Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-11, #52

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-11, #52. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-11, #52. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 3, 18 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 11 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [41] ---

Ôngka 3, 18 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 11 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêphrèdhên.

Sawangan ingkang Nêngsêmakên

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika kawontênaning dhusun ing sacêlakipun Malang, tumrap ingkang botên mangrêtos, sagêdipun namung nacahakên wit têlu, omah siji, lan lêmahe pating pandhukul. Nanging tumrap tiyang ahli sawangan tuwin tukang anggambar, kawontênan kados makatên wau tansah dipun sawang kalihan gèdhèg-gèdhèg. [gèdhèg-...]

--- 42 ---

[...gèdhèg.]

Raos Jawi

Kasusilan Jawi

Wêwarahipun tiyang sêpuh dhatêng anak putu, ngawisi supados: yèn lumampah sampun rikat-rikat, sampun rindhik-rindhik, yèn wicantên sampun sêru-sêru, sampun kêlirihên.

Wulang kados makatên punika tumrap ingkang dèrèng nampi dhatêng kajêngipun, tamtu lajêng judhêg saking rumaos punapa satindak-tandukipun sarwa botên kêlêrêsan. Nanging sarèhning mênggahing neneman punika wajibipun namung manut miturut punapa sadhawuhing tiyang sêpuh, wontênipun inggih namung ngèstokakên.

Mênggah wontêning piwulangipun tiyang sêpuh kados makatên wau, tumrap tiyang ingkang rumaos angsal soroting pêpadhang, ing batos lajêng maoni, punapa prêlunipun tiyang damêl piwulang kemawon mawi dipun samar kados cangkriman, punika pikantukipun namung badhe ambêbingung lare.

Sayêktosipun tata ngadat ingkang kados makatên wau, mênggahing bôngsa Jawi pancèn sampun kêcara, dene gagapanipun: sarèhning punika nama kasusilan, tiyang tamtu anglampahi, lan sadaya lêlampahan ingkang dipun idaki, badhe karaos piyambak. Môngka mênggahing sayêktosipun, lêlampahan ingkang sampun dipun idaki wau, manawi wontên ingkang tuwuh dados sabab, kêraosipun lajêng têrus tumanêm ing manah. Ingkang makatên punika dados kantun gumantung wontên landhêping panggraitanipun ingkang anglampahi.

Cobi wêwarah kawan prakawis wau dipun andhar ing ngriki murih pinanggih ing kajêngipun. Upami lumampah kêrikatên, lajêng dipun sapa ing tiyang, dipun wastani bilih wontên prêlu kêsêsa, wêkasan damêl kagèting tiyang sanès. Yèn kêrindhikên dipun wastani nyatriya. Wicantên sêru dipun wastani brabah, yèn lirih klêsik-klêsik kados pandung. Dados kajêngipun, sadaya ingkang sarwa cêkapan kemawon, awit manawi sagêd tumindak makatên, pancèn nêtêpi kasusilan.

Wontênipun tiyang sêpuh gadhah wulang makatên wau, bokmanawi pancèn sampun kabêkta saking kodrating Jawi makatên, Jawa goning sêmu, ngrêtimu môngsa bodhoa. Makatên ugi mênggahing inggahipun dhatêng sêsêrêpaning kabatosan, anggènipun abên sêmu saya sangêt. Nanging saupami bôngsa Jawi lajêng botên ngajêngi ingkang kados makatên lajêng nama kadospundi, punapa badhe kecalan sêmu. Mila manawi ngèngêti kawontênan kados makatên wau, wajibing ngagêsang namung kêdah sagêd ngêmpakakên êmpan papan, botên wontên kawontênan kisruh, sadaya sampun wontên papanipun piyambak-piyambak.

--- 43 ---

Kabar Sanès Praja

Kawontênanipun Karajan Maroko.

Manawi badhe anyariyosakên kawontênanipun Karajan Maroko, têmtunipun antawising para maos wontên ingkang lajêng èngêt dhatêng Sang Abdul Karim, inggih punika namaning satunggilipun senapati, ingkang dèrèng dangu punika sampun kumawani ambalela saha anuwuhakên paprangan agêng, wusananipun lajêng kalindhih ing prangipun sarta lajêng dados tawananipun prajurit ing Prasman. Ananging ing Kajawèn ngriki botên badhe angandharakên kawontênaning paprangan wau, namung badhe nyariyosakên mênggah kawontênanipun nagari Maroko sawatawis tuwin sanès-sanèsipun ingkang prêlu kasumêrêpan ing tiyang kathah.

[Grafik]

Nata Maroko enggal, Prabu Sidhiamadha.

Nagari Maroko punika satunggiling kasultanan ing Tanah Aprikah sisih lèr. Sanajan Maroko punika kenging kawastanan nagari mandhiri, ananging sayêktosipun kanthi dipun awat-awati dening praja Eropah kêkalih, inggih punika praja Prasman lan praja Sêpanyul. Ingkang madêg nata samangke punika Sang Sultan Sidhiamadha yuswanipun sawêg 15 taun, sarta jumênêngipun nata inggih mantês kemawon, ing gambar ingkang kacêtha sisih punika, amratelakakên kalanipun sang nata têdhak dhatêng Kitha Rabat prêlu amanggihi jendraling prajurit Prasman ing kitha ngriku, rawuhipun sang sultan kinurmatan prajurit Prasman tuwin prajurit tiyang Maroko.

Mênggah têtiyangipun ing nagari Maroko punika kenging kabagi dados kalih golongan ingkang agêng, inggih punika bôngsa Bèrbêr lan bôngsa Arab, kalih bôngsa wau kêrêp sangêt campur dados satunggal. Kajawi bôngsa kêkalih punika, ing Maroko ugi kathah bangsanipun Yahudi lan bôngsa Aprikah (kulit cêmêng). Pangupajiwanipun tiyang Arab ing ngriku ingkang kathah sami ngingah rajakaya, anggènipun gêgriya sami wontên ing pakuwon. Dene tiyang Bèrbêr punika sami gêgriya têtêp, saha ingkang kathah sami dados tani lan tukang. Mênggah agaminipun tiyang Maroko punika agami Islam, pamêdalipun siti: gandum, juwawut, jagung, kêdhêle, kênthang, sata lan wowohan warni-warni, kados ta: amandhêl, woh anggur lan sanès-sanèsipun. Kawontênanipun rajakaya, inggih punika: menda, lêmbu, kuldi, kapal, tuwin pitik iwèn. Kajawi punika têtiyang ngriku sami misaya ulam, awit ing sagantên têpis wiringipun Maroko punika kathah sangêt ulamipun loh.

--- 44 ---

Ing nginggil sampun kawartosakên, bilih ingkang mangagêngi karajan Maroko punika satunggiling sultan, ananging sajatosipun sang sultan wontên ing ngriku prasasat botên kagungan panguwasa punapa-punapa, awit wiwit taun 1912 karajan Maroko lajêng tansah dipun awat-awati ing karajan Eropah kêkalih kasbut nginggil. Ing ngriki kados wontên gunanipun upami nyariyosakên sawatawis mênggah sabab-sababipun dene karajan Maroko tansah dipun awat-awati dening nagari Prasman tuwin Sêpanyul wau.

[Grafik]

Nata Maroko enggal nalika badhe martuwi Rêsidhèn Jendral Prasman.

Dunungipun tanah Maroko punika wontên ing sacêlaking margi layaran dhatêng tanah Indiya. Ing sarèhning karajan-karajan ing tanah Eropah kathah ingkang sami anggadhahi kaprêluan dagang wontên ing Maroko, amila satunggal lan satunggalipun karajan lajêng sami butarêpan, kados ta: karajan Inggris anguwatosakên dhatêng bètèngipun ing sacêlaking ngriku, inggih punika: Gibraltar. Karajan Prasman anguwatosakên tanah jajahanipun ing Alkhirês. Punapa malih karajan Inggris, punika tansah ajagi-jagi. Amila ing taun 1860 lan 1884 lajêng dipun wontênakên sêrat prajangjian ingkang anêmtokakên, angawisi

--- 45 ---

karajan Prasman saha Sêpanyul angêlarakên jajahanipun ingkang adamêl karugianipun karajan Maroko. Makatên ugi kala dipun wontênakên konggrès ing kitha Madrid, pungkasaning rêmbag, botên wontên satunggal praja ing Eropah kakengingakên anggadhahi panguwasa punapa-punapa wontên ing tanah Maroko. Ananging sarêng ingkang jumênêng ministêr jajahan ing nagari Prasman Paduka Tuwan Delcasse, karajan Prasman lajêng ngudi murih sagêdipupun[1] angsal daya wontên ing tanah Maroko kanthi lampah rukun. Ingkang makatên wau inggih kêdah sarêmbag kalihan praja sanès-sanèsipun, wusananipun ing taun 1864 Prasman kaidinan nindakakên sêdyanipun wau, ananging kêdah ngêculakên dayanipun wontên ing tanah Mêsir.

Saking dayanipun karajan Inggris, lajêng dipun wontênakên sêrat prajangjian antawisipun karajan Prasman lan Sêpanyul, ingkang anyêbutakên, bilih praja Sêpanyul kenging anggadhahi panguwasa wontên ing tanah Maroko ingkang sisih lèr, dene tanah kêkantunanipun kajibahakên dhatêng praja Prasman, makatên ugi dipun wontênakên sêrat prajangjian kalihan karajan Itali, ingkang anyêbutakên, bilih Itali angidini dhatêng Prasman anindakakên sakajêng-kajêng wontên ing tanah Maroko. Kosokwangsulipun tanah Prasman ugi kêdah angidini Itali, nglampahakên panguwasanipun ing tanah Tripoli. Wusananipun karajan Jêrman anganggêp, bilih Maroko satunggiling praja ingkang madêg pribadi, saha botên rila sangêt manawi wontên praja sanès anggadhahi panguwasa wontên ing ngriku. Ingkang makatên wau mèh nuwuhakên prang agêng. Salajêngipun nuntên dipun wontênakên konggrès antawisipun praja-praja ing Eropah, ingkang mutusi, bilih Prasman lan Sêpanyul kenging kintu[2] prajurit dhatêng Maroko minôngka panjagining pulisi ing wolung palabuhan tanah ngriku, saha padagangan ing ngriku lajêng kabikak tumrap sadaya bôngsa. Ing sakawit kampahipun[3] inggih sae, ananging dilalah lajêng tuwuh bêrontakan ingkang dipun kêpalani dening Mulehaphid. Sabibaring bêrontakan wau, salêbêtipun watawis môngsa, sae, ananging saking dayanipun karajan Inggris mèh kemawon tuwuh prang antawisipun karajan Jêrman kalihan karajan Prasman, tujunipun kenging kasandèkakên, wusana lajêng dipun wontênakên sêrat prajangjian malih, ingkang anêmtokakên, bili[4] karajan Prasman kakuwaosakên angawat-awati kawontênanipun Maroko. Botên watawis dangu malih dipun wontênakên sêrat prajangjian antawisipun karajan Prasman kalihan Sêpanyul, ingkang angidini karajan Sêpanyul angawat-awati tanah ing Maroko ingkang sadèrèng-dèrèngipun sampun dados kuwajibanipun, inggih punika tanah Maroko ingkang sisih lèr.

Makatên sabab-sababipun dene karajan Maroko kanthi kacariyosakên cêkakan, dumugining samangke dipun awat-awati ing karajan Prasman tuwin Sêpanyul.

--- 46 ---

Panglipur manah

Katêntrêmaning Manahipun Tiyang Tani

Yèn rinaras pangrasaning ati / ananing lêlakon / tan lyan amung mèt kasêmbadane / ingkang luhur praptanirèng alit / kang pinardi aming / katêntrêmanipun //

warna wana lakuning panggusthi / dènnya mrih kalakon / sarananing pangudi dadine / lamun saking pangwasaning kardi / kang dahat pinardi / panguwasanipun //

yèn sarana dênira gêgrami / cipta kang katonton / anggung dêrêng pangupajiwane / mrih ing têmbe diwasane dadi / aran wong linuwih / kasugihanipun //

kang mangkana sarasaning ati / anggung caruk awor / lan tanduke ing sabarang gawe / tanpa mêndha ing saari ratri / nadyan praptèng ngimpi / kala-kala katut //

beda lawan rarasing wong tani / nadyan nyata abot / nanging parêk lan katêntrêmane / saking mungkur mring angkarèng ati / tan prêlu mêmikir / lakon kang ngêlangut //

awit ngrasa mungguh ing wong tani / yèn tinitah asor / datan pantês nunggal lan panggêdhe / yèn tinandhing saksat bumi langit / marma kang pinanggih / mung narimèng pandum //

de nyatane kawasaning Widhi / kang wrata dhumawoh / pamanduming bungah padha bae / atanapi tibaning kang sêdhih / tan agung tan alit / rampak saminipun //

marmanira kang pinanggih yêkti / anggagas lêlakon / kaanan kang gampang-gampang bae / lir gêsanging para among tani / kang cêpak numusi / mring rasa kang jumbuh //

lawan uning panrimaning ati / nugrahaning Manon / kang sanyata ngayêmi tibane / kang rinasa ing siyang myang latri / maring janma tani / kanikmatanipun //

mangkya marna gêsanging wong tani / kang anggung katonton / trima urip saana-anane / mung ngudi mring têtêping rijêki / kang ajêg binukti / ing saarinipun //

yèn marêngi gagating hyang rawi / abang pindha obor / anyunari ing buwana kabèh / têmah mawèh enggaring wong tani / wus samêkta sami / ambucali kêmul //

kang kaèsthi mung rumagang kardi /

--- 47 ---

nyirnakkên kalêson / sambi mangkat ngampiri pacule / dyan ginêdhêg kalawan cinangking / sapraptaning sabin / maring banyu nyêmplung //

nyêsing tirta kang wus ngulinani / nyêgêri karaos / têmah nungtum ing otot balunge / tan karasa sarasaning atis / nulya sang hyang rawi / mêcah sunaripun //

tumiba ring tirta kang ngêlêbi / lir kaca sumorot / maratani katon satêbane / dyan kawuryan kang samya makardi / giyuh alok his-his / kang swara kumrubyug //

yèku anjrahing para wong tani / magawe rêroyom / pindha jagad enggal gumêlare / kang sinimpên nèng têngahing wêngi / dupi wanci enjing / wus gumêlar wujud //

pan mangkana rarasing wong tani / kang anggung katongton / wusing krasa panasing srêngenge / nulya ngaso alon-alon mulih / mampir marang kali / adus cilam-cilum //

sapraptaning wisma nyandhak kêndhi / ngombe cêgog-cêgog / nora kudu angombe wedang tèh / banyu tawa bae wis marasi / wusing bubar bukti / ngaso anèng salu //

datan pisan nendra mrih kamuktin / mung môngka pangason / lingsir kulon ambal anyak gawe / sabên ari tan pisan marduli / rasèng panas atis / myang sungkan ing kalbu //

ing satêmah kongsi praptèng wanci / sawahe tan kothong / wus kèbêkan tandur satêbane / ngrasa ombèr ngaso sawatawis / kari angêntèni / bok Sri dènnya rawuh //

dupi punang tanêman kaèksi / wus jêdhul mrakotok / rasaning tyas mung ayêm anane / tanpa kêndhat dènira mêmuji / myang wêkêl naliti / mrih lêstari lulus //

wusing pantun wancining kumêmping / dahat amigatos / dènnya mardi mring kaslamêtane / satêbaning sawah dèn gancêngi / mrih panggusah paksi / miwah yasa gubug //

lamun siyang giyuh kang rarywalit / alok ayo-ayo / anggusahi kang pêksi nêbane / myang nyêndhali sanggyaning têtali / ebah maratani / kang kukila mawut //

lamun ratri kang sêpuh anjagi / mêngko ing kuwatos / bok tinêmu wong aganggu gawe / mung ing cipta angraras kamuktin / lucitaning ati / upama kêwêtu //

asri raras lêlananing ratri / hyang côndra mancorong / ingayaping lintang lir wadyane / anon maring asrining kang bumi /. sabarang kang kèksi / sinartan sarwayu //

kinyaring[5] kang wulan angênani / pare ingkang amrok / têka katon lir dèn êdus jêne / tumanduk mring netra angadhêmi / kumênyut trus ngati / daya-daya ngundhuh //

kang kadyèku araras ngèmpêri / wulan kang mancorong / lir mapag mring Dèwi Sri praptane / marma gita wau kaki tani / wêwarta kang èstri / mrih tumuli mêthuk //

sapraptaning têtêpirèng wanci / wong katon kumroyok / samya mugut pari saanane / dupi wanci lingsiring hyang rawi / ing marga dalidir / wong anggendhong pantun //

yèku têtêp aran bok Sri mulih / wus dangu ingantos / kaki tani kalawan somahe / tansah ithu dènira nampani / wusing nglumpuk nuli / dèn unggahkên lumbung //

mangkya mèngêt mring rasane nguni / sanggyaning kalêson / pan wus sirna anèng kari mangke / kari ngrasa rarasing kamuktin / têntrêm anêrusi / brêkahira nutug //

--- 48 ---

Sambêtipun Suraosing Sêrat Ibêr, ingkang Nyariyosakên Kawontênan ing Lampung.

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 2)

Dumadakan radinan-radinanipun dumuginipun bontosing dhusun bikakan enggal inggih gampil kaambah ing mobil, kula malah sumêrêp taksi andhong wontên ing sacêlaking wana bikakan kangge ngêmot têtiyang ingkang bibar nyambut damêl utawi tiyang wangsul mêntas sade wêlit ing ngriku. Dene tiyang dhusun wangsul saking pêkên sami numpak taksi, punika sampun botên anèh malih.

[Grafik]

Pêkên ing Wanakarta.

Kajawi ing ngriku para kônca dhusun sami pikantukan saking anggènipun têtanèn, ugi samôngsa-môngsa gampil angsalipun yatra, sabab dene ing parêdèn sacêlakipun kathah ondêrnèmêng ingkang tansah kêkirangan tiyang kemawon, epahanipun kuli ing sadintênipun f 0.75.

Ing môngka kolonisasi ing ngriku taksih sagêd majêng wiyaripun tanpa kintên-kintên, janji para kônca tiyang Jawi botên wêgah nilar tanah Jawi ingkang saya lami saya botên kuwawa nyukani panggêsangan ingkang cêkap dhatêng tiyangipun. Miturut rêrancanganipun, kolonisasi wau mangalèripun sagêd wêwah jêmbaring sabin ilèn ngantos kintên-kintên 10000 bau.

Dene manawi Paman Kêrta ugi tindak mirsani rumiyin inggih prayogi, ananging inggih sampun têmtu mathukipun dhatêng kêrsanipun badhe tumut kolonisasi. Inggih sanajanna tanpa prêlu, nanging ugi botên badhe piduwung ing galih, dene tindakipun sagên[6] ningali panggenan-panggenan sanès ingkang asri anêngsêmakên. Mirsanana margi ing Tanjungkarang, menggok mangiwa dhatêng Gêdhong Tatakan.

Saking panyawang kula, sadaya ingkang kula tingali ing Lampung botên wontên ingkang nguciwani. Nanging ugi wontên ingkang kuciwa sakêdhik. Sawênèhing dintên kula nyobi sakêdhap numpak sêpur saking Tanjungkarang dhatêng Natar (margi sêpur ingkang dhatêng Palembang), punika raosipun ngapokakên sayêktos, saking dene rêgêd, jalaran saking kirang rimatan, botên ta ngamungakên kreta-kretanipun [kreta-k...]

--- 49 ---

[...retanipun] kemawon, namung ugi sêtatsiunipun bab prakawis rimatan rupinipun botên wontên bêgrutêngipun. Ugi pangurusipun adminisêtrasi rupinipun kirang sangêt, tandhanipun dintên punika Rêbo tanggal 28 Dhesèmbêr kula wangsul saking Natar numpak sêkintên jam 1 ing klas 2 saha rencang 1 bayaring kreta yatra sarupiyah katampi dening kondhèktur, anamung têrus dumuginipun ing Tanjungkarang botên dipun sukani karcis utawi bilyèt utawi rêsi.

Ananging ingkang makatên punika dilalah inggih komplit kalihan panjagènipun ing sêtatsiun Tanjungkarang, nalika kula pangkat jam 11 dintên kasêbut nginggil, sumêrêp agèn pulisi nomêr 41 linggih ngantuk wontên ing sêtatsiun.

Ingkang samantên kula kintên cêkap dongèng kula kangge nyêkapi pamundhutipun paman ing bab katrangan kawontênan ing Lampung.

Gampil kula matur malih kathah-kathah samôngsa-môngsa kula utawi ing ngriki utawi paman èstu tindak dhatêng Lampung, kêrsa rawuh ing rompok kula ing Wèltêprèdhên, Kampung Lima.

[Grafik]

Sajawining Pêkên Wanakarta.

Sapêngkêripun sêrat punika kula sabrayat ginanjar wilujêng ing ngrika makatêna.

Putra Karyaharja. Kampung Lima, Wèltêprèdhên, 30 Dhesèmbêr 1927.

Pawartos saking Administrasi

Langganan nomêr 1935 ing Makasar. Ragi anggumunakên manawi Kajawèn asring botên katampi. Môngka pangintunipun ajêg, tur inggih botên nate wangsul. Ewadene inggih kakintunan malih. Bab bayaran ingkang sampun katampèn, dumugi wulan Marêt ngajêng punika.

Langganan nomêr 419 ing Sêmarang. Rèhning panjênêngan sampun nglêbêtakên langganan enggal 4 iji, dados mêsthinipun pikantuk Kajawèn lêlahanan. Ananging rèhning sêmunipun botên kêrsa nampi prêsèn, mila paring panjênêngan arta langganan inggih katampi. Matur nuwun.

Para langganan lami ingkang sampun sami kêparêng ambiyantu nglêbêtakên langganan enggal 4 iji dalah arta langgananipun, lajêng pikantuk Kajawèn lêlahanan.

Kajawèn nomêr 51 saha 52 taun kapêngkêr, sampun têlas babarpisan, dados botên sagêd ngintuni dhatêng para langganan enggal, mugi sampun andadosakên cuwaning panggalih.

Bale Pustaka.

--- 50 ---

Kawontênanipun Tanah dalah Têtiyangipun

Cariyos Sawatawis Bab Kawontênanipun Bôngsa Kalang.

Candhakipun Kajawèn ôngka 2

Ing Kajawèn ôngka 2 sampun kaandharakên, bilih tuwuhing cacriyosan bab asaling têtiyang Kalang punika kintên-kintên namung saking sêsêngitan kemawon. Saking sangêting sêsêngitan wau ngantos mawi dipun buktèkakên ing pundi patilasan utawi pasareaning lêluhuripun tiyang Kalang wau. Miturut cariyosipun wontên ing dhusun Praguman, Sêmarang. Mênggah wontêning sêsêngitan punika botên ngêmungakên dumugi samantên kemawon, sanadyan cara-caranipun ugi dipun awon-awon, kaanggêp manawi têtiyang Kalang punika, sanadyan tata lairipun sampun sami kemawon kalihan bangsaning Jawi saha ngrasuk ing agami Islam, ananging sajatosipun kathah sangêt bedanipun. Ing ngriku kacariyosakên, bilih têtiyang Kalang punika taksih anggadhahi cara lan lêlampahan ingkang anèh sangêt, ingkang anelakakên manawi têtiyang Kalang punika taksih angaji-aji dhatêng sagawon. Ing Kajawèn ngriki kados botên wontên awonipun, upami nyariosakên sawatawis mênggah cara-caranipun têtiyang Kalang ingkang nganèh-anèhi saha tuwuhipun kintên-kintên saking sêsêngitan wau. Kados ta: cara-caranipun tiyang jêjodhoan utawi manawi wontên tiyang kasripahan, amung kemawon manawi wontên lêpatipun, para maos mugi karsaa paring pangaksama.

Kacariyosakên, manawi wontên tiyang badhe mantu, wolung dintên sadèrèngipun mantu wau, sandhanganing kulawarganipun badhe pangantèn jalêr lan pangantèn èstri makatên ugi sandhanganipun badhe pangantèn kalih-kalihipun, kaklêmpakakên dados satunggal saha lajêng kalêbêtakên wontên ing kèncèng têmbaga. Kèncèng wau lajêng kasimpên wontên ing êpyaning griya, sasampunipun griya lajêng dipun rêsiki saha jubinipun dipun uwur-uwuri awu. Wiwit punika kulawarganipun badhe pangantèn kêkalih wau, salêbêtipun wolung dalu sami nglêmpak wontên ing ngriku prêlu sumêdya anjani,[7] manawi ing salajêngipun ing uwur-uwuraning awu wau wontên tapaking sagawon, punika anandhakakên bilih lêluhuripun suka palilah dhatêng ijabing pangantèn kêkalih wau, ananging ing ngriku têka botên kacariyosakên, kadospundi kadadosanipun manawi ing uwur-uwuraning awu wau botên wontên tapaking sagawon. Manawi sampun kabuktèn bilih para lêluhuripun anglilani, lajêng dipun wontênakên wilujêngan, saha ing papan panênunan dipun sadhiyani badhe kalih warni dipun abrit, ananging corakipun kothak-kothakan beda-beda, panggarapipun badhe kêkalih wau, ing salêbêtipun sadintên kêdah sagêd rampung babar pisan. Ingkang satunggal kasukakakên dhatêng pangantèn èstri satunggalipun malih dhatêng pangantèn jalêr. Salajêngipun kèncèng têmbaga ingkang kasimpên wontên ing êpyan lajêng

--- 51 ---

kapêndhêt, sandhangan-sandhangan ingkang kadèkèk wontên ing ngriku nuntên sami dipun ênggèni. Kala punika lajêng wiwit anabuh gôngsa, kadhang-kadhang mragat maesa utawi lêmbu, sirahipun pangantèn jalêr lan èstri sami pun êthuri toya lantingan, dene tirahaning toya ing lantingan wau lajêng kaombèkakên dhatêng pangantèn kalih. Dalunipun pangantèn lajêng kapanggihakên. Kala panggihipun, pangantên jalêr kêdah anatasi lawe ingkang kaubêt-ubêtakên ing badanipun pangantèn èstri ngangge dhuwungipun, salajêngipun pangantèn kêkalih katêmtokakên anjênêngi pasamuwan wau ngantos sadalu muput, enjingipun pangantèn kêkalih sami mangangge sandhangan tênunan ingkang kadadakakên[8] sadintên kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, saha pangangge tênunan wau lajêng kasimpên kangge salami-laminipun minôngka jimat. Makatên cariyosipun tiyang Kalang manawi gadhah damêl mantu.

Samangke cara-caranipun manawi wontên tiyang kasripahan. Manawi wontên salah satunggiling kulawarganipun tilar, panganggenipun kulawarga ingkang tilar saha ingkang sampun lami-lami, sasampunipun layon kapêtak, lajêng kabêsmi ing dintên punika ugi. Dene pangangge ingkang enggal-enggal, punika inggih sami kabêsmi, ananging kala nyèwu dintênipun. Kajawi punika dhawahing tigang dintên utawi pitung dintênipun kawontênakên wilujêngan. Sawênèhing tiyang wontên ingkang anyariosakên, bilih dhawahing sèwu dintênipun sok wontên ingkang ambêsmi golèk kajêng, ingkang inggilipun satunggal ngantos kalih têngah kaki. Minôngka gêgambaranipun kulawarga ingkang tilar wau.

Kajawi kalih prakawis kasbut nginggil, wontên malih cacriyosan-cacriyosan bab cara-caranipun têtiyang Kalang ingkang sayêktos nganèh-anèhi, inggih punika ingkang anyariosakên, bilih têtiyang Kalang punika wontên ingkang asring anêmbah dhatêng rêca kajêng ingkang awarni sagawon, malah kabaripun rêca kajêng wau inggih sok kangge nyumpah barang. Punapa rêca-rêca wau awarni sêgawon sayêktos, punika dèrèng kasumêrêpan kanthi nyata, ananging kabaripun mila inggih yêktos, bilih têtiyang Kalang manawi anindakakên punapa-punapa ingkang gêgayutan kalihan agaminipun, punika asring migunakakên rêca kajêng gèpèng ingkang kanamakakên: puspa gambar, inggih punika manawi kalêrês wilujêngi tiyang pêjah.

Manawi kamanah kanthi panjang, mila inggih wontên lêrêsipun, bilih tuwuhing cacriyosan-cacriyosan ingkang botên kalêbêt nalar wau, jalaran saking sêsêngitan awit manawi katitik ing jaman kinanipun, têtiyang Kalang punika amila botên purun têtunggilan kalihan tiyang Jawi, saha manggènipun inggih tansah miyambaki. Dene ing samangke, sarêng têtiyang Kalang saya dangu saya purun angêmpali dhatêng têtiyang Jawi, sampun têmtu inggih saya angèl pangudinipun murih sagêd sumêrêp mênggah ingkang dados asaling têtiyang Kalang wau. (Badhe kasambêtan)

--- 52 ---

Bab Panggulawênthah

Sêsrawunganipun guru kalihan tiyang sêpuhipun murid.

Gêsang sêsrawungan punika wajibipun tulung-tinulung, satunggal-tunggaling tiyang sami nindakakên padamêlan ingkang maedahi dhatêng sanèsipun, dene sampurnanipun botên sanès kajawi saking tulung-tinulung. Ungêl-ungêlanipun: tiyang botên sagêd ngêmplok sêkul sapulukan yèn botên saking pitulunganipun tiyang sèwu.

Mèh sabên tiyang tamtu botên sagêd anggulawênthah dhatêng anakipun piyambak, jalaranipun saking kawratên ing wajib utawi botên kobêr. Saupami sabên tiyang kobêr anggulawênthah dhatêng anakipun piyambak-piyambak, wohipun tamtu langkung miraos sarta mikantuki, tinimbang kalihan kasambatakên ing tiyang sanès. Punika sampun tamtu amargi tiyang sêpuhipun tamtu langkung mangrêtos dhatêng dhêdhasaring anakipun, môngka lampahing panggulawênthah punika, inggih kêdah makatên wau, kêdah sagêd salaras kalihan dhêdhasaring lare. Dhawahing panggulawênthah ingkang sagêd nocogi kalihan dhêdhasaring lare, kadosdene andhêdhêr wiji ingkang sae wontên pasitèn ingkang êloh, tuwuhipun badhe subur ngrêmbaka.

[Grafik]

Mênggah limrahipun tiyang gadhah anak, manawi sampun umur antawisipun nêm pitung taun, lajêng kalêbêtakên sêkolah, kapasrahakên ing guruning pamulangan ngriku, supados dipun gulawênthah sarta dipun wulang. Cara ingkang makatên wau têgêsipun anggèning anggulawênthah dipun sambatakên, botên dipun tuntun piyambak.

--- 53 ---

Anggulawênthah punika sanès padamêlan gampil, botên kenging namung kaprusa waton kêdugi kemawon, nanging satunggiling padamêlan ingkang gawat sarta riwil, mênggah ingkang dados riwilipun, kêdah mawas mawi anyumêrêpi dhêdhasaring lare. Manawi dèrèng kacêpêng dhêdhasaripun, dhawahing panggulawênthah sagêd salah kadadosan. Nanging manawi sampun kacêpêng, bok badhe dipun purih kados pundi kemawon, tamtu namung manut miturut.

Dados têtela sangêt, yèn anggulawênthah punika sajatosipun sanès padamêlan baèn-baèn, saya sarêng ngèngêti kêmpalipun lare sapamulangan, warni-warni dhêdhasaripun, saking anakipun tiyang pintên-pintên kêmpal dados satunggal, sawêg umuripun beda, dhasaripun botên sami, lantiping manah inggih beda-beda. Môngka sadaya wau lajêng dipun pasrahakên dhatêng guru, inggih wiwit punika tumrap lampahing panggulawênthah, guru mèh wênang anjênang ebor.

Miturut ing nginggil punika, lajêng têtela sangêt, yèn tuntunaning panggulawênthah, ingkang makatên punika, katingal botên prayoginipun, dene lare pintên-pintên namung mawi tuntunan satunggal, manawi ngantos wontên botên saenipun, badhe sinandhang ing tiyang pintên-pintên, kados ta : padamêlanipun guru botên mikantuki, tiyang sêpuhipun lare kapitunan, dene larenipun ingkang saya kejur,[9] amargi rinisak dhêdhasaring raosipun. Risaking lare punika agêng sangêt, jalaranipun saking lêpating panggulawênthah. (Badhe kasambêtan)

Sumênêp, Madura

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun dhusun Tonaèr, wontên lèpènipun alit. Manawi nuju katiga ing ngriku dados jujuganing para ambêbêdhag andhapan, awit ing ngriku punika padununganing andhapan sami kasatan badhe ngombe.

--- 54 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab wêwatêkanipun tiyang nyambut damêl.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 2)

Garèng : Ma, Ma, bênêre ngono aku iya mathuk mungguh rêmbugmu ing bab pratikêle wong dadi rerehan kuwi, mung bae sing dadi pandhuwur sok ora bisa ambedakake antarane dhinês karo partikuliran, ha mara pikirên, Ma, aku duwe sadulur kang maune dadi astèn, dumèh ora gêlêm angladèni main nyang panggêdhe bae, banjur disêngit lan digolèki salahe. Apa kuwi arane ora kojur satêngah modar têmênan.

[Grafik]

Petruk : Pancèn iya sok mêngkono, tandhane aku duwe têpungan sing pintêr tur mêmpêng pagaweane, ewadene mêksa disêngit karo panggêdhene, jalarane ora liya marga dèn ayune ora cocog karo bojone têpunganaku mau, jarene, bojone têpunganaku kuwi nèk kabênêr marak, ora gêlêm nganggo klambi gulon irêng lan ora gêlêm gêlungan têkuk, apa manèh rada gêmi nyang sêmbahe. Ha, mara, apa ora caklat yèn mangkono kuwi. Dadi salahe sing wadon, nèk ora kakênêr bisa mlêbu nyang layang kondhitê.

Sêmar : Iya bênêr, pancèn iya isih ana lêlakon sing mangkono kuwi, mulane sing dadi ngisor iya kudu sing awas, sing bisa anggone anyratèni panggêdhene, lagi dadi asor ki sing gêdhe panrimane dhisik. Ewadene yèn wong kêpengin diarani panggêdhe kang utama, kuwi kudune iya ngênggoni têlung prakara, yaiku : I. nganggêp anak, II. nganggêp mitra, lan III. nganggêp mungsuh.

Garèng : Wiyah, iya ora mèmpêr babar pisan, ngêndi ana panggêdhe gêlêm anganggêp anak mênyang bawahe, jarene rerehan kuwi nèk disanak sathithik bae, sok banjur sêmbrana, malah sok banjur gêlêm nungkak krama, apa manèh upama nganti dianggêp anak, oraa cluthak.

Petruk : Yah, kok kaya asu diarani cluthak, kajaba kuwi yèn ana panggêdhe nganggêp mitra karo rerehane, rak iya banjur ora kajèn, mara pikirên bae ta, nèk rerehane nganti wêruh yèn dianggêp mitra karo panggêdhene rak iya banjur gêmampang, têgêse : yèn ana salahe pagaweane, ora duwe wêdi utawa prihatin, rumasane, masa bakala dadi sabab, aku toh sobat karo panggêdheku. Yèn kêndhile kabênêr mêngkurêb, wani ngrikiti kas sing dadi têtanggungane, jarene: môngsa nganti dadia prakara, aku toh wis mêmitran karo lurahku. Hara apa kuwi apik, rak iya ora, ta. Mêngkono uga yèn panggêdhe nganggêp mungsuh karo punggawane, saya ora apik bangêt. Sabab punggawane tansah banjur gilapên [gilapê...]

--- 55 ---

[...n] bae, wusanane ana ing pagawean atine iya tansah ora jênjêm, kuwatir yèn mêngkone disêntak utawa dipêrdhom.

Sêmar : Lha kuwi nèk wong nonoman jaman saiki, panêmune mung nylakèthèk bae, andene ora, nèk wis nyang gon tayuban anggone pêtentang-pêtèntèng, apêtontang-apêtontong, kaya bisa-bisaa nguntal sêpur sasêtatsiune. Tak omongi ya le, ya nang, wong abagus...

Garèng : Wiyah, bok aja nganggo disambungi langêndriyan, wong suwaramu pating sêmbèrèt kaya sêlomprèt kodanan kapat sasur taun, wis critakna bae, sing kosêbut têlung prakara mau.

Sêmar : Lha, kuwi mangkene, sing diarani panggêdhe kudu bisa nganggêp anak karo rerehane, kuwi tangkêpe panggêdhe karo bawahe kudu sing sumèh, sêmanak, ora kêna nyênyêngit, ananging ora kêna katon awèh ati, kudu bisa nyurup-nyurupake kuwajibane rerehane, lan kudu bisa ngrêksa.

Garèng : Wadhuh biyung, yèn bisa duwe panggêdhe kang duwe wêwatêkan mangkono kuwi, iya prasasat swarga donya têmênan. Sing akèh nyurup-nyurupake krêsaa, yèn disuwuni priksa rada kêkêrêpên bae pangandikane: kene dudu sakolahan, sèh, kowe dibayar kangjêng guprêmèn ki rak ora dikon sakolah, ananging dikon nyambut gawe. Ha, mara.

Petruk : Kajaba iku, panggêdhe ki iya sok ana sing ndêlêng wandaning rerehane, nèk rerehane rupane ala, jarene: wong priyayi wandane kathik kaya blênyik gosong ngono. Nèk rupane bagus, jarene: nèk priyayi macak mêngkono kuwi kirane iya ora bisa nyambut gawe, awit kuwatir nèk blangkone salawe sisih rusak, utawa jase sêtrikan kêras anyêmpirut.

Sêmar : Wiyah, kuwi rak mung omongmu dhewe. Dene kang diarani panggêdhe nganggêp mitra nyang rerehane, kuwi sing kêna diajak nyambut gawe bêbarêngan, lan sing krêsa ngèngêtake nyang bawahe sing kliru tindake, awit tumrape panggêdhe, sing karêm gawe cilakane punggawane kuwi ora kurang marga.

Garèng : Cocog, awit aku dhewe wis tau ngalami, ana panggêdhe arêp gawe cilakane bawahe astèn, kuwi ujug-ujug banjur mriksa kantore lan anakokake layang kang wus lawas bangêt, la, rama rak iya wis priksa dhewe yèn panindaking pagawean kantor ondêr dhistrik kuwi, jalaran saka kuranging punggawa sok kèthèr, iya wis mêsthine yèn layang mau digolèki ora enggal katêmu. Sanalika priyayi luhur mau banjur angrepotake marang pandhuwurane, amratelakake yèn priyayi mau sawijining astèn kang tledhor bangêt sarta kasuwunake supaya kalorod ing pangkate. Ha, mara, apa kuwi ora kojur.

Sêmar : Wiyah, kok banjur kadlarung-dlarung. Mungguh panggêdhe nganggêp mungsuh nyang punggawane, kuwi karêpe, panggêdhe kudu sing adil, ora kêna pilih êsih utawa ilon-ilonan, yèn ana punggawa tindake bênêr kudu dialêm, yèn salah iya kudu diukum apa mêsthine. [mêsthin...]

--- 56 ---

[...e.]

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

III. Mantri ngrimuk sang putri, digawa mênyang alas.

[Asmaradana]

mau saundure mantri / banjur mênyang patamanan / wêruh Mênurseta ijèn / nuli nyêdhak angrêrêpa / dhuh adhuh gusti kula / dene sampun agêng èstu / kula ngantos kêkilapan //

kula kintên sanès gusti / gusti mênggah sowan kula / badhe matur sajatose / kula kautus sang nata / kadhawuhan dhèrèkna / panjênêngan ambêburu / ngupados kidang manjangan //

sang putri nuli mangsuli / golèk kewan mênyang alas / aku sênêng bangêt kuwe / ning mêngko aku golèkna / kancil cilik nèng kana / lan kêmbang sing biru-biru / arêp tak gawe pasaran //

samana ciptane mantri / rumasa yèn bangêt gampang / sang putri pus-apusane / sanalika nuli mangkat / lakune dhêdhêlikan / wêdi yèn ana wong wêruh / mêsthi bakal gawe susah //

sadalan-dalan kinanthi / sang putri nèng tangan kiwa / sadalan-dalan têtakon / barêng uwis têkan alas / kaliwat bangêt bungah / pirsa kêmbang-kêmbang mlêtuk / kupune padha klêpêran //

sang putri lèrèn ngêncupi / sok banjur rada kêplantrang / ing kono nuli diawe / ngriki gusti sampun mrika / mangke mindhak kêsasar / punika lo sêkar biru / wah wangine ora jamak //

sang putri bali nyêdhaki / karo mêthik kêmbang-kêmbang / ngrêgiyêk ana astane / ing kono abdi utusan / wiwit anggagas-gagas / priye mêngko sing kêtêmu / dene bangêt amêmêlas //

ananging sarèhne wêdi / yèn ta nganti murungêna / kangjêng ratu ing dhawuhe / abdi mantri nuli nekad / clathu nyang Mênurseta / dhuh dhuh gusti yêktosipun / ing lampah kula punika //

mung samono banjur nangis / ora bisa ambacutna / ing unine manèh-manèh / saka bangêt ora tega /anindakna piala / wusana nganti kêsundhul / Mênurseta angandika //

ana apa ta wa mantri / dene nganggo nangis barang / ayo ta wis bacutake / mundhak kêsuwèn nèng dalan / mau mantri utusan / suwe-suwe wis dipuntu / banjur calathu prasaja //

inggih yêktosipun gusti / lampah kawula punika / saking ngèstokkên dhawuhe / kangjêng ratu dhatêng kula / adhawuh mêjahana / dhatêng gusti Dèwi Mênur / nanging kula botên tega //

ing kono mau sang putri / sanalika krasa nratab / dhêg-dhêgan ing panggalihe / nanging banjur angandika / wis ta wa lakonana / mundhak gêla kêngjêng ibu / tur kowe malah kêdukan //

ki mantri ature lirih / sampun ta pamanggih kula / sang putri kesaha bae / mangke kula matur dora / yèn putri sampun seda / sampun môngga andum purug / wilujênga ing satindak //

sawise ngono sang putri / mung ditinggal piyambakan / lan ditangisi galolo / nuli ki mantri pisahan / lakune rêrikatan / ana ing dalan kêpêthuk / ing kidang banjur dipanah //

gumlundhung kidange mati / atine [a...]

--- 57 ---

[...tine] dijukuk kêna / lan banjur dicaosake / mênyang kangjêng ratu enggal / sanalika didhahar / mêntahan lan kêrut-kêrut / ngandikane piyambakan //

dene atine si anjing / mung kaya atining kidang / atiku lêga rasane / wusana nuli bubaran / dene mantri utusan / uga wis kêlilan mundur / mêtu anggawa ganjaran //

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Juru anggantung (lêgojo) ing Batawi, sampun bidhal dhatêng tanah Sumatra, prêlu badhe anggantung bôngsa Komunis ing Padhang cacah 4, ing Palembang 5, sadaya wau sampun sami botên angsal pangapuntên dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

[Grafik]

Sampun kawartosakên, bilih Paduka Tuwan Mr. Duyfjes pokrul jendral, kawisudha jumênêng lid rad Indhia. Anggêntosi Paduka Tuwan Mr. Filet, mênggah gambaripun Paduka Tuwan Mr. Duyfjes kados ing nginggil punika. Badhe têtêpipun Tuwan H.C.V.P. Treffer tilas up komisaris, ingkang prêlop wontên ing nagari Walandi, dados kontrolir B.B. puni

badhe nuwuhakên kirang rênaning têtiyang karerehanipun, awit asring gadhah tindak botên ngadil.

Pangadilan luhur sampun nêtêpakên ponis rad pan yustisi ing Surabaya. Pasakitan nama G.M. Schultz botên gadhah padamêlan, manggèn ing Banjarmasin, kaukum kunjara 6 wulan jalaran nyolong.

Panyuwunipun matsêkape kapal api ing Singgapura bab suwaking pranatan wontênipun sêsakik[10] kolerah pancèn sampun badhe kalampahan, awit sampun 14 dintên botên wontên tiyang ingkang sakit, wusana lajêng grudug, kala tanggal 27 Dhesèmbêr, ing griya parimatan tiyang ewah wontên tiyang sakit ngantos 8.

Ing têngah-têngahaning wulan Januari punika, pamarentah badhe ambidhalakên têtiyang dhatêng Dhigul malih, kintên-kintên wontên tiyang 100, tamtunipun taksih wêwah anak semah. Tiyang samantên wau asli saking 15 paresidhenan.

Kala malêm Rêbo kapêngkêr, para pangantèn ing karaton Ngayogyakarta sampun kalampahan dhaup, dalunipun mawi pasamuwan bêksan badhaya Srimpi, saha lajêng dhansah. Enjingipun kaparêng boyong dhatêng dalêmipun piyambak-piyambak.

Tuwan Wôndasudirja pangarsa P.S.I. ing Surabaya, kapriksa ing rad agama, jalaran nêrak adat tatacara Islam, nikahakên lare èstri botên kasumêrêpan ing pangulu. Dene wontênipun makatên, jalaran pangulu botên purun ningkahakên, awit pangantèn èstri dèrèng ngakil balèg. Ing bab punika lajêng kapasrahakên ing pangadilan.

Kengpo martosakên, tiyang nama Kaji Ngali ing dhusun Citamian, gadhah maesa bule sagêd dados dhukun. Maesa wau manawi andilat bangsaning sêsakit kulit lajêng saras, sisaning pangombenipun kenging kangge jampi sakit lêbêt. Maesa wau kapapanakên wontên sawingking masjid. Ing sapunika dèrèng kasumêrêpan, tiyang ing[11] dhatêng ngriku ngangge prabeya punapa botên.

Kantor Van Arbeid badhe damêl papriksan wontên ing kabudidayan-kabudidayan sata ing Surakarta lan Ngayogya, murih kabudidayan nyuda cacahing lare ingkang sami nyambut damêl ing gudhang. Wontênipun papriksan makatên wau awit saking panyuwuning golongan kuli neneman, dening sami rumaos kawratên ing damêl.

--- 58 ---

Sêrsan juru sêrat prigubi[12] nama Johannes ingkang sampun kaprênahakên ing Marakrambangan, angsal dhiplomah panggêgana dharatan, lajêng badhe sinau malih murih sagêd angsal dhiplomah malih ing panggêgana lautan.

Kawartosakên, bilih Kangjêng Bupati Bandhung, Radèn Adipati Arya Wiranata Kusuma sakalihan, tuwin Radèn Mas Panji Gôndasumarya, up jaksa pènsiun ing Surakarta ugi sakalihan, sampun kaparêngakên sowan sri bagendha kangjêng rajaputri, nuju ing wanci sontên.

Kawartosakên, asistèn wadana ing Dhepok, Ngayogya, mêntas nyêpêng dhukun nama Sayid Idris, dados dhukun ingkang dipun suyudi ing tiyang kathah, dhukun wau ngakên turunipun Kangjêng Nabi Muhkhamad, kacêpêngipun tiyang wau wontên ing Winanga, manggèn ing griya gêdhong agêng.

Panyuwunipun Gêmèntê ing Batawi badhe damêl sambutan kathahipun kalih yuta rupiyah sampun dipun parêngakên ing pamarentah. Parêpataning Gedeputeerden Pasundhan inggih sampun nayogyani.

Tiyang nama Bok Pawira ing dhusun Pundhong, Ngayogya, mèh tiwas jalaran manak dipun pitulungi ing dhukun kampung, tujunipun lajêng kêtulungan ing dhukun bayi (vroedvrouw) saking griya sakit Petronelah. Punika nocogi kados suraosing karangan ing Kajawèn nomêr 2 ing bab dhukun kampung.

Sêdyaning B.O. nyatunggal dhatêng P.P.P.K.I. kados ingkang dipun rêmbag ing konggrès, dipun sayogyani ing ngakathah.

Wontên pawartos, bilih ing laladan tanah Batak tuwuh sêsakit pès maesa ingkang mutawatosi. Gupêrnur Sumatra sisih kilèn ngawontênakên undhang-undhang ngawisi têtiyang botên kenging ambêkta kewan anggayêmi dhatêng laladan ngriku.

Ewah-ewahan ing pulo Jawi tuwin Madura. Wiwit benjing Juli badhe dipun wontênakên gêwès administrasi: Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan, punapa malih Surakarta lan Ngayogya. Benjing Januari 1929 badhe dipun wontênakên propènsi ing Jawi Wetan, sasampunipun kalampahan sataun, sawêg Jawi Têngah. Surakarta tuwin Ngayogyakarta dèrèng kadadosakên propènsi rumiyin, ugi dèrèng dipun têtêpakên, punapa ing ngriku dipun wontênakên rad pan adpis tumrap narendra Jawi. Pangagêngipun ing ngriku badhe dipun pangkat gupêrnur. Ingkang dados Gupêrnur Jawi Têngah, panjênênganipun Tuwan P.J. Van Gulik rêsidhèn ing Sêmarang, dene ingkang dados Gupêrnur Jawi Wetan Tuwan W.Ch. Hardeman rêsidhèn ing Surabaya. Rêsidhèn Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta sapunika, têtêp, ugi badhe pinangkat gupêrnur.

Rêgining lisah pèt ing wêkdal punika suda kathah sangêt, ingkang rêgi f 3.85 lajêng jlêg namung rêgi f 1.75, sudaning rêrêgèn wau jalaran saking jor-joraning sudagar lisah.

Pangagênging kumisi pasar malêm ing Klathèn sampun damêl wara-wara, dhawahing karamean wiwit tanggal 11 dumugi 23 Marêt ngajêng punika, nanging ing sapunika malêbêtipun tiyang ningali sarana dipun pupu ing beya.

Miturut bêslit gupêrmèn ing Surakarta badhe dipun êdêgi pamulangan tukang bêsi.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para punggawa ing Bale Pustaka nalika kalêmpakan angurmati panjênênganipun Tuwan G.J.P. Vernet amtênar Bale Pustaka ingkang pènsiun. Gambaripun Tuwan Vernet ingkang lênggah ing têngah sêpuh piyambak.

--- 59 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

5. Sêsupe wontên ing nagari Inggris

Kajawi punika sampeyan ambêkta êmas sacêkapipun kangge tumbas barang-barang ingkang kenging kangge anjugrugakên parêdèn, sarta kangge angepahi tiyang-tiyang ingkang sagêd saha sêtya, ingkang sagêd migunakakên barang-barang wau. Nanging kêdah sampeyan èngêt-èngêt, sampun ngantos langkung saking tiyang tiga utawi sakawan. Awit manawi langkung saking samantên, lampahipun anglangkungi sagantên wêdhi botên badhe sagêd kalampahan kalayan gampil. Mangkono têrange prakara iku, Tuwan Higgs, apa sariramu karsa milu ngadani prakara iki. Manawa sariramu ora karsa, aku arêp angrêmbugi wong liya, mulane enggal ngandikaa: karsa utawa ora, awit aku arêp tumuli bali marang Mur supaya bisaa têkan kana sadurunge môngsa udan.

Tuwan propesor pitakèn: Apa êmas kang kok dhawuhake mau kok gawa, dhoktêr.

Kula nuntên ngêdalakên êmas sakampil saking salêbêting kanthong rasukan, lajêng kula sèlèh ing meja. Tuwan Higgs nuntên mariksa isinipun kampil ingkang saking wacucal punika, satêmah wicantên makatên: Kang kaya ali-ali iki, dhuwit, nanging ora ditamtokake dhuwit jaman apa. Saka pandugaku êmase diwowori salaka sathithik, lah, iki ana sing rusak marga tuwane. Satêmêne kêna katamtokake yèn dhuwit iki wis tuwa bangêt.

Sasampunipun wicantên makatên Tuwan Higgs mêndhêt sêsupe karajan wau saking kanthonganing rompinipun, lajêng dipun tingali malih kalihan suryakanthanipun.

Tuwan propesor: Mara, tampanana: ali-ali kang mung disilihake iki. Kiraku pancèn ali-ali iku tulèn. Bênêr dhèk biyèn kêrêp kaliru anggonku nangguh sawiji-wijining barang kuna, ing bab tulèn lan orane, nanging saiki wis arang-arang bangêt kaliru. Tumrape aku ali-ali iku ora migunani. Pagaweyan kang kocaritakake iku ambêbayani. Saupama kang angajak angadani pagaweyan iku dudu sariramu, aku wis mêsthi amangsuli: Balia dhewe bae mênyang ing Mur. Nanging ing sarèhne sariramu wis nate mitulungi aku saka bêbaya pati, yaiku marasake anggonku lara tipus, mulane aku iya gêlêm milu ngadani pagaweyan iku. Kajaba iku ing saiki aku lagi nêmoni prakara warna-warna kang ora nyênêngake marang atiku. Sariramu wis mêsthi bae ora krungu warta iku, awit kabênêran ana ing Aprikah têngah. Lah, kapriye karsamu, Tuwan Orme mungguh ing prakara kang dirêmbug iki.

Tuwan Orme: O, Tuwan Higgs, manawa sariramu karsa milu ngadani pagaweyan iku, aku iya gêlêm, ing wêktu iki, lungaa mênyang ngêndi bae, tumraping awakku ora ana bedane.

II. Rêmbagipun Sêrsan Quick

Ing wêkdal punika kamirêngan swara gumuruh, inggih punika swaraning kori jawi katutup sora, sarta kareta lumampah rikat sangêt, tuwin têngaraning pulisi kaungêlakên, punapadene suwaraning tiyang lumampah sora nuju dhatêng panggenan ngriku. Sasampunipun lajêng kamirêngan sabawaning tiyang makatên: awit ingkang asma sri narendra. Swara ingkang makatên wau winangsulan: Iya, lan awit saka asma dalêm sri narendra putri, utawa manèh awit saka asmane santana dalêm liyane. Lan yèn kowe melik iki, ya ênya jupukên, ta. O rupamu, pulisi goblog, dhasar èlèk thik wêtêngmu bèkèl.

Sasampunipun lajêng rame botên kantên-kantênan, kadosdene campuring tiyang kalihan abrag-abrag ingkang sami kêglundhung saking undhak-undhakan. Kala punika kêmirêngan swaranipun tiyang nêpsu tuwin tiyang kamigilanên.

Propesor Higgs apitakèn: Lho, kae apa.

Kapitan Orme amangsuli sêmu kagèt: Sajake swarane Si Samuel, yakuwi Sêrsan Quick. Na, wêruh aku saiki, mêsthine bae bab prakara mayit garing sing koêkon ngêtokake saka pêthi dhèk awan mau. Kowe rak mêling ta: Propesor Higgs supaya barang mau disingkirake.

Sakala punika korinipun ing ngriku kabikak kanthi paksa saha lajêng wontên tiyang agêng inggil lumêbêt ing kamar ngriku, ing tanganipun tiyang wau ambêkta bangke tiyang ingkang kabuntêl, salajêngipun bangke wau kaglethakakên mujur wontên ing meja saantawisipun gêlas anggur ingkang kangge inum-inuman tiyang têtiga wau. Tiyang ingkang ambêkta

--- 60 ---

bangke matur dhatêng Kaptin Orme makatên: Sampun andadosakên panggalih, bandara kaptin, sirahipun bangke punika ical, kintên kula samangke mondhok wontên panggenaning pulisi ngandhap ngrika, kadospundi malih tiyang kula botên gadhah punapa-punapa kangge ananggulangi panêmpuhing pulisi, amila bangke wau lajêng kula ajêngakên kangge têtamèng, kula kintên manawi kiyat saha kakên. Ing sapunika kula nyuwun pangapuntên, dene gulunipun lajêng putung, ingkang anjalari sirahipun bangke wau dipun cêpêng ing pulisi.

Sasampunipun Sêrsan Quick rampung anggènipun wicantên, kori lajêng kabikak malih, salajêngipun wontên agèn pulisi kalih lumêbêt ing kamar ngriku, kalih-kalihipun kêtingal lêmês lan rêgêd, ingkang satunggal nyêpêngi rambuting sirah bangke sarana kacêngkiwing tuwin dipun têbihakên.

Tuwan propesor sangêt nêpsunipun sarta pitakèn makatên: Apa karêpmu, dene ujug-ujug wani malêbu ing kamarku. Apa kowe anggawa layang panguwasa.

Agèn pulisi ingkang satunggal, lajêng mangsuli kalihan nudingi badaning bangke ingkang kabuntêl ing mori: la punika.

Agèn pulisi satunggalipun wicantên sarwi angangkat sirahing bangke: la punika. Awit ingkang asma kangjêng sri narendra, kula tiyang kêkalih wajib nêdha katrangan dhatêng tiyang punika, dene tiyang punika wani-wani ambêkta bangke wontên ing margi kanthi sêsidhêman. Piyambakipun punika nêmpuh dhatêng kula mawi migunakakên bangke wau, ingkang punika piyambakipun kêdah kula cêpêng. Salajêngipun agèn pulisi wau lajêng wicantên kalihan sêrsan makatên: he, mas, sampeyan nurut napa botên, yèn botên nurut, kula blênggu.

Mirêng prentahing agèn pulisi makatên wau, Sêrsan Quick nêpsu sangêt, saha lajêng ebah badanipun badhe mêndhêt bangke ingkang wontên ing meja, ingkang kintên-kintên badhe kapigunakakên kangge dêdamêl malih. Sanalika agèn pulisi kêkalih wau lajêng mêndhêt dêdamêlipun pênthung.

Sumêrêp makatên wau, Kapitan Orme lajêng anêngahi tiyang ingkang sami grêjêgan punika, wicantênipun: he, apa kowe kabèh padha edan. Wêruha, yèn patine wong wadon iki wis ana patang èwu taun.

Agèn pulisi ingkang nyêpêngi sirah wau lajêng wicantên dhatêng kancanipun makatên: ya talah, kiraku iki salah sawijining bangke kang wis tuwa bangêt, lan disimpên ing musèyum. Ya mèmpêr, layak ambune apêk bangêt. Sasampunipun wicantên makatên, lajêng angambêt sirahing bangke, saha lajêng kaglethakakên wontên ing meja.

Samangke satunggal lan satunggalipun sami suka katrangan piyambak-piyambak. Agèn pulisi kêkalih wau sarêng anggèning kisinan sampun dipun jampèni mawi ombèn-ombèn anggur kalih gêlas, lajêng sami kesah, ananging sadèrèngipun kesah mawi nyathêti nama-namanipun têtiyang ingkang sami wontên ing ngriku tuwin namaning bangke gingra[13] wau.

Sakesahipun pulisi kalih lajêng kamirêngan wicantênipun sêrsan ingkang napsu wau makatên: dhuh bandara-bandara, mugi kaparênga ngagêm rêmbag kula punika, samukawis punika dèrèng tamtu nyocogi kalihan wujudipun, upaminipun kemawon tiyang ingkang sleyoran dhawah ing siti, punika dèrèng kinantên manawi piyambakipun mêndêm, sagêd ugi piyambakipun punika edan, utawi dhêngglêng, makatên ugi bangke punika botên kenging dipun wastani bangke dupèh badanipun asrêp utawi kakên, sagêd ugi punika satunggaling mummie aliyas bangke garing, kadosdene ingkang sampun kapriksanan ing panjênêngan sadaya wau. Sampun kalilan.

Sasampuning ing griya sêpên malih, saha bangke sampun dipun rimati, lajêng sagêd anglajêngakên rêmbag ing ngajêng wau. Miturut rêmbagipun Tuwan Propesor Higgs, kula lajêng andamêl pratelan kawontênaning sadaya pirantos-pirantos ingkang prêlu kabêkta kêkesahan wau, lan kula sadaya sami sarêmbag, bilih kaontunganipun ing têmbe badhe kabagi waradin, dene manawi salah satunggal wontên ingkang pêjah, bageanipun wau lajêng kabage malih dhatêng ingkang kantun. Ing sakawit pancènipun kula botên anyondhongi, awit kesah kula punika namung prêlu badhe ngêntas anak kula, ananging sanèsipun sami cariyos, bilih ing têmbe wingkingipun kula sadaya rak inggih kêdah gêsang, lan upami kula ngantos dumugi ing pêjah, tamtunipun anak kula rak inggih kêdah gadhah arta kangge gêsangipun, jalaran saking punika, kula inggih lajêng miturut.

Sasampunipun makatên, Kapitan Orme lajêng pitakèn, supados katamtokna kuwajibaning satunggal-satunggalipun, pungkasaning rêmbag, kula dipun wajibakên dados cucuking lampah pitêdah margi, Propesor Higgs dipun wajibakên dados juru basanipun, lan Kapitan Orme dados insinyuripun tuwin pangagênging prajurit. (Badhe kasambêtan).

Pawartos saking Rêdhaksi

Radèn Sumadirja, ing Pakalongan. Pakabaran panjênêngan sampun kawrat ing Kajawèn. Nuwun. Pitakèn panjênêngan bab tiyang punika, inggih ingkang nyambut damêl ing Kajawèn. Asarêng punika panjênêngan kakintunan Kajawèn minôngka conto, sukur kaparêng mradinakên, murih wontên para mitra ingkang lajêng kaparêng sami lêngganan.

Wangsulan pitakènipun Tuwan S. Dirjasumarta ing Kraksaan.

I. Isining Panji Pustaka kalihan Kajawèn beda.

II. Lêngganan Panji Pustaka kalihan Kajawèn babarpisan, botên angsal sudan. Nanging tiyang sagêd anglêbêtakên lêngganan sawarni cacah sakawan iji, tuwin sampun ambayar, angsal salah satunggaling kalawarti wau lêlahanan.

III. Kajawèn pancèn isinipun kaangkah kados namanipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. sagêdipun. (kembali)
2. kintun. (kembali)
3. lampahipun. (kembali)
4. bilih. (kembali)
5. kênyaring. (kembali)
6. sagêd. (kembali)
7. anjagi. (kembali)
8. kadandakakên. (kembali)
9. kojur. (kembali)
10. sêsakit. (kembali)
11. ingkang. (kembali)
12. pribumi. (kembali)
13. garing. (kembali)