Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-10, #237

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-10, #237. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-10, #237. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 12-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 81, 24 Rabingulakir, Taun Alip 1859, 10 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1397] ---

[…][1]

--- 1398 ---

[…][2]

Raos Jawi

[...] Wara Sumewa.

[...] njênêngan dalêm nata. Kasêkarakên Mêgatruh.

maruk | rangkêp nora gawe sêrik | rijêkine pating slorok ||

ka : kang katêkan kajwara mring kănca rukun | kasêmbadan măngka mangkin | kanthi kăntha wruh ing êkun | klangkung kêkêt kukuh kingkin | kèh kamulyan muga klakon ||

da : dimèn mandi dunung darbe daya kudu | dipun têkdir dene ngudi | duwe kêsdik dadya kêsdu | dilalah dang dêdêl dadi | dora dohna tan maido ||

ta : trang nurutan tamat tumut datan kantun | tita titi titis batin | tumon tuman tumaruntun | tlênging ati trus prihatin | têmên sêtya tuhu kraton ||

sa : sirik nasar sing lêrês lan sasar susur | Sang Sri Ganjar wus tan nlisir | saha nêsêr nora ngêsur | sae dhasar sabên êsir | sungkêm sarwa andhap-asor ||

__________

Ing nginggil punika gambaripun Radèn Mas Arya Yudawinata, mayoring prajurit dalêm ing Surakarta, inggih ingkang kagungan karangan Wara Sumewa tuwin ingkang sêsinglon: Jurumanis.

Kados ing ngriki prêlu kacariyosakên sakêdhik mênggahing sêsêbutan arya. Tumrap ing karaton dalêm Surakarta, pangkat agêng ingkang mawi sêsêbutan arya, punika têgêsipun wayahing nata, dene Radèn Mas Arya Yudawinata punika wayah dalêm suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B. IX.

Redhaksi Kajawèn angaturakên gênging panuwun dhumatêng panjênênganipun Radèn Mas Arya Yudawinata, dene kaparêng lêlangên ing Kajawèn. Ing pamuji mugi dados panuntun dhatêng priyantun sanès-sanèsipun kaparêng manjurung.

Red.

--- 1399 ---

wa : wuse lawas watêkira writ yèn muwus | wasis nora nêmên criwis | wêruh wantêr wudhu kang wus | wèh wêwêngan wah katawis | wis warata wuwuh kang wos ||

la : lah wus nêlas lan nèng praja labêt lulus | labuh nagri wus kawilis | la kula kang langkung tulus | lêrês lêpas mikir gêlis | lamun sowan lăngka bolos ||

pa : plêk wus têpa pas munggahe dadya êmpu | pungkasane gung nyukupi | pasrah ngêpêng padha kipu | pêpak tămpa rupi-rupi | prentah bênêr tan pinopo ||

dha : dhing wus kondhang dhasar mudhêng nora kidhung | dham-dhamane yèn ginêndhing | dhêng-dhênge dhèng datan gêndhung | dhuh sang nata condhong nyandhing | dhamang mundhi tibaning dhong ||

ja : jêjêl bêgja jajah jêjêg tyase maju | jago jaya kèh kang muji | jênêngira pijêr nuju | jêjagongan jing wong aji | jajalên kang kêrêp tinjo ||

ya : yèn pakaryan ya tan ayon mung kayungyun | yêkti daya kang rumiyin | yêg lan liyan nguyun-uyun | yèku srêgêp mulya takyin | yakin ngayangkara ayon ||

nya : nyata sihnya nyêdhak kaya thuring banyu | nyawang ngêndi nora sunyi | nyadhang ngilangkên wong lênyu | nyamadi kang nyamlêng munyi | nyumanggakkên dohing lonyo ||

ma : mêmpêng tuman mêlêng mula muluk gumun | mundhuk-mundhuk mèlu amin | mêndhak-mêndhak dhêmên lamun | mantêp-mantêp melik ngamin | mêlok mèmpêr dimèn amon ||

ga : gawe lêga gur enggala lan ginugu | goda tilas wus dumugi | gêlis golong gung salugu | gamane gêng dugi-dugi | guna gunêm gênah kanggo ||

ba : batur seba bontos bangkit sih sang prabu | baku barkah brol nyawabi | bablasira wus kalêbu | bangkit baut băngsa nglèbi | barang barêng borong babo ||

tha : thok-ingêthok thuk-thukane cêtha mathuk | thik-thik osik kang pinêthik | thênguk-thênguk nêmu kêthuk | thik-kinêthik bêcik nrithik | thuking abdi wus gumathok ||

nga : ngês brêngangang ngrêti bangêt nora bingung | ngana-ngene tan nèng mênging | nganti mintirkên wong pêngung | nguwasani ngêdham kenging | nganggo mlèngèh tangèh ingong ||

Tambahan.

yuwanaa sêkalir ingkang ginayuh | daya yêkti mugi-mugi | widadaa kang dèn suhun | nama ingkang tansah eling | tapa entuk sihing Manon ||

Tamat.

--- 1400 ---

Kabar Sanès Praja

Basa Turki Kasêrat mawi Aksara Latin.

Kajawèkakên saking Kalawarti Inggris.

Miturut katrangan saking sêratanipun Tuwan Dr. Charles Wells satunggiling ahli basa Turki ingkang misuwur sarta dados guru luhur ing pamulangan wadyabala lautan ing Sêtambul, kacariyosakên, bilih ing kawan dasa taun ingkang kapêngkêr, panganggening aksara Latin tumrap basa Turki, ingkang sadèrènging jamanipun tuwan dhoktêr wau sampun karancang ingkang kathah, punika angèl sagêdipun kalampahan, botên beda kalihan panyêratipun basa Inggris mawi aksara murih sagêdipun mathuk kalihan pakêcapanipun. Panjênênganipun amanggalih bilih aksara Latin punika botên prayogi sangêt tumrap ingkang kasêdyakakên ing nginggil, nyata ewah-ewahanipun wau badhe ambingungakên sangêt. Tuwan Dr. Wells botên nyana babarpisan, bilih ing taun punika ugi ing kitha Saloniki, dipun lairakên jabang bayi, ingkang asma Sang Ghazi Moestafa Kemal Pasja, sarta sarêng sampun jumênêng dados presidhèning republik, lajêng ngawontênakên pranatan, supados salajêngipun basa Turki kasêrata mawi aksara Latin. Ewah-ewahan wau katindakakên kanthi karampungan, ingkang sarujuk kadosdene kawontênan-kawontênan ing Turki. Sanalika sarêng sêdya badhe nindakakên aksara Latin wau katampi, lajêng dipun wontênakên komisi, ingkang kajibah adamêl rancangan ingkang mathuk kalihan kawontênanipun aksara Arab. Tumindaking komisi wau saklangkung alon sangêt, ngantos lajêng ngalilani tuwuhing carakan ingkang botên opisil. Langkung malih wiwit tanggal 10 Agustus, nalika Sang Kemal Pasja adamêl sêsorah wontên sajawining pangon ing sangajêngipun golonganing rakyat, ingkang sêdyanipun ajak-ajak dhatêng sadaya tiyang Turki, supados puruna enggal-enggal anyinau aksara Turki enggal punika. Miturut karampunganing komisi, komisi wau amanggalih prêlu, ing tanggal 16 Agustus, anyêbar wara-wara, ingkang anêrangakên, bilih sadaya carakan Turki enggal, ingkang sampun kaumumakên punika lêpat babarpisan saha botên anocogi dhatêng punapa ingkang sampun dipun putusi dening komisi dumugining kala punika. Carakan opisil, kajanjèkakên abdhe dipun wêdalakên sawatawis dintên malih, ananging kala punika sêrat-sêrat kabar sami angèngêtakên, bilih carakan enggal punika botên kenging kaanggêp opisil, sadèrèngipun katampi lêrês dening parêpatan agêng băngsa Turki (polêksrad Turki), ing măngka anggènipun badhe ngawontênakên parêpatan, botên sagêd kalampahan sadèrèngipun wulan Nopèmbêr.

--- 1401 ---

Ananging pêpèngêt ingkang katindakakên sarana sabar wau, sajakipun botên adamêl rênaning panggalihanipun Sang Ghazi, jalaran lêt sadintên kalih dintên, lajêng kenging katitik saking wontênipun karangan ing sêrat kabar Djamhoeriat, ingkang mratelakakên, bilih wontênipun carakan enggal punika, ingkang angrancang tuwin amutusi lêrês lan lêpatipun, inggih ngêmungakên sang presidhèn piyambak, tuwin jurunipun pamrayogi sawatawis. Joenoes Nady Bey warga polêksrad Turki sarta ingkang anggadhahi sêrat kabar Djamhoeriat, sadèrèngipun pangkat dhatêng nagari ing sajawining praja, kêpengin sangêt pamitan dhatêng panjênênganipun presidhèn, saha inggih lajêng kalêbêtakên ing parêpatan ingkang wigatos wau. Sanalika punika piyambakipun kadhawuhan dening Sang Ghazi supados puruna dipun eksamên mênggahing kasagêdanipun ing bab carakan enggal wau. Dene wujuding eksamên anyêrati satunggiling cariyos ingkang dipun dhikte dening priyantun luhur wau. Sanadyan Joenoes Bey satunggiling tiyang ingkang gagah prakosa, ing ngriku angakêni, bilih kala punika angrumaosi bingung kadosdene lare alit, ewasamantên uwohing eksamênan katingal ragi sae, tandhanipun, padamêlanipun wau lajêng kapacak wontên ing sêrat kabaripun, inggih punika angêmot sêratanipun tiga wêlas larik, mawi dipun cirèni corekanipun Sang Ghazi sangang iji.

[Grafik]

Sang Ghazi Kemal Pasja Presidhèn Praja Turki ing sapunika.

Wiwit kala punika ugi, salajêngipun ing Turki mratah têtiyangipun sami ngrêmbag badhe carakan enggal wau. Sadaya kemawon, ingkang ngrumaosi nama tiyang, punika sampun mêsthi lajêng kakintên, bilih sami amajibakên badanipun anyinau aksara sangalikur punika, utawi mulangi aksara wau dhatêng tiyang sanès. Lan sadaya rakyat sami gumun dhatêng rikating tindak anggènipun badhe angsal kasagêdan ingkang enggal wau. Kacariyosakên bilih para ministêr kala punika anggènipun napak-astani asmanipun inggih mawi aksara Latin. Kantor-kantor umum sawatawis, sampun amiwiti migunakakên aksara Latin kangge gêntosipun aksara Arab, ing sêrat-sêrat kabar ingkang makatên punika inggih wiwit dipun tindakakên, lan ugi lajêng dipun wontênakên sêsorahing [sê...]

--- 1402 ---

[...sorahing] bab punika, wontên ing papan blag-blagan ing pamulangan luhur ing Sêtambul sarana pitulunganing pirantos kangge anyêthakakên suwara (loudspeaker). Salajêngipun nuntên dipun wontênakên pambudidaya ingkang prêmati, murih sagêdipun enggal sumêbaring sêratan Latin ingkang sagêd mathuk kalihan kawontênanipun aksara Arab.

Panglipur Manah

Narimah ing Satitah.

[Mijil]

Rangu-rangu gènira murwani | wijile katongton | mung milalu milara rasane | lali wirang kasêrêng ing kapti | nging mêksa nênangi | wênganirèng kalbu ||

awit saking dènira kacênthik | tinêmu ing lakon | tan salisir mring kata gitane | pan ing mangkya linuri ing tulis | pamrihe mung dadi | minăngka pêpemut ||

utamining janma iku kaki | ywa ngumbar kanêpson | anarima ing satitah bae | wit sing dadi tukirèng bilai | myang ewuhing ati | iku marganipun ||

janma ingkang tan narima maring | ing satitah mangko | mung nut arda pangăngsa-angsane | nadyan katon lêjaring kang ati | myat ulate manis | kwèh namun pandulu ||

anging mêksa sajronirèng ati | rasane mandhokol | lamun anèng ngarêpe mitrane | nyêla nacad pakaryan kang pasthi | tur maksih nglakoni | maune ginunggung ||

janma ingkang mangkono sayêkti | mamrihe mung rusoh | kang sinêdya salina pangkate | ing tyasira pinêsu prihatin | gya papa kaswasih | tan narimèng kalbu ||

wênèh janma salawase urip | tan marêm ing pandom | sakalwiring pakaryan wardine | lamun sêdya dhèwèke nglakoni | tan dadya sênênging | akêmba ing pungkur ||

wus tartamtu mitranira sami | ewane sagolong | lamun katon mangkono yêktine | sakèh karya lamun ingupadi | antuke tan pasthi | wasana kaduwung ||

ing samêngko kacuwan ing galih | têmahan malompong | awit ingkang dèn upaya mangke | ingkang enak lan jênjêming ati | yèn mangkono kaki | kang cêdhak mung krungu ||

ing panggrêsah sambate andhrindhil | wit lamun eling gon | tuking sêdhih mung manut ardane | ing samêngko sêdyanirèng galih | gantya karya malih | nging mêksa kadlarung ||

saking ganas datan darbe ririh | panrimaning batos | ing samêngko agantya ihtyare | ing saênggon-ênggon dèn têkani | mrih sugih lan singgih | sangsaya tan urus ||

wus masthine manungsèku wajib | ihtiyar ing lakon | paran gone ihtiyar jatine | kang sayêkti kabêgjaning dhiri | mung lampah prêmati | kasêtyaning kalbu ||

lawan pintêr ing pakaryan bangkit | grêgête katongton | bêcik burus sumèlèh liringe | iku marga kang bisa mranani | lamun dèn simpangi | mung ewuh tinêmu [ti...]

--- 1403 ---

[...nêmu] ||

kèhing janma winaonan sami | sumêngguh ing batos | ingaranan tan bêcik lakune | mung dhèwèke kang sarwa mantêsi | bêcike ngungkuli | sing olèhe muncu ||

muncu-muncu êcake tan bêcik | wêkasan macothot | kaèdêkan tinindhih tan tolèh | mring sujanma kang ulah budyadi | prandene tan ngêrti | rumasa ing kayun ||

saking gone tan narimèng ati | pangăngsa tan pundhoh | janma ingkang mangkono pagene | nora ana sêdyane maoni | mring karsèng pribadi | murkane tanpa nung ||

lali ingkang datan lăngka kaki | tan nêdya linakon | abot ewuh mung ginawe dhewe | yèku janma ingaran tan yogi | bêgjane sumingkir | tan bisa lumintu ||

lali marang bêciking sasami | kang wus anèng jêmpol | kang ingarah luwih ing bêcike | yèn winawas nyamut-nyamut yêkti | gêbyare tan kèksi | ing batos wus mêngku ||

lir wong ngêlak sasamine kaki | wruh tirta tan tinon | sêdyanira anampik wardine | marang tuking kabêgjan sumandhing | katliwêng ing pikir | bêgjane linuluh ||

apan kadya dongèngira janmi | mung dadya gêguyon | sêdyanira anjala ing mangke | angupaya mina tagih gurih | jambal dêlêg bêcik | mung tămbra kang mungup ||

badhèr abang pirang-pirang kèksi | mung liwat malengos | paksa nurut manginggil parane | ing samangkya wruh wagal nêdhêngi | ya mêksa tinampik | golèk sing lwih bagus ||

nanging mêksa tan bisa pinanggih | sêdyane kadudon | duk samana gya wêruh wadêre | saya jêtung sêdyanira bali | ngulari kang uwis | tinampik ing pungkur ||

mina wagal lan tămbra tan panggih | wus lingsir ing kulon | kang kaèksi mung ucêng sliwêre | rèhning saking sayahe kapati | luwe ngintir-intir | ucêng gagang laju ||

enggalira jinala tumuli | pinundhut agupoh | nulya mulih kêpati gêtune | upama ing mau-mau bêcik | mangkono wus olih | badhèr wagal bagus ||

ing samêngko ucênge pinurih | karya tambêl butoh | nanging paksa mirasa rasane | wit dening wus tan antuk têtandhing | yèn mangkono pasthi | kaduwung milalu ||

kang gumêlar ing jagad puniki | malela wus mêlok | noranana kabêgjan tan kanthèn | mring sukaning wardaya ta kaki | măngka sukèng galih | wus aran bêgja gung ||

nadyan gêdhe cilika yèn kanthi | panrima ing batos | dadya sênêng tan ewuh lakune | yèku kêna ingaranan yakti | janma kang utami | tan nurut ing êdur ||

têgêsira janma ingkang yogi | nrimèng titah mangko | marêm maring kontungane dhewe | tinămpa lan sukanirèng ati | ing sapangkat bêcik | wit dene wus wêruh ||

marganira kauntungan iki | lawan sandhang mangko | miwah bukti srananira mangke | saking tabri gêmi ngati-ati | yèn wus gambuh kaki | mari nalangsamu ||

titi tamat warsitaning tulis | aksama cinadhong | dhongdhingira tan ana manise | mung kumudu-kudunirèng kapti | sinau nênangi | kumêling tyas mangu ||

S. Sukawiyata

Pamong siswa, Kuwukan, Kudus.

--- 1404 ---

Jagading Wanita

Tar Roti.

Roti 12 iris, tigan 6, gêndhis 3 sendhok, kismis sawatawis, puhan ½ gêndul, toya mawar 3 sendhok, manis jangan, mêrtega, bêskuwit bubukan.

Pandamêlipun: roti iris-irisan wau sami dipun osèr-osèri mêrtega kiwa têngên, lajêng dipun tumpuk, sasêlanipun dipun dèkèki kismis, manis jangan bubukan sakêdhik. Wusana dipun dèkèk ing wadhah ingkang sampun dipun osèr-osèri mêrtega tuwin dipun wurwuri bêskuwit bubukan.

Sapunika lajêng andamêl abên-abênan: tigan 6 iji dipun ublak, dipun wor kalihan gêndhis, puhan, toya mawar, saha dipun siramakên ing roti wau. Kajawi punika taksih dipun wurwuri bêskuwit bubukan dipun wori manis jangan bubukan sakêdhik, ugi dipun dèkèki mêrtega malih ing pintên-pintên panggenan.

Ing wêkasanipun dipun pan ingkang ngantos jêne.

Kêtan srikaya.

Olaha kêtan 1 kati, dipun santêni, ingkang sae dipun dang. Tigan 12 iji, gêndhis jawi sacêkapipun. Santên kalapa satugêl, dipun colok ing sarêm, godhong pandhan sadriji.

Pangolahipun: tigan kaublak, lajêng dipun suri santên, dipun dèkèki gêndhis, saha lajêng dipun olah, kaudhêg samatêngipun, anggènipun ngudhêg botên kenging dipun êndhani.

Pandhaharipun, duduh wau, inggih punika ingkang nama srikaya, kangge anduduhi kêtan.

Dhêdhaharan ing nginggil punika ingkang satunggal olah-olahan cara Walandi, satunggalipun cara Jawi, sadaya sami kapetang dhêdhaharan ingkang waragadipun miring, dene ing bab cocoging raos, kasumanggakakên ingkang kaparêng badhe nyobi.

Mênggahing dhêdhaharan, punika tumrapipun ing jaman sapunika, ingkang nama dhêdhaharan Jawi, wontênipun ing pasamuan, saya ingkang nama pasamuan agêng, sampun botên kalêbêt ing meja, kados ta bangsaning nagasari, mêndut timus, dene ingkang kêlimrah: ngangge dhêdhaharan cara Walandi, bangsaning rêmikan, malah ingkang kangge rêrênggan ing meja nama dhaharan agêng, inggih punika dhaharan ingkang mawi rinêngga-rêngga ing sêsêkaran, prêlu namung kangge pasamuan, ugi wontên ingkang lajêng dipun pêcah dipun dhahar, nanging sawênèh namung kangge rêrênggan kemawon.

Tumrap têtiyang Batawi, panganan agêng punika têtêp namung kangge sêsêkaring pasamuan, wontênipun ing meja botên nate dipun iris. Malah wontên panganan agêng punika namung sambutan. Upaminipun wontên tiyang bêbesanan, punika manawi sami ngangge pasamuan, pangananipun agêng cêkap gêntos ngangge pangananipun agêng tiyang ingkang mêntas gadhah damêl rumiyin, samantên punika tumrap ingkang

--- 1405 ---

rêbat cêkap. Dene panêdhaning panganan wau manawi sampun bibar damêl babarpisan.

Mênggahing dhêdhaharan agêng, punika awis rêginipun, mirah-mirahipun rêgi gangsal rupiyah, minggah-minggahipun wontên ingkang ngantos rêgi satus rupiyah. Tumrap ingkang dèrèng mangrêtos, mirêng rêrênggan satus rupiyah wau têmtu anjomplak, dene rêrêgèning têtêdhan kemawon ngantos samantên. Nanging tumrap ingkang mangrêtos, tamtu lajêng sagêd nindakakên kêrta aji, kados ta mirid saking awising abên-abênan ingkang dipun olah, rêkaos tuwin riwiling panggarap, upaminipun kemawon, bab martega sapanunggilanipun lan malih bab anggèning damêl rêrênggan sêkar gêndhis wontên sanginggiling dhaharan, punika sadaya sami padamêlan ingkang botên gampil, mila rêrêgènipun sampun mèmpêr kados ingkang pinanggih wontên ing wujud. Lan malih, ingkang rêgi satus rupiyah, inggih tamtu langkung agêng, langkung eca tuwin langkung pèni.

Wontênipun dhêdhaharan wau dipun wastani dhaharan agêng, kajawi wujudipun agêng, inggih atêgês dhaharan ingkang pandhaharipun kêdah sarana dipun pêcah-pêcah.

Ingkang sampun pinanggih, agêng-agênging dhaharan agêng punika saprangkul, punika sampun nama onjo, nanging tumrap ing Washington, Amerikah, mêntas wontên dhaharan agêng ingkang agêng sangêt, kangge pasugatan nalika nuju pasamuan. Panjanging dhaharan wau 10 mètêr, inggilipun 5 mètêr.

[Grafik]

Mênggahing abên-abênaning dhêdhaharan wau: glêpung 3000 pun, tigan 2000 iji, gêndhis 700 pun, tuwin sanès-sanèsipun ingkang kintên-kintên inggih sarwa kathah. Dene dhaharan wau kangge sadhiyan tiyang 4000. Mênggah wujuding dhaharan kados ing nginggil punika.

Ing sapunika para maos sagêd anggalih, kadospundi pandamêlipun, sadaya tamtu sarwa ngawontênakên padamêlan rêkaos. Gampilanipun sawêg anggènipun ambage kemawon inggih sampun ithu sangêt.

Kados makatên kawontênanipun ing donya.

--- 1406 ---

[Grafik]

Sami-sami golongan pasar taunan, tumrap ing tanah Jawi, ingkang agêng wontên tiga, inggih punika ing Batawi (Pasar Gambir), Bandhung tuwin ing Surabaya. Dene pasar taunan ing Surabaya gambaripun kados ing nginggil punika, kagambar ing wanci dalu.

Gurêm.

Para maos ingkang sami kagungan ingah-ingahan sato iwèn, tamtu sampun uninga satunggiling kewan alit ingkang nama gurêm. Awit sabên ayam ingkang nêmbe nêtês kuthukipun, ing pataranganipun wau tamtu kathah gurêmipun, sarta manawi sampun kaandhapakên saking patarangan wau, gurêmipun sumêbar dhatêng pundi-pundi. Nomêr 1, tiyang ingkang ngandhapakên wau têmtu badanipun sakojur kraos pating grêmêt, sarta gatêl, sabab dipun cokoti gurêm ingkang tumèmplèk ing badanipun. Sanajan dipun êdusi mêksa taksih kathah ingkang nèmplèk. Trêkadhang dalunipun manawi badhe tilêm ugi tansah susah.

Ingkang punika kula ngaturi pirsa, bilih makatên wau wontên sarananipun sapele nanging mêsthi sagêd ical, inggih punika sintên ingkang kagungan ayam nigan, manawi sampun badhe angrêm, ing pataranganipun wau lajêng kadèkèkana godhong cêpokak, wontêna 15 utawi 20 lêmbar. Insa Allah mangke manawi nêtês botên wontên gurêmipun, sok ugi botên kasèp anggènipun andèkèk godhong cêpokak wau.

Wasana galap-gangsuling ukara tuwin kithaling têmbung, mugi para maos aparinga sih pangaksama.

Sungkawa.

Ing Lêbong Dhonok.

--- 1407 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kakêndêlan saha Kajirihaning Lare.

Candhakipun Kajawèn nomêr 80.

Petruk : Nèk tak gagas-gagas, Rèng, wong jaman biyèn kuwi kok luwih kêndêl tinimbang wong jaman saiki, nganti ana unèn-unèn: luwung mati tinimbang wirang, kaya ta: digawe isin ana ing ngarêpe wong akèh, banjur anganyut tuwuh, malah mung ditampik prawan bae, iya banjur ngêndhat. Seje karo wong jaman saiki, nèk ditampik prawan ujare: ora kurang wanita liya sing kinyis-kinyis, malah aku duwe kănca olèh kaisinan gêdhe bangêt, nganti barang darbèke dibêslah kabèh, kala samono iya pancèn banjur mati ... ananging krêtune. Mara, apa ora têtela bangêt, yèn kêndêl-kêndêl wong jaman biyèn tinimbang karo jaman saiki.

[Grafik]

Garèng : Mungguh omongmu ing bab unèn-unèn: luwung mati tinimbang wirang, kuwi rak gumantung mênyang panêmune wong siji-sijine, bisa uga nèk ing jaman biyèn, wong wirang banjur anganyut tuwuh kuwi dianggêp sawijining kaprawiran, ananging kaprahe ing jaman saiki, nèk mung ditampik prawan bae banjur ngêndhat, kuwi rak banjur dianggêp wong kang cêkak budine.

Petruk : Bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, mung bae umume, wong jaman biyèn kuwi rak luwih kêndêl tinimbang wong jaman saiki, dêdongengane rak pirang-pirang sing kêna kanggo tuladan, kaya ta: Kyagêng Sela diêdu karo banthèng, utawa manèh Jaka Tingkir diêdu karo kêbo danu, lan isih akèh manèh tunggale, kang anyatakake kêkêndêlane wong jaman biyèn. Seje karo jaman saiki, wong ming ditakoni Walănda kanthi bênêr-bênêr bae, wis ngoplok, raine kathik katon pucêt, kuwatir yèn arêp digawe ala, amara, apa ora kêbangêrên.

Garèng : Kang mangkono kuwi sing salah sabênêre, wong sing diwajibake mulasara kalane isi bocah, awit cilik, băngsa Walănda dipadhakake momok, wis mêsthi ta wêdine kuwi banjur rumasuk ing balung sungsum, kaya ta: nèk ana bocah nangis, kuwi amrih mênênge sok diwêdèni mêngkene: aja nangis, le, mêngko mundhak ditêkani Lănda. Malah burine têmbung Lănda mau sok dikanthèni têmbung mabuk, dadi sabanjure iya banjur wêdi karo Walănda, malah pikirane sabên Walănda kuwi kabèh mêsthi tukang mabuk. Ambok iya ngênêng-ênêngi bocah [bo...]

--- 1408 ---

[...cah] kuwi mangkene: wis mênêng le, ayo padha nonton Lănda baris, utawa: ayo padha nonton Lănda musik-musikan, lho, kuwi ing têmbe wohe rak bagus bangêt, kajaba ing têmbe bakal banjur ora wêdi, ananging uga bakal anduwèni trêsna, kang wusanane bisa agawe tata têntrêm lan karaharjaning praja, awit wong-wonge ing tanah Jawa kene bisa banjur dadi guyub rukun, ora tansah pasulayan bae.

Petruk : Upamane wong Jawa bisa kalakon mulang anake kayadene kang kok kandhakake mau, ananging sing kanane ora gêlêm nimbangi, têmtune iya ora bisa kalakon, jalaran aku dhewe kêrêp krungu ucap-ucapaning nyonyah Walănda nyang anake mangkene: aja sok dhêmên kêkumpulan kambi bocah Jawa, mundhak kêcepretan, êmbuh kêcepretan apa, ananging kono rak wis cêtha, yèn anak Walănda kuwi wiwit cilik dikulina ngrèmèhake băngsa inyong, mulane barêng gêdhe iya ngrumasani basaning Yamadipati.

Garèng : Lho, aja kok banjur dipukul gambang sama rata ngono bae, băngsa Walănda kuwi iya ora beda karo liya-liyane, iya ana sing dawa pikire, lan uga ana sing cupêt budine, kayadene Walănda kang mulangi anake kaya kandhamu mau, kuwi rak Walănda sing cupêt budine. Ora beda karo sawijining priyayi kang mulang putrane, dipênging kêkumpulan karo bocah kampung, jalaran dikuwatirake nèk putrane mau kêtularan dadi bocah urakan, ing kono priyayi mau rak ora ngèlingi, yèn bocah kampung kuwi durung kêna ditêmtokake yèn bêbudène luwih asor tinimbang putrane dhewe. Mulane yèn kowe mêndhaki Walănda kang mulang anake kaya kandhamu ing dhuwur, kowe aja mrêduli, awit kuwi rak prakarane kana, dudu prakaramu, luwih bêcik kowe ngèlingana mênyang piwulange para sêpuh mangkene: sing dhêmên mênyang samubarang kang kumêlip ana ing donya kene, awit kabèh mau gaweaning Pangeran, lan sing sapa dhêmên marang titahing Pangeran, kuwi prasasat dhêmên marang Pangeran.

Petruk : Dadi nèk miturut piwulang mêngkono mau, wong kuwi kudu tansah anduwèni wêlas asih bae marang sapadha-padhane, dadi sanadyan kanane sêngita kaya ngapa, kene kudu tansah dhê ... mên bae, yak, iya ora saguh aku nèk mêngkono kuwi, dadi nèk kanane ngrasani ala, kenene kudu ngalêmbana, nèk kanane nêmpiling, kenene iya kudu nrima lan nyuwara: sêmbah nuwun, mas. Wiyah, nèk aku wis disêbut wali, kiraku bisa nglakoni, salawase isih diarani wong lumrah, yèn kanane nabok, iya tak bayar nganggo kêpêlan, tur nganggo dikanthèni rèntên apês-apêse iya 200%.

Garèng : E, hla kuwi rak tindake wong ambêjujag. Sabênêre kono iya angèl anglakoni piwulang kaya ing dhuwur mau, ananging yèn bisa dilakoni têmênan, pancèn iya utama

--- 1409 ---

bangêt, awit sajatine manusa iku anduwèni daya tarik-tinarik, dadi saupama kanane sêngit, ananging kowe tansah dhêmên, suwe-suwe kanane iya banjur mari sêngite, lan nuli anduwèni tancêp trêsna lan têmên. Wis, wis, kok banjur nyêbal pathokan, wong ngrêmbug kêndêl, kok banjur slewengan nyang warung barang.

Badhe kasambêtan.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Ing Karanggêdhe pinanggih wontên lare èstri umur 12 taun, pêjah gantung wontên ing wit-witan, nanging sarêng kapriksa ing dhoktêr, gumantunging lare wau sasampunipun pêjah, tuwin kêtitik wontên tăndha biru èrêm ing badanipun. Wusana pulisi angsal katrangan, bilih pêjahipun wau saking dipun gêbagi ing êmbokipun kuwalon, jalaran lare wau kapurih adus badhe dipun sunati botên purun, lajêng dipun gêbagi lan andadosakên ing pêjahipun. Lare sasampuning pêjah lajêng dipun cêmplungakên ing luwangan, dalunipun lajêng dipunantungakên[3] ing wit-witan.

Ing dhusun Mranggèn, Magêlang, wontên lare sakit dipun tilar piyambakan wontên ing griya, sarêng dalu karaos kêkês lajêng damêl latu badhe kangge api-api. Nanging sarèhning badanipun lêmês sangêt, nalika badhe api-api lajêng kêcêmplung ing latu, botên wontên ingkang mitulungi, wusana dumugi ing tiwas.

Wontên pawartos ing Makasar tuwuh sêsakit pês.

Wontên pawartos, sawatawis minggu malih ing Batawi badhe dipun wontênakên lelangan borongan pandamêlipun pakunjaran ing Struiswijk. Tapsiraning waragad f 600.000, rampunging panggarap kintên-kintên 400 dintên. Jalaran saking agênging yêyasan, badhe kaperang dados kalih golongan, pagêr jawi tuwin gêdhong-gêdhong cacah 300. Tigang prapating gêdhong-gêdhong wau kintên-kintên cêkap dipun ênggèni tiyang 600. Ing pakunjaran ngriku badhe kangge tiyang ukuman ènthèng tuwin tahanan jalêr utawi èstri.

Ing bawah Kêdhung Banthèng kêtingal wontên golongan komunis tuwuh malih, manawi parêpatan reka-reka damêl wilujêngan. Pangajêngipun, sami asli saking Surakarta. Manggèn wontên ing sakanan keringipun ngriku. Pulisi nindakakên pajagèn kêncêng.

Margi sêpur Kalisat Băndawasa, ing antawisipun tamanan kalihan grujugan, pinanggih wontên sela-sela dipun pasang ing êril, panjangipun wontên 300 mètêr. Rahayu kasumêrêpan ing sadèrèngipun sêpur sênèl saking Surabaya langkung.

Kawartosakên, bilih hotèl S.S. ing Konêngsêplèn, badhe kalelangakên panyanggining waragad.

Pangadilan landrad ing Banyumas mêntas angrampungi prakawisipun pasakitan Martawijaya ing dhusun Srowot tuwin Sêtramêja ing Sura. Kadakwa amêjahi lare umur 14 taun sarana kalêlêbakên ing toya. Sami kaukum ngalih dasa taun.

Tuwan Pastur Beijens ing Singkawang, nalika nuju nguwot ing ăndha baita kêcêmplung ing sagantên, lajêng dipun padosi. Sasampunipun tigang prapat jam sawêg pinanggih, nanging sampun tiwas.

Sarèhning ing Batawi sampun madêg sèksi P.P.P.K.I. saking rêrigên rêmbag ing parêpatan, ngangkat Tuwan Tamrin Otosubrata tuwin Mistêr Martana dados komite ngawontênakên gêdhong P.P.P.K.I. piyambak, kanthi pangajêng-ajêng urunan saking para warga tuwin saking pakêmpalan ingkang tumut nunggil. Paedahing gêdhong wau kajawi kenging kangge parêpataning pakêmpalan-pakêmpalan kanthi waragad sakêdhik, ugi ing sabên 14 dintên sapisan badhe dipun wontênakên pêpanggihanipun para bêstir P.P.P.K.I. ngrêmbag bab pêrgêrakan tuwin ngawontênakên parêpatan umum sabên tigang wulan sapisan. Makatên ugi golongan Sarekat Islam ugi gadhah kajêng, ing sabên nuju parêpatan Rad Kawula, ing ngriku badhe kangge papaning parêpatanipun pakêmpalan warni-warni, ingkang ugi ngrêmbag bab ing Rad Kawula.

Opsir yustisi ing Surabaya nyuwunakên paukuman dhatêng pasakitan van Leeuwen 2 taun, ingkang kadakwa nindakakên salingkuh ing kopêrasi S.S.

Jalaran saking kathahing têtiyang ukuman, ing pakunjaran Glodhog tuwin Sawahlunta tuwin sanès-sanèsipun malih, ngantos kêkirangan panggenan, mila lajêng dipun adani ngawontênakên pakunjaran enggal ing Padhang, cêkap dipun ênggèni ing tiyang 7000, nanging sarèhning ingkang kathah sami tiyang golongan komunis, pakunjaran wau badhe kangge papanipun têtiyang golongan wau.

--- 1410 ---

Benjing tanggal 1 Januari 1929 badhe wontên têtiyang ukuman băngsa Eropah cacah satus, kapindhah saking pakunjaran ing Sêmarang dhatêng pakunjaran ing Sukamiskin, Bandhung.

Ing kampung Tejakusuman, salêbêting baluwarti Ngayogya, wontên tiyang ingkang katrajang sêsakit pès paru, dumugi ing tiwas.

Pangadilan landrad ing Sukabumi mêntas angrampungi prakawisipun pasakitan nama Amat, ingkang kadakwa mêjahi tiyang kêkalih kalanipun nuju wontên papan karamean, jalaran saking dipun wadani. Pasakitan dipun ukum 18 taun.

Radèn Umar Sanusi, ajung lanbao konsulèn ing Ngayogya, benjing taun 1929 badhe anglajêngakên pasinaonipun wontên pamulangan luhur têtanèn ing Wageningen nagari Walandi.

Muhamadiyah ing Surakarta ambikak pamulangan tiyang siti wontên ing bawah kabupatèn Kalathèn, kados pamulangan ăngka 2, mawi dhêdhasar Kuran utawi mulang agami Islam.

Prakawis mandhat palsu ing Kapatihan Surakarta mêksa sêpên tanpa katrangan, kabaripun malah lajêng kajibahakên dhatêng para garap, sami kadhawuhan anglintoni.

Wontên pawartos, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja pêpatih ing Ngayogyakarta, badhe nglêrêmakên sarira ngupados hawa asrêp wontên ing pasanggrahan dalêm Pracimaharja, Surakarta. Wontênipun ing ngriku badhe kaparingan sêgah klênengan saha niyaganipun pêpilihan.

Kala tanggal kaping 6 wulan punika, paduka gupêrnur ing Jawi Têngah Tuwan van Gulik nalika wangsul saking Têgal dhatêng Pakalongan, titihanipun oto dipun tututakên oto sangajêngipun nubruk tanggul saha lajêng ambalik, rahayu sadaya wilujêng, namung otonipun risak. Paduka gupêrnur namung tatu sakêdhik ing ugêl-ugêl, botên andadosakên sabab, dene nyonyah gupêrnur tatu sakêdhik ing sanginggil tingal kiwa. Botên dangu lajêng anglajêngakên lampah nitih oto saking kabudidayan sacêlakipun ngriku.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2850 ing Jati (Jatibarang). Kangge almênak f 7.80, dados Kajawèn kirang f 0.12.

Lêngganan nomêr 2458 ing Purwakêrta. Sêrat Wedhatama sagêd mundhut tumbas dhatêng bukhandhêl Tan Khoen Swie ing Kêdhiri.

Lêngganan nomêr 3314 ing Simalawang (Surabaya). Lêrês f 1 punika tumrap wulan Nopèmbêr saha Dhesèmbêr 1928.

Lêngganan nomêr 736 ing Talu, Sumratah. Wisêl ing wulan Agustus kathahipun f 1.50 sampun katampi. Wangsulan botên kapacak ing Kajawèn, jalaran lampah ingkang makatên punika adamêl kapitunan (ngêbak-êbaki panggenan), Kajawèn ajêg pisowanipun punika, sampun mêrtandhani bilih panjênêngan botên nunggak. Kajawi punika rêsi saking pos harak kenging karimata.

Lêngganan nomêr 2818 ing Kulon Kêbên, Ngayogyakarta. Pos wisêl f 1.50 ingkang f 0.50 kangge nyaur tunggakan wulan Juli kapêngkêr. Ingkang f 1.- tumrap wulan Oktobêr saha Nopèmbêr 1928, kawuningana.

Wangsulan Redhaksi

Lêngganan nomêr 3047 ing Majawarna. Ing sarèhning undha-usuking basa punika pinanggih wontên ing undha-usuking pangkat utawi kaluhuran, makatên ugi ingkang taksih tumindak ngangge tata ngadat makatên punika ing tanah karajan Jawi, mila katrangan punika inggih mêndhêt têtuladan karajan Jawi. Tumrap ing Surakarta makatên.

Kula, punika têtêmbungan kangge sasami-sami, minggahipun dhatêng pangkat sanginggilipun, inggih taksih ngangge kula.

Kawula, punika têmbungipun tiyang pangkat alit dhatêng tiyang pangkat agêng utawi luhur.

Abdi dalêm, punika têmbungipun tiyang pangkat alit dhatêng ratu utawi sinatriya agêng (pangeran). Wêtahipun malih prayogi abdi dalêm kawula.

Panjênêngan, punika têtêmbungan dhatêng tiyang ingkang dipun ajèni.

Panjênêngan sampeyan, punika kanggenipun botên patos kêlimrah.

Panjênêngan dalêm, punika têtêmbungan tumrap dhatêng pangkat agêng.

Sampeyan dalêm, punika tumrap dhatêng panjênêngan nata.

Tumrapipun ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, undha-usuking basa punika warni-warni sangêt, jalaran ugi saking kathahing undha-usukipun pangkat tuwin kaluhuran, dados saupami dipun andharakên, kados botên patos migunani, kajawi namung tumrap tanah karajan Jawi wau. Lan malih tumrap sajawinipun Surakarta tuwin Ngaygyakarta, inggih sampun ngangge tata ngadat piyambak, saha sampun kêlimrah dipun tindakakên.

Radèn H. Wardaya, ing Ngayogya. Gambar ingkang kados makatên punika sampun kalêbêt limrah, mila botên kapacak, kakintunakên wangsul, nuwun.

Tuwan S. Miharja, ing Ngayogya. Ugi makatên. Kauningana.

Tuwan P. Sastra. Ing Kêmiri S.S. W/L. Kawontênan punika sampun kasèp, botên kapacak.

--- 1411 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya.

Dening Md. Dohiri

12

[Dhandhanggula]

Kasambut ing pabaratan nuli | ngamuk punggung nirbaya wikara | wadya sarêng ambyuk kabèh | singa katrajang mawut | samya ngungsi wurining baris | kang grombol-grombol dhadhal | buyar pating blulu | mangkana Dyan Sapanyana | Singanyidra katiga Sondong Wêdari | mapag kang ambêk sura ||

katri kadya banthèng tawan kanin | singa ingkang katrajang adhadhal | mawut buyar ting kêcècèr | miris kang samya dulu | tan pantara paprangan kadi | banjur rah angalerap | bangke tumpuk-undhung | mêngsah amundur sadaya | samya nungkul masrahakên pati urip | tinampan panungkulnya ||

pan wus katur ing ngarsanirèki | Adipati Puspa Andungjaya | dahat asangêt bingahe | Kêmbang Jaya pinundhut | mantu dening sang adipati | dhinaupakên lawan | Rayungwulan mungguh | tan winarna dhaupira | Rayungwulan lawan Kêmbang Jaya pêkik | atut rukun kalihnya ||

duk samana kawarnaa malih | Sukmayana ingkang nandhang roga | kèhing jampi madal kabèh | ing ari juga nuju | wus tumêka janjinirèki | bali mring kalanggêngan | mulih mulanipun | riwusira paripurna | Kêmbang Jaya mung mundhut wasiyatnèki | tinggalane kang rama ||

kêris kuluk apan wus ingambil | sigêg gantya mangke winursita | Puspa Andungjaya Radèn | ing mangke karsanipun | karsa sèlèh nagari maring | putra Dyan Kêmbang Jaya | jinunjung palungguh | mangrèh Carangsoka lawan | Paranggurdha măngka jumênêng bupati | manggèn ing Carangsoka ||

ri sajuga anuju siniwi | pêpak sagung punggawa sadaya | anèng alun-alun andhèr | para panggêdhe dhusun | myang pra mantri lawan prajurit | Ki Singapadu ngarsa | lungguhnya tumungkul | sang bupati angandika | hèh ta paman dhawuhna mring wadya mami | mêngko karsa manira ||

Kêmbang Jaya putraningsun iki | ingsun junjung anggêntèni ingwang | bupati măngka pangkate | Carangsoka sadarum | lawan Paranggurdha prasami | karèh mring putraningwang | lawan malihipun | ing samêne Sapanyana | ingsun junjung măngka kang dadi pêpatih | si paman măngka jêksa ||

tur sandika Singapadu aglis | angundhangkên dhawuh sang bupatya | sakêdhap kawratan kabèh | mring pra wadya sadarum | sinauran mriyêm amuni | jumêgur bal-ambalan | rame swaranipun | gong bèri tambur wurahan | slomprèt suling tinabuh barêng amuni | binarung swarèng surak ||

para wadya samya suka ngênting | tan pantara mijil saking pura | dhaharan ambêng sêsajèn | gumrudug tansah sêlur | nganti têkèng lun-alun taksih | wêdaling pasugatan | cinêndhak crita wus | akêmbul pra wadya samya | sarêng dhahar dahat dènnya suka ngênting | kocap gantya cinrita ||

Adipati Kêmbang Jaya mangkin | arsa nyithak padesan kinarya | nagara ingkang arame | dene ingkang tinuju | apan amung desa Kêmiri | saking ing karsanira | anèng kono mungguh | dhasar dumunung nèng têngah | antarane Paranggurdha lawan malih | praja ing Carangsoka ||

cêkaking kang carita wus dadi | saya lama agêmah aripah | murah sandhang lan pangane | tulus sarwa tinandur | sinung aran nagara Pathi | nênggih ing Pasantênan | mangkya kang tinutur | Adipati Kêmbang Jaya | karsanira sinantun asmanirèki | Radèn Jayakusuma ||

wus misuwur ing măncanagari | Pasantênan adipatinira | lwih ambêk palamartane |[4] adil patraping kukum | marmanira pra wadya sami | jrih asih gustinira | ratu anggêpipun | samya ayêm têntrêm ing tyas | samya mungkul dènira anambut kardi | titi palêsthèng gita ||

Tamat.

Sêrat Jaka Pitutur

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta.

1

Kacariyos, ing pabrik gêndhis Sukaraja, bawah paresidhenan ing Banyumas, wontên satunggiling pangajêng kuli, limrahipun dipun wastani mandhor bêsar, nama Radèn Suryawardaya. Radèn Suryawardaya punika botên kalêbêt pintêr, nanging dhatêng padamêlan majêng, srêgêp, tumêmên satiti tuwin ngatos-atos. Salaminipun tumut pabrik ing dalêm kalih dasa taun, botên nate ngèthèrakên padamêlan. Para pangagêng sami asih trisna, saya malih tumrap tuwan sêtatir, êsihipun kasok, ngantos misuwur Suryawardaya anake êmas tuwan sêtatir.

Ing satunggiling dintên Radèn Suryawardaya jalêr èstri sami kesah dhatêng

--- 1412 ---

pêkên, ing sarèhning pêkênipun têbih, wanci jam 5 enjing sampun sami pangkat saking griya, kairing rencang jalêr kalih ambêkta pikulan tuwin sênik agêng, sarêng kintên jam 6 byar enjing, lampahipun dumugi sênggag (inggah-inggahan) nama Traguna, wusana kêpêthuk tiyang jalêr satêngah sêpuh, dêdêg pangadêgipun agêng inggil, badan katingal kiyat kabalungan, suwara agêng, polatanipun tajêm, mratandhani bilih kêkêndêlanipun langkung, tatag dhatêng samubarang. Tiyang wau nganthi rare èstri kintên sawêg ngumur sadasa taun, saha lajêng aruh-aruh dhatêng Radèn Suryawardaya kalihan têmbung ngoko: lho, sariramu arêp tindak mênyang ngêndi, dèn, măngka aku arêp sowan mênyang dalêmmu, wusana umun-umun katêmu ana kene.

Radèn Suryawardaya anjênggirat kagèt, dèrèng purun tumuntên mangsuli, nanging tiyang wau tansah dipun pandêng kalihan kagagas: sapa baya wong iki, sandhangane sarwa amoh têka wani ngoko mênyang aku. Sarêng sampun waspaos lajêng amangsuli sêmu gugup: O, Kamas Radèn Kusumapraja. Anu kamas, kula kalihan ingkang rayi tiyang èstri badhe dhatêng pêkên blănja, botên nyana kêpanggih kamas wontên ngriki.

Tiyang wau mangsuli: aja nyêbut marang aku Kusumapraja manèh, jalaran wiwit aku kêsandhung ing aral dhèk samana, aku banjur salin jênêng Wăngsadrana, mula nyêbuta mangkono bae, aku bungah. Kajaba iku dèn, amburu cukup aku ngaturi uninga, mula aku arêp sowan ing dalêmmu, prêlu arêp nyuwun tulung dhuwit satus rupiyah, dhuwit mau tumrap aku ing wêktu iki prêlu bangêt, prasasat nyawaku kang uwis oncat saka raga bisa bali manèh, mung sarèhning aku ora duwe barang kang mèmpêr kang kêna digawe tanggungan, bocah wadon iki tak aturake marang adhimas sakalihan, arêp digawea batur utawa apa bae aku mung nyumanggakake. Dene alurane bocah iki mangkene: nalika aku kêsandhung ing aral dhèk samana, adhiku wadon Si Sulastri Sindupraja banjur dipêgat sing lanang, sauwise mangkono banjur lunga saka ngomah golèk panguripan, kalakon dadi babu ana ing hotèl Dièng, salin jênêng Minah. Sajêrone aku nglakoni ayahaning nagara, êmbuh kapriye aku ora ngrêti, bakyumu Si Sulastri (Minah) disêlir dening sawijining priyayi wadana dhistrik, ringkêsane banjur ngêtoni bocah wadon iki, diwènèhi têtêngêr jênêng: Rara Sri Têmon, lan diparingi balănja sasasine limalas rupiyah, tumêka saiki isih lêstari ditampani bakyumu Sulastri. Ambalèni prakara butuhku dhuwit iku prêlu tak anggo sangu mênyang nagara kang adoh, wis sapuluh dina iki bakyumu Sulastri tak kongkon nyuwun dhuwit mênyang bapakne bocah iki, wangsulane wêdi, aluwung awake digadhèkake apa diêdol, iku awake bungah ora garantês. Sabanjure aku duwe rêmbug manèh, upama Si Sri iku tak ilokake marang Radèn Suryawardaya kowe apa lila. Wangsulane bakyumu Sulastri lêga lila lan bungah bangêt, amarga bocah iki kira-kira bakal ora kapiran. Kiraku kang bakyu wis sumurup yèn adhimas sakalihan ora pêputra. Kang mangkono iku, bangêt anggonku nyuwun pitulungan ing bab dhuwit.

Radèn Suryawardaya mirêng cariyosipun Wăngsadrana punika manahipun ragi gêtêr, amargi ngraos ajrih, jalaran sampun sumêrêp rambah-rambah mênggah katêgêlan tuwin kakêndêlanipun Wăngsadrana. Saupami panêdhanipun arta punika botên kapiturutan, mêsthi badhe manggih bilai badanipun, wusana pêpuntoning manah inggih lajêng dipun sukani kanthi têmbung ngêsorakên badanipun: arta satus punika lugu namung kula aturakên kemawon kamas, dene rare èstu kula suwun, kula êmong, prêlu kangge panutan, bokmanawi anjalari kula ginanjar sagêd anak-anak.

Wăngsadrana sasampunipun tampi arta satus rupiyah lajêng pamit kesah, dene Radèn Suryawardaya jalêr èstri botên saèstu dhatêng pêkên, nanging lajêng mantuk kemawon ambêkta Sri Têmon, dene ingkang kapurih balănja dhatêng pêkên cêkap rencang jalêr kêkalih wau punika.

Kocapa Sri Têmon salaminipun tumut Radèn Suryawardaya upami kêncanaa makatên, sansaya katingal sorotipun, kadosdene sinangling, dhasar ayu rinêngga ing busana botên kirang sarwa sarwi, mêloking wadana kados rêmbulan karainan, yèn lumampah jangkahipun sêmu kadung. Sintên-sintêna ingkang nyawang rumaos kêsabêt sambang liring.

Radèn Suryawardaya sakalihan, saya lami sansaya kasok trisnanipun, jalaran ingkang makatên punika, ngantos anjalari kamipurun nyuwun sih pitulungan dhatêng nyonyah sêtatir, kaparênga paring pitulungan amulang nyêrat, maos, tuwin padamêlaning tiyang èstri: nyulam, nyongkèt, ngrenda sasaminipun, punapadene amulang caraning tiyang èstri gêgriya tuwin kawruh sanès-sanèsipun. Dene nyonyah sêtatir sarêng uninga dhatêng wujudipun Sri Têmon, ugi lajêng dhangan paring piwulang, sarta lajêng gadhah tancêp asih. Makatên ugi pamardinipun Radèn Suryawardaya dhatêng Sri Têmon, namung kapurih nêmêni anggèning sinau, saugi têmêmên amêsthi enggal sagêd. Mila botên anggumunakên, salêbêtipun sinau ing dalêm kalih taun laminipun sampun kathah kasagêdanipun nyulam nyongkèt, ngrenda sampun sae, dene nyêrat tuwin maos ugi sampun mangrêtos, namung bab têmbung Walandi taksih kados menco, sanadyan makatêna ewadene Radèn Suryawardaya jalêr èstri bingahipun tanpa upami.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Hilang setengah halaman. (kembali)
Hilang setengah halaman. (kembali)
dipun gantungakên. (kembali)
paramartane. (kembali)