Sêrat Kyahi Gulang Yarya, Rêksa Pustaka (MS. A 21), 1870, #1718
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Kyahi Gulang Yarya
--- [1] ---
1. Dhandhanggula
1. rasaningkang sarkara pinurih | dènnya arsa marsudi ing sastra | masalah gita-gatine | arsananira wastu | ya kalamun dumadi bakit[1] | ton têrahing sujana | dhadhaning kêkidung | kumêdah kadi kawarja | sumawana winahyu wahyaning wadi | malad ing gitasmara ||[2]
2. kang cinatur tuturing panganggit | caritane Kyai Gulang Yarya | mung loro lanang bature | kang sawiji ranipun | Si Sadrajab pinurih dadi | panyapu palataran | lan kêbon myang ngangsu | karone Sêtu ranira | pakaryane anggêgodhog wedang tuwin | rêrêsik jroning wisma ||
3. kapinuju ing dina sawiji | Kyai Gulang Yarya lon wacana | Sêtu dikaparèng kene | sirèku apa ta wruh | mring gamêlan sranduning wardi | sun muga surupêna | Sêtu lon umatur | kyai kalamun paduka | yun sumêrêp wardine ing têmbung kawi | kawula tan uninga ||
4. labêt botên wagêd têmbung kawi | ewadene lamun kyai rêna | prayoga basa têgêse | Ki Gulang Yarya ngungun | lah kapriye karêping wardi | ana prayoga basa | sun durung tau wruh | pun Sêtu tanggap turira | anggadhahi pikajêng namung mrayogi | basaning tiyang kathah ||
5. ingkang sampun dipun sumêrêpi | nadyan awon tur tanpa watonan | nanging kangge salamine | Ki Gulang Yarya sarju | iya Sêtu apa ananing | kawruhira priyangga | pun Sêtu gya matur | mênggah gamêlan punika | purba saking gamêl têgêse nyêkêli | gamêlan cacêkêlan ||
6. tuwin kala wanci nêkêl dening | pikajênge ungêling gamêlan | kalawan tinandukake | ing tangan tabuhipun | Kyai Gulang Yarya nglingnya ris | Sêtu pirang gagragan | gamêlan puniku | Sêtu matur mring bandara |
--- [2] ---
saking sasêrêpan kula namung kalih | satunggal ran salendra ||
7. mênggah têgêsipun salèn tuwin | wah = kalawan dene = dra purbanya | saking dara = ing têgêse | darbe wardi linangkung | pikajênge salendra kyai | kang linangkung kalawan | kalawan linangkung | kalihira nama pelag | têgêsipun pelag angeram-erami | mênggah lidirèng basa ||
8. awit saking darbe raos kalih | pathêt barung myang panunggul lawan | gêndhing bonang gêndhing gêndèr | margi punika wau | mila pelag ngeram-erami | Kiyai Gulang Yarya | alon wicara rum | mêngko ta Sêtu sun tanya | ing salendra wilahane pirang iji | lan apa aranira ||
9. Sêtu matur salendra kiyai | wijinipun wilahan mung gangsal | satunggal ênam namane | têgêsipun pangumpul | myang panata kajêngirèki | panatanirèng laras | kumpul êmbatipun | kalihe nama gêng asal | têgêsipun gêng-agêng = asal wêwinih | dados pikajêngira ||
10. lamun arsa adamêl wêwinih | sorog agêng saking wilah gêng sal | punika wau yaktine | dene katiganipun | wilah têngah labêt nêngahi | sakawan wilah jăngga | dumunung nèng gulu | wilahan barung gangsalnya | têgêsipun barung barêng angrangkêpi | nimbangi wilah gêng sal ||
11. lan ginêmbyang gêng sal myang barung sring | Kyai Gulang Yarya malih tanya | apa ana prabedane | pelag lan salendrèku | ing wilahan Sêtu wotsari | wilahanipun pelag | wijinipun pitu | satunggal namane ênam | kalih gêng sal wau wilahan kêkalih | sami pikajêngira ||
12. kados dene salendra kiyai | katigane nama wilah pelag | angeramakên têgêse | wilahan pelag wau | swaranipun kados
--- [3] ---
tan titis | yèn dede lêrêsira | cengkok swaranipun | kalangkung botên sakeca | ewadene yèn lêrês cengkok nujoni | ngambah wilahan pelag ||
13. ing pangraos kawula kiyai | sakecane botên jamak-jamak | punika wau tètère | têngah sakawanipun | gangsal gulu wilah kêkalih | sami pikajêngira | lan salendra wau | kanêm panunggul wastanya | pikajênge têtunggul agêng pribadi | sirahing pêpangkonan ||
14. kapitune barung ambarêngi | angrangkêpi sêsoroganira | panunggul wau têgêse | yêktine yèn panunggul | anujoni kambah ing gêndhing | barungipun tan kambah | ing panabuhipun | makatên ugi yèn ngambah | wilah barung lêrêsing cengkok nujoni | panunggul datan kambah ||
15. Kyai Gulang Yarya wicara ris | kayaparan Sêtu karêpira | têka kèh salin kêdale | kaya ta kang sinêbut | pelog dadi pelag sinalin | slendro dadi salendra | barang dadi barung | gangsal dadine gêng asal | ênêm dadi ênam salining kêkawin | bangêt pangungun ingwang ||
16. Sêtu alon dènira mangsuli | inggih lêrês kiyai karsanta | nanging punapa kasupèn | wicantên kêdalipun | asring mingsêt saking ing titis | lêrês kawon lan limrah | makatên liripun | sanadyan têmbung damêlan | jangjènipun nyumêrêpakên pangrêti | punika kalampahan ||
17. luwung pundi wontên têmbung ngalih | ingkang ingkêng rahadèn rahadyan | radèn mirong miring mèrèng | Mantaram ing Mantarum | ing Mantawis nagara nagri | Yujani ing Yujana | Madayin Madayun | mencong mèncèng cêpêt cêpat | diwor winor diijoli lan jinoli | têtelaning bêbasan ||
18. ing sawênèh wontên
--- [4] ---
kang ngugêri | ênêm rasa = gangsal păncadriya | pelog pelo nora tètèh | barang sabarangipun | salendrone datan jinarwi | lah punika sadaya | punapa tan santun | nama kêdal pikajêngan | măngka botên ngamungkên ênêm pribadi | ingkang karasèng driya ||
19. pelog pelo = pelo kadospundi | yèn muriha pelonirèng laras | lêrêse balero bèke | tanpa wêwaton tamtu | tatanira datan tinitin | barang-barang sadhengah | ing sadaya wau | inggih ugi nama barang | sarta kenging kinarya sadhengah gêndhing | Ki Gulang Yarya nabda ||
20. iya-iya Sêtu bênêr uwis | tutugêna aluraning kăndha | pun Sêtu alon ature | mênggah kang sampun-sampun | wiryawane wong agung Jawi | tan pisah lan gamêlan | rêngganing aluhur | pramila eram kawula | sakalangkung mring kang bawa anggit nguni | ing kăntha kanthètira ||
2. Kinanthi
1. sangking sru ngungun anjêtung | tontonên yèn dalu kèpi | dhatêng swaraning pradăngga | kumêdah wruh liring gêndhing | sumawana kawahyuna | marang ing gita rêrangin ||[3]
2. kang titis panabuhipun | ririh arêmpêg waradin | rêbab anyêndari ngangkang | pamathête dhèmês mathis | ngalêlêr ngês wilêtira | lakune kosok lastari ||
3. kêndhang tètèh anarunthung | swarane salin-sumalin | jêjêg ajêg ngiramanta | gêndèr gumlundhêng[4] gumrining | nyupak sumruwung bumbungnya | gambang glêbêg gumalindhing ||
4. kêmpul pindha gêmak mêlung | dumêling pangliking suling | têtêp tutupaning laras | lir kadhasih ngasih-asih | gêndèr panêrus pinjalan | bonang gêng pating talêning ||
5. imbal lan bonang panêrus | rinaras rinacik-racik | kêmong tan manggon ing sêla | salênthêm ulêm ngalèbi | dêmung dumunung
--- [5] ---
ngirama | mangungkung cengkok ngugêri ||
6. mancêr barêng saron barung | saron panêrus kumricik | cinacah cocog ngirama | gambang salukat cumêngkling | katipung nêpungi petang | kêcèr ngècèr momor gêndhing ||
7. suwuk anggêrus ambaung | calêmpung umyung ngêmpyungi | cêthane lamun priyangga | cinorak-caruk kumêncring | kamanak ngenaki nala | lir walang angkup marpêki ||
8. gong jumêglug mandul-mandul | gumolong[5] ombake ririh | kênong golong-gêgolongan | sêrênge ngalangut têbih | kêthuk mathuk ing thuthukan | kêmpyang mêncil galik-galik ||
9. Ki Gulang Yarya lon muwus | apa wus ganêp nyukupi | wiji wijanging pangkonan | pun Sêtu turira aris | pangraos kula priyangga | wus jangkêp tan wontên cicir ||
10. mungayanipun kang sampun | dene kêmong wau kyai | dununge wontên salendra | kêmpyang pelag kang darbèni | kamanak kangge badhayan | yèn kêthuk kênong ing gêndhing ||
11. kajawine kang kasêbut | rangkêping ricikan tuwin | kirang langkunging kujudan | botên kenging dipun pasthi | gumantung wontên sênêngan | pêparêngipun pribadi ||
12. ananging punika wau | sarancak agêng tan nisip | dene kang ran kalênengan | paringgitan sasamining | wontên carane priyangga | dados tan kenging kapasthi ||
13. punapa malih tur ulun | gong kamodhong lan sênggani | gong bumbung gumbêng dalasan | ricikanipun saliring | anggitan mindha swaranya | gamêlan ingkang pinirit ||
14. punika ugi gumantung | ing sênêng parêng pribadi | kados dene atur kula | ing ngajêng wau kiyai | wontên malih pratelamba | dhumatêng paduka kyai ||
15. ingkang mindha ujudipun | tuwin kang pinindhèng warni | swara larasing gamêlan | kados ta ingkang jinarwi | Kodhokngorèk [Kodhok...]
--- [6] ---
[...ngorèk] tuwin Munggang | Sakatèn lawan Sakati ||
16. Carabalèn Carabangsul | sapanunggilane kyai | punika mênggahing warna | tuwin laras datan nisip | tan mêdal saking gamêlan | kalih gagragan pinirit ||
17. dene ta gêndhing puniku | kang sampun kula sêrêpi | kaping pitu pangkatira | kang satunggal nama gêndhing | inggih ginêndhing punika | kalihipun mirong gêndhing ||
18. amirong pikajêngipun | dupèh amire ing gêndhing | yêktènipun gêndhing ingkang | minggah kêndhangane naming | myang mirong kahwaling basa | rimong pikajêngirèki ||
19. angêmuli gêndhing wau | kayêktosanipun gêndhing | ingkang minggah tuwin dhawah | lêladrangan sasamining | kaping tri minggah unggahan | utawi dhawahing gêndhing ||
20. wau ta pikajêngipun | mingsêt ing bêbuka dhingin | sakawan gêndhing ladrangan | jêjêre jarwa-jinarwi | lêlancaran lan sèbêtan | gangsale katawang gêndhing ||
21. tawang têgêsipun dhuwur | pikajêngipun kainggil | angungkuli ing ladrangan | sèbêt cêpêtipun kyai | kaping nêm ayak-ayakan | ing punika purba saking ||
22. ayakira = têgêsipun | pikajêngipun ing gêndhing | kira-kiranên priyangga | kênane dipun kêndhangi | yêktine ayak-ayakan | ing pathêtan kang pinêthit ||
23. amawa ngirama tinut | dene kapitune nami | salêbêgan liding kata | kang angglêbêg sêsêg wradin | makatên ugi tur kula | kang binasakakên kyai ||
24. pathêtan punika namung | kabêkta saking patraping | tanduk pratingkah kewala | mênggah urutipun kyai | dununge pathêt salendra | kang winor asmarèng gêndhing ||
3. Asmaradana
1. aran nam pathêt miwiti | yayah mancêr wilah ênam | tontone yèn nam cengkoke | dhadhapuring[6] pakarti ka | kula matur wartanya | sumăngga panimbangipun | makatên sêrêpan amba ||[7]
--- [7] ---
2. pathêtan kang kaping kalih | ngêsonga pikajêngira | dupèh patrape angêsong | awit gamêlan punika | kang sampun winastanan | ngalêbêt nginggil ing pucuk | ing pêthit kêncêng samanya ||
3. sadaya kang swara alit | swara gêng karan ing ngandhap | anggêbêbêr kêndho nglokor | pathêt kaping tri winarna | manyura lan manyora | cara-caranirèng carub | mêraki cengkok ngêsonga ||
4. kaote swara gêng alit | mênggah tanduke tan beda | sawênèh wontên wiraos | anêbut pathêt manyara | utawi manganyara | ing sayêktènipun namung | anganyarakên pangrasa ||
5. pathêt manganyara margi | sami ugi cengkokira[8] | lawan ngêsonga lugune | mung beda kêncênging swara | kainggahkên sawilah | miwah kawêwahan êluk | pungkas sacengkok mangandhap ||
6. sasêndhonipun jinarwi | kang dumunung nèng salendra | satunggal cengkok nalolor | nama sêndhon taloloran | saking wau punika | lasêm kaping kalihipun | inggih lah sêngsêm jarwanya ||
7. kang anêngsêmakên pinrih | kaping tri jêngking[9] sêndhonnya | yêktine patrap anjongkèng | kapat talutur ranira | jarwa wiwit wêlasan | sastradatan gangsalipun | pikajênge sastradatan ||
8. niru lagune Ngabèi | Sastradata Surakarta | nalika awal jamane | wijine sêkar sarkara | sêndhon pikajêngira | purbanipun saking sêndhu | sêndhu andhêsêg nyaruwa ||
9. yêktine sêndhon pinurih | andhêsêg myang kadhêsêka | ing wilêt tuwin ing cengkok | rêbut manising suwara | nêngna sêndhon winahya | pratelaning grêgêt saut | satunggal grêgêt saut nam ||
10. grêgêt saut kaping kalih | ngêsonga ping tiganira | cara palar ugi ngêsong | grêgêt saut kang kaping pat |
--- [8] ---
manganyara pangrasa | pikajênge grêgêt saut | jinarwa yèn kabêranang ||
11. sigêg kang sampun jinarwi | têgêsipun ada-ada | kuwat-kuwating kanêpson | ada-ada kang kapisan | girisa = pikajêngnya | supados giris ing sêmu | ping kalih asta aswala ||
12. pikajêngipun kêkawin | tangane tiyang nênumpak | rênggan budhalan dununge | titi tamat ada-ada | pathêt pelag kocapa | gêng sal kang kapisanipun | dupèh mancêr wilah gêng sal ||
13. pathêt ênam kang kaping dwi | saking krêp ngambah wilah nam | laras panunggul manggone | pathêt barung kaping trinya | pikajênging sorogan | rangkêp santuning panunggul | wau ta gantya kocapa ||
14. sasêndhon pelag winarni | mêgatruh kapisanira | niru sêkar mêgatruhe | kalih lasêm pikajêngnya | kados dene salendra | kumuda ping tiganipun | pikajênge kumêdaha ||
15. santunipun cengkok pinrih | talutur sakawanira | kajêngipun kados dene | kang wus kasêbut salendra | grêgêt saut kinăndha | wiwit gêng sal grêgêt saut | kaping dwi grêgêt saut nam ||
16. grêgêt saut barung ping tri | manggalang kang winursita | pikajêngipun katanggor | dene sêrênging wicara | satunggal aranira | mijil sêkar kang tiniru | kaping kalihipun durma ||
17. ugi niru sêkar kawin | gambuh kaping tiganira | niru lugu sêkar gamboh | wus têlas liring pradăngga | mênggah pelag salendra | wênang yèn sambut-sinambut | janji tanduke sakeca ||
18. lumampahipun ing gêndhing | dene ngirama punika | purba saking kira manggèn | pikajêngipun angira | ajêge lêlongkangan | utawi antaranipun | pocung mardawèng pradăngga ||
4. Pocung
1. tontonipun, dhatêng ing lukitèng
--- [9] ---
sêmu | kulinèng ngirama | sumarawung gêndhèng gêndhing | mamrih guna Gulang Yarya lon wacana ||[10]
2. mêngko Sêtu sun nyêlani pitakonku | mring sira jarwaa | yêktènira apa wasis | nandukake bêbasan olah krawitan ||
3. marmanipun gon ingsun kudu sumurup | dene sasuwenya | sira ingsun pitakoni | têka gawe padhang lan lêganing nala ||
4. Sêtu matur manah kula nyamut-nyamut | botên babarpisan | wontêna raosing ati | bodho botên sagêd punapa-punapa ||
5. kyai dene anggèn kula purun matur | samantên punika | dhumatêng sampeyan kyai | awit saking kawula priksa paduka ||
6. dèrèng angsal pandangon ingkang pinuju | patitise warta | kiyai dahat prihatin | ing sêsagêd-sagêd pamurih kawula ||
7. mung dadosa ing pangaring-aringipun | ardaning turida | wondene ing têmbe kyai | yèn paduka sampun angsal wartotama ||
8. myang pamanggih ingkang patitis linangkung | wah wontên watonnya | prakawis punika kyai | sayêktine pangèsthining manah kita ||
9. badhe wangsul dhumatêng dhêdhasar ulun | bodho bodhèh kula | saèstunipun kiyai | tanpa karya sadaya pamanggih kula ||
10. botên langkung panuwun mugi kang agung | pangaksamanira | nadyan datan dèn titèni | namung sampun kaarda-arda pamada ||
11. dene sagêd kawula samantên wau | labêt non mirêngan | ujare tăngga têpalih | ing nalika kawula dèrèng suwita ||
12. taksih griya wontên ing dhusun Sadaltun | sawarnining tiyang | sadhusun sadaya sami | sagêd nandukakên olah karawitan ||
13. têmbang têmbung gêndhing gêndhèng lagu lugu | cengkok cangkokira | wilêt wilêlêt nglêlêti | laras lurus trapsila trape ambêksa ||
--- [10] ---
14. wayang-wuyung kawontênanipun ngriku | kula bodho pyambak | botên sagêd barang-biring | damêl kula mung mirêngakên kewala ||
15. tiyang ginêm tiyang nêmbang tiyang nêmbung | swaraning gamêlan | tuwin ningali pakarti | nglaras damêl gamêlan myang damêl wayang ||
16. tiyang bêksa bêsus atrapsila ulun | mila kalampahan | ngawula dhatêng kiyai | labêt wontên ing ngriku bodho priyangga ||
17. nêngna Sêtu Kyai Gulang Yarya muwus | Sêtu kayaparan | têmbang têmbung ing wardining | Sêtu matur manawi têgêsing têmbang ||
18. tuwin têmbung yêkti tan sumêrêp ulun | mung pikajêngira | ingkang kula sumêrêpi | têmbang tuwin sêkar punika karsanta ||
19. têtaline pangolah swara sari rum | dene pitêmbungan | pikajêngipun kiyai | ing pangucap-ucap kaucap kocapa ||
20. ewadene sumantên têmbung puniku | dinamêl bêbasan | têmbung kramaning cumêthi | nanging kados pikajêngipun kang kocap ||
21. dados gêbag ing tumpakan milanipun | manawi rinasa | têmbung ngoko lawan krami | botên kados basan ujud lan wayangan ||
22. kados-kados wontên priyangga ing têmbung | kayêktosanira | wontên têmbung ngoko kyai | kang kinaryopama makatên kêdalnya ||
23. sira age mênyanga ing Pajang dhusun | golèk tumbak dawa | lan ngrikatna pajêg dhuwit | tak anggone sangu tungguk karo maca ||
24. amènèhi sukarênanirèng kalbu | lah mangke kramanya | makatên kêdalirèki | paduka ge dhatênga ing paos desa ||
25. upadosa waos paos ingkang lurus | miwah angenggalna | paos arta warni kêthip | kula angge sangu saos lan maos srat ||
26. anyaosi sukarênanirèng kalbu | punika yêktinya | têmbung ngoko lawan
--- [11] ---
krami | wontên malih makatên kêdal nonoman ||
5. Sinom
1. dyan inggal anggawa jala | masang jalu[11] nèng jaroning | arahe jambu lan jarak | ya kongsi kêna ing jaring | tontoning têmbung krami | dhadhag makatên turipun | kula bêkta jambêt gya | sumangsang jambêt-jambêting | mamrih jambêt lan jambêt ywa kajambêtan ||[12]
2. lah punika têtelanya | pramila ing nguni-uni | karsane para pujangga | sumrambah mring para wasis | dènira nganggit-anggit | patrap pangêtraping têmbung | kang dumunung nèng têmbang | têmbung ngoko têmbung krami | tan sinilah kacarub winor kewala ||
3. luwung pundi têmbung Arab | winor lawan têmbung Jawi | utawi têmbung Walănda | karsanta wau tan sisip | wus titis ing pambudi | paedah pamurihipun | pados ulêt-ulêtan | muyêg mukêt ing panganggit | mituruti srining rêringkêsanira ||
4. janji nyêrêpakên nala | atur kula wontên malih | karsanipun para wignya | mawi kapantês nêtêsi | pangkatipun punapi | ingkang kacariyos ngriku | ing kamurwatanira | nahên ta punika kyai | kula badhe pratela sêkar lan têmbang ||
5. yèn botên kasupèn ing tyas | kèngêtan kula kiyai | têmbang pangkate sakawan | satunggal têmbang utawi | sêkar agêng wêrdining | minăngka têtunggulipun | ing têmbang tuwin sêkar | têmbang têngahan ping kalih | pikajênge madyaning têmbang lan sêkar ||
6. kaping tri têmbang myang sêkar | talisir[13] têgês nalisir | saking têmbang sêkar liyan | ping catur têmbang sêkaring | macêpat macêpêti | mênggahing pikajêngipun | cêpêt sèbêt lampahnya | aksara tumrap kêkawin | mili mulur lampahe têmbung tinêmbang ||
7. sigêgên wijanging têmbang | kang sinêbut gêndhèng gêndhing | gêndhèng punika angkahnya | pangolahing [pangolah...]
--- [12] ---
[...ing] swara titis | ingkang ginandhèng gêndhing | tuwin têmbang sêkaring rum | gantya gêndhing winahya | angkahira pangolah mrih | gitaswara kang ginandhèng ing gamêlan ||
8. makatên ugi tur kula | lagu punika kiyai | dumunung wontên ing sêkar | cengkok dumunung ing gêndhing | katranganipun sami | kewala pikajêngipun | anggadhahi surasa | tulèn sawantah saking wit | yêktènira kinarya watoning swara ||
9. dene kang kangge bêbasan | wilêt wilêlêt ngulêti | punika pikajêngira | linangkung sumêla saking | ing cengkok lan laguning | utawi linangkung-langkung | anglêlêt lêt-ulêtan | ngubêdi cangkok[14] luguning | dados wilêt wau tan sagêd ngalahna ||
10. dhatêng cangkok lugunira | ananging sagêd nyamari | myang sagêd damêl prabeda | ing pangrasa rasaning writ | yêktine kados ta mrih | mungêl gêndhing sêkar gadhung | kang lulus cengkokira | kalihan ingkang pinardi | milêtakên punika pangraos beda ||
11. makatên ugi timbangnya | lamun sêkar dhandhanggêndhis | inggih ing pundi-pundia | lagune saèstu sami | sanès amung sakêdhik | wangsul sarêng kasiram rum | ing wilêt lêt-ulêtan | dados sanès-sanès kyai | ingkang awit ing dalêm sacêpurinya ||
12. myang ing dalêm sapemahan- | ira para tiyang alit | sami agadhah sadaya | wilêt anglêlêt pribadi | marma sampun kang têbih | sanadyan cêlak saèstu | tan sami yêkti beda | saking wilêt wau kyai | ewadene yèn wontên sêkar lan têmbang ||
13. kasantunan lagunira | punika wênang kiyai | kasantunana ing nama | makatên ugi yèn gêndhing | nyimpang cengkokirèki | inggih wênang nama santun | punapa malihira | lampahing thuthukan gêndhing | wus saingga patrape wilêting kata ||
14. kados ta thuthukan lămba |
--- [13] ---
lan thuthukan rangkêp katri | punika pangraos kula | kados wontên prabedaning | makatên ugi kyai | aksara ing lampahipun | kang dumunung nèng pada- | lingsanipun têmbang sari | inggih damêl prabedanirèng pangrasa ||
15. lah mangke kula pratela | kang kasêbut laras kyai | punika pikajêngira | pantês pamantês nêtêsi | dene lurus jinarwi | pikajênge mulus turut | manggèn êmbat-êmbatan | ing laras pantês patitis | Kyai Gulang Yarya sumêla ing kăndha ||
16. mêngko Sêtu sun têtanya | kang kasêbut bat-êmbating | gamêlan wijine pira | Sêtu alon amangsuli | sumêrêp kula kalih | kang satunggal namanipun | larasati angkahnya | wêwaton saking kêdaling | ing suwara yêktine luruh rinasa ||
17. kalih nyêndari watonnya | swarane sêndarèn pinrit | yêktine ladak rinasa | Kyai Gulang Yarya angling | mungguh sira sing êndi | kang dadi rasaning kalbu | êmbat mau karonya | pun Sêtu turira ririh | saking bodho dados botên sagêd nimbang ||
18. kalih pundi piniliha | kalamun kula pribadi | inggih sambat-êmbatira | janji runtut laras titis | turut êmbatirèki | badhe kadadosanipun | jalaraning sakeca | dipun mirêngakên ngrangin | dados cêkakipun janjine sakeca ||
19. kula inggih rêmên rêna | makatên ugi kiyai | mangsuli wilêt ing ngarsa | kang sampun katur saliring | kula tan sagêd milih | ing sawilêt-wilêtipun | janjinipun sakeca | dipun mirêngakên kyai | kula inggih rêmên yêkti-yêktènira ||
20. marma makatên tur kita | kang awit wilêt kiyai | kathah wiji wijangira | tuwin tuladanirèki | punapa malih kyai | ing atasipun saèstu | sujalma warna-warna | pangrasane datan sami | milanipun pakarti wau sadaya ||
--- [14] ---
21. rosipun ingkang mungayan | sanadyan datan prayogi | myang tan sakeca rinasa | nanging kathah kang ngrênani | punika sampun nami | pantês lungguhirèng sêmu | nahên ta gantya kata | mênggah paraboting gêndhing | kang kapisan wijile sindhèn winahya ||
6. Mijil
1. sangking sèndhèn sindhèn kang pinundhi | tontone kang yêktos | dhadhasare[15] sindhèn mung sumendhe | kulina mring ngirama kang titis | suwara wor gêndhing | mamanise[16] wimbuh ||[17]
2. dadya sindhèn tan wênang ngowahi | salinirèng cengkok | wênange mung wilêt milêtake | sêndhon kaping kalihe jinarwi | pikajênge sami | lan kang sampun katur ||
3. swara kang rèh wilêtirèng gêndhing | yêktinirèng sêndhon | kaping trine kang binasakake | gerong-gerongan ge rungyan kyai | pikajêng winardi | gawe rungonan rum ||
4. dene kidung kêkidung jinarwi | saking kèkèding wor | kèkèt rapêt karakêt balèngkèt | pikajênge kèkèda mring srining | rumpakan kawarti | anglus rupanèku ||
5. arêrêpèn inggih angêrêpi | saking rêrêp aso | liding rêrêp sirêp rèrèh sarèh | karya sarèh mring rasaning ati | wah ngênêng-ênêngi | ngaring-aring kayun ||
6. wêwangsalan satata tiniti | saking wangwang katon | nyawang giris sumêlang rangkêpe | dene salan angsal lan pakolih | pikajêng kaèksi | saangsaling kawruh ||
7. wontên malih bêbasan kiyai | ura-uraning wong | ura udhar ambyar pikajênge | angudhari ambyaring swaraning | rêngêng-rêngêng pinrit | kombang brêngêngêng ngung ||
8. kaping catur suluk anyuluki | pikajêngirèng non | langkung ngêluk ngêlik mring êluke | dumunung nèng jroning cengkok kawin | kawin rêrangkêping | namanirèng suluk ||
9. sayêktine suluk ambukani | ambawani sêndhon |
--- [15] ---
myang saliring prabot gêndhing gêndhèng | kaping gangsal janturan winarni | pikajênge kyai | têtêpirèng atur ||
10. lan aturan têtêpe kiyai | janturên rinaos | têtêp atur aturên têtêpe | kaping nême jinêman jinarwi | mungêl ting talêning | jroning kèndêl wau ||
11. lan jinêman ijêman kahwaling | basa winiraos | saking ija-ija-an têgêse | kêdalira liding lata lukit | wêdaling panganggit | wontên malih atur ||
12. saking janaman kajênging jarwi | ja=n têtêp kawartos | ênam tata ênaman tatane | sayêktine janaman kiyai | têtêpna = tataning | pangrantaming kayun ||
13. tiga wau pundi kang pinilih | lidirèng pasêmon | kapitune grimingan anggrèmèng | pikajênge katabuha lirih | kang wrata mratani | gantya kang kawuwus ||
14. kang kasêbut wayang kang jinarwi | ringgit kramaning wong | wayang ringgit tonton pikajênge | wêwayangan tontonan ujuding | marmanipun pundi | kang dadya pandulu ||
15. wênang lamun kaarana ringgit | utawi wayang wong | nêngna wau mênggah pratelane | wayang wacucal purwa kawardi | purwa saking wiwit | ing kawitanipun ||
16. gêdhog gêdhug têgêse pantoging | panganggiting sêmon | ringgit wau têtiga wangune | wangun kina ingkang andhingini | ujudirèng ringgit | wontên andhapipun ||
17. kaping kalih wangun kang winarni | jujutan ing wangon | jujut dudut kaodot têgêse | marma ringgit jujutan yêktinggil | jajag jêjêg jaging | turut lêngkung-lêngkung ||
18. kaping tri ran bêsutan binêsit | pikajênge pakon | wangun kina kang rinampingake | murih sèbêt cancingan tarincing | wradin ramping nglênging | pasangirèng sêmu ||
19. Kyai Gulang Yarya nyêlani ngling | Sêtu sun pitakon | mungguh wangun têlu mau [ma...]
--- [16] ---
[...u] priye | ingkang êndi kang sira dhêmêni | pun Sêtu mangsuli | botên sagêd matur ||
20. labêt saking bodho kula kyai | dados tan mangrêtos | ingkang pundi kang winastan sae | ringgit kina milandhap sakêdhik | pikajênge anggit | sêsawanganipun ||
21. lamun ringgit katancêbakên ing | tancêban kadêbog[18] | katingal alungguh pangrasane | yèn pinocot saking têtancêbing | cêmpurit ginonjit | kasolahkên mungguh ||
22. wêwayanganira kang nèng kêlir | katingal amodot | janjang jajag jêjêg sasolahe | awit saking cêmpurit ginonjit | punika kiyai | kayêktosanipun ||
23. dene ringgit jujutan utawi | bêsutan rinaos | sadèrènge nèng kêlir wus sae | pramilamba botên sagêd milih | têtelaning anggit | wus dinuman pandum ||
24. ringgit wau rosipun kiyai | kang dados wêwaton | mripatira kang dhihin wastane | panthêlêngan dupèh manthêlêngi | liyêpan ping kalih | lèn gabahan wangun ||
25. liding gabahan ingkang pinêthik | ujuding gabah wos | kaping trine kaaran kadhêlèn | pindha dhêle kang maksih nèng kulit | kadhondhongan kaping | catur ingkang tinut ||
26. woh kadhondhong ping gangsal iribing | bawang sasiyung tos | dupèh bawang sasiyung isthane | ewadene anggènnya karya mrih | prabedaning warni | ing sadaya wau ||
27. sami nangkar-tumangkar ing warni | ujud kang katonton | agêng dhara lit èndhèk dhuwure | nglangak-longok tumungkul saliring | ingkêman utawi | gusèn têgêsipun ||
28. katingala gusine maringis | purihirèng sêmon | untu ugi dados prabedane | untu rampak waradin utawi | untu grontolan lir | garontol kang dèn nut ||
29. untu landhêp pindha rupaning ri | tuwin untu
--- [17] ---
kukon | dupèh pindha kuku ing wujude | gantya pasêmon kang nyarambahi | prabu = sumèh = wingit | bêngis nyêngit nyrandu ||
30. lanas pêdhês ganggas ladak andik | manthêng kêncêng kêndho | galak klêthak sadaya samine | nêngna wau gantya kang winarni | wandanirèng ringgit | sayêkti mêgatruh ||
7. Megatruh
1. sangking kira = tontone wănda katangguh | dhapure sawiji-wiji | kuwasa darbe wăndèku | susulan lungsèn ngrangkêpi | mamrih ing sawarna kaot ||[19]
2. wănda wau mênggah wiji wijangipun | kang sampun kula sêrêpi | kilap lêrês lêpat ulun | kadêrêng matur kiyai | sakawontênaning batos ||
3. Sang Hèrjuna miwiti wanda cinatur | Jayèngkatong ran wanda wit | kinanthi rangkêpanipun | wanda jimat kang kaping dwi | kanyut tri wanda sêmu nom ||
4. kaping catur wănda mangu = inggih kadung | gantia Radèn Pamadi | wandane kalih winuwus | pangawe miwah pangasih | Wara Sumbadra darbe ro ||
5. wănda sèdhêt kalihira wănda ngrangkung | kocap Sri Krêsna Narpati | wanda pinandarèng wardu | ran gêndrèh gidrah ngrangkêpi | dwi wanda wingit lan rondhon ||
6. dene Aryya Wêrkudara darbenipun | wanda lintang Bimasakti | wanda mimis inggih kêdhu | rangkêping wanda kaping dwi | ping tri wanda lindhu panon ||
7. Risang Aryya Gathutkaca gantya katur | wandanira warna katri | kilat thathit tuwin guntur | dene Rêtna Banowati | wanda golèng[20] kalih bentrok[21] ||
8. yèn Sang Prabu Duryudana wănda jangkung | wanda jaka kaping kalih | gantya Baladewa Prabu | ing wanda warnanira tri | gègèr lan sambada ping ro ||
9. wanda ping tri kagèt paripaksa nungsun | kacarita Dyan Sêtyaki | katri ing wêwandanipun | mimis wisuna
--- [18] ---
myang akik | Dyan Narayana kacriyos ||
10. wandanira kêkalih mungayanipun | galênês kalihan rungsit | dene Dyan Sămba winuwus | ugi wandanira kalih | wanda banjêt lawan sombro ||
11. gantya Bambang mung kêkalih wandanipun | wanda miling lan padhasih | Sêmar wandanira ginuk | dhukun nyènyès jangkêp katri | dene Bagong wanda gêmbor ||
12. kalihipun wanda Bagong aran gilut | Nala Garèng wanda bêngis | andalurêk kalihipun | wandane Petruk winarni | anjêbamblang saha gênjlong ||
13. sampun têlas kang darbe wanda tinangguh | kajawi anggit nusuli | punika kawula nuwun | nyuwun dukane kiyai | wit kula dèrèng nate wroh ||
14. dene ringgit kang botên darbe wăndèku | ngamungkên raning pribadi | ing sawiji-wijinipun | utawi amirib-irib | mring kang darbe wănda tanggoh ||
15. wontên malih tur kula kang dèrèng katur | ujuding mripatan ringgit | warna kalih wijangipun | jaitan balutan dwining | rota danawa kacriyos ||
16. lan wanara gandarwa = ugi rong ujud | wontên kang mripat satunggil | wontên kalih mripatipun | sesa-sesa kang ngyasani | kadosdene kang kawiyos ||
17. wănda wangun pasêmon sasaminipun | myang kathah kêdhiking ringgit | punika ugi gumantung | sênêng parênge pribadi | dadya tan kenging winaton ||
18. kang kasêbut ringgit kalithik puniku | kabêkta saking swaraning | dupèh ting klithik kumluthuk | labêt kayu kang kinardi | ngèmpêr ringgit carma wangon ||
19. ringgit krucil alit ngruwil mêncil-mêncul | ujude inggih ing nami | wayang golèk golèk tinut | golèk pindha rupa jalmi | tranging wayang bèbèr gantos ||
20. bèbèr saking jèrèng ginêlar lidipun | dalancang kang
--- [19] ---
cinitranggit | kenging kabèbèr ginulung | marmanta bèbèr ing nami | nami kabêktèng traping don ||
21. kunêng wayang gantya topèng kang winuwus | têgêse topèng tutuping | nutupi rai aniru | rupane wayang pinirit | rangkêpane nama kêdhok ||
22. liding kêdhok bageyan pikajêngipun | rupa bageyaning rai | dene tyang panopèng wau | mawi jogèt mimba ringgit | kenging ugi ran wayang wong ||
23. myang ran wuyung mênggahing pikajêngipun | tontonên solah lan warni | marmanipun têmbung wuyung | dinamêl basan prihatin | wah purih kang dèrèng klakon ||
24. nêngna wau kang sampun gantya cinatur | trapsila punika kyai | patraping lungguh tinangguh | unggah-ungguh dèn kapanggih | pratingkah mring samaning wong ||
25. marmanipun ing pundi-pundi saèstu | janji wontên cara jalmi | trapsila wau tan kantun | inggih sabăngsa-bangsaning | rose ywa damêl runing wong ||
26. nadyan luhur wibawa waskithèng kawruh | wasis sabarang pakarti | yèn tan ngangge unggah-ungguh | pratingkahe plonthang-planthing | anyanyêngit bêngis rusoh ||
27. dêksura dur dirga malancang ing tanduk | sintên tiyang kang kuwawi | kapanggih ginêman dangu | lah punika bokmanawi | lawan trapsila sêsatron ||
28. santun atur nahên ta ingkang puniku | kang sinêbut trap patraping | ambêksa saking ing têmbung | ambêk ambêbêg nandhêgi | ngêndhong nandho liding sêmon ||
29. pikajênge ambêksa punika wau | ambêksa liring tingkah writ | wasis pasangirèng sêmu | sawênèh wontên mastani | ambêsus satraping wangon ||
30. kinèn bêsus saliring pratingkah tanduk | patrap patitis mantêsi | tatas mring ngirama putus | lah kalih wau kang pundi | kinarsan timbanging bobot ||
31. lamun têmbung ngoko anjogèt ranipun [rani...]
--- [20] ---
[...pun] | saking anjog mênggah liding | dhumawah ngandhap tumurun | myang jog wêwah kêrêp pinrit | dene gèt gègèt agogot ||
32. gègèt rukêt mênggahing pikajêngipun | anjogèt dhawah rukêt mring | pacak sajak patrap bêsus | yêkti pacaking wong salin | lan sadèrènge jogèt wong ||
33. titi têlas Gulang Yarya wacana rum | Sêtu sapa kang bawanggit | anane mardawèng lagu | saliring bab olah rawit | Sêtu kumambang turnya lon ||
8. Maskumambang
1. tănta-tanta dhadhakan witirèng nguni | kuwasaning dewa | sumrambah praptèng samangkin | malad-mèlèding krawitan ||[22]
2. Hyang Bathara Guru ingkang ambawani | saliring gitama | mardawa nung olah rawit | krawitan witing pangripta ||
3. Sang Hyang Jagad Nata sawuse anggalih | têmbung kawi arja | sajarwanta praptèng wardi | lèn têmbung ngoko lan krama ||
4. kasusastran tarlèn wigatèng rat pinrih | tumulya anggita | mring têmbang tuwin sêkaring | minăngka têtalènira ||
5. myang minăngka sari-sarining swara sri | lagu lugonira | tulèn sawantah saking wit | minăngka watoning swara ||
6. ingkang nama têmbang tuwin sêkar kawin | agêng lan têngahan | macêpêt tuwin talisir | cacah wiji wijangira ||
7. sampun kawrat wontên pèngêtan piningit | ing nalikanira | jêng guprêmèn ambawani | sakolahanirèng Jawa ||
8. Tuwan Karêl Prèdrik Wintêr jru basaning | kang kinèn ngumpulna | ing cacah utawi nami | wêwiji wijanging têmbang ||
9. Dyan Tumênggung Yasadipura ping kalih | paguroning têmbang | tambah winimbuhan dening | Dyan Bèi Rănggawarsita ||
10. wus kinumpul kawrat srat palêkat titih | dumunung nèng sana | pirantos sakolah Jawi | babon myang watoning têmbang ||
11. nanging wontên têmbang kang carang saking wit | panganggitanira | pra gusti lawan pra wasis |
--- [21] ---
ing sajroning tanah Jawa ||
12. sakalangkung kathah warnaning panganggit | Kyai Gulang Yarya | alon nabda têtanya ris | Sêtu sun ayun uninga ||
13. kang kocatur têmbang carangan sêkawit | ya kang pasthi sira | măngsa wruha kabèh ngênting | wit jêmbar ing nuswa Jawa ||
14. nanging ingsun kadêrêng kudu nyurupi | ya sakawruhira | têmbang lan sapa kang nganggit | tan ketang tri bae nrima ||
15. Sêtu matur kula sakalangkung ajrih | matur bab punika | labêt kang kula sêrêpi | mung sakêdhik botên misra ||
16. măngka ingkang botên kula sumêrêpi | sasat ewon tusan | kadospundi kadospundi | wondene sumănggèng karsa ||
17. yèn narimah namung kang kula sêrêpi | saking pakabaran | Jêng Ratu Kancana nguni | garwa dalêm Jêng Susunan ||
18. Surakarta Pakubuwana kaping tri | yasa nganggit sêkar | macêpêt ingkang tinandhing | kasêbut sêkar pringgitan ||
19. yasan wau nanging tan sinalin nami | namung wêwah nama | kados ta sêkar kinanthi | ran kinanthi paringgitan ||
20. lah makatên sapanunggilane nami | wontên malih sêkar | ugi macêpêt pinêthik | yasanira Jêng Pangeran ||
21. Arya Kusumadilaga ugi nagri | Surakartaningrat | inggih tan sinalin nami | mung sinung wêwah wastanya ||
22. ingkang mimba sinom ran sinom pangrawit | ngèmpêr mijil sêkar | karan mijil larasati | lan mijil tămba nêng rannya ||
23. sarkarane kaaran bawang sumilir | myang dhalang krainan | tlutur samya dhandhanggêndhis | lan dhandhang marwata = slendra ||
24. kinanthine ran kinanthi pêtung langking | kinanthi genjong myang | kaworan sêkar satunggil | jrudêmung sêkar têngahan ||
25. ugi genjong genjong gêndhing kang tinandhing | asmaradana ran | nang-onang gêndhing pinundhi | kocapa kangjêng pangeran ||
26. karêmira andhalang nyolahkên ringgit | mila anggitannya [ang...]
--- [22] ---
[...gitannya] | kathah labêt nyalirani | nahên ta gantya kocapa ||
27. yasanira Jêng Gusti Pangran Dipati | Kaping Pat Nararya | Mangkunagara mandhiri | yasanggit sêkar macêpat ||
28. sinom têloloran sêndhon kang katindhih | asmaradonanya | mandrakusuma mastani | dene sêkar kang têngahan ||
29. gitasmara lawan ron martana nami | sêkar priyasmara | pronasmara pangajap sih | sêkare agêng winahya ||
30. mintajiwa lan sêkar kusumastuti | tuwin padmasmara | lawan sêkar pamularsih | gangsale kumudasmara ||
31. lan yasanggit sêkar sasêndhoning gêndhing | kang cinitrèng kata | caraka basaning sari | myang wulang sêmon saminya ||
32. langên-gita tuwin walagita nami | rajaswala lawan | puspagiwang puspawarni | puspanjala tarupala ||
33. miwah sitamardawa lan lêbdasari | laguning sêndhonan | tinut cengkokirèng gêndhing | dene kang tanpa sêndhonan ||
34. aran mesaliwung lêladrangan gêndhing | dadya cacahira | sêkar gêndhing wêwah warni | utawi ayak-ayakan ||
35. ran kaloran mangarcana myang mastuti | janaman jinawat | kajèjèr jajar kajawi | kang wus wor laguning têmbang ||
36. ran janaman lara kèwês pêtung liris | lawan candhi rêtna | cere mende gathik glindhing | wus têlas sêrêpan kula ||
37. liya saking punika wau kiyai | kathah tur sakeca | anggit tumrap gêndhèng gêndhing | nanging sintên ingkang yasa ||
38. kula botên uninga kang bawa anggit | nêngna kang kocapa | mangsuli witirèng nguni | Hyang Bathara Jagadnata ||
39. dènnya ngripta gamêlan pamanggih saking | pring bolong sumrawang | sumruwung katampêg ngangin | kapindha dadya sawangan ||
40. gya nusuli ing pêpindhan dadya suling | sinungan pêparab | kaaran gêndhing calumpring | wuluh ginandhèng ing swara ||
41. kalihnya ran kala kalowongan warni | yêktinipun
--- [23] ---
kêndhang | ngiras têngaraning jurit | kang kaping tri nama săngka ||
42. dupèh warna mancorong mimba hyang rawi | myang săngka sangkanya | saking găngsa kang kinardi | ran gong ugi tangarèng[23] prang ||
43. kaping catur sauran kênong ngujudi | pamatut limanya | ujudipun kêthuk wani | jangkêp gangsal wêwinihnya ||
44. kang minăngka watoning gita ngrêrangin | gêndhing kalasăngka | sauran pamatut titi | tinut tatanirèng gita ||
45. nulya rinat lan pra jawata kang wasis | wuwuhirèng warna | wah suwara myang saliring | mrih sakecane rinasa ||
46. kathah dewa ingkang samya nambut kardi | wontên damêl warna | myang suwara kang pinurih | rinaras rasaning driya ||
47. sasampuning rampung rampinging panganggit | gya sinungan nama | gamêlan salendra tuwin | ran pusaka lokanata ||
48. dewa rêsi kaajar nabuh angrangin | myang kinèn iyêga | panitih tabuh katitis | pangolah dèn rêmpêg rampak ||
49. marmanira katêlah praptèng samangkin | tyang nabuh gamêlan | wasta nayayêga tuwin | niyêga inggih iyaga ||
50. amangsuli pusaka lokanata ji | sring sinambut marang | ing marcapada narpati | kang katrima ing jawata ||
51. panyambute pra narendra datan uning | warnane salendra | mung swaranya kang kapyarsi | wit munya nèng awang-awang ||
52. wontên malih gong bêndhe tangarèng jurit | tiyang marcapada | tan sagêd niru akardi | ngamungkên paringing dewa ||
53. yêktènira duk jaman kadewan nguni | langên marcapada | mung sinawung kêndhang suling | gong bêndhe miwah kidungan ||
54. lokanata manggèn kinarya gamêli | prajurit Kaendran | putra wandawa dewa di | dènnya linggot bawèng wuntat ||
9. Pangkur
1. aran Wira Dorandara | yayah kadya ingakên hyang siniwi | tontonên trap tandangipun | dhasar samya taruna |
--- [24] ---
kulina mring tanduke gaman prang pupuh | sura sakti măndraguna | mamasang[24] sasmita lantip ||[25]
2. yèn nuju ajar ngayuda | mawi kaslan linggot bawa rumiyin | tandya tandangira tanduk | wasis bêsus tingkahnya | tètès tatas titis mring ngirama putus | kang kasêbut linggot bawa | anjogèt punika kyai ||
3. marma Wira Dorandara | karan wira aèng rangkêping nami | wirèng wiraèng kang tinut | aran myang pratingkahnya | kocap Sang Hyang Guru langkung rênèng kalbu | miyat Wira Dorandara | sarêng tingkah mawi gêndhing ||
4. nulya widdhadari sapta | kinèn tingkah linggot bawa saliring | luwês kèwês wasis bêsus | sinung ran sèbêt dhaya | lire dupèh sèbêt dayanirèng tanduk | yèn kinèn rèrèh kang tiga | kantun kapat ran sarimpi ||
5. sari-sarining tontonan | têtelan ta tinut praptèng samangkin | solah tingkah tandangipun | tuwin sanamanira | kagêm para narendra turun-tumurun | myang wong agung tanah Jawa | minăngka srining jro puri ||
6. wontêne badhaya sanga | duk karaton Sêgaluh kang pinirit | mangsuli dewa winuwus | sangsaya sru angripta | wêwahira gêndhing gêndhèng cengkok lagu | katangkar karawitan ta | tinut kanut tinatanggit ||
7. nêngna dewa suralaya | kang kocapa rikala jaman nagri | Jênggalamanik winuwus | Sang Panji Kasatriyan | Ino Kartapati ya Asmarabangun | sadèrènge madêg nata | maksih prabu nom mandhiri ||
8. karêm olah kaprawiran | myang saliring rèh pangrèhing dumadi | nanging samudananipun | lêlangên pakumpulan | siniwi mring kadeyan myang punggawa gung | Sang Panji waskithèng gita | mardawa nung olah rawit ||
9. mila sru onênging nala | labêt marcapada dèrèng amanggih | pradăngga rênggan kalangyun | kang kadya lokanata | eling-eling yèn titise Sang Hyang Wisnu | sanalika wus
--- [25] ---
kadriya | dènnya karya gita rangin ||
10. Sang Panji sigra amatah | kadang catur myang kadeyan kang warni | kalawija ugi catur | pinurih lêlawana | dènnya karya gamêlan Asmarabangun | tandya tumandang pinarak | prak parapèn nambut kardi ||
11. angasta uthik namanya | kanan kering kinarya molak-malik | sinom prada pasang jungut | sadhiya ngarsèng raka | ngasta sapit angêntas badhe puniku | kabêkta mring lêlandhêsan | sela itêm kang piranti ||
12. de kang badhe malu găngsa | Radèn Wirun angasta palu alit | andaga madyaning palu | palu agêng dyan kalang | Dhoyok Bancak Sêbul Palèt samya nglamus | lamuse warni sakawan | agêng dhara-dhere alit ||
13. yèn karya alit-alitan | lamusipun mung satunggal myang kalih | pun Palèt utawi Sêbul | wau salah satunggal | tuwin kalih pisan kang kangge ing ngriku | sinigêg atur kawula | punika wau nyrambahi ||
14. witipun ing marcapada | wontên tiyang sagêd damêl saliring | gamêlan sasaminipun | jalaran saking Radyan | Panji Kuda Rawisrêngga Marabangun | marmanta praptèng samangkya | tiyang tukang nênular wit ||
15. yèn nuju damêl gamêlan | amêmindha sadaya ran pinundhi | yèn tan mindha namanipun | sayêktine gamêlan | sèstu cacad kilap swara kilap ujud | mila ywa kalalèn nala | pra tukang eling dèn eling ||
16. dene yèn tan nambut karya | tukang wau kaaran tukang gêndhing | amangsuli atur ulun | kyai dhatêng paduka | kang kinarya dene Sang Asmarabangun | gamêlan wau salendra | lokanata kang pinirit ||
17. Kyai Gulang Yarya nabda | mêngko Sêtu sun tanya anyêlani | karsane Sang Panji iku | apa tan piningida | dene banjur ana wong kang bisa niru | gawe saliring gamêlan | pun Sêtu inggal mangsuli ||
18. karsane [karsa...]
--- [26] ---
[...ne] Sang Kasatriyan | marma datan winadi lan piningit | ing tekadira tan surut | dahat pracayèng dewa | sanadyana katiru sadayanipun | wahyune măngsa tirua | nugrahaning jawata di ||
19. kata myang manggoning swara | lungguhirèng sêmu titis mantêsi | pramila salajêngipun | pra abdi ing Jênggala | samya nulat sadugènipun pan niru | Sang Panji rêna tyasira | dene prajane prayogi ||
20. samana praja Jênggala | datan wontên barang awon myang kripik | awit kang jumênêng ratu | antuk nugrahaning Hyang | sumrambah mring pra wadya myang punggawa gung | botên Janggala kewala | sanadyan ing măncanagri ||
21. kabèr karoban pawarta | samya nulad maniru amêmirit | inggih sadumuginipun | Sang Panji Kasatriyan | tan gumingsir sadaya pratingkah wau | lamun gumingsira radyan | kados-kados ingkang pasthi ||
22. para tukang pinêjahan | dados botên wontên tukang pakarti | sirna barang prayogistu | jroning bawah Jênggala | nêngna wau Sang Panji Asmarabangun | langkung manrima mring kadang | wolu kang lawan pakarti ||
23. marma sanadyan kathaha | para kadang kadeyan kang linuwih | nanging tan kadya asthèku | karakêtirèng radyan | margi sampun jodho sasmita katangguh | nadyan warni gulang-gulang | ing lêlangên wus nyondhongi ||
24. inggih punika wastanya | sampun lênggahirèng sêmu mantêsi | awit wus sinungan pandum | saking Widdhi Bathara | pirantose Sang Panji Asmarabangun | dènnya bawa kawiryawan | upami punika salin ||
25. salah satunggal kewala | inggih măngsa ambutuhna pakarti | nanging yèn dèrèng pikantuk | idi panduming dewa | bokmanawi wontên prabedaning sêmu | marmanta Sang Kasatriyan | ngrakêt labêt wruh ing pasthi ||
26. sadadosipun salendra | sira Radyan Ngasmarèng olah rawit | mèh tan wontên sanèsipun [sanès...]
--- [27] ---
[...ipun] | lawan Ngendrabawana | kalokèng rat kaonang-onang warta nung | tan ngamungkên nuswa Jawa | kewala kang kanyut warti ||
27. tumêka ing tanah sabrang | samya praptèng nagri Jênggalamanik | singidan sumêdya niru | kawibawaning radyan | tuwin tata têntrêm trapsilaning wadu | adil warata dananya | nêngna carita durmani ||
10. Durma
1. rikalanya karaton nagri ing Dêmak | sang waliolah wiwit | tontone agama | dhadhakan amawa prang | kuwasane para wali | surayèng laga | mamrih ing Majapait ||[26]
2. sawusira bêdhah nagri Wilatikta | ngalih ing Dêmak nagri | kapunggêl lurannya | wali sanga kocapa | kang măngka waton ngugêri | ing nuswa Jawa | têtêpirèng agami ||
3. Rasullulah Salalhu Ngalehisalam | pangulu kang mandhiri | Jêng Susunan Benang | samana pakumpulan | lawan pra wali anggalih | wah ing urmatan | luhurirèng jêng nabi ||
4. yèn pinuju ing wulan Rabingulawal | wiyosan ta jêng nabi | tumbuk lan sedanya | wus dadya adat Ngarab | urmat Mauludan sami | wau karsanta | wontêna wêwahing wit ||
5. tur nglêrêmi karême wong nuswa Jawa | sanalikantuk anggit | amirib salendra | lokanatèng Kaendran | ingkang tinandhing sinalin | laras myang warna | wilahan pitung iji ||
6. wijinira laras êmbat kang tinulad | tilawat Arab pinrit | kadadosanira | inggih pelag punika | ananging dipun kirangi | pêpangkonannya | kêndhang bêdhug gumanti ||
7. sinung aran sakati mênggah karsanta | dupèh saka ing ati | têtêpe anggitan | sakatèn rangkêp ing ran | yèn Rabingulawal sasi | munya gyanira | palataraning masjid ||
8. karsanira wau para wali sanga | mêwahi urmat nabi | wontên nuswa Jawa | dadya timbanganira | lokanata lan sakati | pasaran dina | myang saking wêwaton writ ||
--- [28] ---
9. marmanira lulus trus praptèng samangkya | tinut tata tinitin | mring Narendra Jawa | mangsuli têgêsira | gamêlan sampun winardi | ing dhandhanggula | dene gita ngrêrangin ||
10. têgêsipun anggitan saking maruta | swara kang nyakecani | mila ran pradăngga | saking para diangga | kaagêm dening para ji | myang dipun angga | pra kadonyan pra luwih ||
11. lokanata têgêse loka panggonan | nata namanira ji | wah nata tatanta | pikajêngirèng aran | anggone para narpati | tuwin tinata | ing lêlangên ngênggoni ||
12. nêngna wau gamêlan gantya kocapa | Jêng Sunan Benang wiwit | angandika marang | Jêng Sunan Kalijaga | ki jêbèng sira sun prêdi | nganggita marang | tontonan mikatoni ||
13. kawuryane carita kalaning Buddha | kadewatan pra rêsi | ing têmbe kênaa | kinarya ing tontonan- | ira kawiryawan Jawi | sigra Jêng Sunan | Kalijaga nanggupi ||
14. gya umêsat tan antara manggih sela | katon cêtha kang tulis | rajahirèng Buddha | rajah wau tri warna | kadriyèng Sinuhun Kali | tinrap daluwang | sinung wasta kang tulis ||
15. Sang Hèrjuna Gathutkaca Baladewa | katri winih miwiti | marma jaman kuna | ana wong paribasan | rêjuna rêjuna lêmpit | Sang Gathutkaca | Baladewa jangkêp tri ||
16. lah punika kalêmpit salaminira | myang dadose linêmpit | sinung aran wayang | ringgit ing kramanira | wayang bèbèr glar inganggit | sigra upaya | tumangkar ingkang pinrih ||
17. dene Arya Wêrkudara kang pinindha | saking grêmênging langit | dunungirèng lintang | bimasakti warnanta | rampung panggitaning ringgit | kang sagah dadya | dhalang nglampahkên ringgit ||
18. Jêng Susunan Kudus kalbèng wali sanga | padhalangan wus mranti | têgêsipun dhalang | angudhal kang carita | myang ngudhal traping kêkawin | nuju samana | lairing Jaka Tingkir ||
19. samya jagong kumpulan nginggali gêlar | ambabar
--- [29] ---
bèbèr ringgit | marmanta tan samya | lan warnane manuswa | kados wontên writing kapti | gantya kocapa | cinêgat kala nagri ||
20. ing Mataram jumênênge Panêmbahan | Ngalaga Senapati | wontên trah uliya | kang kasêbut pangeran | namanta kabêkta saking | padalêmannya | ing Karanggayam nguni ||
21. Panêmbahan Senapati langkung trêsna | mring pangeran amargi | jodho mardawanta | kalangyan duk Mataram | kinèn mêdharkên srat surti | tumrap sarkara | lan aksara sinalin ||
22. ginantia aksaranya Ajisaka | pangeran angrampungi | Kangjêng Panêmbahan | Senapati Ngalaga | mêwahi surasèng surti | wêwulangira | tumrap kasenapatin ||
23. liya wau kathah wijang wigatèng rat | wêdharing senapati | myang anggitan marang | gêndhing gêndhèng ginandhang | mardawa nung olah rawit | Jêng Panêmbahan | yasanira kêkawin ||
24. katut marang gugunge[27] gêndhing lan têmbang | labêt tan dèn titèni | mung gêndhing satunggal | ran sinom kang kawuryan | myang sêndhon katawang nami | dadya tuladan | ing kêthuk kênong gêndhing ||
25. duk samana Panêmbahan Senapatya | angutus anggita mring | Pangran Karanggayam | wêwahirèng gamêlan | pangran sandika nanggupi | sigra mangripta | waton saking sakati ||
26. laras êmbatan wontên prabedanira | ricikan dèn jangkêpi | timbang lan salendra | sarta sinungan aran | gamêlan pelag ngerami | dadya pinerang | gamêlan lan sakati ||
27. nanging pelag dèrèng wontên gêndèrira | labêt kang makèwêdi | dununge wilahan | pelag kang dados sabab | tuwin kinarsakkên malih | anganggit munggang | munggèng kapraboning sri ||
28. pantês mawa wingiting para narendra | dene ngisore nami | ran kabêktèng swara | dupèh wontên kang mimba | kodhokngorèk ngèrèk ngêrik | orok-orokan | rame ngèrèng
--- [30] ---
cumlêring ||
29. marma munggang sinêngkêr ing para nata | palimarma mring dasih | wit munggang tan bisa | solan-salin gêndhingan | pangeran anganggit malih | luwêsing wayang | bèbèr gambuh mring nganggit ||
11. Gambuh
1. tontonên citranipun | dhadhag nging tan bisa molah tanduk | kuciwa nèng daluwang ujuding ringgit | susah kalamun pinuju | mamrih salining patêmon ||[28]
2. marmanta karsanipun | Pangran Karanggayam nêdyambangun | ing paedah binudi dadosing anggit | têtela ringgit carmèku | kasêbut purwa lan gêdhog ||
3. ing ngriku wontênipun | ringgit cucal lan wănda katangguh | myang tinata tinut pantêsirèng ringgit | purwa salendra dinunung | pelag dunungirèng gêdhog ||
4. tuwin trap pangkatipun | pathêt gêndhing janturan myang suluk | ing lêlakon gancaring crita cinari | sadaya sasaminipun | pagunan dhalang kang manggon ||
5. pangeran kang ambangun | ing lêlangên ringgit wayang wuyung | ringgit golèk kalithik krucil amêncil | kêdhok topèng tunggilipun | ringgit talèdhèk kawiyos ||
6. têgêse ringgit wau | tontonan dene talèdhèkipun | têtela dhèk kabêdhèk nglêlèdhèk ati | tandhak tandhêg jogèt tamtu | ronggèng rong angga aèng don ||
7. yêktine ronggèng sèstu | ngangge kalih kaaènganipun | wagêd jogèt wah sindhèn sêndhoning gêndhing | pamonge kaaran badhut | tumiba dhadhut kêdhut tos ||
8. mênggah pikajêngipun | dhawahing don ulêt mrih ginuyu | tahan wirang kalerehane winarni | kaaran têkèk liripun | têtêg ngèkèk ginuyu wong ||
9. wontên malih kawuwus | kang kasêbut mondrèng têgêsipun | mandêr aèng nyandêr anganèh-anèhi | têgêse gêndruk gêndra ruk | gêdêre nyaruk sasêndhon ||
10. dungik têgêse ngidung | dene panjak paajak lidipun |
--- [31] ---
manggèn lêngganan dèn ajak nambut kardi | sinigêg gantya winuwus | amangsuli winiraos ||
11. mênggahing lênggahipun | pangeran ing Karanggayam wau | amardikan nanging nêdyambiyantoni | ing lêlangênirèng ratu | sagêd nangguh ing sapakon ||
12. nahên ta kang wus katur | ing carita rêringkêsanipun | kocap kala Ngayugyakarta nagari | jumênênge kang sinuhun | jêng sultan kapisan katong ||
13. mangkana maha prabu | karêm olah ngayuda dibya nung | măndraguna karya labêt ing nagari | samana ingkang sinuhun | tan marêm panggalih katong ||
14. miyat ing tandang tanduk | ringgit carma kirang nyamlêngipun | lawan tiyang sayêktos yèn mangun jurit | dadya yasanggit lêlangyun | binudi dadya wayang wong ||
15. jêng sri narendra wau | langkung kathah lêlabêtanipun | wus kagolong kawontênaning samangkin | nêngna wau kang winuwus | cinêgat gantya wiraos ||
16. kala jumênêngipun | narendra ping pat ingkang Sinuhun | Pakubuwana Surakarta nagari | liring kaprabon binangun | myang rêrawit mardawèng don ||
17. kanthinira sang prabu | lêlawan rèh pangrèhing panambut | ri narendra Jêng Panêmbahan Jêng Gusti | Buminata lan sang prabu | tunggil ibu sori katong ||
18. akathah warnènipun | glaring anggit enggal ing lêlangyun | bêksa miwah sêkar wilêt gêndhèng gêndhing | sadaya sampun dinunung | ing srat palêkat kinaot ||
19. dene ta jêjêripun | anggit dalêm priyangga sang prabu | kawor lawan anggitan inguni-uni | labêt tan tinitèn tamtu | têtelane wus carub mor ||
20. anamung babing ujud | ing gamêlan tinitèn ingkang wruh | wontênipun gêndèr pelag lan saliring | mrayogi pirantosipun | kang dumunung langên katong ||
21. miwah wêwijangipun | pangkat gêndhing gêndèr kalihipun | gêndhing bonang
--- [32] ---
sinilah sèlèh pakolih | calêmpung sinantun wangun | prayogistu tur pitados ||
22. wau ta lajêngipun | ing sasurud dalêm jêng sinuhun | tuwin sasuruding Panêmbahan Gusti | Nararya Buminatèku | praptane jaman samangko ||
23. wêwahirèng lêlangyun | têmbang gêndhing gêndhèng wilêtipun | sakalangkung kathah ingkang bawa anggit | sanuswa Jawa wus carub | mirib inirib wrata byor ||
24. titi turipun Sêtu | Kilwon[29] enjing lèk ping nêm pinuju | wulan Rajab taun Dal sangkalèng warsi | trus anglèng swara rupèku |[30] Gulang Yarya yèn mêrabot ||
Ing ngandhap punika amangsuli sêkar maskumambang malih, awit ing ngajêng wau kathah kêkiranganipun.[31]
12. Maskumambang
1. tănta-tanta: dhadhakan witirèng nguni | kuwasaning dewa | sumrambah praptèng samangkin | malad-mèlèding krawitan ||[32]
2. Hyang Bathara Guru ingkang ambawani | saliring gitama | mardawa nung olah rawit | krawitan witing pangripta ||
3. Sang Hyang Jagadnata sawuse anggalih | têmbung kawi arja | sajarwanta praptèng wardi | lèn têmbung ngoko lan krama ||
4. kasusastran tarlèn wigatèng rat pinrih | tumulya anggita | mring têmbang tuwin sêkaring | minăngka têtalènira ||
5. myang minăngka sari-sarining swara sri | lagu lugonira | tulèn sawantah saking wit | minăngka watoning swara ||
6. ingkang nama têmbang tuwin sêkar kawin | agêng lan têngahan | macêpêt tuwin talisir | cacah wiji wijangira ||
7. sampun kawrat wontên pèngêtan piningit | ing nalikanira | jêng guprêmèn ambawani | sakolahanirèng Jawa ||
8. Tuwan Karêl Prèdrik Wintêr jru basaning | kang kinèn ngumpulna | ing cacah utawi nami | wêwiji wijanging têmbang ||
9. Dyan Tumênggung Yasadipura
--- [33] ---
ping kalih | paguroning têmbang | tambah winimbuhan dening | Dyan Bèi Rănggawarsita ||
10. wus kinumpul kawrat srat palêkat titih | dumunung nèng sana | mirantos sakolah Jawi | babon myang watoning têmbang ||
11. nanging wontên têmbang kang carang saking wit | panganggitanira | pra gusti lawan pra wasis | ing sajroning tanah Jawa ||
12. sakalangkung kathah warnining panganggit | Kyai Gulang Yarya | alon nabda têtanya ris | Sêtu sun ayun uninga ||
13. kang kocatur têmbang carangan sakawit | ya kang pasthi sira | măngsa wruha kabèh ngênting | wit jêmbar ing nuswa Jawa ||
14. nanging ingsun kadêrêng kudu nyurupi | ya sakawruhira | têmbang lan sapa kang nganggit | tan ketang tri bae nrima ||
15. Sêtu matur kula sakalangkung ajrih | matur bab punika | labêt kang kula sêrêpi | mung sakêdhik botên misra ||
16. măngka ingkang botên kula sumêrêpi | sasat ewon tusan | kadospundi kadospundi | wondene sumănggèng karsa ||
17. yèn narimah namung kang kula sêrêpi | saking pakabaran | Jêng Ratu Kancana nguni | garwa dalêm Jêng Susunan ||
18. Surakarta Pakubuwana kaping tri | yasa nganggit sêkar | macêpêt ingkang tinandhing | kasêbut sêkar pringgitan ||
19. yasan wau nanging tan sinalin nami | namung wêwah nama | kados ta sêkar kinanthi | ran kinanthi paringgitan ||
20. lah makatên sapanunggilane nami | wontên malih sêkar | ugi macêpêt pinêthik | yasanira Jêng Pangeran ||
21. Arya Kusumadilaga ugi nagri | Surakartaningrat | inggih tan sinalin nami | mung sinung wêwah wastanya ||
22. ingkang mimba sinom ran sinom pangrawit | ngèmpêr mijil sêkar | karan mijil larasati | lan mijil tămba nêng rannya ||
23. sarkarane kaaran bawang sumilir | myang dhalang krainan | tlutur samya dhandhanggêndhis | lan dhandhang marwata slendra ||
--- [34] ---
24. kinanthine ran kinanthi pêtung langking | kinanthi genjong myang | kaworan sêkar satunggil | jrudêmung sêkar têngahan ||
25. ugi genjong genjong gêndhing kang tinandhing | asmaradana ran | nang-onang gêndhing pinundhi | kocapa kangjêng pangeran ||
26. karêmira andhalang nyolahkên ringgit | mila anggitannya | kathah labêt nyalirani | nahên ta gantya kocapa ||
27. yasanira Jêng Gusti Pangran Dipati | kaping pat Nararya | Mangkunagara mandhiri | yasanggit sêkar macêpat ||
28. sinom têloloran sêndhon kang katindhih | asmaradananya | mandrakusuma mastani | dene sêkar kang têngahan ||
29. gitasmara lawan ron martana nami | sêkar priyasmara | pronasmara pangajap sih | sêkare agêng winahya ||
30. mintajiwa lan sêkar kusumastuti | tuwin padmasmara | lawan sêkar pamularsih | gangsale kumudasmara ||
31. lan yasanggit sêkar sasêndhoning gêndhing | kang cinitrèng kata | caraka basaning sari | myang wulang sêmon saminya ||
32. langên-gita tuwin walagita nami | rajaswala lawan | puspagiwang puspawarni | puspanjala tarupala ||
33. miwah sitamardawa lan lêbdasari | laguning sêndhonan | tinut cengkokirèng gêndhing | dene kang tanpa sêndhonan ||
34. aran mesaliwung lêladrangan gêndhing | dadya cacahira | sêkar gêndhing wêwah warni | utawi ayak-ayakan ||
35. ran kaloran mangarcana myang mastuti | janaman jinawat | kajèjèr jajar kajawi | kang wus wor laguning têmbang ||
36. ran janaman lara kèwês pêtung liris | lawan candhi rêtna | cere mende gathik glindhing | wus têlas sêrêpan kula ||
37. liya saking punika wau kiyai | kathah tur sakeca | anggit tumrap gêndhèng gêndhing | nanging sintên ingkang yasa ||
38. kula botên uninga kang bawa anggit | nêngna kang kocapa | mangsuli witirèng nguni | Hyang Bathara Jagadnata ||
39. dènnya ngripta gamêlan [gamê...]
--- [35] ---
[...lan] pamanggih saking | pring bolong sumrawang | sumruwung katampêg ngangin | kapindha dadya sawangan ||
40. gya nusuli ing pêpindhan dadya suling | sinungan pêparab | kaaran gêndhing calumpring | wuluh ginandhèng ing swara ||
41. kalihnya ran kala kalowongan warni | yêktinipun kêndhang | ngiras têngaraning jurit | kang kaping tri nama săngka ||
42. dupèh warna mancorong mimba hyang rawi | myang săngka sangkanya | saking găngsa kang kinardi | ran gong ugi têngarèng prang ||
43. kaping catur sauran kênong ngujudi | pamatut limanya | ujudipun kêthuk warni | jangkêp gangsal wêwinihnya ||
44. kang minăngka watoning gita ngrêrangin | gêndhing kalasăngka | sauran pamatut titi | tinut tatanirèng gita ||
45. nulya rinat lan pra jawata kang wasis | wuwuhirèng warna | wah suwara myang saliring | mrih sakecane rinasa ||
46. kathah dewa ingkang samya nambut kardi | wontên damêl warna | lan suwara kang binudi | rinaras rasaning driya ||
47. tuwin Prabu Kanwa: Kano Narapati | ing Purwacarita | tumut sabiyantu nganggit | swara warnane pradăngga ||
48. ngawontêni garantang mênggah kang warni | rêbab ujudira | kalihe nama salundhi | punika gambang salukat ||
49. ingih gambang găngsa sayêktine warni | wontên tunggilira | anggitan ta narapati | Prabu Kanwa Kano Raja ||
50. amêdharkên cengkok lagunirèng gêndhing | lan yasa tabuhan | minăngka têngarèng jurit | karan tabuhan mardăngga ||
51. ricikannya: kala kêndhang ingkang warni | săngka: gong ujudnya | gubar bêndhe: bahri bèri | puksur gênjur ujudira ||
52. gurnang bonang: thongthong panonthong kang warni | utawi kênthongan | grit-gêritan kitiran grit | têtêg kêtêg bêdhug warna ||
53. magurunya
--- [36] ---
ujude: slomprèt saruni | găngsa gong punika | sadayanggit wau sami | katur mring Hyang Jagadnata ||
54. sasampuning rampung rampinging panganggit | gya sinungan nama | gamêlan salendra tuwin | ran pusaka lokanata ||
55. dewa rêksi[33] kaajar nabuh angrangin | myang kinèn iyêga | panitih tabuh kang titis | pangolah dèn rêmpêg rampak ||
56. marmanira katêlah praptèng samangkin | tyang nabuh gamêlan | wasta nayayêga tuwin | niyêga inggih iyaga ||
57. amangsuli pusaka lokanata ji | sring sinambut marang | ing marcapada narpati | kang katrima ing jawata ||
58. panyambute pra narendra datan uning | warnane salendra | mung swaranya kang kapyarsi | wit munya nèng awang-awang ||
59. wontên malih gong bêndhe têngarèng jurit | tiyang marcapada | tan sagêd nirua kardi | ngamungkên paringing dewa ||
60. yêktènira duk jaman kadewan nguni | langên marcapada | mung sinawung kêndhang suling | gong bêndhe miwah kidungan ||
61. lokanata manggèn kinarya gamêli | prajurit Kaendran | putra wandawa dewa di | dènnya linggot bawèng wuntat ||
| 1 | bangkit. (kembali) |
| 2 | Nama Raden Mas Arya Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Dhandhanggula ini. (kembali) |
| 3 | Nama Sang Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Kinanthi ini. (kembali) |
| 4 | gumlêndhêng (Javaansche "Gamělan-Beschrijving" in Poёzie, Ko-Mo-An, Pupuh 1.2.4). (kembali) |
| 5 | gumulung (Javaansche "Gamělan-Beschrijving" in Poёzie, Ko-Mo-An, Pupuh 1.7.2). (kembali) |
| 6 | Kata "dhadhapuring" ditranskripsikan apa adanya untuk menjaga pembentukan sandi asma secara akrostik, meskipun bentuk pengulangan suku kata awal (dwipurwa) tersebut seharusnya dibaca "dhêdhapuring." (kembali) |
| 7 | Nama Arya Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Pocung ini. (kembali) |
| 8 | Catatan: ka pasangan ba cerek. (kembali) |
| 9 | jingking. (kembali) |
| 10 | Nama Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Pocung ini. (kembali) |
| 11 | jala. (kembali) |
| 12 | Nama Dyan Mas Arya Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Sinom ini. (kembali) |
| 13 | salisir (dan di tempat lain). (kembali) |
| 14 | cengkok (dan di tempat lain). (kembali) |
| 15 | Kata "dhêdhasare" ditranskripsikan apa adanya untuk menjaga pembentukan sandi asma secara akrostik, meskipun bentuk pengulangan suku kata awal (dwipurwa) tersebut seharusnya dibaca "dhêdhasare." (kembali) |
| 16 | Kata "mamanise" ditranskripsikan apa adanya untuk menjaga pembentukan sandi asma secara akrostik, meskipun bentuk pengulangan suku kata awal (dwipurwa) tersebut seharusnya dibaca "mêmanise." (kembali) |
| 17 | Nama Sang Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Mijil ini. (kembali) |
| 18 | gadêbog. (kembali) |
| 19 | Nama Sang Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Megatruh ini. (kembali) |
| 20 | golèk. (kembali) |
| 21 | berok. (kembali) |
| 22 | Nama Tăndhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Maskumambang ini. (kembali) |
| 23 | têngarèng. (kembali) |
| 24 | Kata "mamasang" ditranskripsikan apa adanya untuk menjaga pembentukan sandi asma secara akrostik, meskipun bentuk pengulangan suku kata awal (dwipurwa) tersebut seharusnya dibaca "mêmasang." (kembali) |
| 25 | Nama Arya Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Pangkur ini. (kembali) |
| 26 | Nama Ri Sang Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Durma ini. (kembali) |
| 27 | gunggunge. (kembali) |
| 28 | Nama Tondhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Gambuh ini. (kembali) |
| 29 | Kliwon. (kembali) |
| 30 | Tanggal: Sêtu Kilwon (Kliwon) nêm (6) Rajab (Rêjêb) Dal: trus anglèng swara rupèku (AJ 1799). Tanggal Masehi: Sabtu 1 Oktober 1870. Tanggal 6 Rêjêb tahun AJ 1799 jatuh pada hari Sêtu Pon, dan bukan Sêtu Kliwon. Kemungkinan yang dimaksud adalah tanggal Sêtu Kilwon 13 Rêjêb AJ 1799 (Sabtu 8 Oktober 1870). (kembali) |
| 31 | Catatan ini menjelaskan bahwa Pupuh 12. Maskumambang berikut ditampilkan kembali untuk melengkapi bagian dalam Pupuh 8 yang dirasa masih kurang, khususnya mengenai peran para dewa dalam penciptaan gamelan. Tujuh bait tambahan (bait 47–53) disisipkan, sehingga jumlah bait pupuh ini menjadi 61. (kembali) |
| 32 | Nama Tăndhakusuma, sebagai sandi asma penulis naskah ini, tercantum secara akrostik pada bait pertama Pupuh Maskumambang ini. (kembali) |
| 33 | rêsi. (kembali) |