpa nyandhang digang digung | tanpa mangan kadya ajar | cawêt babakan kêsambi ||
25. sabukipun yod-oyodan | tanpa karya bêlêrira nglangkungi | awake kêna sinusuk | nora amambu toya | ingkang jamak ngingonana biyangipun | Ki Jugulmudha ku boya | tansah dadi gawe bibi ||
26. sakèh ala anèng donya | dèn lungguhi Jugulmudha puniki | acupêt bodho balilu | sungkanan tur doyanan | titipane carobo tur bêtah turu | boya pisan yèn purunan | macul nandur boya
--- [f. 20r] ---
bakit ||
27. nora bisa amêmêrang | wite sungkan tan bisa gawe biting | têbah[219] mêlèk bêtah turu | yèn dhewe sungkan lunga | ngantos bêdhug kêpanasên bêkah-bêkuh | tan mingsêr kantos sadina | tan lunga lajêng sawêngi ||
28. bêtah mêlèk bêtah mangan | bêtah linggih bêtah mêlèk tan ngulisik |[220] yèn ana alah kang antuk | nênandur boya pisan | Jugulmudha nging ana titipanipun | wêkêl tuhu jrih ing biyang | lan agêng tarimanèki ||
29. nora watêk adêdora | pan isinan kabutuh kêplaur mati |[221] lamun sinêngênan jingdhug | banjur turu sêpasar | kêpanasên kona nora awungu |[222] lêmês bumi Panungkulan | yèn jamak kang umah iki ||
30. barang kang tinandur mêdal | langkung pênêd radin asiti wêdhi | ngayun kali wingking gunung | toyanipun tumumpang | anadene ni bok răndha kandhanipun | duk wirya rabining pata[223] | Galuh duk rusak nêgari ||
31. kyana patih tumut musna | karsaning Yyang garwa taruna kari | nging tilar wêtêngan wau | mijil Ki Jugulmudha | nora gatra ni răndha pomahanipun | tan duwe latar lan marga | rungkud kiwa têngênnèki ||
32. ngarêp wona buri alas | umah-umah pagêre gadhong jati | payon rinambatan balu | pêtêng barang rumambat | kadya sudhung angumik ing lawangipun | nanging sêdhêng wong rumangkang | nora gêlêm ambabadi ||
33. lamun udan Jugulmudha | katrocohan kang awak lir dèn dusi | sawêngi tan olèh turu | êrêm-êrêm kewala | yèn matêngi nora purun amèk kayu | yèn matêng nuli mêrgagah | ibune tan dèn umani ||
34. ki jaka lan ibunira | sami ninis anèng ngandhap kêsambi | ni răndha ris wuwusipun | nak ingsun Jugulmudha | ki kapriye tanpa wêkas putraningsun | angur sira ngawulaa | mring Mêdhang gustimu lami ||
35. ya kaki nora bêbakal | ingsun iki kapengin sira ingoni |[224] wirya kadya kang rumuhun | kaya syarga ramanta | bosên têmên kangelanipun amuput | sumaur Ki Jugulmudha |
--- [f. 20v] ---
bok biyang sun nora apti ||
36. ngawula ratu bewara | mangan jalma nora ajêg kang adil | wartane ingsun angrungu | kang jumênêng ing Mêdhang | Ajisaka adil kukuh wartinipun | ratu wijil prang bulaba | ku kawulanana kaki ||
37. bok biyang sun nora arsa | iku satru nora arsa angêbêkti |[225] yèn tan têdhak turunipun | Gusti Ratu Sindhula | nora arsa ngawula sun plaur lampus | ingsun arsa angawula | benjang yèn aratu adil ||
38. kapanane sêdhêng pêjah | ing sakiki apa pinangan kaki | Ki Jugulmudha sumaur | bok biyang nora bisa | pada[226] mupus bok biyang sêpuluh-puluh | yèn durung têka janjinya | binurua angoncati ||
39. lah kapriye wêkasannya | bosên têmên mangan godhongan mami | nora wande padha lampus | lah bok biyang mênênga | kula tutur impèn kala wau dalu | sawêngi kula anendra | katingal kula ngon èsthi ||
40. lan mong lare nunggi wulan | sarêng tangi gêgêtun impèn mami | nulya na syara karungu | besuk ing Panungkulan | ana ratu sumbaga sêkti pinujul[227] | pêpatihe besuk sira | kèdhêp sawarna kumêlip ||
41. iku antinên bok biyang | kapanane kaki kasêlak mati | kunêng wau kang winuwus | Radèn Andanisyara | kentar saking dhêkah Pacukilan iku | nrang pringgabaya na dhêkah | dhukuh Ngêlun dèn ampiri ||
42. bokmênawa ana jalma | măngsa nora wong dhêdhukuh wanadri | radèn kèndêl lampahipun | nèng ngandhap kêndhayakan | pan ingayap panakawan catur ngayun | Bêgja Daulat dinuta | kinèn amriksa kariyin ||
43. ing dhukuh ingkang kocapa | nyai răndha lan putra lagya aninis |[228] ni răndha alon amuwus | karia ingsun arsa | adol gadhong mring pasar nulya na rawuh | jalma nyêluk takèn marga | Jugulmudha amêdali ||
44. ingirid wus samya lênggah | Bêgja Dulat lan Jugulmudha alinggih |[229] Jugulmudha alon muwus | adhi tigas kawuryan | dika pundi Bêgja Daulat sumaur | manira wong tanpa wisma | moyang saênggène kampir ||
45. sinambat ingkang
--- [f. 21r] ---
ngên sapa | ana ture ingkang sudi mêstani | kawula pun Bêgja iku | ri ngong Ki Daulatan | balik kula Ardalepa kakang ingsun | atanya puniki dhêkah | ke[230] raka wastane pundi ||
46. ari satêngahing wona | yayi iki Panungkulan rannèki | iya iki wismaningsun | mung kêlawan bok biyang | tanpa rowang Bêgja Daulat gumuyu | midêra sêlawe dina | ya bêthara nora manggih ||
47. wong awisma kadi dika | nora măntra dèn ambah dening jalmi | tan karuwan wuri ngayun | sumaur Jugulmudha | wus pinasthi karsaning Yyang Maha Luhur | hèh yayi măngsa bakala | Bêgja Daulat tan angling ||
48. kakang sintên sinambat |[231] anauri dêlape kang mêstani | Jugulmudha ran puniku | bok biyang karan dhêkah | răndha Panungkulan bok biyang ranipun | sacipta dira sang iya | iki kang sinêdya gusti ||
49. kakang karia sun arsa | angaturi gusti ana ing wuri | Jugulmudha gupuh-gupuh | lah yayi dèn aegal[232] | gustinira ingaturan sampun rawuh | wus panggih tata alênggah | rahadèn ngandika aris ||
50. bibi nilakrama ingwang | pasang tabe ni răndha tan nauri | jêngêr sumêngêr andulu | ing bagusira radyan | cahya mancur sakêdhap salin pandulu | katingal kang ngiring kathah | pratiwa syandana èsthi ||
51. angraos dhayohan nata | Jugulmudha iya mangkana maning | angucap kadya ngêrmpêlu | kaca iku titihan | dalêm bok dèn guyang penase[233] wis dangu | ni răndha ngling lah manjinga | pura sakèh para gusti ||
52. sumambung Bêgja Daulat | hèh ya kănca sakèhe magêrsari | padha tataa gamanmu | Mênawi lan Mênawa | asru ngucap kaca mondhok ja na rusuh | sakungu-kungu[234] dèn tata | lan dèn padha ngati-ati ||
53. emut sarêng gumyak-gumyak | ya bêthara mas gusti mastu karaning |[235] ingkang datan wrat sinuwun | yagene awak ingwang | angampêlu katon gusti kang dhèrèk gung | kula gih kadya mêngkana | katon kaca pra bopati ||
54. Mênawa Mênawi ngucap |
--- [f. 21v] ---
apan kula katingal anata baris |[236] nyai răndha ris amuwus | sun tan katingal wona | katon praja sanalika tingalipun | ki priye wangsit bêthara | wis mênêng aja ginupit ||
55. aris matur nyai răndha | kula bêgja anggèr kampiran gusti | kêsasar gusti sang bagus | pun bibi nilakrama | kang sinambat ing sih pundi kang kapungkur | ing ngajêng pundi sinêdya | tanpa wisma ingsun bibi ||
56. kang sun sêdya Panungkulan | arsa ngèngèr ing sira ingsun bibi | andhêku tan sagêd matur | kang abdi ngèstupada | anak kula pun Jugulmudha puniku | katur gusti kabdèkêna | kunêng glis carita lami ||
57. radèn ngèngèr ni bok răndha | sampun bêntur kasutapanirèki | ni răndha wus sugih klangkung | buh sangkane dhatêngnya | bêgjanira daulate milanipun | abasa Bêgja Daulat | dene têkanipun dhingin ||
58. winastan têka Ki Bêgja | lan Daulat satuhu gawa sugih | Radèn Danisyara iku | ngiring Bêgja Daulat | rade[237] dènnya namur tapa asabipun[238] | wus nandur gaga lan sawah | las jêmbar binabad rêsik ||
59. pala kapêndhêm kasimpar | lagya mohi barang tinandur dadi | wus karsaning Yyang Aluhur | Ki Jaka Jugulmudha | sarawuhe radèn sarêgêp kêlangkung | pan nora nganggo ingatag | barang karya dèn tandangi ||
60. pintêr pikir kèh akalnya | anjêlimêt lêmud dipun jaringi | salir barang-barangipun | radèn lan Jugulmudha | nanêm wiji niyan panakawanipun | wus lama kang têtanduran | sêdhênge lagya ngêmohi ||
61. têgal gaga miwah sawah | sampun warni ingkang amirsa sami | tăngga desa prapta agung | bêkta sandhang lan arta | yah têrasi bêta êmas lawan kampuh | anging radèn datan arsa | angurupi ingkang prapti ||
62. padha gawanên kewala | sakêlarmu anggendhong amikuli | wus lama doh wartanipun | lakon satêngah wulan | samya ngalih wong omah sêdaya agung | Panungkulan sampun gêmah [gê...]
--- [f. 22r] ---
[...mah] | tigang èwu kèhing jalmi ||
63. sêmana wong Panungkulan | samya ulah kasudiran kasêktin | karo samya ngulah têguh | lan lulah[239] kabagusan | pêngawasan dening gustine wus punjul | sumbaga prawirèng yuda | karsaning Yyang gula minglir[240] ||
9. Dhandhanggula[241]
1. rajaputra angantos ing janji | dèrèng jangkêp wêlinge kang eyang | mila dandan-dandan bae | kunêng ingkang winuwus | nagri Mêdhangkamolan iki | jênênge Ajisaka | Prabu Jaka punjul | kêlangkung gêmah raharja | sarwa murah eca manahe wong cilik | gawe bopati dhomas ||
2. Ajisaka dinulur Yyang Widi | katarima èstijêradira | dadi sakarsa-karsane | sabên dina sang prabu | karya jalma siti kinardi | ing galêdhug[242] gonira | ana bèjinipun | ing jro lir sagra anakan | têngah bèji sinungan uwot piranti | gènira gawe jalma ||
3. nagri Mêdhangpramêsan gonnèki | bèji ngaran Têlaga Madirda | bèji puniku arane | pêrnah sakilènipun | saking kitha Mêdhang nêgari | têlaga Mahadirda | ngiring-iring gunung | iya Mêdhangpêramêsan | pêrantine gènira agawe jalmi | Sang Prabu Ajisaka ||
4. Randhujajar pamemehannèki | yèn wus saking gya nyanti mêmuja | dinulur dening Yyang Manon | tandhane ing Yyang Agung | krana murah dening kang abdi | kang têmên-tinêmênan | sipat baka kayun | nora kapir nora Islam | lamun eklas anênuwun dèn paringi | nging tan sêpi duraka ||
5. Ajisaka ngyan dipun turuti | malaekat Jajil lanatollah | dewa katurunan akèh | sang antiga tumurun | nulya gêspang[243] gèn gawe jalmi | pirang-pirang angsalnya | dèn gawe tumênggung | mila na bopati dhomas | iya iku tartantune dènnya kardi | nglangkungi samya tangkar ||
6. anging kang kinèn amilih jalmi | ingkang wêkêl tuhu nora dora | kang garoh kawêlèh-wêlèh | lan kagêbyur ing banyu | dalah mangke kinarya adil | silêman wong padudyan | ingkang dora banjur | ilang
--- [f. 22v] ---
kèlêm jroning toya | langkung kathah gènira agawe jalmi | nagrine wuwuh arja ||
7. nagri Mêdhang wuwuh gêmahnèki | kutha pênuh samya desa wisma | iku adiling Yyang Manon | Dewatacêngkar rumuwun |[244] mangan jalma angrisak nagri | adiling Yyang Jisaka | karya jalma agung | dadya gêmahkên nêgara | sêmuning Yyang wong pinangan kariyin |[245] tinitah jalma anyar ||
8. dadya wau kocapa sang aji | Prabu Ja kang anèng jro pura |[246] sinawakèng ing sabate | agunêman cinatur | ingkang kari pulo Manjêthi | pun Dora lan Sêmbada | pêsthi nora nusul | awêdi wêwêkasira | hèh Dêduga Prayoga kentara aglis | mring pulo timbalana ||
9. têtunggone konên gawa nanging | lakunira Duganên Prayoga | mênawa anusul dhewe | tita titi sirèku | êbanjura[247] duta ro bêkti | anêmbah ing suku sang | karo padha mêtu | kunêng gênti ginupita | sabat kalih maring ing pulo Mênjêthi | pun Dora lan Sêmbada ||
10. sami mirsa gustine dadya ji | anèng Mêdhang ing Kamolan ika | yun sumusul jrih wêlinge | wau ta guronipun | sapa-sapa kang animbali | mundhut gadhuhanira | aja sira angsung | yèn dudua ingsun dhawak | mila sami mituhu wêlinging gusti | Dora sigra awêca ||
11. Dora cidra anusul pribadi | nora kanggo[248] rêmbagan lan kănca | ambalos[249] lumampah dhewe | pun Dora wus kêpangguh | lan pun Duga Prayoga uni | wangsul ngirid mring pura | asowan sang prabu | sumungkêm pada suku sang | angêndika Sang Prabu Jaka sirapti | Ki Dora lan Sêmbada ||
12. kancanira tan parêng sirèki | pa karanta Dora matur nêmbah | Sêmbada lawan ature | didalêm kula nuwun | ulun ajak nusul tan apti | wali tita diwasa | mêksa botên purun | mila têmah kula tilar | sarêng mirsa sang nata supe kang wêling | kalimput atur Dora ||
13. wiku raja lir yayah sinipi | tăndha duka jaja ambêranang | kumêdut padon lathine | anglir rêraup marus | ujalanya lir sang yyang rawi [ra...]
--- [f. 23r] ---
[...wi] | glarap dènnya ngandika | Dora ingsun utus | timbalana Si Sêmbada | pănca latri sira Dora sun wangêni | yèn mêksa nora arsa ||
14. lah pundhutên gadhuhane kêris | lan têtunggon rêtna rokmakala | naka sotya ing sakèhe | yèn dahat tan apurun | la[250] wasanên kêlamun wani | cangkingên dhase tugya[251] | katura maring sun | nuwun nêmbah sampun kentar | kagancangan[252] wangsul ing pulo Manjêthi | ing pulo Dora prata[253] ||
15. wus apanggih Sêmbada lingnya ris | têka ngêndi sirèku Dora |[254] wus lunga glis têka manèh | Dora nauri ingsun | nusul gusti mêngko dadya ji | anèng Mêdhangkamolan | kintèki[255] ingutus | Sêmbada nimbali sira | kinèn mundhut gêgadhuhanamu kêris | lan tunggonmu sêdaya ||
16. anauri ku priye adhingin | dha mirsa ingkang pangandika |[256] jêng panêmbahan mangkene | sapa-sapa kang mundhut | gadhuhamu kêris tunggoni | ja awèh yèn dudua | sun dhewe kang mundhut | wong roro padha amirsa | mêngko sira têka amundhut pribadi | palang mangan tandurnya ||
17. sira iku nrajang bênêr pribadi |[257] wasêmono rèh ingsun kêkancan | mayo seba matur dhewe | Dora sugal amuwus | apa nora ngandêla mami | awèh datan awèha | apêksa sun pundhut | sirèku tan nganggo taha | buwang bênêr yèn sira pundhut pribadi | pêsthi ingsun tan suka ||
18. ana ujar tan sira piyarsi | amêrusul nganggo timu[258] dhawak | Dora asru pangucape | priye ujarmu iku | pa sira rêp mungkar ing gusti | mulang sarak ja data | pa nganti parugul | tan bêcik ge ulungêna | pun Sêmbada nauri kêrasa dhidhik | ujarmu nora enak ||
19. malaku ginugu sun tan ajrih | gustinira Ki Dora Sêmbada | lumaku ginugu bae | mênawa sira iku | ngamadaka lunga wus lami | ngawula gusti liyan | Dora nêda[259] asru | pa bamu banyak kata |[260] apa nganti sun potha wasya-wasèki | tan jrih nangking dhasira ||
20. capêng kêrna Sêmbada sru angling | Do[261] calathumu
--- [f. 23v] ---
sok mêtua |[262] sirarsa marugul bae | motha sawa mring ingsun | mara kata lah padha siji | sêdhêng dhenga tiwasa | têlas datanipun | sigra samya nrik curiga | na caraka data sawala aganti | anjaya pinarjaya ||
21. tan tumama pan gitik-ginitik | tunggal kawru[263] padha jayanya |[264] ganti kantaka karone | ngêntèk tênaganipun | cang-binuncang banting-binanting | prang toya prang ing dharat | prang sapucuk gunung | dumadya ma ga ba tha nga | barêng mati sandhangan pêpêk sinandhing | suku wulu talingan ||
22. kunêng Prabu Jaka kang winarni | nganti duta liwat antaranya | tanna uni sêmayane | ngandika sang aprabu | sira Duga Prayoga sami | nusula mring Si Dora | lawas duganingsun | craka mênawa sawala | pun Dêduga Prayoga wisata aglis | sing ngarsa egal[265] prapta ||
23. anèng pulo Manjêthi tan panggih | pun Dora Sêmbada ingulatan | kêpanggih mati karone | ana caraka lampus | tambêt data sawala sami | sêkti padha jayanya | apan sarêng lampus | maga bathanga sih pêpak | sandhangane karone maksih sinandhing | suku pêt cakra pengkal ||
24. Duga Prayoga ngungun kêpati | sigra mantuk sakêdhap wus prapta | ngarsèng gusti lon ature | aba[266] gusti lun utus | analika ing abdi kalih | pun Dora lan Sêmbada | ana craka sampyuh | tabêtnya data sawala | padha jayanya maga bathanga sami | pracinanipun pêpak ||
25. sandhangane pan pêpak sinandhing | suku wulu cakra lan pengkalan | gitik-giniti[267] labête | lêpehan sampun katur | lupiyane tinata titi | anjêngêr sri narendra | pan tigang pandulu | nora kêna angartika | sigra angling ingsun dhèwèk ingkang sisip | pêsthi karsaning dewa ||
26. Dora garoh ture wêrdikèki[268] | Sêmbada têmên tuhu ing parentah |[269] sun kêbranang nêpsu ture | cidra Si Dora iku | nulya Prabu Jaka anganggit- | anggit pinurwa warna | sêstra kalih puluh | ginawe warga lêlima | wit ana caraka ku syargane[270] iki |
--- [f. 24r] ---
pindho data sawala ||
27. yèku warga ping tigane iki | padha jayanya ku warganira | maga bathanga ping pate | iku ta warganipun | anglinglima[271] sawarganèki | ran sêstra sarimbagan | iku milanipun | awit ana sêstra Jawa | wit sinungan sandhangan sawiji-wiji | wênèh-wênèh ungêlnya ||
28. wus pinaca[272] wali muka nênggih | nata tulis nom tuwaning sêstra | sêstra sandi sarimbage | karan wong nurat iku | lamun tan wruh sandi ja nulis | ingèsêman pujăngga | sandi kèh warnèku | sandi sêstra sandi sutra | sandi krana sandi upayane iki | aprunggu ling yang syara ||
29. sêstra wênang kang gênti-ginanti[273] | kang muni bada[274] tanpa sandhangan | miwah kang dadi gurune | guru laku puniku | guru tulis lakune ping tri | guru ping patira |[275] sadigbya angguru | ingkang kapara ingêdhang | iku ukara[276] arane kang ngêdhing |[277] akara aranira ||
30. kapara dhung akara rannèki | kapara dhong akara ranira | kapara dhong akarane | kapara pêpêt iku | ya akara arane iki | hèh sapakolèhnya |[278] sêstra lèh basantuk | lan gêng alit nom tuwanya | ing aksara ungguh gon sawiji-wiji | ingkang dadi sandhangan ||
31. samya sêstra kang urip lan mati | tênapi sêstra sêlawe warga | alêlima sawargane | kathah pakewuhipun | sêstra Jawa lan Arab sami | Prabu Jisaka wignya | tulus jênêngipun | kasukane saba wona | anggrit sangsam banthèng mesa kidang kancil | prabu nom karêm wona ||
32. abêburu lan sabatirèki | nora arsa yèn bêktaa bala | sakêlangkung kasêngsême | barang kêpanggih lampus | Prabu Jaka sikarèng kêni | ngukum ana pujăngga | tapa sampun bêntur | sudigbya gênge sumbaga | dirganira warnanya pan kadi sisik | endah amăncawarna ||
33. pan binêbêdtan[279] kara gonnèki | Prabu Jaka dulu ula tapa | langkung panas ing galihe | abilai ta kamu | arêp dadi apa sirèki | dyan amênthang gêndhewa | lumarap wus lampus | têksaka
--- [f. 24v] ---
kêna warastra | nulya ana syara kapirsa[280] sang aji | kêna ngukum sang nata ||
34. asikara matèni la iki | besuk têmbe Prabu Jaka sira | angambung kêlanangane | pujăngga muksa sampun | gêtêr patêr samya nauri | sangganing pacawura[281] | udan drês wor lisus | sêlawase Prabu Jaka | durung ngrasa luwe mung mangkin ngrasa nglih | kasêrpên[282] namur lampah ||
35. awisata arsa angaub ing | ing kêrandhan dhasar duwe karsa | maring bok radha putrane | dhingin kêpalang timur | mangke sampun mêpêg birai | mendahe warnanira | baya karya wuyung | duk timur gawe la-êla | mung sêmune wong ayu agawe brangti | prak ati sah nonoman ||
10. Sinom[283]
1. mêngkana Sang Prabu Jaka | kumênyut pan sira apti | anamur dhatêng kêrandhan | nging sahabat atut wingking | nora nana kang uning | lajêng saking wona wau | ayun wruh warnanira | bok răndha putrane èstri | têmbe mila akarsa ginawe garwa ||
2. Prabu Jaka Ajisaka | dangu prapta sa tanna uni[284] |[285] amêng-amêng mring kêrandhan | dhukuh sakèh dèn ubêngi | dangu dènira apti | ni rara norana mêtu | dyan ni răndha anggêntang | pra pêrawan egar sami | padha gejog arame kadya gamêlan ||
3. dyah rara kapengin mirsa | nulya mêdal saking panti | sinjange pathola rêta | samire gadhung tinêpi | kawuryaning asisig | gêgunungan pupuripun | awida gănda jênar | wus mêpêg birai ngênting | midêr ing rat wong sa-Mêdhang datan ana ||
4. kumênyut sarêng tumingal | Prabu Jaka wus kagimir | anyipta asmaragama | sang radèn parêpêki |[286] nora ana udani | sumbaganira sang prabu | kang tut wuntat ni rara | amêng-amênganirèki | kate pêthak ingkang asanggar dalima ||
5. ni rara arsa anggêntang | sinjange sampun kawingkis | jumangkah lêsu angidak | dhasing suku ingkang kering | kawingkis ingkang wêntis | lumarap lir kilat daru | kadya wulan purnama | pyuh campuh asmanya[287] gati | Prabu Jaka tan emut purwa duksina ||
6. anikmat lir wong asmara | korud mijil mani dadi | ni rara parêng anikmat [anikma...]
--- [f. 25r] ---
[...t] | wus korud mijil kang mani | sakaron tanna eling | kang nukpah[288] sampun cinucuk | mring kate èstri sanggar | nulya nutpahe sang aji | dipun cucuk mring kate sanggar dalima ||
7. nutpah kalih dadya tunggal | ya wus karsaning Yyang Widi | sarêng emut sri narendra | kondur wirange kêpati | gêgêtun mujung guling | dening sikara sang prabu | nyipta asmaragama | sawuse mijil kang mani | sangêt ngungun dene ta asalah karya ||
8. angraos yèn katiwasan | kunêng kêrandhan winarni | wau ta kêkate pêthak | sanggar dalima mèmèti | wus nigan tanpa krami | bok radha ingkang amupu | sinèlèh pêdaringan | bêras dèn dang rina wêngi | nora têlas malah wuwuh bêrasira ||
9. apa mawane kang tigan | cinoba gone ingêlih | sinèlèh lumbung pantara | bêras pêdaringan êting[289] | răndharsa ngambil pari | wus pinasang andhanipun | minggah lumbung tan nyana | yèn anêtês tigannèki | nging asalah kêdadeyan warna ula ||
10. nglangkungi ngagêng apanjang | kêbak lumbung dèn lêkêri | răndha mèk pari sabêlah | lir ginugah kagyat tangi | ula têtanya ari[290] | hèh nini apa gawemu | kagèt ni răndha niba | agila jih[291] aningali | niba tangi lumayu mring kêpatihan ||
11. akarsa suka uninga | têksaka suka ningali | ing polahe ningmbok[292] radha | ngore rema niba tangi | yula[293] gumuyu bêlik | nulya anjog saking lumbung | marani ibunira | ni rara niba tan eling | ula suka nututi maring bok radha ||
12. răndha kêpatihan prapta | ki patih kagyat sarta ngling | kangbok ayu ana apa | lumayu aniba tangi | mêgap-mêgap dènnya ngling | tan tutug têksaka rawuh | anjonggol anèng wuntat | ni răndha niba tan eling | kyana patih kagèt jrih arsa lungaa ||
13. pujăngga gumuyu suka | kaki patih aja wêdi | alah payo padha lênggah | mêngko sun tutur-tuturi | ki patih langkung ajrih | gumêtêr gènanira[294] lungguh |[295] ngucap gugup angglarap | têksaka [tê...]
--- [f. 25v] ---
[...ksaka] apa sirèki | tanpa sangkan sumaur punang pujăngga ||
14. tata jalma bisa ngucap | kula iki kaki patih | arsa sowan kanjêng rama | ing Mêdhang sri narapati | ki dipati mari jrih | wus rèrèh ing manahipun | de ula tata jalma | kaki matura rama ji | mêngko arsa sun amurwa caritanya ||
15. iya sun matur karia | sampun wisata ki patih | têksaka nusul ing wuntat | ki patih prapta ngarsa ji | nêmbah ulun tur uni | wontên têksaka gung anung | sagêd atata jalma | angangkên dyan nu[296] prapti |[297] kagèt jumbul ki patih inggih punika ||
16. Prabu Jaka angêndika | ula apa sira iki | dene bisa tata jalma | wani-wani manjing puri | aseba maring mami | ponang pujăngga umatur | mila apurun amba | asowan paduka aji | arsa nglêbur ing suku sang padukendra ||
17. kapengin ulun angkêna | putra andika sang aji | putra manèh sun duwea | garwa sun durung akrami | jajal dewa kang luwih | ula kang kaya rupamu | sumbalinga lungaa | aja data sun patèni | marbês mili pujăngga kadi manungsa ||
18. têksaka matur rêrêpa | ulun matur duk purwani | punapa supe paduka | wontên wona amêjahi | pujăngga gêng kagiri | ana syara kang karungu | tuwan kinging ing dhêndha | mêjahi sawêr atapi | nuntên tuwan kalêson mampir kêrandhan ||
19. anukma arsa uninga | ing bok biyang wus birai | marêngi bok biyang gêntang | padu ji marêpêki |[298] nanging norana uni | nging kate pêthak kang wêruh | ingkang sanggar dalima | dewa ji sikara malih | matêk aji asmaragoma bok biyang ||
20. kengis wêntis katingalan | acampuh asmaragami | tuwan korud lan bok biyang | nutpah tumiba ing siti | cinucuk kate putih | ingkang sanggar dlima wau | ngon-ingoning bok biyang | nulya nigan tanpa krami | dipun pupu tigane dening ni răndha ||
21. dinèkèn[299] ing pêdaringan | uwos dèn dang rina wêngi | malah wuwuh nora têlas | anulya dèn lih pun nini | ing lumbung nêtês mami | punapa kasupèn ulun | têdah lawan pinăngka [pi...]
--- [f. 26r] ---
[...năngka] | emut merang si bopati | nulya kondur akraos yèn kasinggihan ||
22. lurah para nyai mêdal | awêsta Bok Puspasari | andhawuhakên timbalan | ki patih timbalan aji | ula ngangkên putra ji | andika kariyin purun | nglampahi siyumbara[300] | ingangkên putra sang aji | siyumbara nênggih aji darbe warang ||
23. kidul bênêr pêrnahira | wontên satêngah jêladri | nging kalangan satru jaya | baya putih ngadhang margi | yèn sirna baya putih | ula ingangkên sêsunu | yèn yêktos putra nata | mugi ta angsala kardi | lamun dede lêbur datanpa dya |[301]|
24. Ula Lilung dhinawuhan | gih matura saguh mami | bêkti kula ing ramendra | mugi ta angsala kardi | tuka barkat rama ji | abot wong angangkên sunu | lah wis kaki karia | turêna sun pamit mati | langkung wêlas ki patih mijil luhira ||
25. gih anggèr dipun prayitna | mugi èstu angsal kardi | ngidul bênêr lampahira | kang kamargan gêmpur radin | dadya jurang kang radin | kasuwèn amblês mangidul | jêbul têlêng sêgara | nuli nantang lawan jurit | iya ingsun putrane Sri Nata Mêdhang ||
26. sudigbya Prabu Jisaka | ing Mêdhang sumbaga sêkti | ya aku putrane lanang | ginadhang gumanti aji | kinudang-kudang mami | anyirnakkên satru mungsuh | satru jaya ramendra | juluk sun pangran dipati | lah rêbutên ingsun lir mênjangan pêjah ||
27. ampyakên lir pring dhapuran | padha wong sun digbya sêkti | tanggonana sudigbyèngwang | ngajak pirang dina latri | ngêntèkna polah jurit | ja ge mungsuh rama prabu | yèn durung sun palastra | ngong bae ngalahna dhingin | di rupane ja na mundur ing ayuda ||
11. Durma[302]
1. amiyarsa Dewatacêngkar bramatya | yèn tinantang ajurit | dadya ngrik miyarsa | saking desa ing dharat | baya ta ing mêngko iki | aku abisa | malês i[303] lara pati ||
2. baya putih anandêr kang toya piyak | alun [a...]
--- [f. 26v] ---
[...lun] kadhêg[304] tan muni | baya putih wikan | yèn têksaka anantang | hèh sapa aranmu anjing | nantang maring wang | baya bosên aurip ||
3. anauri Tunggulwulung Linglung iwang[305] | putranira sang aji | ing Mêdhangkamolan | tur sudigbya jayèng prang | marakata baya putih | padha prawira | aja na angoncati ||
4. payo mara angadu pragolyan pupya | ya payo padha bêcik | sarêng nêmpuh lawan | agêlut lêt-ulêtan | aganti banting-binanting | buncang-binuncang | naut-mênaut sami ||
5. apan sabêt-sinabêt pêthit brêng niba | angrok asilih ukih | ngêntèkkên tênaga | parêng padha prawira | lir kinêbur kang jêladri | toyanya panas | mlêtuk latêk umijil ||
6. aru-ara Sêgara Kidul sêmana | ombak kocak jêladri | mumbul guntur ingkang | samodra dadya udan | seyos kang saking ing langit | sadu nirmala | prang kapit ing jêladri ||
7. gêtêr patêr sangganing lesus sabuta | saha gêlap anitir | lindhu grang gumiwang | pracalita apadhang | bumi lintang widik-widik | têkèng mahendra | jumêgur padha muni ||
8. giri-giri siwo-siniwo kandhahan | rêngat gil kang atin[306] |[307] sindhung ati gora | patyaning gara-gara | lir dumayu marambahi | kang naragona | kagyat naga nèng tasik ||
9. samya mêdal tumingal kang badayuda[308] | yèn padha gustinèki | mlenggung rat gumiwang | sêksana kadya yunan | ombak lumemba[309] kang jladri | wus kaèbêkan | sarta wèh rêsing ati ||
10. saegane[310] kang gunung amijah-mijah | sumaput prabawaning | kang prang padha digbya | sindhung lesus sabuta | prang kapit awidik-widik | rob samodra |[311] panase kadya api ||
11. ula iwak akathah kang samya pêjah | kontal kabuncang tasik | katenggor ing parang | rahe ting samburat |[312] pirang dina pirang latri | dènira aprang | norana ngrasa ajrih ||
12. wong Sêgara Kidul samya nêningalan | prangira baya putih | kêlawan têksaka | ajrih yèn ngilonana | mapan padha gustinèki | ingkang kayangan [kayanga...]
--- [f. 27r] ---
[...n] | sêgara kidul uni ||
13. Ratu Angin-angin lêga manahira | baya putih lèh tandhing | kêmaroning manah | dene sang baya pêthak | nèng tasik milu dadya ji | panêdhanira | kalaha baya putih ||
14. dadya jêmbar polatanira sang nata | Sagra Kidul mangkin |[313] wonge kagegeran | ngili ngungsi ing wona | guwa miwah kalya iki | kocap kang aprang | bandur-binanjur[314] sami ||
15. kawênangan baya pan pêjah binucal | mapan tiba ing ardi | Gunung Kidul mulanya |[315] ana gunung lêlima | kêdadeyan baya putih | tartantu kuna | kunêng ingkang winarni ||
16. pan têksaka amênang aprang punika | bungah marwata siwi | ngraos kangkên putra | dening Sang Ajisaka | lan Sang Raja Angin-angin | trusthèng ing tyas |[316] Dyan Linglung dipun panggil ||
17. praptèng ngarsa ngling Sri Linglung luwarana | jumênênga nêrpati | anèng jro samodra | sakêdhap sokor[317] sira | kêrasan anèng jêladri | Linglung turira | inggih kula nglampahi ||
18. pan sakêdhap ngluwari punagi nata | ulun darmi nglampahi | saèstu dinuta | nêgês dhatêng samodra | nênggih pêrnahipun ngriki | drèng kêlampahan | mojar Ratu Ngin-angin ||
19. iya ingsun ngrasa dadi maring sira | ramanira sang aji | Linglung lakonira | sun tampani matura | ing ramanira sang aji | benjang têkaa | Buda Cêmêngan iki ||
20. sasi Sura taune Alip punika | Galungan wukunèki | pêpak para dewa | lan aja krama liyan | amunga ingsun pribadi | amung sun dhawak | lan ja cidra ngoncati ||
21. Linglung sira sun tuturi ramanira | tan tulus dadya ji |[318] anging tigang warsa | wus karsaning Yyang Sukma | nuli na jumênêng aji | kang duwe lawas | tan kêna dèn ocati[319] ||
22. kurangana ing mêngko pan durung măngsa | apan mêksih ginaib | sira anuruta | Linglung ing ujar ingwang | sira iku bosa mami | măngsa tulusa | sira akongkon jalmi ||
23. sira jim muliha mring ngêjimira |[320] lairên ja kêbatin | lah uwis luwara [lu...]
--- [f. 27v] ---
[...wara] | Linglung madêga nata | lan sun pèk mantu sirèki | si naga raja | nake putri yu luwih ||
24. langkung nuhun anulya boja wiwaha | Sang Ratu Ngangin-angin | lêmbut nungsa Jawa | seba ngadêgi karya | ingkang mangku ing kardi |[321] ingkang kayangan | wau gunung Mêrapi ||
25. amundhuti rara stri kinarya patah | tuwa anom gêng alit | dhalang lan niyaga | pandhe kêlawan kriya | pagêblug kathah sêsakit | wong mati kalap | gring esuk sore mati ||
26. nulya ngarak kêlangkung asuka-suka | jin ulu lurung kalih | pan ladhu sêdaya | pêngantèn pinaesan | Rêtna Bêlarong yu luwih | pênganggo pêpak | bantoni ayunèki ||
27. witning Linglung rinaja-raja mênggala | pan sampun dèn paèsi | wuwuh bagusira | panggih asta lumiyan | patêmon putra lan putri | Linglung lan Rêtna | Bêlarong dhokèki |[322]|
28. Linglung ngadêg nalendra ming pitung dina | anulya amit mulih | Sang Angin-angin ngucap |[323] sun duwe palimirma | dèn prayitna sira kaki | sira katrima | sira ingangkên siwi ||
29. raja-raja ginadhang gêntèni nata | nulya kênèng bilai | yèn sisip ta sira | sira nglakoni pêjah | dèn bisa anyipta pati | wêkasing gêsang | mêngko mèh têkèng janji ||
30. nulya ana ratu rat jagad kèringan | kèdhêp sarya kumêlip | miwah jim pri lan setan |[324] prayangan brêkasakan | lêlêmbut ing tanah Jawi | padha aseba | ingsun ngawula benjing ||
31. saturune ingwang amomonga |[325] yèn sira nora ngabdi | pêsthi nora kêna | ngambah anèng nêgara | ya sira ingsun lilani | ngratu ing dharat | rèhna lêmbut angabdi ||
32. karyanira dadya panêngêran jaman | yèn dauru nêgari | mênange lan kalah | iku sira dèn awas | apa kang dadi prakawis- | ing panjênêngan | sira sun pitayani ||
33. wis ngulona Linglung ku marga kang padhang | ja ngambah marga lami | wis kêbat muliha | rabimu dimik karyya | ja rubêd marga sirèki | Linglung wus mêsat | ngilèn dènnya lumaris ||
34. mêdal têlêng jêladri amblês buntala | wruh bênggang jêbul ngardi | nênggih ing Pasundhan | mila têtamonira | kathah luwêng tanah Jawi | ya ta kang tilas | Sang Linglung duk kariyin ||
35. nulya malih ablês[326] [a...]
--- [f. 28r] ---
[...blês] bumi jêbul Dêmak | ing Ngawal wêstanèki | blês malih buntala | anjêbul Garobogan | ing Ngêblêg kang dèn êdhoki | sineba ula | rimên[327] nèng Ngêbag lami ||
36. Raja Linglung sineba sakèhing ula | anuli krama olih | putri ayu endah | Rêtna Balarong arannya |[328] têrtantune Banyuwangi | Linglung anulya | amblês bumi wus prapti ||
37. ing Carawèk lajêng ing Wuwus aprapta | ing Kuwu mondhok lami | anulya asohan | dhumatêng ingkang rama | anjujug kiyai patih | kaki matura | yèn ingsun olèh kardi ||
38. langkung tustha ki patih anulya seba | sokor bage mas gusti | payo padha seba | sampun prapta ing pura | kêparêng Bok Puspasari | narêngi mêdal | canthèl atur ki patih ||
39. Puspasari langkung dènnya suka bungah | matur marang sang aji | nuhun tur uninga | putra paduka prapta | lampahe pan angsal kardi | kering sang nata | lênggah dhampar sang aji ||
| 1 | mring (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 3 | sinêngkalan. (kembali) |
| 4 | imawaning. (kembali) |
| 5 | Tanggal: nir samodra ingmawaning [imawaning] rat (AJ 1740). Tahun AJ 1740 jatuh antara tanggal Masehi: 4 Januari 1813 sampai dengan 24 Desember 1813. (kembali) |
| 6 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 7 | Tunggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 8 | Tanggal: wayang Bramahendra jagat (S 1136). Tahun Masehi: 1214–5. (kembali) |
| 9 | Variasi: sirnaning. (kembali) |
| 10 | pitik (dan di tempat lain). (kembali) |
| 11 | Kurang satu suku kata: pra ngalim mulana akèh. (kembali) |
| 12 | erawati. (kembali) |
| 13 | sae. (kembali) |
| 14 | goroh (dan di tempat lain). (kembali) |
| 15 | sanak. (kembali) |
| 16 | jumênêng (Ajisaka, Salamun, Pupuh 1.6.2). (kembali) |
| 17 | dipatyèng. Bandingkan: Dipati (Ajisaka, Salamun, Pupuh 1.6.9). (kembali) |
| 18 | bulubêkti (dan di tempat lain). (kembali) |
| 19 | lanatullah. Bandingkan: lanatollah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 1.20.7). (kembali) |
| 20 | prentah. Bandingkan: parentahira (Ajisaka, Salamun, Pupuh 1.38.9). (kembali) |
| 21 | iku. (kembali) |
| 22 | Lebih satu suku kata: wong Kurawa aranira. (kembali) |
| 23 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 24 | guru. (kembali) |
| 25 | Kurang satu gatra: gatra ke-1 (8a). Bandingkan: mung sinêbut panêmbahan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 2.20.1). (kembali) |
| 26 | Kurang satu gatra: gatra ke-2 (8a). Bandingkan: wus sawarsa Ajisaka (Ajisaka, Salamun, Pupuh 2.20.2). (kembali) |
| 27 | nunggil (Ajisaka, Salamun, Pupuh 2.20.5). (kembali) |
| 28 | kèhe. (kembali) |
| 29 | kawignyane. (kembali) |
| 30 | Lebih satu suku kata: saking kèhe kawignyane. Bandingkan: saking akathah kawruhe (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.1.3). (kembali) |
| 31 | Tanggal: sirna wuk dasa windu (S 0000). Tahun Masehi: 78–9. Sangkala ini menandai tradisi yang secara luas diyakini sebagai permulaan penanggalan era Jawa, yang dimulai dengan kedatangan Ajisaka. Bandingkan: Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.2.4. (kembali) |
| 32 | nganggit (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.3.2). (kembali) |
| 33 | Kabuyutan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.3.4). (kembali) |
| 34 | iku (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.3.4). (kembali) |
| 35 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Natasastra kawruhing wardi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.3.5). (kembali) |
| 36 | anom (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.3.6). (kembali) |
| 37 | gêguru. (kembali) |
| 38 | wong (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.4.1). (kembali) |
| 39 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 40 | Sang (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.4.3). (kembali) |
| 41 | rontakanipun (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.5.4). (kembali) |
| 42 | drêrajat. (kembali) |
| 43 | Lebih satu suku kata: drajat nêgara rêngka. Bandingkan: dadya têngran nagara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.5.10). (kembali) |
| 44 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: bêndhe rontèk kang darajad karta (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.6.2). (kembali) |
| 45 | Lebih satu suku kata: têngah tlaga na pulone. Bandingkan: têngah tlaga sapulone (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.6.3). (kembali) |
| 46 | ngêlangi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.5.4). (kembali) |
| 47 | Terdapat dobel sandangan: olèh atau olih. (kembali) |
| 48 | Kurang satu suku kata: Aji karsa nglalona. Bandingkan: Ajisaka lêlana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.6.6). (kembali) |
| 49 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sami angrawuhana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.8.10). (kembali) |
| 50 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: nuli sirahe sira abêna (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.9.2). (kembali) |
| 51 | lumat. (kembali) |
| 52 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: milang mêmêt wruhana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.9.6). (kembali) |
| 53 | Terdapat dobel sandangan: warnaning atau warnane. (kembali) |
| 54 | rumiyin. (kembali) |
| 55 | Lebih satu suku kata: ping kalih Sastra Pujănga Purwa Kawi. (kembali) |
| 56 | kaping. (kembali) |
| 57 | sawêlas. (kembali) |
| 58 | Lebih dua suku kata: ingaranan patbêlas purwaga nami. (kembali) |
| 59 | gangsal. (kembali) |
| 60 | pujăngga. (kembali) |
| 61 | Lebih satu suku kata: ping nêmblas mustaka jamus rannya. (kembali) |
| 62 | Lebih satu suku kata: salikur aran astra. (kembali) |
| 63 | prabangkara. (kembali) |
| 64 | Lebih satu suku kata: dene tanpa sastrèku. (kembali) |
| 65 | pan. (kembali) |
| 66 | Tanggal: kunir awuk tanpa jalu (S 1). Tanggal Masehi: 79–80. Bandingkan: Cênthini, Kamajaya, Pupuh 694.24.2. (kembali) |
| 67 | Tanggal: wêlut anglèng ing bumi (S 193). Tahun Masehi 271–2. (kembali) |
| 68 | Tanggal: kaya gapura rinupa (S 193). Tahun Masehi 271–2. (kembali) |
| 69 | anênggih (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.13.8; Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322 a), Pupuh 3.4.8). (kembali) |
| 70 | Terdapat dobel sandangan: ingetang atau engetang. (kembali) |
| 71 | Lebih satu suku kata. Bandingkan midêr ing rat nyăndra pagunungan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.15.2). (kembali) |
| 72 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: sabat kalih pun Dora Sêmbada kari (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.16.9). (kembali) |
| 73 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wismèng Răndha Sêngkêran (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.17.10). (kembali) |
| 74 | kori (dan di tempat lain sesuai konteks). (kembali) |
| 75 | arêsik. (kembali) |
| 76 | Kurang satu suku kata: tatirahnya anglut amantêsi. (kembali) |
| 77 | Terdapat dobel sandangan: musthikaning atau musthikane. (kembali) |
| 78 | sayana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.19.10). (kembali) |
| 79 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 80 | bok (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.20.8). (kembali) |
| 81 | anggèr (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.21.6). (kembali) |
| 82 | saênggèn-ênggène. Bandingkan: saênggèn (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.21.9). (kembali) |
| 83 | takon (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.22.7). (kembali) |
| 84 | răndha (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.23.2). (kembali) |
| 85 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn mijil iki sadulurmu prapti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.24.9). (kembali) |
| 86 | Lebih satu suku kata: sang dyah kalpika tên kalih sisih. (kembali) |
| 87 | atembak. (kembali) |
| 88 | sèlèh. (kembali) |
| 89 | Kurang satu suku kata: wus sinèlèh gya mendra. (kembali) |
| 90 | răndha. (kembali) |
| 91 | Kurang satu suku kata: ni răndha ling iku uga. (kembali) |
| 92 | Lebih satu suku kata: lana midêr gya prapta. (kembali) |
| 93 | têsmak (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.26.6). (kembali) |
| 94 | mangke. (kembali) |
| 95 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jaman iki warti wis kêburan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.27.2). (kembali) |
| 96 | pratikêl (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.29.6). (kembali) |
| 97 | Kurang satu suku kata: Ajisaka mêmuruk. (kembali) |
| 98 | sadarum (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.30.7). (kembali) |
| 99 | kagèt (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.32.6). (kembali) |
| 100 | dhêsthar (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.34.8). (kembali) |
| 101 | bok (dan di tempat lain). (kembali) |
| 102 | boronga (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.38.3). (kembali) |
| 103 | mopol. Bandingkan: momol (Ajisaka, Salamun, Pupuh 3.39.3). (kembali) |
| 104 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1736 [1809–10]. (kembali) |
| 105 | Ajisaka (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.1.1). (kembali) |
| 106 | manguntur (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.1.6). (kembali) |
| 107 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang nimbali awasta Bok Sokadana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.2.1). (kembali) |
| 108 | ingwang (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.3.4). (kembali) |
| 109 | ênting (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.3.7). (kembali) |
| 110 | tan kira; tan pira (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.5.3). (kembali) |
| 111 | yèn (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.6.1). (kembali) |
| 112 | moyang (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.7.5). (kembali) |
| 113 | panti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.7.5). (kembali) |
| 114 | langkung (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.9.1). (kembali) |
| 115 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang sanggup dadya dhahar (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.11.4). (kembali) |
| 116 | Lebih satu suku kata: sak wiyar dhêsthar. Bandingkan: sawiyaring kang (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.11.6). (kembali) |
| 117 | anuli (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.16.1). (kembali) |
| 118 | galih. (kembali) |
| 119 | Kurang satu suku kata: lêlakon sadina taksih. (kembali) |
| 120 | nitih. (kembali) |
| 121 | Lebih satu suku kata: katumpang sela curi. Bandingkan: kisèn sela lan curi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.20.2). (kembali) |
| 122 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Panêlêgan Lumba (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.21.4). (kembali) |
| 123 | Tumênggung (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.21.6). (kembali) |
| 124 | Raja (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.23.2). (kembali) |
| 125 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sapa ingkang nyirnakna (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.23.4). (kembali) |
| 126 | amatèni. (kembali) |
| 127 | saonjotan. (kembali) |
| 128 | nguni, uning (disesuaikan konteksnya). (kembali) |
| 129 | têtindhih (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 4.33.1). (kembali) |
| 130 | lamban. (kembali) |
| 131 | Lebih satu suku kata: nglêlana ngrat ngidêri. (kembali) |
| 132 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1736 [1809–10]. (kembali) |
| 133 | gumantya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.1.4). (kembali) |
| 134 | binuronan. (kembali) |
| 135 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: langkung dening kawlas-ayun (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.1.6). (kembali) |
| 136 | binuronan. Bandingkan: binuru (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.2.3). (kembali) |
| 137 | Bandingkan: gusti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.6.5). (kembali) |
| 138 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhuh gusti dawêg raryan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.6.5). (kembali) |
| 139 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Bêgja Daulat mojar (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.7.5). (kembali) |
| 140 | arêsik (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.9.1). (kembali) |
| 141 | ngilèn (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.9.6). (kembali) |
| 142 | wiwara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.10.6). (kembali) |
| 143 | kapencut (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.13.5). (kembali) |
| 144 | candra (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.15.5). (kembali) |
| 145 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: murub jroning guwa wau (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.16.6). (kembali) |
| 146 | pangkyan. (kembali) |
| 147 | asta (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.17.6). (kembali) |
| 148 | panuduhe (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.18.3). (kembali) |
| 149 | jingga (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.22.2). (kembali) |
| 150 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: Sangkaningrat matur alon (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.30.3). (kembali) |
| 151 | waranggana (dan di tempat lain). (kembali) |
| 152 | kusuma (dan di tempat lain). (kembali) |
| 153 | êlar. (kembali) |
| 154 | kêlat. (kembali) |
| 155 | mêncorong (dan di tempat lain). (kembali) |
| 156 | amêmak. (kembali) |
| 157 | wida. (kembali) |
| 158 | taha-taha. (kembali) |
| 159 | sang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 160 | gunaningwang (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.38.2). (kembali) |
| 161 | brăngta. (kembali) |
| 162 | Kurang satu suku kata: saking purwaka purnama. (kembali) |
| 163 | jalêrit. (kembali) |
| 164 | manahe. (kembali) |
| 165 | Kurang satu suku kata: norana eca manahe. (kembali) |
| 166 | jangkêping (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.43.2). (kembali) |
| 167 | besuk (dan di tempat lain). (kembali) |
| 168 | păncadriya (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.50.7). (kembali) |
| 169 | kêna (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.51.4). (kembali) |
| 170 | wruha (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.53.5). (kembali) |
| 171 | ki. (kembali) |
| 172 | garwamu. (kembali) |
| 173 | mati. Bandingkan: pati (Ajisaka, Salamun, Pupuh 5.54.7). (kembali) |
| 174 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1736 [1809–10]. (kembali) |
| 175 | kawimbuhan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 176 | wasis. (kembali) |
| 177 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: saha wacana dèrèng ngalap sih (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 22.11.4). (kembali) |
| 178 | Kurang satu suku kata: cipta dene manira dewanggèr. (kembali) |
| 179 | Kurang dua suku kata: sira natmata jatèng karêsmin. (kembali) |
| 180 | antuk (dan di tempat lain) (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 22.17.4). (kembali) |
| 181 | rujit. Bandingkan: jrujit (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 22.17.5). (kembali) |
| 182 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: manawa sang anom (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 22.18.2). (kembali) |
| 183 | mantra (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 22.19.1). (kembali) |
| 184 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: isun lir kelangan jiwa rêke (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 22.19.3). (kembali) |
| 185 | Kurang satu suku kata: jalma sari sun bramara amrih. (kembali) |
| 186 | gustiningsun. (kembali) |
| 187 | puput layon. (kembali) |
| 188 | wagêd. (kembali) |
| 189 | Kurang satu suku kata: sang dyah wagêd awuwuh cangkêde. (kembali) |
| 190 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sang dyah kabyatan srênggara manis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.99.4); sang dyah kabyatan sêngkara manis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.100.4). (kembali) |
| 191 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: radèn tyase tan anyipta urip (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.100.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.101.4). (kembali) |
| 192 | Lebih satu suku kata: rêtna juwita kêkah tan kokih. Bandingkan: sang rêtna juwita angakahi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.101.4); sang rêtna juwita angêkahi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.102.4). (kembali) |
| 193 | pinjung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.102.6). (kembali) |
| 194 | anampuni. (kembali) |
| 195 | ingidêr-idêrakên. (kembali) |
| 196 | Kurang satu suku kata: kêmanisên dyan kapadhan sari. (kembali) |
| 197 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1736 [1809–10]. (kembali) |
| 198 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dene garwa tinilar samya guling (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.1.2). (kembali) |
| 199 | munggah(dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.2.2). (kembali) |
| 200 | sungil (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.2.2). (kembali) |
| 201 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: manjing jurang munggah ngardi kang sungil (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.2.2). (kembali) |
| 202 | manggih (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.2.3). (kembali) |
| 203 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: lir layangan apêgat (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.2.4). (kembali) |
| 204 | nêdhêng. (kembali) |
| 205 | măngsa (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 206 | tunggu. (kembali) |
| 207 | ngandul-andul. (kembali) |
| 208 | amrik. (kembali) |
| 209 | kanca (dan di tempat lain). (kembali) |
| 210 | wani-wani. (kembali) |
| 211 | Lebih satu suku kata: mêndhung liris lampahe ris lumaris. (kembali) |
| 212 | Kurang empat suku kata: analasak têlatah têpis wiring. (kembali) |
| 213 | Kurang satu suku kata: Danisyara araningwang. (kembali) |
| 214 | asêsuguh. (kembali) |
| 215 | Kurang satu suku kata: wong idêran ngong wong kêkandhang langit. (kembali) |
| 216 | Kurang satu suku kata: angupaya bok ana răndha dhêdhukuh. (kembali) |
| 217 | wisma. (kembali) |
| 218 | godhong (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.4.5). (kembali) |
| 219 | bêtah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.8.3). (kembali) |
| 220 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: bêtah linggih yèn turu tan ngalisik (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.9.2). (kembali) |
| 221 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: isinan yèn kabutuh labuh pati (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.10.2). (kembali) |
| 222 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kêpanasên kodanan nora awungu (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.10.5). (kembali) |
| 223 | patya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.11.6). (kembali) |
| 224 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ingsun pan kapengin sira ingoni (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.16.2). (kembali) |
| 225 | Lebih satu suku kata. Bandingan: iku satru nora kêna ngabêkti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.18.2). (kembali) |
| 226 | padha (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.19.5). (kembali) |
| 227 | pinunjul (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.21.5). (kembali) |
| 228 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nyai răndha lan putra lagya ninis (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.24.2). (kembali) |
| 229 | Lebih satu suku kata: Bêgja Dulat lan Jugulmudha linggih. Bandingkan: wong têtiga lan Ki Jugulmudhèki (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.25.2). (kembali) |
| 230 | ki (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.26.7). (kembali) |
| 231 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kakang sintên kang sinambat (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.29.1). (kembali) |
| 232 | aenggal (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: ainggal (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.30.4). (kembali) |
| 233 | panase. Bandingkan: panas (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.32.5). (kembali) |
| 234 | sakuwu-kuwu (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.33.6). (kembali) |
| 235 | Lebih satu suku kata: ya bêthara gusti mastu karaning. Bandingkan: ya gustiku dene amrabawani (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.34.2). (kembali) |
| 236 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kakang kula katingal nata baris (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.35.2). (kembali) |
| 237 | radèn (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.39.5). (kembali) |
| 238 | kasabipun (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.39.5). (kembali) |
| 239 | ulah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.44.4). (kembali) |
| 240 | milir (Ajisaka, Salamun, Pupuh 6.44.7). (kembali) |
| 241 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1736 [1809–10]. (kembali) |
| 242 | balêdhug (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.2.6). (kembali) |
| 243 | gêsang. (kembali) |
| 244 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Dewacêngkar rumuhun (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.7.4). (kembali) |
| 245 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sêmuning Yyang ingkang pinangan rumiyin (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.7.9). (kembali) |
| 246 | Kurang satu suku kata: Prabu Jaka kang anèng jro pura. Bandingkan: nagri Mêdhang sira Prabu Jaka (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.8.2). (kembali) |
| 247 | ambanjura (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.9.5). (kembali) |
| 248 | nganggo (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.11.2). (kembali) |
| 249 | ambolos (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.11.3). (kembali) |
| 250 | lah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.14.5). (kembali) |
| 251 | nulya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.14.6). (kembali) |
| 252 | gêgancangan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.14.9). (kembali) |
| 253 | prapta (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.14.10). (kembali) |
| 254 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: têka ngêndi sirèku ya Dora (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.15.2). (kembali) |
| 255 | kitèki (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.15.7). (kembali) |
| 256 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha mirsa ingkang pangandika (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.16.2). (kembali) |
| 257 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sirku nêrajang bênêr pribadi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.17.1). (kembali) |
| 258 | têmu (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.18.2). (kembali) |
| 259 | nêbda. Bandingkan: nabda (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.19.7). (kembali) |
| 260 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: aja akèh ujarira (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.19.8). (kembali) |
| 261 | Dora (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.20.2). (kembali) |
| 262 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Dora calathumu sok mêtua (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.20.2). (kembali) |
| 263 | kawruh. Bandingkan: kawruhnya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.21.2). (kembali) |
| 264 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tunggal kawruhnya pa dha ja ya nya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.21.2). (kembali) |
| 265 | enggal (dan di tempat lain). (kembali) |
| 266 | amba (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.24.4). (kembali) |
| 267 | gitik-ginitik (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.25.3). (kembali) |
| 268 | wêrdinèki. (kembali) |
| 269 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Sêmbada têmên tuhu parentah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.26.2). (kembali) |
| 270 | wargane. (kembali) |
| 271 | anglêlima. (kembali) |
| 272 | pinănca (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.28.1). (kembali) |
| 273 | gênti-ginênti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.29.1). (kembali) |
| 274 | badan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.29.2). (kembali) |
| 275 | Kurang satu suku kata: guru kaping patira. (kembali) |
| 276 | akara. (kembali) |
| 277 | Kurang satu suku kata: iku ukara arane ingkang gêndhing. Bandingkan: ya A kara arane kaparèng gêndhing (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.29.9). (kembali) |
| 278 | Kurang satu suku kata: hèh ta sapakolèhnya. Bandingkan: akèh kramaning sastra (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.30.6). (kembali) |
| 279 | binêbêdan. Bandingkan: binêbêd (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.33.1). (kembali) |
| 280 | kapyarsa. (kembali) |
| 281 | pancawura (dan di tempat lain). Bandingkan: păncawora (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.34.6). (kembali) |
| 282 | kasrêpên. Bandingkan: kasrêpan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 7.34.10). (kembali) |
| 283 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1736 [1809–10]. (kembali) |
| 284 | uning (dan di tempat lain sesuai konteks). (kembali) |
| 285 | Lebih satu suku kata: dangu prapta tanna uni. Bandingkan: prapta tan ana udani (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.2.2). (kembali) |
| 286 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sang rara dèn parêpêki (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.4.4). (kembali) |
| 287 | asmara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.5.8). (kembali) |
| 288 | nutpah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.6.6). (kembali) |
| 289 | ênting (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.9.4). (kembali) |
| 290 | aris (dan di tempat dan bentukan lain sesuai konteks) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.10.5). (kembali) |
| 291 | jrih (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.10.8). (kembali) |
| 292 | nimbok. (kembali) |
| 293 | ula (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.11.5). (kembali) |
| 294 | gènira (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.13.6). (kembali) |
| 295 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: gumêtêr gènira lungguh (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.13.6). (kembali) |
| 296 | nulya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.16.8). (kembali) |
| 297 | Kurang satu suku kata: angangkên dyan nulya prapti. Bandingkan: durung tutug nulya prapti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.16.8). (kembali) |
| 298 | Kurang satu suku kata: paduka ji marêpêki. Bandingkan: paduka gya marêpêki (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.20.4). (kembali) |
| 299 | dinèkèk. (kembali) |
| 300 | sayêmbara (dan di tempat lain). (kembali) |
| 301 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: lamun dede yêkti lêbur tanpa dadya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 8.24.9). (kembali) |
| 302 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 303 | ing (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.1.7). (kembali) |
| 304 | kandhêg (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.2.2). (kembali) |
| 305 | ingwang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 306 | ati. (kembali) |
| 307 | Kurang satu suku kata: rêngat tunggil kang ati. (kembali) |
| 308 | bandayuda (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 309 | lumembak. (kembali) |
| 310 | saenggane (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.10.1). (kembali) |
| 311 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: rob kang sagara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.10.6). (kembali) |
| 312 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: rahnya bang sumamburat (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.11.4). (kembali) |
| 313 | Kurang satu suku kata: Sagara Kidul mangkin. (kembali) |
| 314 | banjur-binanjur. (kembali) |
| 315 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Gunung Kidul ingkang (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.15.3). (kembali) |
| 316 | Kurang satu suku kata: trusthèng ingkang tyas. (kembali) |
| 317 | sokur (dan di tempat lain). Bandingkan: sukur (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.18.4). (kembali) |
| 318 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan tulus dadya aji (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.22.2). (kembali) |
| 319 | oncati (dan di tempat lain). (kembali) |
| 320 | Kurang satu suku kata: sira êjim muliha mring êjimira. (kembali) |
| 321 | Kurang satu suku kata: ingkang amangku ing kardi. (kembali) |
| 322 | Kurang satu suku kata: si Bêlarong dhokèki. (kembali) |
| 323 | Lebih satu suku kata: Sang Ngin-angin ngucap. (kembali) |
| 324 | Lebih satu suku kata: miwah jim lan setan. (kembali) |
| 325 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: saturune iya ingkang momong ingwang (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.25.1). (kembali) |
| 326 | amblês (Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.29.1). (kembali) |
| 327 | rêmên. (kembali) |
| 328 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Rêtna Blorong arannya(Ajisaka, Salamun, Pupuh 9.30.4). (kembali) |