Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-21, #58

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-21, #58. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-21, #58. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 6, 28 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 21 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Taman Sari, Batawi

[Grafik]

Pakampungan enggal, ingkang dipun adani dening gêmintê.

--- 102 ---

Raos Jawi

Lumuhan

Têmbung lumuh punika gadhah kajêng botên purun anglampahi dhatêng sawênèhing bab utawi padamêlan, ugi gadhah têgês sae utawi awon, ingkang sae manawi pikantukipun angêmohi dhatêng pandamêl awon, dene ingkang awon manawi ngêmohi dhatêng pandamêl sae. Dados namung kosokwangsul balêjêd, lan malih tiyang tamtu tansah anglampahi utawi mêthuki bab wau.

Tiyang lumuh dhatêng pandamêl awon, punika kêgolong tiyang sampun ngêngambah ing margi lêrês, tuwin sêdyanipun tiyang inggih namung badhe ngambah ing ngriku, dene anggènipun nyangkani pados saking jalaran warni-warni. Nanging anggèning badhe ngambah wau sok lajêng katutan ing têmbung lumuh, kados ta:

Botên purun dipun wastani bodho (têgêsipun lumuh), punika sajatosipun namung gadhah pamurih dipun wastanana pintêr, nanging manawi dipun ugêmi yêktos, punapa botên adamêl kapitunanipun piyambak, awit tiyang ingkang sampun ngrumaosi pintêr, adhakanipun sok lumuh atêtakèn dhatêng liyan, măngka sayêktosipun botên wontên tiyang amumpuni dhatêng samubarang kawruh, dados saupami purun angewahi sakêdhik, bilih bodho punika atêgês kêkirangan kawruh, inggih lajêng ragi sakeca anggènipun nindakakên, awit kêkiranganipun lajêng purun nakèkakên dhatêng liyan, wêkasan malah lajêng bathi angsal indhakan kawruh, beda kalihan ingkang lumuh wau, malah saya angugêmi dhatêng puguhing manahipun, kêbêkta saking jalaran warni-warni, kados ta: saking jalaran mênang ngumur, lumuh têtakèn dhatêng ingkang anèm, saya tumrap tiyang ingkang gadhah panguwasa, lumuh kasoran dhatêng karerehanipun, wêkasan lajêng gampil nuwuhakên tindak mênang.

Lumuh awon kêdah sae, punika manawi botên dipun manah panjang, sampun lêrês sangêt, sintên tiyang ingkang botên nêdya sae, nanging sae ingkang têgêsipun lumuh awon, malah adhakan ngambah ing awon, awit sêdyanipun sae kêtingal dipun pangarahakên, lan malih sae ingkang sajati punika kêtingalipun botên saking dipun kêtingal-kêtingalakên, punika badhe tuwuh saking panyawanging tiyang sanès. Makatên malih mênggahing tiyang ingkang gadhah watêk lumuh ala, punika manawi nyata pinanggih awonipun, yèn ngantos wontên ingkang ngosikakên, tamtu lajêng muring-muring, gadhah watak mundur isin, awit inggih punika wau, saking rumaos manawi kawontênanipun namung sae thok. Tiyang ingkang kados makatên wau, manawi dipun sawang kanthi pramananing pandulu, katingal awujud mêmêlas.

Tiyang ingkang lumuh asor kudu unggul, punika sampun kawrat wontên ing sêrat Wedhatama, anggitanipun dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta makatên:

socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocap[1] pasthi | lumuh asor kudu unggul | sumungah sêsongaran [sê...]

--- 103 ---

[...songaran] ,/ yèn mangkana kêna ingaran kêtungkul | ...

Ing ngriku kêtingal asuraos lumuh kasor ing rêmbag, punika sampun araos botên sakeca, makatên ugi tumrap asor ungguling kadrajadan, punika mêngku kajêng ungguling kaluhuran, dados manawi tansah nêdya unggul, saking lumuhipun asor, pikantukipun inggih malah ngosokwangsul, awit tiyang ingkang nêdya anjunjung badanipun piyambak, lăngka ing kêlampahanipun, malah adhakan ingèsêman ing liyan.

Tiyang ikang[2] mlampah-mlampaha dipun wastani sugih, lumuh dipun wastani malarat, punika sajatosipun malarat yêktos, makatên malih rasoing gêsangipun inggih tansah ngrisakakên manah, awit anggènipun ngêcakakên gêlar ingkang murih dipun wastani sugih, kawontênanipun tansah adamêl rêkaos piyambak, jalaran saking kêpêksa tansah ngawontênakên ukuran ingkang salugunipun cupêt, saupami nyandhang ngangge lungsêd isin, dening rumaos sugih, nanging manawi badhe tansah mompyor: botên kuwawi, lah lajêng kadospunding,[3] punapa botên nama ngrisak pikiranipun piyambak.

Amangsuli asor ungguling wulang dalêm kangjêng gusti ing nginggil, punika tumrap ingkang anggayuh dhatêng kajêngipun, tamtu nuwuhakên raos panjang, awit ing ngriku kêkajênganipun dumugi raosing kabatosan, dados saupami tiyang ingkang kaalusaning batosipun kêdah unggul, punika kintên-kintên kapitunanipun agêng sangêt, awit lajêng kêkilapan dhatêng ingkang dipun wastani kaluhuraning batos.

Dados mênggahing wawasan, tindak lumuhan ingkang anjalari damêl kapitunan punika kêdah dipun pramanakakên yêktos, supados têrang botês[4] adamêl sulaping pandulu.

Kabar sanès praja

Cariyos kawontênanipun karajan ing Siyêm

Ing sêrat-sêrat kabar sampun kawartosakên, bilih benjing wulan Juni ngajêng punika sang nata ing Siyêm badhe ngajawi, malah kabaripun kala dintên Minggu ingkang kapêngkêr punika wontên băngsa luhur kêkalih saking Siyêm ingkang sampun rawuh ing Batawi, prêlu badhe lajêng dhatêng Ngayogyakata kanthi kairit dening pangagêng Walandi sowan ing ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya. Para luhur kalih wau, inggih punika: Pangeran Jagjavalit lan Nai Siong Naranong. Kakintên bilih rawuhipun para luhur kêkalih wau, gêgayutan kalihan badhe rawuhipun sang nata ing Siyêm kalihan garwa benjing wulan Juni ngajêng pupunika.[5]

Sayêktosipun tanah Jawi karawuhan Raja Siyêm, punika botên ngêmungakên samangke kemawon, kintên-kintên tigang dasa taunan sapriki,

--- 104 ---

sang nata Siyêm ugi sampun nate rawuh ing tanah Jawi, manawi botên kalintu kados-kados ingkang eyang Nata Siyêm ingkang badhe rawuh ing wulan Juni ngajêng punika. Kala rawuhipun sang nata ing Siyêm ingkang rumiyin, amêrlokakên mara tamu ing ngarsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta. Kabaripun sang nata ing Siyêm sadangunipun wontên ing Surakarta, andhawahakên pangandika warni-warni, kados ta angraosi, bilih Candhi Sèwu punika asli saking têmbung Siwah, Prambanan saking Brahma. Kala sang nata dipun ladosi dening salah satunggiling santana dalêm panji, jalaran saking bedaning panganggenipun pangkat panji wau, sang nata lajêng mundhut katrangan namaning pangaktipun priyantun ingkang lêlados, sarêng uninga bilih namaning priyantun wau panji, sang nata sêmu kagèt, sarta lajêng angandikakakên bilih ing Siyêm ugi wontên têmbung panji punika. Pangandikanipun sang nata ing Siyêm ingkang makatên wau, satunggiling pasêksèn, bilih ing kala kinanipun sajak wontên gêgayutanipun antawising tanah Jawi lan Siyêm.

[Grafik]

Nata Siyêm Maha Prabu Chulalonkorn ingkang sampun tigang dasa taun sapriki mara tamu dhatêng karaton ing Surakarta.

Wontên malih ingkang martosakên, bilih sang nata ing Siyêm ingkang rawuh ing Surakarta kala rumiyin, punika wontên dhêdhaharan Jawi ingkang dipun sêptani, inggih punika ingkang dipun wastani: sêkul prêcita, inggih punika warnining sêkul ingkang lêlawuhanipun sampun dipun racik wontên ing nginggilipun. Sêkul makatên wau wontên ugi tiyang ingkang mastani: sêkul langgi. Kajawi punika, kala sang nata ing Siyêm rawuh ing Surakarta, tigang dasa taunan sapriki, [sa...]

--- 105 ---

[...priki,] kathah para santana utawi para abdi dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta, ingkang sami kaparingan ganjaran bintang karajan Siyêm, malah kabaripun wontên sawênèh kêkasih dalêm angsal ganjaran bintang wahcèng, inggih punika satunggiling têtêngêr, sintên ingkang ngangge têtêngêr makatên wau, manawi wontên ing nagari Siyêm, dipun aji-aji sangêt, prasasat dipun anggêp kados santananing ratu.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih wontênipun panji ing tanah Siyêm, sajakipun ing jaman kina wontên gêgayutanipun antawising tanah Jawi kalihan karajan Siyêm. Amila kados botên wontên awonipun, upami Kajawèn angrêmbag sawatawis mênggahing babadipun karajan Siyêm. Murih gamblangipun ing ngriki prêlu kacariyosakên rumiyin mênggah kawontênaning têtiyang saha cacah jiwanipun ing karajan Siyêm.

Cacah jiwanipun karajan Siyêm punika kirang langkung wontên 6 yuta. Tiyang samantên kathahipun punika botên namung băngsa satunggal kemawon, ananging kenging kaperang ing băngsa mawarni-warni, kados ta: băngsa Siyêm piyambak, kirang langkung sapalihing cacah jiwanipun ing nagari Siyêm. Lajêng băngsa Laos, băngsa Tyonghwa, băngsa Mlayu, băngsa Kamboja, kajawi punika taksih wontên malih băngsa alit-alit sanèsipun, kados ta: băngsa Birma, Hindhu, Munkarèn, Lawa lan liya-liyanipun. Cacahipun têtiyang Eropah lan têtiyang Amerikah namung wontên watawisipun 1200 lan 1300. Cacah samantên wau ingkang 500 băngsa Inggris.

Băngsa Siyêm punika ingkang kathah sami manggèn wontên ing tanah Siyêm sisih têngah, sanadyan ta ing sabên dhistrik mêsthi wontên bangsanipun Siyêm wau. Băngsa Laos sami manggèn wontên ing Siyêm ing sisih wetan. Băngsa Mlayu (dene ingkang dipun wastani băngsa Mlayu punika kintên-kintên inggih băngsa Indhonesiah samangke punika) sami campur kalihan băngsa Siyêm, saha dêdunung wontên ing tanah Siyêm sisih kidul, băngsa Tyonghwa ing Siyêm waradin wontên ing pundi-pundi, ananging ingkang kathah sami wontên ing kitha-kitha. Kados ta ing Bangkok, inggih punika kithaning karajan Siyêm, punika cacah jiwanipun kirang langkung wontên 650.000. Tiyang samantên kathahipun wau ingkang sapratigan băngsa Tyonghwa. Ing ngriki cêtha wela-wela, bilih băngsa Tyonghwa punika pancèn anggadhahi dhêdhasar dhatêng lampah dagang amila pamanggènipun ingkang dipun rêmêni inggih wontên panggenan ingkang rame-rame, inggih punika ing kitha-kitha. Ing tanah Siyêm punika manawi kasamèkakên kalihan tanah sanèsipun ing tanah wetanan ngriki, kalêbêt sakêdhik piyambak têtiyangipun pranakan, inggih punika anak turunipun băngsa Eropah lan băngsa Asiah. Kajawi băngsa-băngsa kasbut nginggil, ing tanah parêdèn ing Siyêm, wontên satunggiling băngsa malih, ingkang kakintên, bilih punika têtiyang Siyêm ingkang baku. (Badhe kasambêtan)

--- 106 ---

Bab Kasarasan

Gampil Angèling Tiyang Tilêm

Ngagêsang punika sanadyan botên dipun cariyosana manawi dalu kêdah tilêm, inggih sampun mangrêtos piyambak, pathokaning mapan tilêm manawi sampun ngantuk, nanging mênggahing tiyang, kodrating gêsangipun ingkang kados makatên wau sok lajêng dipun ewahi, mripat sampun ngantuk malah dipun salamur murih mêlèk, mila lajêng wontên têmbung cagak lèk, kajêngipun angyagaki lèkipun supados botên ambruk, wujuding cagak: sambèn main, nanging alit-alitan, wontên malih ingkang malah nama lèk-lèkan, punika kajêngipun niyat botên nêdya tilêm babarpisan, dene ingkang kangge sarananing mêlèk, inggih main, limrahipun agêng-agêngan, botênipun inggih cêkapan. Nanging kadospundi wontênipun tiyang kados makatên punika, sampun botên prayogi babarpisan, bokmanawi tumrap tiyang ingkang sampun nate nglampahi, inggih mastani manawi botên sae, dhatêng èngêtan lajêng nglambrang botên kantênan, malah manawi kêladuk ngantos wontên ingkang èngêtanipun ing sanalika ngriku kados ical. Sampun nate wontên lêlampahan kados ngandhap punika:

[Grafik]

Salêbêting ngimpi nglindur: adhuh mati aku, ana ula: tulung, tulung ...

Wontên tiyang ngabotohan ngantos kalih dintên kalih dalu tanpa tilêm, ing ngriku wontên patrap ingkang nganèh-anèhi, inggih punika sawênèhipun tiyang ingkang ngabotohan wau mamah krêtos dipun raos kados mamah criping. Sarêng bibaran badhe mantuk, sawênèhipun tiyang wau wontên ingkang lajêng malêbêt ing griyanipun ingkang dipun para tamoni, dipun pitakèni mangsuli bilih badhe mantuk, wusana lajêng dados gêgujêngan.

--- 107 ---

Tiyang sampun limrah sagêd cariyos, manawi anggènipun tilêm anglêr, tanpa nglisik, têgêsipun sakeca. Tuwin wontên ingkang cariyos manawi anggènipun tilêm, sadalu tansah klisikan, sapunika ngraosakên arip. Ingkang makatên punika sampun dados tăndha saksi, bilih tilêm tuwuk punika dados jampi, tuwin kirang tilêm punika dados sabab.

Sarèhning sapunika sampun cêtha kados makatên, kados prayogi bilih tiyang nata dhatêng tilêmipun murih manggih kasarasan, awit tilêm punika sanadyan nama pandamêl gampil, nanging manawi dèrèng sagêd ngajêgakên, inggih angèl, lan kosokwangsulipun manawi sampun kulina, gampil sangêt anggèning mrênahakên ngantukipun.

Mirid sêsorahipun tiyang ingkang ahli dhatêng kasarasan, tumrap tiyang sêpuh, tilêm ing wanci dalu pitung jam punika sampun cêkapan, wiwit mapan jam sadasa, jam gangsal sampun tangi. Wanci tilêm samantên wau kajawi sampun nyêkapi, ugi angênggèni măngsa têntrêmipun ing wanci dalu, awit wanci jam sadasa punika swaraning lare sampun botên wontên, tuwin swara tumandanging tiyang mêlèk inggih sampun kèndêl. Dene jam gangsal enjing punika wancinipun tumapaking suwara, wanci tungtuming hawa rêsik ingkang damêl sêgêring badan, manawi dipun papagagên ing tanginipun tiyang tilêm, lajêng andayani damêl kasarasan, makatên malih mênggahing caranipun tiyang tangi enjing, punika ngraos manggih măngsa kobèt kangge ambucal tabêting raos tilêm, dumugining byar padhang badan sampun karaos waras-wiris.

Nanging mênggah lampahing tilêm punika warni-warni, manut ing pakulinanipun piyambak-piyambak, wontên ingkang pathokan manawi sampun ngantuk, awit sakecanipun tiyang tilêm punika manawi sampun ngantuk, upaminipun tiyang nêdha nama sampun kraos luwe. Ujar makatên wau lêrês sangêt, dados mantuk[6] kalihan pranataning tiyang tilêm ajêg ingkang ngênggèni wanci, manawi sampun dhawahing wanci tamtu inggih lajêng ngantuk.

Tiyang ingkang sampun sagêd mranata tilêmipun, punika ugi nama sampun sagêd ngajèni dhatêng kasarasan, tuwin sarèhning nama dados jalaraning saras, prayoginipun inggih kêdah nyumêrêpi dhatêng rangkêpanipun, inggih punika kêdah mapan ing patilêman ingkang prayogi. Kajênging patilêman ingkang prayogi, botên kêdah kok wontên ing kathil tosan, bantal makêndhung-kêndhung, aklambu ngangrangan ingkang sae. Dene kajêngipun namung murih mapan ing panggenan ingkang rêsik, botên kanginan, botên dipun cakoti ing lêmut. Punika sadaya kenging dipun lampahi namung kanthi waragad sakêdhik tuwin patrap rêsikan. Awit mênggahing tiyang tilêm, gampil sangêt kengingipun godha ingkang anjagari[7] nuwuhakên sakit, inggih punika kataman ing sabab ingkang botên sumêrêp, kados ta kanginan, dipun cakot ing lêmut tuwin sanès-sanèsipun.

Dene mênggahing angèling tiyang tilêm, punika botên sanès namung jalaran saking mêksa tilêm ingkang tanpa pranatan, dèrèng wanci tilêm sampun mapan, sarêng wontên ing patilêman pikiranipun taksih katutan pikiran ingkang ngajak mêlèk,

--- 108 ---

papanipun botên sakeca, wusana tilêmipun angalambrang, adhakan ambêkta impèn ingkang pinanggih jalaran saking tabêt ing kala mêlèkipun. Manawi nuju pikiran awon sok lajêng gundam-gundam dados ngalindur. Dados tumandanging pikiran ingkang dèrèng aso, punika inggih anjalari angèling tilêm.

Mila murih saenipun mênggahing tilêm, prayogi kapanggih piyambak, ingkang prêlu ajêgipun, kêkathahên botên sae, kirang awon.

Jagading Wanita

Rumêksaning biyung dhatêng anak alit, ingkang dèrèng ngumur sataun.

Mênggahing biyung, pangrêksanipun dhatêng anak ingkang taksih lêmbat, punika pangatos-atosipun ngungkuli rumêksa barang ringkih, tuwin pangemanipun ngungkuli dhatêng rajabrana. Raosing manahipun biyung namung kêbak isi pangeman, wêlas asih tuwin raos sanès-sanèsipun malih, ingkang sampun botên kenging dipun pindhakakên. Rintên dalu tanpa kèndêl tansah analiti dhatêng kawontênaning anakipun, tanpa ngadhuh ngêsês ngraos sayah, punapadene sêsambat rumaos kawratên damêl. Măngka tindak makatên wau tanpa mawi towong ngantos sadumugining lare sampun agal. Yèn dipun piridna kados sacaraning tiyang nyambutdamêl ngalap epah, sintên ingkang kêdugi nyangkul kados makatên, badhe dipun balănjaa sapintên, inggih botên kêdugi. Nanging sarêng biyung, padamêlan ingkang kados makatên wau, rêkaos lan sayahipun lajêng ical saking ningali èsêming lare ingkang araos sêdhêp têrus ing manah.

Sabên wanci adus, biyung tansah amirantosi papan pangguyanganing lare sarwa rêsik, toyanipun rêsik, manawi wontên rêgêdipun sakêdhik kemawon dipun bucal, malah manawi larenipun dèrèng kuwawi dipun dusi ing toya asrêp, toyanipun guyangan mawi dipun mori ing toya bêntèr, tuwin dipun tuwèni murih cêkapan angêtipun. Sadèrèngipun angguyang sampun nyadhiyani panganggening lare sarwa rêsik, ugi mawi dipun taliti, kuwatos manawi wontên rêrêgêdipun. Sasampuning mirantos, lare lajêng dipun guyang, dipun taliti, pundi ingkang kaprênah lêkit-lêkitan dipun rêsiki anjalimêt, mawi dipun sabun, sabunipun kewon[8] milih ingkang sae. Manawi sampun rêsik sayêktos, lajêng dipun êntas, saha dipun kêsat badanipun ngantos garing. Salêbêtipun tumandang ing damêl, pun biyung tansah andrêmimil wicantên utawi sindhenan tanpa kèndêl, ungêlipun wau dados pratăndha bilih kêdugi ing manah.

Sarampunging dipun dandani, lare lajêng dipun manah ing têdhanipun, manawi dèrèng nêdha, inggih dipun sêsêpi, murih lare lajêng tilêm, awit lare alit makatên, sabibaring adus adhakan lajêng tilêm. [tilê...]

--- 109 ---

[...m.] Manawi sampun tilêm lajêng dipun tilêmakên wontên patilêman rêsik, mawi dipun kêmuli prayogi murih botên kanginan, satondak-tandukipun sarwa sarèh, sampun ngantos wontên patrap ingkang adamêl kagèting anakipun ingkang tilêm.

[Grafik]

Dhuh anakku sing dadi ati.

Anakipun manawi tilêm lajêng rêrêsik piyambak, adus wuwung, angopyok susunipun, murih andayani damêl bancar tuwin sêgêring toya susu, tuwin manawi ngraos susunipun kirang sakeca, lajêng dipun kopyok kalihan toya angêt, sadaya wau namung mêmurih supados badanipun rêsik tuwin saras, awit ngrumaosi manawi katitipan toya panggêsangan têdhaning anakipun. Mila kajawi rêrêsik badan, ugi ajêjampi tuwin nêdha têtêdhan ingkang murakabi tuwin gadhah daya, ingkang damêl kasarasan tuwin nyaèkakên wêdaling toya sêsêpan.

Biyung salêbêtipun taksih nêsêpi, tansah ngangkah-angkah gadhah watêk sabar, nyirik dhatêng nêpsu tuwin susah, awit kanêpson tuwin kasusahan punika murugakên botên sae dhatêng tiyang nêsêpi.

Samăngsa anakipun tangi nangis cêngèr-cêngèr enggal-enggal dipun purugi sarta lajêng dipun bopong murih kèndêl tangisipun. Sakèndêling tangis lajêng dipun êmong kalanipun taksih mêlèk, lare dipun sèlèh ing papan ingkang kobèt, supados sagêd karoncalan molahakên badanipun, wêkasan lare dados otot akiyêng.

Manawi lare tilêm ing wanci dalu, prayogining panatanipun patilêman ngungkuli manawi tilêm siyang, awit mawi ngawekani manawi wontên lêmut, eman manawi anakipun ngantos dipun cakot ing lêmut, agêngipun dipun cakot ing lêmut ingkang anggadhahi wiji sêsakit. O, punika mênggah raos manahing biyung botên suka lila, aluwung badanipun piyambak dipun cakota ing lêmut, mila salêbêting tilêm wanci dalu wau mawi dipun kojongi. Ewadene pun biyung inggih mêksa tansah ngulat-ulatakên dhatêng kawontênaning anakipun, samar manawi kêplêpêgên, jalaran saking kêtutupan punapa-punapa, tuwin kasamaran sanès-sanèsipun.

Ing wanci dalu samăngsa mirêng anakipun nangis, lajêng gregah tangi, nuwèni punapa ingkang andadosakên sababing tangisipun, punika tansah dipun [di...]

--- 110 ---

[...pun] udi ngantos kêpanggih, dene ingkang adhakan, jalaran panganggenipun têlês kompolan. Manawi botên saking jalaran makatên, inggih dipun padosi sabab-sabab sanèsipun, punapa saking luwe, kêsêsêkên pangangge, tuwin sanès-sanèsipun ngantos kêpanggih. Manawi mêksa botên kêpanggih, punapa jalaran saking sakit, lajêng dipun padosi, yèn masuk angin, sasagêd-sagêd lajêng dipun upakara piyambak manut pakulinan ingkang prayègi.[9] Mila mênggahing tiyang gadhah anak alit, pun biyung inggih tansah sadhiya punapa kabêtahan ingkang migunani.

Pun biyung botên kêndhat tansah naliti dhatêng anggèning ambêbucal anakipun, sabên pinanggih botên ajêg, lajêng dipun udi ajêgipun, mila biyung tansah ngudi tuwin ngulinakakên, kadospundi murih ajêgipun anggèning ambêbucal anakipun.

Dene manawi anakipun sakit, pun biyung lajêng ngrêdatos tuwin wicantên: wah sesuk tak gawane mênyang dhoktêran.

Samantên pangrêksaning biyung dhatêng anak.

Ekonomi

Têdha baku tuwin kaborosan ing tanah Kaduwang, Surakarta

Bakuning têdhanipun tiyang ing tanah Jawi, punika: uwos, nanging sawênèhing panggenan, saya malih ing tanah parêdèn, upaminipun tiyang ing rêdi Marapi, têdhanipun baku botên sêkul wos, limrahipun jagung, dene têtiyang ing parêdèn sakidul rêdi Lawu, ingkang kawastanan tanah Kêduwang, têdhanipun baku ragi anèh malih, inggih punika gaplèk, pohung garing.

Punapaa bakuning têdha têka gaplèk, punapa botên wontên tanêman pantun. O, kathah sangêt, malah yèn pinuju măngsa panèn ing pêkên kêbak wos ngundhung-undhung. Nanging uwos wau ingkang gadhah sampun tiyang sanès.

Tumraping tiyang kathah, sami gadhah kasênêngan piyambak-piyambak. Dados kintên-kintên, tiyang ti wos. Mila saangsaling pantun anggènipun panèn inggih luwung kasade. Rèhne mèh sabên tiyang sampun sami gadhah gaplèk saking pamêdaling pohung ing pakarangan, pramila yatra pêpajênganing wos, inggih katumbasakên barang sanès, kados ta: pangangge. Dados punapa tanjanipun yatra pêpajênganing pantun wau, botên sanès inggih namung dhatêng pangangge ingkang sae-sae, utawi kadamêl kabêtahan sanès. Dados pamêdaling sabin babarpisan botên katêdha, utawi botên tumănja ingkang prêlu.

Langkung-langkung, sabên măngsa panèn pantun, punika wontên salêbêtipun wulan sae, kathah tiyang gadhah damêl taksih limrah pados pasumbang. Dayang wau, rumaos nikmat nêdha sêkul gaplèk tinimbang

--- 111 ---

dos[10] pajênganing pantun wau, sabagean agêng inggih mlêbêt dhatêng sumbangan. Lah, punika ingkang nêlas-nêlasakên wos. Tarkadhang wos sampun têlas, taksih kathah tiyang gadhah damêl, lah lajêng kapêksa ngêlong gaplèk. Măngka punika ingkang baku tandhon têdha.

Jalaran saking punika, sagêd ugi tandhonipun gaplèk têlas sadèrèngipun panèn jagung utawi pantun, punapa inggih nrimah badhe botên nêdha, tangèh kalampahanipun. Amit anggêr taksih gêsang kemawon, inggih taksih ambêtahakên têdha, la gèk dhatêng pundi padosipun. Samirêng kula, botên patos kathah tiyang ngijêmakên, nanging sami pados sambutan arta kanthi sarêman kathah. Wah, pancèn inggih awrat saèstu, tiyang badhe ngisèni kanthong punika.

Mila kula bingah sayêktos, dene sampun watawis sataun langkung, ing salah satunggiling panggenan wontên pakêmpalanipun para priyantun, ingkang damêl Crediet: pranatanipun saèmpêr Crediet wezen ingkang limrah. Pakêmpalan wau gadhah kapital kalih têngah ewonan. Punika ingkang sagêd mitulungi dhatêng para bakul. Sabên wancinipun kabikak (pêkênan) kumruyuk ingkang nyambut, lan ingkang nicil. Dados lajêng suda cacahipun ingkang nyambut mendring. Sanajan botên anjarag damêl Antiwoeker, nanging inggih ragi Antiwoeker (pakêmpalan ingkang sêdyanipun ananggulangi pandamêling lintah dharat) sakêdhik. Mila sae sangêt upami kaagêngakên kapitalipun.

Kula tansah mêmuji, mugi-mugi Crediet ingkang sampun dangu adêgipun, lan katingal sae wau, sagêda lêstantun tanpa sabekala. Awit pancèn kathah pitulunganipun dhatêng ingkang kacingkrangan. Malah rumiyin sampun nate ngrancang badhe damêl bang tani, inggih punika nyambutakên yatra dhatêng tiyang tani, anggènipun nyaur ing măngsa panèn. Mugi-mugi kalêksanan. Inggih srana adêging bang tani wau, kula kintên tiyang tani badhe suda anggènipun rêmên nyadeni uwos.

Yèn sampun sami botên purun nyade wos, têgêsipun: wos kasimpên, kangge kaprêluanipun piyambak. Lan samăngsa tiyang tani sagêd nyimpên wos sayêktos, dados ragi cêkap, kenging kawastanan mindhak panggêsanganipun. Sampun ngantos namung nrimah nêdha gaplèk. Wah, eman-emana dhatêng wosipun.

Wasana pungkasaning atur kula, kula sêsêli pitakenan makatên: benjing punapa, sagêdipun gaplèk malih dados wos. Lan benjing punapa sagêdipun nyandhêti vracht auto ingkang kesah, lan momotanipun kalêbêtakên ing lumbungipun tiyang Jawi. R.S. Kartawardaya.

--- 112 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Antawisipun para maos kintên-kintên wontên ingkang taksih èngêt dhatêng namanipun komunis băngsa Walandi Tuwan Insinyur Baars, inggih punika salah satunggiling komunis Walandi ingkang miwiti saha anjêmbarakên ngèlmu komunis wontên ing tanah Indiya ngriki. Saking bantêring manahipun anggène sumêdya angrêbahakên pamarentah Indiya punika, Tuwan Baars ngantos lajêng kapêcat saking pangaktipun saha lajêng kesah saking tanah India ngriki. Kanthi sênênging manah saha pangajêng-ajêng ingkang tanpa upami, Tuwan Baars lajêng pangkat dhatêng nagari Rus, prêlu anêksèni kawontênanipun komunis ingkang sajati. Ananging sasampunipun 6 taun dêdunung wontên ing nagari Rus, lajêng wangsul malih saha rumaos saklangkung kêduwung, dene ngudi saha anjêmbarakên ngèlmu komunis wau. Ing ngriki Kajawèn prêlu mêthik pamanggihipun Tuwan Baars ingkang sampun kapacak ing sêrat kabar A.I.D. kados ingkang kasbut ing ngandhap punika:

Miturut pangandikanipun Tuwan Baars, sasampunipun Tuwan Baars kapêksa nilar tanah Jawi ing taun 1921, pêrgêrakan komunis ing Indiya ngriki saya ngrêbda. Ingkang makatên wau jalaran saking dayaning propagandhah dhatêng têtiyang ingkang kirang pangajaranipun dening para, ingkang kintên-kintên ngrumaosi suka pakabaran ingkang sayêktos mênggah kawontênanipun nagari Rus, inggih punika satuggiling nagari gêmah ripah saha raharja, utawi malih satunggiling nagari, ingkang têtiyangipun rumaos sênêng gêsangipun awit jalaran wontênipun paprentahan nyara komunis. Tuwan Baars piyambak inggih angakêni, bilih rumiyin tansah ambudidaya murih sadaya tiyang ingkang botên rêmên dhatêng kawontênanipun pamrentahan ngriki, samia migatosakên dhatêng kawontênanipun nagari Rus, awit kala punika Tuwan Baars mila inggih yakin sayêktos dhatêng utamining paprentahan cara komunis, makatên ugi kasênênganing kawula kabawah dening băngsa Rus ing têmbe wingkingipun. Jalaran saking punika Tuwan Baars lajêng nênuntun tiyang pintên-pintên ingkang ing têmbe sagêd anjêmbarakên ngèlmuning komunis wau. Ing sarèhning Tuwan Baars wau angrumaosi tumut ambudidaya dhatêng pangaji-ajining tiyang Indiya dhatêng tanah Ruslan, amila piyambakipun inggih lajêng kapêksa anyariyosakên sadaya ingkang dipun sumêrêpi kawontênanipun ngèlmu komunis ing Rus, tanah aslining komunis, sadangunipun Tuwan Baars dados insinyur laminipun 6 taun wontên ing Ruslan.

Tuwan Baars nyariyosakên, bilih piyambakipun anyumêrêpi, manawi tiyang pribumi punika ingkang kathah botên pitados dhatêng punapa-punapa ingkang kacariyosakên dening băngsa Walandi, ananging pangajêng-ajêngipun Tuwan Baars manawi angèngêti tindakipun Tuwan Baars kalanipun wontên Indiya ngriki, inggih punika ing taun 1915

--- 113 ---

dumuginipun taun 1921 ingkang salami-laminipun tansah anglabêti dhatêng pêrgêrakanipun tiyang pribumi, kados punika sampun satunggiling pasêksèn, bilih Tuwan Baars punika dede bangsaning Walandi ingkang ngêmohi dhatêng papaning tiyang pribumi punapa mêsthinipun. Nalika Tuwan Baars gadhah pangintên, bilih namung risak saha ewahing kawontênan ing samangke punika ingkang sagêd ngicalakên sadaya ingkang botên adil utawi ingkang sawênang-wênang, Tuwan Baars inggih botên sêmang-sêmang anyorahakên pamanggihipun ingkang botên dipun condhongi dening sakathahing tiyang, ananging ingkang kamanah satunggiling margi ingkang cêlak piyambak sagêdipun angsal panggêsangan ingkang utami. Makatên ugi Tuwan Baars anyariyosakên, bilih katrêsnanipun dhatêng têtiyang Indiya inggih taksih ajêg kemawon, lan dumugining samangke inggih taksih anggadhahi pamanggih, bilih papanipun tiyang pribumi punika kêdah langkung inggil tinimbang ingkang sampun kacêpêng ing samangke, inggih miturut kasagêdan tuwin kabudayanipun. Ananging punapa ingkang dipun sumêrêpi dening Tuwan Baars wontên ing nagari Rus, punika têtela dede marginipun tumrap têtiyang Indiya murih sagêdipun kalampahan punapa ingkang kasêdyakakên. Mênggah sêdyanipun Tuwan Baars anglairakên pamanggihipun wontên ing nagari Rus ing sêrat kabar punika, supados têtiyang pribumi sami nêbihana dhatêng tindak ingkang botên adamêl kamardikan saha malih saening panggêsanganipun, ananging manawi sêdyanipun wau sagêd kinabulakên, tansah badhe kêduwung ing salami-laminipun.

Tuwan Baars anyariyosakên, bilih sêdyanipun wau botên badhe angarang buku bab kawontênanipun nagari Rus, ingkang badhe kacariyosakên wau dede barang wados, ananging pawartos-pawartos pamarentah Sophyèt ing sabên dintên ingkang kapacak wontên ing sêrat-sêrat kabar komunis. Mênggah ingkang badhe kacariyosakên miturut pamanggihipun piyambak, punika pikajêngipun namung badhe adamêl sae têtêmbunganing pawartos-pawartos wau, ingkang sajatosipun botên anêngsêmakên. Tuwan Baars tansah amêmuji, mugi-mugi panyêrating kawontênan-kawontênan ing nagari Rus ingkang sajati, kadosdene ingkang sampun dipun sumêrêpi ing tiyang ingkang sampun manggèn lami ing ngrika, sagêda amranani dhatêng têtiyang, ingkang kanthi grêngsênging manah sami pitados dhatêng sae saha lêrêsing pranatan-pranatan komunis ing nagari Rus, ingkang wontên ing Jawi kasorahakên saklangkung sae lan anêngsêmakên wau. Ing ngriku Tuwan Baars botên sumêdya angandharakên, punapa wontênipun pambrontakan ing nagari Rus punika adil, utawi malih punapa ingkang anguwaosi praja ing samangke punika sampun mêsthinipun, jalaran ingkang makatên wau prakawisipun para kawula ing nagari Rus piyambak. Makatên ugi Tuwan Baars botên badhe angandharakên kadosdene caraning băngsa komunis, inggih punika ambudidaya murih sadaya băngsa punika puruna miturut punapa ingkang dipun kajêngakên, ing mriki namung badhe nyariyosakên, punapa nagari Ruslan pranatanipun angajêngakên kawula punika pantês katiru dening kawula Indhonesiah ngriki.

--- 114 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk.

Bab wêwatêkanipun tiyang nyambutdamêl.

(Candhakipun Kajawèn ăngka 5)

Sêmar : E, têka banjur kêdlarung-dlarung, wong arêp nyritakake wêwatêkane Arya Bratasena, kok banjur ngomongake sing ora-ora, mula iya wis mangkono, wong tuwa kuwi sok akèh laline, amara lagi anu kae, ana punjungan jodhang tăngga kêsasar nyang gonku, kathik kalalèn tak pangan nganti labas babarpisan.

Garèng : Wah, la kuwi arane rak lali modhèl baru, kalalèn kok mangan panganan duwèke wong liya, sêtun-sêtun êmbèn-êmbèn, nèk dhangan panggalih, Rama êmbok iya kalalèna ambayari pajêgku, dadi aran kalalèn ana pigunane.

[Grafik]

Petruk : Lha kok anèh Garèng kuwe, nèk tumraping Rama, sing kira-kira arêp gawe rugine awake, iya ora bakal lali, kaya ta lagi anu, Rama kuwi nukoni gori pirang-pirang, la aku nêmpil siji arêp tak ênggo gudhêg. Barêng aku lêt sasasi sowan manèh dak arani iya wis lali, wong mung gori siji, lagi bae mak clungup, wis dipêthukake calathune mangkene: êndi utangmu gori lagi anu kae.

Sêmar : Lho, pasaduluran kuwi ora kêna dicarup kambi kabutuhan, nêmbungmu dhèk biyèn utang, dadi wis wajibe kudu nyaur, nèk panêmbungmu anjaluk, têmtune iya ora dak tagih, uwis, uwis, tak critani mungguh wêwatêkane Arya Bratasena. Brata kuwi têgêse laku, sena atêgês pangarêp, mêngku utawa kuwat, mungguh karêpe: wong dadi pangarêping laku utawa ugêr-ugêring laku kuwi kudu adil, mulane dicritakake Arya Bratasena duwe aji wungkal bênêr. Iku dadi pasêmon, yèn Arya Sena wêwatêkane kang diênggoni: bênêr, tumindake: yèn ana wong ala dialani, wong bêcik dibêciki.

Garèng : Wah, Ma, la kuwi rak anggèsèhi prentahing nabi utawa wali. Kaya-kaya nèk ora kliru ana dhawuhing Kangjêng Nabi Ngisa mangkene: yèn kowe ditabok pipimu têngên, pipimu kiwa ulungna. Mangkono uga dhawuhe Kangjêng Sunan Kalijaga: yèn kowe tinabok ing uwong, wong mau opahana.

Petruk : Yah, kuwi rak lakune bangsaning kawasulkawas nèk băngsa ngam kaya aku kiyi, rak beda, nèk kowe ditabok sapisan, kudu walêsên sapisan, ning nganggo pênthung, sokur nganggo dirèntêni.

Sêmar : E, kurang ajar, nèk kaya mêngkono kuwi rak ngajak ora omah. Wêwatêkan utawane panindake Arya Bratasena kaya sing tak critakake mau, kuwi rak minăngka gêgambarane pangadilan utawa uwong kang pinasrahan marang

--- 115 ---

bêbênêran, kaya ta: jaksa, presidhèn landrad lan sapadhane. Pangkat priyayi kang mangkono mau ora kêna pisan-pisan bot sih, têgêse: sanajan sanak, sanajan wong pangkat, utawa sanajan wong asli, nèk pancèn wis têtela kasalahane, iya kudu diukum apa mêsthine.

Garèng : Kang mangkono kuwi aku cocog bangêt, mung bae saka bêntholat-bênthaliting prakara, nèk ora kabênêr iya sok ngapirani.

Sêmar : Wis, wis, era[11] susah kobanjurake, wis ngrêti aku karêpmu, saiki tak têrusne dhisik bab wêwatêkane Arya Sena, Arya Sena kuwi sok dibasakake: yèn kaku kaya pêcêl alu, yèn lêmês kêna ginawe tali.

Petruk : Ma, aku tak nyêlani atur dhisik, ana paribasan kok kaku kaya pêcêl alu, kuwi olèh saka dening apa. Amarga awit jambul tumêkaning lancur, wêruhku pêcêl kuwi ya mung pêcêl gêgodhongan, pêcêl pitik, utawa pêcêl lele, lan aku iya wis nêksèni dhewe, nèk têlu-têlune rasane gandêm, nglênyêr, balik pêcêl alu, kuwi apa ora anglolodi.

Sêmar : Lho, pêcêl alu ing kono mung arêp anelakake, yèn alu kuwi kaku bangêt. Mungguh karêpe bêbasan, yèn kaku kaya pêcêl alu, yèn lêmês kêna ginawe tali, kuwi mangkene: Arya Bratasena kuwi yèn wis duwe pikiran kang ditimbang bênêr, wis ora kêna diêluk, kosokbaline nèk ditimbang ora bênêr iya banjur ngrumangsani ora bênêre mau.

Petruk : Wah kuwi cocog bangêt karo watakku, aku kiyi iya mêngkono, nèk wis duwe karêpan, ora kêna diêluk babarpisan. Wong aku duwe kêkarêpan arêp ngiras bakmi, sanadyan aku nganti anggadhèkake jarite tanggaku, iya mêksa tak lakoni.

Sêmar : Lho, la kuwi dudu wêwatêkane Arya Bratasena, nèk mêngkono kuwi rak wêwatêkane wong nguja hawa. Kajaba sing wis dak critakake, watêke Arya Sena, ya kuwi: têmên, blaka suta, iya laire iya batine, dadi ora duwe tindak lêlamisan.

Garèng : La saiki dhalang sok nyritakake, yèn agême Arya Bratasena kuwi dodod bang bintulu. Nèk ngono ki apa ana karêpe.

(Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Bayi kêmbar 4 Tènêse, Amerikah.

--- 116 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

VI. Kangjêng Ratu nyidra Mênurseta sing kapisan.

[Kinanthi]

mêngko kocap kangjêng ratu | sing wis kalêgan ing galih | nuju ing sawiji dina | dangu mênyang kaca sêkti | hèh kaca kaca kêmayan | sapa sing ayu dhèwèki ||

kaca sêkti nuli matur | ing sayêktosipun gusti | jêng ratu ayu piyambak | nanging wonten kang ngungkuli | gih punika Mênurseta | kang wontên lêlêngkèh rêdi ||

êlèr ngriki prênahipun | anglangkungi wana gusti | kangjêng ratu bangêt duka | banjur gêdrug-gêdrug jêlih | e e kowe Mênurseta | jêbulane isih urip ||

yèn ngono si mantri gêmblung | sabênêre mung ngapusi | iya kowe yèn kêcandhak | mêsthi anêmu bilai | kangjêng ratu nuli dandan | kaya carane wong cilik ||

tapih kêpyur klambi gadhung | slendhang ămba gendhong pêthi | isine rupa dandanan | ana gêlang kalung pênding | jungkat cundhuk taretesan | apa dene ali-ali ||

dene ta jungkate cundhuk | ing rujine dilèlèti | wisa mandi banjur mangkat | nasak alas anggolèki | ing kono lakune têkan | ing omahe Mênurputih ||

nuli tawa cêluk-cêluk | măngga barang warni-warni | sumăngga dara mundhuta | gêlang kalung èdi pèni | dhèk samana Mênurseta | nuli anguk-anguk kori ||

wong sing dodol banjur clathu | punika lo sae pèni | punapa ta kalung gêlang | sadayane êmas nêkik | punika sêrat trètès mas | yèn kagêm cundhuk mantêsi ||

Mênurseta ngrasa kenyut | mung atine rada wêdi | kang mindha uwong dodolan | banjur mara anyêdhaki | măngga ta dipun cobia | sêratipun cundhuk inggih ||

Mênurseta banjur manglung | wong sing dodol anyundhuki | ananging rujining jungkat | dicublêsake ing kulit | sanalika banjur gêblag | Mênurseta sasat mati ||

saka kêlêbon ing racun | sing nunjêm amaratani | kangjêng ratu banjur ngakak | hah hah hah hah si panyakit | dene mung rampung mêngkana | kangjêng ratu banjur bali ||

têkan kadhaton anjujuk | ênggoning pangilon sakti | pandangune sêmu bingah | he he kaca kaca sêkti | sajagad sapa sing madha | karo ing ayuku iki ||

kaca sakti alon matur | sajagad namung sang putri | yêktos kang ayu piyambak | ing kono bangêt kêdugi | gumujênge tanpa kêndhat | mung sênêng raosing galih ||

kocap kang kèri anggluntung | katon bangêt mêlas asih | ora pisan nganggo sambat | tanpa obah tanpa mosik | ing kono wong cebol lima | barêng sore padha mulih ||

kabèh padha kagèt jumbul | barêng wêruh Mênurmutih |[12] gêlangsêran anèng lêmah | karo padha ngêmèk-mèki | nanging ora nêmu sabab | apa ta sing anjalari ||

lan ana siji sing wêruh | karo alok o

--- 117 ---

lha iki | mêsthi sing dadi jalaran | cundhuk jungkat kacêp kulit | sawise dicopot kêna | banjur dikramasi rêsik ||

ing sanalika sing kantu | banjur krugêt-krugêt eling | kabèh padha ngrasa bungah | karo alon anakoni | dhuk-gêndhuk sing rene sapa | wis kăndhaa aja wêdi ||

Dèwi Mênurseta clathu | sêmu sajak ringik-ringik | mau ana para têka | tawa barang pèni-pèni | banjur anyundhuki jungkat | sabacute ora eling ||

kabèh padha manthuk-manthuk | ana siji sing nuturi | wis ya dhuk saiki poma | kowe aja wani-wani | kêtêkana sapa-sapa | aja nganti kotêmoni ||

kowe wêruha ya gêndhuk | bokmanawa wong ngapusi | ya arêpa apa-apa | êtogêna bae uwis | yèn ora angono mundhak | pijêr mêdhot-mêdhot pikir ||

Kabar Warni-warni

Pethikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Dipun têtêpakên dados dhoktêr gupêrmèn, manggèn C.B.Z. Surabaya Tuwan Uiswipun lan Sumadi. Ing Sêmarang: Tuwan Sukadis Tirtadarma, Tuwan Usman Salèh Gêlar Sutan Têmênggung. Ing C.B.Z. Wèltêprèdhên, Radèn Purwasudarma.

[Grafik]

Paduka Tuwan J.K. Onnen, pokrul jendral ingkang jumênêng enggal, anggêntosi Paduka Tuwan Mr. H.G.P. Duyfjes pokrul jendral ingkang jumênêng lid rad Indhia.

Badhe wontênipun konggrès Al-Islam ing Ngayogya wiwit tanggal 26 dumugi 29 wulan punika, kajawi ing bab sanès-sanèsipun, ugi badhe dipun wontênakên sêsorah kamajênganipun P.S.I. Nêtêpakên sêtatutên kêmpaling para ngulama, tuwin padamêlanipun. Ngrêmbag ing bab adêgipun kêmpaling para ngulama, sêsorah S.I. ondêrwis, punapadene propagandhah bab tiyang minggah kaji dhatêng Mêkah.

Bêstiring poliklinik Muhamadiyah ing Surabaya, tampi darma arta saking Jaarmarkt Vereeniging Surabaya kathahipun f 560.03, darma wau katampi kanthi gênging panuwun.

Kawartosakên, bilih benjing salêbêtipun wulan Mèi ngajêng punika, kangjêng tuwan ingkang wicaksana badhe rawuh ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, mara tamu dhatêng karaton kêkalih utawi dhatêng Mangkunagaran tuwin Pakualaman, amalêsi anggènipun para agung sakawan wau sampun nate atêtuwi ing kangjêng tuwan ingkang wicaksana. Lamining tindak dalêm wau badhe nêm dintên.

Sambêt kalihan anggèning B.O. gadhah kajêng badhe manunggil dhatêng P.P.P.K.I. punika badhe ngewahi sêtatutên. Ewahing sêtatutên wau lajêng ngêdêgakên satunggiling kumisi, ingkang dipun pangagêngi ing panjênênganipun Radèn Mas Adipati Arya Kusuma Utaya, minăngka pursitêr. Ingkang dados kumisi Radèn Tumênggung Jaksadipura, sêtudhèn pamulangan pangadilan luhur tuwin Radèn Sutapa Wanabaya, punapadene priyantun ing Batawi sanès-sanèsipun, manggèn ing Batawi.

Pamarentah badhe paring karampungan anêtêpakên wulangan basa Tiyonghwa, sanès Cing-im, wontên ing Holl. Chineesche Kweekschool ing Mèstêr Kornèlis.

--- 118 ---

Tiyang nama Ira ing dhusun Nayu Gondhangrêja, Surakarta, kala tanggal 4 wulan punika ing wanci jam gangsal sontên, nuju sawêg langkung wontên ing krêtêg sêpur ingkang panjang, kêtungka sêpur N.I.S. saking Sêmarang langkung, lajêng kêplindhês, badanipun tugêl dados kalih. Punika pantês dados pêpèngêt.

Badhe adêging Ambachtsschool ing Purwakêrta kathah ingkang anggatosakên, botên ngêmungakên sêkul kumisi Walandi kemawon, sanadyan golongan pribumi ugi makatên. Tuwin sampun wontên wartos saking Technisch onderwijs, bilih pasitèn ingkang badhe kangge griya punika angsal lêlahanan, gupêrmèn badhe paring pitulungan.

Haltesèp ing Pangandharan, Banjar - Kalipucang, kalêpatan ngangge arta namung sakêdhik sangêt. Anèhipun dene lajêng kesah.

Kawartosakên, Solosche Electrische Mij. gadhah panyuwun dhatêng gêwèstêlêkê rad badhe pasang dilah èlèktris wontên apdhèling bawah Madiun, nanging tumrap gêmintê Madiun gadhah kawratan.

Miturut pawartos saking Aneta Tuwan de Jeer, ingkang sasampun[13] kacêpêng lajêng kakintunakên dhatêng griya sakit ewah ing Bogor, supados kapriksa kasarasaning èngêtanipun. Para dhoktêr ingkang mariksa, amastani bilih peranganing pikiranipun wontên ingkang kirang saras. Papriksaning dhoktêr ingkang makatên wau, tumraping pangadilan yustisi anggalih damêl pakèwêd, makatên ugi tumrap kangjêng tuwan ingkang wicaksana, ing bab anggènipun badhe nindakakên panguwaos nyingkirakên dakwan. Langkung gampil bilih papriksaning dhoktêr wau nyariyosakên: pikiranipun de Jeer saras, utawi botên saras babarpisan.

Ing dhusun Tambun, Mèstêr Kornèlis, wontên lare umur 10 kalihan 14 taun, sami kêrêngan jalaran rêbatan pêlêm, lare ingkang agêng namakakên dêdamêl bêndho, ngantos adamêl tiwasing mêngsahipun.

Kala ing dintên Salasa tanggal 10 wulan punika, kangjêng tuwan ingkang wicaksana lênggah konpêrènsi nampèni sowanipun up bêstir I.E.V. wontên ing Bogor, dangunipun ngantos kalih jam. Ingkang dipun rêmbag ing ngriku ing bab kasamaranipun I.E.V. dene pamarentah kêtingal botên anggape dhatêng I.E.V. wau. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana kaprajanji, badhe anggantosakên dhatêng prakawis-prakawisipun Walandi pranakan kanthi ombèr. Prakawis-prakawis ingkang karêmbag wontên ing konpêrènsi ngriku badhe dipun rampungakên dening up bêstir I.E.V. sarta lajêng badhe kaunjukakên dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana, tuwin badhe dipun wontênakên konpêrènsi malih. Benjing konpêrènsi wau, raos kawratanipun I.E.V. badhe dipun icali.

Kawartosakên, bilih ingkang bupati ing Batawi nêtêpakên para pangulu sajawining kitha Batawi, manawi badhe nikahakên tiyang kêdah mupakatan kalihan golonganipun wontên ing landrad, murih sagêd nêtêpi anggèning nindakakên wajib, awit kathah pangulu ingkang dèrèng sumêrêp yêktos ing bab tumindaking nikah.

Nalika dintên Sêtu kêpêngkêr, pulisi ing Surabaya nyêpêng satunggaling pokrul bambu băngsa Tiyonghwa nama Nyo Tan In, kadakwa nyobi ambêsêli dhatêng sawênèhing amtênar luhur.

Dhêkurir martosakên, bilih ing bawah Ngayogya kidul, mêntas bêna, kathah dhusun-dhusun ingkang kêlêban, wiwitipun jawah wontên ing dintên Jumuwah kêpêngkêr, dêrês sangêt, lèpèn-lèpèn ngantos sami lubèr.

Juru pangurus padagangan sêpedhah tropikal ing Blitar, ingkang kantoripun agêng manggèn ing Samarang, nama Weller kesah kanthi ambêkta arta ingkang dados tanggêlanipun. Kawontênaning barang-barang ingkang katilar ing griyanipun, botên majaji.

Tuwan Samudra, panuntun komunis ingkang sampun dipun rampungi ing pangadilan landrad ing Batawi, kaukum 20 taun, rumiyin narimah, sapunika apèl.

Kala tanggal 16 wulan punika, ing Cikolotok, Cianjur, wontên oto bis nubruk uwit, wontên tiyang ingkang tiwas 3 ingkang nandhang tatu kathah.

Kala ing dintên Minggu kêpêngkêr, wanci jam 9.40 ing Pante Kiyarah tapêl watês Langkat - Tamian, kêraos wontên lindhu, ngantos wontên pêthi tosan tuwin mêsin nyêrat kêbalik, lindhu wau ugi kraos saking Kwala Simpang, Pangkalan Brandhan, Tanjungpura tuwin Pêrlak, dangunipun 6 sêkon.

Kala tanggal 11 wulan punika, saradhadhu Jawi nama Badhud, ing Gewestelijk Militairen Commandant Borneo pasisir kilèn, nalika sawêg patroli wontên ing ondêr apdhèling Mitao, baitanipun kêbalik, lajêng pêjah klêlêp.

Kala dintên Jumuwah kêpêngkêr, sacêlaking Ngadiluwih, Kêdhiri, wontên oto bis kêkalih gadhahanipun pasewan Oto Pandhawa, ing Kêdhiri sami tubrukan. Wontên tiyang ingkang kêtiwasan kêkalih, kêtaton 18 sami dipun upakara wontên ing griya sakit Gambiran, tuwin wontên satunggal ingkang dipun upakara wontên ing poliklinik Sêmampir.

--- 119 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

8. Rêmbagipun Sêrsan Quick

Punapa kula sadaya botên sumêdya pangkat amêjahi singa barong wau, supados kapujèkna wilujêng dening para têtiyang Zeu.

Kula botên wicantên punapa-punapa, amargi sanadyan kula punika rêmên sangêt dhatêng ambêbêdhag, kala punika sawêg kathah ingkang kula manah, ananging Kapitan Orme punapa malih Propesor Higgs ingkang mêntas kemawon sinau nyanjata, sami anggadhahi pamanggih bilih punika utami sangêt, sarta lajêng nyariyosakên sora, bilih punika adamêl sênêngipun.

Wiwit punika kula lajêng anggadhahi pangraos manawi badhe manggih rêribêd, ewasamantên kula wicantên sumêdya badhe tumut, sapisan, jalaran kula sampun dangu botên nyanjata singa, lan kaping kalihipun kula gadhah gagasan sagêd mitulungi dhatêng têtiyang wau, sabab kawontênanipun sagantên wêdhi kalihan têtiyang băngsa Zeu wau, kula langkung dhamang tinimbang Kapitan Orme tuwin Propesor Higgs.

Salajêngipun kula sadaya lajêng nglêmpakakên sanjata samimisipun, lan ugi ambêkta gêndul isi toya. Sarêng katingal kula sadaya tata-tata badhe pangkat, pun Shadrach inggih punika tiyang ingkang dipun parabi kucing, dhatêng anyakêti kula sadaya saha pitakèn, dhatêng pundi badhe kesah kula sadaya. Kula lajêng nyariyosakên, mênggahing kaniyatan kula sadaya dhatêng ing piyambakipun, salajêngipun Shadrach lajêng wicantên makatên:

Praduli punapa panjênêngan dhatêng kawontênaning tiyang ingkang dèrèng tata punika saha dhatêng kasusahanipun. Praduli punapa sanadyan wontên sawatawis sami dipun pêjahi. Panjênêngan piyambak rak inggih uninga: bandara dhoktêr, manawi panjênêngan kapengin nyanjatani singa barong, ing nagarinpun tiyang Fung rak kathah sangêt, jalaran ing ngrika singa barong wau kewan ingkang dipun anggêp kramat, saha botên nate dipun pêjahi. Balik sagantên wêdhi sakubênging Zeu punika ambêbayani, sagêd ugi panjênêngan manggih kasusahan.

Propesor Higgs anyêlani wicantên makatên: la nèk mangkono aku kabèh têrna: ta. (Shadrach kalihan propesor punika sajatosipun sami sêngit-sinêngitan) jalaran nèk karo kowe, aku kabèh wis mêsthi baka slamêt.

Shadrach amangsuli: inggih nuwun. Kula lan têtiyang kula sami sumêdya ngaso. Namung têtiyang ewah, ingkang pancènipun ngaso, têka lajêng ambêbujêng kewan ingkang tanpa aji. Punapa kirang anggèn kula sadaya ngambah ing bêbaya. Manawi sêsêrêpan panjênêngan dhatêng singa barong langkung kathah tinimbang kula, tamtu badhe botên panjênêngan lampahi.

Kapitan Orme wicantên ing basa Arab makatên: wis, kowe kabèh padha mapana turu, aku kabèh kang nêdya matèni kewan-kewan kang ngrêridhu wong-wong, kang nămpa aku kalawan bungahing ati.

Shadrach amangsuli kanthi mèsêm sêmu botên kêdugi: inggih sampun. Salajêngipun Shadrach nuding bithêting rainipun, ingkang awon kalihan wicantên makatên: punika pandamêling satunggilipun singa barong, mugi-mugi Allah anjagia ing panjênêngan, dhatêng krodhaning singa barong. Ananging panjênêngan kêdah ngèngêti, bilih samangke unta-untanipun sampun sami katingal ganggas, lan manawi hawanipun ajêg sae kados makatên, benjing êmbèn kula sadaya sagêd andumugèkakên lampah. Sabab manawi anginipun agêng wontên ing rêdi pasir punika, botên wontên tiyang ingkang sagêd gêsang. Tanganipun lajêng kaacungakên minggah kalihan ngêmatakên kawontênaning hawa, saha lajêng lumêbêt ing pondhokanipun kalihan garundêlan.

Salêbêtipun punika Sêrsan Quick saking katêbihan kêtingal sawêg ngumbahi pirantosipun tiyang sarapan, sajakipun botên sumêrêp punapa-punapa. Kapitan Orme ngundang dhatêng piyambakipun, pun sêrsan ugi murugi saha lajêng ngadêg anjêjêr kados caranipun saradhadhu. Kula taksih kèngêtan sangêt, kadospundi wandanipun Sêrsan Quick kala wontên papan ngriku: panganggenipun satêngah militèr, rainipun ingkang awarni kajêng kacukur alus, rambutipun dipun jungkati alus mawi dipun dèkèki pomadhê, inggih punika miturut panganggenipun saradhadhu jaman kina. Salêbêtipun ngadêg anjêjêr wau, mripatipun nglirik, kados sumêrêp kawontênanipun ing ngriku sadala.[14]

Kapitan Orme apitakèn: apa kowe milu Sêrsan Quick.

Sêrsan Quick amangsuli: botên bandara kapitan, samantên punika manawi panjênêngan botên aparing dhawuh. Kula punika pancènipun inggih rêmên dhatêng ambêbêdhag, ananging sarèhning bandara-bandara sami tindak sadaya, dados salah satunggal kêdah wontên ingkang anjagi sangu saha pirantos kêkesahan punika. Amila kula manah prayogi manawi sagawon pun Pharaoh kalihan kula kantun wontên ing ngriki.

--- 120 ---

Tuwan kapitan wicantên malih: iya bêcik sêrsan, ananging aja lali Pharaoh kudu dicancang, amarga mêngko banjur milu aku. Lho ana apa, kowe arêp kăndha apa manèh.

Sêrsan amangsuli: kula namung badhe matur makatên, bandara kapitan: sanadyan kula punika sampun nate pêrang kaping tiga tumut tiyang Arab (Sêrsan Quick amastani têtiyang ingkang manggèn ing Aprikah sisih lèr punika băngsa Arab, dene ingkang sisih kidul băngsa Nègêr), ewadene kula dèrèng sagêd wicantênan cara Arab ingkang lêrês. Sanadyan makatêna, kula sumêrêp bilih tiyang ingkang dipun parabi kucing punika, botên nyondhongi babarpisan, dhatêng badhe tindak panjênêngan sadaya. Kula nyuwun pangapuntên bandara kapitan, sanadyan ingkang dipun parabi kucing punika kados punapa kemawon, nanging piyambakipun sanès tiyang gêndhêng.

Kapitan Orme mangsuli: aku ora bisa barang-barang: sêrsan, aku kabèh ora bisa tansah nuruti dhèwèke bae.

Sêrsan Quick matur malih: inggih kasinggihan pangandika panjênêngan punika, bandara kapitan, manawi sampun ngandika sapisan: ha, inggih kêdah ngandika: na, lan manawi sampun makatên pêsthinipun, panjênêngan tamtu inggih sagêd kondur kanthi wilujêng.

Salajêngipun Sêrsan Quick lajêng nitipriksa dhatêng dêdamêl kula sadaya, anyobi punapa sanjatanipun taksih sae. Sarêng sadaya wau sampun pinanggih prayogi, Sêrsan Quick lajêng wangsul dhatêng padamêlan asah-asah wau. Kala punika kula sadaya botên sagêd ngintên-intên, kadospundi anggèn kula sagêd pêpanggihan kalihan Sêrsan Quick malih.

Lampah kula sadaya kintên-kintên saêpal turut pakampungan wau, kanthi dipun iring têtiyang băngsa Zeu kathah. Ingkang sami ambêkta gêgaman jêmparing, saha dipun kapalani dening kapalanipun kampung ing ngriku, angupadosi tapaking singa barong. Kawontênanipun sagantên wêdhi ing ngriku punika beda kalihan sagantên wêdhi ingkang sampun sami kula ambah sadaya, sabab sagantên wêdhi ing ngriku kathah gumuk-gumuk pasir, ingkang inggilipun wontên ingkang ngantos tigang atus kaki, salaminipun gumuk-gumuk pasir wau taksih kadayan ing asrêping padhusunan ngriku, inggih taksih wontên thêthukulanipun, nanging saya têbih punika sadaya namung pasir thok kemawon. Kula sadaya lajêng minggah sawatawis wontên ing salah satunggiling gumuk-gumuk wau, dene kapala dhusun sarêng dumugi sapucaking gumuk lajêng kèndêl ngadêg, sarwi angacungi satunggiling pagrumbulan alang-alang, piyambakipun anêrangakên, bilih ing ngriku punika pangumpêtaning singa barong. Kula sadaya lajêng mudhun saking èrèng-èrèng ingkang andêdêr saha lajêng sami sumadhia. Kula ngadêg wontên ing nginggil piyambak, Propesor Higgs kalihan Kapitan Orme wontên sakiwa lan satêngênipun pagrumbulan, salajêngipun têtiyang Zeu lajêng kula purih ngopyaki singanipun barong. Mêntas kemawon têtiyang wau dumugi alang-alang ingkang inggil wau, lajêng kamirêngan swaranipun tiyang anjêlih. Lêt samênit, kula sadaya sumêrêp têtiyang wau sami wangsul, ambêkta barang, ingkang sarêng katitik têtela punika tirahaning badane anakipun kapalaning pakampungan wau.

Sêsarêngan wêkdal punika, kula sadaya sumêrêp singa barong mêdal saking alang-alang, lampahipun ngênêr dhatêng pagumukan pasir. Kintên-kintên singa barong wau têbihipun wontên kalih atus mètêr saking papanipun Propesor Higgs, dados punika tumrap gêrma ingkang ambêbêdhag kewan galak taksih kêtêbihan sangêt kangge angèngingi panyanjatanipun. Ananging propesor ingkang botên sumêrêb bab punika babarpisan lan sampun dados jamak limrahing tiyang ingkang miwiti ambêbêdhag, sok daya-daya enggala angsal damêl, sanalika punika inggih lajêng ngangkat sanjatanipun, saha lajêng anyanjata, kadosdene tiyang ingkang ngêlès ing truwèlu. Inggih dumadakan sangêt dene panyanjatanipun wau kenging. Mimisipun nratas angèngingi jantunging singa barong ingkang lajêng dhawah pêjah.

Propesor Higgs anjêngèk sajak bingah sangêt: hara ta, dêlêngên kae.

Tanpa mawi ngisèni malih sanjatanipun ingkang kothong wau, piyambakipun lumajêng lonjong mimis sakiyat-kiyatipun, murugi kewan ingkang pinêjahan wau. Kapitan Orme kalihan kula enggal anututi. Lampahipun Propesor Higgs kintên-kintên wontên satus mètêr urut sapinggiring rawa. Kala punika bojoning singa barong ujug-ujug mêdal saking alang-alang. Higgs ambalik saha anyanjata awur-awuran kanthi luping sanjatanipun ingkang kiwa, ingkang botên angèngingi kewan ingkang krodha wau. Kanthi kagèt sangêt kula kêkalih, sumêrêp Propesor Higgs dhawah kêlumah, singanipun lajêng angakahi dhatêng Propesor Higgs, angopat-apitakên buntutipun kalihan anggêrêng. Sadangunipun lumampah, kula sadaya sami abêngok-bêngok sakiyatipun, makatên ugi têtiyang Zeu, ananging botên niyat badhe mitulungi. Saking soraning pambêngok wau, anjalari singanipun barong wau botên lajêng nyuwèk-nyuwèk dhatêng Propesor Higgs, ananging sajak malah gumun, sirahipun anolèh ngiwa nêngên. Lampah kula nglancangi Kapitan Orme têbih, lan lajêng nyêlaki kintên-kintên tigang dasa mètêr, ananging kula botên wani nyanjata, awit kuwatos manawi ngèngingi Propesor Higgs. Kala punika pun singa sajakipun mantun anggènipun gumun, saha lajêng andhawah ngêbruki badanipun Propesor Higgs. Sanadyan Propesor Higgs anangkis sarana kêpêl sakiyatipun, ananging singa barong lajêng nungkulakên êndhasipun dhatêng Propesor Higgs sumêdya nyokot gorokanipun.

Samangke kula ngrumaosi bilih botên kenging sêmang-sêmang dangu. Singa wau langkung panjang tinimbang Propesor Higgs, gêgêring singa kintên-kintên dhawah wontên ing lêrêsing sukunipun Propesor Higgs. (Badhe kasambêtan)

--- [141] ---

 


pocapan. (kembali)
ingkang. (kembali)
kadospundi. (kembali)
botên. (kembali)
punika. (kembali)
mathuk. (kembali)
anjalari. (kembali)
kemawon. (kembali)
prayogi. (kembali)
10 wos. (kembali)
11 ora. (kembali)
12 Mênurputih. (kembali)
13 sampun. (kembali)
14 sadaya. (kembali)