Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-27, #185

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-27, #185. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-27, #185. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
Image

Ôngka 51, 8 Muharam, Taun Alip 1859, 27 Juni 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [925] ---

Ôngka 51, 8 Muharam, Taun Alip 1859, 27 Juni 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 Wèltêprèdhên.

Margi Rêsidhènsi lan ing Pordhêkok.

[Grafik]

Sanadyan papan punika kêtingal mêndhak mêndhukul, nanging sarêng dipun wangun malah sakalangkung anêngsêmakên.

--- 926 ---

Raos Jawi

Nalar.

Sadaya panindak utawi pandamêl punika sagêdipun kalampahan têmtu kêdah kanthi dipun nalar, amargi nalar makatên sagêd amurbamisesa dhatêng kawontênan, kados ta: papan ingkang rupêk, awit saking dipun nalar sagêd dados kobèt, inggih punika sarana dipun wontêni lotèngan, barang ingkang kodratipun atos, kados ta: tosan, awit saking dipun nalar-nalar sagêd dipun êlak-êluk ing sakajêng-kajêngipun, inggih punika sarana dipun bêsmi. Pohung utawi gaplèk ingkang wontênipun ngriki dados têtêdhan, awit saking dipun nalar sagêd dados dheyosan tuwin dandosan warni-warni, makatên sapiturutipun. Awit saking punika sampun têtela sangêt, bilih nalar punika kuwaosipun prasasat botên wontên ingkang nglangkungi. Amila rêginipun inggih awis.

[Grafik]

Wujudipun mêsin ing pabrik.

Mênggah sajatosipun anggènipun para murid sami sinau wontên ing pamulangan, punika kajawi ngupados indhaking kawruh, para murid wau inggih sami dipun lêlantih anggrenda nalar miwah angungkal budi. Dados manawi wontên sawênèhing tiyang cariyos: botên susah sêkolah sampun sagêd nyambut damêl, utawi ugêr sampun sugih botên susah sêkolah, punika pancèn sulaya sangêt kalihan kajêngipun pamulangan. Amargi anggènipun para murid sami dipun wulang etang pêcahan ngantos mêmêt, dipun purih ngapalakên babad tuwin ngèlmu bumi sapiturutipun, punika wontênipun ing pandamêlan pancèn prasasat botên nate kasrambah. Wondene lare dipun sêkolahakên punika pikajêngipun supados kabuka nalaripun, ing têmbenipun botên badhe kawêkèn ingatase gêsangipun, amargi sadaya kawontênan ingkang adamêl pêpêtêng tuwin ribêd, punika sagêd kabuka dening landhêping nalar. Ing saèstunipun tiyang ingkang kabuka nalaripun wau inggih jêmbar polatanipun.

Ing nginggil kapratelakakên bilih nalar punika rêginipun awis. Amila tiyang ingkang kasinungan punjul nalaripun inggih sampun mêsthinipun bilih angsal pangaji-aji sapantêsipun. Amargi sawêga sato kewan kemawon bilih kasinungan budi pakêrti, inggih kajunjung drajatipun. Kados ta: kamuktènipun sagawon sagêd tilêm ing kasur sari, dening pinilala ing tiyang, makatên ugi pêksi menco inggih langkung dipun aosi tinimbang [ti...]

--- 927 ---

[...nimbang] pêksi glathik. Wangsul maesa tuwin lêmbu prasasat kapurih nyambut damêl ingkang awrat-awrat thok. Wondene tumrapipun pandamêlan manawi ngantos sêpên ing nalar tuwin kagunan, wontênipun inggih namung dhawah rêkaos, liripun kangge jagi dados: kèngkènan, kados ta: pandamêlanipun para kuli, bêbau tuwin sapanunggilanipun, punika manawi dipun manah inggih mêsakakên sangêt, amargi pandamêlanipun awrat sayêktos, têka blanjanipun namung sakêdhik, malah ngantos dipun basakakên: wong cilik ongklak-angklik, blanjane mung sathithik, gaweane iplik, luput sithik digitik. Wondene ingkang sinêbut wong cilik ing bêbasan wau, botên atêgês: têdhakturuning Pak Kramadôngsa, ananging sanadyan têdhakturuning sintên kemawon, bilih kawontênaning kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, inggih kalêbêt ing bêbasan wau.

Dados manawi dipun manah-manah anggènipun para pangagêng utawi para nayakaning praja sami angsal pangaji-aji, punika kajawi nalaripun ambrêkati dhatêng sèsining praja, inggih punika damêl tata raharja, ugi nama suka tuladan dhatêng kawula, supados anggrêgut rêmên ulah nalar. Lan malih yêktinipun pandamêlan nalar punika inggih wontên rêkaosipun, jalaran awrating nalar inggih sagêd damêl susuding badan, saha sagêd kacandhak ing sakit ngêlu, wangsul awrating pandamêlan bau suku malah sagêd andhangir badan dados kênthut amathokol.

Mênggah mintiring anggitanipun nalar punika botên wontên watêsipun saha botên badhe têlas, amila botên prayogi sangêt bilih ngagêsang punika namung mupus ing papasthèn thok, amargi tiyang mupus makatên atêgês ngapêsakên badanipun piyambak. Punapadene ing pranatan agami punapa kemawon inggih botên nêtêpakên bilih tiyang punika kêdah sumendhe ing papasthèn, ananging ngagêsang dipun wajibakên ihtiyar. Wondene mupus ing papasthèn punika mêmpanipun namung dumunung wontên ing tiyang ingkang kasripahan, jalaran botên wontên alamipun tiyang pêjah wangsul ing donya. Dados mênggahing tiyang ingkang mlarat, punika kêdah botên sêpên nalar utawi pangrekadaya sagêdipun dados sugih, amargi bab punika botên kalêbêt elok, liripun botên kirang-kirang kanyataanipun tiyang ingkang suwaunipun malarat lajêng dados sugih.

Bôngsa Eropah punika ngrungkêbi sangêt dhatêng agênge dayanipun nalar, amila manawi gadhah panggayuh inggih botên badhe mundur dening lêmah sangar kayu aèng, amargi piandêlipun kawontênan ingkang makatên wau sagêd lêbur dening nalar, ing satêmah panggayuhipun inggih kalêksanan sayêktos.

Mênggah nalar kalihan kawruh punika kalih-kalihipun kêdah gandhèng, amargi sagêdipun tiyang nalar inggih saking angsal cêculikan kawruh, makatên ugi sagêdipun tiyang manggih kawruh inggih saking dipun nalar, kados ta: sagêdipun tiyang amastani môngsa katiga, punika jalaran angsal kawruh bilih tanêman apa-apa punika sagêdipun tuwuh ngêmungakên ing pasitèn garing, dados nalaripun soka kathah tanêman apa-apa ingkang sami tuwuh, inggih mratandhakakên bilih môngsa katiga. Amila nalar kalihan kawruh [ka...]

--- 928 ---

[...wruh] wau kêdah dipun sinau kalayan yêktosan. Wondene sarananipun marsudi kawruh punika saking tabêri nênitèni utawi opèn, saha botên nampik kawruhipun sanès bôngsa. Kajawi punika prayogi ugi angulinakna angraosakên sadaya lêlampahan, amargi sadaya lêlampahan punika ugi mawa pikajêng, ingkang kenging katulad utawi dados pêpèngêt, punapadene bilih angsal pamanggih punapa kemawon, prayogi dipun sarasèhakên dhatêng têpanganipun ingkang kaanggêp lêbda dhatêng bab wau, pamrihipun supados kasumêrêpan ing bab lêrês lêpatipun pamanggih wau. Awit saking punika bilih katindakakên kalayan yêktosan saha talatos, danguning dangu inggih lajêng sagêd manggih pathokan, lah inggih pathokan punika ingkang sagêd anggampilakên sadaya panindak.

Manawi tiyang nyumêrêpi clakuthiking pirantose masin ing pabrik-pabrik (gambar) saèstunipun kula sadaya sami gumun dhatêng momote nalaripun ingkang gadhah anggit masin wau. Ananging bilih dipun talusur, ingkang gadhah anggit masin pabrik wau, yêktinipun namung anglajêngakên anggit ingkang sampun-sampun, liripun botên sami sanalika sagêd angwontênakên anggit ingkang samantên mukêtipun, kados ta: bab wontênipun tilpun, punika ing sakawit botên têbih bangsaning dolananipun lare, inggih punika klonthongan rèk dipun gancêngi bênang, danguning dangu lajêng dipun nalar murih sampurnanipun. Awit saking talatos saha dipun tandangi yêktosan, dumugi samangke sagêd kalampahan langkung sampurna, malah sagêd angwontênakên tilpun ingkang tanpa kawat. Ingkang makatên wau sampun mêsthinipun manawi kula sadaya lajêng pangling, dening sampun dipun bêsut marambah-rambah.

Lah sapunika kadospundi nalar tuwin pangrekadayanipun sagêdipun bôngsa kula Jawi tumindak dagang tuwin bikak toko kados bôngsa Tionghwa. Bab punika manawi dipun nalar tuwin dipun tindaki kalayan yêktosan, saking pangintên kula inggih sagêd kalêksanan. Ing wusana mugi wontêna kaparêngipun Kiyai Sêmar, Garèng, Petruk, ngrêmbag bab punika.

Darpa

Wangsulan.

Sampun Kêbuntasên utawi Kêbundêrên Pamanggihipun.

Ing Kajawèn ôngka 46, sadhèrèk Nirrasa ngandika: bilih awon punika jodhonipun sae. Kangge kula kosokwangsul balêjêd, sae punika kosokwangsulipun inggih awon, dados sanès jodhonipun. Tôndha yêkti:

I. Tiyang mangangge jas bikakan komplit, tudhung prop, clana, punapa lajêng ngagêm gamparan dhatêng konggrès, mêsthi botên, awit sae punika botên jodhonipun awon.

II. Prabu Dasamuka, ratu sugih bôndha-bandhu. Dèwi Sinta aluwung pêjah, yèn kêlampah ginarwa,

--- 929 ---

awit Dasamuka punika rasêksa, dados inggih awon, dede jodhonipun lan Rêtna Sinta.

III. Yèn ingkang awon utawi lêpat botên kenging dipun ewahi, badhe botên wontên piwulang. Angrèmèhakên ingkang awon, ngasorakên ingkang lêpat, punika asring migunani. Kêrêp kemawon ingkang awon badhe nyaèkakên, ingkang lêpat badhe nglêrêsakên.

[Grafik]

Prabu Dasamuka.

[Grafik]

Dèwi Sinta.

IV. Tiyang ingkang sampun sukci, supados saya linangkung, botên kok lajêng tindak awon, kêdah dipun singkiri, awit sanès jodhonipun.

V. Sadaya barang ing donya wontên prêlunipun, lêrês, nanging sadaya ingkang awon punika, manungsa ingkang damêl. Gusti Allah salêrêsipun botên rêna, mila botên nitahakên barang awon, awit sanès jodhonipun.

VI. Radèn Sumantri kadunungan manah ambedak-bedakakên. Malah punika ingkang sae, yèn tiyang botên gadhah manah kados makatên, we, lah, tansah kêtèkèng-tèkèng. Kados ing dongèng Kancil, sima gembong rak tansah sangsara, saking anggènipun botên gadhah manah ambedak-bedakakên.

Radèn Sumantri pancèn wicaksana, ngrêtos yèn awon punika botên prêlu dipun angge. [ang...]

--- 930 ---

[...ge.] Nanging rèhning titah punika sèkèng, piyambakipun botên ngrêtos yèn titah punika kêdah gêsang tulung-tinulung. Mêsthinipun inggih sampun sumêrêp, nanging sawêg kalêrêsan.

Raos Jawi pancèn wiraganipun anggothak-anggathukakên, mila ngèlmu Jawi punika warni pintên-pintên, lan sadaya sami angèl, tiyang sagêdipun mastani barang sae punika botên saking sarêng nyumêrêpi barang awon, nanging saking anandhing barang kalih warni utawi langkung. Upami: tiyang badhe lêngganan salah satunggiling sêrat kalawarti Panji Pustaka punapa Sri Pustaka utawi Kajawèn, Sri Pustaka lan Kajawèn sami saenipun, (nandhing) putusanipun mastani sae Kajawèn, sanajan Sri Pustaka punika botên awon.

Tutuping atur kula, wajibing ngagêsang punika kêdah tansah ngudi ingkang sae, wontênipun têtêmbungan: samubarang iku kudu ana têtimbangane. Punika mathisipun namung kangge panglipur lan piwulang basa. Upami:

I. Semahipun tansah ngêsah kathahing sambutan, gantosan sapanunggilanipun. Ingkang jalêr nglipur supados angèngêti nalika tampi walêdan, purskot minggah pangkat, dheklarasi, andhudhah cèlèngan. Rèhning sadaya punika kêdah (manawi kula ngotên kêdah) wontên têtimbanganipun: awon lan sae, sugih miskin, sapunika kêdah narimah. Makatên mathuking têmbung kasêbut nginggil.

II. Apa kosokbaline têmbung-têmbung ing ngisor iki:

Ala, sugih, dhuwur, gêdhe… salajêngipun.

Sampun kirang pangapuntên, sadaya murih saenipun.

B. Sudarmaja.

Cêpaga, Bayalali.§ Karangan ing nginggil punika namung kalugokakên, lan têtela bilih karanganipun sadhèrèk Nirrasa punika dipun wigatosakên ing sadhèrèk B Sudarmaja. Kosokwangsulipun mênggahing sadhèrèk Nirrasa, panyaru ingkang kados makatên wau sampun dipun tampi sêrik, malah dipun tampia bingah, kagaliha kadosdene satunggiling pasaksèn, bilih isining Kajawèn punika dipun wigatosakên ing para maos. Red.

Jagading Wanita

Lêmpêr.

Lêmpêr punika sawênèhing dhêdhaharan ingkang kêlimrah sangêt, tuwin kêgolong dhatêng bangsaning kêlêman, sabên tiyang èstri kenging dipun wastani tamtu sagêd damêl, nanging sarèhning nama kawruh, kados botên wontên awonipun saupami dipun andharakên ing ngriki, awit satunggal-satunggalipun kawruh punika sok wontên bedanipun. Pandamêlipun kados ing ngandhap punika.

Ngêkuma kêtan ingkang sampun dipun pususi sacêkapipun, manawi kêtanipun sae cêkap sadalu, manawi kêtan sampun lami kalih dalu, salêbêtipun dipun kum wau, toyanipun kêdah kêrêp dipun santuni. Paedahipun, sapisan sagêd ngrêsikakên, sagêd pêthak mêmplak, kaping kalih dadosipun [da...]

--- 931 ---

[...dosipun] sagêd êmpuk, ngungkuli ingkang botên dipun makatênakên. Sasampunipun dumugi anggènipun ngêkum, lajêng dipun êdang, lajêng dipun karu ing santên kanil mawi dipun colok ing sarêm tuwin dipun dèkèki salam, santên kanilipun kaangkaha ingkang karaos gurihipun. Poma sarêmipun sakêdhik kemawon, namung mônda-mônda, kaangkah namung andayanana damêl gurihing santên, awit santên punika samôngsa dipupundipun. colok ing sarêm lajêng mindhak gurih.

Manawi anggènipun ngaru sampun waradin, lajêng dipun dang malih ngantos samatêngipun, kêdah dipun titi sayêktos, sampun ngantos ngalêthis. Panitiking nglêthis, sampun sarana dipun dhahar, awit manawi dipun dhahar, sok botên karaos, awit mamah barang angêt punika sok botên karaos, kajawi manawi ngicipi raosipun. Dene panitik ingkang prayogi, nyulika sakêdhik, kawênyêt-wênyêta ing asta, manawi sampun pinanggih luluh tanpa garênjêl, inggih sampun matêng yêktos, lan manawi ngalêthis, salêbêtisunsalêbêtipun. dipun wênyêt-wênyêt, saya asrêp, ingkang nglêthis saya atos. Manawi sampun matêng lajêng dipun tumplak saha dipun lèr.

Isinipun lêmpêr punika ulam abon. Anggodhoga ulam daging ingkang botên katutan gajih sakati, manawi sampun matêng ngantos êmpuk, lajêng dipun dhêplok lêmbat, ingkang taksih agal dipun pilihi dipun dhêplok malih, koyoranipun dipun pisahakên, botên kangge.

Bumbunipun: sarêm sasendhok dhahar, trasi saklungsu, brambang 5 iji, bawang 2 iji, tumbar sasendhok tèh, gêndhis sacêkapipun, salam 3 lêmbar, laos sakêdhik. Bumbu wau dipun ulêg sadaya, kajawi salam laos, lajêng dipun ulêt ing ulam saha dipun santêni kênthêl ingkang ngantos ngêcaki kathahing ulam, lajêng dipun godhog ngantos nyêmêk-nyêmêk, wusana dipun êntas.

Lajêng ngêngkrêngna waja rêsik, ulam wau dipun pêndhêt sakêdhik-sakêdhik dipun kongsrèng wontên ing wajan, tanpa lisah, samôngsa sampun garing kêmripik, sawêg dipun êntas, makatên salajêngipun ngantos têlas. Mênggah limrahipun tiyang damêl lêmpêr, ulamipun sampun kadamêl rumiyin.

Pandamêlipun ulam wau kalêbêtna ing satêngahing kêtan, ulamipun sampun ngantos wontên ingkang mêdal sajawining kêtan, dados kêdah ingkang rapêt. Ingkang prayogi wangun gilig panjang, agêng alitipun ingkang cêkapan sakakangipun jêmpol, panjangipun sakilan.

Lajêng dipun lintingi ing godhong pisang kluthuk ingkang rapêt, anggènipun ambitingi sampun ngantos wontên ingkang anggronggong, amargi manawi angronggong sagêd mambêt. Sasampunipun makatên lajêng dipun dang malih ingkang ngantos tanak, nama sampun rampung. Mangke dadosipun lêmpêr tamtu langkung eca lan langkung sae tinimbang pandamêling lêmpêr limrah. Dene murih ecanipun malih lajêng dipun panggang ing êblèg, ing jawi sagêd kêmripik.

Lêmpêr ingkang kados makatên punika, kuwawi kangge sangu minggah ing rêdi Sêmèru ngantos dumugi pucak, malah ngantos samandhapipun pisan, tanpa dipun êngêt, botên mambêt.

--- 932 ---

Bab Têtanêman

Bab Krowodan.

Kalêbêt limrah tumrap para sadhèrèk padhusunan, ing pinggiring pakawisanipun sok katanêman dêling, ananging eman-eman sangêt, dene ing sangandhaping papringan punika têka botên wontên thêthukulan ingkang kenging katêdha. Pramila saking pamanggih kula, kados prayogi upami sangandhaping barongan dêling, ing sasêla-sêlanipun katanêmana bangsaning pala kapêndhêm (krowodan) kados ta: uwi, gêmbili, gêmbolo, talês, ganyong, larut tuwin sapanunggilanipun. Yèn sagêd makatên tiyang ingkang gadhah pakawisan wau sagêd pikantuk asil sanèsipun dêling.

[Grafik]

Katela pêndhêm, ingkang sawêg dipun undhuhi.

Ingkang prêlu kacariyosakên rumiyin ing ngriki bab uwi. Nitik saking cêcariyosan, uwi punika sadèrèngipun kêlimrah tinanêm dening tiyang wontên ing pakawisan, kina-kinanipun têtuwuhan wana. Nalika jaman samantên tiyang ingkang kapengin nêdha uwi sami pados dhatêng wana, kawastanan [kawastana...]

--- 933 ---

[...n] nyelog. Dados yèn makatên nyata uwi punika gêsangipun tanpa pilih-pilih papan ingkang tênggar, masthi sagêd angrêbda. Môngka uwi punika kalêbêt bangsanipun têtêdhan ingkang nuwuki, botên nyakiti, lowung kangge nyamikan yèn nuju prapin, malah kenging kangge lintuning sêkul manawi pinuju môngsa pailan.

Sapunika sampun têrang, uwi punika gêsangipun tanpa milih papan tênggar. Dados yèn makatên sanajan katanêma ing sêla-sêlaning barongan dêling ugi sagêd sae, malah tanpa andamêlakên rambatan kados kalimrahanipun tiyang nanêm uwi, awit êlung uwi sagêd marambat piyambak dhatêng dêling ingkang gêsang sacêlakipun ngriku.

Mênggah rekanipun nanêm makatên: rèhning uwi punika bêtah dhatêng pasitèn ingkang mrupug, pramila mupung môngsa têrangan (môngsa katiga) makatên punika ing sasêla-sêlaning barongan dêling wau kadamêlna luwangan sakêparêngipun, ngiras kangge wadhah nglêmpakakên kaleyang dêling, dados minôngka kadosdene pawuhan, tur pakawisanipun ajêg rêsik. Benjing môngsa labuh luwangan wau sampun kêbak uwuh, tamtunipun uwuh wau ingkang ngandhap sampun radi mrupug, tambah kacampuran siti tuwin toya jawah. Ing môngsa punika winih uwi kenging katanêm. Dene winihipun miliha ingkang sae, inggih punika bonggoling uwi sacêlakipun wit, kaangkaha ingkang radi agêng, awit manawi winihipun agêng benjing dadosing uwoh inggih agêng, yèn winih alit dadosipun uwi inggih alit, prayoginipun alit-aliting winih sacêngkir. Miliha pasitèn ingkang botên bacêkên, manawi sampun makatên, winih uwi kacèblêkakên, sukur manawi angsal winih ingkang sampun tuwuh punika langkung prayogi malih, lajêng kaurugan siti kacampur awu, pamrihipun sêmut utawi rayap ajrih ngrisak. Kotoranipun kombong ugi sae kangge rabuk. Pratikêl makatên punika ngadat dadosipun uwi sagêd angrêmênakên dhatêng ingkang sami nanêm.

Ing têmbe manawi godhongipun sampun anggègrègi, punika pratôndha uwinipun sampun sêpuh, kenging wiwit kadhudhuk. Ewasamantên manawi sêlak kasêsa kêpengin angraosakên, kenging ugi sadèrèngipun anggègrègi kadhudhuk sawatawis, manawi sampun katingal wohipun ingkang bagian ngandhap lajêng kairis mawi lading, bakda punika kaurug malih, tamtu sagêd modod malih anggêr taksih wontên jawah.

Mênggah uwi punika warni-warni, kados ta: uwi lêgi, uwi bêras, uwi sênggani, uwi kêtan, uwi ula, uwi cacing, uwi mayi, uwi wilus saha sapanunggilanipun. Dene ingkang prayogi katanêm sangandhaping barongan wau sanèsipun uwi ula. Uwi abang kulit saya sae.

Manawi sampun môngsa andhudhuk, bonggoling uwi kaingaha, minôngka sadhiyan winih benjing rêndhêng ngajêng.

Nirrasa Nitiatmaja.

Tumpang, Malang.

--- 934 ---

Panglipur Manah

Pamarêming Manah wontên Saba Paran.

Kasênênganing manahipun tiyang kesah andon layaran, botên beda kados kasênênganipun tiyang among sênêng wontên ing dharatan, malah tumrap ing tiyang ingkang sampun kulina wontên ing lautan, rumaos manawi têbaning sawangan ing sagantên punika ngungkuli jêmbaring dharatan, ingkang dipun wastani gumêlaring jagad, malah jêmbaring jagad wau kêtingal rupak manawi dipun tandhing kalihan ngêlanguting sagantên ingkang tanpa wêkasan.

[Grafik]

Sanadyan tansah kinubêng ing toya, tanpa bosên.

Saking cariyosipun tiyang ingkang sampun nate dados punggawaning baita agêng, samôngsa wangsul dhatêng dharatan, manahipun lajêng rumaos botên sênêng, tansah kèngêtan dhatêng wujuding ombak ingkang molak-malik, tuwin lam-lamên mirêngakên jumêguring alun, makatên malih bab rêsiking hawa ingkang pinanggih wontên ing lautan, punika ngungkuli rêsiking hawa ing parêdèn.

Wontên sawênèhipun tiyang nama Mustari asli tiyang Surabaya, nuju wontên ing pajagongan cariyos makatên:

Kula punika sampuna kêpalang sampun sêpuh, pancèn dèrèng niyat wangsul dhatêng ing dharatan, awit rumaos kula wontên ing dharatan punika sumpêg, kawontênanipun namung kêbak kasusahan, mila tumusipun sagêd nyuda dhatêng kêsarasaning badan.

Nalika kula taksih nyambutdamêl dados matrusing baita, rumaos botên jênak manggèn ing dharatan, sabên mantuk, sawêg satêngah wulan, agêng-agêngipun sawulan, inggih lajêng wangsul dhatêng baita malih.

Kala samantên kula inggih sampun gadhah anak semah, ewadene susahing manah kula, kalanipun pêpisahan kalihan anak semah wau, sagêd angsal lintu sawangan ingkang pinanggih wontên satêngahing sagantên, kados ta manawi nuju padhang rêmbulan, padhangipun amadhangi mulak-mulaking toya sagantên ingkang kados dipun kêbur, punika kumênyuting manah kula lajêng isi wujuding anak semah, kados nunggil wontên ing sawangan ngriku, kula lajêng linggih wontên canthiking baita kalihan rêngêng-rêngêng makatên:

Pêpadhang sing kaya mangkene,

angluwihi èdi pènine,

--- 935 ---

pancoronging rêmbulan gêdhe, | mung Pangeran sing bisa gawe. | Lan ombaking sagara iki, | nganti gawe girising ati, | nanging mungguh wong kapal api, | malah sênêng satêngah mati. | Gumlêgêring alun kumêjot, | anêrusi ati sumêdhot, | eling-eling ati kêbrongot, | anak bojo kêpêksa pêdhot. | Dhuh soroting srêngenge dalu, | tansah katon anèng pandulu, | lan nênarik anak bojoku, | thole kaya katon tak pangku. | Karasane nèng saba paran, | nganti kaya uwong tawanan, | nanging jêbul nyatane tuman, | lumuh manggon anèng dharatan. | Dhuh Pangeran kang wêlas asih, | manah kula sagêda kêndhih, | ambucala raosing sêdhih, | murih têtêp lan botên kongkih. | Dhuh Pangeran ing milanipun, | kula sênêng anyawang alun, | ingkang tansah dhatêng tumruntun, | raos tunggil lan warga ulun. | Purnamaning wulan ing dalu, | ingkang mawor mêndhung ngêndhanu, | lir pêtênging ulat kang sintru, | kêsamaran yèn manggih dudu. | Nyatane wong anèng sagara, | ngêlanguting cipta katara, | tanpa kêndhat angeka-eka, | tansah gagas kang ora ana. | Mula bêcik sumendhe takdir, | awit kabèh mung dadi pikir, | luwung gênah sênêng mêmikir, | eloking kang barang sakalir.

Sayêktosipun panggagas ingkang kados makatên punika, dados pamarêming manahipun tiyang wontên ing saba paran.

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Sanguning Tiyang Gêsang.

Candhakipun Kajawèn nomêr 50.

Sêmar : Kaya-kaya wis cukup mungguh andharanaku ing bab andhap-asor, saiki tak wiwitane ing bab pintêr. Awit sanajan apika atine, andhap-asor, utawa manèh waras, ananging bodho, plonga-plongo kaya kêbo, uripe têmtune iya bakal caklat têmênan.

Garèng : Aku ora maido, yèn bodho kuwi sok andadèkake alangan ing uripe, ewadene aku kêrêp mrangguli wong bodho, ananging mêksa bisa mumbul drajade.

--- 936 ---

Petruk : Wong kang kaya mangkono uripe kuwi, yaiku sing kêna diarani: golèk pêndhok, ora pantês dikumpulake uwong liya, kudu dijabakake umat bae.

Sêmar : Lho, lho, lho, kowe kuwi kliru panêmumu, kang kapisan: wong kuwi anggêre bisa golèk pêndhok, anandhakake wong pintêr, kang kaping pindho: kowe aja banjur ujug-ujug ngêtokake bêngkaukmu, amarga durung mêsthi yèn agolèk pêndhok kuwi mêsthi alane, jalaran kang diarani golèk pêndhok kuwi ana rong rupa, yaiku: golèk pêndhok sarana ngatonake: tumêmên, srêgêp, prigêl, utawa pêthêling nyambutgawene, lan sapiturute, kuwi nèk aku ngarani bêcik, dene yèn anggone ngudi unggahing pangkate mau kanthi sarana-sarana kang bisa agawe karugiane kancane, la kuwi aran golèk pêndhok sing besae aliyas èlèk.

[Grafik]

Petruk : Lha saikine, upama ana wong sok munjang-munjung nyang panggêdhene, kaya ta: munjung tômbra, gramèh, utawa trasi têgal, apa kuwi ora kêna diarani golèk pêndhok sing nistha.

Garèng : Wiyah, kowe mono Truk, Truk, pamikirmu kuwi têka tansah ala bae. Sanajan kêrêpa munjung pisan, rak iya durung kinaruwan, yèn kêna banjur ditêtêpake ala bae, rak bisa uga yèn wong kuwi saking trêsnane nyang pandhuwurane, duwe apa-apa sathithik, sok banjur kogêl. Rak iya ora beda karo kowe sok kogêl karo bojomu bokne Si Kamprèt kae, ana ing pasar mrêlokake banjur tuku susuk kondhe ngawe-awe, kang mangkono mau ora liya sababe jalaran saka trêsnamu nyang bojomu. Wong omong kuwi bok iya dithinthing dhisik. Ora, Ma, mara banjurna anggonmu arêp ngandika ing bab pintêr mau.

Sêmar : Mungguh sing diarani pintêr kuwi, kêna kabage rong prakara, kang saprakara kang diarani pintêr mungguhing èngêtan, kang kaping pindho, pintêr mungguhing kalairan.

Petruk : Wah, nèk bab kapintêran mungguhing èngêtan, kuwi kaya-kaya aku wis cukup. Apa ngilang-ilangake anggonku sêkolah lan ngaji pirang-pirang taun lawase. Ngajiku turutan iya wis mèh katam, kitab Majêmuk utawa Mujiyat, iya wis kêrêp wêruh. Dalah cara Landaku bae iya wis pêng-pêngan, tandhane nèk nganggo sêpatu wis ora tau mlicèt.

Sêmar : E, hla, sêmbrana, kuwi rak panêmune wong kênclung. Kang diarani pintêr mungguhing èngêtan kuwi ora ngêmungake anggone ngaji kitab-kitab bae, utawa anggone wis bisa cara Walônda. Karo manèh anggone bisa tiru Walônda kuwi ora kok mung bisa nganggo sêpatu ora mlicèt bae, ananging sing wajib ditiru pêthêle ing gawe, têmêne, kakêndêlane, lan sapiturute, dadi dudu anggone sok mabuk. Cêkakane, sing diarani pintêr mungguhing èngêtan, kuwi ora ngêmungake pangajaran-pangajaran [pangajaran-pa...]

--- 937 ---

[...ngajaran] apik kang dipakolèhake ana ing sajroning sakolahan utawa pasantrèn lan sapêpadhane bae, ananging karêpe kang lugu, yaiku: gathekan utawa lantip mênyang kabèh wulangan ing bab kawruh. Kaya ta: ngrêmbug ing sadhengah bab, utawa ngrungu apa manèh sumurup ing apa bae, kuwi tanpa dituturi dawa-dawa, nuli banjur nyandhak bae mungguhing karêpe.

Garèng : Nèk rumasaku, kaya-kaya sabên uwong kuwi kêgadhuhan lantip lan gathekan, mung bae anggêre sing dirêmbug utawa disumurupi kuwi sawijining bab kang disênêngi, kaya ta: rêrêmbugan karo aku ing bab enaking olah-olahan, kuwi aku mêsthi bisa awèh adpis kanthi patitis, yaiku: kabèh pêpanganan iku saya diakèhi wragade, upamane bae diakèhi mêrtegane, iya têmtu saya enak.

Petruk : Rèng, adpismu ki kok ora mathuk dhing. Tandhane bae, durèn kuwi enak, ananging yèn dilèlèt-lèlèti mêrtega, kok malah ora karu-karuwan rasane.

Sêmar : Wiyah, kuwi rak dudu adune. Omong têka clêmang-clêmong mangkono. Mara, saiki tak banjurne andharanaku. Kang ôngka 2, kang diarani pintêr mungguhing kalairan, kuwi karêpe: marang sadhengah panindak lan samubarang pakaryan, bisa anggone ngêcakake.

Petruk : Dadi upamane apa mangkene: kaya ta kabênêr ing panggonane wong duwe gawe kuwi banjur cak-cêk ngrigênake ing kono, utawa manèh diundang gêndurèn, nuli cak-cêk bisa bae anggone ambage brêkate.

Sêmar : Lha kuwi nèk Petruk, ngrêmbuk apa bae kok mêsthi banjur ditanjakake mênyang kasênêngan utawa kabutuhane dhewe. Mangkene Petruk, sing diarani samubarang gawe bisa ngêcakake kuwi, kaya ta: nyambutgawe bab kriya, bisa, bab nulis-nulis: tèyèng, bab sing kanthi pikiran, iya jegos. Cêkake yèn ana apêse awake, ora banjur lingak-linguk, nanging banjur bisa nyambutgawe liyane sing bisa mitulungi ing uripe. Dadi ora kaya kabisanmu mung sarwa gampang mangkono kuwi. Kuwi dudu wong pintêr jênênge, nanging wong nguthuh, ambalubud, saka cupêting nalare, dening bodhone. Kajaba iku, kapintêran rong prakara mau tumanjane iya ana rong prakara manèh, yaiku kapintêran kanggo pitulungan, lan kapintêran kanggo angrenah utawa ngapusi.

(Badhe kasambêtan).

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Nalika kapal Tjibodas dumugi ing Surabaya, rêsèrsê enggal-enggal nitipriksa kawontênanipun ing kapal. Wontên ing ngriku sagêd manggih candu pêtêng wawrat 4 K.G. rêgi f 3600.- barang wau ingkang kathah bôngsa Tionghwa, dipun rimat wontên ing wadhah alit-alit kadèkèk salêbêting kasur.

Kalawarti Pembrita Kemadjoean ingkang kawêdalakên dening kantor Trimurti ing Surabaya, namanipun badhe dipun santuni Indonesia Bersatoe, dene ancasipun ngudi manunggil tuwin mardikaning Indonesia kados sêdyanipun P.N.I. up redhakturipun Tuwan Sujiman.

--- 938 ---

Pang P.G.H.B. ing Ngayogya, ambikak normal kursus tumrap para guru bantu ingkang kapengin tumut pandadaran wêkasan ing normal sêkul, katingal majêng.

Usulipun P.S.I. ing Surabaya, badhe damêl tôndha katrêsnan kapisungsungakên dhatêng aji O.S. Cakraaminata, minôngka pangèngêt-èngêt anggènipun dados panuntun P.S.I. sampun 15 taun wilujêng.

Kapal Marella sampun dumugi ing Surabaya ambêkta têtamu saking Ostraliah cacah 50. Têtamu wau badhe anjajah kawontênanipun ing Surabaya, tuwin dhatêng panggenaning bôngsa Tionghwa. Saking Surabaya badhe numpak oto dhatêng Tosari, rêdi Brama, saha badhe lajêng dhatêng Surakarta tuwin Ngayogya, nglangkungi Mala, Sônggariti, Pujon, Ngantang tuwin Kadhiri. Wontên ing Sônggariti badhe sipêng. Anggènipun anjajah tanah Jawi badhe 14 dintên.

Miturut pawartos saking pamarentah, siti partikêlir ingkang sampun dipun pundhut wangsul ing taun 1919 gunggunging arta f 16.961.350, jêmbaripun 338.543 bau, sasampunipun punika, ingkang kapundhut malih gunggung arta f 50.935.238, jêmbaripun 489.218 bau. Dados gunggungipun sadaya f 67.896.588, jêmbaripun 827.761 bau. Ingkang badhe kapundhut malih rêrêgèn f 60.000.000, jêmbaripun 700.000 bau.

Wontên pawartos, bilih Dr. Sutama, ingkang sapunika wontên C.B.Z. ing Surabaya, badhe kawisudha dados asistèn wontên ing pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi. Nanging wontên wartos ingkang makatên wau botên lêrês, awit ingkang tumindak makatên punika namung para Arts ingkang enggal, botên tumrap ingkang sampun nindakakên pandamêlan lami.

Ing sabranganipun lèpèn Opak, ing sapunika dipun pasangi krêtêg pitulungan malih, ingkang ngadani tuwan ingkang gadhah hotèl ing Parangtritis.

Ing Wanagiri sampun wiwit wontên tiyang sade uwos andalidir, nandhakakên bilih sampun wiwit panenan, lan sampun misuwur bilih wêdaling uwos saking ngriku sagêd ngêbèri dhatêng apdhèling sanès-sanèsipun.

Satunggaling tiyang jalêr ing dhusun Pagu, Papar, awratipun badhe rabi angsal warôndha ayu, tega ngèlèkakên anakipun kêkalih, satunggal umur 9 taun, satunggalipun umur 6 taun, jalaran saking panêdhanipun bok rôndha. Nanging wusananipun botên saèstu dhaup, amargi lajêng dados urusaning pulisi.

Bôngsa Arab ing Surabaya badhe damêl konggrès wontên ing Surabaya, badhe ngrêmbag ing bab-bab ingkang wigatos tumrap bôngsa Arab ing Indhiya.

Ing Magêlang mêntas kadhatêngan tiyang nama Radèn Mas Gôndasuwarna, saking Ngayogya, ngakên dados tiyang ingkang mangrêtos dhatêng prakawis (pokrul bambu). Kalêrêsan ing ngriku wontên tiyang nama Bok Mursinah gadhah prakawis, ingkang jalêr dipun tahan wontên ing kunjaran. Radèn mas wau kêdugi badhe ngêdalakên kanthi nêdha waragad f 200.-, nanging dèrèng ngantos kalampahan, tiyang wau sampun kacêpêng ing pulisi ing Ngayogya, awit kadakwa nindakakên prakawis apus warni-warni.

Kawisudha dados wadana dhistrik kitha Ngayogya, Radèn Tumênggung Pringgadiningrat, rumiyin sèkrêtaris kabupatèn.

Sarêng mêntas kalampahan wontên kasangsaran ing Guwa Langse, Ngayogya, sapunika pulisi anindakakên pajagèn kêncêng, awit kawontênanipun ing ngriku pancèn mutawatosi sangêt.

Ing sasampunipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh ing Tjilaoeteureun, panggenan wau lajêng dipun wastani palabuhan ingkang sae tumrap ing tanah Priyangan wetan. Tiyang ingkang badhe dhatêng ing ngriku sagêd mêdal ing Garut numpak oto bis namung waragad f 3.- têbihipun saking Garut wontên 130 K.M. Ing palabuhan ngriku sampun dipun ampiri ing kapal-kapal ingkang angêmot barang-barang saking kabudidayan-kabudidayan sakiwa têngênipun ngriku. Lan saking pambudidayanipun kabudidayan ingkang agêng, ing palabuhan ngriku dipun êdêgi hotèl, dipun namakakên hotèl Zeestrand.

Apdhèling Muhamadiyah ing Malang gadhah sêdya badhe ambikak pangajaran juru ngupakara tiyang sakit, ingkang langkung dipun prêlokakên bab ingkang migunani dhatêng tiyang èstri, awit kawontênanipun ing ngriku kêtingal botên anyêkapi.

Lampahing wadya militèr rundha saking Kolonodhalê, Sèlèbês, dhatêng Bungku lèr, baita ingkang dipun tumpaki katêmpuh ing angin, baita ambalik, tiyangipun sami kêcêmplung, nanging sami sagêd gondhelan baita. Sarêng têtela botên angsal pitulungan, wontên tiyang prantean kêkalih nekad anglangi minggir kanthi rêkaos sangêt, enjingipun ambêkta baita saking pasisir kangge mitulungi.

Kawontênaning candu pêtêng ingkang dipun cêpêng ing pulisi wontên ing baita-baita ing Tanjung Priuk, katranganipun bangsaning candu awon.

Opsir-opsir ing kapal Tjileboet sagêd magihakênmanggihakên. candu pêtêng wontên ing kapal ngriku wawrat 152 tail.

--- 939 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

49

Sêrsan Quick anggadhahi raosing sasmita.

Pambalêdhosing dhinamit wau katamtokakên dhawah ing dalu purnamaning wulan, awit ing dalu punika kalêrês dintên dhaupipun putranipun Sang Barung kalihan anak kula jalêr, lan ing kitha Harmac tamtunipun dipun wontênakên pahargyan. Kula sadaya sami mangrêtos, manawi ing dalu punika namung wontên kapalaning agami satunggal, ingkang kajibah anjagi rêca dewa wau, lan pangajêng-ajêng kula sadaya, sampun ngantos kêkathahên tiyang ingkang tiwas, awit sanadyan kadospundi kemawon gagasanipun têtiyang Abati dhatêng têtiyang Fung, ananging ingatasipun kula sadaya tiyang Kristên, botên pisan-pisan gadho sêngit dhatêng têtiyang Fung.

Dangu-dangu inggih dumugi dhawahing dintên ingkang ambêbayani, kajawi satunggaling gang ingkang taksih isi têtiyang satus, ingkang taksih sami nyambutdamêl, sadaya sampun sami rampung. Lampahing kawat dumugi ing kamar panggenanipun Pharaoh mêjahi Shadrach, kawat wau prasasat kajagi ing dalêm saêdim-êdimipun, awit dipun kuwatosakên manawi wontên ingkang nyariyos-nyariyosakên utawi kasangsaran sanès-sanèsipun. Ing ngriku dipun wontêni batêre èlèktris kêkalih, prêlunipun kangge anjagi manawi salah satunggalipun wontên ingkang ambalêbês. Batêre kalih pisan wau sampun nate kacobi, nanging dèrèng nate kagandhèngakên dhatêng kawat. Batêre kêkalih wau sumèlèh wontên ing siti, lan kula tiyang sakawan sami angêpang, kados tiyang nyulap angêpang barang sulapanipun. Kula sadaya botên sênêng, inggih kadospundi anggènipun sagêd sênêng, amargi kula sadaya nuju wontên salêbêting prihatos. Orme sayêktos kêtingal susut sangêt, kêra tuwin pucêt, jalaran saking anggènipun tansah nyambutdamêl ulah badan lan pikiran, kala punika piyambakipun kêtêlasan bayu babarpisan, piyambakipun botên purun nêdha lan botên purun ngombe, lan kanthi rêkaos kula ojok-ojoki supados purun ngombe anggur sawatawis, malah piyambakipun botên purun ningali karampunganing padamêlanipun, utawi nyobi kawat-kawatipun.

Wicantênipun Orme: Kowe wêruh dhewe, aku nindakake kabèh sabisa-bisaku, dene sabanjure kabèh mau môngsa bodhoa.

Sarampungipun kula sadaya sami nêdha, Olivier lajêng tilêman, saha tilêm sawatawis jam dangunipun kanthi anglêr. Kintên-kintên jam sakawan, têtiyang ingkang nutupi gang rampung panyambutdamêlipun, lan kanthi kairid, Quick têtiyang wau sami mêdal saking kitha sangandhaping siti wau. Higgs kalihan kula ambêkta dilah kangge nitipriksa kawat-kawat, ingkang sumèlèh ing kalenan kaurugan siti. Ing sarèhning kula sadaya nyumêrêpi, bilih sampun sae sadaya, kula sadaya lajêng sami wangsul dhatêng candhi kina wau, ing ngriku lajêng kapanggih kalihan Japhet tiyang parêdèn. Saupami tiyang parêdèn wau botên mitulungi dhatêng kula sadaya, lan botên anggadhahi panguwasa agêng dhatêng mitra-mitranipun, sampun tamtu pamasanging dhinamit wau botên rampung.

Pêpadhanging dilah amadhangi rainipun Japhet ingkang katingal susah.

Kula apitakèn: Yo genea dene kowe katon susah.

Japhet amangsuli: O, dhoktêr, kula badhe gadhah rêmbag dhatêng Kapitan Orme, mugi panjênêngan kaparênga ambêkta kula dhatêng ngarsanipun.

Kula kêkalih lajêng lumêbêt dhatêng kamaripun Olivier ingkang kala punika tangi jalaran kagèt, saha anggadhahi pangintên wontên kacilakan ing pasanganipun dhinamit.

Piyambakipun pitakèn dhatêng Japhet makatên: Lho ana apa, apa wong-wongmu padha ngêthoki kawating dhinamit.

Japhet mangsuli: O, botên Kapitan Orme, ingkang badhe kula aturakên, wigatosipun ngungkuli punika. Kula nyumêrêpi, bilih Pangeran Josua sampun sarêmbag, sumêdya andhustha sang putri sêsêmbahan kula.

Olivier awicantên: Kapriye mungguh gênahe, mara caritakna mênyang aku kabèh.

Aturipun Japhet: Lho punika makatên, kapitan, salah satunggaling sadhèrèk kula punika ngabdi dhatêng sang pangeran, kula kêkalih mêntas sêsarêngan ngombe anggur, pangombenipun sadhèrèk kula ragi kêladuk, lajêng ngocèh, piyambakipun cariyos dhatêng kula, bilih sang pangeran, murih wilujênging sarira piyambak tuwin para kawulanipun, botên nyidra panjênêngan, jalaran karsanipun sang pangeran supados panjênêngan sagêd nyirnakakên rêca dewa punika, ananging panjênênganipun botên sagêd nguningani kadospundi ing têmbe wingkingipun, manawi saèstu kalampahan panjênêngan sagêd [sa...]

--- 940 ---

[...gêd] nyirnakakên rêca wau. Ingkang punika sang pangeran nguwatosakên, bilih têtiyang Abati, ngurmati panjênêngan sakônca, kados dhatêng para tiyang linangkung.

Quick nyêlani wicantên makatên: Yèn mangkono pangeran kuwi iya bodho bangêt, lan wong Abati kuwi ora wêruh mênyang panarima.

Japhet anglajêngakên aturipun: Wontên malih ingkang dipun ajrihi dening pangeran wau, upaminipun, anggèning sang putri ngêtingalakên gênging panarimah dhatêng salah satunggalipun panjênêngan sadaya, ingkang kanthi nyolok mripat - kala punika Japhet nyawang dhatêng Orme, ingkang anggèning mirêngakên aturipun wau kaliyan nolèh - pangeran sampun pêpacangan kalihan putri luhur punika, dene anggènipun sang pangeran kapengin dhaup kalihan sang putri punika wontên sabab kalih prakawis, ingkang sapisan, jalaran panjênênganipun badhe dados tiyang ingkang luhur piyambak ing nagari ngriki, kaping kalihipun, jalaran sang pangeran rumaos agêng sangêt katrêsnanipun dhatêng sang putri, saha kuwatos bilih kecalan sang putri wau. Ingkang punika samangke sang pangeran sampun apasang kala dhatêng panjênêngan.

Salah satunggal antawising kula sadaya apitakèn: Kala apa kang dipasangake.

Aturipun Japhet bab punika kula botên sumêrêp, lan kintên kula sadhèrèk kula wau ugi botên sumêrêp, utawi botên purun nyariyosakên, ananging saking cêcariyosanipun wau, kula mangrêtos, bilih sang putri badhe kainggatakên dhatêng dalêmipun Pangeran Josua, ingkang dunungipun wontên ing sisih ngrikanipun talaga punika, têbihipun saking ngriki wontên lampahan nêm jam kanthi nênumpak, wontên ing ngrika sang putri badhe karoda pêksa murih sanalika punika dhaup kalihan Pangeran Josua.

Olivier pitakèn: O, mangkono, kapan kalakone mangkono iku.

Japhet matur: Kula botên sumêrêp, kapitan, ingkang kula sumêrêpi namung punapa ingkang kacariyosakên dening sadhèrèk kula wau, lan rumaos kula, kula kêdah ngaturi priksa ing panjênêngan, ewadene kula mêksa pitakèn dhatêng sadhèrèk kula wau, benjing punapa kalampahanipun. Dene pangintênipun, kadhawahakên ing dalu salêbaring sêmbahyangan agêng ing ngajêng punika.

Sarana unjal ambêgan jalaran saking lêganing manahipun Orme wicantên makatên: la kuwi rak isih limang dina manèh, apa kowe bisa nêmtokake yèn sadulur mau kêna dipitaya Japhet.

Japhet amangsuli: Botên kapitan, babarpisan botên, piyambakipun punika salaminipun rêmên ngapusi, ewadene kula ngrumaosi sampun dados kuwajiban kula, matur dhatêng panjênêngan mênggah sadaya wau.

Orme wicantên makatên: Bangêt andadèkake bungahing atiku Japhet, nanging mungguh karêpku, ingatase prakara mung kaya mangkono bae bok aja anggugah atiku. Saiki nuruta kawat kabèh mau titipriksanên manèh, sauwise banjur lapura mênyang aku.

Japhet lajêng urmat kados caranipun piyambak, saha lajêng kesah saking ngriku.

Sasampunipun Japhet têbih saking ngriku Olivier lajêng pitakèn: Kapriye panêmumu kabèh mungguhing bab pawarta mau.

Higgs amangsuli: Yah, kuwi rak ngayawara. Nagara kene iki kêbak cêcaritan lan dêdongengan, lan mau kuwi salah sawijining cêcaritan utawa dêdongengan.

Sasampunipun wicantên makatên Higgs lajêng ningali dhatêng kula.

Kula lajêng enggal-enggal wicantên makatên: O, aku cocog bangêt karo panêmune Si Higgs, saupama sadulure Si Japhet mau duwe cêcaritan apa-apa têmênan, mêsthine iya ngandhakake prakara sing rèmèh-rèmèh luwih anèh. Aku ngandêl yèn Pangeran Josua kuwi bisa nindakake prakara piala pirang-pirang, nanging aku ora pitaya yèn saiki dhèwèke arêp nindakake prakara apa-apa. Pituturku iki wigatèkna, lan aja susah angrêmbug bab kuwi, apa manèh aja nganti matur sang putri.

Lha nèk mangkono aku kabèh wis cocog, lha nèk kowe kapriye Quick panêmumu. Makatên pitakènipun Olivier dhatêng sêrsan, ingkang kala punika ngadhêp ambêdong wontên pojoking kamar.

Sêrsan Quick umatur: Mênggahing kula kapitan, sampun dados panggalih, sajatosipun kula botên cocog kalihan pamanggihipun bandara kêkalih punika, kajawi ta sadaya rêmbag ing ngrika punika sampun ngantos kamirêngan ing sang putri. Samangke ingkang kagalih ing sang putri punika rak sampun kathah sangêt, dados kados botên wontên prêlunipun, saupami sang putri wêwah dipun ajrih-ajrihi malih, ananging pangintên kula sanadyan Japhet punika bodho, ananging sagêd ugi manawi pamanggihipun wau lêrês, awit piyambakipun pitados, manawi ing ngriki wontên sabab punapa-punapa, ingkang makatên wau rak nama wigatos sangêt tumrapipun kula.

Mungguh panêmumu, apa saiki kang kudu ditindakake sêrsan, aku cocog karo panêmumu, yèn ora ana sing kêna diaturake ing sang putri, ing sadurunge jam sapuluh mêngko sore, aku ora kêna ninggal panggonan kene. Bêcike aku kabèh iki padha ngantêpi apa sêdyane sakawit, awit prêlu bangêt, yèn anane ing kene aku kabèh iki isih sawatara suwe manèh. Lho, kanggo gambar iku apa sêrsan. Makatên mênggah pitakènipun Orme dhatêng Quick, ingkang kala punika andamêl corekan garis-garis kalihan darijinipun wontên ing siti.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---