Almanak, Van Dorp, 1870, #1581

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

JAVAANSCHE ALMANAK

VOOR 1870 [Zeventiende Jaargang] ONDER REDACTIE VAN A.B. COHEN STUART ambtenaar voor de Javaansche taal en letterkunde te BATAVIA. uitgegeven door G.C.T. VAN DORP & Co te Semarang

Sêrat Pananggalan ingkang kaping 17 kangge ing taun Walandi 1870

Ingkang ngarang Tuwan A.B. Kohènsêtiwar Priyantun amarsudi kasusastran Jawi ing nagari Batawi. Ingkang ngêcap Tuwan G.C.T. Phan Dhorop en co ing nagari Samawis

--- 106 ---

Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, kumêndhir bintang Nidêrlansê Leyo, Jendral mayur ing wadyabala dalêm Sri Maharaja Nidêrlan, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas, ingkang sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je ăngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhisèmbêr taun Wêlandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, ing sasurud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7 lajêng kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Kala ing dintên Sênèn Pon kaping 4 Shawal, Jimakir, 1786, utawi kaping 17 Mèi taun Wêlandi 1858. Dumugi surud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je ăngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhisèmbêr taun Wêlandi 1861, kala sêmantên sampeyan dalêm dèrèng krama, dumuginipun ing taun Jimakir 1794, kala ing dintên Sênèn Lêgi kaping 16 Rêjêb utawi kaping 4 Dhisèmbêr 1865, mundhut garwa Radèn [Radè...]

--- 107 ---

[...n] Ajêng Kustiyah, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara mawi kaparingan nama Kangjêng Bêndara Radèn Ayu Kustiyah, nuntên ing dintên Sênèn Pon kaping 23 wulan Rêjêb wau, utawi kaping 11 Dhisèmbêr 1865, kaangkat nama Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Ing taun kapêngkêr punika para agêng ingkang dumugi ing janji

1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari ingkang kaping 2, wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3, surudipun kala ing dintên Salasa, ... Jawi 12/10 3 97, Wêlandi 26/1 69.

2. Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5, surudipun wontên ing Pulo Têrnate, kala ing dintên Kêmis, ... Jawi 14/10 3 97, Wêlandi 28/1 69.

Dene ingkang jumênêng pangeran enggal namung satunggal, Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna, putra dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, jinunjung nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, sudibya rajaputra narendra Mataram, kala ing dintên Sênèn Lêgi, ... Jawi 27/6 4 98, Wêlandi 4/10 69.

--- 108 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta.

1. Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

1. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta.

2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas. Putranipun swargi ingkangjêng[1] Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 1 ing Surakarta.

2. Ratu garwa dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, namung satunggil. Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 8, ... Jawi 23/7 8 94, Wêlandi 11/12 65.

--- 109 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya.

1. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Kangjêng Pangeran Panji Priyambada.

2. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

1. Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing nagari Mênadho. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6.

1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Natabrata ingkang kaping 2 ing Surakarta. 2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, litnan kolnèl phanstaph, ajidanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphêrnur jendral, ... Jawi 8/4 1 87, Wêlandi 15/11 58.

--- 110 ---

4. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7.

1. Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

5. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta.

2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta.

3. Gusti Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6. Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Angabèhi, mayur phan staph, ... Jawi 3/12 5 91, Wêlandi 21/5 63

2. Kangjêng Pangeran Arya Mataram, kaptin phan staph. Jawi 29/10 7 93, Wêlandi 27/3 65.

--- 111 ---

3. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma. Jawi 25/4 1 95, Wêlandi 6/9 66

4. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. Jawi 19/1 2 96, Wêlandi 23/5 67

5. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, sudibya rajaputra narendra Mataram. Kala rumiyin nama Bêndara Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna, ibu Kangjêng Ratu Pakubuwana, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Lêgi, ... Jawi 21/7 1 95, Wêlandi 29/11 66

Kala jinunjung nama Pangeran Adipati Anom ing dintên Sênèn Lagi. Jawi 27/6 4 98, Wêlandi 4/10 69.

--- 112 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasunanan.

1. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, litnan kolonèl phanstaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara, Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

2. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda, 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, 2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, kolnèl komêndhan prajurit dalêm jawi lêbêt [lêbê...]

--- 113 ---

[...t] sadaya, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

Putranipun swargi Kangjêng Ratu Pambayun. Patutan saking swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2, Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, ... Jawi 12/1 1 87, Wêlandi 13/6 59

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangran Arya Widura, Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja, ... Jawi 23/3 6 92, Wêlandi 7/9 63.

--- 114 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya kaping 2, wontên nagari Mênadho, 2. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma, ... Jawi 8/4 1 87, Wêlandi 15/11 58

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom, Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

3. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kaping 2. Jawi 29/10 7 93, Wêlandi 27/3 65

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2, krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Timur, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

--- 115 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan, Kangjêng Pangran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7, 1. Kangjêng Pangran Arya Cakranagara, 2. Kangjêng Pangran Arya Cakraadiningrat. Jawi 8/4 1 87, Wêlandi 15/11 58

Putranipun Radèn Ayu Adiwinata, Kangjêng Pangran Arya Adinagara kaping 2. Jawi 21/7 2 88, Wêlandi 13/2 60

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kapisan, Kangjêng Pangran Panji Suryadipura kaping 2. Jawi 10/7 6 92, Wêlandi 21/12 63

4. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

Putranipun Kangjêng Ratu Bêndara, patutan saking swargi Kangjêng Pangran Arya Adiwijaya kaping 2, Kangjêng Pangeran Arya Adisurya, ... Jawi 8/4 1 87, Wêlandi 15/11 58.

--- 116 ---

5. Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, sampun kasêbut ing ngajêng, 2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Ar[2] Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot, inggih Kangjêng Panêmbahan Jurumartani, Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2, ... Jawi 8/4 1 87, Wêlandi 15/11 58

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, sampun kasêbut ing ngajêng.

--- 117 ---

6. Pangeran ing Mangkunagaran ingkang ngabdi ing Kasunanan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, litnan kolonèl phan staph, putranipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang sapunika, ... Jawi 7/8 8 94, Wêlandi 25/12 65

2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya kaping 2, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya kapisan. Ingkang putra swargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2, ... Jawi 29/5 7 93, Wêlandi 1/9 64.

--- 118 ---

Ing Ngandhap Punika Kawontênanipun ing Kamangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping 4, ajêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Rider Nèdêrlansê Leyo, kolnèl ajidan dalêm mrunggan Sri Maharaja Nèdêrlan. Saha kumêndhan lisiyunipun piyambak. Kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adiwijaya ingkang kapisan, patutan saking ingkang garwa putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2. Wiyosanipun kala ing dintên Akad Lêgi kaping 8 Sapar kurup Arbangiyah, taun Jimakir 1738, utawi kaping 3 Marêt taun Wêlandi 1811. Sarêng diwasa kala ing taun Dal 1759 taun Wêlandi 1831 krama angsal putranipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, panggulu saking ngajêng, kagungan putra kakung putri ngantos kawanwêlas. Ingkang wuragil miyos putri, seda sakalihan ingkang ibu, ing taun Jimakir 1778 taun Wêlandi 1850, kala sêmantên taksih nama Radèn Mas Arya Găndakusuma, pangangkatipun dados Pangeran kala ing dintên Akhad Pon kaping 8 Rêjêb, Jimakir 1778 utawi kaping 19 Mèi 1850. Sasedanipun ingkang raka nak sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 3, kala [ka...]

--- 119 ---

[...la] ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januwari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul satunggal, lajêng kagêntosan Pangeran Arya Găndakusuma wau, nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana. Jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853. Tumuntên taksih tunggil sataun punika krama malih angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti kaping 3, pambajêng saking garwa padmi, wondening kala katêtêpakên nama Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4 sarta kawisudha dados kolnèl kumêndhan ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ăngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsane sêrat nawalanipun Kangjêng Guphêrmèn.

Kala ing dintên Jumungah Kaliwon kaping 22 Shawal, Jimawal 1797, utawi kaping 5 Pèbruwari 1869, Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang sapunika, dumugi ing janji kondur dhumatêng rahmatullah, kagêntosan [kagêntosa...]

--- 120 ---

[...n] ingkang rayi Radèn Mas Sunita, kaangkat nama Pangeran Arya Prabu Prangwadana, kamot ing sêrat nawalanipun kangjêng guphêrmèn ingkang katitimangsan kaping 9 Mèi 1869 utawi tanggal kaping 27 Sura taun Je 1798, dene têtêpipun jumênêng pangeran kala ing dintên Jumungah Paing kaping 22 Mulud Je 1798, utawi kaping 2 Juli 1869.

Wondene para pangeran santana ing Kamangkunagaran, ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan, ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Ingkang kaping 2.

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, mayur phanstaph, ingkang raka Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

2. Putranipun swargi Kangjêng Gusti Ingkang kaping 3.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, litnan kolnèl titêlèr.

2. Kangjêng Pangeran Arya Suryamataram. Ritmistêr honorèr.

--- 121 ---

3. Putranipun Kangjêng Gusti ingkang sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sampun kasêbut ing nginggil, tumut ing Kasunanan.

2. Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, mayur inphantri ing lisiyun Mangkunagaran.

3. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, ingkang têtiga ngajêng punika sami tunggil ibu swargi Radèn Ayu Găndakusuma. Jawi 25/10 6 92, Wlandi 3/4 64

4. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, ibu Radèn Ayu Mangkunagara, kala rumiyin nama Radèn Mas Sunita, wiyosanipun kala ing malêm Sênèn Lêgi kaping… Jawi 29/7 5 83, Wlandi 16/4 55

Dene kala jumênêng pangeran ing dintên Jumungah Paing, ... Jawi 22/3 4 98, Wlandi 2/7 69.

--- 122 ---

Sêtaph

Kumêndhan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kolnèl. Jawi 25/12 7 85, Wlandi 16/8 57

Ajidan, Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, litnan kolnèl titêlèr. Jawi 9/11 5 91, Wlandi 27/4 63

Kwartir mistêr, Radèn Panji Ranakusuma, isrtê litnan. Jawi 27/3 3 89, Wlandi 10/3 61

Inphantri

Mayur, Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, Jawi 9/11 5 91, Wlandi 27/4 63

Ajidan, Radèn Mas Panji Endrawinata, irstê litnan, Jawi 18/11 1 95, Wlandi 24/3 67

Kaptin,

1. Radèn Mas Panji Arya Subrata,… Jawi 16/2 6 84, Wlandi 28/10 55

2. Radèn Mas Arya Suryaputra,… Jawi 21/2 2 88, Wlandi 10/9 59

3. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, Jawi 12/6 4 90, Wlandi 15/12 61

4. Radèn Mas Arya Suryaudaya,… Jawi 6/12 5 91, Wlandi 24/5 63

5. Radèn Mas Arya Suryaudara,… Jawi 3/6 6 92, Wlandi 15/11 63

6. Radèn Mas Arya Găndasiswara,… Jawi 18/11 1 95, Wlandi 24/3 67.

--- 123 ---

Irstê litnan

1. Radèn Panji Natamijaya,… Jawi 6/12 5 91, Wlandi 24/5 63

2. Radèn Mas Panji Mangunkusuma,…Jawi 29/5 7 93, Wlandi 30/10 64

3. Radèn Mas Arya Suryaasmara Jawi 1/7 8 94, Wlandi 19/11 65

4. Radèn Mas Arya Suryakumara Jawi 14/4 1 95, Wlandi 26/8 66

5. Radèn Panji Puspadiwirya,…Jawi 18/11 1 95, Wlandi 24/3 67

6. Mas Karyasaroja,…Jawi 5/4 3 97, Wlandi 26/7 68

Twidhê litnan

1. Radèn Mas Panji Jayasuputra,…Jawi 6/12 5 91, Wlandi 24/5 63

2. Radèn Mas Panji Jayaasmara,…Jawi 22/3 6 92, Wlandi 6/9 63

3. Radèn Mas Panji Yudaasmara, Jawi 3/6 6 92, Wlandi 15/11 63

4. Radèn Panji Atmawardaya,…Jawi 18/3 7 93, Wlandi 21/8 64

5. Radèn Panji Suraatmaja,…Jawi 3/2 1 95, Wlandi 17/6 66

6. Radèn Mas Arya Suryaatmaka,…Jawi 25/6 1 95, Wlandi 4/11 66

7. Radèn Mas Panji Manguningrat, Jawi 16/5 2 96, Wlandi 15/9 67

8. Radèn Mas Panji Wiraatmaja, Jawi 3/9 2 96, Wlandi 29/12 67

9. Radèn Mas Panji Prawiraningrat, Jawi 5/4 3 97, Wlandi 26/7 68

10. Radèn Panji Surawandawa,…Jawi 5/4 3 97, Wlandi 26/7 68

11. Radèn Mas Panji Kusumaningrat, Jawi 14/12 3 97, Wlandi 28/3 69

12. Radèn Mas Panji Danuasmara, Jawi 29/1 4 98, Wlandi 11/5 69.

--- 124 ---

Artilêri.

Mayur titêlèr, Radèn Mas Arya Nataatmaja, Jawi 19/12 4 90, Wlandi 17/6 62

Kaptin titêlèr, Radèn Mas Arya Găndawardaya, Jawi 16/1 5 91, Wlandi 13/7 62

Irstê litnan titêlèr, Radèn Mas Arya Suryadiwara, Jawi 19/2 2 96, Wlandi 12/4 68

Twidhê litnan, Mas Nitisuwirya, ... Jawi 7/6 2 96, Wlandi 6/10 67

Kaphalêri.

Mayur, Radèn Mas Arya Jayaatmaja, Jawi 28/2 7 93, Wlandi 2/8 64

Ritmistêr, Radèn Mas Arya Găndawijaya, Jawi 29/5 7 93, Wlandi 30/10 64

Radèn Mas Arya Găndaatmaja, Jawi 21/10 7 93, Wlandi 19/3 65

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Darmakusuma, Jawi 12/2 7 93, Wlandi 17/7 64

Radèn Mas Arya Suryadarmaja, Jawi 12/10 1 95, Wlandi 17/2 67

Radèn Mas Panji Brajaatmaja, Jawi 12/10 1 95, Wlandi 17/2 67

Twidhê litnan, Radèn Mas Panji Mlayaatmaja, Jawi 12/10 1 95, Wlandi 17/2 67

Radèn Panji Samasudirja, Jawi 12/10 1 95, Wlandi 17/2 67

Mas Samakaryasa, Jawi 14/12 3 97, Wlandi 28/3 69

Upsir wahghèl.

Radèn Mas Arya Suryabrajawinata, mayur kapalêri mirungga, Jawi 10/12 4 90, Wlandi 17/6 62.

--- 125 ---

Bab Kadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng nata ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkunagara Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khaliphatullah ingkang kaping 6, jendral mayur kumêndhir bintang Nèdêrlansê Leyo, kala rumiyin anama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Kolnèl Phansêtaph Mangkubumi, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Seda Pasiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr, patutan saking Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang sapunika, kala ing dintên Akhad Pon, tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah, khurup Khamsiyah, taun Ehe 1748 utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821. Sasurudipun ingkang rama Kangjêng Sultan ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je 1750 utawi kaping 6 wulan Dhisèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, sawêg yuswa tigang taun. Sarêng surud dalêm Kangjêng Sultan Ingkang kaping 5, kala ing malêm Slasa Lêgi tanggal ka-[3]

 


Kangjêng. (kembali)
Arya. (kembali)
Kaping 19 wulan Siyam taun Dal 1783 (Javaansche Almanak 1871). (kembali)