Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09-19, #212

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09-19, #212. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09-19, #212. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 75, 3 Rabingulakir Taun Alip 1859, 19 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1301] ---

Ăngka 75, 3 Rabingulakir Taun Alip 1859, 19 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Prabalingga

[Grafik]

Makatên mênggah kawontênanipun palabuhan saha ing salêbêtipun kitha Prabalingga, katingal griya-griya ingkang èdi lan asri, tiningalan saking gêgana.

--- 1302 ---

Raos Jawi

Caraka wêdhar

Sinawung sêkar kinanthi

Elinga titah linuhung | eman yèn manggih bilai | aywa kongsi anêmaha | ambeka myang anggorohi | awit sagung titahing Hyang | anggambar wulang ngluwihi ||

ningalana sujana nung/ nityasa mawèh mêmanis | nênangi têlênging prana/ nênuntun mrih budi wêning | ninging budya dadya pana | nuju ring tindak kang murni ||

cakêtên murih tan ancung | cancangên nèng ati suci | ciptanên aywa maleca | carêma klakuan bêcik | cakraning jagad truwaca | cocog kangsèng Maha Suci ||

rêrakitên kanthi ruruh | rarasing karsa dèn ririh | rinipta sadurungira | rancangan dadining wuri | rasane kêna kinira | rumêsêp nèng sanubari ||

kapyarsakna sabdaning kun | kumandhange mawèh kingkin | kengis yèn sampun mardika | konus jatining makiki | kaprahe nora tumêka | kataliwêng datan kongkih ||

dadinira wus pinandum | dadya ananing dumadi | datan kênèng driya arda | dadi nora tunèng budi | dadining sêdya binudya | dalane rahayu budi ||

talitinên kabèh catur | tinutur murih artati | tancêping cipta kang tata | tinata têlênging ati | tinatuman ing satitah | talatèn sêtya ing batin ||

sarèhêna mrih tan worsuh | supaya malela rêsik | sayêkti wêning kang rasa | sajatine dadi wangsit | sarana têmêning karsa | sinartan wêlas lan asih ||

warahe kang pana kawruh | wajibing sujana luwih | wèh wasita kang kawangwang | wêruh rasaning kakawin | winawas dadi pamawas | wusana manggih linuwih ||

lila lêgawa kang lulus | lagehan eling tan lali | lagon rahayuning nala | lèjêming nugraha nuli | lêga pranawa minulya | lulus nèng nala kalingling ||

panthênging sêdya ywa mupus | panarima nora sêpi | panalăngsa aywa lupa | pindêngên nèng papan sêpi | panggah winantu ing tapa | pasthi wruh uwosing sêpi ||

dhasaring driya ywa kidhung | dhumawah wignya mring dhong-dhing | dhêdhêrane dèn kadhadha | dhating ati wus kajodhi | dhinêdhês têlênging dhadha | dhawah dhawuhing Hyang Widhi ||

jojo-jojo dadya maju | jajah sakathahing puji | jêjêre têmên mêmuja | jingglêng tan samar tan ajrih | jêjêg pamuntuning puja | jinangkung nugraha aji ||

yatnaning driya kayungyun | yuning gêsang kang kariyin | yakina têlênging driya | yêkti kayitnan rumiyin | yayah kumênyaring surya | yèku lêmbut kaya mriyi |

nyaritakna kang wèh trênyuh | nyinaua malbèng sunyi | nyatane sasana sonya | nyamlêng nora

--- 1303 ---

monyar-manyir | nyirnakna ati kang granyah | nyêgah karsa ting bênyinyih ||

manungsa sayêkti amung | manut nyakranirèng bumi | marmane ingkang narima | mindêng nora sugih pamrih | manise kadi kusuma | marbuk maratani bumi ||

gêgulangên ywa gumunggung | gung-ngêgungkên agêng inggil | gunane nora prayoga | gagasan aywa ginigit | gampang lan ewuh dinuga | gayuhên ingkang maligi ||

babarane ywa barubuh | bênêre ywa kongsi kibir | bubar bêlasar ting slêbar | bubrah nora dèn rahabi | bundhêlane ati loba | beka bonto kaya babi ||

thêring sêdya mamrih gathuk | thuthukana dimèn gathik | thênging karsa nora nglênthar | thukul nèng atma pinusthi | thininthing-thinthing lir gêntha | thikil kumilat lir thathit ||

ngaraha ywa kongsi pêngung | ngungaskên ati kang bêngis | ngingis lir siyunging singa | ngawasna yêkti maringis | ngajia murih kawêngan | ngancuh mring budi wirangi ||

N. Saraya, Lêngganan nomêr K 581.

Jagading Sato Kewan

Katrêsnaning Biyung

[Dhandhanggula]

Nadyan sato datan pae janmi | katrêsnaning biyung maring suta | tanpa kêndhat mêmanise | apan katon ing sêmu | kadi gambar ingkang winarni | ing sêmu kawistara | ujwalaning biyung | lir kasok dènnya rêkasa | dening nêmbe ambabar bêbayi katri | gumluntung anèng kisma ||

nanging nyata sarasaning ati | sanadyan ta tan darbe pangrasa | têtêp rasa katrêsnane | nanging trêsna kang tungtum | kang tumitih anggung ngênani | anane tan prabeda | lan janma satuhu | ing sêmu anggung anggagas | kasoking tyas trêsnanira marang siwi | ingkang nêmbe kawuryan ||

pêdhèt katri samya waras-wiris | mung kalêson lêsahing sarira | maksih nabêt rasa cape | dening katêmbèn wêruh | lan kataman panasing bumi | ingkang arasa beda | lan panasing biyung | mung wusing dangu kataman | sumiliring maruta kang rasa atis | numusi kêkuwatan ||

rare katri dènnya obah kèksi | têmah mawèh gambiraning biyang | bêngoh-bêngoh sarosane | janggiratirèng sunu | lir kêtarik ngrasa pinêtik | nulya ngadêg barêngan | maksih griyuh-griyuh | wêkasan samya umêrak | mring si biyung kang wus katon nyadhiyani | mangkahing payudara ||

samya mrusul rêbutan marani | dyan agahan ing panêsêpira | kadi tan ana dugane | têmah tinêmunipun | tan warata dènnya mandumi | mung waton baku rosa | lan mênang dharusul | yêkti wênang amisesa | datan pisan-pisan mring kadang mangrêti | mandum sapadha-padha ||

sarasaning biyung yèn kawijil [kawi...]

--- 1304 ---

[...jil] | dahat bagya ingsun asêsuta | têlu anjêlanthir kabèh | samya kadi apupur | mêlok-mêlok angatarani | bobote maksih bocah | katone wus lucu | cancutan yèn lincak-lincak | cake cêtha lir wong mêncak kang acancing | cocog sarwa sakeca ||

[Grafik]

kang kadyèku mung măngka pêpulih | panglipure gon ingsun rêkasa | ngandhut marang ing dhèwèke | kongsi nglalèkke turu | tanpa kêndhat anggung nyêndholi | balik mangkya sanyata | wus antuk pitulung | luware saking kandhutan | anggung mawèh raras sêngsêmirèng ati | kang tansah amirêna ||

nanging abot rasaning tyas mami | mèngêt maring ambêging manungsa | gone tegan salawase | puhan ingsun rinêbut | mung minăngka amikuwati | marang butuhing janma | murih jibar-jibur | rahayuning anak ingwang | kinalahkên mung sarana dèn lêlantih | nuli dadya sapihan ||

tanpa kêndhat dènira mêmardi | mring dêrêsing puhan kang dèn alap | kalapa ing salamine | ingsun kêpêksa pugut | pêpisahan lan wohing ati | têmah wusananira | sutaningsun iku | yêkti lali mring wong tuwa | ing diwasa mung ngrasa barêngan urip | winêngku padha-padha ||

nanging janma tan marêm ing ati | mêksa maksih darbe ngăngsa-ăngsa | mring sutèngsun kaanane | ana kang pinrih bau | ngrêrewangi angulah siti | tarkadhang durung nrima | maksih tegan nutug | asring sinrahkên ing jagal | mung pinurih mêmêl lan êmpuking daging | kang migunani janma ||

nanging janma uga darbe bêcik | ing sajrone papan ngupakara | datan kêndhat pangudine | mrih tinêmu rahayu | gung anjaga ing rina wêngi | kandhang kalawan pangan | ajêg tanpa kantu | sukêt kang ijo ngrêmbaka | lawan papan kang katon rêsik gumrining | dinohan ing lêlara ||

ing kalane nuju măngsa aking | nadyan lăngka tuwuhan katingal | nanging janma ajêg bae | dènnya ngupaya rumput | nadyan adoh mêksa nglakoni | ngêngudi pikantuka | adoh tindak lumuh | mungguhing pangruktinira | bêbasane kongsi kêni dèn arani | lali badan priyăngga ||

ing sumarma sanyatane ugi | janma iku tuhu mitraningwang | kang kulina salawase | dene tegane iku | yêkti amung nêtêpi wajib | rumaganging kamurkan | iku wus tinamtu | awit sajatine janma | sampurnaning budi amung mikantuki | mudhar sanggyèng angkara ||

beda lawan bêbudèning sapi | nadyan katon asarwa santosa | pêngkuhing singat prandene | gampang kêni ing apus/ datan mawèh girising ati | malah yèn kongsi nyata | adarbe pangaku | ngatokkên santosanira | yêkti amung nakêt têkaning bilai | panggawening manungsa ||

angalangut panggagasing [pang...]

--- 1305 ---

[...gagasing] sapi | kang ingumbar ana ing pangonan | anon rumput ngrêmbakane | nuli asuka sukur | ngrasa antuk nugraha jati | mirahirèng Wisesa | dènira umandum | gunging brêkah kang gumêlar | maratani datan pisan apilih sih | mring sanggyaning kawula ||

yèn rinasa saraning sapi |[1] tuhu kadi wêdharing panrima | kang tumiba satitahe | tan pisan kudu ngrêngkuh | ing agunge pangwasèng Widhi | anane mung narima | satibaning pandum | awit yèn tan mangkonoa | sarasaning janma ing salami-lami | mung tansah ngăngsa-ăngsa ||

datan nate sumèlèh ing ati | mung anyipta kasêmbadanira | lan widada pangudine | tan mèngêt tindak dudu | tatanira tanpa dêdugi | marma mungguhing janma | mrih mèngêta tuhu | lan tuwuh darbe pangrasa | aywa kongsi samar saraning ati |[2] mring tungtuming kotaman ||

Bab Têtanêman

Panili

Sami-sami têtuwuhan ingkang limrah kasumêrêpan dening tiyang, panili punika kalêbêd ragi angèl mênggahing pangrimatipun, inggih punika: sêkar panili botên sagêd dados woh manawi botên sarana dipun jodhokakên (lakèkakên) dening tiyang.

Ananging ingkang makatên wau ngêmungakên ing tanah ngriki kemawon, kabêkta saking botên wontên kewan ingkang sami purun saba ngrubung sêkaripun wau. Măngka limrahipun sadaya têtuwuhan punika inggih lêrês sami kêdah lambangsari, nanging cêkap namung saking dayanipun kewan alit utawi angin kemawon sampun sagêd laki saha dados uwoh piyambak. Pramila kula wastani ragi angèl, awit yèn kawastanana angèl yêktos tamtu botên wontên tiyang purun marsudi.

Kula maos ing sawênèhing sêrat kabar wulanan wontên ingkang nyuraos patrapipun nangkarakên sêkar panili supados sagêd dados uwoh makatên:

Manawi sêkar wau sampun adiwasa (kintên-kintên mêgar utawi mêkrok), sarinipun sêkar jalêr katèmpèlakên dhatêng ucêng-ucêngipun sêkar èstri, prêlunipun supados sari ingkang wontên sêkar jalêr, lumêbêt ing sêkar èstri, ing ngriku manawi sari wau sagêd dumugi ing êndhoging sêkar èstri, êndhog-êndhogan wau tumuntên dados pêntil, lajêng sagêd agêng dados uwoh. Ing tanah asaling panili, inggih punika ing tanah Mexico, sêkar panili tanpa kalakèkakên dening tiyang, awit ing ngrika sampun wontên kewan băngsa kombang ingkang sok saba ing sêkar panili. Awit saking punika sari ingkang sami tumèmplèk ing suku kombang, măngka kombang wau ngambah dhatêng sêkar èstri, lajêng kantun, wasana sêkar sagêd laki, dangu-dangu nuntên dados uwoh.

Mênggah pangrimatipun woh kados ing ngandhap punika:

Woh panili manawi sampun sêpuh warninipun ijêm sulak jêne, punika kêdah kaêpe ing bêntèr

--- 1306 ---

ing surya ½ dintên, lajêng kadadah kaurut-urut mawi lisah sladhah. Lisah klêntik inggih kenging, nanging yèn katahan dangu lajêng sagêd anjamur bawuk, sasampunipun kaurut-urut lajêng kaêpe malih, nanging pangurutipun kêdah ngatos-atos kaangkaha sampun ngantos macothot, awit yèn macothot badhe suda ambêtipun, patrap makatên wau wongsal-wangsul ngantos panili wau katingal lêsu, manawi sampun lêsu warninipun lajêng malih dados cêmêng mêlês mêlêng-mêlêng, inggih punika nama panili sampun masakan, gandanipun arum, kados ingkang kasade ing toko-toko sagêd pajêng 5 - 10 sèn, satunggal iji. Mênggah paedahipun kangge adon-adoning panganan warni-warni, kadamêl campuran bumbunipun băngsa ombèn-ombèn, rokok tuwin sapanunggilanipun.

[Grafik]

Kêbon panili ingkang katingal anêngsêmakên.

Sapunika sampun têrang bilih rêginipun panili ing ngriki punika awis, yèn ningali saking wujuding barang. Ananging awis-awis tiyang ingkang tlatos. Măngka saking pamanggih kula saupami tiyang purun marsudi nanêm panili ingkang radi kaduk, ing pangintên kados sagêd ugi ngindhakakên pangasilan, tur inggih lumayan.

Ing padunungan kula wontên sawênèh tiyang gadhah tanêman wit panili kirang langkung wontên namung 25 lanjaran, măngka sabên taun asilipun panyadean panili sagêd pikantuk botên kirang saking f 25.- tarkadhang manawi woh gêmbêl sagêd ngantos f 31.- dumugi f 32.- tur namung kasade taksih ijêm (dèrèng kaolah dados masakan), dados kapetang alit racak-racak pêndhak taun, panili salanjaran sagêd ngêdalakên asil f 1.-, lah punapa makatên punika namung kalêbêt nama lumayan. Mendah manawi purun nanêm ingkang langkung kathah, rak saya kenging kawastanan kauntungan ingkang agêng makatên punika, saya malih manawi kasade sampun wujud masakan.

Nir Rasa Niti Atmaja.

--- 1307 ---

Pawartos Wigatos

Pêrsêrikatan Yurnalistên Asiah (P.J.A.)

Tumrapipun dhatêng yurnalis (Journalist) kangge băngsa Asiah punika, langkung-langkung băngsa kita Jawi, nama taksih kontit, yèn miturut kalihan jiwanipun.

Wontênipun yurnalis punika, dumuginipun tanah Asiah, ingkang ambêkta băngsa Eropah, tuwin sapanunggilanipun, tanah-tanah ingkang sampun majêng.

Sasampunipun băngsa Asiah sêsrawungan kalihan băngsa Eropah tuwin sapanunggilanipun, dangu-dangu kawruh yurnalis sagêd lumèbèr dhatêng băngsa Asiah. Lajêng jumêdhulipun sêrat kabar Tionghwa saha Jawi, ngantos pintên-pintên cacahipun.

Băngsa kita Jawi dhatêng kawruh yurnalis punika, dèrèng nama wradin sumêbaripun. Malah kathah ingkang nyirik dhatêng têmbung yurnalis, têrkadhang sawêg mirêng swara yurnalis, sampun ajrih. Botên liya, sababipun 1e. têmbung mănca, ingkang dèrèng ngêbrah têgêsipun saha dèrèng kêlimrah dados sêkar lathi. 2e.yurnalis kêrêp wontên ing salêbêting sêrat kabar, măngka băngsa Jawi dhatêng waosan sêrat kabar taksih nama nguciwani. 3e. yurnalis damêlipun nglêbêtakên pakabaran, saha damêl karangan kapacak ing sêrat kabar. Kuwatos manawi awakipun utawi ing papan padhusunan kalêbêtakên sêrat kabar, măngka pinuju kabar awon. Dados ingkang pancèn botên sênêng dhatêng yurnalis lajêng gampil mastani: yurnalis iku gawene ngorèk-orèk alane wong, utawa pagawean. 4e. tuwin sapanunggilanipun.

Mênggah sajatosipun, yurnalis punika kêjawi asalipun saking băngsa ingkang sampun luhur saha alus budinipun, ugi ngêmu raos: kêna dipracaya, sabab sadaya pakabaran ingkang botên lêrês, wontên ukumanipun. Tuwin wani urip kanthi miskin. Sabab upami wontên yurnalis ingkang namung badhe ngudi cêkaping bêtahipun, pintên banggi sagêd hartawan, măngka mêdal lampah botên lêrês, badhe dipun gêgujêng jagad.

Ingkang sampun cêtha, nama yurnalis I namanipun kapacak ing sêrat kabar, II ingkang manjurung pakabaran ing sêrat kabar.

Cacak băngsa Eropah ingkang jangkêp păncadriyanipun, têmtu utawi pancèn mrêlokakên dhatêng waosan sêrat kabar. Dados inggih masthi ngrêtos dhatêng babagan yurnalis. Mila botên mokal, mênawi sagêd gêsang kanthi pranatan:

Ha. agêng aliting wêdaling bêtah miturut pamêdalipun, cocog kalihan raos kasêbut nginggil, wani urip kanthi miskin.

Na. tumindakipun dhatêng padamêlanipun, sagêd nyambutakên kalihan andhap inggiling kawruh, saha kathah kêdhiking balănja, nêtêpi ungêl-ungêlan: kêna dipracaya.

Ing nginggil punika pêthikan sawatawis bab gunanipun kawruh yurnalis. Mila kula inggih pitados [pita...]

--- 1308 ---

[...dos] băngsa Asiah (Tionghwa, băngsa kita piyambak) ingkang sampun ngambah (ngangge) tuwin ingkang anggêbyur dhatêng yurnalis, nêmtokakên saening panatanipun panggêsanganipun, saha kenging dipun pitados bab ajênging padamêlanipun ingkang sampun dados kuwajibanipun. Dene băngsa Asiah ingkang dèrèng nêcêp babarpisan dhatêng kawruh yurnalis, kathah ingkang tumindak a. botên ngukur pamêdalipun, upami pamêdal 30 rupiah ing sawulanipun, dhawahing petangan kêlasipun langkung saking ngêkat. Ing basa Mlayu Besar pasak dari pada tiang, b. ingkang sagêd ngatos-atos inggih langkung saking ngêkat, ngantos sampun sagêd simpên yatra kathah, saha pamêdal cêkap, gêsangipun botên limrah. c. tuwin sapanunggilanipun ingkang lajêng botên sagêd nanjakakên kêmajêngan. Inggih yèn awak sagêd angsal nugraha piyambak, yèn botên, ingkang kathah-kathah sagêd limrah gêsangipun, utawi sugihipun namung nalika tiyang sêpuh taksih gêsang, pun anak saya kêplorot, ngantos dhumawah mlarat.

Sajatosipun wontênipun yurnalis punika tumrap kita jaman wingi-wingi băngsa Jawi, sampun wontên, namung kemawon botên wontên ing sêrat kabar, jalaran pancèn dèrèng wontên sêrat kabar, sarta pirantosipun sêpên, ingkang sagêd maos taksih sakêdhik sangêt. Inggih punika para juru ngarang sêrat-sêrat, saha para pujăngga, dumugi sapriki saya kathah ingkang pinanggih sarta sampun kaêcap (sêrat gancaran tuwin waosan).

Nalika dintên Minggu tanggal 26/8-'28, para juru kabar ing Ngayogya ngawontênakên P.J.A. (Pêrsêrikatan Yurnalis Asiah). Dipun pangarsani Mr. Radèn Suyudi.

[Grafik]

Katrangan Gambar

1. Mr. R. Suyudi up rêdhaktur Jangêt,

2. Tuwan Tjoa Kim Tjeng up rêdhaktur bintang Mataram

3. Tuwan J. Driyawăngsa, Yurnalis

4. Tuwan Tang Swi Tjwan. dhirèktur bintang Mataram

5. Tuwan Kwa Sian Tjaij yurnalis

6. Tuwan Tejasumarta, rêdhaktur Jangêt

7. Tuwan Jayèng Hartana, yurnalis

8. Tuwan Adiatmaja, yurnalis

9. Tuwan S. Sastrapranata, yurnalis

10. Tuwan R. Harjasuwita, yurnalis

11. Tuwan Yusiswandi, yurnalis

12. Tuwan Bratakesawa, yurnalis

13. Tuwan R.M. Sumadiharja, yurnalis

14. Tuwan Tan Soen Djiang, yurnalis

15. Tuwan Kwik Tik Ie Administrasi, bintang Mataram.

16. Tuwan S.H.H. Sewaya, yurnalis

17. Tuwan R.M. Sugêng, yurnalis

18. Tuwan R. Sukirna, yurnalis

19. Tuwan R. Sastradiharja, yurnalis

R. Sumarja, Sêmanu, Ngayogya.

--- 1309 ---

Jagading Wanita

Bab olah thiwul

Têtêdhan thiwul punika sasat kêlimrah ing pundi-pundi wontên, namung thiwul punika kagolong têtêdhan ingkang asor, tuwin têtêdhan wau malah kangge adhakan sangêt katêdha ing tiyang, langkung-langkung kangge sadhèrèk padhusunan utawi parêdèn, têtêdhan punika wau sasat kangge baku, jalaran kenging kangge cagak tuwak, kalihan ngêntosi măngsa panenan ing sabin. Sanadyan têtêdhan wau sasat sampun kêlimrah, têmtunipun para maos sampun botên badhe kêkilapan mênggah wujuding thiwul, êmbokmanawi ugi wontên ingkang dèrèng sumêrêp raosipun, jalaran namung kataris saking têtêdhan wau asor. Namung sajatosipun ingkang asor punika panggarapipun (pangolahipun) lan ingkang baku nêdha thiwul sanès băngsa priyantun utawi tiyang kacêkap, ingkang kathah namung tiyang ingkang kêkirangan, dene tiyang kacêkap utawi priyantun purun dhahar thiwul punika, rak namung kangge jampi kapengin, utawi ngirit wragat. Malah sok wontên tiyang kawastanan nêdha thiwul kemawon sajak rikuh. Namung kula mêksa badhe ngaturakên bab pangolahipun thiwul, sagêda angindhakakên darajading thiwul, sampun kalajêng-lajêng dados têtêdhan ingkang asor.

Olah thiwul limrah: Tumbas galêpung gaplèk utawi anggalêpung piyambak, galêpung lajêng kaulêt kalihan toya, utawi toya kalapa, yèn badhe kadamêl lêgi inggih dipun dèkèki gêndhis utawi juruh, pangulêtipun sampun kajêmekan, yèn sampun lajêng kaêdang katumpêng alit-alit, yèn sampun matêng panêdhanipun kantun sênêngan, wontên ingkang katêdha lawaran, wontên ingkang kakrawu parudan kalapa, yèn thiwul ingkang botên lêgi malah sami kalawuhan kados nêdha sêkul, punika pangolah lan panêdhanipun thiwul ingkang kêlimrah.

Dene kula mêksa ngaturakên pangolahipun thiwul ingkang ragi miraos, tur têtêdhan wau kaanggêp asor, sarèhning têtêdhan punika kêlimrah sangêt kanggenipun tiyang ingkang badhe ngirit, utawi kasekengan, tur wragad sakêdhik raosipun eca, e lowung kangge nyamikan wanci enjing.

Kula aturi mundhut galêpung gaplèk utawi anggalêpung piyambak, namung kêdah milih ingkang taksih sae, manawi sampun lajêng marut kalapa kasisiran gêndhis jawi, kamurwata kalihan galêpung ingkang badhe kaolah, yèn sampun, galêpung lajêng kaulêt kalihan parudan kalapa wau, kaulêt-ulêt ingkang ngantos kalapa mêdal santênipun, namung sampun dipun toyani utawi sanès-sanèsipun, sampun cêkap santêning kalapa punika kemawon, dene anggènipun ngulèni ingkang dangu ngantos mukêt mêmêt kados dipun êjuri ing toya. Mênggah pangêdangipun ugi botên beda kalihan thiwul limrah wau, [wa...]

--- 1310 ---

[...u,] yèn sampun matêng lajêng kadhahar kemawon sampun eca, botên susah ngragadi malih, raosipun lajêng oncat saking drajating thiwul, kangge nyamikan ngunjuk wedang nyamlêng. Têtêdhan wau saru utawi sapele, e êmbok manawi wontên ingkang kapengin nyobi.

B. Marsiyam, Pundhong

Masjid ing Struyswijkstraat Salêmbah, Wèltêprèdhên.

Sami-sami yêyasan, tumrap ambangun masjid punika gadhah raos anglêluri têtabêtan kina, awit mênggahing masjid ingkang ngantos dipun bangun, punika tamtu sampun dangu sangêt. Sawêg mirid ing nalar, masjid punika sawênèhing griya ingkang ajêg dipun ênggèni ing tiyang, upami wontên karisakanipun punapa-punapa tamtu kasumêrêpan, dados wontênipun dipun mulyakakên, tamtu jalaran sangking sampun sêpuh.

[Grafik]

Tumrap ing Batawi, kathah masjid-masjid ingkang kêgolong sampun kina, malah wontên ingkang kalajêng risak, inggih punika ingkang manggèn ing Manggadhua, wontênipun ngantos risak wau bok manawi jalaran saking wontêning ewah-ewahan kitha, amargi papanipun ing ngriku saya dangu saya sêpên, salajêngipun lajêng botên kangge. Ing ngriku namung kêtingal janggêrênging wujud griya kina.

Mênggahing wêwangunan, griya kina punika sagêd katitik saking wujudipun, kados ta masjid ing Salêmbah, punika nalika dèrèng dipun mulyakakên, wujudipun kêtingal andhap, pasanganing banon taksih kêtingal groboh, namung ing wujud gadhah singêr, nandhakakên wujuding wêwangun kina.

Dene kawontênaning masjid punika, sarèhning saya dangu kêtingal risakipun, ngantos adamêl kasamaran, măngka ing ngriku ngadêg barjêmangahipun. Nanging saupami badhe dipun mulyakakên, badhe kathah sangêt waragadipun, tuwin botên gampis[3] lagêdipun[4] angsal waragad.

Sarèhning masjid punika dados kabêtahaning akathah, sêdya ingkang makatên wau tamtu inggih lajêng kêlampahan, ugi saking karukunaning ngakathah, wusana masjid sagêd ngadêg, kanthi waragad urunan f 5000.- saking rêrigênipun Kaji Sajêli imam ing masjid ngriku tuwin Tuwan Sastrawirêja.

--- 1311 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab Têmbung-têmbung Mănca ingkang Sampun Kaprah dipun Angge

Garèng : Ora, Ma, lagi anu Rama wis anêrangake mungguh têgêse têmbung ekonomi kanthi gamblang. Ananging ing jaman ora karu-karuan kiyi, rak isih akèh bangêt têmbung mănca, sing kaprah dianggo ing uwong, nanging mungguh têgêse sing têmênan, sing akèh durung padha mangrêti, mara, Ma, padha têrangna tut siji, nèk-nèke ana gunane tumrap aku kabèh.

[Grafik]

Petruk : Wah, iya, Ma, bênêr bangêt omonge Kang Garèng kuwi, sabab aku dhewe kêrêp bangêt palonga-palongo, jalaran amrêgoki têmbung-têmbung mănca mau, apa manèh nèk ana têmbung ngarêpe muni: puli, pungkasane nganggo mak tik, tik, wayah, kuwi sajake kok rada mêdèni. Luwih-luwih tênar-tênar guprêmèn, kuwi nèk krungu têmbung mau, anggone kamigilanên, kok kaya wong arêp kadhayohan bangsane mantri dhudhuk, tandhane: nèk ing sawijining panggonan ana wong arêp ngêdêgake kumpulan utawa paguyuban, kuwi para tênar-tênare, apa manèh para tênar pangrèh praja utawa pulisi, anggone padha gita andangu: kumpulan sing arêp diêdêgake kuwi, apa nganthongi pulitik apa ora. Dene nèk iya, wah, kalane dianani parêpatan, pulisi sing padha jaga, sasat rajêg têmênan. Ha mara, apa ora judhêg anggonku ngrasakake. Têmbung pulitik kuwi apa bangsane karbol, apa bangsaning judhi porêm, kathik padha diwêdèni mêngkono.

Sêmar : Lho, lho, lho, ujug-ujug kok nyandhak para amtênaring nagara. Panêmumu kang mêngkono kuwi rak kaliru. Ora kok sabab para amtênar padha gila utawa padha wêdi karo ananing pulitik, ananging jalaran kudu anglakoni ayahaning nagara, yaiku ambudidaya murih slamête tanah bawahe lan uwong-uwonge. Murih cêthane dakwènèhi tuladha sing gampang-gampangan, mangkene: upamane kowe kuwi pagaweyanmu ngolah sawah, murih slamête tanduranamu, têmtune kowe sabên dina rak tansah ambudidaya warna-warna, kaya ta: anjaga aja nganti ana ama utawa apa-apa liyane kang bisa agawe rusaking tanduranamu. Yèn kowe nganti ora mêruhi ing bab kuwi, têmtune ing têmbe burine kowe rak bisa nandhang kasangsaran gêdhe.

Garèng : We, lha, grathul-grathul têmênan, anggonku bisa nyandhak andharanamu kuwi, Ma. Nèk rumasaku têmbung pulitik kuwi atêgês: akal utawa pambudidaya, kaya ta: pulitiking wong dagang kuwi kudu ngrêti petung, kudu bisa sêsrawungan karo sadhengah uwong, kudu ngrêti mênyang munggah-mudhuning [munggah-...]

--- 1312 ---

[...mudhuning] rêrêganing samubarang lan liya-liyane. Pulitiking wong nyambut gawe bisane enggal munggah drajate, kudu sing sêtiti ngati-ati, sing têmên, sing lêmbah manah, sing bisa ngêpèk atining panggêdhe, bab ngaturi tămbra utawa kang dadi karêmane panggêdhene saiki wis ora kaprah. Pulitiking wong dadi dhirèktur up rêdhaktur layang kabar, murih enggal maju korane, lan enggal sugih fulus, ing jaman saiki wis beda karo carane jaman biyèn, nomêr siji, kudu ngêdhèng-êdhèngake yèn awake kuwi sawijining uwong kang ngudi bangêt marang kamajuaning bangsane, nanging sêsrawungane karo koran-koran liya kang dianggêp musuhe bangsane, iya aja nganti pêthal, dadi sida nyikut, sida ngêruk.

Sêmar : E, e, e, kok banjur sing ora-ora sing dikandhakake.

Garèng : Ing kene aku mung arêp ambuktèkake, yèn têgêsing têmbung pulitik kuwi: akal utawa pambudidaya, dadi pulitiking dagang, têgêse: akale wong dagang, pulitiking wong nyambut gawe, têgêse: akale wong nyambut gawe. Mangkono sapiturute. Mulane Rama mau ngandikakake: Ama utawa apa-apa liyane kang agawe rusak, kuwi banjur êlap-êlapên bae atiku.

Sêmar : Mungguh andharanamu têmbung pulitik, kok têgêsi akal utawa pambudidaya, kuwi pancèn iya ana bênêre, ananging sanyatane têmbung pulitik (politiek) kuwi saka têmbung Yunani pulitike (politike), têmbung kiyi asale saka têmbung polis (polis) têgêse: kutha utawa praja, dadi têgêse têmbung politike utawa politik, kuwi sanyatane, igah-iguhing bab kridhaning praja.

Petruk : I, hla dalah, ngrêti saikine aku, mulane Rama mau ngandikakake: ama utawa apa-apa liyane kang agawe rusak, awit panganggêpe Rama wong-wong sing padha nyêmplung nyang pulitik kuwi kayadene ama mêngkono, jalaran wong-wong mau arêp mèlu-mèlu ngrêmbug mênyang igah-iguhing bab kridhaning praja. Yadhug, yadhug, apa, he, alane, wong-wong mau rak arêp golèk kamayaraning uripe, ramakathik wani-wani ngarani ama aliyas pangrusak, yadhug, yadhug, anggone sumangkehan, anggone siya-siya, apa ora kêna, he, wong angudi mênyang kasênêngan lan kaslamêtaning urip ana ing donya kene.

Sêmar : Sabar, gus, sabar, aja banjur sajak arêp nguntal-nguntala kalèlèt mêngkono. Bêbasane ana: sing sapa kaburu nêpsu, kuwi têtêp baturing setan. Nyêbuta dhisik wong bagus, apa ngombe-ngombe camcao kono, bèn adhêm. Mangkene: wong arêp ngudi kaslamêtaning uripe, kuwi ora pisan-pisan dilarangi, mung bae mulane para priyayi pangrèh praja lan pulisi, sabên ana lêlakon mangkono mêsthi banjur gita-gita angurus lan tansah kudu mêruhi apa sing padha dirêmbug ing kono, ing dhuwur wis takkandhakake, yaiku jalaran saka anggone nêtêpi wajibe, kudu ngrêksa kaslamêtaning bawahe lan sakaro-karone, têgêse: wong cilik iya slamêt, pamarentah iya slamêt.

--- 1313 ---

Wêruha, thole, anane pakumpulan sing padha mêngku pulitik digatèkake têmênan marang priyayi sing padha kuwajiban kuwi, sabab angèlingi kadadean-kadadean sing uwis-uwis. Sarèhning bangsaku kuwi sing sabagean mratahe isih padha cobolo, prasasat ora tau wêruh pojoking pulitik, dadi yèn angrungokake sêsorah ing pakumpulan sing mêngku pulitik, kuwi banjur sok kaliru ing tămpa, sing wêkasane mung bakal gawe cilaka lan sangsaraning uripe. Dêlêngên, pirang atus wong sing padha didhigulake, amarga saka padha kaliru tămpa, nalika ngrungokake sêsorah ing pakumpulane, ora saka anggonku ngrewangi para priyayi mau. Iki aku mung kăndha sabênêre utawa kaanan sing padha kok sipati, dudu uni gawe-gawe, dadi witing klapa: salugune.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès

Kawrat ing kêkancinganing pamarentah, Haji Ahmad Sanusi, umur 39 taun, guru agami, ingkang kantun piyambak manggèn ing kampung Gêntèng, Cibadhak, katêtêpakên kêdah manggèn ing Batawi, prêlu kangge nindakakên tata têntrêm.

Gêmintê ing Pasuruan nyobi nindakakên pêpalang murih juru potang botên malêbêt ing pêkên-pêkên. Ing bab punika para juru potang sami nêdha pitulungan dhatêng mistêr Ong Liang Kok ing Surabaya, supados tatanan ingkang kados makatên punika dipun alang-alangi.

Bènjing tanggal 3 Oktobêr, jam 9 enjing, kangjêng tuwan ingkang wicaksana lênggah odhènsi wontên ing pura koningsêplèin kados adat. Sintên ingkang badhe sowan, gadhah atur dhatêng Adjudant van dienst, kanthi mratelakakên nama tuwin kajêngipun, wiwit tanggal 20 dumugi 30 wulan punika.

Apdhèling Persarikatan Minahasa golongan militèr ing Batawi, adamêl parêpatan wontên ing tangsi, ngrêmbag badhe ngawontênakên pisungsung konjuk ing sri bagendha kangjêng raja putri awarni kursi.

Wontên sawênèhipun tiyang mandhap saking kapal Eva, ingkang labuh ing Surabaya, mawi ambêkta kopêr, sarêng dumugi Tanjungperak dipun anggrak ing rêsèrsê saha kapriksa, ing kopêr ngriku pinanggih wontên candunipun pêtêng wawrat 4 kilogram. Tiyang wau cariyos, bilih candu wau badhe dipun êsês piyambak. Dene aslinipun tumbas saking kapal Pêrlak. Sarêng ing kapal Eva kapriksa, botên pinanggih punapa-punapa. Prakawis taksih kapriksa.

Wontên pawartos, bilih ingkang angsal pamênang f 50.000 lotre ingkang mêntas dipun mainakên punika băngsa Tionghwa nama Lie Thaij Loeng grêji ing jêmbatan Sêkaut, Batawi.

Sampun sawatawis wulan punika, ing Makasar wontên kasir băngsa Tionghwa ing Gebr. Bouvy nyalingkuhakên arta f. 15.000. Prakawis punika dèrèng ngantos kapriksa, pirmah Ressis & Co. inggih kecalan arta ingkang cacahipun ugi mèh samantên, ananging botên adamêl kapitunan, amargi kasir ingkang nyalingkuhakên arta mawi nyukani arta têtanggêlan. Wontênipun salingkuhan arta wau, jalaran ing ngriku ngusum ngabotohan.

Saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, ingkang sampun kapacak ing riksêblad, amranata bab paring dalêm pitulungang[5] wragad dhatêng lare-lare ingkang majêng pasinaonipun.

Pamasanging pondhimèn ing bak gadhahanipun praja Mangkunagaran, Surakarta, Kangjêng Ratu Timur kaparêng amasang banon wiwitan, mawi dipun jênêngi para agêng kathah. Bab wau badhe sagêd ngêlêbi pasitèn 1200 bau.

Ing bab ngajalipun Mr. J.J.K. de Wit adpokat tuwin pokrul ing Surabaya, miturut saking papriksan ingkang katindakakên ing C.B.Z. kakintên jalaran nêdha racun. Pulisi nindakakên papriksan ing pensiun Orient ing ngriku ing sacêlaking patilêmanipun ingkang ngajal, pinanggih wontên gêlas isi jampi

--- 1314 ---

Cyaankalium ingkang sampun dipun wor ing toya. Kintên-kintên jampi wau ingkang kangge sarana nglalu. Nalika gêsangipun tuwan wau katingal botên sênêng.

Pulisi ing Padhang mêntas ambêskup buku basa Arab ciri Al Qur'an Waloomoel Asjriah, suraosing buku wau kaanggêp adamêl kirang sênênging tiyang agami sanès.

Dhirèkturing pangajaran amartosakên, sarèhning ing Surabaya kasumêrêpan kathah pamulangan ingkang murid-muridipun wontên ingkang sakit budhug (lepra) supados anjagi kêncêng, murih sêsakit wau botên nular. Kajawi pranatan ingkang kados ingkang sampun katindakakên, buku-buku tuwin barang sanès-sanèsipun gadhahaning lare ingkang sakit kados makatên, supados kabêsmi, dene barang-barang sanèsipun ing pamulangan ngriku, cêkap dipun ukup mawi formaline.

Dèrèng dangu wontên kuli kontrakan băngsa Jawi cacah 650 wangsul saking Surinamê. Têtiyang wau sami ambêkta arta kintên-kintên sadaya wontên f 35.000. Miturut undhang-undhang, residhèn ing Batawi lajêng andangu dhatêng têtiyang wau, punapa wontên sabab-sabab ingkang andadosakên kawratanipun nalika wontên ing ngrika. Para kuli namung ngaturakên kawratan ing bab ambiyantu waragad pangangge.

Wontên pawartos, raosan ing bab sataun isi 13 wulan, kados ingkang dipun usulakên dening polkênbon, punika tumrap golongan dagang ing Batawi tuwin sêrat saking golongan dagang ing Sêmarang, ngaturi katrangan dhatêng dhirèktur lanbao, bab wau botên condhong, malah kenging dipun anggêp tumrapipun Indhonesiah botên anyondhongi.

Têtiyang ing Kalidhadhap, Gunungkidul, gadhah kapitadosan dhatêng wêlut agêng jalêr èstri ingkang manggèn wontên ing balumbang dhusun ngriku, wêlut wau kaanggêp kramat, kenging dipun têdhani brêkah punapa-punapa. Wusana wontên sawênèhing tiyang nganggêp, bilih wêlut wau botên gadhah daya punapa-punapa. Malah wêlut wau kenging dipun pancing, panjangipun 2 M. kubêngipun 25 c.M. Têtiyang ing ngriku lajêng ical kapitadosanipun.

Nalika kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh ing Banjarmasin, tinampi kanthi gênging manah, têtiyang ing ngriku angaturakên pisungsung awarni pêpêthan baita salaka.

Tiyang nama Watmasastra, sêkatêr pagadhean guprêmèn ing Cimahi, dipun cêpêng ing pulisi jalaran nindakakên prakawis cidra, inggih punika nglêbêtakên dhatêng pagantosan barang-barang têmbaga tuwin alpakah dipun sêpuh êmas, ingkang ing sêratipun gantosan kalêbêtakên barang êmas, tuwin dipun gantos satapsiring barang êmas. Barang-barang wau warni sêsupe 43 iji, dipun gantos f 301.- artanipun sampun dipun têlasakên.

Pasabinan ing Suntêr, Batawi, cacah 300 bau, amanggih karisakan jalaran katêmpuh ing ama tikus. Kapitunanipun kintên-kintên wontên f 16.000.

Ing bab têdhak dalêm ingkang Sinuhun kangjêng Sultan ing Ngayogya dhatêng Surabaya, sampun wontên wartos dhawah ing tanggal 26 wulan punika, bidhal dalêm saking Ngayogya kèndêl ing hotèl Madiun prêlu dhahar, dalunipun nyare ing Surabaya wontên ing Oranyê Hotèl. Dintên Kêmis tanggal kaping 27 mara tamu opisil dhatêng paduka guprênur Jawi Wetan tuwin burgêmèstêr Surabaya, lajêng dhatêng pêkên taunan. Dalunipun mariksani pêkên taunan malih. Dintên Jumuwah tanggal 28 mriksani pêrang-pêrangan kapal ing sagantên. Dalunipun lênggah pista ing sositit Modderlust. Enjingipun mara tamu opisil dhatêng marinê komandhan Tuwan A. Vos salajêngipun dhatêng platsêlêkê militèr komandhan. Dalunipun mriksani pêkên taunan malih. Ngahad tanggal 30 mriksani kêrapan, saha sasampuning dhahar kondur dhatêng Ngayogya.

Hapênmistêr ing Surabaya tampi pawartos saking kapitaning kapal van Riemsdijk, bilih lampahing kapal wontên ing margi antawinsing[6] Kupang kalihan Pasuruan wontên tiyangipun ingkang ical, nama Nara Venji băngsa Hindhu. Saha sampun dipun padosi, nanging botên pinanggih.

Wontên rangutan 30 badhe kakintunakên dhatêng sajawining Indhia, sarêng lampahipun dumugi sacêlaking Pangkalan Brandhan, dipun êndhêg ing kontrolir, awêwaton undhang-undhang angayomi sato kewan. Nanging wusananipun kewan-kewan wau sami ical, kakintên dipun colong ing tiyang.

Pawartos saking Administrasi.

Langganan nomêr 3268 ing Sala. dhuplikat Kajawèn nomêr 69/70 saha 72 sampun kula aturakên. Sanès dintên manawi botên nampi Kajawèn malih, kula mrayogèkakên paring priksa sarana karcis.

Langganan nomêr 2006 ing Panaraga. Pambayaran tumrap kwartal 4, sampun katampi.

Langganan nomêr 3390 ing Jêmbêr. Pos wisêl tiga pisan sampun katampi. Dhuplikat Kajawèn nomêr 71 kakintun 15/9. P.P.71 t/m 73 kakintun 11/9. Almênak kakintun kaping 6/9- 28.

--- 1315 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya

Dening Md. Dohiri

6

[Asmaradana]

anggêbyur Sondong Wêdari | nglangi tumêkèng sabrangan | cukat arikat tandange | Sondong Majêruk kroncalan | kacokan kêtagihan | ngalêntrih binuntêl banyu | bola-bali gulagêpan ||

Sondong Wêdari anggêndring | wus lêpas pêlayunira | tan nêdya anolah-nolèh | Sondong Majêruk gya mêntas | krèkèl-krèkèl kranggehan | tanpa daya bayu nglumpruk | bola-bali kulakêpan ||[7]

nulya lumayu nututi | nanging kêndho playunira | Ki Sondong tansah nglêntere | Sondong Wêdari samana | lêt watara têlung pal | wus prapta ing Jăntra dhusun | wismanya Bok Rondha Jăntra ||

bok răndha adarbe siwi | mung siki wanodya endah | cahyane mancur mancorong | ni rara maksih walanjar | mangkya sinêlir marang | Sondong Wêdari pinundhut | mung kinarya lêledhangan ||

anuju surup hyang rawi | Sondong Kêrti praptèng wisma | bok răndha dahat sru kagèt | ngandika mring putranira | gêndhuk kakangmu prapta | ni wêlanjar gya lumayu | anungkêmi mring kang prapta ||

ngandika Sondong Wêdari | ngrêrêpa mêmalad driya | nini mirahingsun dhenok | pun kakang minta karyanta | sathithik lêganana | kinarya nyambung nyawaku | bok rara jiwit ngujiwat ||

matur sarwi balang liring | lah kakang mundhut punapa | sêsajèn wus nèng ngarsane | dhinahar nora lênggana | Sondong Kêrti ngandika | nini bangêt panrimaku | pasihanta mring pun kakang ||

namung pamintèngsun nini | sira ngadia busana | aywa ana kuciwane | ing mangko kalamun prapta | Sondong Majêruk kakang | dibisa sira riningsun | lêlewa mêmalad driya ||

manawa tyase wus goling | ngathêkêr nguthuh asmara | lêganana nimas age | mêngko manawa wus nendra | arsa ingsun prajaya | dimène tumêkèng lampus | dadi kanthine kris ingwang ||

[Kinanthi]

yayi ingsun arsa blusuk | anèng ngisor longan bêcik | poma diparêpit sira | aywa kongsi ngêtarani | Sondong Kêrti nulya brangkang | anèng ngisor longan glinting ||

mangkya bok wêlanjar gupuh | nglakoni prentahing Kêrti | ngadi warna lan busana | ujwala kadya sinangling | mrak-ati ulêng-ulêngan | netra lir trênggana lindri ||

kèwêse angundhung-undhung | gêlung lukar morak-marik | rema mêmak ngandhan-andhan | sarira sêmu ngalêntrih | waja kengis nglaring kombung |[8] pipi andurèn sajuring ||

angagêm kasmêkan gadhung | yudênta mungup akengis | sinorot diyan gumêbyar | sumunar ambêngle keris | mundhak ayune sakala | mawèh wirangrong abrangti ||

anulya pintu tinutup | bok walanjar mapan guling | ngalèlèh ing pasarean | netra tansah mêrêm mêlik | ginagas jroning wardaya | karsane Sondong Wêdari ||

datan pantara ing dangu | ana suwara kapyarsi | nothok-nothok minta lawang | bok walanjar nyapa aris | sapa ta kang minta lawang | apa kakang Sondong Kêrti ||

ngandika Sondong Majêruk | dudu Sondong Kêrti mami | Sondong Majêruk pun kakang | wêngakna pintumu yayi | manira arsa têtanya | apa rakanta nèng ngriki ||

bok walanjar tangi gupuh | sinome ambyuk ing rai | pintu nulya winênganan | Sondong Majêruk umanjing | bok walanjar api jola | kagyat myat kang lagi prapti ||

Ni Wêlanjar ngandika rum | winoran ulat rum manis | sumăngga kakang pinarak | dalu-dalu têka prapti | wontên pakaryan punapa | akarya kagèting ati ||

ngandika sarwi malat-kung | kasmêkan tinarik-tarik | yudênta mingis sumunar | wonga-wonga ngingis-ingis | Sondong Majêruk pinanas | kêpanasan tyasnya melik ||

dhuh mirah ingsun wong ayu | rakanta Sondong Wêdari | mau apa mrene nimas | bok rara mèsêm sarya ngling | sampun wontên kalih wulan | arinta datan mariki ||

malênggong tyasnya manjêlut | Sondong Majêruk duk myarsi | sakala tyasnya kagiwang | kêni warastra kang mingip | anèng gêndhewa kasmêkan | kang manthêng kênthêng pinusthi ||

bubrah tyasira barubuh | kêbrukan wukir sarêsmi | kêpèpèt datanpa daya | yudênta tansah mêmengin | mêmanas panasing driya | Ki Sondong kalbèng yumani ||

ngandika Sondong Majêruk | têka kêbênêran yayi | pun kakang kêsêl kalintang | gojèk lan rakanta nini | dhuh mirah rining pun kakang | jênang gamping saupami ||

apuranên dhuh nimasku | pangujaning siwi yayi | sagung ingkang kaluputan | gêndèr wrêksa saupami | lah ta yayi timbangana | brangtane pun kakang iki ||

mung sira ingkang kadulu | tumuntung tungtunging ati | pangetung loro lan sanga | wêlasa pun kakang nini | mung sira ingkang sun rasa | rasaning tyas ingsun iki ||

minarda gêng jroning kêdhung | sela panglawêd jêjampi | baya sapisan kewala | pun kakang wus nrima yayi | sukêt galêng rinumpaka | jangkrik gêng nèng kêbon yayi ||

pêksi măngsa padha batur | ancur bata saupami | palwa kandhêg ing samodra | luputa sir ingsun yayi | nora wurung mati kalap | tuwin mati rontang-ranting ||

sun labuhi lêbur têmpur | wau kang tansah wiyadi | Sondong Majêruk samana | lali mungsuhira lami | kang ketang sajroning nala | mung dhenok kang lindri-lindri ||

ni walanjar rinarungrum | nanging api-api runtik | runtike kanthi ngujiwat | sangsaya angrêrandhuhi |[9] Sondong Majêruk sangsaya [sang...]

--- 1316 ---

[...saya] pangungsêde dèn têmêni ||

cinêndhak critanira wus | nutug datansah karon-sih | arêmak-rêmpu syuh lêsah | Sondong Majêruk gya guling | kêpati dènira nendra | lali kêpulêt pawèstri ||

têka tyasira kayungyun | ayun mring ayuning warni | kêlêp kalap ing asmara | ilang kaprayitnannèki | Sondong Wêdari samana | tyasira amindha gêni ||

jaja bang malatu-latu | pêtêng paningalirèki | pêpêt kapêpêtan duka | nulya ambrangkang umijil | dupi myat kang sare jajar | akrodha Sondong Wêdari ||

Rambut Pinutung ingunus | angucap Sondong Wêdari | Kakang Majêruk tangia | rêbutên Sondong Wêdari | tumêngaa ing akasa | tumungkula ing pratiwi ||

watakên[10] pujamantramu | mumpung durung angêmasi | Sondong Majêruk janggirat | tinadhahan Sondong Kêrti | cumêprot ing jajanira | kêrise amblês sapalih ||

tan sambat Sondong Majêruk | satuhu lamun ngêmasi | Sondong Wêdari anabda | lah nini karia bêcik | pun kakang arsa lumampah | têrus mênyang Majasêmi ||

ngaturake kêris kuluk | mring wadana Majasêmi | nini yèn wus katur benjang | pun kakang bali mariki | ni walanjar gya ingaras | sinungan ulat rum manis ||

[Dhandhanggula]

duk samana purnama bênêri | riyu-riyu kang ima nirmala | sumilak wiyat padhange | ya ta Sondong Majêruk | kang jrêbabah dhêpani siti | kunêng ni bok walanjar | lawan renanipun | bingung tyasira amaras | angandika lah nini paranta iki | kadunungan butamal ||

yèn kongsia kêwanguran janmi | nora wurung aku lawan sira | cinêkêl banjur rinante | yêkti tugêl gulumu | ni walanjar tyasira miris | dhuh biyung kadiparan | mungguh ing rêmbugmu | bok răndha nulya ngandika | marang putra nini mungguh rêmbug mami | ayo padha dibuwang ||

dadi nora kadunungan bukti | lah ta mara gèr padha dibuwang | bêcike ayo disèrèd | măngsa kuwata junjung | kadwi samya cancut acincing | winangkis[11] tapihira | têkan dhuwur dhêngkul | mangsah bok răndha anyandhak | sikil kanan ni walanjar sikil kiri | bangke nulya linarak ||

age-age dènira anarik | sumêlang yèn kasêlak konangan | mring janma datan wun rame | karone tan angetung | ri bandhotan[12] sungil arumpil | munggah mudhun galêngan | nasak-nasak grumbul | kêcanthol-kêcanthol sangkrah | balur barèt babak-bundhas niba tangi | katujune purnama ||

panglaraknya wus watara têbih | têkan tapêl watês Kêmaguwan | lan Majasêmi alèrèn | nulya tininggal mlayu | wong sakloron padha anggêndring | rêbutan salang-tunjang | niba-tangi nubruk | tan winarna playunira | ni walanjar kalawan biyungirèki | samana praptèng wisma ||

ni walanjar tangise drêngingi | sambat-sambat bangêt pêrihira | gêtihe mili dalèwèr | mangkya gênti winuwus | Sondong Kêrti ingkang lumaris | laju tan mampir wisma | tan winarnèng ênu | wus prapta ing Sukmayanan | laju manjing jro wisma datanpa kering | warnanên Sukmayana ||

duk umiyat mring Sondong Wêdari | kanthi kuluk kalawan curiga | dahat agêng ing galihe | ing tyas apindha gunung | nulya samya sukan angênting | bojana andrawina | gantya kang cinatur | Sondong Majêruk layonnya | gilang-gilang munggwèng watês Majasêmi | kalawan Kêmaguwan ||

sikil karo munggwing Majasêmi | Sirahira anèng Kêmaguwan | mangkurêp layon tibane | nanging prênahing tatu | munggwing bawahing Majasêmi | mangkana gagat enjang | wayah surya muncul | kacrita ana wong desa | kang ngawruhi layone ingkang gumlinting | nulya awara-wara ||

misuwur Sondong Majêruk mati | nulya katur marang Kêmaguwan | Yuyurumpung age-age | nitih titihanipun | ginarêbêg para patinggi | rame asigra-sigra | samana wus rawuh | ing dununging layonira | Sondong Majruk Yuyurumpung anungkêmi | klara-lara karuna ||

nulya Yuyurumpung ngandika ris | hèh ta bocah lah sira mênyanga | mring Majasêmi ge-age | manira turi rawuh | Radèn Sukmayana ing ngriki | arsa sun jak mariksa | ana rajalampus | dahat manira tan nrima | ing patine Sondong Majêruk puniki | yun mundhut paukuman |

nulya mentar kang liningan aglin |[13] tan cinatur lampahing caraka | pan cinêndhak caritane | samana sampun rawuh | Sukmayana sawadyanèki | Yuyurumpung ngandika | katara ing sêmu | binarung panasing driya | nungkak krama datan mawi wigah-wigih | hèh Radèn Sukmayana ||

marma sira manira aturi | anèng ngriki yun dak jak putusan | ing bab rajapati kiye | ingsun tan trima tuhu | Kakang Sondong Majêruk mati | anèng kene dunungnya | saka panêmuku | wong kene kang amarjaya | tandha sêksi dene bêkas kêris munggwing | dumunung bawahira ||

lawan manèh sikile kêkalih | anèng bawahira iku nyata | yèn sing matèni wong kene | katăndha tapak suku | anèng bawahing Majasêmi | têtêp yèn patinira | Si Sondong Majêruk | tuwuh saka bawahira | iku nyata yèn wong kene kang matèni | manira tan narima ||

marmanira ing samêngko mami | minta ukum wong ing bawahira | dibalojodana kabèh | kabèh sandhanganipun | kari kathok tan malih-malih | sanadyan sira pisan | uga kudu katut | jalaran pagene sira | darbe bawah wong kang atine muthakil | bongganira priyăngga ||

anadene lamun sira bangkit | amènèhi katrangan kang nyata | kalawan tăndha sêksine | yèn kang matèni wongku | aku uga gêlêm nglakoni | kapatrap paukuman | kaya kang wus kasbut | nanging sêlak sèwu lăngka | kalamuna wong Kêmaguwan kang juti | dene matine kakang ||

dumunung nèng bawah Majasêmi | nitik tapak sikile mêlanggrang | bawah Majasêmi gone | sawusira amuwus | Yuyurumpung gya malang-kêrik | kocap Dyan Sukmayana | mênêng datan muwus | kagagas sajroning driya | paran baya gon ingsun bisa ngunggahi | jalaran pancèn nyata ||

dadya minggu datan bisa angling | nulya ana sawênèh kang ngucap | Ki Singapadu arane | wondene Singapadu | iku jaksa ngiras pêpatih | nagara Carangsoka | limpad ing pangawruh | pintêr amutus prakara | dhasar adil datan darbe bena kasih | pamucunging pamancas ||

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


Kurang satu suku kata: yèn rinasa sarasaning sapi. (kembali)
Kurang satu suku kata: aywa kongsi samar sarasaning ati. (kembali)
gampil. (kembali)
sagêdipun. (kembali)
pitulungan. (kembali)
antawising. (kembali)
gulagêpan. (kembali)
Guru lagu seharusnya a: waja kengis nglaring kombang. (kembali)
angrêranuhi. (kembali)
10 watêkên. (kembali)
11 winingkis. (kembali)
12 bondhotan. (kembali)
13 aglis. (kembali)