Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-01, #1803

Judul
Sambungan
1. Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-01, #1803. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
2. Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-02, #1803. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
3. Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-03, #1803. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
4. Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-04, #1803. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
5. Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-05, #1803. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Candrakanta

Kaping 1 wulan Sawal taun Be, ăngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 1 Januari 1903

--- 415 ---

Kawruh Pêlikan

Sambêtipun Candrakanta ăngka XVII kaca 356.

Mênggah têngêran sanèsipun ingkang kangge ambedakakên bangsaning pêlikan punika panitikipun saking jasadipun pêlikan tumrapipun ing pêpadhang, inggih punika beda-bedaning bêningipun bilih katawangakên ing pêpadhang, beda-bedaning gilapipun tuwin beda-bedaning warni, sawênèh ing pêlikan wontên ingkang anggadhahi watêk sagêd amangsulakên pêpadhang saking angganipun, inggih punika winastan pêlikan anggadhahi praba, kados ta; intên saha pêlikan ingkang awujud kristal, mênggah prakawis beda-bedaning bêningipun jasading pêlikan bilih katawangakên ing pêpadhang, punika wontên ingkang katingal bêning sangêt ngantos akinclong-kinclong, kados ta: pêlikan ingkang adhapur kristal ingkang sae wêwangunanipun, barang kawujudan ingkang kalingan jasading pêlikan bêning sagêd katingal saking jawinipun kalayan cêtha, sawênèh ing pêlikan wontên ingkang jasadipun surêm, pêlikan bêning ingkang awujud kristal punika sagêd anglajêngakên pêpadhang coklèk naratas ing angganipun, ingkang langkung sangêt bangsaning intên, kenging kabedakakên saking watêkipun anggèning sagêd sangêt anglajêngakên pêpadhang coklèking angganipun sarta naratasipun ing jawi angwontênakên praba kumênyar anglangkungi samining pêlikan ingkang adhapur kristal.

--- 416 ---

Ingkang dipun wastani coklèking pêpadhang punika lampahing pêpadhang ingkang botên ngênêr ing garis lêncêng, ingkang ewah ênêripun.

Sawênèh ing pêlikan wontên ingkang sagêd nyoklèkakên lampahing pêpadhang ngantos rangkêp kalih, inggih punika lampahing pêpadhang ingkang tumanduk ingkang angganipun pêlikan wau botên ngênêr sagaris, ngantos coklèk kalih sarta ênêripun lajêng sanès purug, mila ta kawujudan satunggal ingkang kalingan pêlikan ingkang makatên wau katingalipun ugi kalih, bab punika ingkang mungguh katingalan jasadipun pêlikan ingkang winastan IJslandsche kalkspaath.

Pancoronging pêlikan punika gumantung wontên ing kawontênaning lumahipun, barênjul utawi barocèl alit-alit ing awak-awakipun pikantukipun sagêd mahanani cahya gumyur, inggih punika wangsulipun pêpadhang ingkang tumanduk ing awak-awakipun pêlikan wau, milanipun pêlikan punika bilih kasorotan pêpadhang wontên ingkang mawa praba gumênyar sumirat sumamburat, wontên ingkang prabanipun namung limrah kemawon, wontên ingkang rênyêp-rênyêp adamêl sêngsêming paningal, sawênèh surêm prasasat botên anggadhahi praba, ingkang makatên punika kajawi gumantung wontên ing kawontênaning lumahipun pêlikan ingkang amangsulakên pêpadhang, ugi mawi awon saening dhasar, kados ta: intên kalihan [ka...]

--- 417 ---

[...lihan] ingkang dede bangsanipun intên sanadyan sami angsal garap, tamtu wontên gèsèhipun, awit saking panitiking prabanipun pêlikan bilih kataman pêpadhang, pêlikan kenging kabedakakên tigang prakawis, 1e. Pêlikan ingkang anggadhahi prabaning logam, 2e. Praba intên, 3e. Pêlikan ingkang apraba lisah, kajawi punika warninipun inggih beda-beda, kados ta: sela mênila (saffir) warninipun biru, mirah: (robijn) abrit, jumêrut (smaragd) warninipun ijêm, wondene bakuning warninipun pêlikan punika wontên wolu, 1e pêthak, 2e. Klawu, 3e cêmêng, 4e. Biru, 5e. Ijêm, 6e. Jêne, 7e. Abrit, 8e. Abrit sêpuh, sawênèh warninipun gilang-gumilang, kados ta: warninipun sela opal ingkang tulèn, pêthak sulak biru kados warninipun powan, sarta gilang-gumilang mêling-mêling[1] kados bêling opal punika kalêbêt dhatêng golonganing sela raja pèni, opal (opaal) asalipun saking têmbung Sangskrit (Oepala) wontên ingkang warninipun sêmburat kados bêbayu amăncawarni, utawi ingkang nglamuk ugi wontên, makatên punika saking pamoring pêlikan măncawarni dados satunggal, sawênèh ing pêlikan wontên [wo...]

--- 418 ---

[...ntên] anggadhahi watêg sagêd anuntun utawi dados rêrambatanipun dayaning èlèktrisitit (elektriciteit) wontên ing pêlikan ingkang kadunungan dayaning wêsi brani, punika ugi kenging kangge titikan bedaning jasadipun pêlikan, kados ta: bangsaning logam tuwin ghraphit (graphiet) dene ingkang botên sagêd nuntun dayaning èlèktrisitit punika walirang tuwin sela rajapèni (edelgesteenten) inggih punika intên sapanunggilanipun*, pêlikan ingkang kadunungan dayaning wêsi brani punika pêlikan ingkang katunggilan jasading tosan, mênggah tandhanipun ingkang makatên punika bilih pêlikan wau kasandhingakên jarum wêsi brani ingkang taksih ebah amondar-mandir kados ta: jaruming pandoman, bilih dipun sandhingi pêlikan ingkang kadunungan dayaning wêsi brani sampun tamtu saya sangêt ebahipun.

Taksih wontên sambêtipun

R. L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta

Katêrangan

Supados têrangipun cariyos kula ing nginggil bab pêlikan ingkang anggadhahi watêk sagêd anuntun utawi dados rêrambatanipun hawa èlèktrisitit (elektriciteit) kêdah kula têrangakên malih ingkang mawi magêpokan kawruh èlèktrisitit sawatawis, [sa...]

--- 419 ---

[...watawis,] pêlikan ingkang rumahab anuntun utawi dados rêrambataning hawa èlèktrisitit punika bangsaning logam tuwin ghraphit, kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil, pramila bangsaning logham sarta ghraphit dipun wastani panuntuning daya èlèktrisitit, ing kawruh alam têmbung Walandi winastan geleiders utawi ingkang kangge ing kawruh èlèktrisitit winastan kondhakto (Conductor), kadosla:[2] sela ambar (barnsteen) têmbungipun Ghrik èlèktron (têmbung Latin èlèktrisitit pikajêngipun: dayaning sela ambar). Sacuwil kagêbêg ingkang ngantos bêntèr, kadunungan watêk sagêd anggèndèng barang alit-alit ingkang sumandhing, kados ta: suwekan dalancang sapanunggilanipun, makatên ugi lak (lak) utawi damar sela, bilih kagêbêg mawi wacucal kucir, punapa dene lonjoran gêlas bilih kagêbêg mawi suwekan sutra, ugi kadunungan watêk kados sela asbar[3] kasêbut ing nginggil, sagêd angwontênakên daya èlèktrisitit, upaminipun logam salonjor utawi satugêl ing pokipun ingkang sasisih kadunungan dayaning èlèktrisitit sarana kagêbêg mawi wacucal kucir sapanunggilanipun, sakêdhap kemawon dayaning èlèktrisitit wau dumugi ing pok ingkang sasisihipun rêrambatan logam wau, sarta lajêng maradini ing jasadipun logam, upami logam wau dipun cêpêngi ing tangan,

--- 420 ---

dayaning èlèktrisitit sagêd marambat ing badan kita dumugi ing siti, nanging daya wau sagêd kandhêg lampahipun dening jasad ingkang dados pangandhêging lampahipun, kados ta: gêlas, lak, hawa, sutra sapanunggilanipun, punika sami dipun wastani pangandhêg utawi dede panuntun, têmbungipun Walandi ingkang kangge ing kawruh alam winastan niet geleiders. Utawi ing kawruh èlèktrisitit ngangge têmbung Latin winastan isolatoren bundêran logam alit ingkang kothong ing lêbêtipun, supados ènthèng, kagantung mawi sănga, bilih kadumuk mawi lonjoran damar sela ingkang sampun kagêbêg mawi wacucal kucing dados ingkang sampun mawa dayaning èlèktrisitit, bundêran logam wau tamtu lajêng mlêsat anêbihi lonjoran damar sela, dene mênawi bundêran wau kalih iji kagantung ing sanès-sanès panggenan, satunggalipun kagêpok mawi lonjoran gêlas ingkang sampun mawi dayaning èlèktrisitit, bundêran logam punika inggih malêsat nêbih ing lonjoran gêlas, botên beda kalihan bundêran logam ingkang kagêpok mawi lonjoran damar sela, nanging mênawi bundêran logam ingkang sampun kagêpok ing lonjoran damar sela wau kadumuk mawi lonjoran gêlas ing nginggil, botên malêsat nêbihi, malah kagèndèng, makatên malih bilih bundêran logam ingkang sampun kagêpok mawi lonjoran [lonjor...]

--- 421 ---

[...an] gêlas, lajêng kadumuk mawi lonjoran damar sela inggih lajêng katut kagèndèng, bundêran ingkang kapisan sampun kadunungan dayaning èlèktrisitit saking damar sela, dipun wastani harselektriciteit utawi èlèktrisitit neghatiph (negatieve elektriciteit) bundêran ingkang nomêr kalih kadunungan dayaning èlèktrisitit saking gêlas, dipun wastani glaselektriciteit utawi èlèktrisitit positip (positieve elektriciteit) yèn makatên watêkipun daya èlèktrisitit warni kalih punika botên saraos, èlèktrisitit positiph watêkipun anduwa èlèktrisitit positiph, nanging anggèndèng èlèktrisitit neghatiph, dayaning èlèktrisitit watêkipun anduwa èlèktrisitit neghatip, anggèndèng èlèktrisitit positiph, mirit saking kawruh punika tiyang sagêd nyumêrêpi satunggaling jasad kadunungan dayaning èlèktrisitit negatiph punapa positiph.

Angwontênakên daya èlèktrisitit saking panggosok kados ingkang kasêbut inggil,[4] dèrèng paja-paja nyêkapi kangge anglampahakên pirantos, kados ta: masinê, telêgrap, telêpun sasaminipun, kêdah mawi pirantos ingkang sampurna, mawi galvanische elementen sapanunggilanipun, tuwin rêracikan pamoring pêlikan sarta pêpisahaning jasad-jasad ingkang sampun pinanggih ing nalar sagêd angwontênakên [angwontêna...]

--- 422 ---

[...kên] daya wau punika: badhe kacariyosakên ing wingking bilih cariyos kula sampun dumugi ing kawruh pamisah (scheikunde) barang kêkalih ingkang isi utawi kadunungan dayaning èlèktrisitit, ingkang satunggal isi dayaning èlèktrisitit neghatiph, satunggalipun isi èlèktrisitit positiph, bilih kacêlakakên ingkang timbang kalihan murwating dayanipun, èlèktrisitit, ing saantawisipun barang kêkalih wau lajêng katingal wontên gêbyaripun brama sinartan ungêl jumêthot utawi mêrkatak amungkasi, saya kathah isinipun daya èlèktrisitit barang kêkalih wau, inggih saya sagêd têbih lêtipun saya mindhak sêru ungêlipun, inggih punika balêdhèg damêlan.

Mega punika kadunungan dayaning èlèktrisitit ajêgan, ingkang limrah positip, nanging kadhangkala kadunungan hawa èlèktrisitit neghatip bilih măngsa jawah utawi mêndhung, mênawi mega ingkang kadunungan èlèktrisitit positip cêcêlakan kalihan mega ingkang mawa èlèktrisitit neghatip lajêng angwontênakên praba gumêbyar, dipun wastani calèrèting kilat, punapa malih sinartan suwara jumêbrèt, winastan balêdhèg, sadèrèngipun kapirêng suwaraning balêdhèg, kilatipun tamtu sampun katingal rumiyin, sabab lampahipun pêpadhang punika anglangkungi rikat tinimbang lampahipun suwara, ing dalêm sasêkondhê miturut pangetangipun para sarjana lampahipun [lampah...]

--- 428 ---

[...ipun] pêpadhang sagêd dumugi 300 yuta mètêr, mênawi suwara namung 330 mètêr ing dalèm sasêkondhê.

R. L. Mangkudimêja

Ngèlmu Tani

Sambêtanipun Candrakanta kaca 393 (ăngka XVIII taun II)

Sulphur (S)

Sulpêr punika satunggaling kahanan maligi (tulèn) ingkang kathah pinanggih dumunung ing badan kuning, panggenanipun cakêt rêdi latu, wontên ingkang kênthêl saha cuwèr, mênawi nunggil kahanan kalihan oksigenium sagêd warni kados kukus.

Sulpêr wau bilih kabêntèrêp[5] dados cuwèr, ananging mênawi kenging toya kênthêl malih warni jêne gampil pêcahipun, botên sagêd ajur dening toya asrêp utawi bêntèr, sarta tanpa raos, ing salêbêting siti, botên ketang sakêdhik, punapa malih kathah, mêsthi wontên sulpêripun, mênawi kabêsmi tumuntên nunggil kahanan kalihan oksigenium, dados kukus warni biru kawastan[6] swapênlêhsir Zwavenlichzuur (SO2) mênawi saking ngawang-awang pikantuk wêwahan malih, oksigenium sabagean, dados swapênlêhsir (SO2) inggih punika jasad pêthak kados sutra, ingkang

--- 424 ---

gampil sangêt nunggilipun kalihan toya-toya, (H2O) lajêng dados swapênsirhidrat zwavenzuur hijdraat (H2O4) inggih punika walirang ingkang asring kawade ing pêkên kangge lin, ing sahtêrusi.

Punika swapêlsirhidrat gampil sangêt sagêdipun nunggilakên kalihan sanès-sanès, basên ngantos dados sotê inggih punika têtêdhaning tanêman.

Sulpêr pinanggih wontên ing salêbêting sèl phrotosma[7] Flrotoplauma ing dalêm badaning tanêman. Mênawi sulpêr nunggil kahanan kalihan hidrogeningyum kalih bagean, dipun wastani zwapêl watêrstop Zwavel waterstop (H21) ingkang ambêkipun bacin, kathah manggèn ing tigan bosok (wukan) utawi ing sêsukêripun tiyang, sarta wiji ingkang bosok dados sulpêr.

Swapêl watêrstop mênawi kabêsmi urubipun biru, lajêng angwontênakên swapênlêhsi[8] (Zwavenlichzuur) lan toya.

Latu utawi sato mênawi wontên ing salêbêting swapênlêhsir, dados pêjah, sabab oksigenium ingkang kangge napas katarik dhatêng swapênlêhsir wau, lajêng dados swapênlêhsir (1 S.O3).

Ing salêbêting wiji kul (kobis), mostêr, tuwin wiji bangsaning kacang, kathah ingkang kamot ing sulpêr wau.

--- 425 ---

(Phospor) (P)

Pospor punika kahanan maligi ingkang warni sêmu pêthak, wontên ing siti mèh sadaya sampun nunggil kahanan kalihan sanès-sanèsipun kahanan ontsal, sagêdipun pikantuk pospor amêndhêt saking sotên pospor (Zouten phospor) ingkang wontên ing tanêman, khewan miwah toya.

Ing salêbêting wiji tuwin balung kathah amot pospor. Pospor wontên ingkang kênthêl sagêd cuwèr, sarta mênawi nunggil kahanan kalihan oksigeniun sagêd dados kukus, pospor ingkang nêmbe pinanggih bilih kenging asrêp gampil ajuripun, mênawi wontên ing hawa ingkang sêdhêng kenging kakêthok mawi lading, amargi êmpuk, pospor wau gampil sangêt nunggilipun kahanan kalihan oksigenium, mênawi pinuju nunggil kahanan kalihan oksigenium, wontên ing panggenan pêtêng, sagêd kasumêrêpan (kêtingal) urupipun kadosdene konang makatên, mênawi pospor badhe kasimpên supados botên ewah, kêdah kaêkum ing toya, awit oksigenium wontên ing toya namung sakêdhik, botên sagêd ambêsmi pospor wau.

Pospor mênawi nunggil kahanan kalihan oksigenium [oksigeniu...]

--- 426 ---

[...m] dados posporsir Phospor zuur (P2O3 ) mênawi nunggil kahanan kalihan warni-warni basên, lajêng dados sotên, têdhaning tanêman, sotên wau gampil sangêt ajuripun, margi kenging toya ingkang amot kulsir utawi amoniak, pramila tanêman punika pêrlu sangêt kasiraman mawi gêmuk (lêmèn) ingkang cuwèr, supados sotên pospor wau tumuntên ajur kenging kaisêp dhatêng oyoding tanêman.

Magnecium (Mg)

Mahnesium punika kahanan maligi (Ontsar) ingkang gampil sangêt nunggilipun kahanan kalihan oksigenium, pramila mênawi badhe pikantuk mahnesium, kêdah mêndhêt woworanipun ing salêbêting siti utawi awuning tanêman tuwin sanès-sanèsipun.

Mahnesium kasebut logam warninipun gilap pêthak, mênawi kabêsmi urubipun langkung padhang tinimbang kalihan urubipun arêng sela, mahnesium wau sadèrèngipun nunggil kahanan kalihan oksigenium, sampun sagêd nunggil kahanan kalihan sirên, ngantos dados sotên, têdhaning tanêman.

Mahnesium punika kathah ingkang dumunung wontên ing wijining tanêman, ingkang wohipun gilig kados ta: tanêman pantun, jagung sasaminipun.

--- 427 ---

Ferium (P)

Pherium punika kahanan maligi (Ontsar) sadaya tiyang ugi sami sumêrêp, inggih punika tosan (wêsi) mênggah pigunanipun langkung kathah, sanèsipun kangge têdhaning tanêman, ugi kangge pirantos utawi dêdamêl warni-warni.

Pherum wau wontên ing salêbêtipun siti sampun nunggil kahanan kalihan jasad sanès-sanèsipun, siti ingkang sampun amot pherum kathah, punika kawastanan: siti tosan (ijzererts) mênawi badhe mêndhêt tosan ingkang taksih wontên ing siti, kêdah kabêsmi rumiyin, supados tosanipun sagêd ngêmpal, lajêng gampil pamêndhêtipun.

Pherum, punika anggènipun nunggill kahanan kalihan oksigenium ing salêbêtipun siti, wontên kalih warni, ingkang sapisan: oksigenium sabagean, pherum sabagean (OF) kawastanan isêroksidhul (ijzeroxijdol) kaping kalih pherum kalih bagean, oksigenium tigang bagean (F2O3) dipun wastani isêr oksidhê (ijzeroxijde).

Isêroksidhul punika warni biru, pramila siti ingkang amot isêr oksidhul warni biru, inggih punika warninipun siti ingkang ngandhap piyambak, mênawi isêr oksidhul kenging toya ingkang amot kulsir Koolzuur lajêng nunggil kahanan dados kulsirê isêroksidhul Koolzure ijzeroxijdul ajur

--- 428 ---

dening toya, andadosakên toya wau warni wungu, kawastanan tiyèng = tèyèng Red. Punika dèrèng kenging katêdha dhatêng tanêman, amargi taksih kakênthêlên.

Isêroksidhê punika warni abrit sêpuh, mila siti ingkang amot isêroksidhul warni abrit sêpuh, punika tumuntên sagêd nunggil kahanan kalihan sanès-sanèsipun basên, ing wêkasan dados sotên, inggih punika têdhaning tanêman.

Pherum punika pêrlu sangêt kangge dhatêng tanêman, sabab ijêmipun gêgodhongan (Chlorophijl) amot pherum wau, mênawi ijêming godhong botên wontên, botên sagêd ngisêp kulsir saking ngantariksa, ingkang kangge gêsanging tanêman.

Mênggah pigunanipun malih, isêr oksidhê punika, kangge angêjur sanès-sanèsipun kahanan ingkang botên sagêd ajur bilih kataman ing oksigenium saking antariksa, sabab oksigenium ingkang nunggil kahanan wontên ing ngriku, kêra sangêt.

Cillicium (Ci) utawi kiezel

Punika kahanan maligi (ontsar) ingkang sadangunipun nunggil kahanan kalihan sanès-sanèsipun, mênawi nunggil kahanan kalihan oksigenium kalih bagean, dipun wastani: kisêlsir Kiezelzuur (CiO2 ) ingkang kathah pinanggih wontên [wontê...]

--- 429 ---

[...n] ing salêbêting sela, pasir tuwin sanès-sanèsipun barang.

Kisêlsir ingkang wontên ing salêbetipun pasir, mênawi nunggil kalihan sanès-sanèsipun barang ingkang anggadhahi warni pasir, punika lajêng gadhah warni kadosdene barang ingkang nunggil wau.

Kisêlsir botên gampil ajur ing toya bêning, pramila kêdah nunggil kahanan kalihan sanès-sanèsipun basên rumiyin, supados gampil kaisêp dhatêng tanêman.

Salêbêting siti lêmpung (kleigrond) punika amot pasir 25% dumugi 35% sarta amot lêmpung 65 dumugi 75%, siti pasir (zandgrand) amot pasir 65 dumugi 75% sarta malih amot lêmpung 25 dumugi 35%.

Mênggah kanggenipun silisium tumrap dhatêng tanêman, supados badaning tanêman sagêd kiyat, ting[9] salêbêting awuning kajêng, wontên 5% utawi langkung.

Kisêlsir mênawi kauwor siti imês (Humusgrand) lajêng tumuntên sagêd nunggil kahanan kalihan amoniak saking imês wau, ikang[10] gampil ajuripun dening toya.

Taksih wontên sambêtipun

Guru bantu ing Karanganyar, R. Pringgasubrata

Têmbung sarta sêsêratanipun R. Pringgasubrata namung kula lugokakên kemawon, dhasar sampun brêgas, namung têmbung: annanging, kahannan, kaewahan ananging, kahanan, ingkang makatên punika tataning sêsêratan Sasadara, rêmên parêthul. Red

--- 430 ---

Ngèlmu Alam, Bab Pêlikan

(Sambêtipun Candrakanta blz 399)

2. Menêral ingkang sagêd kobong

Menêral ingkang kalêbêt ing golongan punika inggih punika grapit (Graphiet) antrasit (Antraciet) arêng sêla, walirang, sela ambar, aspal (asphalt), lisah siti, tuwin turêp (turf).

1. Grapit (Graphiet)

Ingkang ngwontênakên grapit punika ingkang kathah piyambak jasatipun kulsêtop (koelstov) grapit punika botên atos awit bilih kagarisakên ing dalancang nabêt, punapa malih gilap sawatawis, ananging botên bêning. Bilih dipun obong ing hawa êmpanipun dangu, ananging bilih wontên salêbêtipun sursêtop (Zuurstof) kobongipun enggal, urubipun ambalêrêngi sangêt. Grapit ingkang rêsik piyambak punika asalipun saking pulo Engêlan (Engeland) ing tanah Siberi tuwin ing pulo Selon, ugi wontên grapitipun, ananging kirang rêsik utawi kirang sucinipun.

Grapit punika ingkang limrah kadamêl potlod, ing Dhitsêrlan (Duitschland) kathah pabrik-pabrikipun potlod, ingkang dipun damêl ugi grapit wêdalan saking Siberi, ingkang [ing...]

--- 431 ---

[...kang] sampun dipun rêsikakên.

Grapit ingkang wontên woworanipun lim, ingkang kathah dipun damêl pangêjoran mas, salaka sasaminipun, utawi kowi, sabab sanadyan dipun bêntèrana sangêt, botên sagêd pêcah. Kajawi saking punika grapit punika ugi kadamêl anggosok tosan, supados gilap utawi botên ninja.

2. Arêng sela

Meneral ingkang amigunani piyambak, tumrapipun tiyang, inggih punika arêng sela, awit dados êmpan-êmpaning latu ingkang prayogi piyambak saha rêginipun mirah.

Ing jaman kina lumahipun bumi punika beda sangêt kalihan sapunika, sabab siti-siti ingkang inggil, saya andhap, amargi wusananipun kaêlêban ing toya, lajêng dados rawa utawi talaga. Dene wiwitan tuwin thêthukulan sanès-sanèsipun, kêpêndhêm ing siti tuwin wêdhi, ingkang sami jugrug saking rêdi, sabab saking punika thêthukulan wau botên kenging utawi botên angsal hawa dados kajêngipun botên sagêd ajur utawi bosok, sarêng lami-lami lajêng dados atos, inggih punika asalipun arêng sela. Arêng sela ingkang sae piyambak punika wêdalan ing pulo Engêlan, wiyaripun pamêlikan arêng sela ing ngriku ngantos sapradasaning [sa...]

--- 432 ---

[...pradasaning] wiyaripun pulo wau. Kajawi saking punika ing tanah Bèlgi (Belgie) Prancis, Jêrman tuwin ing Honggariyah, ugi kathah arêngipun sela. Siti ingkang arêngipun sela kathah piyambak, inggih punika ing Pêrênêhdhêsêtatên (Vereenig de staten) ing tanah Amerikah lèr, wiyaripun tikêl tiga wêlas, tinimbang kalihan wiyaripun siti panggenan arêng sela ing tanah Eropah. Ing tanah Nèdêrlan, ing sacakêtipun kitha Kèrêkradhê (Kerkrade) ugi wontên arêngipun sela. Ing pulo Borneo tuwin ing pulo Sumatra ugi wontên arêngipun sela, kados ta ing paresidhenan Padhanginggil, Ombilin, tuwin ing sacakêtipun kitha Batusangkar. Saking pangintênipun tiyang sagêd, arêng sela wêdalan ing pulo kêkalih wau saenipun sami kalihan arêng sela wêdalan i[11] pulo Engêlan.

Arêng sela punika trapipun wontên ing siti sap-sapan, wontên ing saantawisipun siti kapur, wêdhi sapanunggilanipun. Satunggal-tunggalipun, kandêlipun botên sami. Ing sacakêtipun kitha Lik (Luik) ing tanah Bèlgi, arêngipun sela ngantos 60 sap, sarta ing saantawisipun kitha Sar (Saar) tuwin Bris (Bries) ngantos 164 sap, bilih sap-sapan wau botên mawi lêd menêral sanèsipun, kandêlipun 90 mètêr, dene satunggal-tunggalipun sap kandêlipun [kandêlipu...]

--- 433 ---

[...n] 3 1/2 utawi 4 mètêr, ananging ingkang limrah kandêlipun namung 0,6 mètêr. Arêng sela ing parêdèn Sudhètên (Sudeten) satunggal-tunggalipun sap, wontên ingkang kandêlipun ngantos 5 dumugi 10 mètêr.

Ing sataun-taunipun arêng sela kapêlik wontên 2000 yuta sèntênar (1 sèntênar = 100 kilogram).

Arêng sela punika bilih dipun bêntèri wontên ingkang lajêng angwontênakên kados dening kukus, gampil kobongipun, sabab saking punika arêng sela wau sagêd angwontênakên gas, kangge dilah, urubipun padhang, sarta botên sarana sumbu. Gas punika asalipun saking kukusing arêng sela, warninipun ijêm. Sasampunipun kukus wau karêsikakên wontên ing pabrik gas, lajêng botên katingal, sabab sampun dados hawa. Kajawi angwontênakên gas, arêng sela wau ugi amêdalakên tir. Sasampunipun kapêndhêt gas tuwin tiripun, arêng sela wau dipun wastani kokês Coces bilih dipun obong êmpanipun dangu, ananging mênawi sampun êmpan, bêntèripun sangêt sarta botên anggănda, kados dening obong-obongan arêng sela ingkang taksih tulèn. Kokês punika botên angukus, sarta botên ambêbayani, sabab punika prayogi sangêt kangge angwontênakên sêtum, ing baita kapal, [ka...]

--- 434 ---

[...pal,] kareta latu sapanunggilanipun, sabab sampun botên wontên mutawatosipun malih. Dene arêng sela ingkang gasipun namung sakêdhik, botên pêrlu kapêndhêt gas tuwin tiripun, lajêng kenging kaobong kangge punapa pêrlunipun.

3. Antrasit (antraciet)

Ingkang dipun wastani antrasit punika arêng sela asal saking Pêrènêhdhê Sêtatên Vereenigde State bilih dipun obong gasipun ingkang mêdal namung sakêdhik, kobongipun dangu, ananging bilih sasampun[12] êmpan, bêntèr sangêt.

4. Walirang

Walirang ingkang warninipun jêne punika asalipun saking sacakêtipun rêdi-rêdi ingkang mêdal latunipun, upami ing sacakêtipun rêdi Etnah (Etna) tuwin rêdi Phesupius (Vesuvius) walirang punika kadamêl obat, sêkar latu, rèk, swapêlsur (Zwavelzuur) tuwin sanès-sanèsipun, dene ingkang kagilingan tosan dados galêpung, punika pêrlu kadamêl jampi-jampi.

5. Aspal (asphalt)

Aspal punika menêral ingkang warninipun cêmêng, asalipun saking dhodhêse Doode zee tanah Wurtêmburêh (Wurtemburg) Tirol (Tijrol), Prancis tuwin ing pulo Trinidhat, ing

--- 435 ---

Amerikah kidul, aspal punika bilih kacêmplungakên ing wedang bentèr sagêd ajur, kanggenipun kadamêl ngurug margi-margi dipun wor kalihan wêdhi tuwin karikil, ing jaman kina tiyang ing tanah Ègiptê (Eijgipte) bilih pêjah, mayitipun dipun sukani aspal, pêrlunipun supados mayit wau botên tumuntên bosok utawi anggănda.

6. Sela Ambar

Sela ambar punika asalipun ugi saking thêthukulan, ingkang gêsang sadèrèngipun bumi punika dipun ênggèni ing tiyang ingkang kathah asalipun saking pasisiring sagantên Balti, inggih punika antawisipun kitha Dhansih (Dantzig) kalihan Mèmêl (Memel) ing jaman kina ing pasisiring tanah Nèdêrlan ugi wontên selanipun ambar, ananging namung sakêdhik, inggih punika ing Sunglon, Dholar Dollard.

Sela ambar punika warninipun jêne sarta bêning, bilih dipun obong gandanipun arum, kanggenipun kadamêl maripat anting-anting kancing sasaminipun, tuwin kadamêl kothak, pila sapanunggilanipun.

Taksih wontên sambêtipun

Pun Prawirawiyata, abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 436 ---

Mas Ngabèi Suraprabawa, aprasabên botên sagêd ngintunakên têtêdhakaning Sêrat Budha Gotama: satamatipun pisan, sagêdipun namung salêbêt-salêbêtan kemawon, amargi botên kaur nêdhak kathah saking kathahing padamêlanipun.

Niyatipun Mas Ngabèi Suraprabawa mitulungi dhatêng Candrakanta, sangêt ing panarimah kula, dèrèngipun kalêksanan, amargi kêpalang ing damêl.

Kula ngaturi uninga bilih kula sampun sagêd pikantuk têtêdhakaning sêrat Budha Gotama wau, malah warni kalih. Ingkang sampun sami kasumêrêpan, kula wêdalakên rumiyin. Red

Pitakènipun priyantun wadana guru ing Banyumas bab angrêsiki gadhing ingkang sampun lami (Candrakanta blz 387) kabalodroa[13] ing lisah têrpêntèin (terpentijn) ingkang ngantos kalomoh sarta lajêng kagêbêga ingkang ngantos mêlêng-mêlêng, tumuntên kaêpe, bilih sampun garing kaambalana makatên malih ngantos kawan dintên laminipun, gadhing wau amêsthi sagêd pêthak kados kala taksih enggal.

TANG SING TJWAN. Solo 25-12 1902. Red.

 


§ mêling-mêling ing Surakarta botên wontên, punapa sami kalihan, mêlêng-mêlêng, dene têmbung mêling K = mêkas N punapa namung kangge purwakanthi: sukur Red. (kembali)
kados ta:. (kembali)
ambar. (kembali)
ing nginggil. (kembali)
kabêntèrên. (kembali)
kawastanan. (kembali)
phrotospalma. (kembali)
swapênlêhsir. (kembali)
ing. (kembali)
10 ingkang. (kembali)
11 ing. (kembali)
12 sampun. (kembali)
13 § punapa sami kalihan: balonyo. (kembali)