Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-05, #310

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-05, #310. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-05, #310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 80,1 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 5 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1253] ---

Ăngka 80,1 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 5 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Lèpèn Musi (Palembang)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kapal Wega, ingkang dipun titihi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral nalika rawuh ing Palembang.

--- 1254 ---

Raos Jawi

Wulang Kina

Tatanipun tiyang gêsang punika botên oncat saking piwulang sae, inggih sintêna kemawon, sanadyan botên purun angèstokakên suraosing piwulang sae, nanging tamtu mirêng, dene cacahing piwulang tanpa wicalan, kenging dipun wastani ing jagad punika kêbak piwulang.

Tumrap tiyang ingkang sampun kulina amrangguli dhatêng suraosing piwulang sae, rumaos ngantos bosên, dening wosing piwulang wau botên liya namung gadhah pamurih, supados tiyang anglampahi kasaenan. Bab makatên wau sabên tiyang sampun mangrêtos, tuwin pundi wontên tiyang botên niyat badhe sae. Jalaran saking kathahipun piwulang, makatên ugi saking sabên tiyang sampun mangrêtos, malah lajêng botên purun anglampahi babarpisan, amargi saking sampun mangrêtos dhatêng kajêngipun.

Nanging mênggahing ginêm, tiyang rêraosan punika tinimbang raosan awon, luwung raosan sae.

Ing sêrat karangan Rănggawarsitan wontên wulang makatên: lakune wong urip iku:

1. kudu mêruhi rêrupan kang kadulu, 2. ngrungokake kang kêrungu, 3. anggănda kang kambu lan, 4. ngrasakake marang rêrasan.

Wulang wau sanadyan sawêg dumugi samantên, tiyang lajêng sagêd anglajêngakên piyambak: wose rak dikon bêcik ta. Inggih lêrês kajêngipun makatên, nanging nama taksih grêban, kajênging imbang-imbanganipun, ingkang nama awon lan sae dèrèng kapratelakakên, jalaran saking taksih grêban wau, sok adhakan lajêng dipun tindakakên kanthi garoboh, sakeca kemawon, upaminipun: ngrungokake kang kêrungu, tumrap raosan sae: ajêng, awit pancèn wajib nanging mirêng raosan awon, upaminipun nyantên awoning tiyang, inggih ajêng, awit adamêl sêgêring badan. Makatên sapanunggilanipun.

Lajênging piwulang: nanging kosokbaline, aja nonton kang ora katon, aja ngrungu kang ora kêrungu, aja ngambu kang ora kambu lan aja rêrasan kang ngayawara.

Ing ngriku sampun katingal mênggahing ancêr-ancêripun pamilah, kajêngipun: tiyang supados namung nindakakên ingkang nama pandamêl sae.

Lajênging têrangipun: wong mêsthi sumurup ala lan bêcik, kang ala singkirana, kang bêcik tuladên, dene karêping: 1. Aja nonton kang ora katon, iku wong ora prêlu nyumurupi wêwadining liyan kang dikêkêr, awit saupama sumurupa, mung bakal gawe rêkasa, banjur disêbut dadi wong anglêngan, têgêse kaduk ing pandulune, dhêmên [dhê...]

--- 1255 ---

[...mên] ngênginjên kang wajibe ora prêlu disumurupi. 2. Aja ngrungu kang ora kêrungu, iku wong aja ngrungokake sabawa kang mokal, yèn krungu kang kaya mangkono, malah tutupa kuping karo pisan, awit wong kang dhêmên ngrungokake ucap kang ora bêcik, aran wong anglêngan, kuping tansah malompong kanggo dêdalan rêrasananing liyan. 3. Aja ngambu kang ora kambu, têgêse gănda kang ora anggêpoki mênyang awake dhewe, ora pantês diingsêpa, mundhak aran dadi wong anglungan, awit mundhak dhêmên salah gawe, sabên ana pawarta apa-apa kudu arêp diwêruhi, măngka ora migunani apa-apa mênyang awake dhewe, pakolèhe malah gawe kapitunan. 4. Aja rêrasan kang ngayawara, têgêse aja calathu kang ora ana gawene, kaya ta gêguyon sêsêmbranan, awit gampang ngilangake wêweka, saya manèh ngrasani kang dudu bênêre, saênggon-ênggon nyah-nyoh ngrasani alaning liyan, dahwèn, sapanunggalane, awit wong kang mangkono iku, ing sadurunge malah wis ketok munculake alane dhewe, tandhane wis kêdhêdhêran wiji ala, lan banjur aran dadi wong anglingan. Anane aran mangkono, dening unine mau durung mêsthi anggêpoki awake dhewe. Dene kalakone kabèh mau mung saka anon tiron, dadine kalawan tumandang, bêcike kalawan tabêri nalatèni, lêstarine kanthi pangati-ati.

Kajênging piwulang sadaya wau sanadyan namung ringkês, manawi dipun ulur sagêd ngambrah-ambrah tanpa watêsan, nanging manawi dipun ringkês namung sakêdhik anyêkapi. Mênggah wos-wosipun amêngku kajêng bab pambabar lan pangringkêsing păncadriya.

Tumrap para ahli raos, bab punika bokmanawi sagêd anggalih, kenging kangge tuntunan wiwitanipun sinau ngambah margi lêrês, nanging manawi mirid suraosing Sêrat Tumurunipun Wijining Manungsa malah kinosokwangsul, sampun araos inggil sangêt, inggih punika nalika Pangeran aparing prajanji dhatêng wijining manungsa, ungêlipun makatên:

[Sinom]

Kapisan ywa limut sira | kalimput pijêr umèksi | mring rêrupane kawarna | tan miyat sarira mami | kapindho aywa lali | ngrungu pangandikaningsun | karana kuwur myarsa | mring sabawalènirèki | kang ngalingi marang pangandikaningwang ||

kaping tri dèn mèngêt sira | anggănda sarira mami | ywa limut pijêr anguswa | ing gănda liyanirèki | ping pat kudu ngicipi | rasaning sariraningsun | aywa pijêr mirasa | maring saniskarèng bukti | … ||

Mênggah wosing panggagas, wulang ing nginggil nyariyosakên wulang tumrap tiyang ingkang sampun kalimput, dene ing ngandhap pêpèngêt sadèrèngipun kalimput.

Nyumanggakakên. Jugul.

--- 1256 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78

Gudèl wau dipun suntik ngangge ilunipun:

1. Gudèl sanèsipun ingkang sakit cacar

2. Lare ingkang sawêg sakit sarana kacacar, utawi:

3. tiyang ingkang sawêg sakit cacar. Dene ingkang katindakakên adatipun ingkang nomêr 2.

Gudèl wau mêsthinipun lajêng sakit, ilunipun kapêndhêt, nanging punika taksih mutawatosi tumrap manungsa, dèrèng kenging dipun angge, taksih kêras. Ilu wau lajêng kalêbatakên (kasuntikakên) malih dhatêng gudèl sanèsipun, makatên salajêngipun ngantos tundha kaping tiga utawi sakawan. Ilunipun gudèl ingkang kantun piyambak punika ingkang sampun kenging dipun angge, nanging taksih dipun campur malih kalihan toya, sarta glycerine (băngsa lisah).

Glycerine punika gadhah daya nulak bêbosok lan ngicalakên dayaning kewan lêmbat-lêmbat (kruma). Dados ilu wau manawi kangge nacar botên sagêd katutan wiji sêsakit sanèsipun.

Ingkang sampun kaolah wau lajêng kalêbêtakên ing gêndul alit-alit, kenging karimat, nanging manawi langkung sawulan sampun botên kenging dipun angge.

Kadospundi lampahipun anglêbêtakên wiji cacar wau dhatêng badaning manusa. Para priyantun ugi sampun priksa, inggih punika sarana pèn (vaccinostijle).

Kala jaman rumiyin ingkang dipun angge wiji cacar punika, ilunipun tiyang sakit cacar, sarana katular-tularakên dhatêng tiyang sanès. Ingkang makatên punika nguwatosi, amargi kajawi wisa wau taksih mandi sangêt, ugi sagêd katutan wiji sêsakit sanèsipun ingkang dumunung wontên ing tiyang ingkang sakit cacar, utawi ingkang kacacar.

Sadèrèngipun nyuntik, pirantosing suntik pèn (vaccinostijle) kêdah rêsik, dipun godhog rumiyin, awit manawi pènipun wau rêgêd wontên wijinipun sêsakit, punika sagêd adamêl sêsakit sanèsipun dhatêng ingkang dipun suntik.

Sêsakit Pès.

Panjagi lan panulakipun.

Saking papriksan lan pangudinipun para dhoktêr ingkang linangkung, samangke sampun kapanggih, manawi sêsakit pès punika aslinipun saking sêsakit tikus, sababipun ing badanipun tikus kalêbêtan basil pès.

Awit saking kawontênan warni-warni, sêsakit wau sagêd nular dhatêng manungsa.

Basil pès punika ingkang manggihakên Dr. Yersin, sangêt lêmbatipun, manggèn wontên ing êrah, idu, sêsukêr lan uyuhipun tikus utawi tiyang ingkang katrajang sêsakit wau. Manawi êrah utawi idu ingkang wontên wijinipun sêsakit pès dipun priksa mawi microscoop, basilipun katingal [katinga...]

--- 1257 ---

[...l] muyêg kathah sangêt.

Mila sêsakit punika sangêt kêrasipun, ingkang katrajang mèh sadaya dados tiwasipun.

Sagêdipun tikus nularakên sêsakit wau dhatêng tikus sanès, jalaran saking pinjal-pinjal ingkang sampun nêdha utawi nyêrot êrahipun tikus ingkang sakit pès lajêng pindhah dhatêng sanès tikus nyakot utawi nyêrot êrahipun dados katularan, salajêngipun tikus ingkang pêjah kenging sakit pès punika kulitipun asrêp, mila pinjal-pinjal botên kraos manggèn ing ngriku lajêng kesah mlêtik-mlêtik ing pundi-pundi, manawi kalêrêsan wontên tikus sanès lajêng dipun encoki lan nêdha nyêrot êrahipun dados nularakên sêsakit wau, manawi botên wontên tikus sanès, pinjal-pinjal botên sagêd nêdha, dados luwe. Jalaran saking luwe pinjal-pinjal wau nêmplok utawi nimbal dhatêng sanès kewan utawi tiyang ingkang wontên sacêlakipun. Pinjal-pinjal wau sami nyakot utawi nêdha êrahipun ingkang dipun temploki wau, wusana kewan utawi tiyang dados katularan sêsakit pès wau.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun papan ingkang wontên susuhipun tikus.

Tandhanipun manawi pinjal wau sagêd nularakên, dipun cobi makatên:

1. Tikus ingkang sampun dipun suntik pès. Dados kenging sakit pès, pinjal-pinjalipun botên dipun icali. Tikus pès wau dipun kêmpalakên kalihan tikus sanèsipun, sêsampunipun tikus pès pêjah, botên antawis dangu tikus sanèsipun sami sakit pès ngantos sami pêjah.

2. Tikus ingkang sampun sakit pès pinjal-pinjalipun dipun icali lajêng dipun kêmpalakên tikus sanès ingkang saras. Tikus pès pêjah, nanging tikus saras botên sakit botên pêjah, wilujêng.

3. Wadhah kurungan ingkang rapêt dipun bagi kalih panggenan (kothakan) mawi dipun singgêt gas alus, ing kothakan satunggal dipun lêbêti tikus sanès, ing kothakan sisihipun dipun lêbêti tikus pès ingkang kathah pinjalipun, botên dangu tikus pès pêjah, nanging tikus ingkang saras botên sagêd katularan sakit pès, jalaran pinjalipun botên sagêd nimbal, kaalangan dening gas alus wau. Badhe kasambêtan.

--- 1258 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79.

Kuping punika manawi rêsik sarta warninipun sêgêr, wahananipun sagêd ayêman manah, dene manawi kuping kulitanipun biru cêmêng sarta warninipun garing aking, punika wahanipun awon, kuping ingkang kados makatên wau, salaminipun gêsang tansah mlojang-mlajêng (botên sagêd têtêp manggènipun), tur rêkaos anggènipun pados pangupajiwa. Gligir-gligiranipun kuping manawi warninipun biru sêmu cêmêng, punika awon, ingkang makatên wau botên sagêd dangu gêsangipun. Kuping ingkang warninipun pêthak kados sela marmêr punika sae. Godhohipun kuping manawi kandêl, utawi bundêr kados mutyara amêntêlung, sarta warninipun abrit sêgêr, punika sae sangêt, sugih băndha, sugih dahulat, manawi anjăngka pados padamêlan satus warni inggih sagêd kalêksanan utawi sagêd kadadosan sadaya. Tiyang ingkang gadhah kuping kados ingkang kasêbut nginggil punika, wiwit ngumur sataun dumugi ngumur gangsal wêlas taun sagêd ngayomi dhatêng bapa biyungipun. Manawi kuping alit wangun lancip andalêjêr kados wuluning jêmparing, punika winastan: kuping kêthèk, tiyang ingkang gadhah kuping makatên punika awon, ingkang têmtu manawi sugih, enggal mlarat. Bolonganing kuping manawi alit utawi ciut, punika awon, tiyang ingkang gadhah kuping makatên wau bodho, sarta botên gadhah kasagêdan punapa-punapa, tur cupêt ngumuripun. Bêbasaning kitab mungêl makatên: bolonganing kuping mung sêdhêng sagêdhening êdom, iku ing salawas-lawase tansah nandhang ing kêmlaratan. Kuping ingkang sangêt tipis, punika botên sae. Sarta wiwit ngumur 1 taun dumugi 15 taun, damêl sêbêling tiyang sêpuhipun. Ing kitab ugi mratelakakên, bilih tiyang ingkang kupingipun dhamis kados dalancang, amêsthi mlarat wah cupêt ngumuripun. Kuping ingkang kandêl agêng nglèmbrèh dumugi pundhak, punika sae sangêt, tiyang ingkang kadunungan kuping kados makatên wau, saèstu sagêd minulya sarta panjang umuripun, sagêd langkah saking umur 80 taun. Kuping manawi agêng wiyar panjangipun wontên 4 dim, inggil andalêjêr, nglèmbrèh dumugi pundhak, punika candraning kuping ingkang sae, tiyang ingkang kadunungan kuping kados makatên wau tamtu sagêd sugih singgih tur sagêd luhur darajatipun, wah panjang umuripun, kados Sang Prabu Laopa, ing jaman Samkok, ingkang seda nalika taun Mêsèi 223, kocaping cariyos sang prabu wau karnanipun ngalèmbrèh dumugi pundhak, netranipun manawi nglirik sagêd pirsa karnanipun.

Sang Prabu Songdaeca (Tyo Gong In) raja ingkang kapisan ing karajan Songtya, ingkang wiwitipun jumênêng kala taun Mêsèi 970, kacariyos tutukipun sang prabu wau awangun pasagi,

--- 1259 ---

karnanipun agêng, ing kitab Syatwat, winastan: Tyangkang tae hae, têgêsipun: kali dawa, sagara gêdhe, tyang = panjang, kang = lèpèn, tae =agêng, hae =sagantên, mila pambêganipun sang prabu inggih paramarta, wah luhur darajatipun, sarta panjang yuswanipun. Ing nglêbêt kuping manawi tuwuh wulunipun punika sae, wahananipun sagêd panjang umuripun.

Alis

Alis punika sae ingkang panjang wiyar rêsik, wangunipun kados wulan tanggal nèm. Bongkot tuwin pucukipun ingkang kandêl. Mênggah alis sae ingkang panjang, awit alis kaku kaupamèkakên ratu, mripat kaupamèkakên pêpatihipun, pramila jaliriting alis sae ingkang ngungkuli panjanging mripat. Manawi tiyang alisipun cupêt, punika adat sok botên patos gadhah sadhèrèk. Sanadyan gadhaha sadhèrèk satunggal kalih utawi tiga ananging wusananipun sok botên sagêd langgêng. (Badhe kasambêtan)

R. Singgih

Jagading Wanita

Kamajênganing Wanita

Ing karangan punika ngêwrat gambaripun Sustêr Warsiyam, ingkang kala ing taun 1928 lulus pandadaran A Ziekenvepleging ing Wilhelminagasthuis Amsterdam, saha lajêng nyambut damêl wontên ing griya sakit gêmintê ing nagari Walandi, ingkang sapunika nglajêngakên sinau Vroedvrouw.

Sustêr Warsiyam punika asli saking Surakarta, putranipun Radèn Ngabèi Wiryapuspita, abdi dalêm ing Kasunanan Surakarta. Dene wontênipun dumugi ing nagari Walandi ing ngriki botên kacariyosakên, nanging para maos sagêd anggalih, bilih kawontênanipun Sustêr Warsiyam punika satunggaling kamajêngan.

Ing bab punika tamtu sadaya damêl wunguning panggalihipun para mudha wanita, awit padamêlan wau ugi nama satunggiling padamêlan wanita ingkang sagêd anocogi kalihan kawontênanipun, têgêsipun sagêd dipun tindakakên ing wanita kanthi srêging manah.

[Grafik]

Sustêr Warsiyam

Ing kitha ingkang agêng-agêng ing tanah Jawi, inggih sampun wontên wulangan ing bab padamêlan ngupakara tiyang sakit, utawi dados dhukun bêranak, kados sintêna kemawon inggih sampun uninga, nanging tumraping băngsa Jawi ingkang angsal pasinaon wontên nagari Walandi kados Sustêr Warsiyam punika dèrèng wontên, mila pantês dados têtuladan. Saya manawi benjing lulus sagêd dados Vroedvrouw, ajinipun tamtu beda kalihan ingkang

--- 1260 ---

wêdalan ing ngriki.

Kamajêngan wanita ing bab babagan punika, sayêktosipun migunani agêng sangêt tumrapipun ingakathah. Kados para maos taksih kèngêtan (bokmanawi sapunika inggih taksih wontên) ing bab tumindaking pitulungan ingatasipun tiyang sakit utawi tiyang manak ing kampung-kampung tuwin ing padhusunan, ingkang dipun tindakakên dening tiyang ingkang botên angsal wulangan saking tiyang ahli, punika sanadyan botên tamtu adamêl kasangsaran, ananging manawi dipun manah kanthi lêlambaran sêsêrêpan sawatawis, lajêng sagêd damêl botên srêgipun manah, têrang bilih tumindaking têtulung namung saking blilu tau, lan kasêmbadaning tindak balilu tau punika mantukipun namung tumrap têtulung ingkang tanpa sabab, balik wontên sababipun punapa-punapa, ing ngriku sawêg sumêrêp, bilih dayaning wulangan punika wontên.

Saya malih ing bab têtulung tiyang sakit, punika têrang sangêt bilih tindakipun tiyang ingkang angsal pangajaran, beda sangêt kalihan ingkang botên, awit kajawi sagêd nindakakên tumindaking jampi ingkang sagêd damêl kasarasan, ugi nindakakên rekadaya rêrigen murih sakecaning badanipun ingkang sakit, kanthi patrap alus tuwin budi sarèh lan sapanunggilanipun.

Ingkang punika Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi Sustêr Warsiyam kasêmbadana ing sêdya, lan sagêd nêtêpi tumindak ing wajibipun.

[Grafik]

Arak-arakan para wanita Moskou, mèngêti wiwitan pêrang dănya. Ucapipun para wanita wau: kula botên nêdya pêpêrangan, nanging manawi nagari wutah rah kula dipun têmpuh ing tiyang, inggih kula lawan.

--- 1261 ---

Jagading Sato Kewan

Pêksi Anèh

Karangan aciri pêksi anèh ing Kajawèn nomêr 68 katandhan sadhèrèk, Wir ing Sêmarang, punika sadaya ingkang kaandharakên cocog kalihan kawontênanipun ing padunungan kula (tanah Malang). Nanging prayoginipun samangke kula kêparênga tumut nguruni ing bab pêksi anèh malih sawatawis, inggih punika pêksi rangkok.

Pêksi rangkok punika padununganipun ing wana agêng, tumrap ing jajahan Malang ingkang kathah ing pasisir kidul, agêngipun ngungkuli pêksi sandhanglawe, ulêsipun cêmêng mawi pêthak ing swiwi, dados kenging ugi kasêbut: tulak. Pasabanipun ing rawa-rawa, momoranipun inggih pêksi sandhanglawe wau, jêr ulêsipun mèh sami. Namung kaot agêng, sarta ing sirah wontên culanipun, wujud balung sambunganipun cucuk, warninipun abrit jêne, yèn dipun tingali sagêbyaran mèh kados cènggèr, nanging nylêkanthung minggah.

Anèhipun pêksi satunggal punika wau manawi pinuju nigan, limrahipun ing gowok, ingkang ngêngrêmi inggih rangkok èstri, nanging kauningana, sêsampunipun ingkang èstri angrêm, ingkang jalêr lajêng ngupados tangsul awarni băngsa oyod-oyodan, prêlu kangge nyumpêti korining gowok, dipun krawat-krawat kêkah, supados bojonipun botên sagêd mêdal, namung inggih dipun dèkèki bolongan sacêkaping cucukipun kemawon, awit manawi ingkang èstri pinuju angrêm, ingkang jalêr ngupadosakên têdha, dados gêsangipun ing salêbêting angrêm namung sarana kaloloh dening ing jalêr.

[Grafik]

Pêksi Rangkok

Kawontênan ingkang makatên wau, sawênèhipun [sawênèhi...]

--- 1262 ---

[...pun] tiyang padhusunan wontên ingkang mastani bilih pêksi rangkok punika gadhah manah cupar, katitik saking patrapipun wau. Yèn tiganipun sampun nêtês, tangsul wau sawêg kabikak, wontên ingkang ngintên kuwatos yèn ingkang èstri dipun pèk bojo ing rangkok sanès.

Nanging mênggahing pamanggih kula, pratikêlipun rangkok jalêr wau sae, awit supados ingkang èstri jênjêma anggèning ngêngkrêmi tiganipun, dados nuntên nêtês, amargi wulunipun awis-awis. Tăndha yêktinipun yèn mibêr nyuwara: bos, bos. Lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Nirasa, Tumpang, Malang.

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XXVII. Cuthêling carita

[Dhandhanggula]

ing nagara uwis nata miji | para abdi sing bakal angarak | mung anjupuk sacukupe | barêng wis tata nglumpuk | nuli budhal nyang Karangsari | ing ngarêp wis utusan | abdi paring wêruh | nyang ênggone Karyatapa | yèn ing mêngko arêp ana sing ngrawuhi | ratu saka nagara ||

Karyatapa atêtakon nuli | dene ratu dhatêng padhusunan | punapa mênggah prêlune | wah kula kang pun jujug | tamtunipun ngisin-isini | malah kapara nistha | ratu karsa rawuh | dhatêng ing panggenan kula | nanging kula yêktosipun sampun ngrêti | tamtu Kêsèd punika ||

ratu ingkang sampun nate mriki | bokmanawi inggih anak kula | yêktos kula botên ngame | utusan ketok gumun | yèn nyataa nganèh-anèhi | Karya nuli akăndha | sampun ta ing ngriku | lajêng atata-tataa | kula botên ngrêtos cara ing nagari | lan kula tiyang mlarat ||

abdi iya tata-tata nuli | amasangi tarub wêwangunan | ya mung saana-anane | nganggo palêngkung janur | nganti kêbak ing ngêndi-êndi | Karya nganti anyapa | bok sampun priyantun | botên prêlu kathah-kathah | ing padesan mindhak katêragan krambil | prêlunipun punapa ||

Karyatapa dandan ambathithit | bêbêd latar putih sêmèn rama | sawit ambranang sogane | rada kêladuk kudhu | caking ikêt plêg andesani | blabagan ora tata | mencang-mèncèng mlêndhung | tur klèru êcake ngiwa | jebehane ngêcocong mung munggah siji | siji sèngklèh nèng pundhak ||

mondholane aterong kêpuntir | mung disampe karo tangan kiwa | dadi ketoke maletre | bêbêdane amunjuk | ketok jigrang malah mantêsi | sabuke ijo tigas | nanging banting tikus | èpèke bludru sulaman | klambi irêng mung ing gulu sing kumancing | dhasar bêskap caluthak ||

--- 1263 ---

nganggo kêris răngka ladrang kusi | saka suwe ana ing simpênan | ukirane sajak ngece | disêrêt nganggo rambut | pating sruwut amêmêdèni | kêluwusing ukiran | nganti kaya tledhung | ora lali nganggo nginang | lambe ngisor dikoki ênjêt sathithik | kanggo tulak sêngkala ||

nadyan kau ananging ya brai | wise rampung nuli nyang pakiwan | anginguk banyu rekane | nuli cêk nyandhak kuncung | disipatke irung adhamis | nganggo miring sadhela | sirahe dipuk-puk | tumuli mêtu nyang jaba | mung kapenak sajak ora duwe wêdi | yèn kadhayohan raja ||

ora suwe wong-wong pating jlêrit | padha alok yèn dhayohe têka | para abdi gugup kabèh | tumuli padha mêthuk | Karyatapa diacarani | măngga ta mêthuk mrika | gusti sampun rawuh | Karya mangsuli kapenak | inggih gampil amêthukakên ing gusti | yèn dede anak kula ||

nuli ketok dhayohe gumridig | Karyatapa cêtha gone nyawang | karo alok alon ngene | lha tênan rak anakku | aku uwis krasa ing ati | sijine kae sapa | lho kok Wêkêl iku | apa iya dadi raja | dene padha bagus aku nganti pangling | kae biyangne apa ||

Êmbok Karya nuli malayoni | karo kăndha sêmune abungah | uwis bêgjamu pakane | dene anak-anakmu | padha dadi ratu asugih | wis padha rabi brêgas | iya putra ratu | wis ta gêlis pêthukêna | Karyatapa barêng anjangkah marani | anake padha mara ||

ratu loro tumuli dikanthi | rêrentengan karo ingkang garwa | wong ing kono cingak kabèh | ora ngrêti ing rêmbug | êmung padha mandhêg ngêntèni | dhêrêg ana ing jaba | mantèn padha mlêbu | sauwise tata lênggah | ge-binage Karyatapa clathu nuli | anglairake bungah ||

aku bangêt sukur ing saiki | dene kowe wis padha katêkan | apa sing kokarêpake | wis suwe aku krungu | kabèh padha nêmoni bêcik | sukur dene ta padha | gêlêm têka nginguk | bungahku ora karuwan | iku kêna gawe peling têmbe buri | tumraping kautaman ||

karo manèh kêna kanggo peling | yèn mungguhing lakune wong lumrah | lakumu ing sakabèhe | padha bênêr lan luput | mung sing luput ya dadi bêcik | kaya kowe sing tuwa | upama kêbacut | kêsèdmu isih kogawa | bokmanawa sanadyan têkan saiki | durung nêmu kapenak ||

iya bênêr dadi ratu mukti | nanging mokal yèn ta lêstaria | awit ing ngêndi ênggone | kapenak bisa tulus | yèn oraa nganggo nglakoni | ing dhisike rêkasa | kaya-kaya mathuk | upama dipadhakêna | karo mukti kang bandhane saka asli | tinggalane wong tuwa ||

ing muktine mung kenakên lali | awit saka sabarang wis cêpak | ora wêruh rêkasane | mung ajêg gone ngêruk | suwe-suwe wis mêsthi gripis | dadi wong kêsèd nyata | sanadyan sêmpulur | utawa ditunggu bêgja | nanging gênah têmbene ora lêstari | uwis mêsthi koncatan ||

pinujune nuli bisa eling | ngrumasani wêruh bêcik ala | lan nindakke ing bênêre | ajaa mêsthi wurung | diêdohi rasaning mukti | lan mêsthi babar pisan | ora bakal dhaup | dimantu karo sang nata | malah bakal sangsara iku wis masthi | wis ora bisa oncat ||

ing mulane bêcik dielingi | bab anane nagara Mirasa [Mira...]

--- 1264 ---

[...sa] | mung kanggo upama bae | yèn uwong kêsèd iku | ora ana lêstari mukti | sanadyan nglakonana | sadhela wis rampung | beda lan wêkêl têmênan | satibane gampang olèhe rijêki | nyambuta gawe kuwat ||

dadi mungguh tindak nomêr siji | lah elinga uwong anom padha | bêcik sing doyan ing gawe | masthi ora kêduwung | bok goleka ing ngêndi-êndi | kêsèd dadi cacadan | uwong wêkêl thukul | mungguh cêkaking carita | lêlakon kang kocap ing carita iki | mung dongèng wulang blaka ||

wise tutug ana Karangsari | nuli padha bali nyang nagara | lan amukti dhewe-dhewe | ing têmbe buri lulus | Prabu Wêkêl anguwasani | Prabu Kêsèd kêbawah | wis jumênêng ratu | ora ana kara-kara | uwis cuthêl tênan critane saiki | bab nagara Mirasa ||

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Sowanipun Petruk ing Mangkunagaran

Sêmar : Wis Truk, saiki critakna anggonmu sowan nyang Mangkunagaran. Sanyatane mono aku gumun bangêt, ingatase kowe kok bisa sowan ing ngarsa dalêm kangjêng gusti. Ing măngka sakolahmu dhèk biyèn mung narima sakolah andhapan, têgêse andina-dina gawemu mung andhukiri tanduran tela duwèke tanggane. Dadi nyang kapintêran mêsthine iya mêntah, nyang pangajaran iya: mogol, apa manèh nyang tatakrama, têmtune iya ambêngkauk bangêt. Mara, ingatase sowan băngsa luhur, têka jèmbit mênyang têlung prakara mau, mêngko rak bisa kêsiku têmênan.

Garèng : Ma, sabênêre mono aku dhewe iya mèh sêmaput, barêng aku krungu yèn Petruk sowan nyang Mangkunagaran, ora wurung sing diala-ala iya panjênêngane rama lan aku: iya mèmpêr yèn ora wêruh tatakrama lan ora ngêrti basa, lha wong anake Sêmar sêdulure Garèng. Hara, apa ora kojur, turne anggonku mulangi basa nyang Petruk kuwi nganti cangkêmku theyolên ganêp sêlapan dina, ewadene iya mêksa isih klira-kliru bae. Masa, lagi anu kae didangu bêndara kangjêng, nèk arêp mangsuli ora wêruh, kuwi kudune rak:: ngapuntên dalêm apa kêpriye, wangsulane jêbul: gaêmpeyan. Apa ya gênah, kuwi, mulane nèk kiraku kanjêng gusti iya ora bakal rêna panggalih dalêm disowani wong kaya Si Petruk kuwi.

Petruk : Kuwi rak panêmune wong sing pèndhèk bêbudène kaya kowe, nèk panggalihing para luhur rak seje, sabab băngsa luhur kuwi waskitha, têmtune iya ora bakal enggal-enggal duka yèn ora ganêp pangaji-ajine, lan iya ora bakal rêna panggalihe yèn diaji-aji kang luwih saka mêsthine. Mungguh ênggonku ngaji-aji ora ganêp, kuwi aku dhewe iya ngrumasani, nanging aku bisa mêsthèkake, [mê...]

--- 1265 ---

[...sthèkake,] yèn panjênêngan dalêm kanjêng gusti mêsthi paring ngapura marang patrapku mau. Awit mungguhing pangrasaku ngadhêp marang para luhur kuwi, ora beda karo ngadhêp marang ingkang Mahakuwasa, têgêse: ana golonganing makluk sing pangadhêpe kanthi sampurna, tanpa mengo ngiwa nêngên, kajaba mung tumungkul marang sing sinêmbah bae, yaiku golonganing makluk sing dhuwur dhewe drajate, nèk cara santrine diarani: băngsa muntai utawa khawasul khawas. Lha golongan iki sing dianggêp pintêr têmênan tatakramane, yèn panêmbahè nganti kliru, têmtune iya olèh dêduka. Ana manèh golongan têngahan, nèk cara santrine jarene diarani: mutawasid utawa băngsa khas, lha, kiyi nyang tatakrama iya ngrêti, nanging ora pati sampurna, dadi nèk panêmbahe ora pati ganêp, têmtune iya dingapura. Dene golongan sing asor dhewe, jarene nèk cara santrine jeneng: mubtadi utawa băngsa: ngam, kuwi sanadyan panêmbahe marang Pangeran kau, grathul-grathul utawa tanpa tatakrama, têmtune iya ditompa bae, awit jalarane ora liya, sabab saka ora ngrêtine. Nèk aku kiyi kiraku, upamaa santri ngono, kêna dipadhakake bangsane: ngam, dadi nèk nyêmbahku sok kalalèn, drijine isih nyêpit rokok, klismah, utawa laku dhodhokku rada ngèmpêri asu ambrangkang, têmtune kangjêng gusti iya gêdhe pangapurane.

[Grafik]

Kajaba iku miturut pangandikamu, rama, sajake kaya mêsthèkake, yèn mung wong sing wêton sêkolahan kang gêdhe bae, kang sugih kapintêran apadene wêruh marang tatakrama. Sing daksêbut dhisik kuwi iya mula nyata, ning mungguh kapintêran sêkolahan, nèk bab tatakrama, kuwi nèk rumasaku sêkolahan mung ambantu bae, ora wajib mulang. Dene sing mulang marang tatakrama, kuwi sanyatane wong tuwa lan sêsrawungane sabên dina. Mulane sok ana bae para nonoman [nonoma...]

--- 1266 ---

[...n] sing wêton sêkolahan dhuwur, ewadene tatakramane, wis, wis, saking bêcike nganti kaya jathilan.

Sêmar : Lho, kok banjur lèsêng sadawan-dawan mêngkono, wis, wis, tumuli critakna bae laku lan sowanmu nyang Mangkunagaran.

Petruk : Lakuku saka Magêlang nyang Sala ora prêlu tak caritakake, awit kowe dhewe têmtune wis tau nglakoni. Tumêkaku ing Sala sing dak jujug ing Hotèl Pasar Pon.

Garèng : Lha, kuwi ma, nèk putramu Si Petruk. Sing diprêlokake dhisik iya kasênêngane. Pondhokane bae milih nyang hotèl, thik Hotèl Pasar Pon, prêlune nèk sore bisa pitêkur nyang Sriwêdari, tur panggonan wayang wong. Lan ora pisan-pisan anduwèni prihatin. Lumrahe wong arêp ngadhêp băngsa luhur kuwi, rak kudu disranani, apa ya maca: istiphar apa maca atining surat Yasin, ora-orane iya maca sing muni: sukmun bukmun, omyun phahum layar jiun, ngono kae, prêlune: atine bèn bisa wêning, utawa tindak-tanduke cikbèn bisa dirêsêpi marang sing diadhêpi mau. Nèk Petruk kok malah walikane, ora maca raphalan, têka malah anggêdhêpês lungguh mêngkêlung ana ing wayang wongan nganti sabubare, wusana barêng esuk, pikirane buthêk, matane andaluyup.

Petruk : Hêm, ya kuwi nèk Kang Garèng, ana-ana bae sing digunêm, nanging ora pisan-pisan angèlingi, yèn pagaweyaning jurnalis, sanadyan jurnalis cecrekan kaya aku kiyi, kudu ngumpul-umpulake cacitran lan pakabaran, awit saya akèh sing disumurupi utawa sing dialami, iya saya bisane ngisèni kalawarti utawa layang kabare sing dipangku, kajaba iku wong urip ana ing donya iku, wis mêsthine kudu sing prihatin, nanging kosok-baline iya kudu anduwèni sênêng-sênêng, cêkake loro-lorone kudu gêgandhengan, nèk ora mêngkono, apa prêlune para sêpuh sok paring piwulang mêngkene: ênggèr, bocah ênom iku kudu sing gêdhe prihatine, mungguh dikon gêdhe prihatine mau, karêpe ora liya iya mung supaya ing têmbe burine bisaa olèh kasênêngan kang gêdhe, dadi sing diudi iya mung mênyang kasênêngan lan kanikmatan. Aja manèh tumrape wong urip ora angudi mêngkono, lagi wong mati bae iya kudu ngudi mênyang kasênêngan kanikmatan, tandhane ana sing diwulangake mêngkene: he, para makluk kabèh, anggonmu ngibadah marang Pangeranmu sing têmên-têmên, supaya ing bêsuk yèn bali mênyang kamuksan, bisaa pinêthukake ing widadari sakêthi kurang siji. Mara, apa kiyi dudu jênêng jasênêngan utawa kanikmatan.

Sêmar : Wiyah, wong dikon nyaritakake anggone sowan nyang Mangkunagaran, kok banjur bab dakik-dakik ngono sing diomongake. Wis, wis, liya dina manèh bae padha dibanjurake.

--- 1267 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Salêbêtipun kawan minggu wiwit tanggal 13 Juli dumugi tanggal 10 Agustus, ing Indhonesiah wontên tiyang ingkang katrajang sakit pès, 322 sami tiwas, kawan minggu ing sadèrèngipun wontên 178.

Wontên tèlêgram saking Siyêm, martosakên, bilih pangeran Mahidol, seda. Sang pangeran wau rayi nata ingkang jumênêng sapunika, sawêg yuswa 35, calon sumilih kaprabon. Sang pangeran anggènipun gêrah pancèn sampun dangu, sakêdhap gêrah sakêdhap sênggang. Bab punika rancang-rancanganing lampah Nata Siyêm ingkang nuju wontên ing Indhonesiah botên ewah.

Ing Cimahi wontên tiyang kalih katrajang sakit pès, satunggal lare alit, satunggalipun tiyang sêpuh, kalêrês bapa piyambak. Ingkang sêpuh tuwas.

Kawartosakên, ing sapunika parentah sampun angadani ngêdêgagên pamulangan ăngka kalih cacah 75, manggèn sumêbar ing tanah Jawi. Kajawi punika ugi damêl H.I.S. ing Mistêr Kornèlês, Dhepok, Sukabumi, Grêsik, Malang, Fort van der Capellen, Lahat, Muntok tuwin Sibolgah. Lan ugi badhe miyarakên pamulangan Mulo ing Salatiga, Magêlang tuwin Prabalingga, Prinses Juliana School ing Ngayogya pamulangan guru tiyang siti ing Pordhêkok.

Pakêmpalan cabang P.N.I. ing Cirêbon, amradinakên pawartos, bilih kala tanggal 22 wulan kapêngkêr badhe parêpatan umum wontên ing gêdhong Mignon-bioscoop. Dhawahing dintên parêpatan, sangajêngipun gêdhong wau sampun kêbak tiyang, nanging lawangipun taksih minêb. Sarêng wontên tiyang ingkang nêdha katrangan dhatêng tiyang ingkang nguwaosi griya wau, dipun wangsuli manawi botên saèstu nyambutakên gêdhong wau. Salah satunggiling pangajêng P.N.I. nyobi rêrêmbagan kalihan tiyang kathah, nanging dipun awisi ing pulisi, wusana bibaran.

Kawartosakên, Tuwan Muhamad Hatah, mawungipun[1] pakêmpalan Indhonesiah, ingkang sapunika wontên nagari Walandi badhe wangsul, sapunika sampun tamat sinaunipun, nanging taksih ngêntosi anggènipun damêl prupsêkrip kintên-kintên gangsal wulan malih. Pakêmpalan-pakêmpalan pulitik ing ngriki, ingkang ambiyantu mragadi, badhe nyawung-nyawung tuwan wau.

Kawartosakên, ingkang Sinuwun Sultan ing Ngayogya ngintunakên tironipun bangsal kancana, kangge prêlunipun, Koloniaal Instituut ing Amsêtêrdham.

Wontên pawartos saking pulo Panjang, rêdi Krakatau katingal ebah malih. Sakawit siti karaos ebah, lajêng ngêdalakên kukus, inggilipun ngantos 150 m, lan ing nglêbêt inggih kamirangan gumlêdhêg.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1962 ing Tembok Gedhe (Surabaya). Wiwit 1/10-'29 panjênêngan pikantuk gratis Kajawèn. Dene manawi ngangkah sagêd nampi Kadj. lan P.P. gratis, kêdah nglêbêtakên 14 lêngganan ingkang kabayar sadaya. 14 x f 1.50 = f 21.- utawi lêngganan 9 kabayar sêdaya lajêng kawêwahan f 1.- 9x f 1.50 + f 1.- = f 14.50.

Lêngganan nomêr 1603 ing s.f. Ponèn. Rêgining Kajawèn kuwartal 4 punika sampun panjênêngan bayar lunas, dados benjing 1 Januari 1930 sawêg kula wêdalakên saking lêngganan.

Lêngganan nomêr 2023 ing Kwala Kapuas. Kajawèn nomêr 73 sampun têlas. Sampun dados panggalih, botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 4288 ing Tuban. Botên sagêd.

Lêngganan nomêr 2904 ing Suwatu. Kajawèn nomêr 55 sarta 58 t/m 65 tumrap lêngganan nomêr 3633 sampun kakintun nalika tanggal, 14/8-'29. Arta f 3.- inggih sampun kabage kalih.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 930 ing Bandhung. Kintunan panjênêngan gambar botên kapacak, amargi sampun kasèp.

Lêngganan nomêr 2597 ing Têluk Bayur. Kintunan panjênêngan gambar botên kapacak, amargi kirang cêtha.

Tuwan S.M. Diwarna, Ngayogya. Gambar cacah 8 iji kakintunakên wangsul, botên wontên ingkang prêlu kapêndhêt.

Almanak Dhindhing

Redhaksi Kajawèn nampèni almanak dhindhing Ansoroel Moesjawaroh saking sèkrêtarising pakêmpalan wau, wêdalipun almanak wau miturut karampunganing musawaratanipun para ngulama kala malêm Ngahad tanggal 1 Sura taun 1348. Almanak wau migunani agêng tumrap para kaum muslimin, awit mawi mratelakakên manjinging wêktu ing wulan Siyam 1348.

Rêdhaksi Kajawèn ngaturakan panuwun.

--- 1268 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

34

[Kinanthi]

ki patih lênggah tumungkul | rumasa kasoran mangkin | lan lêpat ing ciptanira | dènnya rumasa munjuli | lêpase ing lampahira | datan pisan angiribi ||

ing wusana alon matur | yèn parêng paduka kyai | paringa barkah kagunan | mring dasih kang tuna budi | mrih bangkit anênulada | pintên banggi ngirib-irib ||

lir paduka kang pinunjul | kawula wus ngrumasani | tuna saliring kagunan | Ki Wrêdha mangsuli ririh | kadare wong tuwa desa | ingkang pinriha punapi ||

yèn ta ing bab kawruh punjul | dunungipun nèng nagari | tan pisan wontên ing kula | ananging yèn anggèr apti | tampi kawruh kang sapala | ingkang nama ngèlmu nitis ||

ki patih suka kalangkung | nulya winulang sanggyaning | punang ngèlmu panitisan | salwiring rèh sampun bangkit | lêbda umanjing sakala | maring kang sarwa kumêlip ||

riwusing tulus tinêmu | pêpisahan kyai patih | anglajêngkên lampahira | têmah lampahira prapti | nèng madyaning wanapringga | ngunguning tyasira mijil ||

[Mijil]

kagyating tyas wau kyai patih | amulat kadhaton | dahat agung lan endah warnane | ngasorakên sasamining puri | nadyan nèng asêpi | ngujwala ngênguwung ||

jroning pura dahat katon sêpi | tan dèn ambah uwong | kyai patih alaju tindake | sapraptaning jro pura kaèksi | putri tanpa kanthi | ki patih sru ngungun ||

kyai patih wusing cakêt taklim | kanthi matur alon | dhuh suputri ulun matur mangke | punapa ta paduka sayêkti | sajatining janmi | sanès kang lêlêmbut ||

yèn ta janma têka elok yêkti | amung ijèn manggon | nèng madyaning wana kang agêdhe | nanging yèn ta sajatining êjin | mokal yèn kaèksi | wontên ing pandulu ||

angandika wau sang suputri | kula janma yêktos | putra Nata Sahrastan prajane | datan pae tyas kula sayêkti | agawok dupi wrin | andika kadulu ||

awit yêkti pilih-pilih janmi | prapta ing kadhaton | kang dumunung madyèng alas gêdhe | mila tuwan jarwaa sajati | sintên ingkang nami | prapta kusung-kusung ||

kyai patih awacana ririh | tan sajarwa yêktos | nama kula Karib sajatine | asli saking nagari ing Babil | prapta kula ngriki | nut paraning suku ||

ing samangkya kula minta warti | jarwaa sayêktos | dene putri wontên ngriki ijèn | paran anggèr ingkang dados marmi | kaparênga mugi | jarwa jatinipun ||

sang suputri angandika aris | kula jarwa yêktos | kula putra nata sajatine | kadi kang wus jinarwa ing ngarsi | Kamariyah nami | anglampahi tuduh ||

awit saking têdahing wong luwih | mênggahing wak ingong | anggung kinèn mèngêt salamine | aywa pisan-pisan jatukrami | lawan janma laki | kang cidra ing wuwus ||

wêwêling kang mangkana sayêkti | dahat kula raos | gung tumanêm têtêp kongsi mangke | datan ewah mung kula antêpi | ing pamuji mugi | sagêda lêstantun ||

sanalika kraos kyai patih | kataman pasêmon | dene nyata cidra ing ature | kang kadyèku sayêkti kawilis | yèn ki patih ugi | janma cidrèng wuwus ||

sang surêtna awacana malih | awrating wak ingong | saking mèngêt ing godha anane | ing pramila milalu pribadi | manggèn wontên ngriki | ayasa kadhatun ||

kang iyasa inggih jêng ramaji | mrih têtêpa manggon | katrêm têntrêm dinohan godhane | mung sapisan ing dalêm sasasi | jêng rama nuwèni | mring madyèng wana gung ||

sasampating ngandika sang putri | ki patih malênggong | nulya mundur alon ing lampahe | osiking tyas mangkya arsa bali | nadyan wuk[2] ing kardi | nanging mangguh tutur ||

yèku ing bab anane sang putri | kang dahat kinaot | yêkti dadya sri nata lipure | têmah laju lampahe ki patih | praptaning nagari | marêg ing sang prabu ||

aturira kula nuwun gusti | ulun atur wartos | lampah ulun cabar ing yêktose | tan sêmbada dinuta ing gusti | kidang tan pinanggih | sirna wontên purug |

nanging gusti kawula ngaturi | pawartos wigatos | kang kapisan gusti ulun mangke | antuk bagya mangguh ngèlmu gaib | saking tiyang luwih | kang elok kalangkung ||

dyan sajarwa wau kyai patih | sanggyaning lêlakon | nulya nyandhak mangkana ature | amba prapta madyaning wanadri | uning wontên putri | kang tuhu pinunjul ||

ngulatana salumahing bumi | lăngka lamun manggoh | putri ingkang mirib suwarnane | kang makatên mênggah ulun gusti | kalamun marêngi | măngga gusti rawuh ||

datan wontên kang pantês mêngkoni | dhumatêng sang sinom | kajawi mung paduka pamase | sri narendra dupi antuk warti | ing galih kêgingsir | nuli tindak sampun ||

tindakira mung kanthi ki patih | ing wusana rawoh | mring dununging Ki Wrêdha ing mangke | ing Basarkan kang kawêcèng ngarsi | ki patih wêwarti | sri nata kang rawuh ||

kaki matur dhuh gusti sang aji | paran karsa katong | dene rawuh wontên ngriki mangke | dhinèrèkkên ing rêkyana patih | kang tamtu wigati | karsa dalêm prabu ||

sri narendra angandika aris | inggih paman yêktos | kula kèlu maring pawartane | aturipun mring kula pun patih | paman apêparing | ngèlmu kang linuhung || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


sawungipun. (kembali)
duk. (kembali)