Almanak, Van Dorp, 1867, #977

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

JAVAANSCHE ALMANAK voor 1867

[Veertiende Jaargang], ONDER REDACTIE VAN A. B. COHEN STUART, ambtenaar voor de Jav. taal en letterkunde te BATAVIA uitgegeven door G. C. T. VAN DORP, te Samarang.

Sêrat Pananggalan ingkang kaping 14 kangge ing taun Wêlandi 1867, Ingkang ngarang Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi kasusastran Jawi ing nagari Batawi,

Ingkang ngêcap Tuwan Phan Dhorêp ing nagari Samawis.

--- 84 ---

Bagian ing Blitar. Wêlandi 29/5.66, Jawi I. 95

Asisten, Tuwan Eph H. Burês, F. H. Boers. ... J. Ct.

Bupati, Radèn Tumênggung Arya Adinagara Wêlandi 1/4. 63, Jawi V. 9l.

Bagian ing Brêbêg.

Asistèn, Tuwan

Bupati, Radèn Tumênggung Pringgadigda Wêlandi 25/11.52, Jawi III 81.

--- 85 ---

Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, Kumêndhir Bintang Nèdêrlansê leyo, Jendral Mayor ing wadyabala dalêm Sri Maharaja Nèdêrlan, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas ingkang sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je, ăngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, ing sasurud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, lajêng kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kala ing dintên Sênèn Pon kaping 4 Sawal Jimakir 1786, utawi kaping 17 Mèi taun Wêlandi 1858. Dumugi surud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je, ăngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1861, kala sêmantên Sampeyan Dalêm dèrèng krama, dumuginipun ing taun [ta...]

--- 86 ---

[...un] Jimakir 1794, kala ing dintên Sênèn Lêgi kaping 16 Rêjêb utawi kaping 4 Dhesèmbêr 1865, mundhut garwa Radèn Ajêng Kustiyah, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, mawi kaparingan nama Kangjêng Bêndara Radèn Ayu Kustiyah, nuntên ing dintên Sênèn Pon kaping 23 wulan Rêjêb wau, utawi kaping 11 Dhesèmbêr 1865 kaangkat nama Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Ingkang dumugi ing janji salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr punika kêkalih.

1). Kangjêng Ratu Pakubuwana, garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 7, ingkang putra swargi Kangjêng Sultan Cakraadiningrat ing Madura, surudipun kala ing dintên Akhad Kaliwon kaping 15 Rêjêb Jimakir 1794, utawi kaping 3 Dhesèmbêr taun Wêlandi 1865, wanci enjing jam pukul satêngah nêm.

2). Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 5 sedanipun ing malêm Salasa Wage kaping 29 Ruwah Jimakir 1794, utawi kaping 16 Januari 1866.

Dene ingkang jumênêng pangeran enggal namung satunggal, Bêndara Radèn Mas [Ma...]

--- 87 ---

[...s] Surata, putra dalêm Ingkang Sinuhun ingkang jumênêng sapunika, kajunjung nama Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, kala ing dintên Kêmis Paing kaping 25 Rabingulakir Alip 1795, utawi kaping 6 Sèptèmbêr 1866. Anjawi saking punika Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma putranipun pambajêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng sapunika kaangkat nama Kangjêng Pangeran Adiwijaya kaping 3. Kala ing dintên Sênèn Paing kaping 7 Ruwah Jimakir 1794, utawi kaping 25 Dhesèmbêr 1865.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta.

1). Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

1. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta.

2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya

--- 88 ---

Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta.

2). Ratu garwa dalêm Ingkang Sinuhun sapunika. Jawi 23/7 VIII.94. Walandi 11/12 65.

1. Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Kangjêng Pangerah Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 8.

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya.

1). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Kangjêng Pangeran Panji Priyambada.

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma. 2. Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat wontên ing pulo Ambon. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat wontên ing pulo Ambon.

--- 89 ---

4. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6.Jawi 8/4 I. 87. Wêlandi 15/11 58

1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Natabrata ingkang kaping 2 ing Surakarta. 2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, Litnan Kolonèl Phansêtaph Ajidhanipun Kangjêng Tuwan ingkang wicaksana Gupêrnur Jendral.

4). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7. 1. Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

5). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 9. 1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta.

--- 90 ---

2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta. 3. Gusti Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6). Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Angabèi, Mayor Phansêtaph Ajidanipun Tuwan ingkang wicaksana Guphêrnur Jendral. Jawi 3/12 V 91. Wêlandi 27/5 63.

2. Kangjêng Pangeran Arya Mataram, Kaptin Phanstaph. Jawi 29/10 VII 93. Wêlandi 27/3 65.

3. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma. Jawi 25/4 I 95. Wêlandi 6/9 66.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasunanan.

1). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

--- 91 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

2). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, kolonèl [ko...]

--- 92 ---

[...lonèl] Kumêndhan Prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Widura. Jawi 23/3 VI 92. Wêlandi 7/9 63

1. Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya. Jawi 8/4 I 87. Wêlandi 15/11 58.

1. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom.

--- 93 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma. Jawi 8/4 I 87 Wêlandi 15/11 58

3). Wayah dalêm swargi Sinuhun kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kaping 2. Jawi 29/10 VII 93 Wêlandi 27/3 65

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2, krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Timur, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat,

--- 94 ---

mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7.

1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat. Jawi 8/4 I 87. Wêlandi 15/11 58

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kaping 2.

4). Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2. Jawi 12/11 I. 87 Wêlandi 13/6 59.

2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot inggih Panêmbahan Juru Martani.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2, putranipun [pu...]

--- 95 ---

[...tranipun] swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2. Jawi 8/4 I 87. Wêlandi 15/11 58.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, putranipun Radèn Mas Kolonèl Arya Adiwinata. Jawi 21/7 II 88. Wêlandi 13/2 60.

5). Pangeran ing Kamangkunagaran ingkang ngabdi ing Kasunanan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3, Litnan Kolonèl Phansêtaph putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng sapunika. Jawi 7/8 VIII 94. Wêlandi 25/12 65.

2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2. Jawi 8/4 I 87. Wêlandi 15/11 58.

3. Kangjêng Pangeran Arya Surya Amijaya kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Surya [Sur...]

--- 96 ---

[...ya] Amijaya kapisan, ingkang putra swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. Jawi 29/5 VII 93. Wêlandi 1/9 64.

--- 97 ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun ing Kamangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping 4 ajêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng piyambak, Ridêr Nèdêrlansê leyo, kolonèl Ajidan dalêm Mrunggan Sri Maharaja Nèdêrlan, saha Kumêndhan ing Lesiyunipun piyambak, kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adiwijaya ingkang kapisan, patutan saking ingkang garwa putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2, wiyosanipun kala ing dintên Akhad Lêgi kaping 8 Saphar, khurup Arbangiyah, taun Jimakir 1738, utawi kaping 3 Marêt taun Wêlandi 1811 sarêng diwasa kala ing taun Dal 1759, taun Wêlandi 1831, krama angsal putranipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram panggulu saking ngajêng, kagungan putra kakung putri ngantos kawan wêlas, ingkang wuragil miyos putri seda sarêng kalihan ingkang ibu, ing taun Jimakir 1778, taun Wêlandi 1850, kala sêmantên taksih nama Radèn Mas Arya Găndakusuma, pangangkatipun dados pangeran kala ing dintên Akhad Pon kaping 8 Rêjêb Jimakir 1778, utawi kaping 19 Mèi.