Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-24, #244

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-24, #244. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-24, #244. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 68, 18 Mulud Taun Ehe 1860, 24 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1061] ---

Ăngka 68, 18 Mulud Taun Ehe 1860, 24 Agustus 1929, Taun IV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bogor

[Grafik]

Bogor punika kajawi sakeca hawanipun, ugi kathah sêsawangan ingkang nêngsêmakên. Para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng sêngsêming sêsawangan ing nginggil punika.

--- 1062 ---

Pawartos Wigatos

Sêtokêr tuwin Pangajaran Lêlajênganipun

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn wulan kapêngkêr, mantrus marinê punika manawi majêng, ugi sagêd dados ondêr upsir. Punika botên namung mantrus kemawon, sanadyan sêtokêr ugi sagêd dados ondêr upsir. Mênggah lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

Sêtokêr ugi sagêd tumindak ing damêl ing satunggalipun golongan padamêlan (dienstvak), murih dados ondêr upsir ing golonganipun padamêlan wau. Golonganing padamêlan ingkang mikantuki inggih punika masinis. Bilih tiyang sampun dados sêtokêr klas I laminipun sataun, sagêd dipun papanakên manggèn ing wulangan tumrap stoker-olieman. Manawi wontên ing ngriku siunipun[1] lulus kanthi sae, lajêng kenging dipun angkat dados kopral masinis. Wulangan tumrap stoker-olieman wau laminipun 1 taun, wontên ing Surabaya. Para murid dipun pondhokakên wontên ing tangsi marinê ujung. Ingkang dipun wulangakên a. basa Walandi, b. sêsêrêpan ing bab kawruh ukuran lan timbangan, c. sêsêrêpan ing bab pranatan tuwin ngupakara pirantos agêng lan alit, kados ta motor lan sanès-sanèsipun. d. nindakakên padamêlan masinis ing baita alit tuwin e. sêsêrêpan ing bab kawruh nênukang.

Satamating pasinaon wau lajêng nyambut damêl wontên ing kapal dados stoker-olieman laminipun 1 taun. Wusana manawi sae padamêlanipun, sagêd dipun papanakên ing pasinaon tumrap kopral masinis. Wulangan punika ugi dipun wontênakên ing Surabaya, laminipun 1 1/2 taun. Wulangan tumrap stoker-olieman taksih dipun wulangakên wontên ing ngriku sapisan malih, nanging langkung sampurna. Dipun wêwahi wulangan malih ing bab tatacaranipun ambêntèri sawarnining kètèl dalah sapirantosipun. Satamatipun wulangan wau, sagêd dipun angkat dados kopral masinis. Ing ngriki botên prêlu kapratelakakên panjang malih, manawi sampun sawatawis lami, sagêd nêmpuh pandadaran pangkat masinis ingkang langkung inggil.

Kajawi dados masinis, tiyang neneman ingkang sakawit dados sêtokêr, ugi sagêd dados monteur, tukang andamêl torpedho, utawi tukang andamêl mêsin mabur (tukang bêsi).

Tumrap satunggal-satunggaling golongan padamêlan wau wontên wulanganipun malih. Murid ingkang sampun tamat sinau sakawit wontên ing Kweekschool voor Inlandsche Schepelingen ing Makasar, kenging dipun papanakên wontên ing wulangan wau. Sawarnining wulangan dipun wontênakên ing Surabaya, laminipun 2 utawi 3 taun. Wulangan tumrap monteur dipun wontênakên ing Marine Etablissement, tumrap adamêl torpedho wontên ing bèngkèl torpedho lan tumrap damêl mêsin mabur manggèn ing papan anggêgana ing Marakrambangan. Satamating pangajaran wau salah satunggal, lajêng dados mantrus ing

--- 1063 ---

golongan padamêlan wau, lan sasampunipun nyambut damêl angsal 2 taun, sagêd dipun angkat dados kopral. Ing têmbe ugi sagêd anjăngka pangkat ingkang langkung inggil kanthi nêmpuh pandadaran.

Dene mênggahing bab wulangan wau kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Monteur, punika sakawit dipun wulang ing bab dhêdhasaring kawruh èlèktris sakêdhik-sakêdhik tuwin pangajaran bab magneet. Ugi dipun wulang ing bab kawontênaning dynamo, motor tuwin dilah listrik, caranipun masang kawat listrik, cara-caranipun nindakakên zoeklicht (dilah sèntêr) lan malih sawarnining bab prakawis ngupakara pirantos tuwin kawat listrik salêbêtipun kapal pêrang. Dipun wêwahi malih wulangan padamêlan nênukang ingkang prêlu-prêlu.

Tukang damêl torpedho, punika kajawi dipun wulang prakawis nênukang kanthi yêyêktosan, ugi dipun wulang ing bab wawasan kawontênan lan pangupakaranipun torpedho tuwin pasangan dhinamit ingkang angèl-angèl. Lan malih murid-murid wau ugi dipun wulang caranipun anglêpasakên torpedho utawi pasangan dhinamit wontên ing toya.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring murid-murid sêtokêr pinuju sinau.

Tukang damêl mêsin mabur (tukang bêsi) punika dipun wulang sawarnining bab ingkang gêgayutan kalihan pandamêlan andandosi tuwin ngupakara perang-peranganing mêsin mabur ingkang awarni waja. Dados botên sinau adamêl mêsin mabur, nanging ugi kêdah sagêd damêl utawi manawi prêlu ugi masang perang-perangan warni waja ingkang alit. Ing ngriki kapratelakakên malih, bilih tukang damêl mêsin mabur punika sanès juru anggêgana, dados botên tumut anggêgana, kajawi manawi gadhah panêdha piyambak.

Sasampunipun maos andharan ing nginggil punika kanthi taliti, para maos mangrêtos, botên sabên tiyang sagêd angsal pangkat ingkang pantês. Dene bilih badhe minggah pangkat, kathah bab-bab ingkang kêdah dipun sinau. Ananging bab punika dipun gampilakên, awit sawarnining wulangan, para murid sagêd nindakakên kanthi lumintu, ngantos sagêd minggah pangkat.

Murid ingkang sampun lulus saking satunggiling wulangan, kêdah nêmpuh pandadaran, kangge pasaksèn kêcêkap utawi sêsêrêpanipun ing salêbêtipun sinau. Namung tumrap ingkang pandadaranipun sae, kenging kainggahakên pangkat ing golonganing pandamêlanipun. Kosok-wangsulipun manawi botên lulus, dipun wêdalakên saking wulangan [wu...]

--- 1064 ---

[...langan] wau utawi manawi wontên wêwatonipun ingkang prayogi dipun kaparêngakên angambali sinau malih.

Murid ingkang nyambut damêl kanthi tumêmên tuwin ingkang tansah nêmpuh pandadaran ing mangsanipun sagêd lulus, ing salêbêtipun 4 1/2 utawi 5 taun sampun sagêd dados kopral. Sagêdipun dipun angkat dados sêrsan, enggal-enggalipun kêdah sampun dados kopral 2 taun, lan tamtu kemawon kêdah lulus saking pandadaran kangge sêrsan.

Sêrsan ingkang pintêr sagêd dipun angkat dados sêrsan mayor lan malih sagêd dados ajidan, nanging awis sangêt ingkang pinanggih makatên.

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Kangge panjagi utawi panulakipun sêsakit malariah.

1. Anjagia sampun ngantos dipun cakot ing lêmut, ing wanci dalu kêdah manggèn utawi tilêm ing panggenan ingkang lêmut botên sagêd lumêbêt utawi botên sagêd nyokot, inggih punika patilêmanipun katutup mawi klambu ingkang wêtah.

2. Lêmut kêdah dipun icali, ugêt-ugêt ingkang wontên ing toya dipun pêjahi, ing panggenan toya ingkang kèndêl dipun urugi utawi kaêsatakên lan karêsikana sampun ngantos lêmut sagêd nigan. Dados ing panggenan ugêt-ugêt ing toya ingkang kèndêl wau kêdah kasiram ing lisah pèt, supados ugêt-ugêt wau sami pêjah. Ing pakêbonan utawi sanèsipun ingkang pêtêng utawi rungkud, bilih kangge panggenaning lêmut kêdah dipun rêsiki kababad, kêkajêngan prayogi katutuhana.

3. Ing panggenan ingkang sampun wontên sêsakitipun malariah, têtiyang ingkang saras kêdah nêdha utawi nguntal tablèt kênini, sadintên sadalu kaping kalih (tablèt 0.200 gr) utawi kaping sakawan, tablèt 0.100 gr, êlêt 3-4 dintên sapisan. Manawi pinuju kathah tiyang ingkang nandhang sakit, prayogi lêt sadintên kemawon anggèning nguntal tablèt wau, lan anjagia sampun ngantos kacakot ing lêmut.

Nanging inggih botên sadaya lêmut sagêd anularakên sêsakit malariah, ingkang sampun kasumêrêpan ing para dhoktêr ingkang sampun misuwur, inggih punika bangsaning lêmut anopêlês, manawi sawêg pinuju mencok utawi nyakot, anjêngking, dene lêmut sanèsipun botên, êlaripun lêmut anopêlês balirik tutul-tutul, punika tiningalan sarana kaca praksana.

Sarèhning tiyang botên sagêd ambedakakên lêmut anopêlês kalihan sanèsipun, dados namung anêtêpakên kemawon sadaya lêmut [lêmu...]

--- 1065 ---

[...t] punika bangsanipun lêmut awon, mila prayogi kajagia sampun ngantos kacakot ing lêmut wau.

Zwartwaterkoorts (sêsakit malariah cêmêng)

Ing panggenan ingkang sampun kathah sêsakit malariah, trêkadhang sok wontên tiyang ingkang lajêng kenging sêsakit malariah cêmêng. Tiyang ingkang katrajang ing sêsakit wau, adat sabênipun tiyang ingkang sampun gadhah sêsakit malariah, tiyang wau botên purun jêjampi, utawi kirang jampinipun. Manawi badanipun kraos botên sakeca lajêng bêntèr, saha manawi bêntèripun wau lêstantun botên sagêd sirêp, tiyang wau sawêg purun nguntal utawi nêdha kênini. Bilih sakitipun sampun wulanan utawi taunan, punika sagêd lajêng dadakan kenging ing sêsakit bêntèr cêmêng.

[Grafik]

Klambu ingkang sampun kapasang ing nglêbêt cagak, katutupakên.

Sakawit badan asrêp andharodhog, bantêr sangêt, sakitipun kêtingal rêkaos, sirah mumêt, nuntak-nuntak kêdah sumaput, ing badan sakojur kulitipun katingal jêne. Ing sasampunipun andharodhog lajêng bêntèr, ing panggenan puyuhan (pisbuis) kraos sêngkring-sêngkring, manawi nguyuh mêdal uyuhipun sawarni mangsi cêmêng, mila sêsakit wau kanamakakên malariah cêmêng.

Tarkadhang dhatêngipun asrêp andharodhog rambah-rambah, sagêd ngantos kaping 3 utawi kaping 4, dene anggènipun nguyuh inggih makatên ugi, punika ingkang kalêbêt ambêbayani sangêt. Ingkang sampun kalampahan tiyang ingkang kados makatên punika lajêng tiwas. Punapa malih samăngsa uyuhipun lajêng warni abrit kados êrah, anggènipun nguyuh saya kirang, punika pratăndha ambêbayani. Manawi tiyang ingkang sakit lajêng kèndêl botên nguyuh, adatipun ngêcêcêng-ngêcêcêng lajêng pêjah.

Manawi tiyang ingkang sakit badhe saras, anggènipun nguyuh botên suda, ajêg kemawon. Uyuh ingkang warninipun cêmêng saya dangu saya suda warninipun, 2 utawi 3 dintên uyuh wau sagêd bêning, wusana sagêd saras.

Sababipun uyuh wau dados cêmêng, amargi êrahipun tiyang ingkang sakit karisak dening plasmodien, sasampunipun makatên, êrah ingkang risak lajêng lumuntur lumêbêt dhatêng ginjêl (nier) lan samăngsa ginjêl punika kêkathahên êrah ingkang sampun risak, bolong-bolongan ingkang kangge margi wêdaling uyuh lajêng buntu, amila ingkang sakit lajêng botên sagêd nguyuh. (Badhe kasambêtan)

--- 1066 ---

Jagading Wanita

Bab Kawruh Ambathik

Kajawèn ăngka 62 kolêm jagading wanita, ngêwrat karangan bab kawruh ambathik, mawi sêsêlan anyariyosakên bab tiyang ambathik ing pakampungan ingkang sagêd dados pangupajiwa padintênan, kasêbut adêg-adêg tiga ing karangan wau, inggih punika tiyang ambathik ikêt modang, umpak sasaminipun ingkang kacariyosakên sadintên sagêd rampung, enjing wiwit anggarap: sontên sagêd nyêlêpakên kanthi kasambutakên yatra kangge tumbas mori lajêng kagarap malih dumugi ambabar lajêng kasade, panggarapipun sagêd lumintu sabên dintên, pawitanipun namung sapisan ingkang sakawit thok. Makatên sapiturutipun.

Bab wau pamanggih kula ing ngriki prêlu sangêt kêdah dipun wontênakên katêrangan kawontênanipun ing sapunika tumrap Surakarta. Kawuningana mênggah tumrapipun ing nagara Surakarta, pangupajiwa tumrap tiyang ambathik kados ingkang kapratelakakên ing Kajawèn wau, dumugining wêkdal sapunika kenging dipun wastani sampun pêjah babarpisan, awit pangupajiwa makatên wau mênggah taksih dipun êcakna lêstantun, malah kapitunan, lan malih prakawis sambutan dhatêng tukang cêlêp utawi tukang soga, botên paja-paja sagêd dumugi bilih badhe dipun tangkarakên kadamêl tumbas mori malih kados ingkang kacariyosakên ing Kajawèn. Lêrês jaman rumiyin pangupajiwa makatên wau pancèn kalampah sangêt tumrap ing Surakarta, prasasat mèh sabên kampung kemawon tiyangipun ingkang băngsa bau sèkèng, panggêsanganipun sami ambathik padintênan sagêd andadak ngundhuh wohipun tur lumintu miwah kauntunganipun inggih lumayan yêktos, awit sapisan: rêgining mori ikêt satunggal ingkang sae namung 30 awis-awisipun 35 sèn, ingkang mori andhap dumugi cêkapan, racak-racak namung rêgi 20 sèn, nyêngkanipun 25 sèn. Kaping kalih: jaman samantên dèrèng wontên sudagar bathik ngêcakakên utawi damêl canthing cap bathikan modang tuwin umpak warni-warni kados sapunika. Kaping tiganipun, têtiyang ngangge ikêt taksih lêmbaran wêtah, dèrèng dipun balangko kêthu namung sapalih kados sapunika, mila taksih kathah sangêt ingkang sami rêmên ngangge ikêt modang utawi umpak ingkang bathikan tangan. Awit saking punika pêpajênganipun bathikan ikêt ingkang sagêd andadak garapan sadintên rampung, inggih laris sangêt ngantos dipun cêgati bakul-bakul ing margi-margi kathah sangêt, botên ngantos dumugi pêkên sampun dados rêbatan para bakul. Sumăngga ta kula aturi anggalih, udhêng bathik modang utawi umpak, rumiyin waragadipun rêsik sampun dumugi babaran kantun nyuda: namung 60 sèn kirang langkung sakêdhik, pêpajênganipun bilih măngsa kêncêng bathik sagêd dumugi 1 rupiyah 75 sèn, bilih măngsa magak 1 rupiyah 40 sèn, ing măngsa kêndho sangêt taksih sagêd pajêng 1 rupiyah 10 sèn. Makatên andha-usukipun [andha-u...]

--- 1067 ---

[...sukipun] kirang langkunga namung sèn-sènan. Dene angsal angsalanipun sambutan bilih sawêg mêdêlakên 50-60 sèn, bilih sampun nyogakakên 75-100 sèn, kangge ikêt bathik satunggal-satunggalipun. Dados katanjakakên kangge tumbas mori samalamipun sampun kobèt.

Wangsul jaman sapunika, sampun beda dede amput-amputipun. Rêgining mori saikêt ingkang andhap taksih 45-50 sèn, ingkang inggil 60-100 sèn. Kula cêkak kemawon, ikêt satunggal ingkang kagarap sadintên rampung sawêg dumugi tembokan, wragadipun rêsik sakêdhik piyambak dumugi ambabar 1 rupiyah tarkadhang ngantos 1 rupiyah 10 sèn, sanès bau panggarap dèrèng kapetang, măngka sarêng kasade tumrap dagangan, racak-racak namung pajêng 1 rupiyah 25 sèn, malah bilih măngsa kêndho bathik nyêngkanipun namung pajêng 1 rupiyah, măngka wiwit anggarap dumugi ambabar laminipun kadamêl rancag 2 dintên, mila sapunika lajêng sampun pêjah sêg. Wontênipun makatên wau jalaran sudagar ngêcakakên cap-capan ikêt modang, umpak sasaminipun, sapunika sampun atusan, modhèl warni-warni, awiging garapan botên kawon kalihan bathikan tangan, babaranipun soga gènês wèntêran anjangês, mubyar, rêginipun racak-racak ingkang sae namung 1 rupiyah 25 sèn, tumbas salêmbar kasigar sagêd dados kalih lajêng kadamêl kêthu balangkon.

Sudagar-sudagar ingkang ngêcakakên makatên wau, nyatanipun angsal-angsalaning bathik namung 1-2 sèn ing dalêm ikêt satunggal, kagêbag rambah kaping-kaping ..., punika bilih măngsa kêncêng, bilih măngsa kêndho, nyatanipun namung sami jor-joran mirahakên daganganipun ugêr sagêd tumuntên pajêng, lah punika ingkang lajêng sangsaya pêjah sêg tumrap ngupajiwa ambathik.

Wondene ingkang kathah saperangan agêng, tumrap padamêlan utawi pangupajiwa ambathik ing Surakarta jaman sapunika, I. Sudagar ngêcapakên bathik warni-warni, II. Juragan bathik sêratan tangan, ngingah pangobèng kathah mawi kacancang pursêkot balănja dintênan kawatês angsal-angsalaning garapan, III. Tiyang ambathik ngobèng bironi ngumbah saking cap-capan, punika ewon gunggung kêmpalipun. Sanèsipun tigang bab wau, namung bathik kadamêl sambèn sasêlaning ngopèni griya, nanging namung satunggal kalih wontênipun.

Awit saking punika, supados botên têdha-têdha[2] ingkang sami manggalih babagan bathik, mila prêlu katrarangakên[3] kawontênan ing jaman sapunika kadosdene andharan kasêbut nginggil, kawuningana.

Pemb. 585.

[Iklan]

Para murid pamulangan têngahan sami dhatêng kabudidayan karèt ing Giriharja (Kêbumèn) gadhahanipun Tuwan Wiryadiarja.

--- 1068 ---

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun Prabu Boris nata ing Bulgari, nalika panjênênganipun anglampahakên lokomotip sêpur saha anggèning nglampahakên ngantos têbih. Dados mênggahing nata ugi wontên kalamangsanipun tumindak ing damêl awrat, anêtêpi wajibing tiyang, kêdah sumêrêp dhatêng kagunan.

Jagading Sato Kewan

Pêksi Anèh.

Nanggapi karanganipun sadhèrèk Jayasuwignya ing Kajawèn ăngka 59 bab pêksi anèh.

Ing sakawit ragi adamêl kodhênging manah kula, pundi ingkang dipun wastani pêksi pênthèt punika. Jalaran mênggahing kula nama wau dhapur katêmbèn, nanging sarêng sampun rampung pamaos kula, yèn kula pirid-piridakên dhatêng ungêl, tondak-tanduk lan kakêndêlanipun, punapa malih têtêdhanipun pêksi pênthèt punika yèn ing padunungan kula nètèsi kalihan pêksi srigunting. Pêksi srigunting punika ungêlipun inggih thèt-thèt, lan asring purun mêngsah bangsaning pêksi galak, upaminipun: wulung, gagak lan sasaminipun. Nanging sarèhning kawon ibêripun, inggih lajêng cluluk piyambak.

Manawi nitik agêng, warni saha ungêlipun, pêksi êmprit gantil ing Kajawèn ăngka 59 wau, manawi ing padunungan kula pêksi kadhasih (dharadhasih). Manawi saking katêbihan pêksi punika mèmpêr pêksi srigunting, kaot wulu kawon mêngês, lan buntutipun botên cawang. Ungêlipun ingkang thit thit wau, tumrap gugon tuhoning sawênèhing tiyang dhusun, asring sangêt damêl kirang sakecaning [sakeca...]

--- 1069 ---

[...ning] manah, punapa malih yèn pinuju wontên tiyang sakit, jalaran swara ingkang makatên wau dipun anggêp ngalup utawi andhandhang dhatêng pêjahipun tiyang ingkang sakit. Mila asring kemawon pêksi wau yèn pinuju mungêl that-thit, dipun balangi. Tarkadhang ungêlipun: thit thit thir.

Yèn padunungan kula, pêksi êmprit gantil punika agêngipun sami lan êmprit limrah, têdhanipun băngsa gêgrêmêtan (ulêr alit-alit) susuhipun gumantil. Mênggah saking pamirêng kula, pêksi êmprit gantil punika inggih asring nunutakên ngêngrêm tiganipun dhatêng pêksi sanès, inggih punika pêksi prênjak. Pêksi ingkang gadhah watak makatên wau, mêsthi kemawon pêksi ingkang imbang-imbangan agêngipun lan nunggil têdhanipun. Pêksi tuwu punika inggih asring nunutakên tiganipun dhatêng pêksi gagak.

Ing ngriki kula badhe ngaturakên pêksi anèh malih, nanging botên anèh jalaran saking watak pangêngrêming tigan, nanging anèh jalaran jalêr lan èstrinipun botên sami kawontênanipun. Upaminipun pêksi gêmak (puyuh), punika èstri, sabanipun ing wanci siyang wontên ing siti. Dene jalêripun asring mabur ing wanci dalu, inggih punika bênce. Wontên malih pêksi kolik kalihan tuwu, punika inggih jalêr èstri, têka anggadhahi nama piyambak-piyambak.

Kajawi punika wontên malih pêksi sanès-sanèsipun ingkang beda kawontênaning wulunipun mênggah jalêr lan èstrinipun. Upaminipun yèn panggenan kula mastani: êmprit pêking, ingkang asring nusuh ing nanasan. Punika ingkang jalêr wulunipun abrit, èstrinipun klawus.

Wasana sumăngga para nupiksa.

Wir, Sêmarang.

Padhasaran Balapêcah ingkang Kasade Dening Tiyang Siti.

[Grafik]

Mirid kawontênan ing jaman sapunika, tiyang siti taksih kenging dipun wastani dèrèng majêng dhatêng bab lampah among dagang. Nanging mênggahing sayêktosipun, sanadyan dèrèng sapintêna, ugi sampun kenging dipun wastani sampun ngambah, punika sagêd nitik dhatêng kawontênanipun ing pêkên-pêkên, barang-barang ingkang rumiyin dipun sade ing băngsa ngamănca, ing sapunika ugi dipun sade dening tiyang siti. Gambar sasisih punika gambaring gumêlaripun balapêcah ing pêkên Pordhêkok, padaganganipun tiyang siti.

--- 1070 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XIV. Prabu Kêsèd Natanagara, nuli mêthuk wong tuwa.

[Kinanthi]

Prabu Kêsèd thênguk-thênguk | nèng kadhaton tanpa kanthi | ing batine tansah duka | kana-kene ketok sêpi | sasat kaya dikunjara | mung kacèk ênggone pèni ||

nuli angandika sêru | cara apa ngene iki | sanadyan dadia raja | ratu apa mung ijèn thil | rewangku kêkandhan sapa | apa niyat ratu dhêmit ||

dhèk anu aku wis cluluk | karo si paman patinggi | lumuh bangêt nglakonana | dadi ratu ngene iki | jênênge ratu cilaka | kaya dikunjara wêsi ||

ing ngêndi dalane mêtu | kana-kene tanpa kori | jênênge edan-edanan | kadhaton mangkene iki | la pamrihe bae apa | dadi ratu sasat mati ||

suwe-suwe saya nêpsu | saka wêtêng krasa ngêlih | awak andhrêdhêg karasa | ing wusana sêru muni | patute wong dadi raja | yahmene wis mangan bêstik ||

kopi susu kêlun-kêlun | roti kèju ora kèri | yèn sarapan cara Jawa | sêga pulên iwak têrik | wedang tèh kandêle krasa | pacitane pating tlêning ||

mungguh cêkake ing rêmbug | sakarsane ratu dadi | arêpa mêmangan apa | wis mêsthi anane nuli | balik aku ratu apa | uripe mung mangan angin ||

lagi cêp bae mak jêdhul | ngarsane sang prabu thirik | dhêdhaharan warna-warna | tharik-tharik ana piring | cara Lănda cara Jawa | pêpak ora ana cicir ||

sidhakêp lan manthuk-manthuk | karo alon clumak-clumik | iki athik anèh tênan | têkane saka ing ngêndi | wah isih angêt-angêtan | ambune anggêgirisi ||

kabèh sing tak jaluk wujud | malah isih anèh kuwi | aku durung pati cêtha | kaya dilulu saiki | yèn lêstari mangkenea | ijèna gêlêm nglakoni ||

Prabu Kêsèd banjur maju | dhokoh rata diicipi | kabèhe padha mirasa | nyang ilate anocogi | solan-salin kabèh enak | ora ana nguciwani ||

sajêrone dhahar mau | Prabu Kêsèd milang-miling | ketok ana pitik saba | sanalika mak nyut eling | dene durung ana panggang | ditamatke kabèh sêpi ||

sajrone anggagas mau | pitike nuli marani | digêsah malah anyêdhak | grêgêtên nuli dibithi | pak prêk klêsêt tanpa obah | wis dadi panggang kêmripik ||

sang prabu nganti ngêcêmut | karo nyuwil angicipi | angandika galêgêsan | aku yèn mangkene iki | rak sasat kaya wong nyulap | apa sakarêpe dadi ||

sauwise dhahar rampung | sang prabu jumênêng nuli | kagèt mirêng piring bênthak | nganti nyuwara mak klinthing | ditolèh wis ora ana | dhêdhaharan kabèh rêsik ||

nuli tindak sang aprabu | ing kadhaton diratani | taliti anggone [ang...]

--- 1071 ---

[...gone] mriksa | jêbul sakabèhe kuwi | sarwa pêpanganan enak | pêpagêre tembok roti ||

diusari martega rum | plisir ngisor sing kaya tir | sêle sing enak mirasa | gêndhènge sokêlat lêgi | Prabu Kêsèd angandika | ah kêladuk obrol iki ||

kadhaton sisihe wujud | cara Jawa sarwa pèni | anane ya ora beda | băngsa panganan marêgi | têtemboke gandhos wingka | payon cênggèrèng kêmripik ||

sang prabu nganti angguyu | dene kaya uwong ngimpi | dalah anane ing jaba | anèh nanging sarwa bêcik | wowohan wis tanpa măngsa | yèn wit êso wohe êmping ||

kalèn banyune ès sêtrup | cêkak kabèh enak rêsik | dadi karane nagara | sathithik wis ora nlisir | jênêng nagara Mirasa | iku jênêng wis ngêplêki ||

sauwise rata kêmput | sang prabu wiwit anggalih | nata bêcik ing nagara | kabèh arêp diowahi | tembok kadhaton dijêjak | ambrol mawut ketok nisih ||

wong jaba nuli gumrudug | bêbarêngan sowan gusti | sang prabu nuli ngandika | aku moh yèn ngene iki | yèn wong jênêng dadi raja | kudu nganggo tata bêcik ||

tembok sing wis jugrug mau | bêcik dokokana kori | ing jaba ya dokokana | ana uwong sing mangsuli | gusti nun inggih sandika | punika pancèn prayogi ||

nanging kula botên rujuk | yèn damêl kori ing jawi | botên sande katiwasan | mêngsah sagêd mlêbêt gampil | tamtu badhe kalampahan | gusti dipun êsur wani ||

sang aprabu iya rujuk | banjur angandika lirih | aku uwis mathuk iya | nanging karêpku saiki | nganggo tak patah punggawa | lan kudu duwe prajurit ||

prêlu digo nglawan mungsuh | aja kok mung kaya bayi | sabên kêtêkan wong anyar | banjur dilorot le mukti | lan prajurit kudu jaga | rumêksa mênyang ing gusti ||

kabèhe padha jumurung | tumuli tumindak bêcik | wong kono têtêp kawula | diperang dipiji-piji | ana bupati nayaka | ana sing dadi prajurit ||

yèn Sênèn Kêmis sang prabu | siniwaka diadhêpi | lênggah anèng pasarean | dhêdhaharan wis sumandhing | têtêp amukti wibawa | ratu sugih dhasar mukti ||

kocap barêng mèh sataun | Prabu Kêsèd angèlingi | nyang biyung sing ana desa | nuli adhawuh tumuli | yèn sang prabu arêp têdhak | lêlana nyang ngêndi-êndi ||

wong-wong akèh padha gugup | lan mambêng karsaning gusti | awit durung ana cara | ratu têdhak ngono kuwi | ananging sang prabu mêksa | kudu budhalan tumuli ||

saka kuwasaning ratu | wong ing kono kabèh wêdi | ing sawise tata-tata | bètèng jaba dijugrugi | tumuli bae budhalan | diiring para prajurit ||

sang aprabu nitih tandhu | dipikul wong wolu sisih | sang prabu mung sêsarean | disambi karo angêmil | akèh wong-wong ing padesan | padha mêtu andalidir ||

--- 1072 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ada-adaning Nagari Anggènipun badhe Paring Arta Sambutan dhatêng Panggaotan Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Petruk : Ambalèni rêmbuge ing bab karsaning nagara anggone arêp paring pitulungan dhuwit tumrap panggaotan apadene kopêrasining wong bumi, nèk rumasaku mungguhing kopêrasi iya bênêr unimu lagi anu kae, yaiku bisaning tumindak, yèn kopêrasi mau ora ana ing panggonan kang tumindake dêdagangan cilik-cilik wis bêcik. Kaya upamane tumrap panggaotan bathik, kuwi nèk saka sêsurupanaku, arêpa kêpriye bae, aku kok ora bisa ngarani bêcik, saupama nagara banjur mèlu cawe-cawe. Kuwi kanggone saiki, lho.

[Grafik]

Garèng : Hla, kuwi nèk Petruk, sok banjur mêtu drêngkine, pancène sabisa-bisa rak banjur ngalêmbana bangsane dhewe, anggone têmên, doyan gawe, kêna diprêcaya, cêkake kabèh sing apik-apik, cikbèn nagara tumuli enggal-enggal anggone arêp paring pitulungan, durung-durung kok banjur ora mupakat bae, kuwi jênênge rak mung arêp ngalang-alangi rêmbug, apa bèn nagara wurung anggone arêp paring pitulungan. Nanging ya pancèn wus dadi saradane Si Petruk, sok dhêmên murungake prakara. Aja manèh karo wong liya oraa tega, lagi karo aku dhewe, sadulure lanang tunggal sakringkêl, mêksa iya kolu gawe ala. Kayadene lagi anu kae, aku kurang sanyumlik bae olèh kasênêngan gêdhe bangêt, kang kêna dèn upamakake swarga donya têmênan, yaiku kalane aku nglamar Mas Ajêng Jakob, rupane ayu gombloh-gombloh, tur ya sugih. Kurang sak… thik… bae, wis mêsthi dadi bojoku. E, dilalah Petruk sing banjur nêngahi, tega-tegane kăndha karo mas jênge yèn aku wis duwe bojo tur anakku wis brayahan, barêng aku têka nang gone mas jênge manèh, arêp andadèkake rêmbuge, durung-durung aku wis dipleroki kêras. Kalasamono aku mèh bae mati ngêndhat, ajaa kèlingan simpênanaku sêga wadhang karo bakaran balênyik rong blindhi.

Petruk : Wiyah, kok banjur awake dhewe [dhe...]

--- 1073 ---

[...we] sing dianggo tuladha. Karodene anggonku ngalang-alangi tindakmu kang mangkono mau, sêdyaku rak ora arêp manasi nyang kowe, nanging arêp anjaga nyang awakmu, aja nganti nindakake lêlakon, kang nuduhake asoring bêbudènmu. Wajibmu kuwi rak kudu ngopèni lan ngupakara anak bojomu kanthi sakuwat-kuwatmu, têka banjur mung arêp nuruti hawa nêpsumu dhewe. Wis, wis, bab kiyi ora prêlu tak andharake dawa-dawa, têmtune kowe bisa nimbang dhewe, sapira asoring bêbudèning wong kang ninggal anak bojone kang tanpa sabab, jalaran mung arêp nguja marang kasênêngane dhewe. Mungguhing omongku ing ngarêp, kaliru Kang Garèng, yèn ta mangkono panampamu. Sêdyaku ora kok arêp gawe murih wurunge nagara anggone arêp paring pitulungan, nanging supaya dhuwit sing bakal diparingake utang, aja salah tumanjane. Lan karêpku nèk bisa uga arêp anjaga aja nganti nagara suda kapracayane marang bangsaku kabèh, awit manawa wis akèh dhuwit kang diwêtokake tumrap adêging kopêrasi, ing wusana ora ana sing dadi, mêsthine pambêngoke para sing padha sêngit karo bangsaku kiyi, saya têkan ngalangit, kang anjalari nagara bisa kapok anggone tansah arêp mitulungi lan angayomi kawulane sing isih èndhèk bangêt drajate kiye. Mulane sadurunge paring pitulungan, nèk saka panêmuku iya kudu dititipriksa kanthi têmênan, supaya ing têmbe burine pitulungane mau, aja nganti kayadene uyah kang dicêmplungake ana ing sagara.

Garèng : E, ladalah, kathik kaya wudêl dilèr, nganggo anduwèni pursêtelan barang. Ewadene aku mêksa kêpengin wêruh kang dadi sabab-sababe dene kowe anduwèni panêmu kang mangkono kuwi.

Petruk : Sadurunge aku mangsuli pitakonmu, luwih dhisik aku arêp kăndha nyang kowe, yaiku: jênênging pangkat kang kok karêpake kuwi dudu: wudêl dilèr, nanging èdhêlèr, aliyas warga rad India. Nèk anglairake têmbung Walănda kuwi bok sing ngati-ati, aja sauni-unine bae. Ing ngarêp sing tak jupuk kanggo conto panggaotan bathik, dene sababe kang kapisan, iki panggaotan wong bumi kang tulèn, kaping pindhone akèh wong kang padha nindakake, lan kaping têlune: aku arêp nuduhake yèn arêp ambantu sawijining kopêrasi utawa panggaotan kuwi ora gampang. Murih cêthane tak jalèntrèhne panêmuku ing bab kuwi, yaiku mangkene:

Tumraping panggaotan bathik, lumrahe ing ngêndi-êndi padha jor-joran kang tanpa duga-duga. Kang mangkono mau sababe, jalaran sarana pawitan mung puluhan rupiyah bae, sabên wong wis bisa mèlu ngêdêgake panggaotan bathik. Kowe wêruh dhewe, Rèng, bangsaku kiyi lumrahe sok ora sênêng nyambut gawe kang nganggo pranatan sing bêcik-bêcik. Karêpe yèn sathithik-sathithik wis ngrêti carane ngêdêgake panggaotan bathik mau, iya banjur arêp madêg pribadi, sanadyan olèhing pawitan dilakoni ngêdoli barang darbèke utawa utang-utang, malah-malah sok utang sarana anakan gêdhe bangêt.

Garèng : Lho, Truk, kaya ngono kuwi

--- 1074 ---

ing jaman saiki rak wis lumrah, ta, băngsa Walănda dhewe anduwèni paribasan kang unine kira-kira mangkene: aluwung cilik, ning dadi bandara, tinimbang gêdhe ning batur. Lho, kuwi pancèn bênêr bangêt. Apa manèh tumraping wong sing anduwèni dhasar ati mêrdika, kuwi sanadyan diblănjaa sapira, ya wis ora yaok, aluwung pamêtu sathithik, nanging mêrdika, nang ati mêsthi ayêm. Kayadene aku kiyi, gêlêma diprentah nyang wong liya, rak wis dibênum dadi mantri lêmut, blanjane ya ora kurang saka f 25, nanging aku kiyi pèncèn anduwèni dhasar ati mêrdika, dadi iya aluwung narima duwe pamêtu sathithik, ning atine ayêm. Mara, pikirên dhewe, wong ayêm ora kaya wong mêrdika, arêp kaloyongan saparan-paran, ora ana sing elik-elik, arêp tangi awan, ora ana sing ngarubiru, arêp turu sadina sawêngi salawe jam dhur-dhuran, ya ora ana sing mrêduli, cêkake arêp apa bae, bisa kalakon. Lho kaya mêngkono kuwi sing dak tindakake saiki, dene nèk wêtêngku krasa ngêlih, mung kèri anggawa bathok, lumaku turut èmpèr.

Petruk : Wiyah, kuwi rak tindake wong ngêmis. Lho, kok lumrah panampane wong mungguhing mêrdika kuwi, rumasane kêna sakarêp-karêp, kêna sagêlêm-gêlêm. Wong saiki kiyi sing kanggo kêmbang lambe bisane mêrdika, dene sing dikarêpake mung bisane sakarêp-karêp mau. Wusana gambarane wujuding mêrdika: bisa sênêng-sênêng, bisa sakarêp-karêp, lan pamêtune nyukupi, babar pisan ora ngèlingi, yèn wong urip kuwi duwe kuwajiban, kudu anêtêpi lumrahe wong ngaurip, yaiku: kudu anyukupi anggone bêbojoan, pangrêksaning anak, lan pasrawungan karo wong akèh. Wis, wis, samene bae dhisik.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngêsahakên ukuman bucalan dhatêng tiyang 5 ingkang kadakwa nindakakên gunadhêsthi ing kraton kasultanan Langkat, sami kabucal dhatêng Jambi.

Ing dhusun Cisaar, ondêr dhistrik Pangarsah, Priyangan, wontên tiyang nama Sarpan, ing wanci enjing badhe dhatêng sabin dipun cakot ing sawêr wêlang. Sakawit botên karaos punapa-punapa, nanging sarêng siyang badanipun lajêng bêntèr andharodhog, badan sakojur dados biru, dangu-dangu sakitipun saya sangêt, wusana sarêng jam 6 sontên ngajal.

Ing tanggal 15 wulan punika mêsin mabur K.N.I.L.M. wiwit tumindak mabur saking Batawi dhatêng Palembang, ambêkta momotan tuwin sêrat pos. Salêbêtipun anggêgana mawi kêkalangan wontên sanginggiling Martapura, inggih punika têlênging kabudidayan-kabudidayan, prêlu nyatakakên ajênging kabudidayan ing ngriku.

Pambantu Kajawèn ing Dêmak martosakên, kala tanggal kaping 13 wulan punika, panyadean sarêm ing Dêmak dipun pariksa ing pangagêng, nalika mariksa ing kamar I pinanggih kêkirangan sarêm 300 dhus, satunggal dhus rêgi f 1,60. papriksan taksih kalajêngakên. Mantrinipun kagledhah ing udhêng wontên artanipun. Lajêng katahan ing kunjaran, taksih kalajêngakên papriksanipun.

Kawartosakên, awit saking dhawuhipun pokrul jendral dhatêng jaksa ing Pakalongan, Tuwan S. Cipta pursitêr P.N.I. ing Sêmarang, tuwin Tuwan Ir. Sukarna ing Bandhung, kapriksa prakawis sêprik dhêlik nalika parêpatan wontên ing Pakalongan.

Parentah mêling mêsin poiser 35 iji, utawi dalancangipun cacah 50 yuta dhatêng Ruys, prêlu badhe kangge nindakakên cacah jiwa ing taun 1930.

--- 1075 ---

Warga polêksêrad Tuwan P.F. Dahler ngajêngakên panuwunan dhatêng parentah ing bab kawontênanipun golongan juru sêrat, supados dipun ewahi balanjanipun, kados ingkang sampun dipun janjèkakên ing sawatawis taun. Bab punika sampun angsal wangsulan saking wêwakiling parentah, bilih parentah badhe angewahi bab wau, nanging sarèhning kathah prakawis sanès ingkang kêdah katindakakên rumiyin, dèrèng sagêd katindakakên ing taun punika. Up bêstiring Schrijversbond nyumanggakakên bab punika dhatêng Tuwan P.F. Dahler ngantos dumugining kasêmbadan.

Nalika Sri Nata Siyêm rawuh ing Malabar, kajawi kintun telêgram, ugi tilpun sêsambêtan kalihan intêrnatsional dhatêng Bangkok.

Bêbaunipun pabrik kopêr gadhahanipun Osman Amad ing Surabaya, cacah 110 sami mogok, jalaran bayaranipun dipun suda 20%. Bab punika lajêng dados pajagèning pulisi.

Pambantu Kajawèn ing Tumpang (Malang) martosakên, wiwit tanggal 12 dumugi 17 Agustus, jawah awu ing Tumpang dalah sawêwêngkonipun katingal saya dêrês. Wontên wartos awu wau asli saking rêdi Brama. Sanajana kalamăngsa ing wanci siyang jawahipun ragi suda, ananging ing pundi-pundi panggenan mêksa kathah balêdug amabul-mabul, jalaran awu ingkang sami nangsang ing wit-witan katêrak angin, dados sami kabur, sabên dalu dêrês malih. Sawarnining gêgodhongan tuwin payon-payoning griya namung katingal awu, saya dangu saya kandêl. Dados sabên dintên srêngenge tansah tinbrêng. (N).

Ing tanggal 15-8-'29 ing dhusun Kambingan saha Kidhal, tuwin dhusun-dhusun sanèsipun (bawah Tumpang), kasumêrêpan kathah lêmbu sami sakit ngilêr, sawênèh wontên ingkang botên sagêd tangi. Saking pangintênipun tiyang dhusun, jalaran saking wontênipun jawah awu kasêbut nginggil, awit têdhanipun lêmbu sami katutan awu, katăndha wiwiting katrajang sakit makatên wau ing sadangunipun wontên jawah awu kemawon. Sabên dintên ing dhistrik tansah nampèni palapuraning tiyang, lêmbunipun sakit. Tanggal 27-8-'29 wontên palapuran malih, nêrangakên bilih lêmbu-lêmbu wau wontên ingkang pêjah 1. Wondene para priyantun ingkang wajib ugi sampun nindakakên rêrigêd[4] ing bab punika (N.)

Nalika tanggal 10-8-'29 satunggiling prabot dhusun apangkat kuwawa (juru ambage toya ing sabin) pinuju nindakakên kuwajibanipun, dumadakan dipun pacul sirah saha tanganipun dening tiyang bawahipun, ing dhusun Sumbêr Kradenan (Tumpang) ngantos nandhang tatu rêkaos. Dene jalaranipun, miturut paturaning tiyang ingkang dosa wau, amargi saking mangkêling manahipun sampun watawis lami. Kuwawa wau anggèning nindakakên padamêlan pambage toya kirang adil. Prakawisipun taksih kapriksa.

Anyarêngi dhawahipun dintên garêbêg Mulud, ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta botên miyos sinewaka, amargi gêrah.

Lulus dados Ind. Arts wêdalan Stovia Tuwan Saphiyul Anwar, asli saking Pordhêkok.

Ing Bandhung wontên pakêmpalan wanita băngsa Sundha nama Poetri Tjihapit kintên-kintên ancasipun kados pakêmpalan Wanita Sajati.

Wontên pawartos, kalawarti Adil Paramarta wiwit sapunika botên kawêdalakên malih, amargi botên katingal majêng. Ing sapunika arta sadhiyan ingkang kangge waragad wêdaling kalawarti wau badhe kasuwun dhatêng parentah katanjakakên kangge prêlu sanès, ingkang nocogi kangge prêlunipun kawula umum.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan Sabrowi ing Gumêntêr, redhaksi Kajawèn botên nampèni pikantuk panjênêngan gambar.

Lêngganan nomêr 2524 ing Ngayogya. Kintunan panjênêngan gambar 4 kirang cêtha, kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 2047 ing Kutha Gêdhe. Kintunan gambar saking panjênêngan kakintunakên wangsul. Kamanah botên patos wigatos.

Lêngganan nomêr 470 ing Surakarta. Sarèhning tatacara kados ingkang panjênêngan ngandikakakên punika nama dèrèng calimèn yêktos, mila botên kapacak, gambar kakintunakên wangsul.

Lêngganan ing Natadiningratan, Surakarta. Kintunan panjênêngan gambar botên kapacak, amargi sampun wontên.

Lêngganan nomêr 3123 ing Surakarta. Gambar botên kapacak, sampun wontên ingkang ngintuni.

R.S.H. Kusuma, ing Salatiga. Sarèhning panjênêngan sampun ragi kasèp, kintunan panjênêngan gambar botên kapacak.

Lêngganan nomêr 773 ing Ngawi. Gambar kintunan panjênêngan kakintunakên wangsul, amargi lêlampahan kados makatên punika kêrêp sangêt.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3036 ing Kalisêtail. Pos wisêl f 1.50 ingkang nêmbe kakintunakên punika tumrap kuwartal 1 taun 1930. Ngalamat sampun kula wêwahi: Sêmpu.

Lêngganan nomêr 3131 ing Klapagadhing. Kula aturi pitakèn dhatêng H. Buning utawi Tan Khoen Swie ing Kadhiri.

Lêngganan nomêr 4088 ing Tejakula (N. Bali). Kêparênga paring priksa punapa panjênêngan punika inggih M. Goenadi ingkang rumiyin dados mantri panyadean candu ing Tumbakbanyu, Z. Bali?

--- 1076 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga

22.

[Gambuh]

pun Sabur wantunipun | janma mlarat marma mung nèng dhusun | datan ketang wisma alit andarbèni | myang gêsang lan semah rukun | datan nate apadudon ||

dene dènnya dêdunung | nèng wêwêngkon kalurahan Ngindhung | ingkang măngka cagak tuwak sabên ari | amung saking anênurun | sêratanira kinaot ||

wusana dangu-dangu | wus sumêbar warta kang rinungu | lamun Sabur satuhu janma undhagi | lan sêratannya pinunjul | Patih Dhamaskus mangrêtos ||

tumuli adhêdhawuh | yèn sambada pun Sabur pinundhut | pinrih dadya juru panitraning patih | nalika Sabur angrungu | kalangkung suka ing batos ||

ngrasa antuk pitulung | cinakêtkên kalawan wong agung | tan antara sajarwa marang kang èstri | ing wêkasan mung jumurung | kanthi sukurirèng batos ||

nulya umangkat sampun | anggung èngêt maring rabinipun | ketang dèrèng nate pisahan salami | riwusing prapta ing purug | ing manah raos cumêplong ||

ki patih duk andulu | sakalangkung karênan ing kalbu | dening Sabur kawuryan ngrakêtkên ati | kang warna satuhu bagus | traping tatakrama manggon ||

nuli saya kadulu | Sabur wêgig samubarang laku | ing wusana konjuk maring sri bupati | sri nata rêna kalangkung | duk uning mring abdi anom ||

datan dangu jinunjung | dadya juru gêdhong kang kalangkung | pinitaya kuwasa sajroning puri | kinathik ing siyang dalu | anggung cakêt ngarsa katong ||

wartanira kalantur | wus sumrambah dadya kêmbang tutur | malah kongsi kapyarsa sang pramèswari | apan ing satêmah tuwuh | rêrasan jroning kadhaton ||

myang sri supadni tuhu | arsa uning ing kêkasih prabu | duk samana kang kalamăngsa nyarêngi | Sabur umiring sinuhun | tindak taman ing kadhaton ||

samana jêng sinuhun | dhawuh maring Sabur kadi gêtun | hèh ta Sabur sira balia tumuli | angambila têsbèh ingsun | kang kari anèng paturon ||

Sabur agita wangsul | dupi prapta jêroning kadhatun | arsa manjing mring pasarean tumuli | apan ta nyarêngi nuju | kêpapag supadni katong ||

nulya alon dinangu | apa sira kang pêparab Sabur | kang kinasih marang sinuhun kêpati | ing mangkya ingsun wus wêruh | warnanta tuhu kinaot ||

Sabur amung andhingkluk | dahat maras ing tyas uwas têrus | tanpa atur amung cêkak anginggihi | sri supadni nuli muwus | wruhanira bocah anom ||

iki pêparing ingsun | maring sira sangsangan di luhung | ingkang lagya uwal saka jăngga mami | dadia tăndha satuhu | lir tandhaning trêsnaningong ||

ing sanalika wau | Sabur ngrasa lan uning ing sêmu | lamun iku nyata sih ambilaèni | sakala èngêt ing laku | lamun dinuta sang katong ||

samar yèn antuk bêndu | marma nulya agita lumaku | datan pisan tanggap mring sang pramèswari | nulya lumaku sumêbut | tumindak agnyaning katong ||

amung ing cipta tuwuh | anggung ngrasa lir mangguh pakewuh | duk samana Sabur sumusul tumuli | angaturkên têsbèh sampun | sri nata rêna ing batos ||

kacarita duk wau | sori nata sakalangkung bêndu | lan rumaos dahat merang ing panggalih | wusana nulya wêwadul | kawuryan langkung wigatos ||

dene gatining atur | tur uninga kalamun pun Sabur | têka maring pramèswari kumawani | arsa darbe tindak dudu | sumongga ing karsa katong ||

ing sakala puniku | sri narendra dahat dènnya bêndu | sêsirating tingal lir urubing gêni | cinakêtna mêrang murub | wêkasan mung kêrot-kêrot ||

wagugên ing tyas prabu | ketang dahat sihira mring Sabur | yèn ta kongsi winêdhara kang wêwadi | kuciwa mênggahing ratu | tan kuwawi ngênêp batos ||

sumarma kandhêg amung | anganti mring kalamangsanipun | mung kêtitik ing sêmu krasa nêrusi | marang ciptanirèng Sabur | ari ratri mung kuwatos ||

apan marêngi nuju | sri narendra angêngimur kalbu | lêlangên mring jawi kitha nguningani | pangobongan gamping agung | sang aprabu mampir rawoh ||

juru gamping kalangkung | gugup uning katamuan luhung | sri narendra nulya angandika ririh | ingsun amundhut gaweku | dikongsi bisa kalakon ||

ingsun arsa angutus | panakawan ingsun ing kadhatun | ingkang măngka têtêngêr duta sajati | iyèku anggawa jêruk | tumuli sira dèn gatos ||

cêkêlên janma iku | cêmplungna mring pangobongan murub | aywa kongsi janma iku datan lalis | janma ingkang tampi dhawuh | sandika manut kemawon ||

dupi sri nata kondur | nulya dhawuh alon marang Sabur | sira Sabur ingsun duta ing saiki | enggal amaringna jêruk | mring onggyaning juru obong ||

paringna jêruk iku | aywa pisan sira kongsi kliru | alon nêmbah Sabur gita nulya mijil | riwusing Sabur lumaku | sri nata nimbali uwong ||

kadhawuhan tumutur | mêmanuki mring lakune Sabur | dyan sri nata dhawuh gatinya tinuding | sandika nulya umundur | amung tungkakan kemawon ||

nanging kêpêksa kantun | dening Sabur rikat lampahipun | ing wusana wruh Sabur mampir mring masjid | araryyan sêmbayang luhur | janma pan sumusul alon ||

nanging datan kadulu | awit awor lawan janma rubung | amung anon jêram gumlundhung ing siti | wêkasan ing cipta tuwuh | mèt pangalêmbanèng katong || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


sinaunipun. (kembali)
tidha-tidha. (kembali)
katêrangakên. (kembali)
rêrigên. (kembali)