Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-24, #565

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-24, #565. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-24, #565. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 77, 29 Rabingulakir Taun Jimawal 1861. 24 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm: tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Paris

[Grafik]

Gambar nginggil punika sêsawanganipun kitha Paris, dipun tingali saking manara.

--- 1228 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Griya pamragatan (abattoir).

Ing kitha-kitha ingkang sabên dintên ajêg mragat kewan kathah, prêlu dipun wontêni griya pamragatan (abattoir).

Ing kitha-kitha agêng sampun masthi griya pamragatanipun dipun damêl sae, saha tumrap prabotipun kangge mriksa pêpak, kados ta: microscoop, trichinoscoop lan sapanunggilanipun. Ing kitha alit inggih prêlu dipun wontêni griya: abattoir wau, nanging botên pêpak kados ing kitha agêng.

Griya abattoir ingkang nêtêpi pranatan ingkang lêrês, jrambahing griya kêdah bêton utawi sêmèn, langkung sae manawi ngangge tègêl, ingkang mawi lingir-lingir wontên kalenanipun. Anggènipun masang utawi nêrapakên tègêl kêdah rapêt, botên kenging anggronggong utawi rênggang, awit manawi botên rapêt, samăngsa rêrêgêd nalêsêp ing ngriku tansah andadosakên kèndêlipun rêrêgêd. Jrambah kêdah kadamêl miring, têngah inggil, pinggir sisih kiwa têngên andhap, sambêt kalenan ing pinggir, prêlunipun êrah lan toya sagêd mili dhatêng pinggir, salajêngipun anjog dhatêng sumur (zinkput). Sumur zinkput punika kêdah têbih saking griya-griya saha saking abattoir, langkung prayogi manawi rêrêgêd (êrah lan toya) sagêd mili anjog ing septictank, inggih punika panggenan pambucalan rêrêgêd wau, warni blumbangan pêsagi mawi tembok sêmèn. Ing septictank rêrêgêd sagêd dados rêsik, têgêsipun rêrêgêd ing ngriku kenging dayanipun baktèri (rottingsbacterie) manut èlmu pamisah sagêd dados rêsik. Cêkakipun rottingsbacterie wau sagêd nanggulangi baktèri utawi baksil sanèsipun, ngantos baksil sanès sagêd kawon dados risak sirna, janji ing septictank botên kalêbêtan carbol, creoline utawi sanèsipun ingkang prêlunipun kangge nawa, awit manawi rottingsbacterie kenging creoline utawi sanèsipun sagêd dados pêjah sirna lajêng botên sagêd nanggulangi baktèri sanès ingkang tumrapipun dhatêng tiyang saras ambêbayani.

Rèhning septictank wau migunani sangêt kangge nawa utawi nanggulangi ingkang wontên ing rêrêgêd ingkang tumrapipun dhatêng tiyang ambêbayani, mila prêlu sangêt sêsukêr-sêsukêr tiyang ingkang wontên ing jamban (W.C.) dipun tawa sarana kadamêlakên septictank ingkang sambêt kalihan jamban wau, kados ingkang sampun kêlimrah ing kitha-kitha agêng, manut pranataning pakaryan kasarasan.

Pagêr griya abattoir kêdah tembok, inggilipun 2 mètêr, ing sisih nglêbêt tembokipun kêdah alus, klimis, langkung sae mawi tègêl, ingkang alus lan tembok wau sabên dintên kêdah dipun rêsiki. Ingkang prêlu sangêt punika toya kêdah nyêkapi lan rêsik. Punapa malih griya abattoir punika kêdah padhang lan hawa sagêd gampil mlêbêt mêdal, mila lawang lan jandhela kêdah wiyar, utawi [uta...]

--- 1229 ---

[...wi] nginggil tembok kêdah kadamêl ram-raman, pyan inggil kadamêl sungsun, dados hawa gampil mêdal lan mlêbêt.

Kewan ingkang badhe kapragat, sadèrèngipun kêdah kèndêl ing kandhang, ananging kaangkah kewan-kewan wau sampun ngantos sagêd ningali kancanipun wêkdal kapragat.

Griya abattoir punika kaperang a. sênthong kangge mragad, ngêlèti lan ngêdalakên jêroan b. sênthong kangge ambêdhèl utawi murak daging kewan ingkang sampun kapragat dados kalih. Sênthong punika kêdah mawi kawat ngangrangan. Ing kitha agêng mawi kamar asrêp, prêlunipun kawat ngangrangan wau, kangge anjagi murih lalêr botên sagêd ngrubung daging. Daging kenging dayaning asrêp, botên sagêd enggal risak, mambêt utawi bosok, c. sênthong kangge ngrêsiki jêroan iso lan sapanunggalanipun.

Sênthong-sênthong wau kêdah kasinggêt, supados ingkang kagarap ing satunggil-satunggiling sênthong botên sagêd katingal. Ing sacakêtipun griya abattoir kêdah wontên blumbangan tembok sêmèn, prêlunipun pambucalipun rêrêgêd, kados ta talethong utawi sanèsipun, sagêd cakêt lan gampil. Rêrêgêd-rêrêgêd wau kenging dipun bêsmi utawi kangge ngurug panggenan ingkang lêdhok-lêdhok. Ing kiwa têngênipun griya abattoir, rêrêgêd-rêrêgêd punika asli saking kewan ingkang kapragat, inggih punika têtêdhan ingkang dèrèng ajur utawi têlethong ingkang andadosakên kathah lalêr, mila pambucalipun ingkang têbih saking griya lan rêrêgêd wau kaurugana siti kandêlipun ± 20 sèntimètêr, prêlunipun supados lalêr sampun ngantos manggèn nigan lajêng tangkar-tumangkar ing ngriku.

Dene wontênipun tiyang sami karêm nêdha daging punika sajatosipun pancèn eca, kajawi punika daging wau ngandhut sari pêthaking tigan, gajih lan sanès-sanèsipun kathah, ingkang migunani sangêt tumrap badan manungsa utawi kewan sabangsanipun.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan Kajawèn, benjing tanggal kaping 25 wulan punika, administrasi ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn tumrap kuwartal kaping sakawan ngajêng punika. Panuwunipun administrasi dhatêng para priyantun ingkang sami nampèni kintunan wau, mugi kaparênga tumuntên ngisèni saha ngintunakên artanipun kados adat. Tumrap para priyantun lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah Jawi tuwin Madura, administrasi badhe nyarantosakên pambayaripun ngantos tanggal 15 Oktobêr, dene tumrap ingkang dêdalêm ing tanah sabrang, ngantos tanggal 31 Oktobêr ngajêng punika. Langkungipun saking titimăngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên bayaran, badhe botên kakintunan Kajawèn malih.

Adm.

--- 1230 ---

Wawasan Nagari Mănca

Kamisuwuraning praja Jêpan.

Para maos kados sampun botên kasamaran malih dhatêng wawasan ing bab kamajênganipun nagari Jêpan. Sanadyan kala rumiyin ucap-ucapan Jêpan punika sampun dumugi tanah Jawi, nanging dèrèng kasumêrêpan wujuding têtiyanganipun, mila inggih botên wontên ucap ing bab kamajênganipun nagari Jêpan.

[Grafik]

Pangeran Takamatsu kalihan putri Kikuko nalika tumêdhak saking kapal.

Nanging sabibaring pêrang nagari Jêpan kalihan Rus, băngsa Jêpan wau lajêng andêdêl misuwuripun, mèh ing pundi-pundi wontên tiyangipun Jêpan, dene têtiyang băngsa Jêpan wau sumêbaripun dhatêng laladan sanès sami adhêdhasar lampah among dagang, lan padaganganipun ugi sagêd majêng, dados katingalipun băngsa Jêpan wau wontên Indhonesiah sêsarêngan kalihan sumêbaring padaganganipun. Mênggahing kawontênanipun barang padagangan Jêpan, para maos kados sampun botên kêkilapan, mênggahing awon saenipun kasumanggakakên, nanging prêlu sangêt tiyang angèngêti dhatêng kamajênganing padagangan, punika wajib dipun telad kanthi adhêdhasar kawruh among dagang.

Mirid kamajêngan ingkang samantên punika, kenging dipun wastani bilih kamajêngan Jêpan punika ngêgèt sangêt. Mênggahing tăndha yêktinipun, sagêd nitik saking [sa...]

--- 1231 ---

[...king] kawontênaning babad Jêpan. Manawi nitik saking babad, kala jaman sèkêtan taun kapêngkêr, tatacaranipun ing praja Jêpan taksih kina sangêt. Kados ta sugênging nata, namung mêmpên wontên salêbêting kadhaton kemawon, awit nata punika ugi dipun anggêp kadosdene dewa, botên kenging miyos sakarsa-karsa, lajêng kasumêrêpan ing tiyang kathah. Nanging sarêng băngsa Jêpan kêdhêsêk daya kilenan, tatacara ingkang kados makatên wau dangu-dangu lajêng ical, tumraping nata inggih lajêng sêsrawungan kalihan tiyang sanès kados kalimrahaning nata. Ingkang wiwit nindakakên makatên punika panjênêngan nata eyang nata ingkang jumênêng sapunika.

Inggih wiwit wau nagari Jêpan ing sabên taun ngintunakên para neneman dhatêng sajawining praja, prêlu sinau kagunan warni-warni, ingkang diwasanipun lajêng dipun sêbarakên wontên ing nagarinipun piyambak. Sampun tamtu kemawon tindak kados makatên wau kados nyêngkakakên kamajênganing băngsa, dêl, lajêng katingal sami kemawon kados praja sanès.

Sasampunipun kalampahan saya majêng, lajêng botên wontên ucap malih mênggahing bedanipun nagari Jêpan kalihan tanah Eropah, bab punapanipun kemawon sampun sagêd mapaki.

Makatên ugi bab pasrawunganipun para agung, inggih sampun botên wontên raosipun beda. Ing karangan punika ngêwrat gambaripun Pangeran Takamatsu kalihan putri Kikuko, nalika rawuh ing kitha Rotêrdham, tumêdhak saking kapal, dipun papag ing burgêmistêr kitha Rotêrdham.

Raos Jawi

Pamuji karaharjan

[Asmaradana]

kasmaran dènnya mèngêti | marang aglaring bawana | kang tan ana kuciwane | kamirahaning Pangeran | datan kêni cineda | mung tinêmu sarwa bagus | samya gumêlar sampurna ||

sanadyan biruning langit | kang raras kandhanging jagad | kalamun pêtêng ginawe | dening kawasèng Pangeran | yêkti tanpa kuciwa | awit pêpêtêng kang nutup | umèsi tirta kamartan ||

kang bangkit nyiram ngayêmi | thukuling kang têtuwuhan | ingkang wus raras acape | têla-têla kang malêkah | kalanira kilenan | kalêlêp minglêp kalêbu | lir kalêgan nginum toya ||

kumêmbêngira kang warih | ngêtuk numusi warata | ngêjogi kang kasatan we | pangaranging kang kêkaywan | kayêman antuk siram | sirêp pêpanasing lêbu | lumèr larut amor kisma ||

wohing pêpêtêng ing nguni | jatinira kamurahan | mêmayu karusakane | ywa kadaut kang bawana | koncatan ing kamartan | kalamun kongsia layu | langêning bumi mêmêla ||

nanging kawasaning Widhi | tan anglulu datan nêdya | amurih bumi rusake | sawusing kaduk kang toya | dening kawasèng măngsa | sêndhang sumur pinrih surut | ywa kaduk angêmbêng toya ||

tan pae raras ngratêngi | kalamun kaladuk toya | datan sae pakantuke | dene tumindaking măngsa | panyurutirèng tirta | mung mardi tuwaning tuwuh | kang tinêmu nèng wowohan ||

tan prabeda pari-pari |

--- 1232 ---

wusing kêsorotan surya | kang nocogi ukurane | tinêmunira katara | têtêp aran diwaya | wulèn kang jênar tumiyung | lir minta mantuk mring wisma ||

sanyata lamun mèngêti | adilira Kang Kawasa | amung aran têtêp sae | nanging jatinira janma | mung kumudu kawasa | jagad arsa dèn luk-êluk | pinardi amrih nuruta ||

[Grafik]

ananging tumraping gusti | mung anganggêp kautaman | jatinira pinrih rame | awit janma nyatanira | kang ngrênggani ing jagad | angadani rukun padu | angisèni suka duka ||

kadi ta candraning warni | ingkang pinêtha ing gambar | dahat raras sawangane | yèku sawangan ngalela | munggul nèng papan rata | têbaning polatan kaduk | bablas tanpa kara-kara ||

tinuwuhan uwit asri | dadya payung kapanasan | ngayêmi janma ngisore | ngrasa antuk kamurahan | kala ngraras sawangan | pantês lêpasing pandulu | kalêgan tanpa kuciwa ||

kala lumingsiring rawi | pandulu wênang tut wuntat | prapta anjinging srêngenge | kalamun kang surya mimba | wênang nyawang sirat bang | kang raras kadhaton urub | amadhangi kang bawana ||

raras kang kadyèku yêkti | mahanani katêntrêman | nanging nyatanira dede | kang papan asri sanyata | dadya papan pajagan | yèku pra prajurit Indhu | samya pasang kaprayitnan ||

mulat marang têba têbih | mawang marang mungsuh prapta | tan samar ing kana kene | dadya wus têtêp ingaran | katêntrêmaning

--- 1233 ---

jagad | anggung kisenan rêridhu | saking pakartining janma ||

nanging ugi datan sisip | jatinira pasulayan | kang anggung tinêmu rame | tarlèn mung dadya dêdalan | tuwuhing katêntrêman | lamun wus têntrêm satuhu | nulya tuwuh kang rubeda ||

mung tansah gilir gumanti | nanging kalamun kawasa | pinuji amrih kandhêge | duk ing kala têntrêmira | antuka panarima | mrih dinohan arubiru | têtêp ing salaminira ||

Bab Tanêman

Juwawut

Mirid saking cacriyosan, juwawut punika têtêdhan ingkang baku tumrap wontên ing tanah Jawi rikala ing kinanipun, nanging sarêng tanah Jawi sampun wontên pamêdal pantun, inggih punika têtêdhan ingkang nama baku piyambak tumraping samangke, juwawut wau lajêng kantun, dangu-dangu dipun tilar sarta botên dipun paèlu babarpisan, petangipun sapunika nama sirna. Inggih ugi wontên tiyang purun nanêm sawatawis, nanging kados namung dumunung minăngka pêpasrèning têtanênmanipun ing sabin utawi patêgilan.

Mênggahing wit dalah wohipun, juwawut punika mèh kados pantun, namung las-lasanipun bundêr tur kêrêp sangêt, wah malih langkung alit, witipun inggil, mila kadhangkala sok katanêm ing sasêla-sêlaning tanêman pantun, gugon-tuhonipun tiyang Jawi, murih wohing pantunipun sagêd tiru gêmbêl kados juwawut, utawi sawênèh namung kaencokakên minăngka cihnaning anglêluri têtêdhan kina. Yèn badhe katêdha, patraping pangrimatipun botên prabeda kados sacaraning ngrimati pantun.

Saking awisipun tiyang nanêm juwawut, sapriki ngantos kathah tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp kadospundi wujuding juwawut, măngka ing rumiyinipun punika têtêdhan baku, nanging makatên punika botên nama anèh, sabab-sababipun inggih margi saking wontênipun pantun, awit têtiyang sampun mangrêtos bilih pantun langkung gampil rimatanipun tinimbang juwawut, lan malih langkung agêng. Ananging wontên ingkang cariyos bilih dumugi sapriki juwawut wau taksih nama dados têtêdhan baku tumrap ing tanah kapuloan Buru tuwin Borneo têngah, bab punika lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Wontênipun ing samangke, tumrap umumipun tiyang Jawi, juwawut wau namung dipun pigunakakên kangge têdhaning pêksi, kagantung sisih nginggiling kurunganipun pêrkutut, makatên wau wontên pamrihipun, inggih punika samăngsa pun pêksi nucuki las-lasan, irungipun sagêd ngiran[1] kêsogok sunguting juwawut, dados wosipun anjagi sêsakit pilêrên. Mila inggih kalêbêt mikantuki ingatasing tumrap ngingah-ingah pêrkutut.

Nirrasa.

--- 1234 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Sêsêbutan

Anyambêti kalawarti Kajawèn ăngka 55+58, nanging ing sadèrèngipun kula badhe ngaturakên bab waton-watoning sêsêbutan rumiyin.

Wiyosipun, wontênipun kula ngaturakên bab wêwatoning sêsêbutanipun băngsa Jawi punika, kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil, awit saking katuju ing manah, dene wontên ingkang anênuntun karsa angrêmbag, bab sêsêbutan. Manawi angèngêti kawontênanipun sêsêbutan punika dumuginipun jaman samangke sampun mèh surud jalaran saking sampun sêpuh yuswanipun, sarta saking kasusuling jaman enggal. Ingkang makatên punika kula lajêng sagêd angaturakên panuwun dhatêng para ingkang sampun karsa ngrêmbag bab sêsêbutan kasêbut nginggil, ngantos kula gadhah panganggêp inggih panjênênganipun ingkang amêmungu sarta anggêgêsang dhatêng sêsêbutan punika. Sanadyan kula botên anggadhahi naluri ingkang wênang ngangge sêsêbutan, ewadene kula andhèrèk bingah sangêt manawi sêsêbutan punika karêmbag saha kalimrahakên wontên ing kalawarti, mênggah paedahipun kajawi badhe angèngêti naluri-nalurinipun kêdarahan, inggih ugi ngiras amèngêti basa têtêmbunganipun lêluhur kita Jawi, punapa malih amadhangakên ingkang sami kagungan sêdya anyumêrêpi wêwatoning sêsêbutan.

Wondene ingkang badhe kula bèbèr wontên ing kalawarti ngriki punika bab sêsêbutaning para darahing nata Jawi ingkang kangge wêwaton dumugi jaman samangke punika. Inggih punika ingkang kasêbut ing sêrat Raja Kapa-kapa anggitanipun Patih Raja Sukapa, nalika jaman jumênêngipun nata Prabu Sindhula Mêdhangkamulan ing Purwacarita, ingkang lajêng pindhah dhatêng nagari Sigaluh, nalika ing taun surya 999.

Ing sajatosipun ingkang kawênangakên ngangge sêsêbutan punika, manawi angèngêti sêrat Raja Kapa-kapa kasêbut nginggil, namung para darahing nata Jawi, kados ing ngandhap punika:

Nalika ing kina-kinanipun, jaman jumênêngipun Sang Prabu Sindhula kasêbut ing nginggil, sêsêbutanipun putra wayahing nata wau namung warni kalih:

Manawi kakung - kasêbut radèn jaka,

Manawi putri - kasêbut dèwi.

Ananging sarêng dumugi jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV ing Surakarta lajêng kawangun kados ing ngandhap punika:

Putra kakung - bandara radèn mas.[2]

Putra putri - bandara radèn ajêng,

Dene wayah dalêm sêsêbutanipun taksih sami kalihan putra dalêm.

Dumuginipun panjênêngan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IX ing Surakarta, kaparênging [ka...]

--- 1235 ---

[...parênging] karsa dalêm Ingkang Sinuhun wau, ugi lajêng ambêsut utawi amêwahi sêsêbutanipun para darah dalêm kados ing ngandhap punika:

Grad I.

Putra

Kakung - bandara radèn mas

Putri - bandara radèn ajêng.

Diwasanipun:

Kakung - bandara pangeran

Putri - gusti bandara radèn ayu.

Grad II.

Wayah

Kakung - bandara radèn mas

Putri - bandara radèn ajêng.

Diwasanipun:

Kakung - bandara radèn mas

Putri - bandara radèn ayu.

Grad III.

Buyut

Kakung - radèn mas

Putri - radèn ajêng,

Diwasanipun:

Kakung - radèn mas

Putri - radèn ayu.

Grad IV.

Canggah kaki pangeran

kakung - radèn mas

Putri - radèn ajêng,

Diwasanipun:

Kakung - amung radèn.

Putri - taksih radèn ayu.

Grad IV.

Canggah kaki riya utawi panji

kakung - radèn bagus

Putri - radèn lara.

Diwasanipun:

Kakung - radèn

Putri - taksih radèn ayu.

Grad V.

Warèng

jalêr - radèn bagus

Èstri - radèn lara.

Diwasanipun:

Jalêr - radèn

Èstri - radèn ngantèn.

Grad VI.

Udhêg-udhêg

jalêr - mas agus

Èstri - mas lara

Diwasanipun:

Jalêr - mas

Èstri - mas ngantèn.

Grad VII.

Gantung siwur

jalêr - bagus

Èstri - bok lara

Diwasanipun:

Jalêr - bagus kenthol

Èstri - bokmas.

Badhe kasambêtan.

Panjurung.

--- 1236 ---

Volksalmanak 1931.

Tumindaking damêl babagan Volksalmanak 1931, kenging dipun pindhakakên kados jaman pasupênan.

Tamtunipun para maos maibên dhatêng cêcariyosan ingkang kados makatên wau. Murih têrangipun, mriksanana gambar punika.

[Grafik]

Mênggah têrangipun Volksalmanak 1931 punika wontên tigang basa: Jawi, Malayu tuwin Sundha, gunggunging pangêcapipun 90,000. mêgah-mêgahakên.

Kauningana, sawêg salêbêtipun sawulan langkung, Bale Pustaka sampun nyade 27,095, punika dèrèng kapetang ingkang wontên para agèn.

Kathahipun ingkang sami mundhut, sasat santêring angin, mila rêdi Volksalmanak 1931 tamtu lajêng jugrug. Mila tumuntêna mundhut.

Pèngêt.

Bale Pustaka botên niyat mambêngi para ingkang sami mundhut sarana rêmbus, namung salugu ngeman, saya ingkang namung mundhut satunggal thil, awit waragading rêmbus kemawon sampun f 0,65. Măngka manawi mundhut sarana ngintunakên arta rumiyin, namung kecalan waragad ngintunakên arta. Saya ènthèng malih manawi pamundhutipun wau sêsarêngan. Kawigatosna.

--- 1237 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sumbangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Petruk: Ambanjurake rêmbuge ing bab sumbangan kang sarana dhuwit, aku saiki arêp carita nyang kowe dhisik, Kang Garèng, lumrahe ana ing ngalam donya kuwi, iya saala-alane samubarang apa bae, sathithik-sathithik kok iya sok mêksa ana bêcike, kaya ta mungguhing wong wadon, sing dicacad sabab saka dene kêbangêtên alane, upamane sabab: dêdêge cebol kêpalang. Badane anglêsung, kulitane irêng ambêsisik, rambute wis jubêl, arang kathik abang, irunge sêtrikan, dalasan lakune bae kathik ngenthog dobol, hara, wong kiyi rak wis gênah bangêt yèn sugih ala, ewadene nèk ditalitèkake, mêksa iya ana apike, kaya ta: wah, nèk wis mèsêm, bisa anggrègèlake cêpitan wiron têmênan.

[Grafik]

Garèng: Hla kuwi, nèk kowe arêp wêruh kuwasane sing paring urip. Mulane dadi uwong kuwi aja sok pisan-pisan wani ngina marang sapadhaning tumitah, jalaran saka bodho utawa kuranging kawruhe. Awit sabodho-bodhonane manusa, kuwi kadhangkala sok ana wêtuning têmbung utawa pituture kang nyamlêng bangêt. Ewasamono aku kok rada ngungun, ingatase ngrêmbug sumbangan, têka kowe banjur mak talèncèng mrono playumu, lo, kuwi kêpriye karêpmu.

Petruk: Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, aku rak uwis anglairake panêmuku alane sumbangan sing nganggo dhuwit kuwi, ewadene nèk dipikir dawa kok iya mêksa ana bêcike, apamanèh nèk le nyumbang sarana tombok, yaiku nèk sumbangane ditampani dening tlèdhèk, awit sapira anggone nyumbang, ing kono ora bakal kawruhan sapa-sapa, malah wong sing gêmi, ngati-ati, nèk kabênêran sok bisa olèh-olèhan, nanging ora kelangan apa-apa.

Garèng: Wèh, Truk, omongmu kang pungkasan kiyi aku kok rada ora ngrêti, ana wong jagong têka bisa olèh-olèhan, nanging ora kelangan apa-apa. Lo, kuwi kêpriye akale, nèk-nèke kêna ditiru, rak lumayan.

--- 1238 ---

Petruk: Lo, jagong ana ing panggonane wong duwe gawe kuwi, lumrahe rak mêsthi disugata: mangan, medang, panganan lan sapiturute, hla kiyi rak kêna diarani olèh-olèhan kang kapisan. Nèk tayubane diwiwiti, kenene banjur mèlu nglarihi, hla iki olèh-olèhan kang kapindho, awit ora ngêmungake bisa ngibing bae, nanging uga bisa nyenggal-nyenggol waranggane. Wong duwe gawe nganggo tayuban kuwi, lumrahe panyumbange mêtu tlèdhèk, saikine tumrape wong sing gêmi ngati-ati bangêt, nèk dhonge arêp kêtiban sampur, banjur: lus, ambolos. Hara, apa kiyi ora jênêng olèh-olèhan dhobêl, kanthi ora kelangan apa-apa.

Garèng: Wiyah, nèk tindak kang mêngkono kuwi rak ora kêna diarani gêmi ngati-ati, nanging tindak saru aliyas anylêkuthis wikrama. Jalaran saka omonganamu mau, saikine aku ngrêti sabab-sababe dene administrasining kalawarti Kajawèn duwe tindak kêras bangêt tumrap para lêngganane, yaiku: sing sapa dadi lêngganan tumêkane tanggal 15 ing wiwitane kwartal ora nêtêpi kuwajibane ambayar lêngganane, banjur dicorèk bae anggone dadi lêngganan. Ing sakawit aku pancèn andakwa, yèn administrasi mau mata dhuwitên bangêt, nanging saikine têrang yèn ora mangkono, ngêmungake kuwatir, manawa ana para lêngganan sing kagungan watak kaya wong tayuban sing ambolos sadurunge olèh sampur mau. sarèhning Kajawèn kuwi rêgane murah bangêt, rak iya rugi bêsar, ta, yèn nganti ana sing ambolos bae, mulane banjur dianani pranatan sing rada kêras mau. turne iya ana bae priyayi sing têkan tanggal 15 durung anêtêpi kuwajibane, jalarane iya ora barang-barang, mung sabab saka kalalèn bae. Lo, nèk sing mangkono kuwi, karêpku, manawa mangsane Kajawèn sowan, kèri-kèri ora muncul, bok iya aja susah lingsêm-lingsêm, têrus tindak bae mênyang kantor pos, ngirimake dhuwit f 1.50 mêngko Kajawène rak banjur clili sowan manèh. Wis, wis, kok banjur ngrêmbug sing ora-ora. Saiki padha dibanjurake rêmbugane ing bab sumbangan. Ora, Truk, sumbangan sing nganggo dhuwit kuwi ujug-ujug kok banjur ana sing kok alêm, kiraku kowe duwe karêp liya. Wong biasane Petruk kiyi anggêre ana sing dialêm, mêsthi banjur ana sing arêp dicacad.

Petruk: Rak iya têmênan, ta, Kang Garèng, wong nyumbang dhuwit kuwi nèk pancèn ora niyat dipamèrake, rak iya ora ana wong sing bakal wêruh. Kajaba ta yèn pancèn dikatonake, upamane nyumbang saringgit nganggo ditibakake: krompyang, barang kae. Lo, kiyi seje ada. Nanging yèn pancèn digawe mênêng-mênêngan, iya bisa bae, agawe supaya ora ana wong sing sumurup. Dadi cêkakane, arêpa nyumbang f 10.-, f 5.-, f 2.50, utawa powatun pisan, yèn pancèn ora niyat dikatonake, iya ora ana wong sing bakal wêruh. Seje karo nyumbang cara modhèl anyar kiyi, anggone nyumbang pancèn niyat arêp dipamèrake. [dipamèra...]

--- 1239 ---

[...ke.] Panyumbange mau ora wujud dhuwit, nanging wujud barang, kaya ta: pirantining dhahar, piranti ngunjuk wedang, piranti sês, lan sapanunggalane. Barang-barang mau kathik dikanthèni karcis asmane sing paring barang. Wuwuh-wuwuh barang-barange kiyi, dening sing kagungan gawe ora kok banjur disimpên, nanging dibèbèr ana ing meja, murih para tamu kabèh bisa anguningani. Hara, apa kiyi ora kêna diarani, sumbangan ngajak ora omah têmênan. Nyumbang barang kuwi têmtune iya isin, yèn barang sing mung rêga f 0.50 gêdhe-gêdhene f 1.- sabab barang sing rêga f 0.50 gêdhe-gêdhene f 1.- kuwi, bêgja-bêgjane iya olèh popok, utawa ... kurasi. Hara, apa iki cara modhèrên, malah ora gawe buntung bae. Wis, wis, Rèng, rêmbugane bab sumbangan padha dipunggêl samene bae, awit banjur gawe sênêping ati thok.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kitha Rouaan, Prancis. Para maos tamtu lajêng sagêd ngintên ing bab bedaning sawangan ing tanah Eropah kalihan ngriki.

--- 1240 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Indhonesiah.

Pès ing Cianjur.

Ing Cianjur wontên tiyang kalih katrajang sakit pès wudun, sami tiwas, tiyang ingkang katrajang wau upas pakunjaran kalihan ingkang èstri. Residhèn Sukabumi lajêng matah dhoktêr ingkang wajib, anindakakên rêrigên saprêlunipun.

Sêrat kabar wulanan enggal.

Ing Surabaya wontên sêrat kabar wulanan enggal, nama Warta Kemadjoean ingkang dados dhirèktur tuwin redhaktur Tuwan Boerhanoeddin.

Dipun sarap baya.

Ing kabudidayan Salatri, Lèlès, Priyangan, wontên băngsa Walandi ambêbêdhag banthèng. Sarêng lampahipun anglangkungi lèpèn Cibiuk, rencangipun, tiyang nama Cece, dipun sarap ing baya ingkang ngincih wontên ing dharatan, ugi kenging dipun pitulungi, nandhang tatu rêkaos, saha kalajêng pêjah. Saking pambudidayanipun tuwan administratir ing kabudidayan wau lajêng badhe nyirnakakên bêbaya ing ngriku, awit pancèn kathah tuwin kêrêp damêl kasangsaran.

Kamajêngan Taman Siswa.

Pangagênging Taman Siswa sampun anyondhongi badhe adêging pamulangan Mulo 4 panggenan, ing Malang, Surabaya, Ngayogya tuwin Bandhung. Lan malih Kweekschool 2 panggenan ing Batawi tuwin Ngayogya.

Pangantèn băngsa agêng ing Surakarta.

Putri dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ing Surakarta, sampun kalampahan dhaup kalihan Mr. Dr. Subrata, para agêng ingkang anjênêngi paduka Tuwan Meyer Ranneft kanthi warga rad kawula kathah, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, tuwin sanès-sanèsipun.

Pêkên darma Taman Siswa.

Benjing salêbêtipun wulan Nopèmbêr, pamulangan Taman Siswa Kêbonjêruk, Batawi, badhe damêl pêkên darma, manggèn ing gêdhong pêrmupakatan ing Gang Kênari. Angsal-angsalanipun prêlu badhe kangge ngêdêgakên pamulangan.

Morpini saya majêng.

Kawartosakên, up insêpèktur pakaryan candu ngaturi sêrat dhatêng para gupêrnur ing tanah Jawi, bilih kawontênaning morpini ingkang dipun pigunakakên saya kathah. Ingkang katingal kathah piyambak ing Batawi, Bogor, Sukabumi tuwin Cibadhak. Sarèhning pangudinipun katrangan ing bab aslinipun morpini pêtêng rêkaos, mugi para gupêrnur kaparêng naliti ing bab indhakipun wau.

Ing bab Eerste Kamer kalihan prakawis P.N.I.

Wontên pawartos saking Den Haag, Tuwan Mendels mitêrang dhatêng ministêr jajahan, paduka Tuwan De Graaff, punapa ministêr botên kagungan panggalihan, bilih papriksan prakawisipun para panuntun P.N.I. ing Bandhung, ingatasipun saksi Albreghs salêrêsipun kados caraning pandakwa, mawi ngatingalakên sêrat-sêrat ingkang botên kalêbêt praboting prakawis. Manawi bab punika nyata, punapa ministêr anganggêp kenging. Lan punapa bab punika ministêr badhe mundhut katrangan dhatêng gupêrnur jendral.

Pès ing Indhonesiah.

Gunggunging tiyang ingkang tiwas jalaran sakit pès, ingkang kalapurakên dhatêng pakaryan kasarasan, wiwit 13 Juli dumugi 9 Agustus 1930 wontên 202. Miturut pêpetangan kados makatên ingkang sampun kapêngkêr wontên 228.

Nyiksa lare.

Pulisi ing Surabaya mêntas nyêpêng tiyang nama Kardiman, ing Kalisosok, jalaran niksa kapenakanipun ingkang taksih lare, gulunipun dipun rante kalihan rante sêpedhah lajêng dipun dèkèk ing patilêman. Lare wau lajêng dipun bêkta dhatêng kantor pulisi, ngêntosi sintên tiyang ingkang badhe nêdha saha badhe ngopèni lare wau. Tiyang ingkang niksa wau jalêr èstri sami kasêrêg ing prakawis.

Gajah wanan.

Wontên pawartos, ing Muara Labuh, Sumatrah, sacêlakipun kabudidayan Pinang Awan, katingal wontên gajah gêgrombolan, jalêr satunggal, èstri sakawan. Sarèhning gajah makatên punika badhe damêl karisakan, lajêng badhe dipun sirnakakên.

Up insinyur karajan Jawi.

Kawartosakên, Tuwan Ir. A.W. de Groot, insinyuring N.V. Ingenieurs Maatchappij Eigen Beheer ing Ngayogya, kaangkat dados up insinyur tuwin technisch adviseur ing karajan Jawi sakawan, wiwit ing wulan Oktobêr.

Prangko amal.

Wontên pawartos, kintên-kintên benjing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr, pakaryan pos badhe ngêdalakên prangko amal cacah 400.000,

--- 1241 ---

angsal-angsalanipun badhe kangge Vereeniging Jeugdzorg ing Bogor. Bab punika, Tuwan Helsdingen warga rad kawula, ngaturakên pitakenan kawrat ing sêrat, punapa tindak makatên wau ugi botên kenging katumrapakên dhatêng sanès-sanèsipun, kados ta Pa van der Steur, Opvoedingsgestichten ing Sukabumi, tuwin sanès-sanèsipun. Dados tumraping ngakathah sagêd milih pundi ingkang badhe dipun darmani.

Sêsorah bab pamulangan.

Tuwan van Dijke insêpèktur pamulangan Mulo mêntas sêsorah wontên ing Bandhung, ingkang wosipun nyariyosakên ing bab tumindaking pamulangan ing taun 1931, inggih punika ing bab pamulangan tiyang siti badhe kawontênakên onderbouw A tuwin B, lan bovenbouw A tuwin B. Ing onderbouw A pangajaranipun namung basa pribumi, laminipun tigang taun. Satamatipun saking ngriku sagêd anglajêngakên dhatêng bovenbouw A, mawi wulangan basa Walandi. Onderbouw tuwin bovenbouw A kenging dipun wastani wulangan tamat. Nanging murid ing onderbouw A ingkang lantip, sagêd anglajêngakên dhatêng bovenbouw B ingkang wulanganipun namung basa Walandi, nanging murid wau botên sagêd lajêng anjujug ing bovenbouw B, awit murid-muridipun ing ngriku sampun sami angsal wulangan basa Walandi wontên ing onderbouw B mila mawi anjujug ing klasêkakêl, kangge sambêtipun murid saking onderbouw A ingkang badhe dhatêng bovenbouw B. Murid ingkang wêdalan saking bovenbouw A kenging dipun wastani sampun tamat, nanging ugi taksih kenging nglajêngakên dhatêng pamulangan patukangan. Dene ing bab B, ing onderbouw mawi pangajaran basa Walandi, sagêd anglajêngakên dhatêng bovenbouw B ingkang wulanganipun basa Walandi, wêdalan saking ngriku punika sami kalihan wêdalan H.I.S.

Asiah.

Punapa badhe padhamèn.

Syanghai 19 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên pawartos, Sang Pwèh Liyang sampun kintun sêrat dhatêng Siyang Kai Sèk, yèn Sisan tuwin Pèng Yung Sang, gadhah panêdha murih pêpêrangan lajêng dipun bibarakên, pangagêng têtiga wau lajêng miji wêwakil kautus dhatêng panggenan ingkang dipun cocogi kangge ngrêmbag padhamèn. Murih tindak wau sampun ngantos sande, Sang Pwèh Liyang badhe nindakakên paukuman dhatêng golongan ingkang botên anyondhongi.

Lohyang badhe bêdhah.

Nanking 19 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Kawartosakên, wadya nagari ing Paiping Hankorilwe, sapunika sampun wontên sakidul Lohyang antawis 20 mil, inggih punika satunggiling sêtatsiyun Lung Hairilwe ingkang wigatos piyambak. Bilih Lohyang bêdhah, adamêl rêkaosing wadya Yusiyang mundur dhatêng Sansi.

Eropah

Konduripun Raja Ferdinand.

Sofia 17 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Tilas nata ing Bulgarije ingkang kakendhangakên wontên ing Jêrman, ingkang sabab gayutan kala jaman pêpêrangan, ing sapunika kondur, jalaran saking kaparêngipun putra nata ingkang sêpuh piyambak Pangeran Boris, nanging sang prabu kaawisan botên kenging ngêmori pulitik.

Juru sade morpini pêtêng.

Marseille 19 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Pangagêng pabean mêntas nyêpêng tiyang sade morpini pêtêng badhe kalêbêtakên dhatêng Prancis. Pangagêng lajêng andhawuhakên, supados sami ngatos-atos, awit tindak wau kakintên tindak cobèn-cobèn kangge nindakakên padamêlan agêng.

Nagari Walandi.

Dados guru agêng.

Leiden 17 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Kawartosakên, paduka Tuwan Mr. Duyfjes tilas warga rad Indhiya, katêtêdhikngapakên[3] dados guru agêng ing pamulangan luhur.

Rantaman 1931.

Den Haag 18 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Waragading andamêl kapal miturut rantaman wontên f 10.408.000.-. Ingkang f 3.904.000.- dados sêsanggènipun Indhonesiah. Punggawa Eropah ing Indhonesiah badhe kawêwahan saking sakêdhik ngantos 2447.

Juru damêl jawah badhe dhatêng Indhonesiah.

Den Haag 19 Sètèmbêr (Aneta-Nipa). Propesor Veraart juru damêl jawah, gadhah sêdya badhe dhatêng Indhonesiah nindakakên cobèn-cobèn damêl jawah ing Dhèli tuwin tanah Jawi wontên ing wulan April 1931, kangge prêluning kabudidayan.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan S ing Nataprajan, Ngayogya. Kintunan panjênêngan gambar 2 iji sampun katampèn, nanging ingkang kamanah prêlu kapacak, gambar Taman Sari, samantên wau manawi panjênêngan sagêd nganthèni cêcariyosanipun. Kauningana.

Tuwan W ing Sêmarang. Gambar kintunan panjênêngan botên kapacak, amargi panunggilanipun ingkang kados makatên ugi botên kapacak, sampun cuwa ing panggalih.

Lêngganan nomêr 3453. Pangarasan punika haltênipun Limbangan. Pos Bumiayu.

Lêngganan nomêr 3864 Kêrtasana. Tanggal kaping 2 Rêjêb taun Walandi 1890 dhawah ing dintên Ngahad Pon, tanggal kaping 24 Pèbruari.

Lêngganan nomêr 266 ing Rêwulu. Jumuwah Paing tanggay[4] 18 Rêjêb Ehe 1812 dhawah tanggal 25 Mèi 1983.[5]

--- 1242 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

16.

[Dhandhanggula]

hèh Rawana sapa kang akardi | lingsêm ingsun yêkti katêmahan | mangguh karusakan gêdhe | ya rusaking dhirimu | ya rusaking prajanta yêkti | sira datan kawawa | nulak kang bêbêndu | kalamun sira andadra | baya pasthi rusakira anêkani | marma yogya èngêta ||

dahat krodha Rawana mawrêdhi | duk miyarsa aturira Sita | rasa napuk wadanane | pagandikanira sru | datan kêni ginawe bêcik | puguhira kaliwat | datan pisan emut | anèng pangawasaningwang | apa ingkang ingsun karsakake dadi | nadyan mrih pati bisa ||

lamun sira lumuh mituruti | datan arsa sira ingsun garwa | yêkti sun lunas sêmangke | nulya dhawuh sang prabu | animbali para cèthi wil | kang samya galak-galak | ambêkta sang ayu | marang ing wana Asoka | tumindaka tatèng raras amularsih | mrih karsaa ginarwa ||

kalaksanan ing mangkya sang putri | anèng wana lênggah sor Asoka | kinubêng yaksi agêbèl | tan kêndhat angêngimur | mamèt laku lunturing kang sih | nanging tan pisan bisa | panggah datan kêsuk | satêmah para raksasa | anggêgiri yayah angarah ing pati | mrih sang putri girisa ||

nanging têtêp satuhu sang putri | datan kengguh dening pamiluta | tan giris dening godhane | lăngka kalakonipun | Dèwi Sita ginarwa aji | atanapi supea | marang rakanipun | datan pisan kumêdhèpa | dèn gêgiris dening kang para rasêksi | kang anggung ambêbeda ||

têtêp dènnya ambêg sadu budi | pra rasêksi mung inganggêp rowang | malah sang putri ing mangke | ngimur wênèh ing diyu | dadya luluh amirakêti | wêkasan anggêgawa | ditya samya katut | marang sang putri sumanak | dadya rowang alêladèn rina wêngi | tan paja mêmungsuhan ||

Sri Rawana tan kêndhat ngrawuhi | angêngimur marang Dèwi Sita | amrih lumuntur êsihe | nanging Sang Sita puguh | datan pisan ing galih kongkih | linut têmbung pangrêpa | pakartining diyu | sanadyan sarira risak | dening linut asru risaking panggalih | têtêp santosanira ||

Sang Rawana nulya awêwarti | lamun mangkya sang satriya Rama | wus kèndêl pangupayane | malah mangkya sang prabu | karya gêlar amituduhi | kadi minăngka tăndha | lamun Rama lampus | nanging Sita mêksa panggah | datan pisan ing galih rasa kêgingsir | maring nata Rawana ||

nulya nabda Sita sêmu tangis | lamun nyata seda gustiningwang | ingsun patènana bae | awit mungguh wak ingsun | tanpa Rama tan nêdya urip | hèh enggal nata sira | ywa sêmang ing kalbu | tibakna wisesanira | sira aywa andêdawa urip mami | kang tan medahi sira ||

antara ri nata rawuh malih | duk punika sakalangkung duka | dening Sang Sita puguhe | nulya anabda sêndhu | lan prasêtya dèn santosani | lamun mangkya Sang Sita | mêksa maksih puguh | datan pisan dèn apura | winangênan ing sajroning kalih sasi | yèn puguh sinedanan ||

tan antara nata ngênyapuri | lan tan nêdya kapanggih Sang Sita | kongsi praptèng ubayane | awit sang nata emut | lamun tansah rawuh nuwèni | sayêkti katêmahan | sirna sabaripun | anindakkên pamisesa | mring sang putri kang dahat kêncêng ing galih | wêkasan tan prayoga ||

măngka nata wus prasêtya jati | datan nêdya mrih tiwasing kênya | kang datan ana dosane | nadyan sang nata diyu | nanging têtêp nuhoni janji | marma kala punika | Rawana pilaur | ngêsorkên sariranira | lumuh lamun nêrak wêwalêring janji | kadi kang wus kaucap ||

kacarita Sita apan lami | dènnya anggung kinurung nèng Langka | kang araras siksa gêdhe | kongsi sadasa taun | tanpa kêndhat tansah prihatin | ari ratri ruhara | èngêt maring kakung | nanging santosaning cipta | datan ewah angajap ing têmbe wuri | tinulungan Sang Rama ||

lamun Sita nuju nglipur galih | anèng wana anggung asêsambat | mring kukila sadayane | ngucap ririh alayu | ingkang pêksi pinrih wêwarti | maring satriya Rama | sajarwa atuhu | ing raos trêsnaning Sita | ciptaning tyas kang anggung kumanthil-kanthil | têtêp salaminira ||

dènnya ngucap Sita amor tangis | kongsi kasok têmah kasayahan | mring purwa duksina supe | mangkana ing sadangu | yèn Sang Sita mèngêt sang pêkik | nanging tanpa wasana | anggung ngantu-antu | dènnya nganti gustinira | kadi paran dènira pinanggih malih | kinanthi lan Sang Rama ||

VIII. Pangupayanipun Sang Rama.

[Kinanthi]

nênggih ciptanya sang ayu | mung lumintu ing salami | mangkya gantya cinarita | Risang Rama ingkang kari | ananira tan prabeda | anggung anandhang prihatin ||

duk ing nguni kalanipun | risang Rama anjêmparing | riwusing manjangan sirna | nulya wangsul anuwèni | maring dunungira Sita | dening ing galih kuwatir ||

wontên ing marga kêpêthuk | Laksmana katon ngalêntrih | ing sêmu dahat duhkita | Sang Rama andangu ririh | nanging katon dahat gita | winoran samar ing galih ||

dhuh kapriye ariningsun | dene sira anututi | sapa baya kang rumêksa | maring Sita ingkang kari | Laksamana nulya sajarwa | salwiring rèh kang pinanggih ||

Sang Sita nulya angutus | sumusup mring Rama nuli | datan kêni pinambêngan | wusana satriya kalih | wangsul kanthi gêgancangan | ananging pinanggih sêpi ||

wusana samya anjêtung | ibêg dènira ngupadi | nanging mêksa datan ana | datan pinangguh sang dèwi | wusana satriya Rama | kasabêt turida gati || (Badhe kasambêtan)

 


ngiras. (kembali)
§ Kala jaman Kartasura sampun wontên sêsêbutan radèn mas, inggih punika Radèn Mas Garêndi. (kembali)
katêtêpakên. (kembali)
tanggal. (kembali)
1883. (kembali)