Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-08, #69

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-08, #69. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-08, #69. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 11, 16 Ruwah Taun Jimakir 1858, 8 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Cikini (Wèltêprèdhên) Têtingalan saking Jumantara

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun saperanganing kitha Wèltêprèdhên, inggih punika: Cikini. Ing ngriki kados botên prêlu kacariyosakên panjang-panjang, para maos têmtunipun sagêd mawas piyambak adining sêsawangan ing ngriku punika.

--- 202 ---

Raos Jawi

Kajênging Piwulang

Ingkang nama piwulang punika tamtu sae, botên wontên piwulang ingkang kajêngipun awon. Mèh sabên tiyang sagêd damêl piwulang, tuwin mèh sabên tiyang botên wontên ingkang ajêng dhatêng piwulang. Wontênipun makatên wau, bokmanawi kêbêkta saking watêking tiyang punika namung sêdya unggul, lumuh yèn kungkulan ing sasami.

Manawi dipun piridakên dhatêng kados makatên wau, tamtu botên wontên piwulang sae ingkang migunani. Nanging manawi dipun manah panjang, sayêktosipun piwulang punika botên kok lajêng dipun tujokakên ing tiyang, kajêngipun namung minăngka pèngêtan wujuding piwulang sae, ingkang ginambarakên wontên ing tulis, tuwin nyatanipun piwulang wau sae yêktos. Dados mênggahing sanès botên prêlu lajêng maoni. Awit ingkang dipun raosakên punika suraosipun, sanès tiyangipun ingkang ngarang.

Tiyang sok kalèntu malih, ngalêm dhatêng piwulang dupèh ingkang dipun condhongi, dados ingkang dipun lêm tiyangipun. Ingkang makatên wau mênggahing pikantukipun tamtu pinanggih kirang plêg.

Sayêktosipun raos-pangraosing tiyang punika adhakan korup dhatêng raos ingkang kêlintu. Tuwin malih sok lajêng kaprah, kados ta: cariyos padhalangan, punika limrahipun sabên tiyang inggih botên rêmên dhatêng Korawa. Saya malih dhatêng kawontênanipun Pandhita Durna, inggih sami botên rêmên. Măngka mênggahing yêktosipun Pandhita Durna punika tiyang linangkung, botên kasamaran dhatêng silak-siluk wadosing jagad. Dene wontênipun tiyang gêthing dhatêng Pandhita Durna, dupèh ing padhalanganipun tumut Ngastina, malah lajêng kangge gulang-gulang. Tiyang botên ngèngêti manawi Pandhita Durna ugi kathah wêwulangipun dhatêng para Pandhawa, tuwin para Pandhawa inggih anganggêp guru yêktos. Kawontênan ingkang makatên wau punapa botên cêtha bilih pangraosipun korup, kêbêkta saking botên rêmênipun dhatêng Kurawa.

Sapunika nyariyosakên lêlampahaning pawayangan, ing lampahan Palgunadi. Pandhita Durna ngêthok darijinipun Prabu Palgunadi, awit saking panêdhanipun Arjuna. Coba sapunika dipun manah cêthèk-cêthèkanipun kemawon, patrapipun Pandhita Durna makatên wau punapa adil. Nanging rèhning tindakipun makatên wau lantaran saking Arjuna, têtiyang inggih sênêng kemawon. Samantên mênggah koruping pangraosipun tiyang.

Sapunika mangsuli bab mulang, sayêktosipun manawi dipun manah lêbêt, wulang punika tuwuh saking badanipun piyambak, awon sae dumados saking badanipun piyambak. Dados saupami wontên tiyang ngêtingalakên, bilih ingkang dipun tulad punika lampahipun anu, punika pancèn [pancè...]

--- 203 ---

[...n] sae tumrap ingkang dipun tulad, nanging ingkang nulad punapa tamtu sagêd ngêplêki, punika dèrèng tamtu, dados pikantukipun namung ngêndêlakên dhatêng kalangkunganipun ingkang dipun tulad.

Yèn cariyosan jaman kuwalèn, Kangjêng Sunan Kalijaga, punika anggêlarakên lêlabêtan awon sae, nalika awon ngantos ratuning awon, nanging sarêng nglampahi sae, ngantos botên wontên pêpindhanipun. Tiyang manawi nuju ngambah ing lêlampahan awon, adhakan lajêng cariyos: gene Kangjêng Sunan Kali iku iya nglakoni ngono. Nanging tiyang botên purun anglajêngakên kadospundi lajênging kadadosaning lêlampahan wau.

[Grafik]

Pandhita Durna nalika ngêthok darijinipun Palgunadi, ingkang kanggenan sêsupe ampal.

Dados manawi makatên wosing kajêngipun piwulang punika namung mujudakên ungêl sae, lan ungêl wau kathah sangêt, tiyang lajêng sagêd nimbang dhatêng suraosipun, tuwuhipun tamtu kemawon saking ingkang nglampahi piyambak. Dene kawontênaning piwulang warni-warni, punika kala-kala wontên ingkang ngèngingi dhatêng raosipun piyambak, tuwin botên mawi mawang dhatêng ingkang nganggit piwulang. Mila ingkang sayogi, têtiyang anggêmènana dhatêng piwulang sae, botên kok supados nelad dhatêng suraosing piwulangipun, namung kenging kangge pasêksèn manawi kapranggul ing lêlampahan ingkang dipun awaki.

--- 204 ---

Bab Kasarasan

Lalêr kang bisa tata jalma

Panganggêpe manungsa marang aku ora nyênêngake, marga dirasa anggigoni. Liya saka mangkono ora sumurup, yèn satêmêne aku iki bisa gawe jalaraning pati pirang-pirang èwu jiwa. Aja dikira dupèh wujudku cilik mênthik, ora kadunungan gêgaman kang mitayani, nanging kasêktènku ngungkuli macan gembong utawa ula kang gêdhe, uga bisa gawe tiwase manusa pirang-pirang. Aku ora umuk, ning yêktine pancèn mangkono.

Tangkar-tumangkarku sarana ngêndhog, kang sawatara dina banjur nêtês dadi singgat, wusanane lagi bisa malih sipat kaya wujudku kang sajati, yaiku wujud lalêr. Barêng wis umur rong minggu lawase, wis aran diwasa bisa ngêndhog. Aku rêdèn bangêt, yèn ngêndhog ora kurang saka satus rongpuluh iji, lan iku mau sajrone rong minggu wis dadi lalêr diwasa, mangkono satêruse tangkar-tumangkarku, mula enggal akèh bêbranahan. Dadi têrang bangêt, cêtha wela-wela, saka êndhog siji bae, sajrone sasasi, bisa tumangkar mayuta-yuta.

Uripku gampang bangêt, ora pilih ala bêciking panggonan. Ing nagara kang kalêbu hawa adhêm, sanajan ing măngsa badhidhing ora bisa curês, pamanggonku ana ing gêdhogan utawa kandhang sapi, iku minăngka hotèl sarta pasanggrahanku. Dene ing măngsa panas aku ngêndhog ana ing tlethongan, yèn wis ambênêri măngsa kalane tumuli nêtês.

Kang tak sênêngi ing tlethong jaran, ewadene pupute ing tlethong apa bae ora tampik, ing jumblêng, pawuhan, bêbosokane godhong-godhong lan sapanunggalane. Wose: anggêr ing panggonan kang anjêjêmbêri, prayoga dadi tanah kalairanku.

Sikilku nênêm, ulune pating sruwut katon cêtha, tlapakanku bundêr, linapis ing barang kang plikêt, mula bisa mencok ing ngêndi-êndi. Marga saka mangkono kaanane, mula yèn mêntas ngambah apa-apa, sikilku kaprès barang kang tak encoki. Lan yèn tak anggo mencok ing barang liyane, barang mau katularan gupak apa-apa.

Mêmangsanku kang tak sênêngi sing êmpuk-êmpuk, jêmèk-jêmèk lan sing anduduh, dene marang băngsa kripik-kripik, panganan sing garing utawa atos iya ora wêgah, marga aku duwe ilu kang kêna kanggo ngluluhake, sarèhne aku kuwi ora urus-urus, dadi wêtêngku rêgêd bangêt, mula iluku mau iya..., iya ora rêsik. Ah, iki rak ngêlèr wirange dhewe arane, nanging ora dadi apa.

Yèn ana wong bunyik, korèng, gudhig, natu, wudun lan liya-liyane, wah, tak trêsnani bangêt, aku kêrêp mencok ing malane mau. Salungaku saka kono sikil sarta pupuku anggêdabul [anggê...]

--- 205 ---

[...dabul] rêrêgêd, nanah lan liya-liyane. Rèhne wis warêg mung kari sênêng-sênêng, saba saparan-paran. Kala-kala mampir mencok ing pêpanganan, ing mripate manusa, ah, ya satibane, anggêr dadi panujuning atiku.

[Grafik]

A. Mangkene wujudku. B. Wulune pating srungut katon cêtha.

Ing ngarêp mau aku wis carita, sabarang kang tak pèncoki, sikilku nuli gubras barang mau. Upama aku mêntas mencok ing sêsukêre wong lara kolerah, măngka kabanjur gêpok karo buwah-buwahan, sêga, panganan lan sapanunggalane, barang-barang mau bisa katularan wijine lêlara kolerah, apa têmahane: ... sing sapa mangan panganan mau banjur katularan lêlara kolerah. Lha, ya mangkono iku jalarane, aku bisa marakake sumêbare lêlara warna-warna, kaya ta tipês, dhisèntri, watuk garing, korèng, cacar, mêngguk, gudhig lan sapanunggalane.

Iya mangkono iku sabab-sababe aku bisa gawe tiwase wong pirang-pirang èwu.

Srana kanggo gawe curêsku ora ana liya, kajaba mung nyêgah murih rakasa[1] panêtêsku. Tlethong-tlethong kudu dijaga, supaya aja nganti kêna tak èncoki, suwe-suwene sabên rong minggu sapisan, kudu dibuwang dianggo rabuk tanduran, yèn rêrêgêde mung sathithik, cukup disiram nganggo lênga patra. Reka mangkono iku pamurihe, ngalang-alangi marang nêtêsing êndhogku.

Kajaba iku..., eh, kok kalalèn, arêp kăndha apa ta aku mau, kosik tak eling-elinge..., e, anu, yèn ambuwang uwuh utawa rêrêgêd liyane kudu sing prênah, aja saênggon-ênggon, prayogane digawèkake wadhah dhewe, pawuhan saka kayu kang kêna ditutupi rapêt. Omah pakarangan lan sabên papan kang adhakan kudu rêsik, aja nganti anjêmbrung rêgêd.

Yèn pituturku iku digugu, insyaallah, bakal gawe sudane wong kang tiwas sing jalarane mangkono.

Sarta manèh panyimpêne panganan sing ngati-ati, kudu ditutupi rapêt aja nganti kêna kaambah. Wong dodol panganan idêran, tahu, saoto, gule, wedang, cao lan sapanunggalane, yèn tanpa tutup kang prayoga, gampang dadi jalarane pangrêbdaning lêlara warna-warna.

Ana manèh bangsaku kang nularake lêlara ing antarane kewan rajakaya. Ing Aprikah Kidul akèh [a...]

--- 206 ---

[...kèh] bangêt rajakaya, kang katrajang ing sawijining lêlara, kang ing têmbung mănca diarani tsetseziekte, mungguh jalarane mangkene:

Ana sawijining lêlara kang aran trypanosoom, iku yèn rumasuk ing usus, banjur katut ilining gêtih sumrambah ing awak sakojur, têmahane kewane kacandhak ing lêlara tsetseziekte. Lêlara iku gampang nulare marang kewan liya, marga saka panggawene bangsaku, wujude iya mèh kaya lalêr-lalêr lumrah iku, marga kang nularake mula iya diarani lalêr tsetse.

Yèn wus nyakot ing kewan kang wis lêlaranên, măngka banjur sêsêp ing kewan liya, bisa nênulari. Mangkono uga lêlarane jaran, kêbo, unta lan sapanunggalane, kang diarani Surraziekte, iku uga saka wijining lêlara kang aran tripanosum mau.

Nah, kalawan ringkês, aku wis carita, ewadene ana kang weya ora mrayitnani, êmbuh lho, aja nutuh aku, aja nyêri-nyêri aku, jaragan pancèn takdiring awakku mangkono, bapa timbang ana rêrigênmu dhewe.

Ring sagung kang mrih waluya | kalis ing pati pataka | tarlèn mung rumêksèng raga | têmah luput ing rogarda | [ taman tumungkul ing weya | wiyahèn yêkti yuwana | wahanane sukèng driya | pandam-pandoming martana ||

K.M. Sastra Sumarta.

Kabar Sanès Praja

Sang Prabu August II ing Saksên

Gambar ingkang kacêtha ing sisih punika gambaripun makutha nata ing nagari Saksên kala jaman kalih atus sèkêtan taun sapriki, ingkang suwau kakintên bilih makutha punika ical, ananging dèrèng watawis dangu punika sagêd pinanggih malih. Makutha wau êmas, mênggah wujudipun kados inggih botên patos èdi sangêt, limrah kadosdene makuthaning nata sanèsipun. Dene wontênipun dumugi sapriki taksih dipun simpên saha kaaji-aji, punika botên jalaran saking êmas kemawon, ananging bokmanawi ugi minăngka kangge amèngêti sang nata ingkang yasa saha angagêm makutha wau, inggih punika Sang Prabu August II ing nagari Saksên. Ing ngatasipun satunggiling nata, kawontênanipun Sang Prabu August kala sugêngipun pancèn kenging kawastanan anganèh-anèhi, jalaran saking botên jênjêming tindakipun, amila kados wontên gunanipun upami kaandharna sawatawis wontên ing udyana Kajawèn ngriki, supados para maos sagêda kagungan wawasan mênggahing babading tanah Eropah salêbêtipun abad pitulas.

Sang Prabu August II, ingkang sarêng jumênêng nata ing Saksên, jêjuluk Prabu Friedrich August I, punika kawêntar asmanipun jalaran saking kakiyatanipun, ngantos lajêng angsal sasêbutan: August de Sterke têgêsipun August ingkang kiyat sangêt. Minăngka pasêksèning kakiyatanipun wau, [wa...]

--- 207 ---

[...u,] kacariyosakên, bilih sang prabu kanthi gampil sarana asta kemawon sagêd nugêl tapêl tosan, makatên ugi kacariyosakên, bilih sang prabu nêkuk-nêkuk lonjoran tosan prasasat kadosdene kawat kemawon. Sang prabu wau putraning nata ing Saksên ingkang ăngka kalih, wiwit timur mila sang prabu tansah botên jênjêm wontên ing dalêm, amila sarêng jangkêp yuswa 17 taun lajêng tindak lêlana dhatêng karajan ingkang agêng-agêng ing tanah Eropah, lêt kalih taun malih panjênênganipun andhèrèkakên ingkang rama prang amangsah karajan Prasman. Sasedanipun ingkang rama, ingkang kaprabonipun nuntên kagêntosan dening ingkang raka, panjênênganipun lajêng tindak dhatêng kitha Wènên ing Ostênrik, saha lajêng sagêd gandhèng kalihan sang nata ing Ostênrik. Sarêng ingkang raka seda, lajêng kajumênêngakên nata ing Saksên. Dèrèng ngantos lami jumênêng nata, sang prabu nuntên pangkat prang amangsah karajan Turki. Ananging sang prabu kasoran juritipun, jalaran saking punika sang prabu dados saklangkung alit panggalihipun, ngantos lajêng sèlèh saking kalênggahaning kasenapatènipun prajurit, sarta lajêng tindak dhatêng kitha Wènên malih.

[Grafik]

Sang prabu kala punika taksih lêstantun jumênêng nata ing Saksên, lami-lami lajêng ambudidaya sagêdipun jumênêng nata ing karajan Polên. Murih sagêdipun kalêksanan punapa ingkang dipun krêsakakên wau, sang prabu lajêng angrasuk ing agami Katolik. Sanadyan ing wêkdal punika kathah para luhur sanèsipun ingkang ngudi dhatêng kabrabon nagari Polên, ewadene wusananipun ingkang kajumênêngakên inggih sang nata ing Saksên wau. Ananging wontên karajan kêkalih ing Eropah, ingkang botên purun nganggêp dhatêng jumênêngipun Sang Prabu August wontên ing praja Polên wau, inggih punika karajan Prasman tuwin karajan Swèdhên. Ingkang makatên wau anjalari dukanipun sang prabu ingkang tanpa upami. Botên watawis lami malih sang prabu kanthi kabantu dening praja Rus pangkat prang amangsah karajan Swèdhên. Ananging pêrangipun sang prabu kasoran, ngantos prajuritipun wontên 80.000 ingkang dados tawananipun mêngsah. Jalaran saking punika sang prabu lajêng kapêcat saking kaprabonipun ing karajan Polên. Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih sang prabu tansah botên sagêd jênjêm panggalihipun, amila botên antawis dangu lajêng lumêbêt prajurit andhèrèk pêrang Sang Pangeran Eugenius ingkang kala punika angêpang kitha Risêl. Nalikanipun Sang Prabu Karel II aprang wontên ing nagari Rus, Sang August tuwuh krêsanipun badhe ngrêbat karajan Polên malih, sanadyan kala punika sampun wontên ingkang jumênêng nata wontên ing ngriku. Sarana pêrang ingkang watawis lami kanthi kabantu dening karajan sanès-sanèsipun, saha malih jalaran ing Polên piyambak tuwuh pasulayan mawarni-warni, wusanadipun[2] [wusanadi...]

--- 208 ---

[...pun] Sang August sagêd unggul juritipun saha lajêng sagêd jumênêng nata ing Polên malih.

Minăngka pungkasaning karangan punika, ing ngriki prêlu kacariyosakên, bilih miyosipun Sang Prabu August wau kala tanggal 12 Mèi ing taun 1670 ing kitha Drèsdhên, sedanipun tanggal 1 Pèbruari taun 1733 ing kitha Warsêko, inggih punika sasampunipun jumênêng nata wontên ing Saksên laminipun 38 taun, tuwin jumênêng nata ing Polên laminipun 36 taun.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ăngka 9

V.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Gugur-gunung tuwin pajêg

Ing Kajawèn ăngka 10 sampun nyariyosakên bab cacahing arta pajêg ingkang mawa lêlantaran. Sapunika nyariyosakên angsalaning pajêg ingkang tanpa lêlantaran, inggih punika 900 yuta rubêl, dados pajêg ingkang kasêbut rumiyin kathahipun wontên tikêl kalih têngah piyambak. Pamrentah komunis, sampun botên kaconggah ngindhakakên pajêg ingkang tanpa lêlantaran, ing măngka bêtah sangêt dhatêng indhaking pamêdalipun, ingkang punika marginipun botên sanès inggih lajêng ngindhakakên kawontênanipun pajêg ingkang mawa lantaran. Angsal-angsalaning pajêg ingkang tanpa lêlantaran ing taun 1927, punika mèh tikêl kalih tinimbang angsal-angsalanipun ing taun 1924, dene angsal-angsalanipun pajêg ingkang mawa lantaran, punika wontên tikêlipun sakawan piyambak.

Tuwan Baars anyariyosakên, bilih wontên ing parêpatan-parêpatan parte komunis, sok mirêng rêmbag-rêmbagipun ing bab kawontênanipun pajêg-pajêg ing nginggil wau, ingkang lajêng sok tuwuh panyaruwe sawatawis, amargi ingkang makatên wau nama kêsangêtan, ingatasipun pranatan-pranatanipun piyambak, têka dipun tarajang piyambak, ing măngka salah satunggiling ucap-ucapanipun anyêbatakên: anyuwak sadaya pajêg ingkang mawa lêlantaran, jalaran pajêg ingkang makatên punika miturut têtandhinganipun kalêbêt ngawratakên sangêt dhatêng têtiyang ingkang saklangkung miskin. Ananging rêmbag wau lajêng kabantah makatên: têtiyang tani punika pancèn sampun sapisan bodho sangêt, ingkang dipun sumêrêpi namung punapa ingkang sanalika punika kêdah dipun bayar, pajêg-pajêg ingkang mawa lêlantaran wau botên dipun raosakên, amila inggih kajêngipun makatên kemawon, awit nagari ambêtahakên dhatêng arta punika.

--- 209 ---

Mênggahing bab têtanèn, radin-radinipun katingal mundur, tanah wiyar-wiyar ingkang suwaunipun gadhahaning tuwan-tuwan tanah, sampun kabagi-bagi, mêsin-mêsin saha pirantos-pirantos sanèsipun, ingkang kathah sampun sami dipun risak, lan samangke têtiyang ing ngrika sami judhêg kadospundi anggènipun sami ngawontênakên pirantos saha mêsin-mêsin ingkang prêlu sangêt damêlipun wau, ing măngka para tani botên sami kêconggah numbas piyambak. Salajêngipun tiyang lajêng ambudidaya sarana pangayoman warni-warni saking pamarentah angwontênakên pakêmpalan-pakêmpalan kopêrasi, ananging botên kadadosan, saha pamêdalipun siti ing Ruslan mêksa taksih kirang kathah tinimbang taun 1913. Pasitèn ingkang dipun tanêmi samangke 92% saking kawontênanipun pasitèn ingkang rumiyin, angsal-angsalanipun kintên-kintên namung 88%, dados inggih pasitènipun, inggih angsal-angsalanipun, punika saya suda. Ăngka-ăngka punika, ingkang pamêndhêtipun saking sêrat cathêtan opisil saking pamarentah komunis, tamtunipun inggih botên badhe ngawonakên sangêt dhatêng kawontênanipun lugu. Kosokwangsulipun, manawi angèngêti, bilih pangintunipun gandum dhatêng sajawining nagari ing samangke punika langkung sakêdhik katimbang kala ing taun 1913, punika wontên sabab-sabab ingkang anjalari tuwuhing gagasan, bilih ăngka-ăngka ingkang kasêbutakên wau, anggambar kawontênanipun samangke saklangkung saenipun. Sanadyan makatêna inggih têtela, bilih ing bab anyaèkakên têtanèn, angindhakakên angsal-angsalaning siti, inggih punika ingkang dados dhêdhasar indhakipun karaharjaning para tani, ing salêbêtipun 14 taun punika, botên kanyatan babarpisan. Ananging manawi kawontênanipun, ăngka-ăngka wau katitipriksa kanthi sayêktos, lajêng wontên bab-bab sanèsipun ingkang tumrap Indiya piyambak wontên gunanipun.

Nagari Ruslan wontên ing tanah-tanah Turkustan saha Kokasês, anggadhahi siti-siti ingkang sagêd angsal toya, wiyaripun kintên-kintên wontên 600.000 H.A. siti wau mèh sadaya dipun tanêmi: kapas. Jêmbaring siti punika ing taun 1926 wontên 120% nipun kala ing taun 1913, mênggah anggèning mêwahi jêmbaring siti wau sadangunipun wontên pêrang agêng ingkang kapêngkêr punika, botên sabibaripun gegeran. Ananging pamêdaling kapas têka namung 85% nipun saking pamêdalipun kala ing taun 1913.

Angsal-angsalaning tanêman gandum tumrap satunggal-tunggaling tiyang, punika mèh sami kemawon kalihan kala ing taun 1913. Pambagining toya tumrap sabinipun tiyang kathah, dados sanès piyambak-piyambak, punika angsal-angsalanipun malah suda.

Ing ngajêng Tuwan Baars sampun nyariyosakên, bilih kala ing taun 1921 piyambakipun wontên ing Turkistan anyambutdamêl wontên ing pakaryan irigasi, saha lajêng sagêd nyumêrêpi kawontênanipun punika kalihan têrang. Dene kawontênan ingkang sayêktosipun, punika anglangkungi tinimbang kalihan ingkang pinanggih ing ăngka-ăngka punika.

(Badhe kasambêtan)

--- 210 ---

Kawruh Warni-warni

Bab ngrêsiki tigan kambangan

Para maos tamtunipun sampun sami uninga, bilih tigan punika saya rêsik saha gumrining warninipun inggih saya mindhak awis rêginipun. Amila inggih botên kenging dipun paibên, dene kathah têtiyang ingkang sami ambudidaya angrêsiki tigan ingkang rêgêd jalaran kenging blêthokan utawi sanès-sanèsipun, murih tiganipun wau katingal sae, ingkang sagêd ngindhakakên rêrêgènipun. Ananging sajatosipun angrêsiki tigan punika botên nama gampil, awit manawi tigan wau namung kakumbah mawi toya kemawon, punika sagêd angicalakên glabading cangkang tigan, ing măngka glabad wau ingkang murugakên santosaning tigan, dados manawi glabading cangkang ical, tiganipun inggih sagêd tumuntên risak. Ingkang punika tiyang lajêng tansah ambudidaya ngupados akal sanès ingkang botên sagêd ngenggalakên risaking tigan wau. Ananging caraning ngêsiki tigan ingkang sampun katindakakên ing samangke, punika manawi botên kangelan sangêt, wragadipun ragi kêkathahên, mila ingkang makatên wau inggih namung katindakakên dening para dagang tigan ingkang agêng-agêng kemawon.

[Grafik]

Ingah-ingahan kambangan

Kranjang isi tigan ingkang rêsik saha gêmrining warninipun, punika sakêdhap kemawon sagêd têlas kasade, ananging manawi tiganipun wau rêgêd jalaran saking blêthokan, punapa malih saking têlèking pitik iwèn, punika inggih angèl pêpajênganipun. Ingkang punika kados wontên gunanipun upami ing ngriki ngandharakên sakêdhik mênggahing bab caranipun ngrêsiki tigan kambangan ingkang wragadipun botên sapintêna, tur inggih botên ngrisakakên tiganipun.

Murih gamblangipun, kêdah katrangakên rumiyin, kawontênanipun tigan ingkang mêntas dipun wêdalakên.

Tigan ingkang mêntas dipun wêdalakên punika ngyiyit, dene manawi kenging hawa, sakêdhap kemawon inggih lajêng dados garing. Garinging yiyit ingkang saklangkung enggal wau, anjalari tuwuhipun pamanggih, bilih yiyit ingkang anjagi santosaning tigan wau, anggadhahi daya kadosdene lilin. Ing măngka wontên cêcampuraning obat ingkang sagêd adamêl cuwèring lilin, caranipun wau botên beda kalihan ngrêsiki wacucal menda saking gajihipun, inggih punika sarana toya kêras ingkang kadamêl saking dat kakêcuting walirang (zwavelzuur). [(zwavel...]

--- 211 ---

[...zuur).] Pamanggih kados ing nginggil punika inggih mila lêrês sangêt, ananging sagêdipun angsal pasêksèn ingkang yakin, punika sasampunipun kacobi ngantos pintên-pintên rambahan sarana ngakal warni-warni. Pungkasanipun ingkang prayogi piyambak, inggih punika jer-jeranipun zwavelzuur kalihan toya, petanganipun, satunggal kalihan satus. Ananging pangêjèripun wau, kêdah ngatos-atos sangêt, awit zwavelzuur ingkang murni punika sagêd anggosongakên kulit.

Mênggah cara-caranipun angrêsiki tigan punika makatên:

Manawi tigan kambangan ingkang badhe dipun rêsiki punika wontên 100 iji, langkung ruyin[3] ngawontênakên wadhah toya pêsagi ingkang cêpèr saha ingkang sagêd isi toya kintên-kintên 10 litêr, toya 10 litêr punika wawratipun sami kalihan toya gêndul ayèr blandhah 20. Murih sagêdipun angsal jer-jeran saprêsèn wau, manawi wontên 100 sèntimètêr kubuk, kêdah dipun wontêni zwavelzuur satunggal dhèsilitêr, manawi wadhah toya wau panjangipun 50 sèntimètêr, wiyaripun 40 sèntimètêr lan inggilipun 5 sèntimètêr, punika cèplês sagêd isi toya 10 litêr. Ingkang punika mila prêlu sangêt, bilih inggiling toya wau kadamêl 10 sèntimètêr, prêlunipun kangge papan inggahing jer-jeran wau, manawi tigan-tiganipun sampun kacêmplungakên ing ngriku. Langkung sae malih manawi wadhah toya wau panjangipun 80 sèntimètêr, wiyaripun 50 sèntimètêr lan inggilipun 5 utawi 6 sèntimètêr, awit tiganipun lajêng sagêd kajèjèr-jèjèrakên.

Anggènipun damêl jer-jeran wau, ingkang karumiyinakên toyanipun, salajêngipun sawêg zwavelzuur ripun, botên pisan-pisan kenging walikanipun.

Murih gampilipun, ingkang kasukakakên wontên ing wadhah toya wau langkung rumiyin tiganipun, sasampunipun jer-jeran wau sawêg dipun sokakên dhatêng tiganipun, pangêkumipun tigan wontên ing jer-jeran wau wontên saprapat jam, salêbêtipun punika ingkang gadhah kenging nyambi padamêlan sanès-sanèsipun. Sasampunipun saprapat jam, badhe katingal, bilih yiyiting tigan wau mèh ucul utawi ucul babarpisan saking cangkangipun. Kangge ngicali rêrêgêdipun sanès samangke gampil sangêt, inggih punika kagosok mawi planèl ingkang kasar-kasar kemawon, sasampunipun tigan wau nuntên kacêmplungakên ing toya mangêt-mangêt, supados jer-jeran ingkang taksih têmèmplèk sagêda ical, dene anggènipun anggaringakên, tigan wau lajêng katata wontên ing êrak mawi dipun tutupi koran.

Manawi tiganipun wau sampun garing babarpisan, pêthaking cangkangipun tigan, badhe malih dados pêthak mêmplak sangêt, dene manawi cangkangipun biru, malih dados biru ênèm rêsik gêmrining.

--- 212 ---

Ekonomi

Klapa

Sami-sami wit-witan taun, botên wontên ingkang agênging pigunanipun kados wit kalapa, tumrapipun têtiyang siti, mèh botên wontên ingkang botên rêmên nanêm kalapa, awit kalapa punika sabên tiyang migunakakên, kenging kangge kabêtahan padintênan, kados ta kangge olah-olah. Manawi kathah kenging dipun sade kangge kabêtahan sanès, malah ingkang pananêmipun kathah, minggahipun ingkang dipun tanêm dados kêbon kalapa, wohipun lajêng dados padagangan agêng, sarananipun[4] cukili tuwin dipun pe ngantos garing, namanipun kosrah.

Saking kêlimrahipun tanêman kalapa, tumrap ing nagari bêntèr tiyang sagêd nyumêrêpi tanêman kalapa wiwit saking pasisiring sagantên ngantos dumugi sukuning parêdèn, uwitipun sami kêtingal sae-sae, nanging minggahipun malih dumugi tanah parêdèn ingkang hawanipun asrêp, tanêman kalapa sampun botên sae. Saking kêlimrahipun wau, tuwin pancèn jalaran saking gênging pigunanipun, tiyang nyumêrêpi pakarangan ingkang kêbak isi tanêman kalapa, angraos damêl sêngsêming manah, saya tumraping pasisir ingkang anggênggêng kêbak tanêman kalapa, warninipun kêtingal angrêsêpakên sangêt.

[Grafik]

Bangsaning kalapa punika wontên pintên-pintên dasa warni, nanging manawi kapiridakên saking pigunanipun, kenging namung kaperang kalih, inggi[5] punika klapa ingkang tanahipun agêng tuwin alit, dene ingkang agêng, punika ingkang dipun pilala, tumrapipun ingkang alit nama namung dados pêthetan, inggih punika klapa gadhing, puyuh tuwin sanès-sanèsipun, ingkang pèni wontên ing sawangan.

Mênggahing pananêmipun, punika sabên tiyang inggih sampun sumêrêp, nanging prêlu ugi kapratelakakên sawatawis, kados ing ngandhap punika:

Pamilihing siti kêdah ingkang dhahas, punika sagêd andayani sae ing uwit, tuwin manawi dipun rabuki enggal katingal lêma, saya manawi siti wau pancèn sampun ngandhut lêmi.

Pamilihing wiji, kêdah klapa ingkang sampun kiring wontên ing uwit, ingkang agêng, mungsêr janjanganipun (andados) langkung utami manawi angsal pusêripun, inggih punika klapa sajanjang ingkang dhawah têngah piyambak, awit kalapa wau tamtu agêng, tuwin [tu...]

--- 213 ---

[...win] bundêr. Klapa ingkang sampun kiring makatên wau, manawi badhe kangge cikal prayogi dipun gantung wontên ing panging wit-witan. Makatên ugi pamilihing klapa wau kêdah klapa ingkang uwitipun sampun sêpuh, punika sagêd nitik saking inggil utawi dhapuring glêganipun. Klapa wau manawi sampun 3 wulan: thukul, manawi sampun umur 9 wulan kenging katanêm, pamêndhêmipun ingkang ngantos ngaclopakên tabon.

Êlêting pananêm ingkang prayogi kawan êru, êlêt samantên punika benjing dadosipun cêkapan, lan ing ngandhapipun taksih kenging dipun tanêmi punapa-punapa. Lan ingkang prayogi, nanjakakên cikal punika prayogi dipun sarêngi nanêm pisang, prêlunipun pisang wau kangge ayom-ayom kalanipun kalapa taksih alit, utawi andayani asrêp. Dene manawi klapa sampun agêng, pisangipun kenging kabucalan.

Nanêm kalapa punika kêdah tansah srêgêp rêrêsik ing ngandhapipun, saya manawi sampun agêng dumuginipun awoh, punika dalah ing nginggil inggih kêdah dipun rêsiki, papah garing, manggar ingkang sampun garing, mancung, tapas tuwin sanès-sanèsipun, punapadene ing ngandhap, thêthukulanipun inggih kêdah dipun bubuti. Makatên ugi tumrap kalapa ingkang sampun awoh, satahun sapisan ing nginggil dipun dèkèkana sarêm, majaji 1 sèn, punika sagêd ngathahakên uwoh.

Wontên tiyang ingkang cariyos, bilih tanêman kalapa ingkang cêlak tiyang punika tamtu sae, jalaran saking angsal hawaning tiyang. Ingkang makatên wau mênggahing katranganipun ragi wontên nalisiripun sakêdhik, dene nyataning tanêman lêma wau, jalaran saking kopèn, kêrêp dipun rêsiki utawi dipun lêmèni. Dados sanadyan têbih, manawi dipun manah rabuk tuwin rêrêsikipun, inggih sami kemawon.

Klapa punika manawi sampun 3 taun lajêng anggênuki, inggih punika kêtingal galugunipun anyêmpluk kados gênuk.

Sasampunipun 6-7 taun, wiwit awoh, tumrap tiyang nanêm, ing wêkdal wau sampun wiwit anampèni kaskaya piwalêsipun kalapa ingkang dipun tanêm, tansah lumintu. Mila ngantos won[6] têtêmbungan ngupamèkakên kabêgjanipun tiyang nanêm kalapa makatên: wong nandur krambil iku kaya wong nyêkolahake anak ana ing pamulangan, kabêgjane tinêmu ing buri, nganti tumêka ing tuwa.

Wanci pêperanganing klapa punika warni-warni sangêt, kados ta: manggar, sêkaripun. Bluluk, pêntilipun. Cêngkir, pêntil ingkang sampun agêng isi toya. Dêgan, punika undha-usukipun inggih warni-warni, kumringêt, kumêruk, tuwin ngantos mèh dados kalapa. Lajêng wiwit kêmelas, sêmantên, ngantos dumugi kiring. Satunggal-satunggaling wanci wau wontên pigunanipun piyambak, kados ta cêngkir dipun rujak, dêgan kangge têtêdhan, klapa kangge olah-olah. Nanging sadaya wau mênggah ingkang sae piyambak manawi dipun undhuh sêpuh, punika uwitipun badhe bètên[7] kantrak, mila tiyang ingkang murka ngundhuhi klapa tanpa dugi, punika lêganing manah namung sapisan, salajêngipun lajêng manggih pituna.

Klapa punika pancèn satunggaling tanêman, ingkang

--- 214 ---

tanpa kêndhat malêsipun dhatêng manungsa, mèh sadaya botên wontên ingkang kabucal, dalah dumugi bathok sêpêt taksih tumănja. Saya sarêng lare-lare pamulangan nindakakên padamêlan tangan, bathok punika dados jalaraning kêbukanipun lare dhatêng padamêlan kriya, wontên ingkang damêl bênik, mainan hèrloji, tuwin sanès-sanèsipun. Saya tumrap pakaryan tiyang ina ing Bandhung tuwin Ngayogya, punapadene pakaryan para têtiyang ukuman, sêpêt punika agêng sangêt pigunanipun, awit lajêng kenging dipun angge dandosan warni-warni, ingkang pantês dados rêrêngganing griya. Kados ta kèsèt, tutup jrambah tuwin sanès-sanèsipun, manawi dipun tingali wujudipun, tiyang tamtu malêngak, dening saking saenipun.

Ing wusana klapa punika mugi lêstantuna saya mindhak agêng pigunanipun.

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab pangudinipun dhatêng pangupajiwa

Sêmar (Angunandika) : Nèk tak pikir kanthi têmênan, têka angèl bangêt anggonku angrasakake mungguh kaanane bangsaku kiyi, yèn tak aranana mundur, akèhe wong pintêr saiki wis bal-balan, pira bae saiki para mudha sing anduwèni sasêbutan Mr. Dr. utawi Ir., nèk dak aranana wis maju, kaya-kaya kamajuane mau iya durung sapiraa nèk dipandhing karo băngsa liya-liyane, sabab kamajuane mau kaya-kaya sing akèh mung nyang kapintêran sêkolahan bae, mênyang bab liya-liyane sajake ora pati maju. Lha, kapriye manèh bocah saiki kiyi sing diburu mung nyang pagawean kantor bae. Sanajan balanjane sathithik, anggêre wis disêbut dara juru tulis, atine ayêm wikrama. E, tinimbang aku ngaru-ara mêngkene, rak luwih bêcik aku tak sêsindhenan, nang pikiran rasane ayêm, tur nèk kabênêr ana rêjêki kêsasar, tanggane sing mêntas amborong durèn kulon kono, saking wêlase anggonku glenggang-glènggèng ngene kiyi, bisa uga banjur ngogêli sapongge rong pongge, sokur bage sagluntung. Enake wanci rêmêng-rêmêng mêngkene kiyi nêmbange Mêgatruh, banjur ditibakake nyang gandrung manis. Sapa wêruh bêgjaning uwong, nèk-nèke banjur ana wong sugih awèh pagawean pènsiyunan. Wis dak wiwitane: awit nyata sêdyane mung padha buru | nyang dalan urip sawiji | kapengin padha disêbut | lumrahe aran priyayi | da - di - ju - ru - tu - li - s ka - ntor || gandroong, gandroong, gandrung manis, manise saparan-paran...

Garèng : Truk, wis bilahi kiyi, kêpêksa ngêbon mori têmênan, măngka jaman cap gomèk kiyi, sakèhing toko padha tutup, mara dêlêngên ta, Rama ana sajêroning sêkaratul maot. La apa mèmpêr, ing ngatase wong wis tuwa mangkono, [mangko...]

--- 215 ---

[...no,] anggone anjogèd kathik ngalênthêr, mripate diêrêm-êrêmake, sajake kok dinikmatake.

Petruk : Yadhug, yadhug, saya suwe ora saya ngajèni nyang wong tuwa, malah têka banjur diêntèk-êntèkake kurang ajare, tujune ta sadulur tuwa, ajaa sida tak gaglag jangane lumbu têmênan. Ngrêtia yèn kiyi bapakmu, wong sing ngukir gu...

Sêmar : E, iya ora mung Garèng sing ora wêruh tata, sanajan Si Petruk saya dlodog, ana nudingi uwong tuwa, drijine têka nganti mlêbu nyang mata, wis, wis aja padha pêpadon, kuwi ora bêcik pêmburine. Ayo padha omong-omongan bae, supaya bisa mundhak sêsurupane.

[Grafik]

Garèng : Lha, kuwi utama bangêt, Ma. Mung bae sing dirêmbug kuwi aja bab sing enak, ananging kudu bab sing kapenak.

Sêmar : Lho, rada kodhêng pamikirku anampani panjalukmu kiyi, aja rêmbugan bab sing enak, ananging kudu bab sing kêpenak, kuwi kapriye.

Petruk : O, Ma, Ma, jarene wis lawas ana ing donya, dadi sêsurupane luwih akèh tinimbang wong nonoman. Dene ana têtêmbungan mangkono bae, wis bingung. Rungokna tak jarwani: Garèng mau kăndha yèn ora gêlêm rêrêmbugan bab-bab sing enak-enak, kuwi sababe ora liya, amarga sanadyan Si Rama kuwi wong tuwane, ananging têmtune ora ambuktèkake apa sing dikandhakake, kaya ta upamane ngandhakake: gurihing pêcêl pitik, nyamlênge opor brati, gandême pindhang ati-ati, sanajan kok lakoni nêbasake gajih ing mripatmu, iya masa bakala Si Rama bisa ambuktèkake enaking lêlawuhan mau. Seje yèn ngomongake bab-bab sing kapenak, kaya ta: anglêring gambir sawit, lêngud-lênguding genjong-goling utawa manèh ramene grompolthèk, kuwi ora angèl anggone arêp ambuktèkake, anggêre gêlêm brobos panggonan wayang wong bae, wis mêsthi bisa nêksèni dhewe.

Garèng : Truk, Truk, bok aja milu omong, kowe kuwe rak isih kalêbu pupuk bawang. Saiki tak kandhani mungguhing bab-bab sing enak kuwi. Rama têmtune rak isih eling mênyang caritaning iblis sing tangane sijine anggêgêm madu, sijine manèh anggêgêm jadham, barêng tinakonan gunane madu lan jadham mau, wangsulane: madu iki ing sarèhning rasane lêgi enak, arêp dak anggo nglèlèti cangkême wong kang lagi ngomongake alaning liyan, cikbèn bisa suwe. Dene jadham ing sarèhning rasane pait, arêp tak anggo nglèlèti cangkêming wong sing omong bab kabêcikan, cikbèn enggal diuwisi.

Sêmar : Iya, iya, wis ngrêti aku, bocah bagus. Dadi karêpmu, omong-omongan ananging aja ngrasani liyan, amarga iki ora utama bangêt, luwih bêcik padha rêmbugan bab sing

--- 216 ---

migunani tumraping ngakèh. Rak iya mangkono ta Rèng.

Garèng : Iya mula mangkono, dene anggonku duwe panjaluk mangkono mau, amarga rikalane aku lumêbu ing omah kene, aku krungu panggrundêlane Rama, sing mranani para mudha jaman saiki.

Sêmar : Lho, kowe aja kliru panămpa aku mung anggrêsula, dene para mudha saiki kiyi sing akèh mung ngudi marang kapriyayèn bae, wusanane banjur ora migatèkake pakaryan liyane kang prêlu-prêlu, kaya ta: bab têtanèn, patukangan lan sapêpadhane. Apa ora jênêng eman-eman kang mangkono kuwi.

Petruk : Rama kudu ngèlingi, yèn jaman saiki kiyi upamane măngsa ngono, lagi măngsa labuh, dadi kaanane iya ora karu-karuan. Rama rak isih kèlingan lagi anu kae, kabênêr măngsa labuh diulêmi tayuban. Dêlêngane mono iya têrang gêmrinang, mulane anggone macak iya diêntêp têmênan. Barêng nang têngahing dalan jêbul bus udan, sarèhning crindhil banjur kapêksa bali dalan.

Garèng : Panêmune Petruk kiyi pancèn iya ana bênêre, saiki kiyi rak lagi ambudidaya, kapriye dalane kang utama dhewe bisane enggal bisa anggayuh mênyang kamajuan kuwi, mulane ing ngêndi-êndi banjur tuwuh sakolahan warna-warna, kaya ta sêkolahan kang dhêdhasar agama, sêkolahan kabangsan, lan sapanunggalane. Kirane kuwi kabèh kalêbu pêrcobakan-pêrcobakan bisane olèh dalan kang utama dhewe kanggo amburu marang kamajuan.

(Badhe kasambêtan)

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

XI. Dèwi Mênurseta sugêng manèh

[Mêgatruh]

nuli budhal sang prabu karsane kondur | diiring wong nyunggi pêthi | wong lima padha angguguk | bêbarêngan anangisi | panyawange tanpa pêdhot ||

ing sadalan-dalan lakune mung ewuh | abdi sing anyunggi pêthi | pijêr mêndhak mundhuk-mundhuk | saka samar kêsundhul wit | mula nganti krênggos-krênggos ||

lah ing kono lakune abdi kêsandhung | ing oyod kang malang margi | panyunggine pêthi mrucut | awake tiba kêbanting | pêthine mancêlat adoh ||

rêmuk sumyur kacane amawut-mawut | lan layone Mênurputih | nganti mancêlat gumlundhung | sang prabu kagèt anolih [ano...]

--- 217 ---

[...lih] | bangêt dukane ing kono ||

e dilalah kêbangêtên kowe drohun | ana wis kon ngati-ati | jêbul dadak numbuk-numbuk | kapriye ta mau iki | e kowe sida wurung wong ||

abdi matur gusti ing sayêktosipun | botên pisan-pisan dugi | manawi kula kêsandhung | ing oyod kang malang margi | kula sumăngga kemawon ||

sang prabu panggalihe bangêt bingung |[8] nuli marani sang putri | sing ana lêmah gumlundhung | abdi tansah akêkinthil | ambêkane krênggos-krênggos ||

abdi matur kadospundi karsanipun | kang murih dados prayogi | makatên kemawon sampun | ing sapunika sang putri | saenipun kula gendhong ||

sang aprabu dhawuh karo napuk kêpluk | wis mênênga bae gênjik | aja pijêr gawe kisruh | mêngko mundhak tak têmpiling | bok wis aja ngona-ngono ||

bangêt ngungun sang aprabu banjur manglung | anuwèni Mênurputih | guwayane isih wutuh | malah ketok kêmpis-kêmpis | lan tingale mêlèk alon ||

lawan nuli wiwit muwun sênggruk-sênggruk | karo angandika lirih | iki nèng ngêndi awakku | sapa ta wong-uwong kuwi | lagi iki aku tumon ||

bangêt kagèt mau galihe sang prabu | nuli ngandika nyang abdi | priye kono rumasamu | apa kira têmên urip | lah nyatakna cêdhak kono ||

abdi matur nun inggih kangjêng sinuhun | sasumêrêp kula gusti | ing salami-laminipun | wartosipun kaki nini | kang sampun kêlimrah yêktos ||

mênggah tiyang ambêkan sayêktosipun | tamtunipun gêsang ugi | makatên ing limrahipun | mung kula sumăngga gusti | kang ngatên punapa yêktos ||

gèdhèg-gèdhèg sang prabu ngandika sêru | e e dene pating blandhit | gunêmanmu nganti galur | bok cêkakan bae uwis | ora sajak ambêbodho ||

lah ing kono Mênurseta clathu sêru | bapak kowe ana ngêndi | gone clathu ngono iku | ketok karo gregah tangi | banjur lênggah dhêlog-dhêlog ||

sang prabu nuli ngandika ngrêrapu |[9] hèh wruhanmu ingsun iki | iya sing jumênêng ratu | laladan nagara iki | aja samar kowe dhenok ||

awit kowe dhèk mau uwis tak jaluk | karo wong sing kok iloni | mung aku kapengin wêruh | priye sing dadi sakawit | dene tinêmu mangkono ||

Mênurseta banjur miwiti matur |[10] lêlakone sing wis-uwis | nalikane dadi kantu | nganti ping têlune iki | elinge wis anèng kono ||

panggalihe sang aprabu bangêt ngungun | priye nalare sing mulih | kono abdi nuli matur | mangke kula ngrêtos gusti | sababipun kang sayêktos ||

ing pangintên kula rumiyin sang ayu | pancèn nêdya pun pêjahi | ing wusana ingkang kantun | sarana dipun lêbêti | dhêdhaharan mutawatos ||

gih puniku dhaharan kang mawi racun | nanging mung kandhêg mandêlik | mangkêl wontên lêbêt gulu | ing wusananipun gusti | pun lare mèh dados layon ||

tujunipun gusti lajêng mundhut |[11] tuwin malih anyarêngi | kala pêthi kula panggul | kula kêrungkêp ing siti | jalaran kasrimpêt oyod ||

sarêng pêthi dhawah wontên siti rêmuk | lare gêsang malih |[12] mila sapunikanipun | bilih kula sasat manggih | rêdi gêndhis kang miraos ||

--- 218 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Bêstiring Yong Islamitên Bon, badhe gadhah atur dhatêng pamarentah, supados sawarnining buku pamulangan ingkang ngêwrat suraos angrèmèhakên tuwin natoni manahipun têtiyang siti, supados sampun dipun angge malih wontên ing pamulangan ingkang dipun lêbêti têtiyang siti, utawi ing mosi ugi mratelakakên kawontênaning buku-buku ingkang prayogi kangge têtiyang siti.

Wiwit ing taun 1908 Budi Utama ing Klathèn anggadhahi griya pamulasaran lare lola, dipun namakakên Panti Darma. Ing sapunika kajênging bêstir pakêmpalan, griya wau badhe dipun pasrahakên dhatêng dhusun, ingkang ugi tumut nyanggi waragadipun.

Kabaripun, lare-lare ingkang sami katêtakakên pakêmpalan Muhammadiyah, nyarêngi konggrès ngajêng punika, kadhawahakên tanggal kaping 15 Pèbruari, kingkang[13] sami têtak wontên 100, sadèrèngipun lare ingkang têtak wau dipun gès, mawi kaarak para murid sêkolahan Muhammadiyah Ngayogya rumiyin.

Wontên kabar, bilih griya pondhokan (internaat) ada-adanipun pakêmpalan Budi Utama, pang Ngayogyakarta, taun punika angsal subsidhi saking guprêmèn f 1722.50.

Wontên pawartos, bilih ing wêkdal samangke kathah tiyang ingkang dhatêng saking Dhèli, wangsul anuwèni sanak-sadhèrèkipun. Cariyosyan[14] badhe kesah malih watêng[15] sabrang, awit ing ngrika panggêsangan taksih gampil.

Nyonyah A. Hardeman - Van Stietz garwanipun paduka tuwan dhirèktur pangajaran, sampun kaparêng kadadosakên pangarsa minulyanipun pakêmpalan pasinaon tumrap lare ingkang kêndho sangêt.

Saking Surabaya kawartosakên, jalaran saking panuwunanipun pangrèh agêng Muhammadiyah, salêbêtipun wontên konggrès pakêmpalan wau wontên ing Ngayogya benjing tanggal 12 Januari punika, Dr. Sutama badhe tumut mêdhar sabda prakawis kawontênanipun para wanita, kados ingkang sampun dipun wêdharakên wontên ing salêbêting parêpatanipun pakêmpalan wanita "Vrouwentehuis'' ing Surabaya.

Juru kabar Kajawèn martosakên, panjênênganipun Radèn Adipati Ariya Danusugănda Bupati ing Magêlang tampi paringan gamêlan kalih prangkat, pelok tuwin sêlendro saking Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, dhatêngipun ing Magêlang kabêkta kalih iji oto barang, saha kairingakên priyantun utusan dalêm saking Surakarta.

Malêm Sêtu tuwin malêm Minggu ingkang sampun kapêngkêr punika wampun[16] kacoba katabuh mawi nimbali sawatawis priyantun kitha Magêlang, larasing gamêlan mila sakeca sangêt.

Saking Surakarta kawartosakên, bilih pakêmpalaning têtiyang siti ingkang sami angrasuk agami Kristên, angêdêgakên kantor pangêcapan ingkang kanamakakên: Jawi.

Sêrat kabar Darmakăndha angsal pawartos, bilih sawatawis tiyang ingkang sami kasingkirakên dhatêng Dhigul, sami ngawontênakên satunggiling komite, ingkang sêdyanipun badhe ngadêgakên masjid.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên: dèrèng dangu punika salah satunggiling tiyang dhusun ing Piyungan, sacêlakipun Kitha Agêng, kala kalêrês dhudhuk-dhudhuk amanggih găngsa saprangkat. Salajêngipun găngsa wau lajêng kaaturakên dhatêng nagari, dene ingkang manggih, pinaringan ganjaran arta f 100.-

Kongsul jendral Prancis ing Batawi, angsal palilah pados kuli jalêr èstri têtiyang Jawi cacah 500 salêbêtipun sataun, badhe kangge wontên ing Nieuw Caledonie jajahan Prancis.

Ingkang sinuhun ing Surakarta sampun dhawuh supados rêrêsik pasasareyanipun[17] Sinuhun Sultan Pajang (Jaka Tingkir) ing dhusun Butuh, Surakarta.

Wiwit tanggal 1 Mèi ngajêng punika, badhe wontên sêpur èsprès saking Wèltêprèdhên dhatêng Ngayogya mêdal Bandhung. Sêpur sênèl ingkang bidhal saking Wèltêprèdhên jam 3 enjing dipun icali. Èsprès wau bidhalipun saking Gambir jam 6.45 enjing. Saking Bogor ugi badhe dipun wontêni sêpur sênèl, langkung Sukabumi, dhatêng Padhalarang, supados sagêd sambêd kalihan sêpur èsprès ingkang kasêbut ing nginggil. Èsprès Wèltêprèdhên dhatêng Ngayogya mêdal Cirêbon taksih, nanging bidhalipun mundur jam 7.15.

Wontên kabar, benjing garêbêg Bêsar ngajêng punika, ing Dêmak badhe wontên pêkên dalu, angsal-angsalanipun badhe kadarmakakên dhatêng kasipun tiyang siti sarta pakêmpalan tiyang Tiyonghwa ingkang botên mulitik.

Cabang Pakêmpalan Guru Bantu P.G.B. ing Pasuruan badhe angêdêgakên pamulangan Sêkhakêl wontên ing kitha Bangil, sarana kabiyantu dening kangjêng bupati sarta patih, ing Bangil. Pamulangan kabaripun kabikak benjing wulan Juli ngajêng punika. Kajawi punika P.G.B. cabang Pasuruan sawêg andamêl rancangan angêdêgakên Sêkhakêl Sêkul ing: Klakah, apdhèling Lumajang. P.G.B. cabang ing: Malang ugi badhe ngêdêgakên pamulangan H.I.S. wontên ing kitha Malang.

--- 219 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

13

Propesor Higgs ambêbêdhag

Shadrach kêtingalipun jèngkèl, lan awicantên, bilih kula sadaya ingkang kêdah tumut dhatêng piyambakipun. Salajêngipun kula nglolos sêsupenipun sang putri ing Seba saking driji kula. Saha lajêng kula nyunyukakên dhatêng rainipun.

Wicantên kula: yèn kowe ora miturut ing prentahku, sabalimu ing ngarsane sang putri sing ngutus nyang kowe, kowe bakal wêruh dhewe. Amarga elinga, sanadyan aku papat kabèh iki mati, (kala punika kula kalihan nyawang piyambakipun kanthi pikajêng ingkang wigatos) akèh wong kang naksèni, kang anjalari kowe ora bisa nyidhêm kaanane kabèh iki.

Tanpa anjawab punapa-punapa, piyambakipun lajêng angurmati dhatêng sêsupe ingkang kramat wau, saha kula sadaya lajêng wangsul dhatêng Zeu.

4

Pharaoh adamêl susah kula sadaya.

Kintên-kintên sampun lêt watawis nêm minggu, kawontênan ing sakubêngipun ngriku wiwit amalih. Kala punika kula sadaya sawêg mêdal saking sagantên wêdhi. Kintên-kintên lampah kula sadaya wontên ing sagantên wêdhi wau sakêdhik-sakêdhikipun sèwu pal. Sasampunipun manggih lêlampahan ing padhusunan kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil, salajêngipun lampah kula sadaya wilujêng botên kirang satunggal punapa. Mila inggih yêktos kawontênanipun ajêg kemawon sarta tanpa wêwangênan, ananging tumrapipun Higgs kalihan Orme inggih wontên saenipun, jalaran kalih-kalihipun dèrèng nate kêkesahan ingkang kados makatên wau.

Satunggiling dintên nuju ing wanci sontên, kanthi cêtha, kula sadaya sumêrêp rêdi agêng-agêng lamat-lamat sundhul ing akasa, adêging rêdi-rêdi wau awangun tapêl, inggih punika rêdi-rêdinipun nagari Mur. Inggih lêrês têbihipun taksih pintên-pintên pal, nanging punika rak rêdi-rêdinipun nagari Mur. Enjingipun lampah kula sadaya turut panggenan ingkang kathah wananipun, saha urutipun dumugi ing lèpèn agêng, pangipun lèpèn Nil. Tigang dintên malih kula dumugi sapinggiring lèpèn wau, ing ngriku samangke kula sadaya sagêd angsal têdha cêkap. Unta-untanipun sami nêdhani rumput kathah sangêt, kula sadaya ngantos anggadhahi pangintên badhe anjêbrot. Sato kewan pintên-pintên, dados kula sadaya ugi sagêd angsal têdha sapurun-purunipun. Dumugi kula sadaya wontên ing ngriku inggih nama kalêrêsan, awit rêdi-rêdi wau lajêng botên kêtingal malih, amargi kêtutupan ing mega, anandhakakên, bilih tanah waradin ing ngajêng ngrika jawah. Dados kala punika ing ngriku wiwit măngsa jawah. Upami dumugi kula sadaya ing ngriku lêt saminggu malih, sampun tamtu kula sadaya botên sagêd nyabrang lèpèn, ingkang ilinipun tamtu lajêng santêr sangêt, ananging sapunika panyabrangipun gampil kemawon, lêbêting toya botên nate langkung sadhêngkuling unta ingkang dipun tumpaki.

Sadumugining pinggir lèpèn sisih ngrika, kula sadaya lajêng sami rêmbagan, kadospundi akalipun ing samangke, amargi samangke kula sadaya sampun dumugi laladaning nagarinipun băngsa Fung, lan bêbaya ingkang saèstu mênggahing kêkesahan punika wiwit badhe andhatêngi. Kintên-kintên têbihipun wontên sèkêt pal saking ngriku dunungipun têtiyang Mur, ananging kadospundi akalipun lumampah sèkêt pal wau kanthi wilujêng. Kula sadaya ugi ngajak Shadrach supados tumut ngrêmbag bab punika, lan jalaran saking panêdha kula, piyambakipun lajêng nyariyosakên kadospundi kawontênanipun.

Wicantênipun pun Shadrach: ing ngrika ugi padununganipun têtiyang Abati ingkang botên kenging dipun asorakên, ananging papan wiyar ing sangajêngipun ngriku, ingkang dipun wastani Ebur, punika gadhahanipun têtiyang băngsa Fung ingkang dèrèng sumêrêp tata, petanganing prajuritipun ing ngriku, punika sadasa ewon, nagari karajanipun wontên ing sacêlakipun brahala sela, ingkang kadosdene brahalanipun ugi nama Harmac.

Propesor Higgs nyêla ginêm sajak sênêng manahipun: Harmac kuwi têgêse Harmachis, yaiku dewaning dina, mêsthine wong Fung kuwi asline saka băngsa Mêsir kuna, utawa kira-kirane, loro-lorone asal saka băngsa siji.

Kapitan Orme wicantên: yah, sing mangkono kuwi, kalane ana ing Londhên wis kocaritakake mênyang aku kabèh. Carita kuna mangkono kuwi bok kosimpên dhisik nganti besuk, samono kuwi yèn aku kabèh isih padha urip. Bokbèn saiki Shadrach ambanjurake katrangane dhisik.

--- 220 ---

Shadrach lajêng anglajêngakên aturipun makatên: kitha punika, ingkang têtiyangipun kintên-kintên wontên sèkêt èwu, punika anguwasani lêlêngkèhing rêdi, ingkang kêdah kula langkungi, murih sagêdipun dumugi ing Mur. Lan bokmanawi inggih makatên punika prêlunipun dene kitha Harmac dipun dêgakên wontên ing ngriku.

Orme pitakèn, punapa botên wontên margi sanèsipun, jalaran kala pangkatipun grombolan wau saking Abati mudhun dhatêng jurang punika mawi dipun kèrèk. Ananging Shadrach wicantên, sanadyan ingkang makatên wau pancèn lêrês, tiyang Abati botên anggadhahi kèrèkan satunggal-satunggala, ingkang kenging kangge ngèrèk unta samomotanipun minggah.

Orme samangke lajêng pitakèn, punapa botên wontên margi sanèsipun, ingkang ngubêngi rêdi-rêdi wau. Shadrach amangsuli, bilih margi punika inggih pancèn wontên, ananging ing măngsa kados punika, margi wau botên kenging dipun ambah, jalaran wingkinging rêdi-rêdi ing nagari Mur ênêripun punika wontên talaganipun agêng, inggih punika ingkang dados sirahipun lèpèn Ebur, dene lèpèn wau cawang kalih, angubêngi tanahipun têtiyang Fung wau. Tamtunipun talaga wau samangke jalaran saking kathahing jawah, ingkang dhumawahipun sampun wiwit wontên ing Aprikah sisih lèr: bêna, saha papan-papan antawisipun talaga lan rêdi punika botên sanès namung rawa-rawa ingkang botên kenging dipun sabrangi.

Kapitan Orme dèrèng narimah, saha nêdha katrangan, punapa kula sadaya botên sagêd mènèk jurang wau, manawi kula sadaya sami mandhap saking panumpakipun unta. Wangsulanipun, inggih sagêd manawi kula sadaya ugi purun ambucal momotanipun sadaya.

Orme wicantên: bab kuwi ora prêlu dirêmbug manèh, jalaran sing prêlu dhewe iya mung momotan kuwi. Critakna bae kanthi cêkak, bisane aku kabèh nrajang barisaning wong Fung tumêka ing Mur kanthi slamêt.

Shadrach amangsuli: o, Tuwan Orme, ingkang kenging dipun lampahi, punika namung wontên satunggal, samantên punika manawi Allah aparêngakên. Inggih punika manawi siyang umpêtan, manawi dalu lumampah. Ing dintên benjing-enjing, miturut adat tatacaranipun tiyang Fung, ing wanci punika sataun-taunipun, ing kitha Harmac ngawontênakên pahargyan agêng, saha ing wanci enjing ngaturakên kurban dhatêng brahalanipun. Sasampunipun srêngêngê sêrap, têtiyang wau sami nêdha lan ngombe saha abingah-bingah. Têtiyang ingkang sami jagi lajêng sami dipun undangi supados sami tumut sênêng-sênêng. Jalaran saking punika, pangetang kula anggèning kêkesahan punika, supados kula sadaya dumuginipun ing ngriki sagêd anglêrêsi nuju wontên pahargyan. Ingkang punika, saking pitulunganing Pangeran, ing wanci dalu kula sagêd anglangkungi Harmac saha enjing dumugi ing pungkasaning lêlêngkèh, ingkang tumuju margi dhatêng Mur. Kajawi punika kula badhe nyukani tăndha dhatêng sadhèrèk-sadhèrèk kula băngsa Abati, bilih kula sadaya sampun wontên ing ngriku, prêlunipun murih têtiyang wau sagêd sami mitulungi, manawi kula sadaya pancèn bêtah dhatêng pitulungan.

Orme pitakèn: patrapmu kapriye.

Kanthi anudingi pintên-pintên têtanêman garing saha gaganging alang-alang ingkang rapêt sangêt, Shadrach wicantên makatên: inggih sarana ambêsmi alang-alang punika. Ingkang makatên punika kula sampun sarêmbag kalihan têtiyang wau, pintên-pintên nulan[18] sapriki, ing sadèrèngipun kula sadaya pangkat saking Mur. Dene manawi têtiyang Fung sumêrêp, tamtunipun namung badhe angintên, bilih ingkang makatên punika jalaran kabêsmi dening juru misaya ulam ingkang kasasar mriku.

Orme ngangkat pundhak saha wicantên makatên: iya Shadrach, kowe amêruhi kaanane ing kene lan uwong-uwonge, ing măngka aku kabèh ora, dadi aku kabèh iya kêpêksa anglakoni apa pituturmu. Kananging[19] aku kudu ngandhakake, yèn băngsa Fung sumêdya matèni aku kabèh iki, samono kuwi yèn nganti bisa kalakon, aku ngarani yèn niyatmu mau ambêbayani bangêt.

Shadrach mangsuli sajak anggêgujêng: inggih mila ambêbayani, ananging kula ngintên, bilih têtiyang Inggris punika dede băngsaning[20] tiyang jirih.

Propesor Higgs anyêlani wicantên kanthi swara kêmèng, makatên: wong jirih, kaparat. Genea kowe wani kăndha kang mangkono kuwi. Kowe wêruh wong iki, (lan piyambakipun anudingi Sêrsan Quick, ingkang kala punika ngadêg jêjêg, angiringakên anggènipun pabênan wau. Lan mèh mangrêtos sadaya, punapa ingkang sampun kêlampahan), wong iki mung sor-soran bae, ewadene aku bisa kăndha mênyang kowe, yèn kêkêndêlanmu utawa kêkêndêlane wong Abati kabèh, ora madhani jênthike dhèwèke.

Sampunipun lajêng saluwir kalihan grunang-grunêng lirih: mugi-mugi makatêna: bandara.

Shadrach mangsuli botên tata, amargi piyambakipun sêngit sangêt dhatêng Propesor Higgs, lan Propesor Higgs ugi sumêrêp, bilih Shadrach punika satunggiling bajingan, kala-kala ugi ngêdalakên wicantênipun ingkang nyêngit dhatêng Shadrach. Wicantênipun pun Shadrach: panjênêngan punika pancèn umuk Tuwan Higgs, bilih panjênêngan punika sampun dhawah ing tanganipun tiyang Fung, kula sadaya badhe nyumêrêpi pundi ingkang lêrês.

Quick wicantên kanthi amikir: punapa kula kaparêng nêmpiling sirah-sirahipun sakêdhik kemawon.

(Badhe kasambêtan)

--- [221] ---

 


rêkasa. (kembali)
wusananipun. (kembali)
rumiyin. (kembali)
sarana dipun. (kembali)
inggih. (kembali)
wontên. (kembali)
botên. (kembali)
Kurang satu suku kata: sang aprabu panggalihe bangêt bingung. (kembali)
Kurang satu suku kata: sang aprabu nuli ngandika ngrêrapu. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: Mênurseta banjur amiwiti matur. (kembali)
11 Kurang dua suku kata: tujunipun gusti lajêng karsa mundhut. (kembali)
12 Kurang dua suku kata: lajêng lare gêsang malih. (kembali)
13 ingkang. (kembali)
14 Cariyosipun. (kembali)
15 dhatêng. (kembali)
16 sampun. (kembali)
17 pasareyanipun. (kembali)
18 wulan. (kembali)
19 Ananging. (kembali)
20 bangsaning. (kembali)