Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-31, #80

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-31, #80. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-31, #80. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 03-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 26, 9 Sawal Taun Jimakir 1858, 31 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Masjid Agêng ing Surakarta

[Grafik]

Untabing têtiyang bibar sêmbahyang Jumuwah. Ing dintên makatên wau, ing salêbêting masjid ingkang agêngipun samantên punika ngantos bêntêt kêbak tiyang.

--- 494 ---

Raos Jawi

Raosing sêrat-sêrat ingkang dipun rêmêni ing băngsa Jawi

Mirid ingkang sampun kêtingal ing ngakathah, tuwin kenging dipun wastani sampun kêlimrah, mênggah sêrat-sêrat ingkang dipun rêmêni ing băngsa Jawi punika namung wontên tiga, satunggal sêrat cariyos, kalih sêrat piwulang, tiganipun sêrat suluk. Sêrat tiga pisan wau mèh sabên tiyang tamtu srawungan.

Mênggahing sêrat cariyos, ingkang dipun rêmêni bab ingkang cariyosipun mawi pêprênesaning jalu wanita, punika tumrapipun tiyang Jawi anggènipun ngraosakên kenging dipun wastani ngantos kêlimrah, botên mawi pilih anèm sêpuh utawi lare, sadaya sami kêsêngsêm dhatêng cariyos ingkang kados makatên wau. Măngka manawi dipun manah panjang, cariyos bab sêngsêming jalu wanita, pancènipun botên wajib dipun waos ing lare, malah manawi dipun raosakên yêktos, sanadyan tiyang èstri inggih botên pantês maos sêrat ingkang suraosipun kados makatên. Nanging nyatanipun botên makatên, sadaya namung dipun waos tanpa mawi pamanahan punapa-punapa. Dados manawi makatên, cêcariyosan prênèsing jalu wanita punika namung manjing dados sêngsêm, dene ingkang nama awon, punika ing bab lekohipun ing têmbung, botêna mawi dipun cariyosakên, tiyang inggih sampun mangrêtos.

Sayêktosipun mênggahing sêrat cariyos Jawi, sêngsêming jalu wanita, punika sagêd nuwuhakên gêsanging cariyos, awit ing ngriku tamtu mawi nuwuhakên wontêning nyăndra ing warni, wangsalan, gambaran raosing manah tuwin sanès-sanèsipun. Kados ta manawi nyăndra jalu tuwin wanita, wiwit saking pucuk rambut ngantos dumugi pucuking kuku suku, sadaya mawi dipun wontêni pêpindhanipun, botên wontên ingkang kalangkungan. Tuwuhing căndra ingkang kados makatên wau, mênggahing tiyang Jawi lajêng sagêd mastani dhatêng warnining tiyang ingkang dipun wastani bagus utawi ayu, lan sagêd ngintên-intên dumugi pantêsing solah-tingkahipun pisan, tur solah-tingkah wau ingkang botên tilar ing kasusilanipun, saking tuwuhing raos ingkang kados makatên punika, tiyang lajêng kêdugi nelad dhatêng kawontênanipun, upaminipun, manawi èstri ruruh nelad Dèwi Wara Sumbadra, yèn gonas-ganès, Dèwi Banuwati. Dene manawi jalêr, yèn bagus alus, Radèn Janaka, yèn brêgas, Bambang-bambangan, pacaking nyandhang ngangge sarwa prasaja, nanging ngrêsêpakên dhatêng sawangan. Mirid laras ingkang kados makatên punika, kathah èmpêripun mênawi băngsa Jawi pancèn rêmên dhatêng prasaja.

Mênggahing wangsalan, punika encokipun inggih namung dhatêng sêngsêm. Tiyang adhakan sangêt rêmên dhatêng wangsalan, sok limrah dipun apalakên.

Dene bab gambaran raosing manah, limrahipun ingkang cumithak bab panggambaring lêlampahaning tiyang, upaminipun kasangsaraning putri sinrêtu ing kakung, utawi lêlampahan ing bab sangsara sanèsipun. [sanèsi...]

--- 945 ---

[...pun.] Punika ingkang kêgagas namung ing bab tuwuhing panalăngsa, dados pikantukipun badhe nênangi dhatêng solahing panarimah.

Ing sapunika ing bab sêrat piwulang, punika sanadyan botên kacariyosakên, sabên tiyang tamtu mangrêtos, bilih kajênging piwulang punika sae. Dene wulang wau tumrap tataning wulang lair pancèn nyata kathah ingkang sampun botên mathuk kanggenipun ing jaman sapunika, awit pancèn sampun sanès thuk-thukanipun, nanging tumrap kaalusaning kasusilan, tuwin tumrap ingkang taksih ngraosakên dhatêng raosing Jawi, tamtu amastani manawi sêrat piwulang punika taksih wêtah ayam botên wontên ewahipun, awit kajênging piwulang Jawi namung salugu nênuntun kasusilan wiwit wadhag dumugi alusipun.

Dene ing bab sêrat suluk, punika pancèn sampun manjing dados karêmênanipun tiyang Jawi, tuwin kenging dipun wastani manawi tiyang Jawi punika pancèn dhêdhasar tiyang ulah kabatosan. Mila tumraping sêrat suluk, sanadyan wontêna pintên kemawon, tiyang inggih taksih tansah rêmên, awit sampun mantêp ing manah, bilih sêrat suluk punika sawênèhing panuntun, ingkang nêdahakên dhatêng margi ingkang anjog dhatêng pêpadhang. Sintên ingkang anjajah maos sêrat suluk, inggih saya jajah sêsêrêpanipun dhatêng bab ginêm ulah raos. Malah wontên têmbunganipun tiyang Jawi, tiyang punika sanadyan botên sastra, nanging manawi sumêrêp dhatêng ngèlmi, taksih sagêd nunggil ing pakêmpalaning ngakathah. Punika bokmanawi inggih wontên èmpêripun, awit sabodho-bodhonanipun tiyang botên sastra nanging ngèlmi, rêmbagipun mêksa pratitis, dados têrangipun, cupêting kawruh dipun lintoni ing gêsanging budi.

Wontên sawênèhing tiyang cariyos, manggahing waosan Jawi punika ngêbosêni, awit wontênipun inggih namung warni tiga punika, tuwin amastani botên anggadhahi urut-urutaning wêwaosan, sadaya namung dipun carub kemawon, sêpuh anèm waosanipun inggih kados makatên punika.

Panacad ingkang kados makatên punika manawi dipun cocogakên kalihan kawontênan ing sapunika pancèn lêrês, awit mênggahing caranipun urut-urutaning maos lajêng botên sagêd ambedakakên, pundi ingkang dados waosaning lare, tuwin pundi ingkang dados waosanipun tiyang sêpuh, nanging sarêng dipun encokakên malih, sanadyan caraning kina têka inggih sampun ragi mathuk, inggih punika: sêrat wulang, kêgolong waosaning lare. Sêrat cariyos sapanunggilanipun, dados waosanipun tiyang diwasa, dene suluk dados waosanipun tiyang sêpuh.

Dene wontênipun sapunika lajêng wontên sêrat warni-warni, ingkang sampun pinilah-pilah kados wêdalan Bale Pustaka punika, nama dados kabêgjanipun tiyang ingkang manggih.

--- 496 ---

Ekonomi

Sukun

Sukun punika sawênèhing wowohan ingkang kêlimrah kasumêrêpan ing tiyang, nanging tumrapipun tiyang kitha bokmanawi awis-awis ingkang sampun sumêrêp uwitipun, awit limrahipun sukun punika tuwuhipun wontên ing padhusunan ingkang têbih saking kitha.

[Grafik]

Sukun punika kêgolong bangsaning kluwih, wujuding wit, godhong tuwin wohipun sampun plêk kaluwih, namung kaot woh sukun punika kulitipun alus. Dene sukun punika wohipun tanpa isi, wiwit salêbêting kulit ngantos dumugining ati namung daging thok, ingkang araos pulên kados bangsaning pala kêpêndhêm, ecanipun malah kêpara ngungkuli. Jalaran saking anggènipun tanpa isi wau, namanipun lajêng dipun sambut kangge namaning wowohan tanpa isi, ingkang lêrêsipun ngangge isi, kados ta: pace sukun, pisang kluthuk sukun, jambêt kêluthuk sukun, tuwin sanès-sanèsipun.

Sarèhning sukun punika tanpa isi, manawi tiyang badhe nanêm kêdah sarana rekadaya makatên:

Oyoding wit sukun ingkang cêlak ing wit kakêrukana sitinipun, miliha ingkang agêngipun sajêmpol utawi sadriji. Ingkang kalêrês tumèmpèl ing oyod agêng kakêthoka, saha dipun congatakên. Samăngsa oyod wau sampun sêmi lajêng kêtingal kados turus, oyod ingkang taksih kêpêndhêm lajêng sagêd oyod malih. Manawi sampun kêtingal sae gêsangipun, kenging lajêng kaputêr, mawi kakatutana siti ingkang kathah, lan sampun ngantos ambyar, oyodipun kakatutna sadaya, sasagêd-sagêd sampun ngantos pêdhot, dene lajêring oyod lami ikang[1] taksih panjang kenging lajêng kakêthok kemawon, namung mêndhêta sacêkapipun, waton oyod ingkang ngrêmpil sampun sagêd katut.

--- 497 ---

Pananêmipun kêdah milih papan ingkang tênggar, sampun cêlak-cêlak kalihan griya, awit sukun punika sawênèhing wit-witan ingkang sagêd agêng sangêt.

Sukun manawi sampun awoh, uwohipun kathah sangêt, sabên witipun saya mindhak agêng, wohipun inggih saya kathah, awit tuwuhing uwoh narucuk tuwuh saênggèn-ênggèn.

Sayêktosipun sukun punika sawênèhing wowohan ingkang kenging kangge lintuning rijêki, awit nuwuki, raosipun lêgi pulên, lêmêsan sangêt, purun dipun olah punapa-punapa, tumrap ingkang sêpuhipun cêkapan, kenging dipun criping, utawi dipun gorèng kandêl, dipun kêluwa utawi sanès-sanèsipun, malah sanadyan namung dipun godhog thok kemawon, raosipun sampun lêgi eca. Dene ingkang sêpuh ngantos jêne, punika salugunipun kêlêgèn tuwin ical pulênipun.

Ing Cirêbon limrah sukun wau dipun tape, wujudipun pating gluntung andêmênakakên.

Tumrap ing kitha-kitha, sukun punika kalêbêt awis rêginipun, satunggal ngantos pajêng gangsal wêlas sèn, ingkang agêng malah ngantos satangsul. Eman, dene sukun punika awis-awis wontênipun, bokmanawi jalaran saking angèling pêncaripun, utawi saking jalaran wit agêng, botên pantês dipun tanêma ing tiyang. Nanging manawi ngèngêti dhatêng pigunanipun, kados botên wontên awonipun manawi kapêncarakên, awit ugi nama sagêd dados gajuling sêkul.

Waosan Lare

Dongèng

[Asmaradana]

kasmaran dènnya miyarsi | caritane jaman kuna | ingkang minăngka purwane | ana sawijining janma | omahe doh lan kutha | Kyai Alid namanipun | nuju ing sawiji dina ||

Ki Alid langkung prihatin | rina wêngi pan mangkana | sabab arsa duwe gawe | ngislamakên sutanira | priya ingkang pangarsa | Ki Alid ing karsanipun | adol kêbo maring kutha ||

anulya budhal tumuli | anggawa kêbo satunggal | arsa dèn êdol kêbone | lan balănja saprêlunya | lumaku mung pribadya | lan tan gawa gaman iku | kocapa wus praptèng kitha ||

kêbo dèn êdol tumuli | marang Ki Alid punika | payu kalih dasa kêton | dhuwite pêcah lan pêthak | anulya winadhahan | ing kampil sadayanipun | nulya blănja marang pasar ||

sawusing blănja tumuli | dhuwit akèh turahira | Ki Alid anulya mulèh | sarwi manggul kampilira | lawan anggawa blănja | nganti sore lakunipun | kira-kira pukul papat ||

angambah anèng wanadri | ing kono têngahing alas | ana sawijining uwong | begal siji nunggang jaran | karo angliga pêdhang | Ki Alid mau kêpêthuk | tan nyana yèn iku begal ||

wong begal têtanya nuli | sira iku gawa apa | kaya gawa dhuwit akèh | lawan barang rupa-rupa | yèn sira arsa gêsang |

--- 498 ---

prènèkna kabèh gawanmu | Ki Alid kagyat tyasira ||

miyarsa begal dènnya ngling | Ki Alid enggal lumajar | datan kari gêgawane | karsanya lajêng mring kutha | wong kang begal angoyak | lan nêgarkên kudanipun | Ki Alid êmèh kêcandhak ||

nulya menggok ing wanadri | nusup-nusup têngah wana | gêgawan dèn singidake | ingurugan gêgodhongan | lan dhuwit nèng kampilan | sadaya tan ana kantun | Ki Alid anulya nyimpang ||

wong begal awas ningali | lamun gêgawan sadaya | siningidkên larahane | nulya mudhun saking kuda | kudanira cinancang | ngulati ing prênahipun | arta ingkang dèn singidna ||

ingosak-asik gènnèki | suwe ênggone ngupaya | Ki Alid nulya ge-age | nguculi cancangan kuda | darbèkira wong begal | tinunggangan kuda mamprung | cinamêthi sarosanya ||

trus rêpot mantri pulisi | ngaturakên yèn kabegal | ana ing têngah wanane | kagyat nimbali punggawa | nyêkêl begal nèng wana | gumrudug punggawa ngluru | Ki Alid kang tuduh marga ||

ananging datan pinanggih | punggawa nulya tur pirsa | dhatêng pangagêng kithane | lamun begal tan kêpanggya | wus katur sadayanya | pangadilan nulya dhawuh | mring Alid saiki sira ||

anunggua têlung ari | lamun begal tan kêpanggya | jarane kowe kang darbe | lawan saprabote pisan | iku putusan ingwang | Ki Alid suka tyasipun | anganti ing têlung dina ||

wong begal mêksa tan panggih | turăngga sapirantinya | banjur Ki Alid kang duwe | turăngga gêdhe tur rosa | lapak alus katingal | jro lapak ana barênjul | kanthong isi wadhah arta ||

nulya binrengkal tumuli | ana pistule prayoga | kira-kira rêgane slawe |[2] dhuwite kêrtas lan pêthak | nulya ingambil sigra | ingetang pan ana satus | Ki Alid suka ing driya ||

Suwarja, G.d. Têmanggung. Wêlèri.

Kawruh Warni-warni

Jodho

Mênggah caranipun tiyang jêjodhoan, kados tumrapipun băngsa punapa kemawon, pangangkahipun inggih sami, prêlunipun pados ingkang mathuk. Dene tumrapipun băngsa Jawi, pamilihing bojo punika wontên ingkang makatên:

1. Ingkang sae bêbudènipun,

2. Putraning priyantun,

3. Ingkang sanès turuning tiyang ingkang gadhah sêsakit nular,

4. Ingkang sugih,

5. Ingkang ayu.

Pilihan gangsal prakawis punika jaragan namung ngajêngi dhatêng saenipun thok, nanging pilihan wau taksih golongan cara kina, tumrapipun ing jaman [ja...]

--- 499 ---

[...man] sapunika, ing bab gangsal prakawis wau dipun santuni dados:

1. Ingkang pintêr,

2. Putraning priyantun, utawi tiyang sae,

3. Ingkang saras,

4. Punika pamilih sampun mèh botên kangge,

5. Ingkang ayu.

Sayêktosipun pilihan sadaya wau taksih nama ancêr-ancêr, têgêsipun sanadyan nyatanipun sampun kêcandhak sadaya, dèrèng tamtu manawi dados pamarêmipun ingkang mêngku, dados têtelanipun ingkang nama jodho punika kenging dipun wastani botên gampil, awit têmbung jodho makatên têgêsipun srêg, măngka srêging tiyang jêjodhoan punika pinanggih manawi sampun dipun lampahi, awit tuwuhing sihipun tiyang jalêr dhatêng ingkang èstri punika sababipun warni-warni, malah wontên ingkang jalaran saking ingkang èstri tansah sakitên, lajêng tuwuh sihipun, dipun eman-eman kados barliyan. Wontên malih jalaran saking anggènipun tansah kêmlaratan, malah angrêntahakên sih. Sawênèh malih jalaran saking awoning warninipun ingkang èstri, malah ingkang anjalari tuwuhing sih ingkang kêkêtogan.

Makatên ugi kosokwangsulipun mênggah tumraping èstri, inggih botên oncat saking raos kados makatên punika.

Mênggah kajênging tiyang sêpuh anggènipun damêl ancêr-ancêring pamilih makatên wau, namung kêbêkta saking trêsna dhêtang anak, sampun ngantos manggih pituna ing gêsangipun, mila manawi sagêd, pathokan gangsal prakawis punika sagêda kêcêpêng sadaya. Dene manawi kasêmbadan sadaya, tiyang èstri ingkang dipun pilih wau nama: tiyang ayu putraning priyantun, saras tur sugih, sampun tamtu kemawon ingkang gadhah bojo anggalênggêm sangêt.

[Grafik]

Mirid urut-urutaning pilihan, bokmanawi para sêpuh inggih sampun kanthi panggalihan:

Manawi ingkang kêpilih saening bêbudènipun, sanadyan botên kanggenan ingkang kawan prakawis, inggih sampun nama prayogi, awit saening bêbudèn punika sagêd angasorakên dhatêng ingkang kawan prakawis wau, marêmipun ingkang mêngku, dene bêbudènipun ingkang èstri tansah dados pangalêmaning ngakathah.

Manawi ingkang kapilih bab anaking priyantun, ingkang mêngku kêdunungan pamarêm, dene ingkang èstri [è...]

--- 500 ---

[...stri] kêwical bangsaning tiyang naluri, sabotên-botênipun inggih taksih binedakakên ing tiyang.

Manawi ingkang kêpilih kasarasanipun, ingkang jalêr gadhah pamarêm, dene ingkang èstri badanipun kêtingal thipluk-thipluk, lan kasarasan punika sajatosipun inggih satunggiling kabêgjan.

Manawi ingkang kêpilih sugihipun, sênêngipun ingkang mêngku, dene gêsangipun tansah tinêngga ing katêntrêman, awit kasugihan punika sajatosipun inggih satunggaling kanugrahanipun tiyang wontên ing donya.

Dene manawi ingkang kêpilih ayunipun, punika sampun lêrês sangêt, awit sampun wontên têtêmbunganipun, tiyang ayu punika pasihaning Allah, têgêsipun tansah damêl karênanipun ingkang ningali, dados tamtu kemawon tumrap tiyang ingkang mêngkoni tansah manggih pamarêming manah.

Dados têtela manawi satunggal-satunggaling bab punika sampun sagêd adamêl pamarêm, saya saupami kadunungan titipan sanès-sanèsipun malih, tamtu saya prayogi.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih tuwuhing sihipun tiyang jalêr punika jalaranipun warni-warni, tiyang botên sagêd angêbabi kêtarik saking punapanipun.

Kados gambar ing sisih punika, punika gambaring para wanita băngsa Inggris ingkang sami balapan lumajêng nuju jawah. Tumrap raosing tiyang jalêr ingkang nyawang, pamilihipun dhatêng titiking wanita ingkang sami kêtingal ing ngriku tamtu warni-warni, wontên ingkang kêtarik saking bantêring plajêngipun, wontên ingkang kêtarik saking nyumêrêpi kasantosaning badanipun, wontên malih ingkang kêtarik saking warni.

Dados mênggahing wosipun, bab mathuking jêjodhoan punika pinanggihipun manawi sampun kalampahan. Dene tumrap ingkang badhe anglampahi, sampun ngantos tilar pamilih, awit sabotên-botênanipun, plèsèding pamilih punika mêksa ngungkuli ingkang namung awur-awuran.

Kabar Sanès Praja

Tindakipun Sang Prabu Amanullah, Nata ing Aphganistan, dhatêng tanah Eropah.

Ing Kajawèn kala rumiyin kados sampun nate anyariyosakên sawatawis mênggahing tindakipun Sang Prabu Amanullah, Nata ing Aphganistan dhatêng Eropah, prêlunipun sumêdya anitipriksa kawontênan-kawontênan ing ngrika, ingkang kenging saha pantês tiniru ing para kawula Aphganistan. Makatên ugi sampun kacariyosakên, bilih tindakipun sang prabu kanthi kadhèrèkakên ingkang garwa tuwin para santana sanès-sanèsipun, lan sang prabu sagarwa saha para pandhèrèkipun wau sami angrasuk busana cara Eropah, ingkang anjalari ngungunipun para kaum muslimin ing saindênging bawana. Ing samargi-margi sang prabu sagarwa tuwin para pandhèrèkipun tansah tinampi kanthi pahargyan kados sacaraning [saca...]

--- 501 ---

[...raning] nata katamuan sasamining nata, saha wontênipun ing satunggal-satunggaling nagari, sang nata botên kêndhat tansah amriksani punapa-punapa kanthi taliti, awit kaparêngipun sang nata, anggènipun tindak pêpara punika prêlu badhe anjêmbarakên polatan, ingkang ing têmbenipun sagêda mêndhêt wohipun kagêm amêwahi kalangkunganipun praja Aphganistan. Ing măngka dhasar nyata, bilih kawontênanipun ing tanah Eropah punika kathah sawangan, kagunan tuwin pakaryan ingkang pantês sangêt tinulad wontên ing prajanipun, mila tindakipun sang prabu wau ing samargi-margi nama tansah manggih karênan, ingkang pikantukipun agêng sangêt, makatên ugi kosokwangsulipun tumrap para nata ingkang dipun paratamoni, ugi sami rêna ing galih anampèni rawuhing narendra ingkang kagungan dhêdhasar panggalih ngudi dhatêng kamajêngan, saha nêtêpi ebahing jaman.

[Grafik]

Sri Narendra Aphganistan nalika rawuh wontên ing Paris

Nalika Prabu Amanullah rawuh ing Itali, tangkêpipun Prabu Emanuel, Nata ing Itali, sakalangkung angrêsêpakên, sang nata tansah nêdah-nêdahakên dhatêng kawontênan-kawontênan ingkang adamêl panujuning tamu, kenging dipun wastani bilih sri narendra kêkalih tansah gêgandhengad.[3] Makatên ugi Sri Nata Amanullah wontên ing ngriku tampi nisungsung[4] oto alapis waja saking Sang Mosêlini, ingkang sakalangkung awig ing pakirtyanipun. Nalika sang nata nampèni pisungsung wau sakalangkung anglêgakakên, kêtingal anggènipun karênan ing galih, lajêng kaparêng naliti dhatêng kawontênaning oto wau, sampun tamtu kemawon pisungsung ingkang kados makatên wau tinampi dados tăndha supêkêting pawongmitranipun praja.

Makatên ugi sarêng tindakipun Prabu Amanullah dumugi ing Paris, wontên ing ngriku tinampi kanthi pahargyan, sri narendra sakalihan dipun papag ing oto dening presidhèn Doemergue wontên ing sêtatsiun Bais de Boulogne wontên ing ngriku sang nata inggih manggih karênan.

Sadumugining praja Bèlgi, sang nata dipun papag ing Burgêmistêr ing kitha Bergen. Wontên ing ngriku Burgêmistêr maos pamahargya wilujêng rawuhipun sri narendra wontên ing praja Bèlgi, Pangeran Leopold ing Bèlgi ingkang anjurubasani. Kathah suraosing sêsorah ingkang dipun lairakên wontên ing ngriku.

--- 502 ---

Kacariyos ing sapunika tindakipun Prabu Amanullah sampun dumugi ing praja Inggris, mila ing ngriki prêlu nyariyosakên kawontênanipun ing ngriku ragi sawatawis.

[Grafik]

Prabu Amanullah nalika rawuh ing praja Bèlgi, 1. Prabu Amanullah, 2. Pramèswari Soeraya, garwa nata, 3. Pangeran Leopold ing Bèlgi.

Rawuhipun Prabu Amanullah wontên ing Londhon, dipun tampèni kanthi pakurmatan ingkang langkung saking mêsthi, Sri Nata Inggris sakalihan pramèswari, kanthi para lid kabinèt Inggris tuwin para pangeran sanès-sanèsipun, sami mêthuk wontên ing Sêtatsiun Victoria. Nalika kapal Maid of Orleans dumugi ing Dover, Pangeran Adipati Anom ing Inggris piyambak sapandhèrèk ingkang mapagakên.

Sri Nata ing Aphganistan mangagêm cara militèr kabangsan, dene sri pamèswari mangagêm cara Eropah. Têtamu agung wau anggènipun maratamu wontên ing Inggris ngantos gangsal wêlas dintên, lêrêm wontên ing Claridge Hotel, nyewa kamar sèkêt iji, ingkang sarwa nyêkapi kagêm palêrêmaning nata.

Kacariyosakên, bilih kalangkunganipun Nata Aphganistan punika kados kawaskithaning lêluhur ingkang asma Èmir Abdulkan. Miturut pangandikanipun, rawuhipun sang nata wontên ing Eropah prêlu badhe ngajêngakên prajanipun ing bab sêpur, margi-margi oto tuwin sanès-sanèsipun, kados ta: pigunaning lèpèn-lèpèn, ugi badhe ambikak pamêlikan têmbaga, êmas, salaka tuwin timah, ingkang kacariyosakên, bilih ing prajanipun pancèn kathah.

Ing bab kamajênganing praja, wiwit sajumênêngipun sang

--- 503 ---

nata punika, kenging dipun alêmbana ing enggalipun. Bab kêkahing pamanahanipun têtiyang siti kados sacaraning kina, sampun ewah santun dados sabar tuwin anggatosakên dhatêng ulah kabudidayan tuwin têtanèn, punapadene bab among dagang. Ing praja agêng-agêng ing Eropah sampun dipun wontêni agèn-agèning among dagang sudagar-sudagar băngsa Aphganistan piyambak, prêlu analiti barang-barang ingkang sagêd majêng wontên ing tanah Aphganistan.

Dados sapunika têtela bilih tindakipun nata ing Aphganistan wontên ing tanah Eropah punika, mêngku pikajêngan tuwin piguna agêng sangêt tumrap praja ingkang dipun wastani kantun ing kamajênganipun. Mila sintên kemawon pantês sangêt mangalêmbana dhatêng kaparêngipun nata ing Aphganistan wau.

Pitakenan

Kula nuwun, bilih wontên sih kawêlasanipun tuwan up rêdhaktur, kula nyuwun pitêdah bab ingkang badhe katêtêpakên dening pamarentah benjing wulan Mèi taun punika, inggih punika lid dhusun ingkang nami kisêr lan kisman, punika kuwajibanipun punapa, utawi padamêlanipun kadospundi. Pramila kula nyuwun pitêdah, awit saking rancanganipun tiyang ing dhusun kula piyambak, kula dipun pilih kadadosakên kisêr[5] ingkang punika mugi ing Kajawèn kapacaka katranganipun punika lid dhusun, dados kula sadaya sagêd mangêrtos dhumatêng kuwajibanipun punika, kisêr tuwin kisman. Awit ing Apdhèling Kêdhiri sadaya dhusun-dhusun katêtêpan punika lid dhusun.

Ing wusana kula tansah angajêng-ajêng pitêdahipun tuwan up rêdhaktur.

Langganan No. 2297.

Wangsulan

Mênggah bedanipun kisêr kalihan kisman punika makatên:

Kisêr, punika têtiyang sadaya, ingkang sampun ngumur, sarta kawajibakên milih tiyang jalêr golonganing dhusun ngriku ugi, ingkang badhe kacalonakên dados sawung milih lid rêgènsêkap rad.

Kisman, punaka[6] tiyang ingkang kapilih dening kisêr kasêbut nginggil. Ing sabên tiyang gangsal atus, wênang ngwontênakên kisman satunggal.

Red.

Pawartos saking Rêdhaksi

Kadosdene adat ingkang sampun kalampahan sabên badhe tumapaking kwartal enggal, nalika tanggal kaping 27 wulan Marêt punika, administrasi sampun ngintunakên blangko pos wisêl minăngka pamêthuking yatra langganan tumrap kuwartal kaping kalih punika.

Murih sampun kacuwan ing galih margi kêtêlasan salah satunggiling nomêr Kajawèn, panyuwun kula dhatêng para prayantun ingkang rumaos dèrèng nyêkapi wajib, mugi kaparênga tumuntên ngintunakên.

Panampi kula yatra langganan wau botên badhe kawartosakên ing udyana Kajawèn kados ingkang sampun, awit kathah ingkang botên nayogyani krana nêlasakên panggenan. Saugi Kajawèn botên mogok pisowanipun, punika mracihnani manawi ingkang dipun sowani wau sampun nyêkapi kuwajibanipun.

Kawuningana.

Adm.

--- 504 ---

Rêmbagipun Garèng lan Putruk

Rêmbagan bab sêmbah

Petruk : Ora Kang Garèng, bok coba aku kok barkahi kawruhmu Jawa sing mêncit-mêncit pisan.

Garèng : Wiyah, ana wong ngomong kathik dibanjur-banjurake kaya mèngklèkke ngono, tak arani rak arêp ngêmplèk-êmplèk kêtêpu. Mara, aja rikah-rikuh, lairna bae apa sing arêp ko takokake.

Petruk : Ora Rèng, aku kiyi sabênêre tansah ngungun, dene sajroning lêbaran (Sawalan) akèh bangêt wong padha sêmbah-sêmbahan. Sarèhning karêpe lan katranganing bab sêmbah kuwi aku durung mangrêti, mula aku bok iya wènèhana katrangan, supaya aku yèn prêlu nyêmbah marang dara-dara lan marang Rama ora mung sêmbah mèlu-mèlu.

[Grafik]

Garèng : Iya Truk, wis bênêre kowe takon bab sêmbah marang aku, awit kowe kuwi bocah ênom, dadi pancèn prêlu mêruhi dununge lan katranganing bab sêmbah. Murih aja slura-sluru sêmbahmu. Mara tak têrangake, jêpipingna kupingmu, cêngirna lambemu.

Petruk : Yak, kok nganti kaya wêdhus, nganggo kon nyêngirake lambe barang. Wis, nuli wiwitana.

Garèng : Wong nyêmbah, kuwi lumrahe, èpèk-èpèke rak ditangkêpake dadi siji ta, driji gathuk, jêmpole anjêngat ditumpangake ing pucuk irung. Kuwi karêpe èpèk-èpèk kiwa, pasêmon kalairan, èpèk-èpèk têngên, pasêmon kabatinan, ditangkêpake dadi siji driji gathuk, kuwi pasêmon wis dikêmpêlake lair batine, jêmpol loro ditumpangake ing irung, kuwi pasêmon kêmpêling lair batine dikatokake, dadi karêpe, lho, kuwi kabèh panêmuku dhewe, yakuwi nuduhake sih trêsna lan wêdine apa manèh kanggo nglairake ing panuwune marang wong kang wajib disêmbah mau.

Petruk : Sanajan kiyi mung saka pabrikmu dhewe, ananging barêng tak gagas-gagas kok iya rada mathuk, apa manèh tangan kiwa dadi pasêmon kalairan, kuwi têka cocog bangêt karo apa sing wis dak alami, yakuwi mangkene: sawijining wêngi aku kiyi turu ngimpi anglinggihi tlethong bayi sathekruk, barêng esuk andadak aku olèh rêjêki pirang-pirang.

Garèng : We, lha, mumêt wêtêngku, ngrungu calathumu sing pating brêndhil mangkono kuwi, ana tangan kiwa pasêmone kalairan, têka digathukake

--- 505 ---

karo kotoran lan rêjêki pirang-pirang.

Petruk : Ngene Kang Garèng, miturut tandhane wong ahli impèn, sing sapa wonge ngimpi kaya aku mau, nyêkêl rêrêgêdan lan sapanunggalane, bakal olèh rêjêki akèh, kuwi jalaran wis dadi kalumrahan, saupama aku kabênêr anyewoki bayi, sing tak anggo nyewoki mêsthi tanganku sing kiwa, dudu tangan sing têngên. Mula tangan kiwa kuwi dadi pasêmon kalairan bae, awit sakabèhing donya brana, iku mung kanggo ing kawadhagan, ora kêna kanggo ing kabatinan, malah yèn ditumrapake ing kabatinan, mung bakal mêtêngi lan nutupi pêpadhanging dalan kang anjog marang akirat.

Garèng : Kuwi rak mung panêmune wong mlarat kaya aku lan kowe bae, wong kang sugih donya brana têmtune iya beda panêmune, malah aku wis tau krungu calathune wong sugih mangkene: donya brana kuwi bisa agawe luwih santosa imaning wong kang lagi ngibadah.

Petruk : Hêm, calathune wong sugih kang kaya mangkono mau, iya ana bêcike, ananging iya ana alane, bêcike jalaran bisa ngêningake ciptane, amarga ing sarèhning uwis sugih donya brana, dadi ora tansah ditangisi bojone, amarga kêpengin duwe suwêng blong lan susuk kondhe ngawe-awe, utawa manèh ora tansah ditangisi anak-anake, amarga kêndhile mêngkurêb. Kosokbaline, wong sugih sok ora bisa wêning atine, amarga tansah eling mênyang donya branane bae. Kaya ta: lagi sêmbahyang bae, pikirane banjur gumyur, amarga krungu unèn-unèn mak krudhuk, disêngguh maling ambukak pêthine wadhah dhuwit, utawa kucing ambukak lêmari arêp gondhol ngengehane wungkusan brutu. Dadi cêkake santosaning iman, kuwi ora marga saka sugihe utawa kamlaratane, ananging gumantung saka awake dhewe.

Garèng : Wis, wis, sanajan rêmbug iki rada angêlangut, ananging têka banjur nyêbal karo rêmbug kang sêkawit, mulane luwih bêcik dak banjurne caritaku ing bab sêmbah mau. Mungguh sing diarani nyêmbah kuwi ana têlung warna, yaiku: nyêmbah suci, nyêmbah pasrèn, lan nyêmbah kamelikan.

Petruk : Id, sari lae, ana nyêmbah bae têka ana nyêmbah suci, nyêmbah pasrèn lan nyêmbah kamelikan. Mungguh sing diarani nyêmbah suci kuwi sadurunge apa kudu kramas utawa saora-orane iya kudu wulu dhisik.

Garèng : Lho, kuwi ora samono, sing diarani nyêmbah suci kuwi nyêmbah sing kalayan lair batin têmênan, kaya ta: karo si rama lan si biyung, utawa karo wong liya-liyane, kang pancèn kotrêsnani, lan kowêdèni kanthi lair batin, dadi anggonmu nyêmbah iya kanthi ati suci têmênan, ora anduwèni pangajab apa-apa babarpisan, kajaba mung arêp ngatonake trêsna lan wêdimu bae.

Petruk : La nèk sing diarani nyêmbah kanggo pasrèn kuwi apa sing nyêmbah nganggo disêrot karo irunge kae. Utawa anggêr muni: ênjih, banjur nyêmbah teplêk, ênjih, teplêk.

Garèng : Lho, ora mangkono, sing diarani [dia...]

--- 506 ---

[...rani] nyêmbah pasrèn, kuwi wong kang duwèni atur, sabên sapadane disêlani nganggo nyêmbah, sapada manèh disêlani nganggo nyêmbah manèh, mangkono satêruse, upamane gamêlan mono, sêmbahe mau minăngka gonge.

Petruk : Gandrik putune Kramaleya, dadi sêmbah kuwi iya ana sing mung kanggo pamantês bae, hla nèk nyêmbah kamelikan, kuwi aku ngrêti, amarga aku dhewe wis tau anglakoni. Nalikane aku dadi juru tulis wadana, wis tau kalakon aku ngêntèkake dhuwit potong, kala samono bêndara wadana ora susah andangu, lagi mriksani bae, aku iya banjur sèdhêp nyêmbah, apa manèh nèk aku nganti didangu, sêmbahku iya dhrindhil tanpa lèrèn têmênan, lêlakonku kang mangkono nganti aku bisa nglunasi dhuwit potong sing tak anggo mau, sauwise sêmbahku sing dhrindhil mau iya banjur tak jabêl manèh.

Garèng : Iya pancèn mangkono mungguh karêpe nyêmbah kamelikan kuwi. Wis padha dilèrèni samene dhisik, besuk manèh tak critani, sapa sing wajib disêmbah kuwi.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ăngka 25

XVIII.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kawontênanipun ekonomi

Ăngka-ăngka wau anelakakên, bilih pamarentah Sopyèt punika sakêdhik sangêt anggènipun sagêd ambudidaya dhatêng pangajaran tuwin panjagining kasarasanipun kawula, sanadyan sadaya ingkang kacariyosaksên punika sae-sae tuwin utami sêdyanipun. Botên beda kalihan nagari-nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê, makatên ugi ing ngrika arta nagari dipun pigunakakên ingkang nomêr satunggal kangge mragadi kawontênanipun saradhadhu, kajawi punika ugi kangge wragadipun kantor ingkang agêng-êgang saha ingkang anggadhahi punggawa kathah sangêt. Ing taun 1927 arta nagari kangge wragadipun Dhepartêmèn Pangajaran, dhepartêmèn tumrap kasarasaning kawula lan sanès-sanès kapêrluan ingkang gêgayutan kalihan kamajênganing tiyang ing tanah Ruslan wontên 254 yuta, tumrap wragading administrasi sanèsipun kintên-kintên 700 yuta, lan tumrap kapêrluwaning militèr 645 yuta rubêl, dados 40 % tumrap kapêrluwaning militèr, dene tumrap kapêrluan ingkang adamêl ajênging kawula namung 15%. Têtandhingan ingkang makatên punika sanès sangêt kalihan têtandhingan ing nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê, tuwin sadaya wau jalaranipun botên sanès amargi saking saklangkung andhaping pangasilanipun. Arta nagari botên wontên langkunganipun malih, dados inggih lajêng botên sagêd ngêdalakên arta langkung kathah malih.

Makatên ugi pamêdalipun para tani inggih sakêdhik sangêt, 9/10 nipun para tani anggadhahi pamêdal radin-radinipun 25 rubêl ing dalêm sawulanipun, lan namung 1/10 nipun ingkang pamêdalipun langkung kathah.

Para kawulanipun ingkang kathah sami mlarat sangêt. Tiyang ingkang dhatêng ing tanah Ruslan, manawi botên ngêmungakên aningali kawontênanipun margi-margi agêng ing kitha Mosko, ananging lajêng amrêlokakên ningali sanès-sanèsipun, mêsthi inggih lajêng sumêrêp kemawon, kawontênanipun kamlaratan umum ing bab panganggenipun, kawontênaning isèn-isènipun griya ingkang saklangkung prasaja sangêt, punapa malih kawontênanipun ing pundi-pundi ingkang saklangkung rêgêd sangêt, punika [pu...]

--- 507 ---

[...nika] sadaya botên sagêd dipun umpêtakên. Minăngka satunggiling pasêksèn ingkang cêtha sangêt, bilih kawontênanipun têtêdhan ing pundi-pundi mundur sangêt manawi dipun timbang kalihan kawontênanipun kala ing taun 1913, ing ngriku sagêd katingal amargi saking kathahing para kaum bêrah ingkang sami sakit. Pambayaripun kabudidayan dhatêng asuransi pananggêl tiyang sakit, punika ngantos 12 dumuginipun 15% saking gunggunging blănja ingkang kabayarakên. Lan arta samantên kathahipun wau, têlas sadaya kangge mulasara têtiyang sakit, kangge wragadipun griya sakit tuwin sanès-sanèsipun. Kintên-kintên 8% saking cacahipun para kaum bêrah punika sami sakit lajêngan kemawon, lan ing pamêlikan papan panyambutdamêlanipun Tuwan Baars, Tuwan Baars wau sêring sangêt rêrêmbagan kalihan para dhoktêr, dene para dhoktêr-dhoktêr sami suka katrangan, bilih têtiyang samangke punika kirang sangêt kêkiyatanipun tumrap anyambutdamêl wontên ing pamêlikan ingkang saklangkung awrat punika.

Manawi katitik kawontênanipun pangasilan ing saindênging nagari, ing ngriku sagêd kacariyosakên, bilih gunggunging sadaya barang-barang, ingkang kawêdalakên ing tanah Ruslan saha ingkang awarni arta lajêng kabagi dhatêng para kawula, punika saklangkung sakêdhik sangêt, ngantos gêsanging tiyang langkung saking mlarat sangêt.

Makatên ugi lajêng kasumêrêpan, bilih sadaya-sadaya botên kenging katêlas-têlasakên. Samangke sabên taun-taunipun angèngèhakên arta sèwu yuta rubêl tumrap gantosing kêkiranganipun rêgining mêsin-mêsin tuwin tumrap yasa pabrik-pabrik enggal. Ing ngriki sampun têtela, bilih punapa ingkang sampun katindakakên punika satunggiling pangajaran ingkang anyakiti. Kalanipun griya-griya tuwin mêsin-mêsin sawatawis taun laminipun dipun lêmparakakên, ing ngriku lajêng kasumêrêpan, bilih jalaran patrap ingkang makatên punika sadaya wau têmtu badhe risak babarpisan. Sarana mêsin-mêsin ingkang risak lajêng botên sagêd anggarap barang-barang ingkang sae, sadaya-sadaya rêginipun lajêng awis sangêt, jalaran sapalihing wêkdalipun sadaya panggaotan kêdah dipun kèndêli, amargi kêdah andandosi mêsin-mêsin ingkang risak wau. Ingkang makatên punika kawontênaning pangasilan ingkang sabên taunipun kêdah dipun bagi-bagi saha ingkang amujudakên satunggiling pon, ingkang dados panggêsanganipun sadaya tiyang, punika lajêng mundur sangêt. Samangke lajêng mêndhêt lampah sanès, saha angèngêti, bilih mêsin-mêsin punika sagêd gêrang, tuwin sasampunipun sawatawis măngsa kêdah ngawontênakên mêsin-mêsin enggal malih, ingkang makatên wau kêdah lajêng mirunggakakên arta. Makatên ugi arta ingkang prêlu kangge ngagêngakên kabudidayan, kêdah mirunggakakên saking pangasilan ing dalêm sataun-taunipun.

Sajatosipun ingkang makatên punika sadaya sampun ngêplêki kemawon kalihan kawontênan-kawontênan ing nagari-nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê. Amargi bêbathèning kabudidayan ingkang dening para sosialis tuwin para komunis sarana patrap mirah-mirahan sami kacobi murih tuwuhing bêbênteran, punika namung sabagian alit sangêt ingkang dipun pigunakakên dening para ingkang sami anggadhahi kabudidayan-kabudidayan wau. Dene bagian ingkang agêng, punika dipun anakakên malih, têgêsipun: kangge pokoking kabudidayan-kabudidayan enggal, utawi kangge angagêngakên ingkang sampun wontên. Tumrap angagêngakên kawontênanipun kabudidayan, mênggahing tanah Ruslan ingkang wênang ngêlong sabagian saking angsal-angsalaning kabudidayan ing sataun-taunipun, punika pamarentah, ananging ing nagari-nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê, punika para partikulir piyambak.

Kados botên wontên ingkang badhe botên angakêni, bilih ing tanah Ruslan, kawontênanipun kabudidayan-kabudidayan prêlu kêdah dipun agêngakên.

Ingkang makatên punika, botên ngêmungakên kawontênaning pangasilan nagari kemawon ingkang kêdah mindhak, jalaran tiyangipun sabên taunipun tansah wêwah 22%, ingkang anjalari wêwahing têtiyang ingkang kêdah dipun ingoni tuwin dipun sandhangi, amila Ruslan ugi ambudidaya murih sagêdipun nusul dhatêng nagari-nagari sanèsipun mênggahing prayoginipun panggaraping barang-barang, têgêsipun: tiyangipun ingkang mara damêl dipun kirangi, ananging angsal-angsalanipun kêdah sami. Makatên ugi ing nagari Sopyèt tumrap para kaum bêrah kadadosanipun inggih botên beda kalihan ing nagari-nagari kapitalis, inggih punika manawi ing ngriku dipun wontênakên pirantos-pirantos mêsin kangge ngusung barang, utawi dipun wontênakên mêsin-mêsin kangge adamêl rokok sigarèt, punapa malih ing ngriku lajêng dipun wontênakên pirantos kangge amêcahi sela-sela, ingkang limrahipun namung dipun pêcahi ing tiyang mawi pukul bêsi kemawon, ingkang makatên wau panganggenipun dhatêng kaum bêrah lajêng botên prêlu. Ing tanah Ruslan sampun katêtêpakên, bilih para kaum bêrah, ingkang dipun kèndêli jalaran wontên sabab ingkang prêlu sayêktos, punika lajêng pikantuk karugian saking kabudidayan kathahipun miturut balănja ing salêbêtipun nêm minggu. Ananging sasampunipun nêm minggu wau, kawontênanipun para ingkang sami botên nyambutdamêl tamtu inggih lajêng wêwah kathah.

(Badhe kasambêtan)

Mripat

Mripat kang awas iku bisa nyampurnakake pandulu, nanging sampurnaning pandulu iku sok anuwuhake sabab, awit mripat sêdyane mung arêp andulu rêrupan bêcik, samăngsa wêruh rêrupan kang ora bêcik, sok banjur angrêmi. Mula bênêr sok nganggo klilipên barang, idhêp-idhêp tumănja dadi ukumane.

--- 508 ---

Watêking Bumi

[Dhandhanggula]

lir mangungak asrining jaladri | pêpongoling bawana kawuryan | ngrêspatèni mêmanise | mungguling watu-watu | lir sêsètu ngalangi warih | kukuh sarwa santosa | datan pisan kengguh | tinêmpuh ombaking toya | kang gumulung wutah têpining jaladri | katon sumawur seta ||

gumuruhing alun tanpa srênti | kongsi katon toyaning samodra | yayah kinêbur anane | kadi pindhaning satru | adrêng dènnya tumêmpuh biting | sumarma tanpa mêndha | ngayati panggayuh | sanadyan mung tansah kontal | nanging kukuh tan pisan nêdya ngêndhoni | ing kasantosanira ||

nanging bumi dènnya nanggulangi | mung rinasa sasakecanira | nadyan asru panêmpuhe | malah têlêsing banyu | pan rinaras amikantuki | ngasrêpi kang bawana | ing satêmahipun | sarasanira kang kisma | lir kawratan dènira angandhêg wiji | kang rumêsêp ing angga ||

[Grafik]

sêdyanira lir nguwalna nuli | mrih ywa anggung jiwane kanggonan | rêrêgêd kang tanpa gawe | awit sajatinipun | ingkang kisma lumuh kêpati | yèn ta kêpotangana | marma parikudu | nglairkên dènnya kanggonan | gumêlar nèng donya dimèn ngrêspatèni | ngrêrêngga jagad raya ||

sanggyèng sarah kang anjrah ing siti | myang rêrêgêd kang dinohan janma | sinrahakên ing dhèwèke | tinampi nir sêsiku | malah kamot nunggal sawiji | ingulah têmbenira | têmah dadya rabuk | makolèhi têtuwuhan | kang sumusup manjing angganirèng bumi | pinardi mrih widada ||

tanpa kêndhat angandhut pakolih | sanadyan ta kaananing kisma | mring janma datan ginawe | pinèt ing pedahipun | nanging lumuh yèn tan mèt kardi | ywa kongsi ngênthak-ênthak | tan ngrêsêpkên kalbu | marma tan ketang têmahan | angganira mung kèbêkan ing bayêm ri | mêksa ngrênggèng bawana ||

awit tuhu tanduking pangèksi | maksa maksih adarbe pangraras | mring warna ijo rêsmine | datan kadi pandulu | kang anon mring bêraning siti | yêkti kawuryan tuna | sêngsêmirèng kalbu | kang kadyèku têtêpira | utamaning luwih ambêgirèng bumi | lumuh kadananana [kadanana...]

--- 509 ---

[...na] ||

apan kadi kang kawarnèng tulis | pêpongoling kang sela kawuryan | kadi tan ana manise | mung yèn ginagas têrus | lir numusi rasaning ati | ngraras srining bawana | kang katon kêlangut | mirid ing kaananira | punang kisma dènira nêdya ngrênggani | rarasirèng sawangan ||

duk ing dangu sela kang tumawing | katutupan sumawuring kisma | têmah nasabi ing têmbe | ing diwasane tuwuh | thukulan lit anguciwani | nanging wusing ngrêmbaka | sêngsême kadulu | pindha narendra sewaka | ngungak maring lumahira kang jaladri | nglangut tanpa wêkasan ||

sumamaring punang nuswa alit | pindha wadya sumiwi ing nata | kang tan parêk sewakane | katon konjêm mabukuh | tanpa mosik amangênjali | dene risang narendra | siniwakanipun | umunggul nèng palênggahan | kang kawuryan mungging papan dahat sungil | ewuh pinarêkana ||

dening nyata sri nata linuwih | kang kawasa ngayomi bawana | satibaning pangwasane | anggung obah sumiyut | tinêmpuh ingkang angin ngidit | lir nêbar kanikmatan | maring bawana gung | silir-siliring maruta | têmah mawèh adhêm ngayêmi dumadi | ing sakawasanira ||

yèn rinaras ingkang mega putih | kang nèng wiyat katon gêgolongan | iku tan pae pindhane | êgaring payung agung | amayungi narendra bumi | kang nêmbe siniwaka | nèng têpining ranu | gumulunging jaladara | wusing wrata satêmah angêmbêng warih | ruruh atêmah warsa ||

lir nyirami sariraning aji | ingkang nêmbe karênan cangkrama | satêmah ruruh ron-rone | pan iku pindhanipun | pangagêming busana salin | warastra kang têmbean | ijo riyu-riyu | satêmah tinêmunira | sri narendra kawuryan taruna malih | lulus ing asrinira ||

pan mangkana rarasirèng warih | kang tumêmpuh têtêpining sela | lir misuhi sampeyane | mrih têtêp sang aprabu | katrêm dènnya ngratoni bumi | marma swaraning tirta | tan pae pangrapu | ulah raras kanikmatan | pindha swara kêpyaking găngsa ngrêrangin | tumruntun tanpa kêndhat ||

wus palastha rarasing panggusthi | kang upama watêking bawana | mung sarwa ayu anane | salami-laminipun | tanpa kêndhat mung dana bêcik | nadyan papan kuciwa | ing têmahanipun | uga bangkit mawèh raras | ingkang tuwuh saking kuwasaning bumi | kang murah tanpa pindha ||

marmanira janma kang sayogi | aywa kêmba ing pangudinira | amrih antuk pamarême | awit sadayanipun | kaanan kang gumlar ing bumi | sayêkti ananira | mung dadya pangrapu | mawèh rarasing pirêna | kang sanyata mijil saking tusing ati | mring rasa kanikmatan ||

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Muhammadiyah golongan mitulungi kasangsaran ing Ngayogya, mêntas ngawontênakên pista kangge têtiyang miskin ingkang dipun upakara ing P.K.O. gunggung wontên tiyang 60, pista wau minăngka ariayaning dintên lêbaran. Sadèrèngipun mawi dipun sêsorahi ing bab rekadayanipun Muhammadiyah murih têtiyang wau botên nêmahi sangsara gêsangipun. Sabibaring pista, têtiyang wau sami angsal ganjaran, sarung, ucêng tuwin rasukan taksih sami tigasan.

Saking kaparêngipun pamarentah Kajawèn, ing sakiwatêngêning pasarean [pasa...]

--- 510 ---

[...rean] ing Imagiri kadhawuhan nanêmi kajêng jati, awit gêsangipun badhe sagêd sae, jalaran ing ngriku sitinipun parêdèn, ingkang mathuk dipun tanêmi kajêng jati, saha kajêng wau prêlu badhe kangge sadhiyan tambal sulam karisakaning pasareanipun para nata ingkang sumare ing ngriku.

Sampun kawartosakên, bilih sêsakit pès ing Kutha Gêdhe, Ngayogya sampun ical, nanging sapunika wontên sêsakit ingkang sagêd nular tuwuh wontên ing ngriku, manawi mirid titik ingkang pinanggih ugi ngèmpêri sêsakit pès, ananging B.G.D. dèrèng nêtêpakên. Pulisi sampun anindakakên rêrigên saprêlunipun.

Lèpèn-lèpèn ing sakiwatêngênipun Parakan mêntas bêna agêng, swaraning sela ing lèpèn gumludhug, krêtêg ing Nrangkongan ing sambêtaning margi saking Parakan dhatêng Ngadirêja risak. Kangge tumindaking kawilujêngan, mawi dipun jagi ing pulisi.

Miturut suraosing sêtatsêblad No. 60 namtokakên, saking kaparênging nagari, wiwit tanggal 1 Januari 1927, para amtênar sipil ingkang nyambutdamêl ing Dhigul, ing sabên wulan angsal tulah, tumrap pangagêng ondêr apdhèling f 200,- wadana tèrbêskiking f 100,- bêstir asistèn f 60,- tèdhêlêk klèrêk f 25,- motoris f 15,- hèlêp motoris f 10,- tuwin juru mudhi f 7,50. Tampining tulah wau sasampunipun dumugi ing Dhigul, dene samăngsa kesah saking ngriku lajêng ical.

Pulisi mêntas anggledhah sawênèhing griyanipun băngsa Tiyonghwa ing Pasar Sênèn, Batawi, sagêd manggih candu pêtêng wawrat kawan tail, dipun dhêlikakên wontên ing gulungan kasur, cariyosipun candu wau asli tumbas saking tiyang siti. Dakwa kaukum tigang wulan saha kadhêndha f 15.-.

Pakêmpalan Putri Budi Sajati ing Surabaya, badhe ngadani ngawontênakên pamulangan nênun kangge têtiyang padhusunan. Ingkang sinau ing ngriku botên ambayar, malah angsal bayaran ing dalêm sawulan f 12.- nanging sinaunipun kêdah tumêmên, tuwin angsal-angsalaning barang kêdah kapasrahakên dhatêng pangagênging pamulangan. Sarta benjing samăngsa sampun tamat pasinaonipun kapurih wangsul dhatêng dhusunipun. Tuwin dipun janji supados tumbas prabot panênunan mriku, kanthi nicil.

Pangrèh agêng Pakêmpalan Kristên Jawi, badhe gadhah atur dhatêng pamarentah, mugi golonganipun wontên ingkang kaangkat dados warga Rad Kawula, minăngka wêwakiling pakêmpalanipun.

Para guru ulah raga adamêl pasarasehan, angrêmbag bab tataning ulah raga, mupakat bab tumindaking ulah raga lare èstri, nanging kêdah salaras kalihan kasusilan wetanan, guru kêdah èstri, papan kêdah primpên. Tuwin ngrêmbag prêlu sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan bab ulah raga.

[Grafik]

Wawasan kawontênanipun tangkisan ing dhusun Klampokrêja (Pare), ingkang kêlêban toya, ngantos samantên wiyaripun, ing Kajawèn ingkang badhe mêdal ing ngajêng punika, badhe ngêwrat gambar-gambar sanèsipun.

--- 511 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

26. Ayang-ayanganing Kasangsaran

Salajêngipun Orme nuntên wicantên dhatêng sagawonipun, ingkang salaminipun piyambakipun sakit, tansah anênggani sarta mèh prasasat botên purun nêdha, mênggah wicantênipun wau makatên: ayo Pharaoh padha têtênggaran, apa kowe krungu, o, asuku kang andêmênakake lan sêtya ing bandara.

9. Pamriksaning Prakawis.

Sawatawis dintên sasampunipun wontên rêmbag makatên wau, ing pandhapi karaton dipun wontênakên parêpatan, badhe ngadili prakawis ingkang dipun pangarsani ing sang putri. Sarêng kula sadaya dipun irid malêbêt dening abdi juru jagi têtiyang Abati atusan sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku, lênggahipun sami satata wontên ing bangku. Ingkang wontên ing sisihipun, sang putri putraning nata lênggah ing kursi êmas, ingkang pungkasaning sendheanipun apêtha sirah singa, pangagêmanipun sarwa salaka ingkang mancorong, kudhungipun sinulam ing salaka wangun lintangan, kajawi punika ing rikmanipun ingkang cêmêng, dipun tumpangi ing makutha êmas, ing makutha wau namung wontên mripatipun satunggal, amancorong warninipun kados mirah. Lênggahipun sang putri wontên ngriku punika angagêm kudhung ingkang sajak winados anutupi wadananipun, lan angagêm pangagêman ingkang sarwa awis, sang putri sanadyan alit, nanging katingal ayu tuwin sumruwêng. Para saradhadhu sami ngadêg wontên sawingkinging dhampar, kalihan ambêkta talêmpak tuwin sabêt, sakanan keringipun sang putri para cèthi, langkung saking tiyang satus. Makatên ugi para kênya tuwin juru andandosi, ugi dipun tata wontên sakiwa-têngêning dhampar. Satunggal-satunggalipun abdi dalêm karaton wau, panganggenipun pating galêbyar, miturut agêng aliting pangkatipun.

Ing ngriku ugi wontên jendral tuwin kapitan, ingkang dipun pangagêngi ing Pangeran Josua. Pangarsaning pangadilan mangangge sarwa cêmêng, pangajênging agami sami mangagge pating glêbyar, makatên ugi ing ngriku wontên para tuwan tanah tuwin para têtiyang ingkang sami dipun sêbut lurah pêkên, inggih punika têtiyang ingkang dipun wajibakên mranata lampahing dagang.

Cêkakipun ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriku punika, agêng-agêngipun tiyang Mur ingkang cacahipun namung sakêdhik, sadaya sami anggadhahi sêsêbutan ingkang inggil-inggil, malah wontên ingkang sêsêbutan pangeran, dene pangeran ingkang inggil piyambak inggih punika Pangeran Josua, ananging sanadyan sadaya wau kêtingal sênêng saha sae, ewadene sayêktosipun satunggiling têtingalan ingkang mêmêlas, amargi sadaya wau namung tirahaning kabrêgasan saha kamungguhaning băngsa, ingkang kala rumiyinipun satunggaling băngsa ingkang santosa saha luhur. Ingkang makatên punika têtela saking kawontênaning pandhapi ingkang sakalangkung jêmbar punika. Amargi sanadyan wontênipun parêpatan punika tumrap ngumum, ewadene ingkang anjênêngi wontên ing ngriku, namung saprapating cacahipun tiyang ingkang gadhah wêwênang anjênêngi ngriku.

Sasampunipun kula sadaya linggih sawatawis dangunipun lajêng wontên têngara mawi slompretan, sarta saking kamar ing sisih wontên tiyang dipun balênggu kairid lumêbêt, tiyang wau juru panêdah kula margi, inggih punika ingkang nama Shadrach.

Mênggah kawontênanipun papriksan, ing ngriki kula botên sagêd nyariyosakên kanthi salêsih. Papriksan wau dangu sangêt lan kula têtiga ugi sami dipun priksa, minăngka saksi nalika propesor tuwin pasakitan punika sami pasulayan, utawi malih prakawisipun Pharaoh lan sanès-sanèsipun. Ananging pasaksèn-pasaksèn ingkang anjalari Shadrach dipun anggêp lêpat, inggih punika saking atur pasaksèning kănca-kancanipun juru panêdah margi piyambak, ingkang dipun ancas badhe dipun sapu, manawi botên matur ing salêrêsipun.

Têtiyang wau satunggal-satunggal sami matur kalayan sumpah, bilih anggènipun angloropakên dhatêng mêngsah, punika sampun karêmbag rumiyin, malah wontên ingkang ambumboni, bilih Shadrach sampun sarêmbag kalihan tiyang Fung ingkang botên prayogi, inggih punika suka sasmita dhatêng têtiyang Fung badhe dhatêng kula punika, sarana ngobong alang-alang, malah piyambakipun nyobi, murih kula sadaya sagêda dipun tawan, salajêngipun Shadrach saha tiyang Abati sanès-sanèsipun, tuwin unta-unta, ingkang sami dipun momoti sanjata tuwin bêbêktan kula sadaya, sagêd anglajêngakên lampah kanthi wilujêng.

--- 512 ---

Shadrach botên ngangkêni sadaya wau, punapa malih kadosdene ingkang kacariyosakên, bilih piyambakipun sampun andhawahakên Higgs saking untanipun, ananging gorohipun wau botên mitulungi piyambakipun babarpisan, amargi sasampunipun dipun rêmbag kalihan sang putri putraning para nata, salah satunggiling priyantun pangadilan, ingkang mangangge sarwa cêmêng, andhawuhakên ukum pêjah kanthi siksa, inggih punika ukumanipun tiyang ingkang cidra dhatêng tanah wutahrahipun, sadaya barang darbèkipun kabêskup ing nagari, anak bojonipun sami kadadoskên rencang tumbasan, têgêsipun para sanak-sadhèrèk jalêr sami kadadosakên saradhadhu, dene sadhèrèk-sadhèrèkipun èstri sami nyambutdamêl kangge tiyang sanès.

Têtiyang sanèsipun sawatawis, ingkang sami angrujuki dhatêng Shadrach sumêdya ngloropakên kula sadaya dhatêng têtiyang Fung, ugi sami dipun bêskup barang darbèkipun, saha sami kadhawahan ukuman kadadosakên saradhadhu, têgêsipun caranipun ing ngrika botên beda dipun krakal.

Bibaring papriksan pangadilan wau dipun sarêngi pasambating têtiyang ingkang kadhawahan paukuman, mitra-mitra tuwin sanak-sadhèrèkipun. Dene wontênipun papriksan pangadilan kula cariyosakên ing ngriki, amargi adamêl katrangan ing bab gêsangipun sêsarêngan tiyang Abati. Kadospundi kadosanipun[7] satunggiling băngsa, ingkang para durjananipun tuwin tiyangipun awon botên kalêbêtakên ing pakunjaran, ananging lajêng dipun pigunakakên kangge prajurit, lan kadospundi kadadosaning satunggilipun băngsa, ingkang têtiyangipun èstri, ingkang botên gadhah kalêpatan punapa-punapa kadadosakên rencangipun tumbasan para priyantun tuwin tiyang sanès-sanèsipun. Ananging kula kêdah mêwahi katrangan, bilih ukuman wau, ingkang kenging kawastanan adil sayêktos, amargi Shadrach sakănca-kancanipun wau sampun nindakakên lampah cidra dhatêng sawênèhing golongan, ingkang pancènipun Shadrach sakănca miturut dhawuhing ratunipun malah dados juru pitêdah margi dhatêng golongan wau.

Sarêng papriksan pangadilan wau sampun rampung, lan Shadrach nyuwun dipun luwari kanthi tawan tangis, dipun irid mêdal, para ingkang anjênêngi wau sadaya sami bibaran, lan lid-liding rad winados wau - gampilanipun kula wastani makatên - sami dipun undangi namanipun kangge nêtêpi kuwajibanipun. Sarêng sadaya wau sampun ngêmpal, kula têtiyang têtiga lajêng kapurih majêng saha kapurih linggih wontên antawising priyantun pangadilan, ing ngriku sampun dipun sadhiyani kursi kangge kula sadaya.

Sasampunipun ngaso sawatawis, kula lajêng tampi dhawuh kadhawuhan majêng, lan kula anyèlèh sêsupe agêmipun Rajaputri Seba wontên ing bantalan ingkang dipun bêkta ing salah satunggiling upsir karaton, upsir punika ingkang ngaturakên sêsupe dhatêng sang putri.

Kula lajêng umatur: Dhuh sang putri, mugi kaparênga mundhut wangsul jêjimat punika, ingkang kaparingakên ngampil dhatêng kula, minăngka kapitadosanipun sang putri dhumatêng kula. Kauningana, bilih saking dayaning sêsupe punika, kula sagêd ajak-ajak mriki punika dhatêng sadhèrèk kula, ingkang samangke katawan ing mêngsah tuwin mangrêtos dhatêng sadaya ingkang gêgayutan kalihan bab-bab kina. Dene kănca kula wau sagêd ajak-ajak dhatêng Kapitan Orme ingkang ngadêg wontên ngarsa panjênêngan, tuwin dipun kanthèni dening rencangipun, inggih saradhadhu punika.

Sang putri lajêng mundhut sêsupe wau kanthi dipun titipriksa anjalimêt, saha lajêng kaparingakên pariksa dhatêng para ngagênging[8] agami, bilih sêsupe punika tulèn.

Sang putri lajêng angandika: Sêsupe ingkang kramat punika, dados nêtêpi kados ingkang dipun sêdyakakên. Pisah kula kalihan sêsupe punika kanthi araos kuwatos tuwin sêmang-sêmang. Amila o dhoktêr, sangêt ing panarimah kula, dene panjênêngan sampun amangsulakên sêsupe kanthi wilujêng dhatêng kula tuwin para kawula kula sadaya.

Sêsupe wau lajêng dipun agêm ing dariji, ingkang sampun pintên-pintên wulan kacopot kaparingakên kula, makatên karampunganing prakawis wau.

Salajêngipun salah satunggiling upsiripun ambêngok makatên: Kangjêng sri narendra putri ngandika. Ing salajêngipun têtiyang inggih lajêng sami nirokakên mungêl kados makatên wau. Sasampunipun lajêng cêp, sidhêm pramanêm tanpa sabawa punapa-punapa.

Sarana swara ingkang êmpuk saha andêmênakakên, sang putri lajêng miwit[9] paring dhawuh pangandika dhatêng kula sadaya.

Dhawuh pangandikanipun sang putri: Dhuh tamu ngamănca saking tanah kilenan ingkang dipun wastani praja Inggris, mugi kaparênga mirêngakên atur kula. Panjênêngan kados sami nguningani dhatêng kawontênan kula kalihan băngsa Fung punika. Têtiyang Fung tansah ngêpung wakul ambaya mangap tuwin nêdya nyirnakakên kula sadaya. Panjênêngan sadaya sampun nyumêrêpi, bilih sataun ingkang kapêngkêr, sabab saking kula kêpèpèt sangêt, kula lajêng migunakakên salah satunggaling kănca panjênêngan punika, ingkang kala rumiyin pinuju lêlana mriki, saha lajêng kula pitakèni, supados puruna mantuk dhatêng nagarinipun, mêndhêt pirantos-pirantos dhinamit, tuwin ambêkta tiyang-tiyang ingkang sagêd ngolah dhinamit, prêlunipun sagêda ngrisak brahalaning têtiyang Fung ingkang agêng sarta kawak punika, amargi tiyang Fung anêrangakên, bilih têtiyang wau sumêdya nilar nagarinipun, saha badhe manggèn ing sanès panggenan, samăngsa brahala wau sampun sirna. Makatên mênggah wêcanipun ing kina-kina.

(Badhe kasambêtan)

 


ingkang. (kembali)
kira-kira rêga slawe. (kembali)
gêgandhengan. (kembali)
pisungsung. (kembali)
§ bokmanawi kajêngipun kisman. (kembali)
punika. (kembali)
kadadosanipun. (kembali)
pangagênging. (kembali)
wiwit. (kembali)