Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-03, #655

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-03, #655. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02-03, #655. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 10, 25 Pasa Je 1862, 3 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [177] ---

Ôngka 10, 25 Pasa Je 1862, 3 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tamu agung saking Nèdêrlan

[Grafik]

Kala dintên Kêmis enjing tanggal 28 Januari ingkang kapêngkêr Dr. L.N. Deckers, minister van defensie ing Nèdêrlan sampun dumugi ing Tanjungpriuk. Kala punika kathah para pangagêng ingkang sami mêthuk, makatê ugi para prajurit wontên sagêlar sapapan ingkang sadhia wontên ing palabuhan, minôngka angurmati tamu agung wau.

Ing nginggil punika gambaripun kala paduka Tuwan Dr. L.N. Deckers mriksa barisanipun para prajurit, inggih punika ingkang mangagêm cêmêng. Ing têngênipun: Jendral Mayor Hoeksema de Groot, kiwanipun Jendral Laut J.F. Osten.

--- 178 ---

Lêlampahan Salêbêtipun Wulan Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 9

[Dhandhanggula]

rêrikatan Siman lawan Simin / sami wisuh sigra mlêbu ngomah / anjujug ing sênthong kilèn / sami nutugkên turu / kang srêngenge wau wus mijil / nanging surêm tan padhang / kalingan ing mêndhung / sêpi nyênyêt pakampungan / datan kadi padatan ing wanci enjing / labête wulan Siyam //

cabuk rambak tukang wedang kopi / datan katon kadi saban-saban / sêpi swara ting carêngkèng / cêlak kalawan cakruk / wong dol gudhêg amblênêg linggih / ngêntèni bocah jajan / nanging tanna tuku / amung siji tur sagobang / dadi lima imbuh karag nênêm sabil / dilabuhi grêjêgan //

bakul wade sami angêdali / prawan rôndha wlanjar lan somahan / anggendhong dêdagangane / wontên kang rada cukup / putra pyayi randhaning mantri / lumaku sêblak langak / abdine tut pungkur / bakyu bèi lagi pasa / cêgah gantèn lambene pucêt sathithik / malah agawe cingak //

tan tinulis kaananing ari / wau sampun wanci bubar ngasar / jalu èstri pêpak kabèh / samêkta anèng ngayun / angêntèni sangating mahrib / sinambi jêjagongan / ing jro wisma sampun / pêpak andhèr dhêdhaharan / kang mirasa bakal bukan dèn ruktèni / beda lawan padinan //

kacarita Siman lawan Simin / lagi nglesot sarwi anyandhing jam / ngantu-antu pangantine / Siman malêruk clathu / nora ngono apa ta iki / lawane rada têlat / ora ana jêdhul / wêtêngku wis kalurukan / Simin angling bok ya kok êndhake dhisik / kurang sadhela êngkas //

lah dêlêngên kae ana siji / lagi mêtu saka pupus gêdhang / mêngko kancane rak akèh / Simin sawêg amuwus / wontên swara dhêl dhêl kaping tri / tôndha saking kauman / yêkti surya surup / Siman Simin sigra mênyat / mlêbu ngomah jupuk ajang rêbut dhisik / bapakne mèsêm ngucap //

bok ya sarèh kêbangêtên iki / kaya kere rêbutan panganan / Siman Simin tan angrèwès / suk-sukan barêng nubruk / iwak êmpal cinokot aglis / sarwi ngêthungke ajang / ingimbuhan sampun / srikutan muluk dhêkêman / rada pêdhês jangane Simin sru wahing / gêbrès-gêbrès ping tiga //

nyêmbur-nyêmbur upa morat-marit / tangan kiwa angusapi mata / têngên ngusapi irunge / sraweyan sêntlap-sêntlup / bokne dulu gumuyu angling / ah bok alon wae ta / mangan ja kêsusu / Simin wisuh salin ajang / gênti kolak gêdhang dhasar lêgi gurih / buah pundhung rambutan //

Siman Simin eca sawêg bukti / wontên swara kapirêng nèng jaba / yo trawèh ayo cah trawèh / Siman Simin kêsusu / wisuh sênthot mêdali jawi / rame tinampèn kônca / lare sampun kumpul / gêrombolan maring langgar / pak kaume bubar wulu têrus linggih / mèsêm bagèkkên bocah //

apa padha pasa mau iki / gya mangsuli inggih gih sadina / lah rak ngono bêcik kuwe / saiki wis sataun / ora trawèh mêsthine lali / botên taksih kèlingan / sokur bocah sokur / pak kaum ngarêpke keblat / sigra wiwit bocah tata sami linggih / klêsak-klêsik rêrasan //

mêngko apa jaburane iki / ingkang sandhing ngungak-ungak jawab: / ayake dhawêt lan tape / Si Bendhot gêla muwus / êlo priye [pri...]

--- 179 ---

[...ye] mêngko ta iki / aku ra nggawa pinggan / cangkire mung têlu / lah mêsthi padha rêbutan / iki ana bocah cacah rolas iji / nuli kaum rêkaat //

bissêmilahirohmannirrohim / kamdullilahirobbil allaman / glêrêg-glêrêg suwarane / sarwi adhêkal-dhêkul / bocah barêng ngêtutkên sami / Siman rada andhugal / wruh Bendhot andhingkluk / tinabok muni kumêplak / Bendhot sigra ngurutake nabok ngering / dadi urut-urutan //

[Grafik]

Lare-lare sami arak-arakan nuju malêman.

kêplak-kêpluk tiba kang kapêncil / rada sêru prênah piling kanan / Si Nyik jur kagèt anjêngèk / adhuh gile pak kaum / kurang ajar sing sisih niki / kaum mêdhot pujian / rêngu wuwusipun / ah aja ugal-ugalan / titènana mêngko ora tak êdumi / botên pak botên kula //

têlas salat nuli wiwit dhikir / rame guyub swara sru gumêrah / nanging ting clêbung unine / Allahukhanatahu / wontên lare kang aran Sidin / rada wêruh irama / yèn muni Allahu / muwuhi: iyèk lan dhungdhang / dadi rame hohiyèk-hohiyèk dhang hik / dhungho iyèk hao dhang //

salin dhikir pak kaum bukani / wa harngalim astagkapirallah / arngalim astagpirlahe / bocah barêng ambarung / êndhas kaum êndhase maling / dhas maling cancang bolah / sami pating clêbung / pak kaum tan bisa duka / têmah mupus wis adate lare alit / padha ugal-ugalan //

wusing dhikir kaum ambukani / gênti sadat kurès kang winaca / nêksèni ingsun tuhune / Nabi Muhammad iku / manungsa kang lanang sayêkti / mardika akil ingkang / balig lawan bagus / mancorong warnane kaya / purnamane wulan utawa hyang rawi / rame raras kapyarsa //

têlas sadat pak kaum nambungi / niyat ingsun apasa tutuga / lare sigra anggro kabèh / tutug sadina sesuk / sampun rampung salat lan dhikir / rame ngêbyuk jaburan / barêng suk-kinêsuk / singa kalah nora uman / Siman cikat nyandhak tape olèh dhisik / mlumpat golèk dhêlikan //

karya rêgêng sabakdaning Mahrib / lare sami tarwèh anèng langgar / pinunggêl cacriyosane / sinêrat ing ri Sabtu / tanggal slikur marêngi sasi / Siyam windu Sancaya / sèwu wolung atus / sawidak kalih Je warsa / anèng kantor Bale Pustaka Batawi / Têguh Sastrasuwignya //

--- 180 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 103).

Bab ucap-ucap

1. Jêjêran

Syuh rêp data pitana[1] anênggih nagari pundi ingkang kaeka adi dasa purwa. Sanadyan kathah titahing dewa, kang kasongan ing akasa, kasôngga ing prêtiwi, kathah ingkang asri araras, nanging datan kadi nagari ing Dwarawati. Mila kinarya bêbukaning carita, ngulatana nagari satus datan antuk kêkalih, sèwu datan antuk sadasa.

[Grafik]

Bathara Krêsna

Pranyata ing Dwarawati nagara kang panjang punjung, pasir wukir loh jinawi, gêmah ripah karta raharja. Panjang, dawa pocapaning kautaman. Punjung, luhur wibawaning kaprabon. Pasir, mêngku bandaran agung. Wukir, kathah kasugihan saking pagunungan. Loh, kathah tirta martani têtuwuhan. Jinawi, kathah narmada ingkang dados pasrèning praja. Gêmah, kukuh sugih kalawadya. Aripah, ayêm têntrên[2] sêmuning praja.[3] Karta, datan ana durjana juti sapêpadhane. Raharja, katôndha para punggawa sapangandhap datan wontên ingkang irèn mèrèn cêcêngilan. Sadaya sami sayuk rukun pasang karahayon, dènnya nyangkul pakaryaning praja. Maratah para narapraja sami kontab kautamane, dibya wirutama, widagda ngudi èdining kawidagdan, angayomi para kawula. Mila para kawula sami ayêm têntrêm, bêbasan datan ana kaduhkitan, salêbêt sajawining praja kathah pêpasrèn anglam-lami tiningalan. Dhasar nagara ing Dwarawati padhang jagate, adoh kuncarane, gêdhe pangaribawane, kaloka ing môncapraja.

Sintên jêjuluking nata Dwarawati: Sri Bathara Krêsna, Arimurti, Narayana, Padmanaba, Madusudana, Kesawa, Janardana. Sadaya sami jêjulukipun Bathara Wisnu, dening sri bupati yêkti titising Sang Hyang Wisnu.

Mangkana wênang dèn ucapakên pambêganing nata, sayêkti ratu adi utama santa darma, awas mawas wosing [wo...]

--- 181 ---

[...sing] kawusanan, pirsa sadèrènging winarah. Sang prabu pinunjul ing tri bawana. Yèn ing kangsucian[4] sang nata saluhuring para brahmana, yèn ing kawijayan angungkuli para jawata, yèn ing daya prabawa angungkuli sang hyang pratônggapati, yèn guna sarana saluhuring budi pranjana.

[Grafik]

Sri Baladewa.

Saking kontab prabawaning sang prabu, para môncanagara sami suyud sumungkêm, nungkul datan saking pinukul ing prang, amung saking kasok pêpoyaning kautaman, bêbasan ingkang cêlak manglung, kang adoh tumiyung, sami atur bulu bêkti, glondhong pangarêng-arêng, guru bakal guru dadi.

Ya ta sinigêg ingkang murwèng kawi. Nuju ing ari Rêspati, sri bupati miyos siniwaka ing siti inggil pinatarana, lênggah ing dhampar kancana, pinatik sêsotya, linamakan baludru sutra, sinêbaran sari kinarawistha, sang nata dèn ayap ing badhaya srimpi, manggung kêtanggung, jaka palara-lara. Sami ngampil upacara kaprabon, banyak dhalang, sawunggaling, ardawalika, sata dipangga, kidang sangsam sarwa kancana. Sang prabu kinêbutan laring manyura kanan kering, kongas gandaning nata, arum angambar-ambar dumugi pangurakan. Sanalika sang prabu sirna kamanungsane, kadi ratuning jawata siniwi para dewa, ingayap para widadari.

Ing pasewakan rêp sidhêm pramanêm datan ana banèning walang salisik, amung swarane pradôngga ginêndhing araras, saking mandrawa cat kapirêng cat botên, têka amuwuhi asrining pasewakan.

Sintên ingkang kacakêtakên ing ngarsa nata, sang narpaputra ingkang binadhe raja, akêkasih Radèn Sômba. Sang narpaputra dhasar satriya bagus, karêngga ing busana, lêbda ing parikrama, sudibya ing adilaga, adhêdhasar limpad ing graita. Kalih ipe nata, satriya ing Lesanpura, akêkasih Radèn Satyaki, iya Sang Wrêsniwira, Singamulangjaya. Radèn Satyaki pranyata satriya utama, ambêg raharja, sakti sudibya ing ngadilaga, karosane datan pae gajah budi ambêdhat. Marma minôngka gêdhig manggala, agul-aguling adilaga. Sadaya para sumewa sami sumungkêm silastawa atap pranata.

Apa wigatine sang prabu miyos siniwaka. Ing pagêdhongan sajatine sang prabu arsa nyuba wiwaha [wiwa...]

--- 182 ---

[...ha] ingkang rayi Rêtna Bratajaya, iya Wara Sumbadra, kagadhang dhaup kalihan satriya panêngah Pandhawa Radèn Arjuna.

Ing nalika punika kapasang yogya ingkang raka sri bupati ing Madura Sri Baladewa, sampun rawuh jumujug ing pasewakan, lênggah satata wontên ing dhampar kancana. Sang Prabu ing Dwarawati sakalangkung sukaning wardaya èsmu noraga.

Mangkana ing pasewakan sangsaya tambah asri kawuryan, dening cahyaning narendra kalih rêbut praba, katon amarakata asênên-sinênênan. Ya ta wus sawatara sang prabu imbal pangandika.

Kawruh Sawatawis

Raos Kaalusaning Gêndhing lan Jogèd

Ing bab gêndhing tuwin jogèd, punika sabên bôngsa sami gadhah, mênggahing raos, tumrap ingkang anggadhahi, rumaosipun anganggêp bilih gêndhing lan jogèdipun ingkang sae piyambak. Panganggêp ingkang makatên wau pancèn nama botên kêlintu, awit kawontênanipun anocogi.

[Grafik]

Kêkêmpalaning bôngsa wanan, Papuah.

Nanging mênggahing raosipun, sadaya wau botên tilar adamêl grêgêt tuwin gambira, punapadene raos susah. Kados ta têtabuhanipun têtiyang wanan, punika limrahipun prasaja sangêt, namung awarni kêtipung, kangge mêndhêt irama sawatawis, prêlu kangge ngiramani dhatêng tindaking panjogèdipun, sanadyan jogèdipun namung adhapur lunjak-lunjak, nanging katingal anut irama.

Dene minggah-minggahing têtabuhan, tamtu inggih ambêkta lêluwêsaning jogèd, dados inggih kenging kangge titikan saya inggiling bêbudèn.

Cobi amêndhêt upami ing bab caranipun tiyang wanan manawi sami angraras lêlagoning gêndhing ingkang sinarêngan jêjogedan, punika katingal sangêt ing kasaripun, tuwin grêgêtipun namung dhatêng gambira, sanadyan wontêna ingkang êngês, nanging botên sapintêna raosipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika lajêng lumèrèg kenging kangge titikan dhatêng kirang lêbêting raos.

Sapunika lajêng kainggahakên dhatêng bab raosing

--- 183 ---

têtabuhan ingkang kawontênanipun warni-warni, ingkang nama sagagrag, warni-warnining têtabuhan wau ugi lajêng ngawontênakên gêndhing warni-warni, tuwin lajêng nuwuhakên raos ingkang adamêl gambira, damêl grêgêt, damêl prihatin, tuwin sanès-sanèsipun.

Tumraping bôngsa Jawi, kados sampun kathah ingkang sagêd ngraosakên gêndhing Eropah tuwin gêndhingipun piyambak, ing ngriku namung gumantung mana suka, rêmên ingkang pundi, nanging kalih pisan wau sami isi raos bingah lan susah kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Dados tumrap ingkang kasêngsêm dhatêng gêndhing Eropah, inggih lajêng sagêd cariyos dhatêng raosipun ingkang warni-warni, upaminipun gêndhing ingkang damêl gambiraning manah, punika tumrap ingkang cocog, sabên mirêng inggih lajêng anjênggirat, sawênèh wontên ingkang sagêd nênangi dhatêng kapurunan.

Makatên ugi tumrap gêndhing Jawi, raosipun inggih botên beda, upaminipun tiyang mara tamu dhatêng panggenanipun tiyang gadhah damêl, punika samôngsa kinurmatan ing gôngsa gêndhing Kêbogiro, inggih lajêng anjênggirat, saupami tiyang ingkang lampahipun ngalêmêr, inggih dados cêdhit-cêdhit, malah sagêd ugi lajêng dados anglangak kados Radèn Sômba.

Tamtu kemawon gêndhing-gêndhing wau inggih lajêng gadhah nama piyambak-piyambak, ingkang namanipun anocogi kalihan ungêlipun, upaminipun inggih gêndhing Kêbogiro wau, namanipun cocog kalihan suwaranipun. Makatên ugi tumrap gêndhing Eropah, kintên-kintên ugi makatên.

[Grafik]

Pêthilan ringgit tiyang Basudewa lan Narasoma, wontên ing pandhapi Kapatihan Pakualaman.

Nanging tumraping raos sampun têmtu botên kenging kagathukakên, kajawi ingkang sampun lènjèh dhatêng raos kalih-kalihipun, awit tumraping bôngsa Eropah, lajêng amastani manawi gêndhing Jawi punika pating klênyit tanpa têgês, ambrêbêgi kuping, makatên ugi tumrap bôngsa Jawi ingkang botên sagêd ngraosakên dhatêng gêndhing Eropah, manawi mirêng lajêng ngêlus-êlus wêtêng, saking sêbah. Raos ingkang kados makatên wau inggih pancèn botên lêpat, sampun malih bôngsa Eropah mirêng gêndhing Jawi sagêda cocog, sawêg bôngsa Jawi piyambak kemawon ing sapunika sampun kathah ingkang [ing...]

--- 184 ---

[...kang] kêri mirêngakên gêndhing Jawi. Nanging kosokwangsulipun, bôngsa Eropah wontên ingkang sampun sagêd ngraosakên gêndhing Jawi ngantos dipun bêkta dhatêng pasupênan. Dados sami kemawon.

Gêsanging gêndhing wau saya karaos malih manawi mawi binarung ing ucap, yèn Jawi gerong, punika saya cêtha malih, awit panggerongipun wau mawa ucap ingkang ugi atêgês dados panggugah.

[Grafik]

Srimpi ing Priyangan.

Ing sapunika gêntos ing bab jogèd, yèn caranipun ngrika dhansah, punika inggih sami mêngku kaalusan sadaya, têgêsipun sami botên tilar kasusilan, nanging ing bab punika namung mêndhêt ing bab raos gêsangipun. Tumraping jogèd Jawi, pundi ingkang nama anêtêpi dhatêng pathokan, punika ngantos sagêd ngirup dhatêng raosipun ingkang ningali, kabêkta saking tanpa kuciwa, sanadyan ingkang anjogèd lare pisan, sêngsêmipun sampun botên beda kalihan tiyang sêpuh. Makatên ugi tumraping dhansah kados inggih botên beda.

Dene tumraping nayuban, lajêng dados cacadan, dipun wastani patrap saru, punika pancèn inggih nyata, nanging punika nama lêpatipun ingkang nindakakên, awit kados botên wontên janjinipun tiyang nayuban lajêng kapurih main rêsah-rêsahan. Dados saupami tataning nayuban dipun ewahi, utawi dipun icali, ingkang anjalari dados tuwuhing tindak rêsah, tamtunipun lajêng katingal maliginipun angênggèni kawruh jogèd. Dene manawi dipun bujêng dupèh ing ngriku kasêlan ing tiyang èstri, inggih punika ringgit, kaanggêp botên pantês, lajêng adamêl kirang rênaning para wanita ingkang mariksani, punika lajêng nama botên ngadil.

Dados saupami wontên pamanggih nêdya adamêl suwaking nayuban, nanging manawi nyataning tatananipun sampun botên saru, inggih prayogi nyandèkakên sêdyanipun badhe nyuwak. Ewadene manawi mêksa adrêng dupèh mawi jalêr èstri, wohipun tamtu badhe ambibrahakên tatananing dhansah. Awit mênggahing raos, kasusilan tuwin botên susila, punika tumraping ngrika-ngriki botên sami.

Mênggahing wosipun, ing karangan punika namung nyariyosakên ing bab kaalusaning gêndhing lan anjogèd.

Ha.

--- 185 ---

Pasamuwan ing Surakarta

[Grafik]

Sampeyan dalêm ingkang wicaksana, nalika badhe bidhal kirap.

--- 186 ---

[Grafik]

Gambar ingkang nginggil, sampeyan dalêm ingkang wicaksana nalika kirap angubêngi praja, nitih rata kancana.

[Grafik]

Gambar ingkang ngandhap, para akung[5] ingkang sami badhe malêbêt dhatêng kadhaton, anjênêngi pahargyan ing nalika dintên Kêmis, kados ingkanag sampun kapratelakakên ing Kajawèn.

--- 187 ---

Raos Jawi

Panulaking Kala

Sambêtipun Kajawèn nomêr 9.

Sabar

Para maos mugi botên kêmba ing panggalih maos karangan ing bab babadipun Pangeran Pugêr, wontênipun dipun andharakên ngantos panjang, namung prêlu badhe ngêtingalakên ing bab wohipun ambêk sabar.

Kacariyos sasedanipun Sinuhun Prabu Mangkurat, Pangeran Pugêr lajêng anjumênêngakên Pangeran Adipati Anom sumilih kapraboning rama, pangeran adipati wau kajawi putra kapenakan, ugi mantu. Nalika wontên ing pasewakan, Pangeran Pugêr jumênêng wontên ing pêngkêranipun Pangeran Adipati tuwin andhawuhakên: Sarupaning wong ing Kartasura kabèh, padha nêksènana, yèn Pangeran Adipati Anom ing saiki ingsun junjung jumênêng nata angrèh ing tanah Jawa kabèh, ajêjuluka Kangjêng Susuhunan Mangkurat Senapati ing Ngalaga, Sayidin Panatagama.

Ing sakala punika wontên sêsêpuhing praja nama Adipati Sumabrata nyêntak dhatêng Pangeran Pugêr: Ah, botêna panjênêngan junjung, Pangeran Adipati Anom sampun sagêd jumênêng nata piyambak.

Pangeran Pugêr mirêng têmbung panyêndhu kados makatên punika sakalangkung lingsêm, ing dalêm batos ngantos ngucap ngudubilahi. Nanging raos ingkang mêmirang kados makatên punika tumrapipun Pangeran Pugêr namung dipun anggêp dados cobi, kangge ambobot kasabaranipun. Mila inggih namung dipun tampèni kanthi panarimah.

Samubarang punika manawi dipun ajêngi, tamtu inggih lajêng saya katingal, kados ing bab anggènipun Pangeran Pugêr angajêngi dhatêng sabar, tansah kêpêthuk kemawon sabab-sabab ingkang dados panyobi. Tamtu kemawon panyobi wau tuwuh saking tiyang ingkang nêdya damêl awon dhatêng panjênênganipun, tuwin dhasar nyata Pangeran Pugêr tansah dipun karenah, malah kalampahan Pangeran Pugêr lajêng dipun bêthèk wontên ing alun-alun sagarwa putra, jalaran saking kadakwa angrojongi putra anggèning ambalela ing ratu, inggih punika pangramaning putra ingkang nama Radèn Mas Suryakusuma. Makatên malih putri ing Kapugêran ingkang kagarwa ing sang prabu, lajêng kakondurakên.

Nalika Pangeran Pugêr tampi paukuman wau, wontên putranipun ingkang nama Radèn Mas Ôntawirya, nêdya ambangkang botên purun ngêsrahakên dhuwung, ing ngriku andadosakên dukanipun Pangeran Pugêr, kawiyos pangandikanipun: Ôntawirya, kêrismu pasrahna, sanadyan kowe dipatènana ya aja suwala, sarèhne kowe ora dosa, amêsthi patimu nêmu bêcik. Balik yèn kowe bôngga, amêsthi bakal duraka ing ratu, lan yèn kowe ora pasrah gêgaman, kêna ing supataku. Dene salajêngipun, ing salêbêtipun Pangeran Pugêr anglampahi paukuman,

--- 188 ---

botên karsa dhahar utawi sare, tansah nyuwun ngapura sarta pitulunging Allah. Ing ngriku lajêng katingal cêtha sangêt ing bab kasabaranipun Pangeran Pugêr.

Ing ngriku lajêng tuwuh rêmbag ingkang wosipun badhe masesa dhatêng Pangeran Pugêr, nanging wantunipun Pangeran Pugêr panggalihipun wilujêng, malah mêngsahipun Pangeran Pugêr, inggih punika Adipati Sumabrata, nyuwunakên pangapuntên, awit têrang manawi Pangeran Pugêr botên dosa. Kalampahan Pangeran Pugêr sagarwa putra sampun linuwaran, nanging mêksa taksih dipun sujanani, mila lajêng dipun aturi dalêm cêlak alun-alun. Nanging wantunipun tiyang dipun gêthingi ing ratu tuwin tansah dipun sujanakakên, dados inggih tansah botên sakeca, makatên malih saparipolahipun tiyang ing Kapugêran, tansah dipun ulat-ulatakên.

Sanadyan Pangeran Pugêr punika wontênipun ing Kartasura botên angsal manah, ewadene tansah tinari-tari dening panjênêngan nata, kathah bab-bab ingkang prêlu katindakakên dening Sang Pangeran. Ananging Sang Pangeran botên kêndhat tansah tampi cobi ingkang sakalangkung awrat.

Wontên bêbasan, manawi nêdya adamêl nêpsuning tiyang, ambedaa anakipun. Makatên ugi Pangeran Pugêr, ing kala samantên mirêng pawartos, bilih putranipun ingkang nama Radèn Mas Suryakusuma, kacêpêng, lajêng dipun baronjong. Ing ngriku Pangeran Pugêr sampun botên kuwawi angraosakên malih, lajêng lolos saking Kartasura sagarwa putra dhatêng Sêmarang. Bidhalipun dhatêng Sêmarang wau rêreyongan sangêt.

Nanging sarèhning tindakipun Sang Pangeran punika sampun kasampiran wahyu kawilujêngan, lulus ngantos dumugi ing Sêmarang. Cinêkak ing cariyos, Sang Pangeran sagêd jumênêng nata wontên ing Sêmarang, dipun idèni ing Kumpêni, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama.

Ing ngriku pinanggihing wohipun kasabaran ingkang dipun sarirani ing Pangeran Pugêr, ing salajêngipun sang prabu kondur dhatêng Kartasura sagêd ngêndhih karaton.

Mirid lêlampahan sadaya wau, tiyang anglampahi sabar punika pancèn rêkaos. Dados tiyang ingkang sagêd anglampahi sabar sayêktos, punika nama sampun manggih satunggaling kanugrahan, tinêbihan ing kala ingkang nêdya anggêgodha.

Jugul

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 639 (t.R. Kertodiprodjo) f 6,- punika tumrap wulan Juli 1932 dumugi Juni 1933. Dados manawi botên nampi blangko, panjênêngan botên prêlu paring yatra malih.

Lêngganan nomêr 5348 (t.S. Eprajim) sêrat sampun katampi. f 2,- tumrap wulan Januari dumugi April '32.

--- 189 ---

Kêkajêngan Agêng

Pinanggihipun wontên ing tanah Jawi, wana ingkang agêng-agêng kacariyos inggih kathah kêkajênganipun ingkang agêng-agêng, nanging limrahipun kajêng ingkang agêng-agêng wau dipun namakakên kajêng taun, ingkang botên kapilih kangge dandosan, amargi kawon kalihan kajêng jati.

Jalaran saking wontênipun kajêng jati ingkang misuwur saenipun kangge dandosan, parentah lajêng nanêm kajêng jati wontên papan ingkang anocogi kangge gêsanging kajêng wau, wusana lajêng dados wana ingkang dipun wastani wana pajatèn, lan wana wau pinanggih ing pundi-pundi, sagêd angêsuk wana-wana bêbondhot lan ingkang rumiyin botên sagêd ngêdalakên asil punapa-punapa.

Nanging sarèhning nama wana, pajatèn wau ing sakawitipun namung asli dipun tanêmi, lajêng ugi awujud wana grêng. Tamtu kemawon pinanggihing wana wau, inggih lajêng wontên uwitipun jati ingkang agêng, awit umuripun sampun pintên-pintên dasa taun. Dados pinanggihipun ing sapunika, kajêng ingkang nama agêng tuwin sampun umur dasanan taun, pinanggih wontên ing kajêng jati. Tumraping kajêng sanèsipun inggih taksih wontên, nanging botên sapintêna.

Manawi angèngêti ing bab kêkajêngan taun, tamtu inggih gêgayutan kalihan ngumuring tiyang, kajêngipun inggih mawi pêpèngêtan, dene tumraping para ahli, umur-umuraning kajêng punika sagên[6] nitik saking kawontênanipun.

[Grafik]

Kados ingkang kacêtha ing gambar punika, mujudakên kajêng ing tanah Amerikah ingkang sakalangkung agêng, sasampunipun katêgor, wujuding kajêng katingal, kenging kapandhing kalihan agênging tiyang. Kajêng wau umuripun sampun ewon taun.

--- 190 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Griya yatim griya yatim ing Tungkak. Griya yatim Muhammadiyah ing Tungkak ingkang angsal arta pambiyantu saking parentah, wiwit wulan Januari kapêngkêr sampun botên angsal malih. Lare-lare yatim ingkang dipun upakara ingriku wontên 45, rumiyin sabên wulan lare satunggal angsal pitulungan saking parentah f 5.-.

Ir. Soekarno gêrah. Wontên pawartos, awit saking pamrayoginipun doktêr, sarèhning sariranipun Ir. Soekarno kirang saras, supados sampun ngêmori politiek rumiyin.

Sudan balanja. Kawartosakên, parentah ugi nêtêopakên sudaning balanjanipun prajurit legiun Mangkunagaran tuwin barisan Madura. Wiwit 1 April dumugi 30 Juni 1932 suda 5%, salajêngipun wiwit Juli suda 10% samantên punika namung tumrap ingkang balanja f 20.- minggah dumugi f 50.-.

Lêbêt wêdaling kuli kontrak. Miturut pawartos, ing taun 1930 Sêmarang ngintunakên kuli kontrak dhatêng tanah sabrang 9769 ingkang wangsul 8162. Ing taun 1931 ngintunakên 1412, ingkang wangsul 34.804. Dados tinimbang kalihan ingkang dipun kintunakên malah kathah ingkang wangsul.

Handelsvereeniging Sêmarang adamêl paturan. Handelsvereeniging Sêmarang gadhah atur dhatêng Kajêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados nyuwak pajêg dêlancang sigarèt, kalintunan pajêg sata. Dene wontênipun amargi arta pajêg dêlancang sigarèt punika namung dipun salingkuhakên ing tiyang kemawon.

Kasamèkakên kalihan bupati. Miturut pawartos, wiwit sapunika sêrat dhatêng assistant-resident kasêrat Hoogedelgestrenge... dados ing sapunika sami kalihan bupati.

Pagadean pêtêng. Veldpolitie ing Jombang mêntas nggropyok griyanipun bangsa Tionghoa ingkang manggèn ing tapêl watês Majakêrta kalihan Jombang. Bangsa Tionghoa wau kadakwa gantos pêtêng; ingkang dipun gantos kajawi barang-barang ugi nggantos rajakaya. Nalika dipun gledhah kalêrêsan nuju nggantos maesanipun tiyang dhusun.

Kapal-kapal ngamanca ingkang labuh ing Tanjungpriok. Ing wêkdal punika ing Tanjungpriok wontên kapal-kapal ngamanca ingkang sami labuh, 1 kapal pêrang Inggris "Kent", 2 kapal pêlancongan "Empress of Britain".

Botên saèstu anyatunggalakên A.M.S. Sêdya badhe nyatunggalakên A.M.S. ing Bandung tuwin Surakarta botên saèstu, amargi damêl kawratan warni-warni.

Griya pamondhokan kangge lare-lare Tionghoa ing Sêmarang. Ing Sêmarang sampun kêlampahan ambikak griya pamondhokan lare-lare Tionghoa, ingkang dipun adani dening nyonyah-nyonyah Tionghoa ingkang namanipun wontên ing Sêmarang katingal. Pambikakipun dipun jênêngi ing paduka Gupêrnur Jawi Têngah tuwin sanès-sanèsipun. Pamondhokan wau cêkap kangge lare 20, ing sapunika sawêg nampèni lare-lare èstri.

Gunggungipun tiyang ingkang katrajang sêsakit pès ing Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan. Kawontênanipun têtiyang ingkang katrajang sêsakit pès ing Jawi Têngah, Têmanggung 35, Têgal 30, Brêbês 9, Ngayogya 1, Bantul 3, Gunungkidul 19, gunggung 97. Jawi Kilèn, Majalêngka 13, Ciamis 4, Tasikmalaya 11, Bandung 22, gunggung 50.

[Grafik]

Tiyang umur 130 taun. Ing dhusun Pohkêmbang, Gombong, wontên tiyang nama Kyai Amadanom sampun umur 130 taun taksih kiyat, panggêsanganipun dados dhukun. Tiyang wau nalika jaman Diponagaran sampun gadhah anak 2, ing sapunika anakipun pinanggih 25. Kyai Amadanom wau sagêd ngaos, nalika nenemanipun nate ngaji dhatêng pondhok-pondhok ing Banjarmasin, Surabaya, Wanaagung (Kêdiri), Pacitan tuwin Bantên.

Hipa santun directeur. Tuwan A.H. Wignyasastra, directeur persbureau Hipa ing Bêtawi sapunika dipun gêntosi dening Tuwan D. Kusumaningrat.

Ngewahi klas ing K.P.M. Awit saking usulipun directeur babagan arta praja dhatêng parentah, supados kantor Reiswezen adamêl tatanan ewah-ewahaning lampah sagantên ing tanah ngriki, inggih punika bab klas pamanggèning punggawa nagari manawi numpak kapal K.P.M. manut pêpetangan balanja. Tindak makatên punika nagari badhe manggih pangiritan kawan ton.

--- 191 ---

Gunggunging arta ingkang sumimpên ing Postpaarbank. Gunggunging arta ingkang sumimpên ing Postpaarbank ing tanah ngriki dumugining tanggal 31 October 1931 wontên f 19.219.647.20. Pêperanganipun: bangsa Eropa f 11. 688.096.69; tiyang siti f 6. 746.218.98; bangsa ngamanca wetanan f 1.385.331.53.

Resident enggal. Kawartosakên Tuwan T.J. Habbema, ingkang wangsul saking nagari Walandi kaangkat jumênêng Resident ing Ngayogya, anggêntosi tuwan resident T.P. Westra.

Nyêpêng ratu adil. Ing kampung Gembong, Surabaya, wontên tiyang nama Ekoatmojo ngakên dados ratu adil, saha ngakên têdhak Majapait. Ekoatmojo lajêng dipun cêpêng ing pulisi, kanggenan dhuwung kathah tuwin jimat-jimat. Ing Baturêtna, Wonogiri ugi wontên tiyang ngakên ratu adil dipun cêpêng ing pulisi. Tiyang wau sampun sadhiya sowan Ingkang Sinuhun ing Surakarta ambêkta tiyang 200. nanging lajêng kenging dipun bêkuk ing pulisi.

Minister Decker dhatêng Borobudur. Kala tanggal 29 Januari, nalika Minister Decker wontên ing Ngayogya lajêng tindak dhatêng Borobudur nyare sadalu. Enjingipun wangsul dhatêng Ngayogya dhahar ing guprênuran, lajêng bidhal dhatêng Surabaya. Tanggal 13 Feb. bidhal saking Surabaya dhatêng Bandung nitih mêsin mabur, tanggal 15 saking Bandung dhatêng Bêtawi ugi nitih mêsin manur.

Kapal pêrang Inggris Kent bidhal saking Tanjungpriok botên kasumêrêpan. Kapal pêrang Inggris Kent ingkang nuju labuh ing Tanjungpriok, ing sadèrèngipun dumugi wanci labuhipun wontên ngriku, sampun bidhal botên kasumêrêpan.

Milliunair ngambah ing jaman malèsèd. Ing wêkdal punika wontên Milliunair bangsa Amerika lêlana dhatêng tanah ngriki numpak kapal "Empress of Britain". Kacariyos Milliunair wau wontênipun ing Bêtawi ugi nindakakên pangiritan, botên têtumbas punapa-punapa ingkang katawèkakên dhatêng piyambakipun, sanadyan têtumbasa inggih ngawis, beda kalihan Milliunair sanès-sanèsipun ingkang lêlana mriki ing sadèrèngipun jaman malèsèt.

Kawigatosaning kalawarti enggal. Ing bab kalawarti ingkang badhe dipun tindakakên dening Tuwan Driyowongso, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, punika badhe kaangkah isinipun supados ngèngingi manahipun golongan andhap, basanipun Jawi ngoko, ukaranipun prasaja.

Karampunganing congres P.G.H.B. Miturut pawartos congres P.G.H.B. ing Cirêbon anggêlêngakên rêmbag: 1. ananggulangi tumindaking politiek ngirit pangajaran tuwin ing bab badhe icaling liburan ing wulan Siyam. 2. nyuwun supados angsal ngêmori rêmbag ing bab sêrêg-sêrêgan tumrap warga P.G.H.B. 3. ngajêng-ajêng nggadhahi wêwênang ingkang mêsthi; 4. namaning "Perkumpulan Guru Desa" dipun ewahi "Volksonderwijzersbond"; 5. nêtêpakên Tuwan Adisewaya dados pangarsa P.N.S.

Ing Saparua wontên lindhu. Ing Saparua tansah kêraos wontên lindhu, kintên-kintên jalaran saking badhe inggahing toya sagantên dhatêng dharatan.

Wontênipun tiyang among dagang ingkang palit ing Bêtawi. Among dagang ing Bêtawi ingkang palit ing taun 1927 wontên 171; ing taun 1928 wontên 215; ing taun 1929 wontên 272; ing taun 1930 wontên 318 tuwin ing taun 1931 wontên 463.

Sêrat sinawung lêlagon saking sawênèhing guru wanita katur Ir. Soekarno. Wontên sawênèhing sêrat saking guru wanita ing Bêtawi katur Ir. Soekarno sinawung ing lêlagon basa Mêlayu, dipun kanthèni kacu pêthak abrit mawi sêrat ingkang suraosipun supados anunggilakên P.I. kalihan golongan Mardika.

Conferentie Partai Indonesia. Wontên pawartos, Coferentie P.I. saèstunipun kawontênakên ing Mataram, botên wontên ing Bêtawi.

Bab arta palsu ing Makasar. Kawartosakên ing Makasar kathah arta palsu ingkang sumêbar. Sabên datêng pulisi ambêskup arta palsu.

Pangiritan ing B.B. Tumrap B.B. tiyang siti dipun wontênakên pangiritan f 209.000. Sudaning tulage tuwin icaling bestuur T.H. f 56.000.-. Wragad ngupakara dipun kirangi f 99.460. Nyuda yêyasan f 245.000.-. Ewah-ewahan bestuur ing tanah Jawi tuwin Madura f 200.000.-. Pangiritan sanès-sanèsipun kados ta telepon tuwin wragad kantor kasuda 20% wontên f 197.950.-.

Rêdi Kêlut adamêl kasamaran. Miturut pawartos, ing sapunika ing Blitar dipun jagi ing saradhadhu saking Salatiga. Wontênipun kajagi prêlu nyêrêp-nyêrêpakên dhatêng têtiyang ingriku supados sami sampun kuwatos.

Arta kêrtas palsu nyadasa rupiyah. Ing sapunika ing Sumatra Kilèn kathah arta krêtas nyadasa rupiyah palsu. Wontên ingkang ngintên dhatêngipun wau saking Tiongkok, nanging tandha yêktinipun dèrèng wontên. Escompto nyumêrêpi bab wontênipun arta wau.

Bêna ing Juwana. Lèpèn Juwana ingkang adatipun ilinipun antêng, sarêng wontên jawah tanpa kèndêl lajêng mbaludag angêlêbi pundi-pundi.

Pakêmpalan ngayomi sato kewan. Pakêmpalan ngayomi sato kewan ing Ngayogya mêntas ngawontênakên parêpatan warga, ngêncêngakên bab tumindaking damêl ngayomi sato kewan. Gêlênging rêmbag supados ing pamulangan dipun wontênakên pangajaran ambêk wêlasan, ingkang gêgayutan kalihan bab wau. Ing salêbêtipun taun 1931 ing Ngayogya wontên sêrêgan panganiaya kewan 520.

ASIA.

Nyirnakakên tiyang awon. Wadya Jêpan nyêpêng tiyang awon cacah 10.000, panêmpuhipun ngangge auto lapis waja, tiyang awon wau sirna sadaya.

Kwontênan[7] ing Syanghai warni-warni. Griya consul Jêpan ing Tiongkok mèh dipun bêsmi ing tiyang, nanging lajêng kadênangan. Gemeente ing Syanghai ngèndêli wêdalipun sêrat kabar China Min Kua Jah Pao, amargi ngêmot karangan ingkang ngawon-awon Nata Jêpan.

Ngêbroki Chapei. Ing wanci têngah dalu, wadya Jêpan ngêbroki Chapei, inggih punika kitha ing Syanghai, lampah-lampahipun miturut rancangan ingkang sampun katata rumiyin.

Pêrang Tiongkok Jêpan. Parentah Tiongkok nêtêpakên badhe pêrang kalihan Jêpan. Nanking kadadosakên hoofdkwartier. Tiongkok dipun kuwatosakên. Tsjiang Kai Sek ngintunakên sêrat wara-wara lumantar telegram dhatêng commandant militèr saindênging Tiongkok, supados sadhiya.

--- 192 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

23

IV. Prabu Drêsnadyumna[8]

[Dhandhanggula]

tan kuciwa jumênêngira ji / wus misuwur praptèng liyan praja / lamun kang jumênêng mangke / nyata narendra luhung / trahing nata kang amêngkoni / laladan praja Langka / kalangkung misuwur / marma sumêbaring warta / anggung antuk pangalêmbana myang puji / saking nata ngamônca //

ayêming tyas pra kawula sami / dening ngrasa antuk pangayoman / narendra trahing gustine / kang mèh kasilêp dangu / kêndhih dening kang bôngsa Tamil / malah nguni angira / ing wuri tan wurung / trahing sang sayêkti sirna / dening anggung rinèhing nata linuwih / kang kalangkung kawasa //

lan sanyata yèn rinasèng ati / yêkti lôngka lamun kalakona / têrah singga tuwuh mangke / nanging Hyang Maha Agung / lamun paring marga tan pilih / nadyan wong tan kawasa / tanpa otot bayu / lamun pinarêngkên mênang / lakunira datan mawa pilih margi / pinangguh kasêmbadan //

kang pinangguh Drêsthajumêna ji / pancèn nyata dhêdhasar prawira / sarwa mêmbat panggalihe / tan arsa grusa-grusu / myang salami antuk pamardi / saking sri pramèswara / kang ambêk linangkung / salami tan kasamaran / mring sêmuning praja miwah satru sêkti / winruhan tan kuciwa //

kang mangkana tindak datan gampil / yèn ta datan linakon rêkasa / yêkti lôngka kalakone / nanging rasèng aluhung / salami mung kaciptèng batin / tumindakirèng karya / nganti mangsanipun / marma nadyan têtaunan / dupi praptèng ing kalamôngsa ngrampungi / lulus sarwa sambada //

saupama woh pêlêm kuwèni / matêngira wus dhawahing môngsa / datan ana kuciwane / binuktia pakantuk / dinohan ing rasa panyakit / kang tinêmu tan liyan / mung asuka têrus / marma ing tumêrahira / anumusi mring kawula maratani / amartani sadaya //

anyêlani pèngêtan ing tulis / bôngsa Tamil ingkang wus kasoran / dangu tan wontên ucape / dènnya narima têrus / nanging dupi alami-lami / tuwuh nêdya lumawan / dening mèngêt dangu / bôngsa Tamil wus kawasa / sinêmbah ing bôngsa Singga kongsi lami / dadya janma kawasa //

dyan umangsah angadani jurit / lumawan mring Sri Drêsthadyumêna / nanging datan antuk gawe / santosaning panêmpuh / linawan ing prajurit aji / kang dhêdhasar lêgawa / adoh tindak luput / sanadyan ta pêpêrangan / ciptanira mung nêdya atindak bêcik / têmah unggul ing yuda //

wadya Tamil tan dangu ngoncati / kaprabawan utamèng narendra / kang tan kêni dèn sorake / sanggyèng drênging panêru / datan ana kang mitayani / têmah tan kadadean / cabar sêdyanipun / nuli ing salajêngira / datan tuwuh rêrêtuning bôngsa Tamil / salami-laminira //

amangsuli sri narendra mangkin / datan kêndhat dènnya anggêganjar / mring prajurit sadayane / kang samya bela pupuh / gênging dana datanpa wilis / tanapi amisudha / kang alabêt agung / marma sabibaring yuda / sanggyaning kang pra prajurit sukèng ati / saya sru bêktinira //

lawan malih sri nata anggalih / marang para warandhaling[9] wadya / kang tiwas duk paprangane / samya antuk panglipur / dèn opèni salami-lami / tinêmu tan kuciwa / têmah samya sukur / tan kêndhat pamujinira / muga nata antuk kaluhuran luwih / salami-laminira //

satêntrêming praja sri bupati / datan kêndhat ing galih karasa / maring sanggyèng kaanane / kadi duk pêrangipun / para wadya samya toh pati / pati tanpa wilangan / kongsi banjir marus / rasa kang kadi mangkana / anggung nabêt maring panggalih narpati / mawèh karasa-rasa //

ing satêmah sri narendra mangkin / kang cinipta mung arsa mranata / maring kawilujêngane / para kawulanipun / mrih dinohan godhaning ati / rahayua ing sêdya / lêstaria têrus / dinohana ing angkara / kang ing wuri mung ngrêrusak ing sasami / pinuji kalakona //

kang minôngka dhêdhasar pangudi / sri narendra anggung amranata / sumêbaring agamane / mrih jêmbar têbanipun / awit lamun kalakon pasthi / dayanira sumrambah / maring sanggyanipun / janma laladan ing Langka / kang mangkana kasêmbadan maratani / datanpa sambekala //

myang sri nata ing mangkya murwani / dhawuh maring punggawa narendra / amrih ngiyasani mangke / wisma-wisma gung-agung / panguparèng janma kang sakit / ywa kongsi kalampahan / pra kawulanipun / aroga sadalan-dalan / agungira mangguh pati mamlasasih / tanpa pangupakara //

kasêmbadan kaparêng narpati / paripurna dènira iyasa / pantiroga gêdhe-gêdhe / myang nata adhêdhawuh / angyasani pondhokan janmi / môngka pangupakara / para janma sêpuh / kang pinangguh kasangsaya / dening mangkya tinilar lena ing jurit / warga kang ngupakara //

kang mangkana tan dangu wus dadi / para sêpuh kang tan darbe warga / ngalêmpak sênêng uripe / têntrêmirèng tyas têrus / rasa lila nrahakên pati / praptaning mangsanira / pinangguh alulus / antuk pati kang sakeca / kang mangkana tuhu laku kang linuwih / tumrap jêng sri narendra //

miwah mangkya sri nata anggalih / mring lakuning pra janma padesan / ing bab têtalèn ajune / pinardi lan pituduh / mrih ywa kêmba mring laku tani / awit iku sanyata / bakuning praja gung / tan kêni kongsi kuciwa / lamun kongsi katutan lakuning tani / praja datan santosa // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


§ Pangintên kula lêrêsipun: syuh rêp, ndata tita ana. Têgêsipuh: syuh, prusing kiyamat. Rêp: pandhêm, sirêp, cêp. Nda: lah, ta atita: barêng wis kalakon, banjur, ana: ana, têrangipun: sawise sêpi sidhêm awang uwung, lah banjur ana lêlakon manèh, carita iki. Têgês ingkang kados makatên punika sami kalihan wiwitanipun sêrat Adiparwa. (kembali)
§ Pangintên kula lêrêsipun: syuh rêp, ndata tita ana. Têgêsipuh: syuh, prusing kiyamat. Rêp: pandhêm, sirêp, cêp. Nda: lah, ta atita: barêng wis kalakon, banjur, ana: ana, têrangipun: sawise sêpi sidhêm awang uwung, lah banjur ana lêlakon manèh, carita iki. Têgês ingkang kados makatên punika sami kalihan wiwitanipun sêrat Adiparwa.
têntrêm. (kembali)
têntrêm.
§ Aripah, têgêsipun dèrèng angsal katêrangan, nanging apah têgêsipun toya. (kembali)
§ Aripah, têgêsipun dèrèng angsal katêrangan, nanging apah têgêsipun toya.
kasucian. (kembali)
kasucian.
agung. (kembali)
agung.
sagêd. (kembali)
sagêd.
Kawontênan. (kembali)
Kawontênan.
Drêsthadyumna. (kembali)
Drêsthadyumna.
warandhaning. (kembali)
warandhaning.