Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-05, #510

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-05, #510. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-05, #510. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 26-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 54, 7 Sapar, Taun Jimawal 1861, 5 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wontên paribasan Inggris ingkang ungêlipun makatên: Where is a will, there is a way, mênggah têgêsipun paribasan wau, wèntèhipun, kintên-kintên makatên: sapa sing gêlêm mêsthi nêmu dalane, bokmanawi mênggahing kula makatên, kintên-kintên inggih sami kalihan wajidah wajidahu, têgêsipun: sapa têmên tinêmênan. Paribasan punika pancèn inggih sok sagêd nêmahi sayêktos, nanging inggih kêdah wontên gêgandhenganipun. Dados botên ngêmungakên gumantung dhatêng katêmênan sarta kêncênging pikajênganipun kemawon, nanging ugi kêdah gandhèng kalihan bêgja tuwin èncèring utêkipun. Mênggahing pamanggih kula, tiga-tiga pisan punika kêdah tansah gêgandhengan, manawi salah satunggalipun anyingkiri, ingkang dipun sêdyakakên inggih botên sagêd kadumugèn sayêktos. Kêncênging kajêng tuwin èncèring utêk: wontên, nanging botên wontên bêgjanipun, contonipun kula piyambak, nalika taksih nèm kula, pangajêng-ajêng kula sagêda dados upsir, ing pangraos: kapintêran kula sampun anyêkapi, pikajêng inggih kêncêng, nanging sarêng dipun priksa ing dhoktêr, jêbul jêbul dipun ngandikakakên dening tuwan dhoktêr, manawi suku kula punika ... pengkor, dados pangajêng-ajêng kula wau inggih lajêng botên sagêd kadumugèn, jalaranipun botên sanès inggih sabab dipun tilar dening salah satunggilipun wau, ing ngriki ingkang nama: pak bêgja, samangke bêgja tuwin pikajêng wontên, nanging kasagêdanipun kirang, punika botên ngêmungakên sok lêpat ing panjangkanipun, nanging manawi botên kalêrêsan, sok andrawasi. Upaminipun: satunggiling panuntun: bêgjanipun wontên, tăndha yêktinipun, sakêdhap kemawon sampun kawêntar namanipun. Pikajêngipun kêncêng, buktinipun: sabên wontên bêrgadêring têmtu wontên, lan têmtu adamêl sêsorah. Nanging kapintêranipun kirang, punika botên watawis dangu sêsorahipun lajêng kêplèsèd, ingkang wusananipun lajêng kapêksa kêdah plêsir dhatêng ... Dhigul. Makatên ugi: bêgja wontên, kapintêranipun cêkap, nanging kêndho ing pikajênganipun, punika inggih sok ambibrah-bibrahakên programah, upaminipun: bêgja wontên, jalaran putra bupati tur kathah gêgayutanipun kalihan para pangagêng, punika sanadyan dèrèng wancinipun sampun sagêd katêtêpakên dados bupati, kapintêranipun inggih anyêkapi, upaminipun kemawon sampun lulus anggènipun sêkolah ing bêstirsêkul ing Batawi, nanging pikajênganipun kêndho, ing wusana inggih sagêd kalampahan dados ... panji klanthung, aliyas tiyang anggur-angguran.

Nitik andharan kula ing ngajêng, ing ngriku têtela, murih paribasan Inggris kasbut nginggil sagêd nêmahi kados pikajênganipun ingkang sayêktosan, tiyang kêdah anggadhahi dhêdhasar têtiga wau, inggih punika: kêncênging kajêng, pintêr lan bêgja. Kados pintên-pintên cariyos ingkang minăngka têtuladaning tiyang, ingkang jalaran saking kêncênging pikajênganipun, ing wusana sagêd kadumugèn ing sêdyanipun, nanging dhêdhasar kalih wau, inggih punika: bêgja kalihan pintêr inggih tansah gandhèng kunca kemawon. Kados ta cariyosipun Napoleon Bonaparte, para maos têmtunipun inggih sampun sami anguningani sadaya. Ingatasipun namung anak adpokat dhusun kemawon, [kema...]

--- 836 ---

[...won,] têka anggadhahi panjăngka kêpengin jumênêng nata, ewasamantên jalaran saking kêncênging panggalihanipun ingkang tansah gêgandhengan kalihan kabêgjan ingkang langkung saking mêsthinipun, tuwin kasagêdan ingkang punjul, wusana inggih sagêd jumênêng narpati saèstu, sanadyan jumênêngipun wau botên sagêd langgêng. Ing bab kêncênging panggalihanipun Napoleon sampun kacêtha ing lêlampahan warni-warni. Kados ta: nalika timuripun, saking kêpenginipun dados upsir, ing măngka ingkang kangge waragadipun botên wontên, ewadene inggih mêksa sagêd kalêksanan, sanadyan sarana tindak ingkang rêkaos sangêt. Lan taksih kathah malih tuladha-tuladhanipun ingkang anelakakên kakêncênganing panggalihanipun wau. Mênggahing kapintêranipun, ing kala punika mila inggih botên wontên tiyang ingkang ngungkuli Napoleon mênggahing kasagêdanipun tumrap kawruh kaprajuritan. Bêgjanipun, dene kalêrêsan ing kala samantên jamanipun dahuru agêng, botên wontên ingkang sagêd nyirêp utawi nêntrêmakên praja kados ing suwau-waunipun malih kajawi panjênênganipun Napoleon, amila pungkasanipun Sang Napoleon wau inggih sagêd kadumugèn ing sêdyanipun, inggih punika jumênêng nata.

Beda kalihan kathah-kathahing tiyang, pikajênganipun: sathekruk, kapintêranipun: wontên, nanging bêgjanipun ingkang asring sok nêbihi, dilalah, narik malih sagêda, tumbas lotre, nomêripun mèmpêr kemawon têka inggih botên.

Wontên malih cariyos ingkang anèh sangêt, inggih punika cariyosipun Nonah Amerikah ingkang nama Helen Keller. Sanadyan nonah wau budhêg sarta bisu, nanging jalaran saking kêncênging manahipun, lantiping panggraitanipun tuwin agênging bêgjanipun, ing wusana sagêd dados juru ngarang ingkang kasuwur ing jagad.

Samangke gantos rêmbag. Sintên antawisipun băngsa kula Jawi ingkang botên sagumuk agênging panggalihipun, manawi mirêng utawi anguningani kawontênanipun sadhèrèk têtiga, ingkang gambaripun kacêtha wontên ing sisih punika, inggih punika: ingkang lênggah ing kursi, sadhèrèk ingkang sêpuh piyambak: Radèn Sutama, dhoktêr ing Surabaya, ingkang ngasta guru ing pamulangan calon dhoktêr (N.I.A.S.) ing Surabaya. Kajawi punika panjênênganipun Radèn Sutama wau ugi dados pangarsaning pakêmpalan sêtudhiklêb (studieclub) ing Surabaya. Bab kawontênanipun Radèn Sutama, tandangipun wontên ing sêtudhiklêb, tuwin lêlabêtanipun dhatêng băngsa kula Jawi sadaya, kados para maos botên sami kêkilapan. Amila ing ngriki namung badhe kaandharakên sawatawis punapa ingkang sampun katindakakên tuwin dipun adani dening sêtudhiklêb, pakêmpalan ingkang dipun tutun dening Radèn Sutama wau, inggih punika: dening sêtudhiklêb sampun kaêdêgakên: sêkolahan nênun, griya pamondhokan tiyang èstri, bang-bang kopêrasi, griya pondhokan tumrap lare jalêr kalih iji, griya pondhokan tumrap lare èstri satunggal, lan sampun kasupèn wontênipun: bang nasional, ingkang têmtu badhe agêng sangêt gunanipun tumrap băngsa kula Jawi sadaya, kajawi punika adêging komite gêdhong nasional, ingkang sêdyanipun badhe ngawontênakên griya tumrap kaprêluanipun pakêmpalan-pakêmpalan kabangsan ing pundi-pundi panggenan, ingkang sami ambêtahakên wau, punika ugi saking pambudidayanipun Radèn Sutama. Samantên mênggah lêlabêtanipun Radèn Sutama tumrap băngsa kula punika, amila sampun dados wajib kula sadaya angaturakên gênging panuwun dhatêng Radèn Sutama mênggah ing lêlabêtanipun wau. Kanthi mêmuji mugi-mugi lêstantuna anggèning nindakakên padamêlan ingkang utami wau.

[Grafik]

Mênggah pikantuking wawasan kula, tumrap Radèn Dhoktêr Sutama, dhêdhasar tiga, kados ingkang kula aturakên ing ngajêng, inggih punika: kêncênging kajêng, bêgja punapadene pintêr, punika sampun rumasuk ing sariranipun. Tumrapipun tiyang sanès, têmtu amastani, bilih panjênênganipun Radèn Dhoktêr Sutama, punika satunggiling tiyang ingkang bêgja, ingkang sênêng gêsangipun wontên ing donya punika. Lairipun mila makatên, jalaran katingalipun: brêgas, kajèn kèringan, ingaji-aji ing tiyang lan sapiturutipun. Nanging mênggahing kula ing batos kintên-kintên botên sakeca, punapa malih manawi ngèngêti, bilih ing donya ngriki kathah Durnanipun, langkung-langkung para Durna ingkang taksih sanak kalihan Êmbah Baron Sêkèndhêr, ingkang damêlipun namung badhe mupuri lêndhut dhatêng para panuntun ingkang manggalih sayêktos dhatêng kacingkranganing bangsanipun, [bang...]

--- 837 ---

[...sanipun,] punika tiyang kados Radèn Sutama wau, rintên dalu kêdah tansah ngatos-atos tuwin anjagi dhatêng tondak-tandukipun sabên dintên, awit manawi malèsèd sakêdhik kemawon, sanadyan paribasanipun namung samrutu agêngipun, nanging wusananipun sagêd kalampahan dados sagajah tèji sayêktos.

Samangke sadhèrèk ingkang ăngka 2, inggih punika ingkang jumênêng wontên ing têngênipun Radèn Sutama, punika Radèn Dhoktêr Susila. Sanadyan asmanipun dèrèng patos kasumêrêpan ing ngakathah, nanging sajatosipun lêlabêtanipun dhatêng tanah Indhonesiah nama agêng sangêt, tăndha yêktinipun: dèrèng dangu punika panjênênganipun dening nagari kawisudha dados pangagênging pakaryan panyêgahipun sêsakit malariah.

Dene sadhèrèk ingkang ăngka tiga, Radèn Dr. Suratma, dhoktêr kewan, ingkang dèrèng dangu punika katêtêpakên dados pangagênging pajagalan ing gumintê Batawi. Pangkat punika salaminipun kacêpêng ing dhoktêr kewan Walandi, ingkang sampun jêmbar sêsêrêpanipun. Sawêg samangke padamêlan ingkang saklangkung agêng têtanggêlanipun wau, katindakakên dening priyantun Jawi.

Miturut andharan punika, paribasan Inggris Where is a will there is a way pantês upami kaêcakna dhatêng priyantun têtiga wau, awit tiga-tiganipun pisan, sajak sami kagungan dhêdhasar tiga kasbut nginggil, inggih punika: kêncênging kajêng, pintêr tuwin bêgja.

Minăngka mungkasi obrolan kula punika, ing ngriki kados prêlu kacariyosakên, bilih sadhèrèk têtiga wau sami putranipun suwargi Radèn Suwaji, wadana ing Maospati. Dene putranipun suwargi Radèn Suwaji sadaya wontên 7, ingkang tiga sampun kasbut ing ngajêng, dene sanèsipun, inggih punika garwanipun suwargi Dr. Gunawan Mangunkusuma. Garwanipun Radèn Ir. Suratin, Radèn Rara Sri Umiyati, satunggiling wanita Jawi ingkang sampun angsal Hoofdacte tumrap guru Walandi, saha Radèn Rara Siti Sundari, ingkang samangke taksih sinau wontên ing pamulangan pangadilan luhur ing nagari Walandi.

Sampun samantên kemawon, sanès dintên ngobrol malih.

S.m.t.

Bab Ringgit

Bathara Brama

Bathara Brama punika putranipun Bathara Guru, sakalangkung sinêkti, inggih sinêbut dewaning latu, mila Hyang Brama manawi ngêdalakên pangabaran inggih awarni latu.

Nalika Hyang Brama angejawantah jumênêng nata ajêjuluk Sri Maharaja Sundha, prajanipun ing Mêdhanggili. Sêsarêngan kalihan pangejawantahipun para dewa kadang sadaya, ugi jumênêng nata utawi mêngku nagari piyambak-piyambak. Wontênipun makatên, amargi kala jaman dèrèng wontên para nata, ingkang mulabukani wontênipun nata amêngku paprentahan inggih para dewa wau.

Sang Hyang Brama punika garwanipun kathah, inggih pêputra kathah, tumêngkaring putra lajêng nêrahakên dumugi para Pandhawa, ugi gêgayutan kalihan têdhak Wisnu. Mila tumrap para nata tuwin sinatriya ing têmbe wingkingipun tamtu wontên aluraning têdhak Brama lan Wisnu.

Ing bab wontêning wêca bilih Hyang Brama tuwin Wisnu ingkang pinasthi mancêri wiji tanah Jawi, makatên: kacariyos nalika jamaning para dewa sami ngejawantah jumênêng nata, nuju sawêg kêmpalan among suka tuwin ambèbèr kalangkungan, wontên cahya katingal ngadêg satêngahing pakêmpalan, dangu-dangu katingal saya inggil, para nata sami gawok ing galih, cahya rinanggèh malah saya panjang, malah lajêng saya manginggil bêblês ing gagana. Para nata sadaya lajêng anjêmparingi cahya, nanging ugi tanpa damêl, badhe dipun sirnakakên tansah karepotan.

Ing ngriku Sri Maharaja Suman, inggih Hyang Wisnu, lajêng [la...]

--- 838 ---

[...jêng] tiwikrama dados waraha, lajêng andhukiri siti, kaparêngipun badhe madosi poking cahya, supados rêbah. Nanging sanadyan dumugi dhasaring siti pisan mêksa tanpa wasana.

Makatên ugi Sri Maharaja Sundha, sarêng ingkang rayi Sri Maharaja Suman ambêlês ing siti, Sri Maharaja Sundha lajêng dados pêksi ulung muluk angumbara wêkasan ngungkuli pucaking cahya, lajêng sinambêr sirna botên katingal. Wusana cahya pinanggih wontên ing sagantên, Sri Maharaja Sundha tansah ngangsêg kemawon, ing ngriku lajêng pinanggih kalihan ingkang rayi Sri Maharaja Suman, sampun sami wangsul anggèning warni waraha tuwin pêksi, lajêng wartos-winartosan. Botên dangu katingal wontên tiyang èstri endah ing warni, matur nama Dèwi Pratiwi, lajêng dipun dangu, punapa sumêrêp kadadosaning cahya. Aturipun: Pukulun, punika cahyaning lingga manik ingkang manggèn wontên sadhasaring bumi, ing kinanipun kagunganipun Hyang Wisesa. Mila lingga manik angêdalakên cahya, punika dados pratăndha bilih para jawata badhe pasulayan, dene wontênipun cahya lajêng sirêp dening paduka sakalihan, punika dados pratăndha bilih paduka sakalihan ingkang ambawani bawana ngantos têrah-tumêrah namung têdhak paduka sakalihan.

Wêca makatên wau kalêksanan, para nata gangsal lajêng sami pasulayan rêmbag. Nanging dangu-dangu ingkang jumênêng nata misesani namung Hyang Brama, jêjuluk Maharaja Prajapati. Nanging wusananipun Hyang Brama lajêng wangsul muksa, dening kasoran kalihan pangejawantahipun Sang Hyang Siwah.

Sang Hyang Brama pangejawantahipun inggih wongsal-wangsul, nanging ing ngriki botên kacariyosakên. Sarêng sampun kathah têdhak Brama, lajêng botên ngejawantah malih tuwin botên manuksma. Sarêng jamaning para Pandhawa, Hyang Brama awis dados cêcariyosan, tumrapipun wontên pawayangan namung kala-kala tumêdhak.

[Grafik]

Sang Hyang Brama.

Mênggah kapitadosan Jawi, Hyang Brama punika dados pêpindhaning kanêpson. Mila kaupamèkakên dados dewaning latu, atêgês latu punika hawa napsu, lêrês lêpatipun kasumanggakakên dhatêng para maos.

--- 839 ---

Raos Jawi

Păncasona

Kados para maos botên kêkilapan mênggah ingkang kawastanan păncasona. Miturut cariyos padhalangan inggih punika nama satunggaling aji ingkang pêng-pêngan sayêktos. Wondene ingkang kanggenan rumiyinipun Sang Bagawan Wre Subali, lajêng tumimbal dhatêng Sang Prabu Dasamuka. Miturut dêdongengan: sintên ingkang kanggenan aji wau, botên badhe sagêd pêjah ing salaminipun, waton taksih ngambah siti, tuwin yèn dèrèng ical aji wau.

Ingkang makatên wau mênggah cundhukipun lan raos Jawi kados ragi mathuk. Kauningana: mênggah sadaya dongèng ingkang wontên padhalangan, punika pancèn kathah gubahan saking para wali (jaman Dêmak) jêr panjênênganipun ingkang kagilut namung bangsaning raos. Inggih raosing agêsang tuwin kasidan jati. Măngka jaman samantên para pribumi mèh kathah ingkang dèrèng purun (doyan) dhatêng kawruh utawi piwulang ingkang maedahi. Pramila karsanipun para wali, sadaya piwulang lajêng sinamun wontên padhalangan, tuwin ing sêrat-sêrat suluk, namung mamrih dipun ajêngana dening para pribumi. Kasarêng ugi lan ngewahi wêwangunaning ringgit kadhapur miring, ing ngriku ngêmu raos sadaya wau kêdah adhêdhasar miring, têgêsipun sampun angêngkoki ... kêplasipun sumăngga para nupiksa.

Ananging tindak ingkang makatên wau, malah anênanêm ing gugon tuhon. Tăndha saksinipun kathah kemawon para kaum krama ingkang kapilut dhatêng cariyos ringgit dalah sawandanipun, kenging kaupamèkakên kèndhêm kèrêm lair batos. Măngka upami dipun têgêsi sadaya praboting padhalangan, kados ta: kêlir, blencong, wayang, kothak, ngantos bibar mawi golèk, punika raosipun botên badhe malèsèd lan kaanan kita. Ingkang makatên wau kados para maos sampun sami angêcupi.

Mangsuli bab păncasona, jarwanipun: pănca = lima, sona = sêgawon. Dados sêgawon gangsal, wondene bab aji, ragi pakèwêd anggèn kula ngêtrapakên. Jêr aji ing kinanipun manjing sajiwa-raga, bokmanawi kados gêsanging kêmladhehan (nunut) pramila ing ngriki kula gêrba dumunung wontên kêlakuan (watak) dados wêrdinipun gadhah aji păncasona: sami kalihan gadhah wêwatêkan sagawon gangsal. Adhuh, măngka watak sagawon satunggal kemawon sampun nobatakên, gèk gangsal pisan, harak saya ngedap-edapakên. Wangsul ingkang gadhah aji wau inggih punika Sang Prabu Dasamuka, jarwanipun dasa = sapuluh, muka = rai. Punika pancèn sampun samêsthinipun, mênggah gadhah watak sagawon gangsal jangkêpipun kêdah gadhah rai sadasa. Nanging botên kok maujud rai sayêktos pating trèmplèk punika botên, namung kangge sanepa. Têrangipun makatên: upaminipun wontên tiyang [ti...]

--- 840 ---

[...yang] mêntas tumindak nasar kanthi dipun sêngaja tur kasatmata ing liyan, punika têmtu botên rumaos lingsêm tuwin kêndhak, gêngipun nalăngsa ing lêpat, awit piyambakipun gadhah kiyas sampun santun rai, inggih punika rumaos taksih gadhah andhungan rai sangang iji, dados lajêngipun rai sadasa wau muhung dumunung tiyang ingkang kêndêl ing isin wani ing wirang, bêbasan rai gêdhèg (kandêl). Wangsul kawontênanipun Sang Prabu Dasamuka, punika rak namung tansah gêdhag-gêdhig, adigang adiguna: sapa sugih kaya aku, sapa dêgdaya kaya aku, sapa anu ... kaya aku (Mênggah ngakêna bagus mokal awit untunipun bêlah).

Sampun malih samining tumitah: botêna kamêngsah, bok inggih dewa pisan kamêngsah, wondene punggawa ingkang purun ngêbyungi tindak druhaka: têmtu dipun pilala, wangsul ingkang anduwa (botên nayogyani) têmtu dipun siya.

Gambaripun Sang Gunawan Wibisina,[1] ingkang sangêt mamrih hayuning kraton, ewadene sakathahing atur botên kadhahar, malah katundhung kanthi siya. Punika kados salaras lan kawontênaning jaman sapunika. Upaminipun: A sawêg jinurung ing rajadonya, punika têmtu kinèdhêpan ing sasami, sanadyan dipun ajak tumindak salah (murang kramaning agêsang) punika têmtu sumrinthil, kajawi nunggil watak inggih namung mamrih têtêdhan sapele, nandhakakên sêpên bêbudèn utami. Wangsul malih tiyang ingkang sumêngah ngêndêlakên ing kasugihanipun, punika mracihnani botên ajrih ing Allah, rumaos sadaya bangkit pribadi. Botên ngèngêti bilih ingkang murba punika langkung kuwaos. Gambaripun malih sang buminata Ngalêngka, mênggah kaloking kasugihan kados tanpa timbang, kacriyos wêdhi karikiling pasowanan maujud jêne sela balaka. Ewadene kakêrsakakên dening kang murba amrih risak, sami sanalika brastha dening kêthèk èlèk tur namung satunggal, lo, ingkang makatên wau rak namung anggambarakên mênggah ingkang murba punika langkung kuwaos, ngantos elok tan kenging ginayuh ing manungsa.

Mangsuli bab aji păncasona. Punapa inggih botên wontên dêdamêl ingkang sagêd mungkasi, mokal yèn botên wontêna. Inggih punika sanjata pun Guwawijaya. Jarwanipun: guwa = labêting badan, wi = luwih, jaya = mênang. Kajêngipun: sanadyan kita adrêng badhe tumindak nalisir, nanging yèn sanjata kita jumênêng saèstu, têmtu lajêng kêndhih, bêbasan: sirna păncasonane tan dadi. Nanging manawi pangêmbatipun Guwawijaya ragi kirang truwaca, satêmah namung kumanthil ing kêkêndhêng, tuwin marginipun rungsit tur gawat, kêdah sumêngka dhatêng Suralaya. Têgêsipun: sura = wani, laya = mati, dados wani mati, inggih punika mêjahi hawa napsu kita. Sarananipun kanthi ênêng, lan êning. Pramila bilih sampun andungkap ingkang samantên, kados botên kewran mangolah kridhaning manah.

Wasana namung samantên rumiyin.

Pun Sumadisastra, Candhi Sèwu.

--- 841 ---

Kagunan Jawi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 43)

[Têngêr, kabarung mawi găngsa]

Bawa, Sêkar Citramêngêng, Sle, pa, 9. La 12, pê 6-6. Dhawah kêtawang Langên-gita.

[Notasi]

Lajêng katampèn ing gêndhing, ngandhap punika lagu geronganipun.

[Notasi]

Bawa Sêkar Căndrawilasita, Pe pa 6, la 12 pê 4-8. Dhawah Genjonggoling, minggah Surungdhayung.

[Notasi]

Ing ngandhap punika lagu geronganipun Genjonggoling

[Notasi]

Minggahipun dhatêng Surungdhayung Ngêlik, lagu gerongan Salisir.

[Notasi]

Bawa sêkar Surarêtna, Sle, pa 9. La 12, pê 4-8, dhawah ladrang Sri Ascarya.

[Notasi]

Ing ngandhap punika lagu geronganipun.

[Notasi]

Bawa sêkar Rêtnaasmara. Pe, pa 6. La 12, pê 4-8. Dhawah Ayun-ayun.

[Notasi]

Lagu geronganipun kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

--- 842 ---

Bawa sêkar Sudirawarna, Sle, pa 9. La 12, pê 5-7. Dhawah ing gêndhing Bondhèt.

[Notasi]

Lajêng katampèn ing gêndhing ngandhap punika, lagu geronganipun Merong.

[Notasi]

Kangge laguning gerong, inggahipun Bondhèt.

[Notasi]

Nuwun, angaturi uninga dhumatêng sadaya ingkang sami karsa maos, bilih gêndhing Bondhèt punika, manawi rarasipun kadamêl pelog pathet nêm, sêkar ingkang kadamêl bawa, namanipun sanès Sudirawarna, inggih punika Sudirawicitra, dene lampah ugi 1 pêdhotan ugi sami 5-7. Taksih badhe kasambêtan.

Ka. 4419.

Bab Tanêman

Kênari

Kênari punika mèh sabên tiyang tamtu sumêrêp, awit mèh sumrambah ing pundi-pundi, sabên margi agêng sami ngangge ayom-ayom wit kênari. Nanging bab ayom-ayom margi wit kênari punika taksih kawon limrah utawi kawon sêpuh kalihan wit asêm, awit mênggah wit asêm, kenging dipun wastani angèbêki tanah Jawi, nanging manawi kênari namung dumunung wontên ing kitha agêng-agêng.

Kênari punika witipun sagêd agêng anyrêkakah, tur inggih ayom yêktos, nanging tumraping tiyang abale griya, kados awis ingkang gadhah niyat nanêm kênari wontên ing pakarangan, mila bab caraning pananêm botên kapratelakakên ing ngriki.

Mirid kawontênanipun wit kênari, pigunanipun namung kangge ayom-ayom, wohipun pating galundhung dhawah saênggèn-ênggèn, dipun pupunipun ing tiyang sajak namung ala nganggur kemawon. Nanging manawi sampun dados woh kênari oncekan, lajêng dados têtêdhan adi, kenging kangge woworan dhêdhaharan warni-warni, kangge rêrênggan wontên ing nginggil, kajawi andadosakên sae, ugi mêwahi ecaning raosipun.

Kênari punika wontênipun ing tanah Jawi, rumiyinipun dèrèng katingal dados padagangan, pinanggihipun dados dagangan manawi sampun oncekan wontên ing toko. Nanging sapunika nama sampun ngêmbyah dipun bêtahakên ing tiyang, malah sampun wontên satunggiling tiyang ing kitha agêng, kadugi nêbas [nê...]

--- 843 ---

[...bas] woh kênari pawêdalipun saking wit kênari ayom-ayom margi kitha, tur botên sakêdhik.

Ing sadèrèngipun ngêmbyah wontên ing tanah Jawi, ingkang kathah wit kênari tuwin wohipun kadagang, punika ing Ambon, Saparua tuwin kiwa têngênipun. Ing ngriku, kênari punika kêlimrah sangêt, tuwin têtiyangipun ugi migunakakên piyambak, inggih punika kangge woworan têtêdhan ingkang badhenipun sagu, sagu punika pathining wit sagu, namung angudi murih andadosakên gurihing têtêdhan.

Tumrapipun wontên ing tanah kasêbut nginggil, panyadenipun kênari punika kranjangan taksih sabathokipun, nanging sampun dipun gorèng sangan, dados sampun nama kênari matêng, prêlunipun gampil anggènipun ngoncèki, awit samăngsa dipun gêpuk lajêng gampil pêcahipun, isi sagêd wêtah, lan malih sanadyan dipun rimat dangu inggih botên têngik. Beda kalihan kênari ingkang botên gorengan, samăngsa kêdangon dipun rimat lajêng têngik utawi jamurên.

Kênari punika wontên warni kalih, alit kalihan agêng. Ingkang alit, isinipun alit tipis, nanging raosipun langkung gurih tinimbang ingkang agêng, nanging madolakên ingkang agêng, wujudipun andêmênakakên. Mila ingkang kêlimrah, wontênipun ing nagari ngriku inggih namung nyade ingkang agêng-agêng.

[Grafik]

Ayom-ayom wit kênari ing pinggir margi agêng.

Kênari punika tumraping bodhon inggih kenging kangge bumbu olah-olahan bangsaning lêlawuhan ingkang kênthêl, kangge lintuning kêmiri. Nanging ingkang kêlimrah piyambak inggih kangge dhêdhaharan.

Dene ecaning eca botên kados manawi dipun angge ênting-ênting, pandamêlipun mawi mêrtega, karanipun ugi ênting-ênting kênari, lajêng nama dhaharan adèn yêktos, manawi dhahar, sanadyan kêladuk, botên gadhah raos sèb-sèbên.

--- 844 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

IV. Nayaka kang niliki tênunan.

[Kinanthi]

lakune Dani lan Danu | sadalan-dalan mung mringis | saka ing bangêt kaduga | dene tanpa balung êri | mung dilakoni kapenak | ora nganggo nyăngga watir ||

alon calathu Si Danu: | Ngene wong yèn arêp mukti | saciptane bisa têka | kabèh mripate wong mêsthi | gampang kênane disulap | apa sakarêpku dadi ||

lakune wong loro mau | banjur padha arêp mulih | ing sawise têkan ngomah | kaul ambuwangi dhuwit | tăngga nganti padha cingak | dene garang kaya pyayi ||

tanggane nganti gumrudug | gêntenan padha nakoni | dene gêlis têmên bêgja | Dani alon amangsuli: | aranmu padha wong desa | ora wêruh mênyang pyayi ||

apa aku iki sirmu | ing saiki dudu pyayi | kowe kabèh wêruha: ya | yèn aku wong loro iki | padha kawulaning nata | juru tênun kang disihi ||

aku dudu sapadhamu | apês pangkatku ngabèi | Danu clathu: Kuwi apa | durung-durung arêp lali | yèn kobacut-bacutêna | kuwi bakal ora bêcik ||

ing bêcike yèn wis tutug | anggonmu anguja ati | ayo ta wis bali sowan | bokmanawa wis miranti | dadine ora katara | yèn padha dadi wong nglêntik ||

têgêse wong adol apus | mula ayo nuli bali | cikbèn nuli gawe lêga | aja ketok clila-clili | wong loro nuli barêngan | padha mênyang kraton bali ||

băndha wis dirumat brukut | ora ana sing mêruhi | ing sawise bali sowan | papan panênun wis dadi | kabèh miranti anganggrang | nuli padha mapan linggih ||

naliti piranti nênun | wong loro nuli miwiti | padha nênun pating glodhag | nanging mungguh Danu Dani | têmêne nênun kothongan | kabèh ora nganggo isi ||

nanging patrape wong mau | sajak ithu kaya isi | kocap sang prabu samana | wis mirêng padha miwiti | ing panggalih bangêt bingah | dene saiki wis wiwit ||

mungguh batose sang prabu | ing saiki ingsun ngrêti | mênyang ananing nayaka | kang gêndhêng lan ngèthèr wajib | awit wis padha diwêca | mêsthi êmung wêruh sêpi ||

sang prabu nuli dhêdhawuh | nimbali para bupati | dipilih nayaka tuwa | supaya enggal niliki | nênune olèh sapira | lan nyatakna kanthi titi ||

pangandikane sang prabu | hèh nayaka ing saiki | enggal-enggal nilikana | gone juru tênun adi | nyatakna aja sêmbrana | uwis mangkata tumuli ||

nayaka sandika mundur | lakune angati-ati | ing lakune wise têkan | gone juru tênun linggih | nuli namatake cêtha | ananging mung ketok sêpi ||

nayaka bangêt agumun | dene êmung ketok sêpi |

--- 845 ---

pamandênge ambalalak | iya mêksa tanpa isi | dadi panênune cêtha | yèn mung kothongan maligi ||

nuli ngucêg mripat sêru | nganti kaya mrêbês mili | awit saka isih samar | bokmanawa kurang titi | malah nganti nyaklêk nyêdhak | pancèn têrang tanpa isi ||

nuli takon alon Danu: | Yèn sampeyan kadospundi | ing bab tênunan punika | punapa gih sampun mathis | upami kagêm sang nata | cobi bok dipun waoni ||

nayaka bangêt ing gumun | ewuh anggone mangsuli | yèn kăndhaa ora ana | wêdi aran owah mêsthi | mula iya banjur kăndha | sajak têmên angiyani ||

yèn aku ngarani adhuh | pancèn iya luwih èdi | ing sajêgku durung nyawang | rupan kaya ngene iki | tênunan kathik le cêtha | lêre ketok tharik-tharik ||

Dani sumêla calathu: | La punika kadospundi | nayaka alon ngandika: | Kuwi iya luwih bêcik | aku ora bisa nacad | wah aluse aku giris ||

uwis ya aku tak matur | bab bêcike bakal iki | gèk rampunge besuk apa | aku tak lapur nyang gusti | apa rampung têlung dina | kiraku rampung ya kuwi ||

Dani mangsuli lan mrêngut | bok cobi dipun tandangi | yèn sagêd rampung sawulan | kula purun pun gêbagi | punika rak barang sutra | bok kagrayanga rumiyin ||

Dani banjur nyèrèt maju | astane nayaka kuwi | ditèmpèlke panênunan | kang nyatane ora isi | lan takon sajak têmênan | la rak alus ta lan nglêmir ||

nayaka amanthuk-manthuk | sajak gumun lan mangsuli: | E, e jêbul nyata iya | wis kowe mênênga dhisik | tak matur karo sang nata | bèn aja pêdhot anggalih ||

[Grafik]

Têtiyang Baduwi nuju kèndêl masang tendha kangge nyipêng wontên ing margi.

--- 846 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Petruk: Tak kandhani, ya Kang Garèng, anggone nagara mèlu cawe-cawe anane kopêrasi tumraping wong bumi, kuwi krêsane arêp ngêjokake kopêrasi, kang bakal ditindakake tumrap kabutuhane para kawula ing tanah jajahan kene. Mungguh prêlune, kang kapisan: nagara arêp ambudidaya supaya kopêrasine bisa olèh kauntungan kang nyênêngake.

Garèng: Hla, kuwi, nagara ki sok arêp ngrèmèhake wong bae, dadi anggêr nagara ora mèlu cawe-cawe, mêsthi ora bakal olèh kauntungan kang nyênêngake. Aku kok banjur kèlingan, bêndara mantri tani sing arêp mulangi têtandur marang kaum tani, jarene wong nandur pari kuwi kudu dilarik-larik, lête kudu: samene, samene, wusanane jêbul ... ing, ing, mari pulang nêgara Cina.

[Grafik]

Petruk: Nèk pikiranamu kaya mangkono, kuwi nandhakake yèn kowe ora duwe ati tarima kasih babarpisan, rak wis dadi wajibe nagara kudu tansah ambudidaya ambêcikake kabudidayane para kawulane, dene kadhangkala ana sing ora kadadean, kuwi rak ya wis lumrah, ta. Kosok-baline, sing wis digawe coban-coban dening nagara, kang bisa nuwuhake kauntungan kang luwih akèh tumrap wong bumi rak ya wis akèh bangêt. Mulane kowe aja mung andêlêng coban-coban sing salah kadadean bae, mêngko kowe rak kêna diarani mung arêp golèk-golèk bae. Saiki tak banjurne dhisik omonganaku. Prêlune kang kapindho, nagara mèlu cawe-cawe mau, supaya nagara bisa kagungan wawasan, mungguh kaanane kopêrasi kang diêdêgake mau. Yèn sing nindakake kopêrasi mau durung pati ngrêti, nagara banjur tumuli bisa anguningani, kang banjur paring tuntunan lan sêsurupan amrih bisane tumindak kang kanthi têmênan.

Garèng: Hla, ya kuwi Truk, sabab-sababe mulane băngsa inyong kiyi yèn ngêdêgake pakumpulan kopêrasi ora sondèl babarpisan karo rèhpêrsun pribumi kuwi, hla wong gawe-gaweane [gawe-ga...]

--- 847 ---

[...weane] dhewe, duwèk-duwèke dhewe, wong liya kok arêp ngaru-arubiru. Jajal kowe dhewe, yèn ana wong liya mèlu cawe-cawe anggonmu nyêkêl bale omah, upamane sabên-sabên kowe dikandhani mangkene: anggonmu nata meja kursi kiyi elok, kudune mêngkene, manganmu nèk yahmene kiyi kêsorenên, kudune jam 10 bêngi, nèk nang kakus bok iya diatur, aja kok sabên lêbar mangan bae, nganti kaya jalak. Hara, apa kiyi ora ambêdhêgêl wêtêngmu.

Petruk: Hara, kok banjur dipadhakake kaya mêngkono, iya mêsthi seje bangêt. Nèk didêlêng mung sacleretan, sajake diulat-ulatake nagara kuwi pancèn iya mangkêlake, nanging sajatine, yèn wong-wonge pancèn wis bisa nindakake pagaweane kanthi têmênan, kuwi iya ora barang-biring. Amrih cêthane, jajal saiki tak têrangne. Ora, Rèng, apa kowe ngrêti bedane: dititipriksa karo diulat-ulatake.

Garèng: Wèh, kathik dipadhakake murid probêl bae, dianggêp ora ngrêti bedane: dititipriksa karo diulat-ulatake. Diulat-ulatake kuwi upamane aku duwe sêlir, sabên dina tansah tak ulat-ulatake bae, apa ana sing sok anglèncèri, apa ora. Hla nèk nitipriksa, kuwi sêlirku mau tak awasake bangêt, irunge apa nyunthi apa amblêg, utawa untune miji timun, apa pating slêbar ...

Petruk: Iya wis, sanadyan wangsulanamu ora karuan mêngkono, nanging kowe anelakake, yèn kowe pancèn ngrêti mungguh karêpe têmbung: dititipriksa utawa diulat-ulatake, saiki tak kandhani mungguhing kopêrasi. Pakumpulan kopêrasi kudu dititipriksa, kuwi karêpe: dititipriksa apa anggone nglêbokake ing buku-bukune bênêr têmênan, lan barang darbèking kopêrasi utawa panyêkêle kopêrasi mau, wis cêtha lan ditindakake kanthi satêmên-têmêne. Dititipriksa kang mêngkono kuwi rak iya wis mêsthine, ta. Awit sabên sawijining ada-ada, kang duwe tanggungan dhuwit, kuwi wis dadi wajibe, kadhangkala kudu dititipriksakake marang para ahli. Pamundhute nagara kang kaya mangkono mau adrêng bangêt, awit kanggo anjaga, aja nganti kopêrasine mau ora kapradayan, jalaran saka kurange panitipriksa, kang anjalari wong-wonge banjur padha ora pracaya marang anane kopêrasi.

Garèng: Ora, Truk, kiraku, anggone ora sondèl dititipriksa kuwi, jalaran saka ora ya oke marang priyayi sing kapatah nitipriksa, êmbuh jalaran saka kasare, nèk ana sing ora bênêr sathithik bae, banjur: mêrdhom, mêrdhom. Êmbuh jalaran saka anggone pêthenthang, pêthènthèng, apêthunthang, apêthunthung, ngêdir-êdirake anggone jumênêng dadi dara priyayi.

Petruk: Kiraku ora yèn wong-wonge kok duwe anggêpan kang kaya mêngkono kuwi, jaman saiki kiyi kaya-kaya wis ora ana priyayi sing duwe tingkah agêng mustakane, awit wis padha nguningani, yèn priyayi kuwi kanggo rakyat,

--- 848 ---

dudu rakyat kanggo priyayi, kajaba yèn priyayi sing kagungan sirah yuyu, kuwi bisa uga yèn banjur ngêdir-êdirake priyayine. Kajaba iku, pakumpulan kopêrasi kuwi kêna milih sapa sing kudu nitipriksa mau, anggêre wong mau saka panggalihe adpisur kêna dianggêp ahli ing bab kuwi. Malah tumraping kopêrasi, sing para wargane băngsa pangajaran, kêna milih komisi kanggo nitipriksa mau saka para wargane dhewe. Nèk anjupuk wong jaba, têmtune iki kudu dibayar. Luwih bêcik manèh, yèn ana băngsa ahli sing gêlêm nindakake panitipriksa mung lêlahanan, dadi tanpa bayaran jalaran ora liya ngêmungake sabab saka rujuke marang majune kopêrasi mau.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Ambiyantu panduwaning P.G.H.B. bab H.I.O.

Pakêmpalan P.S.I. gadhah pamrayogi supados pang-pangipun sami ambiyantu kanthi yêktosan dhatêng tindakipun P.G.H.B. ing bab panduwa anggèning parentah badhe ngringkês wulangan dhatêng rakyat, ingkang tuwuh saking usulipun H.I.O.

Kawontênanipun lare-lare ing Dhigul.

Miturut pawartos, kawontênanipun lare-lare ing Dhigul, ing sabên taun mindhak 120. Ing sapunika wontênipun bayi ingkang taksih sêsêpan 94, kalihan lare sanès-sanèsipun gunggung 469. Gunggunging tiyang sadaya wontên 2142. Kasarasaning lare-lare pinanggih sae. Ing bab saya indhakipun jiwa ing ngriku, tamtu andadosakên panggalihanipun parentah.

Juru bujuk kacêpêng.

Ing hotèl Solo, Mistêr Kornèlês, wontên tiyang sipêng asli saking Jawi Têngah dipun cêpêng ing pulisi, amargi konangan anggènipun mèrêk tiyang jalêr gangsal tuwin èstri nênêm, sarana pambujuk, têtiyang ingkang kabujuk wau badhe kasade dhatêng nagari sanès, namung kantun ngêntosi bidhaling kapal kemawon.

Sababipun Mr. Kusuma Sumantri kasingkirakên.

Miturut pikantuking papriksan, wontênipun Mr. Kusuma Sumantri dipun singkirakên punika, jalaran pinanggih bukti-bukti ingkang gêgayutan kalihan ing bab komunis. Kala ing taun 1924 panjênênganipun sinau kawruh kukum wontên ing Leiden, ngiras dados wêwakiling pangarsa Sarekat Pagawei Laut India ing Amsterdam. Satamatipun saking pamulangan luhur lajêng dhatêng Moskou dipun papanakên wontên ing Eastern University. Salajêngipun tansah gêgayutan saha nindakakên pakaryan ing bab komunis. Wêkasanipun lajêng katindakakên ing prakawis punika.

Angsal pangapuntên.

Nyonyah Wardiyêm Sastrasuwarna, tampi sêrat saking guru lakinipun ingkang wontên ing Dhigul, suka sumêrêp bilih angsal pangapuntên saking parentah, tumuntên badhe wangsul dhatêng Surakarta.

Palapuran pamulangan pangadilan luhur.

Benjing ganggal[2] 7 wulan punika ing pamulangan pangadilan luhur badhe ngawontênakên palapuran ing bab kursus ingkang sampun kalampahan. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe anjênêngi.

Dipun kroyok kuli èstri.

Ing bawah Indramayu wontên kuli-kuli èstri ingkang sami nyambut damêl dhudhuk-dhudhuk siti, sami ngroyok dhatêng mandhoripun mawi dêdamêl kajêng, jalaran saking kasèp anggènipun nyukani kulèn. Mandhor wau ngantos kaplajêng.

Băngsa Jêpan sinau basa Walandi.

Pakêmpalaning băngsa Jêpan ingkang nêdya nyinau basa Walandi, sampun gadhah warga 45, kala tanggal 10 wulan Juni kapêngkêr punika kalampahan sampun wiwit sinau, ingkang dados gurunipun Tuwan S. Handa.

Jaarbeurs ing Bandhung.

Kawontênanipun Jaarbeurs ing taun punika katingal sêpên kemawon. Manawi kawontênanipun kados makatên, kakintên badhe botên lêstantun.

--- 849 ---

Pêpindhahan tiyang ukuman.

Kawartosakên, kintên-kintên pitung wolung wulan malih, tiyang ukuman ing Centrale Gevangenis ing Sêmarang badhe kapindhah dhatêng Bandhung. Pindhahipun wau badhe ngangge sêpur mirunggan.

Pambranahan kapal ing tanah Batak.

Tuwan B. Bonga dhoktêr kewan ing Balige, tampi dhawuh saking parentah supados bidhal dhatêng Kabanjae, tumbas kapal-kapal jalêr, kangge pambranahan wontên ing tanah Batak.

Pamêdal pantun.

Kawartosakên, kawontênanipun panenan pantun ing Jawi Têngah ing taun punika badhe langkung sae tinimbang taun kapêngkêr. Saha sabibaring panèn lajêng badhe dipun tanêmi palawija.

Malariah ing Klathèn.

Ing kabupatèn Kalathèn tampi tablèt kênini 250.000 prêlu kangge nanggulangi sêsakit malariah ingkang tuwuh wontên ing bawah Gantiwarna, Gondhang, Wêdhi tuwin Prambanan. Dhoktêr Suraji tuwin Dhoktêr Dèn Tumênggung Martadipura nindakakên suntikan.

Sandening icalipun standplaatstoelage agêng.

Miturut pêpetangan ingkang gêgayutan kalihan rantaman praja, nêtêpakên icaling standplaatstoelage tumrap para amtênar ingkang balanjanipun ing dalêm sawulan langkung f 1000.-. Bab punika nuwuhakên rêmbag rame. Makatên ugi tumrap rad Indhia ugi ngrêmbag punika, ingkang karampunganipun nêtêpakên botên ngewahi standplaatstoelage.

Maesa wanan.

Ing Lubuk Pakan, wontên tiyang dipun têmpuh ing maesa wanan ngantos nandhang tatu rêkaos. Miturut pawartos, maesa-maesa wanan ing ngriku punika tansah angganggu damêl tiyang. maesa wau aslinipun kakintên ugi maesa limrah, nanging lajêng dados wanan saha galak. Parentah badhe nyirnakakên kewan wau.

Asiah

Syang Kai Sèk bêtah arta.

Syanghai 29 Juni (Aneta Reuter). Presidhèn Syang Kai Sèk tansah ngangsêg rêmbag, murih bang Tionghwa ambiyantu arta sabên wulan 10 yuta dholar, ing salêbêtipun kawan wulan, supados kenging kangge sarana ngunggulakên pêrang. Ing bab punika para bang tansah mongga-manggu, saha mangsuli, bilih ing wêkdal punika ing bab arta rêkaos sangêt, ewadene ugi sagêd anglêksanani, nanging namung sapisan, kathahipun 10 yuta dholar. Tindak punika kakintên badhe damêl ringkihing pabean, amargi wontênipun arta andhungan badhe kangg waragd pêrang.

Paprangan ing Hokan.

Syanghai 29 Juni (Spec. Reuter). Komêndhaning wadyabala kabangsan golongan kalih martosakên, bilih tindakipun Komincun nêmpuh baris sisih kiwa kala tanggal 27 tuwin 28 sami cabar, panêmpuhipun kaundurakên dening wadya mriyêman, malah lajêng gêntos dipun angsêg dening wadya kabangsan, golongan Komincun kalajêng kèngsêr dhatêng Kaipèng. Komêndhaning rêrêsah sagêd angoncati kanthi rêkaos. Wontên wadya mêngsah 2000 ingkang katawan tuwin kathah dêdamêl ingkang kajarah.

Eropah

Pogokan ing Sêpanyol saya andadra.

Madrid 29 Juni (Aneta-Radio). Pogokan ing Sêpanyol kidul saya andadra saha tansah tular-tumular, para kaum bêrah ing Trade Union gadhah niyat maradinakên wara-wara, murih ing tanggal 1 Juli sêsarêngan mogok. Ministêr salêbêting praja ngancam dhatêng tindaking para kaum bêrah wau, bilih ngantos dados pangawak ambangkang. Makatên ugi tumraping pangagêng inggih sampun tadhawuhan[3] jagi-jagi.

Sumingkiripun wadya ngamănca saking Dhitsêlan.

Mainz 30 Juni (Aneta-Nipa). Golongan wadya sarekat ing Rijnland amanjêr bandera tri warna Prancis ingkang wêkasan, dene golongan băngsa Jêrman sami anjênêngi pahargyan ngriku kanthi surak-surak.

Botên watawis dangu wadya inpantri tuwin sanès-sanèsipun sami baris dhatêng sêtatsiun saha lajêng numpak sêpur dhatêng Prangkrik. Ing sadèrèngipun bidhal, sadaya sami nawurakên sêkar wontên ing pakuburan prajurit Jêrman tuwin Prancis.

Ing dalunipun ing saindênging Rijnland dipun wontênakên pahargyan sadalu muput, dalah ing pucak-pucak rêdi pisan, ugi sami nindakakên makatên, dilah pating glêbyar.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4576 ing Cigugur. Dèwi Laksmi garwanipun Sang Hyang Caturkanaka.

Tuwan Tj. S. ing Gurah. Kintunan panjênêngan gambar sampun katampèn, nanging botên kapacak, awit panunggilanipun ingkang kados makatên botên kapacak, nuwun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4397 ing Purbalingga. Sampun katampi.

Lêngganan nomêr 4750 ing Bandhung. Lêngganan kapetang wiwit 1/1 - '30.

Lêngganan nomêr 2276 ing Natayudan. Kwartal 3 lêrês sampun pundhat.

Lêngganan nomêr 3123 ing Têpasanan. Kwartal 3, Juli - Sèptèmbêr.

--- 850 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang wajib kantun

8.

Botên dangu kapal sampun katingal labuh, nanging taksih têbih, saha lajêng katingal wontên tiyang numpak baita nuju dhatêng dharatan. Tuwan Harwey sampun ngaglah wontên ing pasisir, sarêng sampun katingal cêtha bilih ingkang wontên ing baita Tuwan Smith, Tuwan Harwey lajêng nglawèkakên tangan minăngka suka sasmita pambage wilujêng, wusana baita dumugi ing pinggir, Tuwan Harwey nyandhak tanganipun Tuwan Smith dipun gèrèt minggah saha lajêng têtabikan antêp têrus ing manah. Salajêngipun lajêng sami dhatêng pamondhokan. Salêbêtipun taksih lumampah, Tuwan Smith pitakèn: Kapriye ambêre, apa wis ngalumpuk akèh, yèn durung, aku arêp ngêntèni ana ing kene nganti sawatara dina, awit aku wis kabacut nyaguhi mênyang para lêngganan, yèn têkaku sagêdhagan iki bakal anggawa akèh. Anane aku nyaguhi mau, saka ngrêti yèn ing măngsa ngene iki akèh ambêr.

Tuwan Harwey ngacarani linggih saha mapan linggih piyambak kalihan wicantên: Katiwasan Smith. Pawêtuning ambêr ing kene dirusuhi ing wong liya, malah saiki saksat wis mrana kabèh.

Tuwan Smith wicantên kalihan anjênggirat: Kapriye, kapriye, ana wong liya têka kene, apa ora kotakoni apa-apa, lan ora kosababake anggone têka ing kene.

Harwey: O, bab kuwi wis tak tindakake kabèh, nanging aku rumasa tansah kêsêsêr ing gunêm, dadi têkamu iki kabênêran Smith, aku arêp anjaluk rêmbugmu, kapriye mungguh kapenake.

Tuwan Smith sanalika kèndêl kemawon, nanging tansah anggagas kadospundi mênggahing sakecanipun. Sarêng sampun sawatawis dangu lajêng wicantên: Wis, mangkene bae, uwong anyar iku ulêmana mrene, kăndhaa yèn kowe kadhayohan. Mêngko yèn uwis têka kene tak êsuke ing rêmbug, awit kiraku wong mau pancèn pêng-pêngan, dadi prêlu bangêt supaya kasêsêr rêmbuge.

Rêmbagipun Tuwan Smith wau dipun gêga, kalampahan Tuwan Harwey kengkenan ngulêmi Tuwan Johnson dipun ajak dhahar kêmbul, ugi lajêng dhatêng.

Dhatêngipun Tuwan Johnson wontên ing panggenanipun Tuwan Harwey botên pisan-pisan katingal kucêm, malah namung sumèh, nandhakakên manawi bingah ing manah.

Ing ngriku Tuwan Smith lajêng anggagas: Mèmpêr yèn Harwey kalaha rêmbuge, awit lagi mirid saka wujude bae, wis ketok yèn wong micara. Ngantos dangu Tuwan Smith botên sagêd matrapakên ginêm, ingkang anggêpok dhatêng bab ingkang dipun kajêngakên, awit Tuwan Johnson tanpa kèndêl tansah wicantên kemawon. Sarêng têngah dalu rêmbagipun nyandhak bab ambêr, Tuwan Johnson ngraosi bab majênging padagangan wau.

Tuwan Smith rumaos angsal margi, lajêng nyêla ginêm kemawon: Ajênging padagangan wau tumrapipun sampeyan tamtu andhatêngakên kabêgjan agêng, awit kula piyambak mangrêtos, bilih ambêr punika majêng sangêt. Nanging tuwan, kintên kula mênggahing ambêr, botên wontên ingkang ngungkuli wêdalan ing ngriki.

Tuwan Johnson: Pancèn makatên, kajawi kêkêl, gandanipun ugi langkung ngambar.

Smith: Punapa sampeyan ugi sampun nate dagang ambêr sanèsipun wêdalan ing ngriki.

Johnson: Sampun, nanging botên paja-paja mirib, rêginipun mèh dhawah palih.

Tuwan Smith lajêng ngangsêg rêmbag, dipun sêlani ngombe inuman, malah anggènipun wicantên kalihan ngacungi tangan taksih katutan gêlas: La, dhatêng sampeyan ing ngriki punika jalaranipun kadospundi, dene lajêng sumêrêp, bilih ing ngriki wontên pamêdal ambêr.

Tuwan Johnson wiwit karaos ing manah, sampun ngintên bilih rêmbag wau badhe dados panjang, mila lajêng masang kaprayitnan. Wangsulanipun: Mênggahing bab tiyang among dagang, kados ing pundi-pundi sami kemawon, salaminipun tansah ngangin-angin pawartos, tuwin nyatitèkakên dhatêng sawarnining padagangan ingkang dipun kajêngakên. Sanadyan èwêd pakèwêd kados punapa, manawi sakintên kenging dipun lampahi, inggih dipun tindakakên, awit sampun dados kanthinipun, bêgja punika cêlakan bêbaya. Dene dumugi kula ing ngriki, inggih jalaran sumêrêp manawi dagangan ambêr ingkang misuwur, wêdalipun saking ngriki, mila kula inggih lajêng tumindak kilak ambêr wontên ing ngriki.

Smith: Sapunika katingal anggèn sampeyan dados tiyang kêndêl ngrisak kasusilan, punapa sampeyan botên sumêrêp, bilih ing ngriki sampun wontên tiyang ingkang manggèn rumiyin. La, punika tiyangipun. Anggènipun wicantên wau kalihan nudingi Tuwan Harwey tamtunipun sampeyan sampun têrang. Bab makatên punika, sampeyan punapa botên ngrumaosi lêpat. (Badhe kasambêtan)

--- [851] ---

 


Wibisana. (kembali)
tanggal. (kembali)
kadhawuhan. (kembali)