Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-14, #241

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-14, #241. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-14, #241. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 65, 8 Mulud Taun Ehe 1860, 14 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1013] ---

Ăngka 65, 8 Mulud Taun Ehe 1860, 14 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Rêdi Cikurai

[Grafik]

Gambar nginggil punika gambar rêdi Cikurai katingal saking Cisurupan (Garut)

--- 1014 ---

Pawartos Wigatos

Nata ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64

Ing Kajawèn nomêr 64 sampun anyariyosakên ing bab babadipun praja Siyêm dumugi jumênêngipun Prabu Shao Phya Chakri, mênggah salajêngipun kados ing ngandhap punika:

Sajumênêngipun nata Prabu Shao Phya Chakri, tumraping praja Siyêm, upami wanci kadosdene wanci enjing, pêpadhangipun ing langit sampun katingal, têtiyang tilêm sampun wanci tangi badhe tumindak ing damêl, botên namung badhe karuntêlan wontên salêbêting kêmul. Wontênipun dipun pindhakakên makatên, awit sang prabu lajêng tumindak ing damêl, tataning praja katindakakên angemba kamajêngan cara kilenan, cara-cara kina ingkang botên mikantuki, sami dipun bucal, dipun santuni gagrak enggal, ingkang salaras kalihan jaman kamajêngan.

[Grafik]

Para têtiyang Siyêm sami nanêm pantun ing sabin.

Tindak makatên wau lêstantun saya majêng. Sarêng dumugining abad ingkang kaping 19 ingkang jumênêng nata Prabu Maha Mongkyt, inggih punika ing taun 1851–1868, ing ngriku saya wêwah kamajênganing praja, amargi praja Siyêm lajêng angwontênakên sêsambêtaning pulitik kalihan praja-praja kilenan, saha lajêng damêl prajanjian warni-warni kalihan praja Inggris, Amerikah, Prasman, Walandi, Jêrman, tuwin sanès-sanèsipun. Ing prajanjian wau amratelakakên sawarnining padagangan saking măncapraja dhatêng nagari Siyêm namung dipun kengingakên beya 3%. Beya wau tumraping pêpetangan, kalêbêt botên sapintêna, dene wontênipun makatên, jalaran praja Siyêm sampun nganggêp mikantuki, amargi kala samantên dèrèng bêtah arta. [ar...]

--- 1015 ---

[...ta.] Nanging sarèhning kamajêngan punika inggih kanthi ngindhakakên waragad, dangu-dangu kawontênan ingkang makatên wau saya ewah, punapa malih sarêng ingkang jumênêng nata Prabu Chulalonkorn, anggèning nindakakên kamajênganing praja kanthi dipun santosani sayêktos, anêtêpakên băngsa kilenan kapatah dados adpisiring kabêtahan praja, inggih punika juru adamêl panimbang sawarnining prêlu ingkang badhe dipun wontênakên ing praja Siyêm, ingkang murih majêng lan migunani tumraping praja. Sajumênêngipun sang nata wau lajêng damêl margi-margi sêpur, padamêlan-padamêlan gupêrmèn dipun ewahi cara kilenan, kitha Bangkok dipun wangun gagrag enggal.

Sarêng kawontênaning praja tumindak kados makatên, bêtahipun arta lajêng langkung kathah, saha salajêngipun kathah sangêt tiyang ngamănca ingkang sami dêdunung wontên ing kitha Bangkok, lan têtiyang wau sami botên kawêngku ing pangadilan paprentahan Siyêm, makatên malih ugi kathah têtiyang asli jajahan Eropah ingkang manggèn ing Bangkok, ingkang ugi botên kêwêngku ing pangadilan paprentahan Siyêm. Dene wontêning têtiyang ingkang ngambara anjrak ing ngriku punika sami têtiyang asli ing Gatan, wêkasan damêl karibêtaning paprentahan Siyêm.

[Grafik]

Gajah kangge ngangkati balok.

Kawontênan ingkang kados makatên wau, anjalari anggèning praja Siyêm saya sêngkut nindakakên ajênging prajanipun, dene ingkang dipun kajêngakên, sagêda angewahi prajanjian-prajanjian lami wau, lan tataning pangadilan dipun ewahi cara Eropah, ngicali wontêning rencang tumbasan, dipun wontênakên pangajaran cara kilenan tuwin sanès-sanèsipun. Ewadene tindak ingkang kados makatên wau, pikantukipun inggih botên andêmênakakên, saha salajêngipun tumindak ngantos jaman pêcahing pêpêrangan ing Eropah.

Sarêng ing taun 1917 karajan Siyêm anggolong dhatêng Amerikah, Inggris sagolonganipun, saha lajêng mêngsah dhatêng praja Jêrman, kala samantên praja Siyêm nama sampun sajajar anunggil damêl kalihan praja ingkang katingal ing jagad. Ing sasirêping pêrang praja-praja ingkang nunggil golongan wau unggul ing yuda, praja Siyêm ugi nama katut tumut unggul, saha lajêng tuwuh gadhah panêdha dhatêng praja sanès-sanèsipun, supados kawontênaning prajanjian lami dipun ebrakakên.

Panêdhanipun karajan Siyêm ingkang makatên wau tinampèn ing karajan sanès-sanèsipun, saha Amerikah ingkang nuladhani adamêl ebraning prajanjian, wusana beyaning palabuhan dipun mardikakakên, kajênging mardika wau, karajan [karaja...]

--- 1016 ---

[...n] Siyêm kenging nindakakên beya botên kados ingkang sampun. Wiwit punika praja Eropah sanès-sanèsipun inggih sami tumut kemawon. Dene wontênipun sapunika praja Siyêm pinanggih mardika babarpisan, saha dados warganing Volkenbond tuwin dados warganing bêbadan pangadilan donya ing Den Haag.

Jalaran saking kawontênaning praja Siyêm majêng, ing sapunika wontênipun tiyang mănca ingkang cêpêng damêl nagari namung sakêdhik, limrahipun ingkang nyambut damêl ing pakaryan gupêrmèn namung băngsa Siyêm piyambak, namung ing bab pangudi kawruh utawi kawruh kadhoktêran, punika ingkang nyambut damêl ing ngriku taksih migunakakên băngsa Eropah, lan ing Ministerie sajawining jajahan ugi wontên, adpisiripun băngsa ngamănca ingkang nyambut damêl ing ngriku.

[Grafik]

Nalika nata Siyêm dumugi ing Tanjungpriuk

[Grafik]

Nata Siyêm rawuh ing pura Konêngsêplèin.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih siyêm punika praja Budha ingkang mardika, punika pancèn nyata, têtiyang Siyêm sami ngrasuk agami Budha. Dene cacahipun têtiyang ing praja Siyêm punika wontên sadasa yuta jiwa, punika ugi kaworan tiyang Islam, Tionghwa, Anam, tuwin băngsa Laos (băngsa Siyêm ingkang taksih prasaja, agaminipun beda sangêt), ewadene paprentahan Siyêm botên ngaru-biru dhatêng agamining tiyang sanès, punapa malih tiyangipun Siyêm piyambak, sarèhning agaminipun Budha, mila botên purun marduli dhatêng tiyang ingkang sanès agami. Milanipun tumrap ing băngsa Siyêm botên wontên ingkang kèrêm dhatêng agaminipun. (Badhe kasambêtan)

--- 1017 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XI. Kêsèd Diboyong Patinggi

[Mêgatruh]

Ambalèni carita sing wis kêpungkur | Kêsèd wis satêngah mati | klesedan ana ing gubug | wong sing wêruh angarani | patute mung kari mocong ||

akèh uwong sing têka nganti gumrudug | ananging sing akèh kuwi | mung padha muni gumrumung | ora niyat anulungi | malahan guyune ketok ||

ana manèh patrape wong sing kêladuk | malah angunèn-unèni | dadi ora pisan thukul | duwea wêlas sathithik | wis ngono wataking uwong ||

nanging pancèn nyata mungguh Kêsèd mau | wis kêtitik bola-bali | bêgjane tansah dumlundung | ora ketang mung sadhelit | kêrêpap diwêlasi uwong ||[1]

ing dhèk mau ana wong wis rada ngumur | iya milu anyêdhaki | karo muni alon nyaru | priye ta karêpmu kuwi | wong akèh mung padha nonton ||

o aranmu padha ora wêruh prêlu | ana uwong arêp mati | mung padha nonton arubung | mênèh ana anjêgigik | aja kuwi ora ilok ||

iki harak jênêng wong nêmu têngadur | yèn wajibing uwong kuwi | kudu têtulung yèn wêruh | yèn koguyu dudu mêsthi | iki rak dudu lêlucon ||

banjur mak cêp ora ana sing sumaur | malah lunga pating kliwir | wise sêla uwong mau | banjur nyêdhak ngêmèk-mèki | awak anyêp kaya dêbok ||

mung ing dhadha kêkêtêge isih dhug dhug | lan ambêgan kêmpis-kêmpis | yèn mirid saka ing wujud | kêtitik wong waras-wiris | mung saka bangêt katlangso ||

rêrikatan tumuli mulih anjukuk | sêga angêt ana cêthing | kukuse isih kumêlun | lawuhe sambêl kêmiri | nganggo dilalabi terong ||

wise cêdhak kukusing sêga malêbu | nyang irunge Kêsèd nuli | krugêd-krugêd karo watuk | banjur tangi gregah wahing | ing sawise dhêlog-dhêlog ||

bangêt kurmat wong tuwa sing têka mau | nuli anyuwara lirih | măngga gèr dhahara sêkul | kenging kangge jampi pêrih | mung lumayanan kemawon ||

sanalika Kêsèd isih ngrasa kukuh | ora gêlêm anglakoni | mêmangan sing ngono mau | dianggêp têmbene buri | darajade mundhak asor ||

ngono mau satêmêne dadi laku | ora ketang mung sathithik | nanging jênênge ya laku | ing kono kêsèd tumuli | muluk sêga alon-alon ||

êmung kanggo nyarati uwong sing lungguh | aja nganti dadi ati | awit wong yèn nampik puluk | têgêse nampik rêjêki | banjur sok ora kêprêgok ||

nuli clathu inggih paman sangêt nuwun | dene kula pun paringi | samantên kemawon cukup | yèn kathah botên kuwawi | wêtêng kula sangêt kothong ||

uwong mau ing batine rada gumun | lan ngira yèn kuwi pyayi |

--- 1018 ---

dene mungguh uwong mau | têtuwa pangkat patinggi | wong ing kono padha ngayom ||

nuli kăndha ora nganggo ewah-ewuh | anggèr yèn kaparêng mugi | karsaa dhatêng ing dhusun | sampun èwêd ing panggalih | pun bapa bingah kemawon ||

Bagus Kêsèd ing sapakone mung nurut | tumuli diirit mulih | sawise nèng desa mlêbu | Kêsèd angalêm ing ati | Ki Patinggi jêbul jêndhol ||

duwe omah gêdhe-gêdhe sugih lumbung | ing latare kêbak pari | kêbone pating galuntung | nèng payoman anggayêmi | ramening lêsung dhang dhung dhong ||

bangêt gone patinggi duwe panjaluk | supaya Kêsèd lêstari | têtêp anèng kono mau | malah dianggêp saiki | uwong sing kramate ketok ||

wis mangkono watake uwong sok kliru | anggêr ana warta clumik | uwong têka banjur mak byuk | suruh ayu gêdhang bêcik | têkane wis tanpa dikon ||

lan sing munjung sêga putih iwak ingkung | pating pêkungkung ngêbaki | karêpe wong-uwong mau | padha anjaluk pamuji | murih sêdyane kalakon ||

dhèk samana Kêsèd ing batin angguyu | anèh têmên aku iki | dene banjur kaya dhukun | kon adol iduku putih | ngene eloking lêlakon ||

ing saiki Kêsèd panêmune thukul | yèn ngono bisa lêstari | mêsthi bali ginuk-ginuk | malah ngungkuli sing uwis | mula banjur wiwit cekoh ||

bat-bêt rampung ingkung nganti ngundhung-undhung | bablas êntèk digadhoni | cêthing-cêthing nganti suwung | êntèk karo didhèhèmi | gêdhang landhung las-lês lolos ||

barêng Kêsèd ketok cakut ngono mau | wong-wong padha ambungahi | ki patinggi nganti sujud | anggêpe kaya anggusti | Kêsèd êmung plênggang-plênggong ||

ki patinggi nuli ngadhêp lan angguyu | anggèr kados kang kuwawi | sagêda jumênêng ratu | wontên ing nagari ngriki | kula mpun mantêp yêktos ||[2]

Kêsèd clathu kula paman ngantos gumun | saking kula botên ngrêti | punapa ta kajêngipun | dene têtiyang ing ngriki | suyud dhatêng kula yêktos ||

ki patinggi alon anggone calathu | makatên kula criyosi | pancèn elok sakalangkung | tatane nagari ngriki | punika criyos sayêktos ||

têlêngipun kitha ngriki namanipun | nagari Mirasa inggih | mila nama ngatên wau | awit wontêning nagari | pancèn inggih kaduk elok ||

mêdhot rêmbug mungguh bab nagara mau | bêcik wara-wara dhisik | supaya ora kêbacut | wong akèh padha ngarani | yèn sing ngarang tukang ngobrol ||

êmung entuk aran wacan bocah mathuk | dikoki umuk sathithik | ya nadyan rada kêladuk | kêblabak le adol uni | măngsa bodhoa ing kono ||

____________________

Nglêrêsakên kalêpatan. Ing Kajawèn nomêr 64, ungêl-ungêlan sangandhaping gambar ingkang mungêl: Kadhatos ing Siyêm, lêrêsipun: Upacara pambêsmi mayit ing kadhaton Siyêm.

--- 1019 ---

Darmawisata

Badan Sapata Angidêri Buwana

Sêdyaning lampah saking Indhonesiah, dhatêng Eropah, Mêsir, Amerikah, Jêpang, Tiongkok, tuwin Hindhustan.

(Kakarang dening Mustapha, wontên ing kapal "General Metzinger")

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Kêrêp kemawon manawi kula lingak-linguk botên sumêrêp lèr kidul, tuwin anjingglêng ningali kar, satunggaling padpindêr ingkang mangangge partikêlir nyakêti saha pitakèn Please, what can I do for you (Kula punapa kaparêng suka pitulung dhatêng sampeyan) mêsthi kemawon kemawon kula bingah ing manah.

[Grafik]

Kawontênan ing lèpèn utawi baita-baita ing Singgapura.

Nyulap ing sêkolahan-sêkolahan.

Wontên ing sêkolahan-sêkolahan, kula dipun tampi kanthi suka ing manah, tuwin ing pundi-pundi sami nyukani Certificaat prakawis ingkang kula pitongtonakên, ing sakawit kula kangelan sangêt ginêm Inggris ing Singgapura, awit basanipun basa Inggris totok, nanging dangu-dangu ugi sagêd anyandhak.

Ing sakawit kula ugi ragi lingak-linguk manawi ginêman Malayu Johore, awit kalihan basa Malayu Indhonesiah sanès sangêt, nanging dangu-dangu ugi mangrêtos.

Têtêpangan.

Ing Kajawèn rumiyin sampun kasêrat bab pikajêngan kula ingkang No. 17, inggih punika: badhe kapanggih para misuwur ing jagad. Kula ugi sampun kapanggih satunggaling tuwan nama Proffessor Row. Panjênênganipun paham sangêt prakawis sulapan tuwin

--- 1020 ---

Hypnotisme. Professor wau rumiyin ugi padpindêr pangkat Scoutmaster (Troepleider) ing Bengalore Hindustan, sarèhning kula ugi padpindêr têtêpanganipun dados ragi rakêt. Tuwin kula ugi kawulang main sulap ingkang anèh-anèh.

Wontên ing Singgapura kula ugi sampun têtêpangan kalihan Professor Thereses, punika satunggaling propesor dhansah (Dancing Professor) rumiyin nate nunggil kalihan Opera Miss Riboet.

[Grafik]

Moseum saha taman pustaka Raffles.

Wontên ing Singgapura panjênênganipun ambikak sêkolahan dhangsah agêng sangêt.

Saking pitulunganipun Proff. Row. kula ugi sagêd sowan sang suwuring jagad, inggih punika Sir Rabindranath Tagore, panjênênganipun nêmbe rawuh saking tindak ing America, Japan tuwin China, wontênipun ing Singgapura namung lèrèh sadintên masanggrahan ing Siglap, ing dalêmipun Sir Namazie.

Sarêng panjênênganipun mirêng manawi ing têmbe kula ugi badhe dhatêng Hindustan lajêng dhawuh supados kula benjing dhatêng ing Calcutta, badhe katêdahan kagunganipun sêkolahan tuwin Padvinderij.

Dhatêng ing Eropah.

Anggèn kula wontên ing Singgapura wontên 1 wulan kula ugi nyobi badhe nyambut damêl ing kapal, ananging ragi kêdangon ngêntosi telgram saking Parijs, Londen lan Japan.

Ingkang makatên punika kula kêpêksa mangkat sarana mawi ambayar waragad.

Tanggal 11 Juli kula bidhal numpak kapal Prancis, General Metzinger dhatêng Marseille, waragadipun Singapura - Marseille $150.- Marseille - Londen $ 275. Dalah waragad sanès-sanèsipun wontên $ 180.- utawi kintên-kintên f 250.-

Têtiyang ingkang sami wontên ing kapal wau sadaya ginêman basa Fransch. Kalêrêsan ing kapal wau kathah student-student ingkang sami numpak tuwin ingkang sagêd cara Inggris sami Student Universiteit Sarbonne ing Parijs, sami wangsul saking nagari wutah rahipun ing Indochina, mêntas liburan.

--- 1021 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Drêpayudan

Kyai Lurah Uprêdhaktur Kajawèn.

Lêrês, ing sêrat babad namung kasêbut Kangjêng Ratu Bêruk, Surakarta saking Jagaswaran. Nanging sanès punika. Têrangipun, Kangjêng Ratu Bêruk, saking Sukawati, dados ing Ngayogya. Wontên malih Kangjêng Ratu Bêruk putra Ki Agêng Ênis, pramèswari Sultan Agung. Namung makatên sêsêrêpan kula, nyumanggakakên, kangge atur jawab kula Kajawèn No.56.

Marta.

Mirid katrangan ing buku sajarah: Kyai Agêng Ênis, Pajang, pêputra Kyai Agêng Mataram. Pêputra: Panêmbahan Senapati, pêputra: Ingkang Sinuhun Sunan Adi Prabu Nyakrawati, pêputra: Sinuhun Sultan Agung.

Miturut urut-urutan punika, putra Ki Agêng Ênis kagarwa Sinuhun Sultan Agung botên mèmpêr.

Kajawi punika panjurungipun Radèn Mas Panji Jayèngtirtanata ing Madiun, botên kapacak, amargi karangan saking Tuwan Marta ing nginggil punika cêkap kangge katrangan ing bab Kangjêng Ratu Bêruk, ingkang dipun kajêngakên Tuwan Marta. Sampun cuwa ing panggalih.

Red.

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Bandêng Bumbu Rujak.

Bandêng ingkang dipun bumboni rujak punika ngindhakakên raosipun tinimbang namung dipun gorèng kemawon, dene anggènipun damêl makatên: Mundhuta bandêng dhatêng pêkên ingkang sampun dipun êdang punika, manawi sampun lajêng ngracika bumbu: brambang, bawang, sarêm, tumbar, gêndhis, asêm, traos, kêmiri gorengan, bonggol sêre karajang sakêdhik, godhong jêram purut sakêdhik, irisan laos sakêdhik. Bumbu-bumbu sadaya wau inggih namung mawa-mawa kathah sakêdhikipun bandêng ingkang dipun olah, bumbu wau dipun ulêga ingkang lêmbat, manawi sampun lajêng dipun dèkèki santên kanil sacêkapipun, dados ingkang nyêmêk-nyêmêk kemawon, tumuntên ngrajanga lombok abrit sakêdhik, dipun worakên bumbu wau (anggènipun ngrajang ingkang bundêr-bundêr) lajêng dipun popokakên ing bandêngipun ingkang waradin, tumuntên dipun linting ing godhong pisang, dipun bitingi kiwa têngên, sabên salinting dipun dèkèki salam salêmbar, manawi sampun anggènipun nglintingi lajêng dipun kukusakên ing êdang rumiyin. Manawi godhongipun sampun alum lajêng dipun êntas. Tumuntên dipun garang wontên ing wajan siti, dipun tindhihi banon utawi sela, manawi dipun walik godhongipun sampun katingal jêne lajêng suwalikipun malih, manawi sampun kintên katingal garing inggih punika sampun matêng.

Kajawi kangge olah bandêng bumbu rujak punika

--- 1022 ---

ugi eca kangge ambumboni ulam panggang, namanipun inggih panggang bumbu rujak. Dene anggènipun damêl makatên: ngracika bumbu kados ing nginggil wau, nanging kêmirinipun botên usah kagorèng, tuwin lombokipun dipun wor kaulêg kemawon, dados botên mawi karajang, manawi bumbu-bumbu wau sampun dipun ulêg lêmbat, tuwin dipun dèkèki santên sacêkapipun lajêng kaarèha wontên ing wajan waja, sarta dipun cêmplungi salam tuwin tansah dipun kêbur ngantos kênthêl, lajêng dipun popokakên ing ulam ingkang badhe dipun panggang. Dene patraping manggang inggih botên beda kados karanganipun sadhèrèk Triraras ing Kajawèn nomêr 44 punika, nanging botên usah dipun gêpuki, sarta botên kêtingal rêmuk, inggih punika panggang wau sadèrèngipun dipun panggang ing mawa, dipun kukusna ing êdang rumiyin sarta dipun tutupi, manawi ulam wau dipun kuwik sampun êmpuk, tumuntên dipun êthing-êthingakên ing mawa arêng ing anglo. Manawi sampun jêne kacocohana ing porok ingkang waradin, supados rumasuk, patrapipun ambumboni kapopoka ing arih. Dados panggang wau matêng kaping kalih, punika ulamipun sagêd êmpuk sangêt.

Opor Ayam.

Mragata ayam 1 tuwin dipun rêsiki ingkang rêsik, dipun icali sirahipun dumugi gulu, sarta cakaripun dumugi dhêngkul. Jêroanipun ugi dipun icali, nanging kulitipun sampun ngantos nglenyam. Lajêng maruta klapa 1 dipun bumboni brambang, bawang, kêmiri, jintên, tumbar, gêndhis, sarêm, traos godhong jêram purut sakêdhik. Bumbu-bumbu sadaya wau inggih namung kamawa-mawaa kathah sakêdhikipun kemawon, tumuntên kaulêga ingkang lêmbat. Manawi sampun lajêng kacarupna ing klapa wau ingkang waradin, tuwin malih dipun carubi ulêgan cêrme 10 iji ingkang sampun kaicalan isinipun, sarta kapêrêsa ing pêrêsan supados suda kêcutipun. Manawi sampun, klapa wau lajêng kalêbêtna ing salêbêting ulam wau ingkang kêbak, tumuntên kadondomana saking nginggil dumugi ngandhap, sampun ngantos kêtingal kalapanipun, awit mindhak ambrodhol, ingkang dipun dondomi punika kaprênah kulitipun kemawon dados botên dalah dagingipun, tuwin ingkang alon-alon kemawon. Manawi sampun lajêng kagodhoga mawi santên ingkang ngantos kaclop. Anggènipun anggodhog wontên ing kuwali utawi ing manci, dene santênipun wau sampun ngantos katutan bêninganipun. Sarta dipun dèkèki sarêm sacêkapipun tuwin salam. Dipun latonana ingkang ngantos sat. Manawi sampun sat lajêng kagorèng mawi lisah klêntik, wontên wajan waja, ananging sakdèrèngipun dipun gorèng kumutipun dipun sisihakên rumiyin, manawi anggènipun anggorèng ulam wau sampun jêne, kumut wau lajêng kagubêlna ing ulan ingkang waradin. (Badhe kasambêtan)

Pun Rus.

--- 1023 ---

Bab Rajakaya

Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63

Tumusing giras dhatêng pun anak pancèn angèl yêktosanipun, nanging tumusing lampah ekar lan sapanunggalanipun kathah ingkang angyêktosi botên wontên nyatanipun.

Rumiyin nate wontên tiyang gadhah lêmbu èstri ngandhut kintên-kintên 4 wulan, sarêng kakandhangakên buntutipun kajêpit slarak kandhang ngantos pêpês, sarêng sampun saras buntut wau dados bengkong, ingkang gadhah ngintên manawi pêdhètipun benjing ugi buntutipun bengkong makatên, nanging sarêng lair wusananipun botên.

Wontên malih kapitadosan inggih punika upaminipun kapal èstri kapacêk dening kuldi, warnining anakipun mêsthi sakêdhik mèmpêr kapal sakêdhik mèmpêr kuldi, dados wontên saantawisipun kewan kalih wau, lan manawi kapal èstri wau kapacêkakên malih kalihan kapal bangsanipun piyambak turunipun taksih wontên kakantunan ingkang ngèmpêri kuldi.

Kapitadosan ingkang makatên punika dèrèng wontên nyatanipun, pancèn ugi wontên turun ingkang nyêbal saking bapa biyungipun, nanging nyamèni êmbah-êmbahipun, kados ta: bapa biyungipun wulu abrit, wusana anakipun wulu pêthak. Dados kawontênan ingkang dumunung ing nalurinipun taksih kasimpên, ingkang benjingipun badhe katingal malih.

Para ahli tuwin para wasis ugi aniti tuwin angyêktosi dhatêng kawontênan makatên punika, nanging mêksa dèrèng manggih katrangan ingkang sah. Pêpuntoning pamanggih namung yèn bapa biyungipun bangsaning rajakaya alit, botên badhe nurunakên agêng, lan yèn bapa biyungipun bangsaning kewan ingkang wangunipun kirang sae botên badhe angajêng-ajêng turun ingkang sae wangunipun pramila kajênging amblastêrakên rajakaya badhe anyaèkakên turun.

[Grafik]

Nenemaning lêmbu Onggolê.

Rajakaya asli ing tanah Jawi ngriki kalêbêt golongan alit-alit, sarta dèrèng sagêd anyêkapi kabêtahan ing nginggil, pramila sampun sawatawis taun sapriki kangge nyaèkakên turuning lêmbu nagari andhatêngakên bibit saking Bênggala. Lêmbu wau golonganing lêmbu agêng, bêbalunganipun sarwa agêng lan kiyat, gulunipun kandêl, punukipun inggil, mawi gèmbèl wiwit saking [sa...]

--- 1024 ---

[...king] janggut dumugi badan perangan ngandhap, wulunipun pêthak utawi sêmu blawus, sarta gêsangipun wontên ing tanah Jawi ngriki sae jalaran sagêd cocog kalihan hawanipun, kangge tarikan prayogi sangêt, sarta ingkang èstri yèn sae pamiyaranipun sagêd ngêdalakên puhan kathah, trêkadhang ngantos 8 litêr.

Bibit wau kasade utawi kagadhuhakên dhatêng tiyang dhusun, sarta mêndhêt sabên cacah lêmbu èstri 80 iji cêkap bibit jalêr satunggal. Supados kangge sadhiyan sampun ngantos kantu, nagari mundhut lêmbu-lêmbu saking Bênggala, lan wontên ing pulo Sumba dipun tangkar-tangkarakên. Dene ingkang kapundhut wau lêmbu Onggolê, inggih punika lêmbu ing tanah ngriku ingkang sae piyambak, sirahipun cêlak singatipun kupêng, sarta jodho sangêt kalihan lêmbu Jawi ngriki. Sanèsipun lêmbu punika ugi wontên ingkang sae, inggih punika lêmbu Isar, nanging padosipun ragi rêkaos. Dene tunggilipun malih inggih punika lêmbu Misorê kirang prayogi[3]

(Badhe kasambêtan)

Suryadi.

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Têmbêm : Rumasa gumun atiku, ngrasakake klakuanamu, ingatase wong tuwa saaku, têka padpindêr sing ditiru. Kang mangkono mau, yèn dinêlêng rak katon saru. Wajibe wong tuwa sakowe iku, ora pantês yèn dadi pandhu, kudune tansah mituhu, le nyêmbah marang Pangeranmu. Dene kang dadi lakumu, sarèhning Islam agamamu, iya sarana sêmbahyang limang wêktu, pacitane kudu maca Kulhu, sathithike saadêgan kaping pitu.

Pênthul : Bênêr omongmu kiyi, upama ing tanah Indhonesiah iki, agamane mung sawiji, ning kowe dhewe rak ya ngrêti, salagine ing tanah Jawi, agamane wus warni-warni, iya Islam iya Nasrani, prêcaya nyang Buda utawa teosopi. Mulane yèn aku saiki, nyaritakake Islam maligi, utawa ngêmungake agama Nasrani, cêkake mung agama salah siji, wis mêsthi bakal anggonjingake bumi, têgêse kang mêngkono kuwi: bakal akèh priyayi kakung padha misuhi, priyayi putri padha ngèncêpi, ora-orane ya padha ngiwi-iwi. Tinimbang aku dèn sêriki, luwung dianggêp pitra sêjati, apa manèh sasi ngarêp kiyi, aku arêp lunga turni. Yèn nganti ditêmoni, timbangane aku dibithi, utawa diprênguti, luwih bêcik aku disuguhi, sêga kêbuli, lawuhe opor pitik kêbiri, nang têlak nyamlêng kaya dilêngani.

Têmbêm : Omonge Bancak têka mèmpêr. Dielikake anggone dadi padpindêr, tak kon ngalakoni agama sing bênêr, yaiku Islam agamane wong Indhonesiêr, jarene

--- 1025 ---

dadi wêwalêr, yèn ngomongna agama mung saêlêr. Awit anane wong ing tanah Jawa sakitêr ora kabèh nganggêp agama mau sing bênêr. Sagolongan nganggêp Nasrani sing lêsêr, liyane agama Budha sing angkêr, lan ana sing nganggêp Teosopi agamane wong pintêr. Panêmumu pancèn iya ora kablingêr, ngrêmbug agama siji kuwi sok dadi gumêdêr, ing măngka kowe arêp midêr-midêr, yèn ngantia sasêngitan sing kok dhêdhêr, nang paran ora bakal sinuguhan sing lèkêr-lèkêr: sêga putih iwake pitik lan wadêr, malah nèk ora kabênêr, bisa sinuguhan sing rasane ora sêgêr, ning nang badan sakojur krasa mak nyêr, upamane ditibani pring salajêr, ana ing githok utawa ing gêgêr.

[Grafik]

Pênthul : Iya mangkono bakal kadadeane, yèn agama sing diomongake. Mulane sing arêp dak rêmbuk ing kene, agama ora ilmu ya dede, nanging prakara sing gêdhe gunane, tumrap uwong sakabèhe, ya tumrap sing ênom tuwa cilik utawa sing gêdhe. Mungguh saiki kaanane, ing saindênging bawana kene, sing lagi dadi kêmbang lambe, padpindêr sanyatane. Awit yèn mawasa: wète, tumrap padpindêr sajatine, wis cêtha anelakake, yèn nênuntun marang bêciking bêbudène, kang bisa anjalari sampurnane uripe, ana ing donya têmbe burine.

Têmbêm : Wathathithah, sanadyan wudunku mêcah, rasaku ora pati bungah, kaya krungu anggonmu sêsorah, ning apa ora luwih bêcik kanggone bocah, sing bêbudène isih kêna diowah, nèk wong tuwa kaya aku rak wis susah, aja manèh bêbudène kênaa dirobah, salagine mangan jangane kurang uyah, rasane nyang ati wis krasa payah. Mara critakna wète sing nganti gênah, sanadyan tumrape awakku susah, bisane bêbudènku owah. Nèk-nèke aku bisa maju sajangkah, anggone nyuda kridhaning amarah, lan bisa nyêdhaki marang mutmainah.

Pênthul : Bênêr Kang Dhoyok anggonmu caturan, sanadyan wonga tuwa pisan, ora ana alane anjupuk tuladhan, ning ya kudu têtuladhan, kang ngudi marang kautaman, băngsa Walănda duwe paribasan, ora ana umuring wong kêtuwan,

--- 1026 ---

kanggo ngudi mênyang pangajaran. Mula bênêr pangandikane ahli kapintêran, kang ngandikakake bedane manusa lan kewan, pangandikane: loro-lorone pisan, padha jêjodhoan, padha mêmangan, lan padha buwang kotoran, nanging kewan ora ngudi marang kautaman, dene manusa tansah golèk urip kasampurnan.

Têmbêm : Dhiêm, dhiêm, kok banjur akèh-akèh sing kok gunêm, sajake kaya wong sing lagi mêndêm. Dudu mêndêm kêcubung ning mêndêm opiyêm, lumrahe omonge banjur glayêm, ora mrêduli kêndhil wajan padha amêm, anggêre awake dhewe wis krasa ayêm. Nanging yèn ora klêbon lara irêng sêmalêm, barang cilik banjur krasa gêdhêm, karêpe kabèh-kabèh arêp diantêm wèlêm.

Pênthul : Wis, wis aja kok banjurake anggonmu ngêcuwis, tak caritakna wèting pandhu sing nganti prêsis, ning sanadyan akèh piwulange sing manis-manis, dudu pêthikan saka Kuran utawa Hadis, mung miturut karangane tuwan-tuwan băngsa Inggris, Badhên Powèl asmane kang winasis. Wis saiki tak wiwitane, nanging murih kêpenake, lan disênêngi wong sakabèhe, luwih bêcik tak têmbangne, supaya amrih bêcike, tak anjupuk sinom lagune, wis Kang Dhoyok dirungokke:

Wong anom anglakonana | apa wajibe kang mêsthi | yaiku wajib kang aran | dadi padpindêr nêtêpi | wêruha mênyang aji | aja nganti kliru surup | lah mangkene rungokna | têtêpe sing aran wajib | satindake sabên wong duwe pitaya ||

ping pindhone mangrêtia | kudu sêtya têrus ngati | nyang nagara ya parentah | lan nagara wutah gêtih | nagara sing digoni | lan kudu manut miturut | nyang sing dadi têtuwa | kang duwe wajib nuntuni | iya kuwi lèdêring sakabèh kănca ||

kudu asih karo trêsna | nyang lêlurah awit kuwi | jênêng sing awèh gawean | lan kudu sêtya nêmêni | nyang wêngkon dhewe mêsthi | dene ta sing kaping têlu | padpindêr tumindaka | kang lêga lila nulungi | nyang wong liya kang nêmoni kasangsara ||

ping pate ya kuwajiban | duwe pikir lair batin | trêsna nyang sapadha-padha | lan manèhe kudu asih | nganggêpa mitra bêcik | lan liya padpindêr kumpul | aja angrasa beda | sanajana seje jinis | ping limane sing andhap asor sapadha ||

ping nême anglakonana | duwe watak wêlas asih | mênyang sarupaning kewan | kang gumrêmêt kang kumêlip | kaping pitune wajib | kudu sadhiya ing prêlu | manut miturut prentah | aja lumuh anglakoni | ing wulange lèdêr sing dadi têtuwa ||

cake ing gawe sing cêtha | aja nganggo brigah-brigih | mung kudu nuli tumandang | sing ketok cakup tarampil | bab kaping wolu wajib | duwe ulat aja mrêngut | sing sumèh murih bisa | agawe rêsêping ati | diêtrapna gawe abot sing kêduga ||

wajibe kang kaping sanga | padpindêr kudu kang ngrêti | kudu ngantêpi agama | kaping sêpuluhe wajib | ngrungkêbi ati suci | ing lair batin sing têrus | aja tumindak sasar | kabèh kudu dilakoni | kalakone kanthi brêkahing Pangeran ||

--- 1027 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Nalika tanggal 28-7-1923 ing kitha Malang wontên parêpatan P.N.I. ingkang asêsorah ing ngriku Tuwan-tuwan Ir Sukarna lan Mr. Yusup saha sanèsipun. Manggèn ing griya bioskup Ema, ingkang dhatêng wontên tiyang kintên-kintên langkung saking sèwu. (N.).

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun nate martosakên satunggiling wanita nama Rara Surti lulus dados Ind. Arts wêdalan N.I.A.S. ing Surabaya. Mênggah gambaripun kados ingkang kacêtha ing nginggil punika.

Ing salêbêting pasar malêm ing Malang wontên wande-wande ingkang sami sade buku warni-warni, ugi wêdalan Bale Pustaka tuwin sanèsipun (N.).

Ing dintên punika 7-8-1929 ing Tumpang katawis wontên jawah awu, nanging botên patos sangêt, sagêdipun kêtitik saking lumahing gêgodhongan sami amalêtuk cêmêng, saha tiyang lumampah kraos klilipên. (N.).

Nalika dintên Kêmis 1-8-1929 ing dhusun Jêru (Tumpang) wanci enjing wontên lare nglampahakên cikar kêglimpang, larenipun katindhihan sukunipun ngantos tatu sangêt. Nunggil ing dintên punika inggih ing dhusun ngriku wau, wanci jam 3 sontên wontên malih tiyang kaplindhês cikar ing sirah ngantos dhadha, dumugi ing pêjahipun. Cikar-cikar punika sami momot kaspe. Wontênipun ngantos kadadosan makatên wau, jalaran margi ingkang dipun langkungi kirang sae, nanging cikar mêksa nrajang purun. Dados gênahipun saking kalêpatanipun piyambak. (N.).

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2571 ing Purwakarta (Krawang). f 2.50 punika têrangipun makatên: ingkang f 1.- kangge nyêkapi kwartal punika, ingkang f 1.50 kangge kwartal 4, makatên wau manawi panjênêngan kaparêng lêngganan têrus, dados ingkang prêlu f 1.-

Lêngganan nomêr 3919 ing Blora. Kula ingkang kalintu. Etang panjênêngan sadaya lêrês.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2368 ing Pagênthan. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi karangan ingkang kados makatên punika sampun dipun wêdalakên dados buku dening ingkang gadhah karangan piyambak.

Tuwan M.S. ing Kêbumèn. Kajawèn botên sagêd minangkani pamundhut panjênêngan, awit botên wontên tatanan kados makatên, lan malih panjurung panjênêngan punika botên migunani ingakathah, panjênêngan tamtu mangrêtos piyambak.

Lêngganan nomêr 2510 ing Ngayogya. Bale Pustaka botên sade.

Lêngganan nomêr 3037 ing Sêtabêlan, Surakarta. 1. Tiyang anggantos utawi nyantuni cariyos ing basa sanès ingkang dèrèng langkung saking titimangsanipun, kêdah nêdha palilah dhatêng ingkang gadhah wêwênang ngantos têrang, 2. Bab gambar samantên ugi, 3. Botên têrang sintên ingkang sade.

Lêngganan nomêr 2388 ing Gurah. 1. Bale Pustaka ugi sade buku ingkang kasêbut ing Catalogus Depot v. Leermiddelen, nanging namung satunggal kalih. 2. Bêbasan Saloka jilid II dèrèng wontên. 3. Ingkang sade Depot v. Leermiddelen.

Lêngganan nomêr 278 ing dhukuh Dungus. Bab pamrayogi panjênêngan kirang tumrap mênggahing Kajawèn, amargi ingkang maos Kajawèn punika kathah ingkang golongan sanès, lan malih bab makatên wau badhe botên sande, ingkang gadhah prêlu inggih badhe sumêrêp.

--- 1028 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

19

[Dhandhanggula]

sang suputri angandika aris | wruhanira hèh sira pangeran | arsa sun sedani mangke | sambata wong tuwamu | tumungkula maring pratiwi | nêngaa ing akasa | sira mêsthi lampus | dene ta ing jatinira | gon sun gawe pêpati kurang siji thil | wus têtêp kawan dasa ||

jangkêpira iya sira iki | sang pangeran mung mèsêm kewala | tan ana sulak-sulake | kasamaran ing kalbu | têmah mawèh tuwuhing galih | marang kang arsa cidra | dyan sang putri muwus | ingsun durung tau wikan | janma mèsêm ing kala arsa pinatin | paran darunanira ||

sang pangeran angandika ririh | linut guyu sasakecanira | wruhanamu putri ngene | ing nguni ingsun wêruh | kang manjangan jalu lan èstri | barêng padha tangisan | mulabukanipun | kang jalu kênèng paekan | awit saka pandamêle rama aji | wus mèh têkèng palastra ||

dahat susah kang wadon nangisi | gung pinênggak dening sangsam priya | awit jênêng tanpa gawe | kang èstri kinèn wangsul | nanging mêksa lumuh kapati | nadyan praptaning tiwas | nêdya runtung-runtung | kang iku ingsun anggagas | dadi nyata watêk kang kadya sirèki | kalah lan sato wana ||

sanalika kêbuka sang putri | ingkang raka enggal linuwaran | lan kinurêpan pangkone | muwun asênggruk-sênggruk | aprasêtya tan nêdya malih | anglampahana cidra | ing wusana rukun | lan têmbe gumantya nata | Bayan muwus sanadyan ta dosa nyai | yèn èngêt manggih arja ||

nanging janma limrah nêmpuh wani | maring tindak kang ingaran lêpat | rumasa tan ngrêti bae | nadyan dosa ngêndhuruk | mêksa maksih kagêlar kumbi | marma têmahanira | adhakan kabanjur | wêkasan manggih pituna | kang makatên nyai pundi kang prayogi | upami linampahan ||

10. Nata ingkang supêna pinanggih putri.

[Mijil]

Satamating crita kang kawijil | angênani batos | pêksi Bayan kongsi ngrasa cape | kêpayahên dènira ngêcuwis | mung rasaning ati | asuka kalangkung ||

awit katon nyi sudagar mangkin | dahat ing wigatos | tanpa mèngèng dènnya mirêngake | mila dupi wus katingal malih | bayan nyabawani | kanthi cêluk-cêluk ||

lajêng mawon măngga ngriki nyai | mangke kula criyos | yêktos nyai sakalangkung sae | gih punika cariyosing aji | kang supêna kèpi | maring wanodya yu ||

kocap nênggih ing Towar nagari | kang jumênêng katong | maksih mudha misuwur asmane | duk ing dalu supêna nglam-lami | têmah angênani | tumanêm ing kalbu ||

saking dahat dènira ngèngêti | araos kalêson | dahat arsa wungu dènnya sare | kongsi siyang tan miyos tinangkil | samana ki patih | tumuli sumusul ||

sri narendra nulya dèn cakêti | dèn pyur-pyuri alon | toya mawar kang arum gandane | sanalika kagyat sri bupati | lan sakala uning | ki patih mabukuh ||

angandika alon sri bupati | sêmu amalênggong | sira patih apa uwis suwe | lan malêbu ora sun timbali | apa kang wigati | sun arsa sumurup ||

kyai patih nulya matur ririh | dhuh gusti sang katong | marma sowan tanpa timbalane | saking dahat kêdêrêng dhuh gusti | dene sampun wanci | tan miyos pukulun ||

saking amba kalangkung kuwatir | nuli mungu alon | lah punapa gusti darunane | sri bupati nuli dhawuh lirih | dahat angalêntrih | sêrêt wiyosipun ||

wruhanira bapa mau bêngi | sun supêna elok | anon putri endah ing warnane | pangrasèngsun ing salami-lami | durung amrangguli | putri kang kadyèku ||

kêkuwunge anggung anêlahi | dahat mawèh gawok | athik ana wong ana rupane | ngupayaa salumahing bumi | anane mung siji | putri impèn ingsun ||

tumanême anêrusi ati | tansah bae ketok | kongsi bingung gon sun ngrasakake | coba ingsun mêrêm sawatawis | hara nyata prapti | katon gandhul-gandhul ||

marma ingsun tan miyos siniwi | labêt saking abot | eman pisah lan impèn sun kiye | iku bapa upayanên nuli | di kongsi kapanggih | aywa kongsi kliru ||

alon matur wau kyai patih | dhuh gusti sang katong | dene gusti kadêrêng mring impèn | yêkti damêl tata tan prayogi | lajêng kadospundi | pangupayanipun ||

awit sintên ingkang sagêd uning | gambaring pangraos | sri narendra ngandika mangkene | ngupayaa wong ayu linuwih | kang nyata munjuli | yêkti impèn ingsun ||

kyai patih kawêkèn kapati | sakalangkung ewoh | nulya èngêt maring kagunane | anggêgambar sanyata undhagi | nulya nyorèk warni | sanggyèng wanodya yu ||

wusing sampat dèn aturkên nuli | linut èsêm alon | jêng sinuhun punika critane | para putri kang ayu linuwih | pundi ingkang mirib | impèn dalêm prabu ||

kagyating tyas sri nata umèksi | anêrusi batos | lan ngandika dene elok kiye | iya bapa uwus plêg kadyèki | gambar kang sawiji | iki ingsun pundhut ||

kyai patih nuli matur ririh | gusti jêng sang katong | kaparingna gambaripun mangke | badhe măngka ancêr ngupadosi | puguh sri bupati | tan maringkên wangsul || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Lebih satu suku kata: kêrêp diwêlasi uwong. (kembali)
Kurang satu suku kata: kula sampun mantêp yêktos. (kembali)
§ Bab punika sampun kapratelakakên sawatawis ing Kajawèn nomêr 60. Red. (kembali)