Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-25, #289

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-25, #289. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-25, #289. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 42, 15 Bêsar Taun Alip 1859, 25 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [645] ---

Ăngka 42, 15 Bêsar Taun Alip 1859, 25 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Krêtêg ing Lèpèn Sumani (Solok)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun lèpèn Sumani (Solok), ilining toya anjog ing talaga Sikarak. Lèpèn wau sanadyan alit nanging lêbêt, dene sawanganipun turut lèpèn, katingal asri, krêtêgipun kêtingal agêng anganggrang.

--- 646 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41.

Manawi badhe ngêdusi bayi ingkang nêmbe lair, ing sadèrèngipun kêdah nyawisana toya angêt saèmbèr agêng, bêntèripun toya kadamêl 350 c, utawi kintên-kintên kemawon. Amurih icaling yiyit lan rêrêgêd, ing sakawit badanipun bayi kêdah kagosok ngangge lisah sladhah, sasampunipun lajêng bayi kalêbêtakên ing toya wau dumugi ing gulu, anggènipun ngosoki ngangge sabun.

Sarèhning badanipun bayi wau taksih lêmês sangêt panyandhakipun sampun kasar-kasar, manawi mripat lan cangkêmipun taksih rêgêd, inggih kêdah dipun rêsikana ngangge kapas, kacêlupakên ing toya matêng sanèsipun. Sasampunipun dipun êdusi prayogi kausapana ngangge andhuk ingkang rêsik ngantos badanipun garing, saha malih andhuk wau tansah katingal rêsik.

[Grafik]

Patraping ngupakara saha mapanakên bayi.

Sasampunipun bayi dipun êntas sarta garing, lajêng dipun buntêl sarupi anggêdhong ngangge sinjang ingkang rêsik lan angêt, amargi bayi dèrèng kuwawi kenging asrêp dangu-dangu. Sabên enjing lan sontên kêdah kaêdusana kados kasêbut ing nginggil. Utawi anggènipun ngêdusi botên kenging dangu-dangu, dangu-dangunipun 5 mênit. Kawuningana lare ingkang badhe dipun êdusi punika kêdah kapriksanana rumiyin, manawi lare wau badanipun bêntèr utawi tuwuk, sampun pisan dipun êdusi, nêsêpi prayogi sabibaripun adus.

Ingkang kathah jabang bayi wiwit lair dumugi umur 5-6 wulan dipun gêdhong punika sajatosipun nguwatosi, prayogi dipun icali babarpisan. Lare bayi ingkang dipun gêdhong punika ambêgan kirang sakeca (sêsêg).

Panganggenipun bayi punika sasagêd-sagêd ingkang lêmês saha ingkang angêt, lan malih sampun ngantos kêsêsêkên, panganggenipun kêdah tansah rêsik botên prêlu ingkang awis rêginipun.

Sadaya patrap ngêdusi, manganggèni, utawi sanès-sanèsipun punika kêdah sarwa alon-alonan kanthi ngatos-atos tuwin tangan ingkang badhe [ba...]

--- 647 ---

[...dhe] anggrayang bayi kêdah rêsik.

Bayi manawi sampun lair ing salêbêtipun 24 jam, botên prayogi dipun têdhani punapa-punapa, kajawi madu utawi jèr-jèran gêndhis batu. Sasampunipun umur samantên kêdah dipun sêsêpi, ingkang prayogi piyambak inggih biyungipun ingkang nêsêpi, bilih wontên sabab kenging dipun sêsêpi tiyang sanès anggêr tiyang wau bagas kasarasan badanipun, dene manawi botên makatên kenging dipun dhot ngangge susu pêrêsan ingkang sae.

Bayi ingkang dipun sêsêpi utawi dipun dhot, punika botên prêlu dipun têdhani punapa-punapa, cêkap sêsêpan utawi dhot punika kemawon. Dulang pisang lan sêkul, punika babarpisan botên kenging, jalaran padharan bayi dèrèng kiyat nampèni têtêdhan wau.

Bayi ingkang umur 1-5 wulan punika prayogi sabên kalih jam, kasêsêpana utawi kaombènana, nanging ing dalêm sadintên sadalu kêdah namung kaping 6-9. Dados manawi siyang sampun kaping 6, dalunipun kêdah kaping 3, manawi kêkêrêpên utawi kêkathahên anggènipun ngombèni utawi nêsêpi, punika sagêd nuwuhakên sêsakit padharan, mulês, lare nangis kemawon. Lan bayi ingkang dipun dhot ngangge susu blèg punika kêdah dipun wori tajin sêkuling uwos ingkang botên sosohan utawi gilingan, amargi manawi namung susu blèg thok kemawon, punika sagêd ambêbayani, sagêd anuwuhakên sêsakit bèri-bèri utawi sanèsipun.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên manawi wontên sabab-sababipun ingkang anjalari biyung botên kenging utawi botên sagêd nêsêpi anakipun, utawi kapêksa botên wontên tiyang èstri sanès ingkang nêsêpi, dados inggih prêlu anakipun dipun têdhani têtêdhan ingkang sami munpangatipun kalihan toya susu, ingkang limrah kangge lintu inggih punika puhaning lêmbu ingkang sae asli lêmbu ingkang lêma ingkang saras botên sakit parel saèmpêr kados sakit tèrêng mênggahing manungsa, awit manawi bayi dipun ombèni puhaning lêmbu ingkang gadhah sakit makatên, sagêd ugi bayi wau lajêng dhawah sakit tèrêng. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Golonganing tiyang băngsa Sumba, sami nuju nênun, ingkang dipun pitongtonakên wontên ing Pacific Congres ing gêdhong museum ing Batawi.

--- 648 ---

Bab Rajakaya

Kasarasaning Kewan

Sarèhning kewan ingahan punika gêsangipun kawêngku dening manungsa, pramila ugi kêdah kajagi kasarasanipun. Dene kasarasan wau kajawi pakan lan toya ombèn-ombènipun, ugi papan lan hawanipun.

[Grafik]

Kandhang kêmpalan.

Damèn ingkang jamurên utawi dhêdhak ingkang sampun wayu punika manawi kapakakakên ing rajakaya sagêd anjalari sakit, samantên ugi toya ingkang botên rêsik. Sanajan botên prêlu dipun ombèni toya ingkang sampun dipun godhog, nanging kêdah kapadosakên toya ingkang bêning, ingkang mêdal saking sumbêr utawi sumur, awit toya kalèn ingkang sampun kacampuran rêrêgêd warni-warni punika, kajawi isi wijining sêsakit ingkang nular ugi isi wiji bangsaning cacing ingkang sagêd gêsang ing salêbêting jêroan, upaminipun ing wadhuk, ing usus utawi ing manah.

Rajakaya ingkang kapragad asring kapanggih ing babat wontên porangipun ngantos pintên-pintên atus, ing usus wontên cacing tuwin cacing pita, ing manah wontên bangsanipun cacing ingkang wangunipun kados godhong, ing êlêd-êlêd tuwin ing gorokan ugi sok wontên bangsaning cacing ingkang wangun lan warninipun kados isi timun, lan sadaya wau sami anggodha kasarasanipun kewan. Punika sababipun ugi saking têtêdhan tuwin toya ingkang botên rêsik.

Dene hawa ugi kêdah ingkang hawa sae, pramila prêlu sacêlakipun kandhang kêdah dipun rêsiki supados botên anggănda. Tujunipun kalimrahaning rajakaya yèn siyang sami kawêdalakên saking kandhang, kaumbar utawi kacancang sangandhaping wit-witan, awit ing ngriku kewan wau sagêd pikantuk hawa ingkang migunani ing gêsangipun.

Wontên malih, kewan punika ugi kêdah ngulinakakên hawa ing tanah ngriku, upaminipun lêmbu ingkang kulina wontên ing tanah parêdèn ingkang hawanipun asrêp, manawi kabêkta dhatêng tanah ngare, utawi kosok-wangsulipun, punika manawi taksih enggal-enggalan, wulunipun lajêng anjêgrig, botên doyan nêdha, katingalipun kados kewan sakit, têrkadhang yèn èstri sok botên tuwuh tandhanipun laki.

--- 649 ---

Lêmbu Walandi utawi Ostrali ingkang kangge pêrêsan wontên ing tanah Jawi, punapa malih ingkang hawanipun bêntèr, ugi makatên, trêkadhang sok kirang wêdaling puhanipun.

Dene papan panggenanipun (kandhangipun) ugi kêdah ingkang inggil, supados toya jawah botên mili dhatêng salêbêting kandhang, utawi saenipun ing sangandhaping tritisan dipun kalèni, sarta mawi ilèn-ilèn têrus dhatêng jugangan.

Kapal punika botên tahan dhatêng papan jênês, kapal sandêl ingkang nalikanipun wontên pulo Sumba kaumbar wontên ing wana, têdhanipun pados piyambak, tanpa gêdhogan lan tilêmipun saênggèn-ênggèn, manawi sampun dados kapal ingahan punapa malih lajêng kapêndhêt damêlipun, punika lajêng dados kikrik, gampil masuk angin, saya malih yèn mêntas dipun tumpaki utawi kangge tarikan ingkang kringêtipun dèrèng asat. Pramila gêdhoganipun kêdah ngongkang siti, supados uyuhipun sagêd têrus, bagean sangkaning angin kêdah dipun aling-alingi. (Badhe kasambêtan)

Suryadi, Keurmeester Panaraga.

Bab Têtanêman

Kênthang Walandi

Kênthang punika ingkang katanêm wohipun ing ngandhap, kênthang ingkang pancèn badhe kangge winih, ing sadèrèngipun kêdah kapilihan ingkang sae-sae, saha cêkapan agêngipun, saya agêng inggih saya sae, nanging wontên sawênèhipun tiyang nanêm, yèn winihing kênthang kagêngên lajêng kasigar, makatên punika prêlu ngirit-irit. Panyigaripun kêdah mawi lading ingkang landhêp, murih tatuning sigaran wau alus, lajêng kaleletan awu utawi bubukan arêng, nuntên kagaringakên, supados botên katêdha ing sêmut sarta botên gampil bosok. Ananging yêktosipun botên kados ingkang ngangge winih wêtahan, pandamêling winih makatên:

Sasampuning kapilih nuntên kaglethakakên ing siti sênthongan ingkang pêtêng kaêlèr, wontên ing ngriku sawatawis dintên kemawon kênthang wau sampun sami thikil, thikilipun katingal pêthak, mratandhani yèn badhe têrik, ing măngsa punika sampun kenging katanêm dene mathukipun dhatêng pasitèn ingkang gêmbung kamoran wêdhi. Sasumêrêp kula piyambak, pasitèn ingkang mathuk sangêt kangge tanêman kênthang inggih punika tanah ing parêdèn Tênggêr, mila pawêdaling kênthang saking ngriku agêng-agêng.

Awis kêrêping pananêm 2 kaki, ing dalêm têgal sabau, cêkap ngangge winih kênthang 5 utawi 6 rêmbat. Pananêmipun botên prêlu kaipuk, manawi sampun thukul, măngka wontên ingkang pêjah, kirang prêlu dipun sulami, awit sulaman wau tamtunipun lajêng kawon sêpuh, tuwuhipun botên nututi sanèsipun, wusana angsal-angsalaning [angsal-angs...]

--- 650 ---

[...alaning] kênthang kirang mikantuki, alit-alit tur botên sapintêna, mila pawêdaling kênthang ing tanah ngare alit-alit, botên patos nyênêngakên. Nanging yèn kapengin nanêm kênthang ing ngare, ingkang prêlu sangêt kêdah kathah lêmènipun.

Mênggahing pamatun namung sawatawis, dipun sambi ngurug, yèn sampun sêkar mratandhani badhe awoh. Prayogining pangundhuh kasrantosna saagêngipun, awit yèn agêng-agêng sagêd angindhakakên rêgi.

Tumrap ing parêdèn Tênggêr anggèning sami nanêm kênthang ing măngsa rêndhêng, siti ing ngriku botên sagêd bacêk, awit siti miring, mila tansah dhahas, sasêpuhing kênthangipun kadhudhuk. Tumrap ingkang botên kacêkapan: benjing rêndhêng ngajêng tanpa ulur, nanging tiyang wau taksih gadhah rimatan wit kênthang, inggih punika kêkantunaning (keceranipun) kênthang ingkang rumiyin wontên ing têgal kapêndhêm, sami nêrik, wasana karimat, dumugining măngsa sêpuh ugi mêksa tumut sagêd andhudhuk kênthang, ananging ingkang makatên punika kirang pakantuk, kajawi papanipun pating palêncat awis-awis, wohipun botên kathah. Dados yèn mirid saking kawontênan punika, tumrap sintêna ingkang gadhah ada-ada nanêm kênthang, măngka murih sae piwêdaling asilipun, inggih prayogi ulur winih enggal sabên ing pêndhak măngsa nanêm, yèn sae pawêdalipun benjing angsalipun yatra ugi kathah.

Kênthang punika kajawi kangge kêlanan, kenging kangge lêlintuning sêkul, kapathi, kagorèng, kacriping lan sapanunggilanipun.

Sapunika kula wêwahi bab pandamêlipun criping kênthang makatên: kênthang mêntah sasampunipun kaoncekan, kairis-iris bundêr miring, kakumbah rêsik, lajêng kaêkum ing toya bêninging ênjêt sadalu, enjingipun têrus kaêdang satêngah matêng, lajêng kaêpe kaêlèr ngantos garing, yèn sampun garing kagorèng lisah klêntik, raosipun kados kripik gadhung warninipun pêthak mêmplak. Yèn kêparêng asin, cêkap dipun pyur-pyuri sarêm sasampuning kagorèng wau.

Nirrasa. Tumpang - Malang.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar griya băngsa Batak satiyangipun, punapadene barang dêdamêlanipun ingkang dipun pitongtonakên wontên ing Pacific Congres ing gêdhong musium ing Batawi.

--- 651 ---

Panglipur Manah

Priya Candhala.

[Gambuh]

rasèng tyas dènnya gambuh | jatinira ya mung karya pemut | sumlang dulu ardèng naya wong taruni | tangèh tata ing atimu | salawase laku awon ||

marmane anak putu | elingira têrusna atimu | marsudia marang laku ingkang bêcik | cikbène nêmu rahayu | yuwana tumêka ing don ||

si kaki duk rumuhun | andongèngi ginawe amuruk | mrih rinasa sabarang kang nora bêcik | wong anom tan mangan wuruk | ngaloyong tan lumrahing wong ||

Si Amad aranipun | taksih jaka tur rupane bagus | kuciwane lakune sing nora bêcik | lumuh marang tindak ayu | nuruti budi angrêdon ||

dhêmêne tindak luput | wêkasane kapulêt lir pulut | piwulange wong tuwa tan pinarduli | ngênês tyase bapa biyung | satêmah tininggal layon ||

Si Amad saya gêmblung | andalarung gêndhênge kêbacut | pan kêbanjur royale tan bisa mari | barang ngomah êntèk mamprung | mung nuruti ardèng batos ||

rasane ati bingung | pan dhuwite mung kari sapuluh | puluh-puluh karasa jêroning ati | thukul budine andludur | dumadakan ing samêngko ||

lunga mring pasar laju | kang tinuju sêdyanirèng kalbu | milang-miling nèng pasar wruh kêthu abrit | tyase kèlu nuli tuku | kêthu abang nganggo gombyok ||

tumuli nganggo kêthu | yèn dinulu kaya uwong Indhu | kêthu miring gombyoke amobat-mabit | mlêbu warung tuku gêthuk | linggih salu ting garênjot ||

sawise kluyar-kluyur | maring warung jajanan andulu | sêga iwak sate gule lawan bakmi | dhuwite banjur diêdum | prêsabên marang sing dodol ||

samăngsa mêngko aku | têka mrene mangan ana warung | nora susah aku pijêr ambayari | karo yèn mitraku milu | mangan kene aja omong ||

yèn sira arêp tutur | lah kăndhaa yèn wong mlêbu warung | anggêr nganggo kêthu abang gombyok langking | nora usah bayar tuku | apa kang pinangan ing wong ||

kang dodol amituhu | awit uwis nămpa dhuwit mau | nuli lunga gêgancangan dènnya mulih | têka ngomah wanci surup | nèng salu ngaso galoso ||

mitrane padha wêruh | nuli samya têka ting garubyug | ana ingkang têtakon lah saka ngêndi | dene têka wanci surup | banjur galosor nèng kono ||

Si Amad nuli tutur | lah ta kene suk-sukan alungguh | saanane ngombe wedang lan sinambi/ omong-omong lamun mathuk | Si Amad banjur angobrol ||

mulane aku mau | gêgancangan kêbat gonku mlaku | awit mêntas antuk sasmitaning kaki | tinggalane kaki buyut | kêthu abang nganggo gombyok || (Badhe kasambêtan)

Pak Jaya, Pajawaran, Banjarnagara.

--- 652 ---

Kawontênaning Têtiyang ing Indhonesia

Ing Kajawèn nomêr 40 tuwin nomêr 41 sampun ngêwrat gambar-gambar kawontênaning băngsa ing Indhonesiah, ingkang dipun pitongtonakên wontên Pacific Congres ing gêdhong musium ing Batawi. Sarèhning gambar wau kathah, amila botên sagêd dipun êwrat sadaya, namung mêndhêt saprêlunipun kemawon. Dene kawontênaning gambar ing ngriki, katranganipun namung kadamêl cêkakan kados ungêl-ungêlan ing sangandhap utawi sasisihing gambar.

[Grafik]

Golonganing băngsa Dhayak jalêr èstri mangangge warni-warni, ing sacêlakipun ngriku dipun wontênakên griya kados caranipun ing tanah Dhayak. Mirid wujuding papan tuwin wujuding tiyang, băngsa Dhayak punika sampun kagolong sugih kagunan, saya manawi mirid yasanipun dêdamêl, kenging dipun wastani sae.

[Grafik]

Prajurit băngsa Dhayak. Para maos kados sagêd anggalih piyambak dhatêng kawontênaning tiyang wau, badanipun katingal kêkêr. Dene mênggahing dêdamêl-dêdamêl Dhayak punika misuwur, tosanipun sae, awis-awis tosan ingkang nyamèni tosan Dhayak, mila dêdamêlipun dados pilihan. Saking ujaripun tiyang ingkang sampun nate sumêrêp, pêdhang Dhayak punika manawi kangge mêdhang gulu, sapisan sagêd tatas.

--- 653 ---

[Grafik]

Legong Bali, punika sawênèhing têtingalan ingkang nêngsêmakên, kathah para mriksani ingkang ngalêmbana dhatêng saening jogèdipun, inggih punika tandang tuwin polatan, punapa malih grêgêt sautipun ki dhalang, karaos grêngsêngipun.

[Grafik]

Prawan ing Lampung, punika ugi dados ucap-ucapanipun para ingkang sami mriksani, awit kajawi sae saha anèhing pangangge, ugi sagêd anjogèd, sanadyan jogèdipun namung andhaplang, nanging katingal parigêl anêngsêmakên.

--- 654 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XII. Orêge arêp pêpêrangan

[Pangkur]

gênti kocap ing nagara | ing saiki uwis wiwit katitik | uwong-uwong padha bingung | awit para kawula | rada ewuh milu kana kene luput | măngka ing kono wis cêtha | golongane têlu iji ||

siji kangjêng ratu garwa | ing dhisike karo nayaka nunggil | banjur misah ora mathuk | awit para nayaka | padha duwe niyat dhewe arêp unggul | pêcah dadi pirang-pirang | kuwi golongan sing siji ||

sijine ing kapatihan | iya duwe golongan nanging ringkih | awit sasate disatru | karo wong sanagara | ing mulane ki patih mung thênguk-thênguk | ora niyat aduwea | pikiran sing ora bêcik ||

kocapa ing dhèk samana | Palih uwis sowan jêng pramèswari | nalika sowan didangu | lakune nyang patihan | Palih matur kula nuwun inggih sampun | pun patih namung sandika | ambiyantu têmbe wingking ||

kangjêng ratu angandika | ing ketoke apa ya dhangan Palih | Palih matur lan angguyu | sakawit sajak susah | manahipun katawis yèn namung lumuh | nanging dangu-dangu lêga | dening èngêt kangjêng gusti ||

malah lajêng sajak muntab | brêngosipun kêtingal dipun plintir | agumujêng kangjêng ratu | karo alon ngandika | biyèn mula pancèn trêsna mênyang kulup | kono kangjêng ratu uga | bangêt karênan ing galih ||

Palih nuli rêrikatan | nyuwun pamit kasusu ditimbali | awit ana dhawuh prêlu | saka bupati jaba | wise mundur tumuli sowan ambacut | mênyang dalêming nayaka | Radèn Mênggung Surawani ||

ing kono sajak katara | dara mênggung kurang rêna ing galih | dhèk Palih ketok malêbu | êmung tansah disawang | tanpa kêdhèp sapolahe tansah ditut | Palih nganti kalincutan | tumungkul anggone linggih ||

lan didangu sajak ewa | aku uwis ngrêti karêpmu kuwi | ana apa kowe mlêbu | yèn nganti kopindhoa | mêsthi bakal kalakon pêdhot gulumu | hara manèh lakonana | yèn nyata wong lanang wani ||

Palih ing batine samar | nanging barêng uwis dawa dipikir | ing batin malah angguyu | dene ora angira | yèn dhèwèke ngawula ing dara mênggung/ sing pancèn mungsuhe lawas | tumuli mangsuli lirih ||

anggèn kula katimbalan | punapa mung prêlu dipun dukani | lan manawi sampun rampung | tumuntên kalilana | mak kêcêmut angandika dara mênggung | apa kowe pancèn nantang | tuman dhêmên disrêngêni ||

kocapa ing dhèk samana | krungu ana suwara pating jlêrit | wong malaku pating grudug | nuli ana wong sowan | prêmbèh-prêmbèh lakune bangêt kasusu | barêng dinyatakke cêtha | punggawa saka pasisir ||

lapur ana prau têka | uwis cêdhak cacah rongpuluh luwih | wis mêsthi prauning mungsuh | radèn mênggung anggragap | uwis ngira mêsthi pangeran sing rawuh | nuli tata-tata budhal [budha...]

--- 655 ---

[...l] | nyatakake nyang pasisir ||

barêng uwis ketok cêtha | nuli dhawuh alirih mênyang Palih | Palih ayake gustimu | apa kira ya bisa | bali mrene lan manèhe wani ngrêbut | Palih iya milu nyawang | karo alon amangsuli ||

manawi pangintên kula | mokal sangêt upami sagêd mriki | lêrês saking wartosipun | têtiyang dagang layar | sapunika sasat sampun dados ratu | nanging yèn niyat mrikia | kados-kados taksih ajrih ||

Surawani tansah ngêdhap | satêmêne ing batin tansah eling | ature wong sing diutus | baline apratela | kaananing kamurahan gawe gumun | lan manèh kangjêng pangeran | panggalihe luwih bêcik ||

mungguh warta sing mangkana | satêmêne gawe bingunging ati | yèn tênan pangeran nglurug | sapa sing mapagêna | awit nyata saiki wis padha kisruh | nanging ing sabisa-bisa | iya arêp angajangi ||

lan kono têtela cêtha | yèn ing Tanjunggunung mung Surawani | sing wani mapage mungsuh | dadi patut duwea | kaluhuran pirabara dadi ratu | kono banjur anjanggirat | adhêdhawuh mênyang Palih ||

mung kowe Palih sing bisa | lan wis patut yèn ta kowe tak kanthi | dadia bau têngênku | wis Palih aja samar | kuwanènmu sing bakal anjunjung luhur | aja padha mikir kănca | sing atine padha jirih ||

wis ayo dhawuhna dandan | pancèn aku sing kuwat anadhahi | ing têkane mungsuh mau | manèh saiki uga | yèn karêpku bêcike jumênêng ratu | kowe Palih sing tak angkat | têtêpa sing dadi patih ||

lah ing kono sanalika | saka daya kang gêdhe Palih lali | iya banjur gêlêm nurut | lan padha sanalika | ana kono têtêpan Palih lan ratu | banjur padha tata-tata | mapagake mungsuh sêkti ||

gênti kocap kapatihan | saungkure Palih kiyai patih | tansah amêmikir nglangut | supayane kapenak | nagarane bisa têntrêm sayuk rukun | aja nganti ana sabab | lêlakon kaya sing uwis ||

tumrap kraton uwis gampang | prakarane uwis tanpa balung ri | mung kari para tumênggung | priye bisane tata | nanging barêng saiki ki patih krungu | yèn wonge padha sulaya | banjur mandhêg makewuhi ||

nanging wong ati prasaja | salamête tansah bae numusi | kabèh nayaka sing pitu | sing padha ambalela | lan bangêt ing gêthinge lan patih mau | êmbuh jalarane apa | padha sowan brêbês mili ||

kabèh padha asrah tobat | lan prasaja saiki uwis eling | kyai patih mung andhingkluk | karo alon ngandika | kang mangkono ora liwat aku sukur | dene kowe eling padha | pangeran anguningani ||

mungguh barênging carita | wis warata yèn ana mungsuh sêkti | arêp têka Tanjunggunung | Surawani kang mapag | lan saiki wis jêjuluk jênêng ratu | Palih patih anom brêgas | mung cêdhak tansah dikanthi ||

ki patih tansah anggagas | yèn mêtua apa karêpe Palih | dene palêncat-palêncut | rak jênêng ora gênah | mêngko priye yèn mungsuh gustine iku | bakale ora karuwan | yèn tiwasa salah siji ||

banjur dhawuh tata-tata | abarisa pêndhêm mung angêdohi | awit yèn dipikir galur | jênêng padha wong liya | kana mungsuh lan kenene iya mungsuh | arêpa mati gêmpuran | padha ati anom wani ||

--- 656 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Palapuranipun Petruk dhatêng Garèng, Bab Anjênêngi Pista ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk

[Grafik]

Petruk : Rungokna, Rèng, tak dongèngi anggonku anjênêngi pistane Jendral Motor ana ing Tanjungpriuk lagi dina Saptu kang kapungkur kiyi. Jam 9 esuk aku anjujug ing kantor redhaksi layang kabar Keng Po ing Batawi, prêlune angkatku mênyang Tanjungpriuk dadi ana sing andhèrèkake, e, nas, ana kancane. Jam 10 thèng, otone Jendral Motor wis têka mêthuk, aku kanthi didhèrèkke, e, kliru manèh, wong arêp ngomong dikancani, dening dhirèktur Keng Po lan redhaktur loro, sing siji sobatku Si Culik, tumuli munggah ing oto, sumêdya têrus budhal mênyang Tangjungpriuk. Lakune ana ing dalan, ora prêlu tak caritakake ing kene, mung saêbab sing kudu tak kandhakake, yaiku: sadalan-dalan irungku tansah mêgar mingkup, awit anggonku tansah nahan ambêkan, nganti mèh bae ambêkanaku nglairake mêngkene: so long, Truk (so long Troek) mungguh têgêse: kèri slamêt, Truk. Hla, apa mèmpêr, gênah sing nitihi dara-dara saputu têkuk ngene, supire le nglakokake otone rikate kaya wong sing lagi mêndêm kêcubung kae, apa rumasane aku sakănca gêlêm dibênum dadi ajudane, anggone dhèwèke arêp turne ngambah sirotol mustakim. Nèk aku: trimakasih banyak sèh, aku durung warêg anggonku ngrasakake kanikmataning donya, dadi nèk dikon oncat saka jaman phana mênyang jaman baka, kuwi sabênêre aku durung pati sêmranthal. Wis, wis, kok banjur gèsèh sing dirêmbug. Tak banjurne caritaku. Kira-kira jam 10.30 aku sakănca wis têkan ing pabrike jendral motor, lan ana ing kono dipêthukake dening para punggawaning pabrik, kang padha ngucap mangkene: wèlkêm - in - owêr - plèn jèntêlmin (Welcome in our plant, gentlemen) mungguh têgêse: miturut omonge Culik: ngaturakên pambagya rawuh panjênêngan ing papan kula ngriki, tuwan-tuwan. Kănca-kancaku banjur manthuk, aku banjur enggal-enggal mèlu manthuk, dhêkluk. Sauwise salah sawijining punggawa mau banjur pitakon mênyang dhirèkturing Keng Po: Yu a... (You are..) têgêse: panjênêngan... sing ditakoni banjur mangsuli: ai-èm-dê-mènè-jêr-oph-Keng [ai-èm-dê-mènè-...]

--- 657 ---

[...jêr-oph-Keng] Po (I am the manager of Keng Po) sabanjure banjur takon marang sobatku Si Culik, culik amangsuli: ai-èm-dê-èdhitêr - oph - Keng Po (I am the editor of Keng Po) krungu wangsulane kănca-kănca mau, ing batin aku anggagas mangkene: E, dadi nèk manager kuwi dhirèktur lan editor kuwi redhaktur. Dilalah, aku lagi anggagas mêngkono mau, punggawa pabrik ujug-ujug dêlêngake nyang aku. Durung nganti dhèwèkne pitakon, kanthi gugup aku banjur mangsuli: idem Bale Pustaka. Sauwise mangkono punggawa mau banjur kăndha mangkene: go - sêtrit - on - tu - dê -sorum - jèntêlmin (Go strait on to the showroom, gentlemen) jarene kuwi têgêse: tindak lajêng kemawon dhatêng kamar padhasaran, tuwan, tuwan. Kănca-kancaku banjur mangsuli: ol - rait (All right) aku iya banjur mèlu bae muni: arit. Satumêkane ing kamar padhasaran, kang wus disadhiyani kursi pirang-pirang, minăngka palênggahane para tamu, aku sakănca banjur padha mapan linggih. Ing kono wis ana redhaktur-redhaktur sing padha têka, yaiku para redhakturing layang-layang kabar, Sin Po lan Perniagaan. Ora antara suwe tamu-tamu liyane padha têka kabèh, yaiku para redhaktur Walănda saka Batawi, Bandhung, Ngayogya, Sêmarang lan saka Surabaya. Sauwise para tamu padha kumpul kabèh, banjur padha diaturi mênyang rèsturane pabrik, prêlune padha diaturi ngunjuk-ngunjuk, ana sing ngunjuk anggur, ana sing ngunjuk bir, sarèhning aku kiyi dadi dhayohe wong băngsa Amerikah, sabisa-bisa aku kudu gawe sênênging tuwan rumah. Aku krungu, yèn Amerikah kuwi sawijining nagara kang nglarangi kawulane ngombe inuman kêras. Mulane barêng aku ditawani arêp ngombe apa, wangsulanaku iya: Ai - won - e - glas - op -limun - sê (I want a glass of limoen, sir) mungguh têgêse: kula nyuwun limun, tuwan. Nanging sanyatane kalasamono aku kèlingan piwulange guruku sing aku ora ngandêl babarpisan, yaiku jarene: jagad kuwi mubêng, nèk aku nganti ngombe bir, ing măngka ngombeku nganti kêladuk, aku kuwatir, yèn wusanane aku banjur nêksèni dhewe, yèn jagad kuwi mula nyata mubêng têmênan. Ing sarèhning aku, saiki iya êmoh, besuk iya êmoh, prêcaya marang ubênging jagad, mulane aku iya mung nrima ngombe limun bae. Sauwise para tamu mau rampung anggone padha ngunjuk, banjur padha diaturi mriksa kaanane kantore kono. Wah, Rèng, pranatane nyambut gawe ing kono mula ya brêgas têmênan, upama kowe kalakon bisa nêksèni dhewe, saking gumunmu, kiraku sanadyan ana lalêr rong losin lumêbu ing cangkêmmu, saking lalimu bisa uga banjur kok krêmus, kok anggêp bongko bae. Linggihe para punggawane kuwi padha atharik-tharik, salarik-larike ana wong lima utawa nêm, ing măngka nganti ana sèkêt utawa suwidak larik, kabèh mau padha ngungkurake kamare panggêdhene, dadi sing dadi panggêdhe, samăngsa-măngsa bisa tansah ngawasake kabèh punggawane, kang ora bisa kawêruhan dening wong-wong sing lagi diawasake mau. Mulane panyambutgawene

--- 658 ---

para punggawa iya padha sêngkut bangêt, ora pijêr-pijêr tungkul ngrokok utawa nisil kacang kaya ing kantor liya-liyane. Saka kono para tamu kabèh mau padha lumêbu ing kamare dhirèkturing pabrik, prêlu năndhatangani jênêngane dhewe-dhewe ana ing buku tamu kang disadhiyakake ana ing kamar kono. Ing tembok kono ana gambare kabèh dhirèkturing pabrik Jendral Motor ing saindênging jagad, sing dadi gumuning para tamu kabèh, ya kuwi sing dadi presidhène Jendral Motor sajagad kiyi, miturut caritane, nalikane taun 1918 mèh bae mati kalirên sabab saka kamlaratane, ananging sajêroning 10 taun bae, wis bisa olèh pangkat kang gêdhe bangêt pangaruhe lan sahohah blanjane, nanging wong iya nyara Amerikah, kuwi seje nèk dipadhakna kene, ing kana kuwi ora migatèkake bangêt marang dhiplomah, lan ora migatèkake marang turunan. Pathokane mung; sapa sing pintêr, ya sing mumbul drajate. (Badhe kasambêt)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Pakêmpalan Muhamadiyah pang Surakarta, wiwit wulan punika ngêdalakên kalawarti wulanan basa Jawi kangge lare-lare, kanamakakên: Swara Siswa Praya.

Sawênèhing kondhèktur S.S. nama Sastrawijaya, nalika anglampahi wajib wontên salêbêting sêpur dhatêng Bandhung, ambikak kintunan bêstèl gud saha amêndhêt isinipun, wusana kasumêrêpan ing pulisi lajêng dipun cêpêng.

Wontên băngsa Tionghwa gêgriya ing wana sacêlakipun kabudidayan Silau Doenia Sumatra, dipun cêpêng ing pèl pulisi jalaran damêl arak pêtêng. Ing griyanipun pinanggih kètèl pirantos damêl arak langkung sakawan dipun kurung ing tembok, tatananipun sae sangêt. Arak ingkang dipun bêslah wontên 1850 litêr, arak sampun dados tuwin wontên 44 tong uwos ingkang dipun ragèni, sadaya wontên 17500 litêr. Pamêdaling arak ing ngriku sadintên 50 blèg, 1 blèg rêgi f 18.- waragadipun f 6.- dados angsal bêbathèn f 12.- nanging ing dalêm kalih wulan, ingkang 14 dintên botên damêl arak, prêlu ngabêni. Dados ing dalêm kalih wulan, ingkang 46 dintên sampun sagêd gadhah bêbathèn f 27.600-. Wontên dakwa kalih ingkang kacêpêng, sanèsipun sami lumajêng.

Mêsin mabur marinê saking nagari Walandi cacah 2 iji sampun dumugi ing Tangjungpriuk, mêsin mabur wau pancènipun tiga, nanging ingkang satunggal manggih kasangsaran wontên ing Bahdad, jurunipun anglampahakên nama Everts tiwas. Dene satunggalipun malih D. 23 wontên ing margi tansah rèwèl prakawis mêsin, lan sarêng dumugi Tanjungpriuk nalika badhe bidhal dhatêng Surabaya, mêsin mabur wau kêbêsmi babarpisan. Dene jalaraning kêbêsmi, nalika mêsin mabur wau dipun isèni bènsin lajêng murub, sababipun dèrèng kasumêrêpan, nanging kakintên jalaran saking èlèstrik kontak. Bènsin ingkang dipun isèkakên wontên 1500 litêr. Nalika sawêg kêbêsmi, wontên pompa-pompa ingkang dhatêng têtulung, nanging tanpa damêl, wusana latu ngantos sirêp piyambak.

Kala ing dintên Sênèn kêpêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral sampun bidhal nitih mêsin mabur saking Cililitan, bidhal jam 7.45 dumugi Sêmarang jam 10.50.

Benjing tanggal kaping 4 wulan Juni ngajêng punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya badhe ngutus pangeran kêkalih dhatêng Surakarta, prêlu mêthuk badhe pangantèn Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, ingkang badhe dhaup kalihan rayi dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Benjing dhauping pangantèn ing karaton Ngayogya badhe mawi pasamuwan dhansah tuwin ringgit tiyang.

Kala ing dintên Jumungah tanggal kaping 17 wulan punika, Tuwan v.d. Stadt sèp apdhèling kas Factorij ing Batawi dipun pistul ing punggawanipun băngsa Ambon, rahayu pistul dipun sêntil ngantos kaping kalih botên mungêl sadaya. Tiyang ingkang mistul lajêng dipun cêpêng, dene sababipun prakawis pasulayan padamêlan.

--- 659 ---

Gêgayutan kalihan ebahing jaman, sêpur N.I.S. badhe nyantuni cirining grêbong sêpur ingkang mungêl: inlandhêr, dados: klas murah.

Kursus pangajaran rakyat ing Ngayogya mangsulakên lare-lare ingkang badhe malêbêt dados murid, amargi dèrèng ngumur 18 taun, lare-lare wau kaprayogèkakên malêbêt kursus sanèsipun.

Wontên pawartos, benjing tanggal 22 dumugi 24 Juni pakêmpalan padpindêr I.N.P.O. badhe damêl konggrès ingkang kapisan wontên ing Ngayogya.

Ing sacêlakipun Jatirata, Jêmbêr, mêntas wontên bikakan griya sakit gadhahanipun H.V.A griya sakit wau kaperang dados kalih, satunggal kangge nyadhiyani tiyang siti wontên 254 panggenan, dene ingkang saperangan kangge băngsa Eropah. Wiyaring pakaranganing griya sakit wau 20 bau, waragading pandamêlipun f 500.000. Sintên kemawon kenging jêjampi ngriku.

Dumugi wêkasaning wulan Pèbruari kêpêngkêr, wontênipun têtiyang ingkang kasingkirakên manggèn ing Dhigul 2101, ingkang 1124 jalêr, 450 èstri tuwin 527 lare. Wiwit wulan Marêt 1927 dumugi Pèbruari 1929 wêwah bayi 64, ingkang ngajal 47.

Wontên pawartos, salowongipun pangkat gupêrnur ing Jawi Kilèn, ingkang kaajêngakên dados calon Tuwan Gesseler Verschuur residhèn Priyangan têngah, tuwin Tuwan Hartelust residhèn Priyangan wetan.

Sinyal sêpur ing sêtatsiun Tugu, Ngayogya. Mêntas kasumêrêpan botên sagêd ebah. Sarêng katitipriksa ing rodha tuwin rantenipun pinanggih wontên selanipun. Pulisi angsal katrangan bilih saking pandamêling lare ingkang sawêg umur 8 taun, kintên-kintên dipun êkèn ing tiyang sanès, wusana pinanggih malih ugi kados makatên sinyal ing Lêmpuyangan, Sala tuwin Kalathèn.

Murid-murid pamulangan kriya ing Ngayogya ingkang sami lulus saha dèrèng angsal padamêlan, sami angsal pitulungan padamêlan saking pakêmpalan Astagina ing Bantul, sanadyan balanjanipun botên sapintêna, nanging sampun nama pitulungan agêng.

Kapal Inggris nama Nerite ingkang nuju wontên dhog ing Surabaya kêbêsmèn. Nanging lajêng sagêd kêtulungan ing pompa motor, salêbêtipun 25 mênit sagêd sirêp.

Wiwit tanggal 17 wulan punika, Tuwan Mr. J. Visser guru Osvia katêtêpakên dados dhirèkturipun pamulangan wau.

Ing pakunjaran Cipinang wontên pasakitan tiyang Surabaya badhe soroh amuk nêmpuh pasakitan tiyang Tobah mawi dêdamêl landhêp, rahayu lajêng kêtututan kenging dipun cêpêng. Tiyang ingkang dipun têmpuh nandhang tatu kabêkta dhatêng griya sakit.

Kawartosakên badhe rawuhipun sri narendra ing Siyêm dhatêng tanah Jawi, badhe mampir Singgapura, dene rawuhipun ing tanah Jawi wontên ing wulan Juli, dèrèng cêtha tanggalipun.

Benjing tanggal 5 wulan Juni ngajêng punika, wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe lênggah odhènsi wontên ing pura konêngsêplèin, sintên ingkang badhe sowan, sadèrèngipun tanggal 31 wulan punika kêdah gadhah atur dhatêng ajudan pandhinês, kanthi pratelaning nama ingkang têrang, tuwin prêlunipun anggèning sowan wau.

Wontên dhawuh wara-wara saking gupêrnur Surakarta ing bab tatanan panyêgahing kêbêsmèn ing patêbon. Inggih punika: tiyang wontên salêbêting patêbon utawi sacêlakipun botên kenging sês utawi ambêkta barang ingkang murub, ingkang sakintên sagêd anggampilakên dados jalaraning kêbêsmèn. Tumrap patêbon ingkang sampun dipun rêmbang, kengingipun tiyang ambêsmi rapak namung wiwit jam 6 enjing dumugi jam 11 siyang. Nanging sadèrèngipun ambêsmi, manawi cêlak patêbon ingkang dèrèng dipun rêmbang, ing antawisipun ngriku lêt 10 mètêr kêdah dipun rêsiki rumiyin.

Nalika ing dintên Jumuwah Kliwon, tanggal kaping 17 wulan punika, ing dhusun Sidayu Gombong wontên tiyang nama Nawintana, gadhah anak jalêr, watawis ngumur 2 taun, nalika sawêg dipun sêsêpi kalihan biyungipun wontên sangandhaping wit klapa, dumadakan sirahipun kêdhawahan cêngkir, têrus dados ngajalipun (K. 3705).

Pawartos dagang ing Batawi. Glêpung gandum cap mangkok êmas f 4.25, cap jalak tuwin raja laut f 4.30, cap kodhok f 4.50, sami ing dalêm sawadhahipun. Gêndhis pasir sapikul f 10.30. Lisah klêntik O.F. Hap Goan, cap lintang Archa No. 1 tuwin O.F.I. f 5.50, Archa pasagi f 4.55, Ciamis f 7.75. Uwos gilingan wêdalan Krawang pantun wulu miturut prajanjian Mèi Sèptèmbêr kasade f 8.90, uwos Cêmpa f 7.50. koprah Java F.M.S. rêgi f 12.-

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2937 ing Cipinang. Wiwit 1 Mèi '29.

Lêngganan nomêr 3766 ing Karangasêm. Pos wisêl f 3.50 sampun katampèn.

Lêngganan nomêr 2763 ing Tanjungmorawah (Medhan) sampun kêrêp. Malah langkung f 0.50 tumrap taun 1930.

Lêngganan nomêr 3225 ing Karangpucung. Sapunika sampun kêrêp. Panjênêngan botên badhe nampèni Kajawèn dhobêl malih.

--- 660 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Atmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

32.

Jam pitu.

Wong lagi jam pitu têka arêp mangan.

Jare arêp tindak mênyang Bootstraat ngrawuhi pêrgadring ing sositit.

O, iya, têka arêp lali.

Dhoktêr Atmadi lajêng nêdha sarêng kalihan ingkang èstri, sarêng sampun rampung nuntên bidhal badhe andhatêngi pêrkadring ing soitit, ing Bootstraat, inggih punika pêrkadringipun para sêtidhèn-sêtidhèn, jam kalih wêlas dalu wangsul, têrus mapan tilêm, tamtu kemawon ing sadangunipun lumampah, inggih mangkatipun, inggih wangsulipun, pikiranipun dhoktêr Atmadi tansah anggagas dhatêng tiyang ingkang kapratelakakên ing sêratipun Prang wau. Kala wontên ing pêrgadring samantên ugi, mila inggih mèmpêr kemawon bilih piyambakipun botên sumêrêp lan botên cêtha dhatêng rêmbag-rêmbag ingkang kalairakên wontên pakêmpalan wau.

Dhoktêr Atmadi têrus mapan tilêm, nanging tansah klisikan kemawon, malah botên dangu lajêng mêdal saking ing kamaripun, linggih ing kursi malês ingkang dumunung botên patos têbih saking meja dhahar. Watawis lêt gangsal mênit ingkang èstri nusul, kalihan nyèrèd kursi atakèn, têmbungipun: Apa ora arêp sare, mas.

Dhoktêr Atmadi mangsuli: Bênêre kapengin bangêt, nanging kapriye manèh wong ora bisa.

Sababe apa.

Ora liya, iya prakara dhèk mau kae.

Dene banjur mêtu, sanajana ora bisa sare rak bêcik sarean bae, kanggo ngasokake sarira, nglêrêmake panggalih.

Bênêre mangkono, nanging tumrap aku jêbul dadi kosokbali, barêng turon pikirku ora dadi lêrêm, malah dadi ora karu-karuwan. Anane aku tangi iya mangkono kuwi sababe, malah sajroning têturon têka banjur katonên: ing kana-kanane kaya-kaya bapak kapapanake ana kamar kang mawa ruji wêsi, dhewe ora ana kancane, rina wêngi lawange dikancingi nganggo dijaga saradhadhu, pangan mung kaulungake saka jaba bae. Ing pangrasa awake rusak bangêt, guwayane pucêt, sadhela-sadhela ngundang-undang jênêngku kambi nangis. Hêm, saupama têmênan kaya mangkono, adhuh...

O, ya aja digalih nêmên-nêmên mas, prakara kuwi, saya manèh saiki wis dumunung ana wêwêngkone dhoktêr Prang kang pancèn paham mênyang prakara lêlara mangkono, dadi kamas mung wajib bungah bae, kang prêlu nyênyuwun supaya kene lan kana padha ginanjar slamêt, bisaa ing têmbe padha katêmu kanthi ora kêkurangan sawiji apa.

Jajal jupukna buku gêdhe kang ana meja tulis kae, dak wacane kanggo nyênylimur.

Ingkang èstri botên suwala, enggal kesah dhatêng kamar panyêratan, botên dangu wangsul malih, buku kaulungakên dhatêng ingkang jalêr, sasampunipun dipun tampèni lajêng mapan linggih wontên kursi ingkang dipun linggihi waunipun, sirah tumungkul katumpangakên ing tangan, sêdyanipun botên badhe tilêm, nanging dilalah têka lajêng katilêman. Botên beda dhoktêr Atmadi piyambak, sasampunipun maos sawatawis dangu ugi lajêng katilêman, buku uwal saking tanganipun botên kraos, gumêbrug dhawah ing plêstèr ugi botên mirêng, lah makatên ngantos dumugi enjing, anggènipun sami tilêm sami kêtingal sakeca sangêt.

14. O, anakku...

Wiwit tampi sêrat saking dhoktêr Prang ingkang kaajêng-ajêng dening dhoktêr Atmadi botên sanès kajawi namung wêkdal pungkasaning pasinaonipun, raos kapengin sumêrêp dhatêng tiyang ingkang sakit ewah, ingkang ing wêkdal punika karimat dening dhoktêr Prang, saya dangu saya sangêt. Kados sampun limrah, wêkdal ingkang pancènipun ajêg, trêkadhang rinaos ewah dening tiyang ingkang nglêrêsi gadhah têtanggêlan prakawis, ngadat manawi prakawis wau ambingahakên... dados dangu, kosok-wangsulipun manawi nyusahakên... dados enggal. Botên beda tumrap dhoktêr Atmadi amargi gadhah têtanggêlan prakawis, mila gadhah raos bilih wêkdalipun dados dangu, panjanging dintên rinaos mindhak kathah katimbang kalihan adat sabênipun, asring-asring doktêr Atmadi ngêsah ingkang jalaran saking prakawis wau. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---