Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-16, #318

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-16, #318. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-16, #318. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 11-02-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 92, 13 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 16 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1443] ---

Ăngka 92, 13 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 16 Nopèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Gêdhong Pangadilan ing Brussel (Belgie)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun gêdhong pangadilan ing Brussel. Kacariyos ing sa-Eropah kalêbêt gêdhong pangadilan ingkang agêng piyambak, wêwangunanipun manut gagrak enggal. Isi papan parêpatan wiyar-wiyar 27 panggenan, tuwin papan cêkapan tuwin gêdhong-gêdhong 245 panggenan.

--- 1444 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Ewah-ewahaning Pangrèh Praja (Bestuurshervorming, Provincie, Regentschaps-Raad)

Sambêtipan Kajawèn nomêr 91.

Ing ngajêng sampun kaandharakên bab bagiyaning jajahan Indhia Nèdêrlan, ingkang sampun wontên Gewestelijke Raad, Plaatselijke Raad utawi Gemeente Raad. Wusana kamajêngan kita tiyang pribumi tansah mindhak-mindhak, gadhah kêpengin ugi tumut urun-urun rêmbag dhatêng paprentahan. Sarèhning nagari ambiyantu ugi, kadadosanipun lajêng wontên ewah-ewahaning pangrèh praja (Bestuurshervorming). Kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil, ing ngriki ancasipun Bestuurshervorming ugi kamot wontên ing Regeerings Reglement utawi wet op de Indische staatsinrichting, ingkang salajêngipun dipun ronce dening Provincie ordonnantie Regentschaps ordonnantie, Provincie kiesordonantie sarta Regentschaps kiesordonantie. Tumapakipun Bestuurshervorming punika wontên ing taun 1925 wiwitipun sapisan ing Jawi Kilèn, ing taun 1929 ing Jawi Wetan, ing taun 1930 ing Jawi Têngah. Dados ing taun 1930 ing tanah Jawi ngriki sadaya paresidhenan cara kina (gewesten) ical, nanging icalipun paresidhenan punika, ing tanah Jawi wontên wêwêngkon 3, Jawi Têngah, kilèn sarta wetan, nama Provincie. Pangrèhipun nama Prpvinciale-Raad, ingkang dados pangarsanipun Prpovinciale-Raad tuwan gupêrnur. Ing salêbêtipun Provincie wontên wêwêngkon alit-alit malih ingkang ugi gadhah pangrèh namanipun Regentschaps-Raad.

Sapunika sampun dumugi bab Regentschaps-Raad. Mênggah bedanipun pangrèh kabupatèn sadèrèngipun wontên Regentschaps-Raad kalihan manawi sampun wontên inggih punika:

1. Sadèrèngipun wontên Regentschaps-Raad, ingkang kuwaos ing salêbêtipun kabupatèn, inggih punika ingkang bupati. Tiyang pribumi sadaya namung nampi dhawuh nagari lumantar ingkang bupati. Tiyang pribumi botên kawênangakên tumut urun-urun rêmbag.

2. Sasampunipun wontên Regentschaps-Raad ingkang dipun wajibakên dados pangrèhing kabupatèn inggih punika a. Regentschaps-Raad, b. ingkang bupati. Utawi a. Regentschaps-Raad, b. College van gecommitteerden, c. ingkang bupati. Ing sarèhning ingkang sawau pangrèhipun namung saking ingkang bupati, măngka sapunika dening pangrèh warni tiga, sampun têrang manawi pangrèh ingkang samangke punika langkung utami tinimbang kalihan ingkang rumiyin.

Regentschaps-Raad punika kadadosanipun saking pangarsa sarta warganipun. Ingkang dados pangarsa inggih punika ingkang bupati, ingkang dados warganipun inggih punika têtiyang ingkang manggèn ing salêbêting kabupatèn. Kathah kêdhikipun warga miturut jiwa salêbêting kabupatèn. Ingkang dados warga

--- 1445 ---

botên ngêmungakên tiyang pribumi, nanging ugi tiyang băngsa Walandi sarta băngsa ngamănca, sadaya kêdah manggèn ing salêbêtipun kabupatèn. Sawênèhing warga wontên ingkang dadosipun mawi dipun pilih, sawênèh dipun têtêpakên ing tuwan gupêrnur. Kajêngipun para warganing Regentschaps-Raad punika sadaya dados wakiling têtiyang ing salêbêting kabupatèn, satunggal-satunggalipun makili bangsanipun ingkang sami manggèn ing kabupatèn punika. Para warga sadaya wau kawênangakên andhèrèk, ngrêmbag sadaya pangaturan ingkang badhe katindakakên ing salêbêting kabupatèn, sadaya pirêmbag-pirêmbag wau dipun kêmpalakên dados satunggal, pundi ingkang dipun muphakati kathah piyambak, punika kangge karampunganipun, sarta kenging katindakaken. Pirêmbaging para warga sarta pangarsa punika sadaya, kajawi tumrap bêtahipun piyambak (autonomie) ugi bêtahipun nagari (zelfbestuur).

Ingkang dados padamêlanipun Regentschaps-Raad punika warni-warni sangêt, kajawi ngrêksa sarta miyara margi-margi ingkang sanès bageyanipun, Provinciale Raad, alun-alun, patamanan-patamanan, kalèn kangge ambucal sêsukêr, griya pompa, pajagalan, dilah-dilah kangge madhangi kitha-kitha, pêkên, pasangrahan, ugi amranata sanès-sanèsipun upami babagan têtanèn, bang dhusun, pêgat ningkah, narik pajêk, nyambut arta, sagêd ngunjukakên aturan (voorstel) dhatêng Provinciale Raad utawi nagari, tuwin sanès-sanèsipun ingkang kagolong bêtahipun kabupatèn sarta botên dados wêwênangipun Provinciale Raad utawi nagari.

Regentschaps Raad punika ugi nama ngadêg piyambak (Zeelfstandig rechtsgemeenschap), nanging botên nama ucul saking nagari (onafhankelijk). Regentschaps-Raad wau dipun awat-awati dening Provinciale Raad utawi nagari. Upaminipun:

a. Manawi Regentschaps-Raad adamêl pranatan bab pajêg utawi sanès-sanèsipun ingkang prêlu, kados ta tumbas utawi sade siti, kêdah pikantuk idinipun nagari utawi Provinciale Raad (College van gedeputeerden).

b. Manawi wontên pranatan ingkang kirang prayogi tumrap umum, utawi botên nocogi kalihan mêsthinipun, kenging dipun cabut dening nagari.

Kados sampun cêkap anggèn kula ngandharakên bab Regentschaps-Raad punika. Têtela manawi padamêlanipun para warga Regentschaps-Raad, ingkang dados wakiling têtiyang ingkang manggèn ing kabupatèn punika, kirang prayogi manawi namung manut grubyug kemawon, nanging kêdah urun-urun rêmbag, klayan amanah kadospundi amrih saenipun sarta adilipun paprentahaning kabupatèn.

Manawi warganing Regentschaps-Raad sadaya tansah sami anggalih ingkang makatên klayan èstu, têmtu paprentahaning kabupatèn badhe tumindak sae, sarta sae tumrapipun têtiyang ingkang dipun bawahakên.

A.S.

--- 1446 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91

Watukipun sêsagêd-sagêd dipun ampêt. Suku lan pupunipun ingkang sakit ingkang asrêp dipun angêti sarana gêndul dipun isèni toya angêt dipun sandhingakên ing suku utawi pupu.

Jandhela kamar ingkang dipun ênggèni ingkang sakit kêdah kabikak, supados pikantuk hawa rêsik, botên kenging tiyang êsês ing kamar ngriku, amargi kêbul rokok punika botên sae tumrap ingkang sakit. Idu utawi riyak sampun ngantos dipun êlêg lan botên kenging sangêt-sangêt watuk (candhêt).

Dhoktêr ingkang dhatêng mriksa anjampèni suntikan morphine utawi gelantie.

Ingkang sakit kêdah kèndêl sawatawis dintên, nêdha têtêdhan ingkang êmpuk-êmpuk kados ta: sêkul tim, puhan, sop sapanunggilanipun.

Panjagi ingkang sakit kêdah tansah manggèn ing panggenan ingkang pikantuk hawa rêsik, ing griya ingkang kori jêndhelanipun wiyar, yèn dalu jêndhela kabikak kemawon, manawi siang manggèn ing jawi griya pados hawa ingkang rêsik.

Manawi lare ingkang sakit prayogi nêdha utawi ngombe levertraan (lisah ulam)

Lare-lare ingkang katingal ringkih gampil kenging t.b.c. prayogi dipun kintunakên dhatêng vacantiekolonie ing panggenan ingkang hawanipun sae.

Ingkang sakit botên kenging tilêm kêmpal kalihan ingkang saras. Idu lan riyak dipun tadhahi lan dipun tawa, kacu ingkang sampun kangge ingkang sakit, sadèrèngipun dipun sêtlika kêdah dipun godhog. Ingkang sakit sampun ngantos ngulu idu riyakipun, awit punika sagêd nukulakên t.b.c. ing usus utawi sanès-sanèsipun jêroan.

Kamaripun ingkang sakit botên kenging dipun saponi sadèrèngipun dipun tawa kalihan creolin utawi sanèsipun ingkang ngantos têlês, awit manawi botên makatên, blêdugipun mawut. Prabot patilêmanipun ingkang sakit ingkang sampun pêjah kêdah dipun tawa, kamar ingkang sampun kangge manggèn ingkang sakit t.b.c punika botên sae salaminipun, ambêbayani tumrap ingkang saras, kajawi manawi anggènipun nawa sampurna sayêktos.

Trêkadhang ingkang sakit prêlu manggèn ing parêdèn pêpanasan lan jêjampi mawi dayanipun kunstmatige hoogtezon asring wontên ingkang saras (cariyosipun).

Biyungipun lare sêsêpan ingkang gadhah sakit t.b.c. punika botên kenging nêsêpi, lan lare prayogi kapêthat dipun sêsêpi tiyang ingkang saras.

Mila manawi bapa utawi biyung gadhah sêsakit t.b.c. punika anak-anakipun sagêd katularan,

--- 1447 ---

jalaran lare-lare wau sabên dintên sêsrawungan kalihan bapa biyung ingkang gadhah sêsakit wau, trêkadhang kêmpal tilêm, sampun têmtu basil t.b.c sagêd nular.

[Grafik]

Para murid sêkolahan ing Batawi, sami pados hawa sae kalanipun liburan.

Kajawi punika lare utawi tiyang ingkang badanipun pancèn ringkih, dhadha ciyut gèpèng, miturut kados ingkang kasêbut ing ngajêng, langkung gampil katrajang sakit t.b.c. tinimbang lare utawi tiyang ingkang kiyat prakosa.

Jampi ingkang mustajab kangge t.b.c. dèrèng wontên. Jampi tuberculine ingkang para dhoktêr pintêr-pintêr sampun nyobi nindakakên kangge anjampèni tiyang sakit makatên, punika dèrèng têtêp kanyataanipun, mila jampi wau dèrèng kangge umum.

--- 1448 ---

Katrangan Cêkak

Angsal-angsalaning pamaos kula katranganipun sadhèrèk P. ing Kajawèn, 6 Nopèmbêr 1929 ăngka 89, murih botên adamêl kodhêngipun para nupiksa, saha dadosa tăndha saksi, bilih anggèn kula nêgêsi basa-basa wau dede awag-awagan kemawon, kados pamêlèhipun P: tèsing banyu lap ing ngawang-awang, sagêd jumbuh lan mathuk dipun têgêsi: sarêm... măngga sami kaparênga amirsani Bausastra Gericke en Roorda, mangke rak lajêng sagêd mastani, bilih anggèn kula nêgêsi wau têtêp mawa waton, anggadhahi pathokan. Sabab basa-basa ingkang sami dipun rêmbag, punika kasêbut wontên ing ngriku sadaya.

Tiyang nêgêsi basa tanpa wêwaton ingkang sah, saha namung mêdal saking kalangkunganing manahipun piyambak, punika botên kenging kaumumakên, (kalimrahakên ing ngakathah) sabab namung saking pangothak-athik. Dene bab pikajênging basa, punika sêsampunipun kapanggih têgêsipun ingkang sah, kenging dipun êngkak-êngkuk supados saya mathisipun.

Sanadyan anggèn kula nêgêsi basa-basa wau sampun mawi wêwaton kasêbut ing nginggil, ewasamantên sarèhning cara nêgêsi basa punika babagan prakawis rungsit, gawat (dene badhe kangge pathokan dhatêng para marsudi basa), pramila kula taksih tansah angajêng-ajêng dhatêng sih kadarmanipun para sarjana, mugi kaparênga paring pêpadhang dhatêng bab punika.

Wusana sadèrèng sasampunipun, kula sadaya sami ngaturakên gênging panuwunipun.

Pun T.

Rêmbag bab punika kados cêkap kajugag samantên memawon, awit rêmbag ingkang tansah wangsul-winangsulan, tumrapipun mara maos Kajawèn, dèrèng tamtu sami rêna ing panggalih. Mila redhaksi prêlu manah sampun ngantos kalawartinipun adamêl kêmbanipun ingkang maos. Makatên malih unguping wêwatonipun Tuwan P. tuwin Tuwan T. sampun katingal, inggih punika Tuwan P. awêwaton kalantipaning galih, dene Tuwan T. awêwaton pathokan buku. Ananging mênggah wêwatonipun tiyang ngudi lêrês aslining basa, punika botên cêkap samantên, kêdah anjajah basa sanès-sanèsipun, awit manawi botên makatên, kadospundi anggènipun sagêd angugêmi lêrêsipun. Murih têrangipun sami mriksanana kalawarti kawi, ing ngriku kathah tuladha-tuladha ing bab ewahing basa, ingkang nyêbal saking bakunipun sakawit, sadaya mawi pêpathokan maton. Red.

Raos Jawi

Kyai Pandhanarang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91.

Wangsulanipun: griya kula têbih sangêt, wontên ing rêdi Jabalkat.

Pondhokanmu ngêndi.

Dene mawi mondhok punapa, manawi sontên inggih mantuk.

Adipati Pandhanarang sangêt gumun, lajêng ambayar

--- 1449 ---

rêgining alang-alang salawe kèthèng.

Tiyang sade kambêngan sasampunipun nampèni arta lajêng matur: Kyai kula bok nyuwun ngêmis ing panjênêngan, sakaparêngipun.

Ki Pandhanarang lajêng mêndhêt arta igaran dipun uncalakên dhatêng tiyang sade kambêngan kalihan ngandika: nya.

Tiyang sade kambêngan wicantên kalihan gumujêng: hêm, kula punika botên ngêmis arta brana, kula nyuwun ngêmis ungêlipun bêdhug Sêmarang.

Ki adipati mangsuli sêmu nêpsu: sanadyan sigaran rak gêmpalaning reyal, anggêp-anggêpan kowe kuwi. Apa anggonku sugih kokira ora saka kalumpuking dhuwit sigar sadhuwit. Dene unine bêdhug Sêmarang prêlune apa. Apa ana bêdhug ditabuh nêkakake dhuwit.

[Grafik]

Pasowanan pasarean ing Bayat.

Tiyang ingkang mindha-mindha lajêng pratela mênggah awonipun tiyang karêm dhatêng donya, wontênipun namung damêl pêpêtêng, tangèh dumugia ing swarga. Lajênging wangsulanipun: manawi kula kapengin donya kados sampeyan, gampil kemawon, siti kula pacul dados kancana.

Ki adipati sangêt ing pamaibênipun, dipun wastani namung tiyang kapara kaduk ing ungêl. Ingkang mindha-mindha lajêng macul wontên ing latar: gacrok, grewal, pêngagah, awarni kancana tanpa una. Lajêng dipun uncalakên dhatêng Ki Pandhanarang kalihan ngucap: punika warninipun kancana ing swarga.

Ki adipati anjêngêr botên sagêd wicantên, lajêng nyatakakên êmas pating prongkal kathah sangêt. Wusana ki adipati rumaos, lan mangrêtos manawi ingkang mindha-mindha wau wali linangkung, lajêng dipun kanthi dipun ajak satata lênggah.

Ki Pandhanarang asrah tobat, rumaos manawi anglampahi dosa agêng, ngina ing sasami-sami, kathah-kathah anggènipun anglairakên ing kalêpatanipun, wusana nyuwun badhe anggêguru.

Ingkang mindha-mindha adhêdhawuh, manawi têmên-têmên badhe anggêguru, angêtingalna tandhanipun tiyang puruita, kêdah manut pakèning guru. Ki Pandhanarang lajêng kapundhutan janji ngêdêgakên barjumuwah tuwin nindakakên punapa sarat rukunipun agami Islam. Dene

--- 1450 ---

têtêp mantêpipun, tiyang anggêguru punika kêdah sowan dhatêng padununganing gurunipun, inggih punika ing Jabalkat.

Ki Pandhanarang matur: Jabalkat punika pundi, lan tuwan punika sintên.

Ingkang mindha-mindha mangsuli: Jabalkat iku tanah Têmbayat, aranku Sèh Malaya. Sasampunipun ngandika makatên, kangjêng sunan lajêng linggar saking ngriku. Ki Pandhanarang nututi botên sagêd, awit kangjêng sunan lajêng botên katingal.

Ki Pandhanarang saya karaos-raos ing galih, saha mantêp nêdya nusul dhatêng Jabalkat, lajêng pamitan kalihan nyainipun: Nyai, kowe karia ana kene, momonga anak putu. Donya brana tak tinggal kabèh, dumên sing warata, lan jêkat-jêkatna nyang pêkir miskin. Makatên ugi Ki Pandhanarang lajêng mranata sawarnining padamêlan dhatêng ingkang sami kantun, supados sami tumindak ing wajib kanthi tumêmên.

Nyai Pandhanarang mirêng dipun pamiti makatên wau, lajêng matur: Kyai kula botên purun kantun, ênggih ajênga têng pundi mawon, kula tumut.

Lo, aja ngono: ta, kowe milu prêlumu apa, ora wurung mung bakal ngrêribêdi lakuku, apa ta sing kogolèki, anak putu akèh, donya ora kurang, yake wis cukup koanggo bungah-bungah sakarêpmu.

Nyai Pandhanarang adrêng ing manah, lajêng matur kalihan mêmbêg-mêmbêg: dhatênga suwarga kula inggih sampeyan cangking, dhatênga naraka botên purun kantun.

Kyai Pandhanarang wêlas ing galih, lajêng ngandika: iya ta milu: ya milua, nanging poma kowe aja anggawa brana. Wêruha, brana iku brahala, yèn kogawa ora bêcik, ora wurung mung bakal gawe pakewuh ing têmbe buri. Lan kowe manganggoa sarwa putih. Sasampunipun makatên, Ki Pandhanarang lajêng bidhal.

Wataking èstri, donya punika dipun anggêp nyawa, mila manahipun Nyai Pandhanarang thukul thak-thêk makatên: la iya, wong kok ngêmohi donya, gèk arêp golèk apa. Wah manèh iki jênêng arêp lunga durung karuwan sing dijujug, yèn nganti kapiran ana ing dalan kapriye. Ya, wis.

Nyai Pandhanarang lajêng milihi rajabrananipun ingkang ringkês-ringkês dipun lêbêtakên ing wuluh gadhing, kangge têkên, wusana enggal-enggal nututi ki adipati.

Ki adipati botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun ingkang garwa, nanging reka-reka botên mangrêtos, lampahipun dipun sêngka. Dene Nyai Pandhanarang anggènipun nututi kêconthalan, nanging ajrih nyêlaki ing ki adipati, kuwatos manawi kasumêrêpan wêwadosipun.

Kacariyos tindakipun Ki Pandhanarang sampun têbih, saking Sêmarang, ngambah wana sêpên nyênyêt, ing ngriku kêpapag begal tiga, badanipun sami abênthung-bênthung amurugi Ki Pandhanarang tuwin wicantên angagètakên: ayo. Dhuwit, barang. Gêlis. Badhe kasambêtan.

--- 1451 ---

[Grafik]

Krêtêg kajêng ing Andhu (Sigli), kacariyos sampun umur 200 taun, prabotipun sadaya kajêng, sapriki taksih katingal santosa. Jalaran saking sêpuhing krêtêg wau, kathah tiyang ingkang ngaji-aji saha lajêng nuwuhakên gugon-tuhon.

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

IX.

Satyabati kêpêksa kèndêl, namung manahipun sumpêk, jalaran kêraos manawi badhe kêdhatêngan ing bilai.

Sawênèhing tiyang sami tinakdir nandhang cilaka. Satyabati kêlêbêt golonganing tiyang makatên wau, wiwit alit mila tansah kêtula-tula, dalasan ing wêkdal punika inggih botên sagêd oncat saking kacilakan. Antawis dintên malih Balahi mantuk saking pamulangan sampun sakit bêntèr, enjingipun tăndha-tăndha ingkang ngajrih-ajrihi sampun kêtingal nyrambahi badanipun sakojur.

Satyabati kados sampun kêraos ing manah, bilih anakipun badhe dumugi ing tiwas. Măngka sadaya ingkang dipun trêsnani sampun sami botên wontên, kêjawi namung kantun anakipun punika, mila katrêsnanipun inggih kasok dhatêng Balahi sadaya, ananging punika bokmanawi inggih badhe ngoncati ugi. Satyabati sampun kulina nandhang susah kanthi sabar narimah, ing wêkdal punika manawi kasawang inggih kêtingal sabar lan têtêg kemawon. Rintên dalu tansah anjagi anakipun, linggih ing sacêlaking patilêmanipun. Wiwit kala samantên sampun botên nate olah-olah babar pisan.

Dene Dhinabandhu bingung, kuwatos bilih kecalan sadaya darbèkipun. Manawi badanipun piyambak ngantos kêtrajang sakit ingkang ngajrih-ajrihi punika, tamtu nêmahi pêjah, sadaya artanipun lajêng badhe kaêbrèh-êbrèh Satyabati. Saupami [Sau...]

--- 1452 ---

[...pami] sumêrêp pêpanggenan ingkang kenging dipun ungsèni, tamtu inggih sampun pangkat ambêkta kadonyanipun sadaya, namung kemawon botên gadhah mitra satunggal-tunggala. Badhe midêr-midêr ing margi ambêkta arta samantên kathahipun botên sagêd, manawi sagêda botên dangu mêsthi badhe kabegal sarta dipun pêjahi tiyang. Mila inggih kêpêksa wontên ing sênthongipun kemawon tanpa wontên ingkang têtulung, namung nênuwun dhatêng ingkang murbèng alam, mugi kaparingana wilujêng. Sapunika botên nate angsal sarapan kados adat sabên saking anakipun. Ingkang makatên punika botên patosa dados manah, tumbas sêkul sawatawis sampun kaanggêp cêkap.

Botên watawis dangu malih Balahi sampun botên emut punapa-punapa, tansah gêrêng-gêrêng kemawon. Satyabati linggih ing sacêlakipun, ngêpêti lan ngêlus-êlus bathukipun ingkang bêntèr punika. Ing sakawit Satyabati taksih gadhah pangajêng-ajêng anakipun badhe saras, awit sakit cacar punika ing dhusunipun sampun limrah, lan sasumêrêpipun Satyabati inggih wontên tiyang cacarên ingkang lajêng saras. Nanging sarêng sampun sawatawis laminipun, ngrêtos bilih sêsakit wau saèstunipun ambêbayani sangêt. Manahipun kados kajuwing-juwing jalaran saking susahipun. Hêm, mêmêlas sangêt dene gênging katrêsnanipun Satyabati sampun botên sagêd nulungi anakipun.

Rumiyin Satyabati gadhah manah aluwung nigas jangganipun piyambak tinimbang ngasih-asih dhatêng bapakipun ingkang cêthil punika, ananging sapunika sampun botên ngetang wirang tuwin gêthingipun, enggal murugi babakipun atawan-tawan tangis: Dhuh bapak, mugi karsa angaturi dhoktêr, manawi botên makatên anak kula saèstu pêjah.

Kala samantên Dhinabandhu pinuju ribut anggunggung anakaning artanipun, mirêng suwaraning anakipun lajêng andêngèngèk kalihan wicantên prasasat ambêngok: Dhoktêr, mênyang ngêndi anggonku arêp golèk dhoktêr. Ing desa kene ora ana dhoktêr siji-sijia. Yèn kowe arêp ngundang dhoktêr, kudu mênyang tăngga desa, lan manèh aku ora ngrêti sapira wragade. Kajaba ambayar pituwas marang dhoktêre dhewe, uga kudu ambayari wragading tunggangane sarta nyuguh wedang lan liya-liyane. Kang mangkono iku aku ora bisa.

Satyabati muntab muringipun, gagasanipun: Iki manungsa apa setan. Wusana wicantên bêngis: Anggèn sampeyan numpuk arta sundhul langit punika badhe kangge punapa. Punapa manawi sampeyan pêjah badhe kabêkta. Măngka anak kula badhe pêjah, punapa bapak botên purun cucul arta sawatawis rupi kemawon.

Dhinabandhu nyat ngadêg kalihan wicantên cuwawakan: Aku duwe dhuwit saka ngêndi. Sabên uwong padha ngira, yèn aku sugih dhuwit. Apa kowe ora wêruh yèn aku prasasat ora mangan lan sandhanganku pating srêmpal. Apa iku pratandhaning kasugihan. (Badhe kasambêtan)

--- 1453 ---

Panglipur Manah

Bal-balan Ringgit Tiyang

Nuju ing măngsa rame-rame, wontên pakêmpalaning para mudha adamêl pahargyan, inggih punika para pakêmpalan bal-balan sami têtandhingan: B.A.S. (Budi Angga Saras) tandhing kalihan R.A.S. (Rukun Agawe Santosa). Dene ingkang sami main, panganggenipun sami cara wayang sadaya (bal kostime).

[Grafik]

Jêmpolipun B.A.S. pun Gănda, inggih: Găndamana, panganggènipun wayang cara Găndamana.

Jêmpolipun R.A.S. pun Gathut, inggih: Gathot, panganggènipun wayang cara Gathutkaca.

Kocapa, panepangipun bal Radèn Găndamana sakêlangkung bantêr, kalihan pacak gulu: jêglig, bal ngênêr gul. Radèn Gathutkaca, ingkang dados kipêr anglunjak sakêlangkung bantêr, prasasat mabur. Saking rosaning anggènipun namplèk bal, tanganipun kalih pisan anggubêd palang, kados main kêmidhi, main rèhsêtok, jamang mèh mancêlat, salajêngipun kêbanting dhawah, wusana kasliyo tanganipun.

Radèn Ăntasena malajêng badhe nulungi sadhèrèkipun, kalihan mungêl: aja-aja, saking bantêring anggènipun lumajêng, sukunipun kêblowok ing siti, kadosdene jumêdhul saking bumi. Sambatipun: adhuh.

Sang Bima, kurda, murina ing para putra, kêsupèn bilih nuju bal-balan, andhupak Radèn Găndhamana, pandhupakipun kados andhupak siti bantala, ingkang amblăng sajung wiyaripun.

Danawa sabrang golongan B.A.S. tansah anggêrêng, prayitna wontên sawingkingipun Sang Bima, katingal [ka...]

--- 1454 ---

[...tingal] ngajrih-ajrihi.

Radèn Satyaki (R.A.S), botên katalompèn, nyêblakakên sampur, lumajêng anggêndring nyêgat badhe dhawahing bal.

Dèwi Srikandhi, dados juru pamisah, sarêng priksa ingkang main badhe rêsah, lajêng nyêmpriti: thiyut, thiyut.

Wusana sadaya sami kèndêl pating glêrêng.

Cah Daha.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darma

Garèng : Truk, Truk, aku arêp takon karo kowe. Sajêrone minggu kiyi kowe apa ora katêkan nonah-nonah adol kêmbang. Wah, Truk, nonah sing arêp lumêbu ing omahku têka landhêp têmên pangraitane, buktine: barêng arêp ngancik pakaranganaku, aku banjur enggal-enggal nêtêgi lawange omahku, kuwi kok banjur cêngkelak bali bae.

Petruk : Wiyah, iya ora prêlu nganggo landhêp panggraitane, sabên uwong iya wis ngrêti, yèn kowe ora gêlêm nêmoni utawa nămpa nonah mau. Wêruha, Rèng, nonah sing arêp têka nyang gonmu mau, adol kêmbang ora saka karêpe dhewe, nanging saka pakone pangrèh ing papan pangupakaraning bocah ing Bogor, dadi olèh-olèhane iya ora kanggo dhewe, nanging kanggo papan pangupkaraning bocah mau.

Garèng : Alkamdulilah, kathik kaya diosikake, tujune aku ora awèh sapèthèl-pèthèla. Wong aku kiyi dudu bangsane wong umuk-umukan, wong onggrongan, nèk diêmisi bangsaku dhewe, bêgja-bêgjane mung ngêwèhi sasèn, nanging nèk diêmisi Walănda, sabab di: mênir-mênir, utawa di: ya wèl-ya wèl iya banjur: tlètèk, ngêwèhi satêngah perak utawa luwih. Nèk aku ora ngono, sèh, aku dudu bangsane wong alêman, wong onggrongan, mulane yèn ana bangsaku ngêmis nyang gonku, iya tak unèkake: maklume. Nèk băngsa Walănda sing ngêmis, iya tak têtêgi lawang, dadi kabênêran anggonku nêtêgi lawang nonah mau, awit miturut kang wus dipacak ana ing Kajawèn kene, papan pangupakaraning [pangupa...]

--- 1455 ---

[...karaning] bocah ing Bogor kuwi ngêmungake kanggo bocah-bocah anake băngsa Walănda.

Petruk : Hêm, wong urip nang donya ki pancèn angèl, apa manèh kêpengin diunèkake: ngungkuli sapadha-padha, ora angèla, lagi supaya diarani: lumrah uwong bae, wis rêkasa. Sanyatane dhêmên driyah, jakat, wèwèh, mitulungi sapadha-padha, kuwi kalêbu utama-utamane wong ngaurip, kabèh agama, ya agamaa Kristên, Buda lan sapêpadhane, kuwi kabèh padha andhawuhake mêngkono, malah ing agama Islam, jakat iku kalêbu rukun Islam kang limang prakara. Dadi yèn wong saaku kowe kuwi, yèn kêpenging diarani wong lumrah, sabisa-bisa iya ora kêna ninggal: jakat lan driyah.

Garèng : Lho, kuwi aku ora maido, Truk, nèk tumrape bangsane dhewe, aku ya mupakat, nanging yèn kudu driyah utawa jakat nyang băngsa Walănda, wah, aku kok ora nodhêg têmênan, dhing.

Petruk : Kowe dak dongèngi ya Rèng, rungokna. Ing jaman kuna ana wong kang tokid bangêt, sabên dina anggone ngibadah nyang Pangeran tanpa ana kêndhate, cêkake wong ngulama gêdhe têmênan. Sawijining dina ana wong Yahudi ngêmis mrono, ngulama mau ora gêlêm awèh apa-apa marang wong kapir mau, jarene lagi ewuh ngibadah. Jalaran saka iku, wong ngulama mau banjur kêsiku ing Pangeran, dosane ora bakal dingapura, yèn durung anjaluk ngapura marang wong ngêmis băngsa Yahudi mau. Ing kono rak wis cêtha wela-wela, yèn wong arêp awèh pitulungan marang sapadhaning umat, kuwi ora kêna mawang: băngsa, agama lan sapadhane. Ing kono wêruhe mung ana wong kang lagi kasangsaran, wajibe kene iya mung kudu mitulungi marang sapêpadhane umat kang lagi nandhang sangsara mau.

Garèng : Lho, sajake kok banjur anggawa-gawa agama mêngkono. Ya wis, nanging saiki aku arêp takon karo kowe: apa wis dadi wajibe aku kowe kudu awèh pitulungan bocah-bocah anak jadah, têgêse anak-anake wong sing ora padha ningkahan. Ing măngka jarene, wong lumrah yèn kêtêmu bocah mêngkono kuwi, yèn banjur nothok gundhule, olèh ganjaran. Kajaba kuwi jarene lêmah bae yèn diidak anak jadah, iya banjur bêngok-bêngok, ora-orane ya ringik-ringik.

Petruk : Lho, wêruha, Rèng, unèn-unèn kang mangkono mau karêpe arêp nuduhake, yèn gêdhe-gêdhening dosa kuwi prasasat ora ana sing ngungkuli kaya dene laku jina. Ora ngêmungake sing nglakoni bae, olèh paukuman, sanadyan wohe laku jina mau, uga kêtumusan tămpa paukuman. Mulane, ya Rèng, ing bak[1] kiyi kowe sing ngati-ati. Lèrènana saiki anggonmu yèn ana bathuk kalimis sathithik banjur pêthenthang-pêthènthèng, singsat-singsot karo ngubêng-ubêngake têkênmu. Pangajabmu, nèk-nèke ana rêjêki kêsasar, sing kêpêthuk mau banjur têka ngunggah-unggahi.

Garèng : We, lha, cilaka, kathik andakwa [anda...]

--- 1456 ---

[...kwa] sing ora-ora, sarta ora ngèlingi pisan-pisan anane wong wadon jaman saiki. Aja manèh nganti ana wong têka ngunggah-unggahi, nyaine ora andadak anjaluk ditalak ping pitu, lagi diaruh-aruhi anggone tuku bakal kulambi ngangrangan bae, sanalika banjur purik nyang wong tuwane. Ora Truk, omongmu kok banjur slewengan mangkono. Sarta kowe durung amangsuli, mungguh pitakonku ing ngarêp, yaiku: apa wis wajibe kowe lan aku kudu awèh pitulungan marang bocah-bocah anak jadah mau.

Petruk : Sadurunge aku amangsuli pitakonmu, aku arêp takon dhisik nyang kowe, wangsulana. Mungguhing kowe mangan iwak pitik, sapi, wêdhus lan sapadhane, kang kewane ora sarana disêmbêlèh dhisik, kuwi kêpriye.

Garèng : We, lha, gênahe nyual Petruk kiyi, tujune aku wis tau dadi angguk pirang-pirang sasi, dadi iya ora kewran nyang pitakonmu mau. Iwak kewan-kewan sing kok kandhakake mau. Yèn matine ora sarana disêmbêlih dhisik, nèk miturut agamaku iya kharam, miturut prentahing Pangeran: sakabèhing bangke, gêtih lan babi kuwi kharam, ning kewan-kewan sing pancèn dikalalake, nèk matine mau disêmbêlih sarana nganggo asmaning Allah, lan sing urate gulu têlu nganti pêdhot, kuwi iwake yèn dipangan kalal.

Petruk : Iya wis, saiki aku takon manèh, yèn kowe kabênêr anjajan ana ing rèsturan upamane, apa kowe bisa mêsthèkake, yèn bêstik sing kok pangan kuwi daging sapi sing matine nganggo dibêlèh dhisik. Dadi apa kowe bisa mêsthèkake, yèn iwak mau kalal têmênan.

Garèng : Bab kiyi aku ora wajib ngurus, wêruhku mung mangan iwak sing kalal, apa matining kewane disêmbêlèh utawa mung dipênthung bae, kuwi dudu prakaraku, ning prakarane sing adol.

Petruk : Kuwi bênêr. Kene ora prêlu ngurus apa-apa, wêruhe mung mangan bae. Mêngkono uga mungguhe wong arêp tulung nyang sapadhaning umat, kuwi ora prêlu ngurus apa-apa manèh. Wêruhe: lho, kae ana wong kasusahan, aku wajibe kudu awèh pitulungan, cuthêl.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Wiwit tumapakipun wulan Januari taun ngajêng punika, propènsi-propènsi badhe ngêdalakên pranatan, nêmtokakên lampahing otobis botên kenging langkung 40 kilomètêr saêjam, malah manawi wontên prêlunipun kenging kasuda.

Lulus kandhidhat iksamên bagiyan kapisan ing pamulangn luhur pangadilan ing Batawi, Tuwan Tj. Kartapati.

Pamulangan calon priyantun ing Bandhung badhe mèngêti adêging pamulangan, mawi pahargyan saha damêl buku pangèngêt-èngêt, rantamaning waragat f 3000.-. Pamulangan calon priyantun ing Magêlang ugi badhe mèngêti makatên.

Wiwit tanggal 6 wulan punika ing Cirêbon katêtêpakên tuwuh sêsakit pès.

--- 1457 ---

Ing Cilacap mêntas wontên jawah angin agêng, kathah kawat listrik ingkang pêdhot, danguning jawah angin ngantos 20 mênit. Ing kampung Wanasari wontên griya ambruk tiga iji. Ing margi krompengan wontên wit kênari sol, ngantos ngalang-alangi margi.

Ing Kaliurang, Ngayogya wontên nonah asli saking Wanasaba ngajal jalaran sakit pès. Ingkang wajib sampun nyatakakên, tikus-tikus ing Kaliurang kathah ingkang kenging sakit pès.

Radèn Tumênggung Nitipura, abdi dalêm dhoktêr ing Surakarta, ingkang kadhawuhan anglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, sapunika sampun lulus, saha sampun wangsul dhatêng Surakarta.

Ing Madiun wontên kalawarti enggal nama De Verkenner, mawi basa Walandi tuwin Malayu, mêdalipun sabên tanggal 5 tuwin 20 wulan Walandi, redhakturipun Tuwan Wiryapraja (ngrangkêp dhirèktur), 2 Tuwan Suraatmaja. Kalawarti wau kalêbêt waosanipun para priyantun pangrèh praja.

Ing Jêmbêr wontên paguron kasampurnan, ingkang dados guru jêjuluk: rama, badanipun mawi dipun cèt cêmêng, murih tiyang ngandêl manawi piyambakipun titising Bathara Wisnu. Semahipun jêjuluk Dèwi Sinta, anak jêjuluk Pandhu. Kathah tiyang ingkang dhatêng anggêguru, sarananipun mawi ambêkta mori, tindhih arta gangsal rupiyah. Pamêjangipun wontên ing wulan Sapar, murid mawi dipun pocong katilêmakên, lajêng kawêjang. Kyai wau sagêd anjăngka, benjing ing taun 1930 têtiyang sami pêjah, kajawi para muridipun. Kapitadosan kados makatên punika gampil ngerubakên tiyang kathah, nanging botên sande namung badhe dados padamêlanipun ingkang wajib.

Ing wulan punika kumisi inlansêrèhpêrsun badhe parêpatan wontên ing Jawi Kilèn tanggal 15 jam 6 sontên wontên ing sositit Serang. Tanggal 16 jam 6.30 lan manawi prêlu tanggal 17 jam 8.30 enjing, wontên ing dhepartêmèn têtanèn ing Bogor. Tanggal 21 jam 6 sontên tuwin tanggal 22 jam 8.30 enjing, ing sositit paguyuban, ing Garut 22 jam 6 sontên, lan manawi prêlu tanggal 24 jam 8.30 enjing ing Sukabumi, wontên ing papan parêpatan rêgènsêkapsê rad. Tanggal 30 jam 8.30 enjing tuwin jam 6 sontên, wontên losê bintang timur ing Wèltêprèdhên.

Kala tanggal 8 wulan punika, ing Majalêngka wontên tiyang kêkalih badhe minggah kaji bidhal saking kampungipun, dipun garubyug ing tiyang kathah, ngantos kalih atusan. Sarêng lampahipun badhe anglangkungi krêtêg gantung tosan (panjangipun 38 mètêr, lêbêting dhasar 10 mètêr, nuju asat) kapala dhusun ingkang ambawahakên mênggak, sampun ngantos langkung sêsarêngan, nanging têtiyang ingkang sami langkung botên maèlu, mêksa lajêng kemawon. Wusana krêtêgipun ambrol, sadaya ingkang sami langkung kêcêmplung, wontên tiyang sakawan ingkang kêtatap ing sela, pêjah, gangsal nandhang tatu rêkaos, pitung dasa tatu sawatawis. Kapala dhusun lajêng lapur dhatêng kabupatèn Majalêngka. Botên dangu ngintuni dhoktêr saking Kuningan kanthi patih, dhirèktur rêgènsêkap wèrkên, tuwin komisi băngsa ahli dipun tindhihi dening Tuwan Ir. F. Esser, ingkang bupati ugi lajêng rawuh. Têtiyang ingkang tiwas utawi kasangsaran, sami kabêkta dhatêng griya sakit Kuningan. Miturut papriksan, botên anglêpatakên bab yêyasan, prakawis taksih kapriksa.

Kawontênanipun ewah-ewahan lampahipun sêpur sênèl saking Wèltêprèdhên kêtingal botên sapintêna majêngipun, malah katingal kirang, ewadene tumrapipun sêpur kilat Wèltêprèdhên-Surabaya sadintên, sanadyan ingkang numpak namung sakêdhik, ugi anglêgakakên. Sêpur sênèl Wèltêprèdhên-Ngayogya, wontênipun tiyang numpak tanggal 1 klas 1 ênêm, klas 2 tiga wêlas, klas 3 kawan dasa tiga. Tanggal kalih urut-urutanipun: 3. 9. 27. tanggal tiga: 5. 13. 19. tumrapipun sêpur sênèl kalêbêt botên sapintêna. Dene sêpur kilat, tanggal sapisan: 4. 13. 33. tanggal kalih: 3. 8. 17. tanggal tiga: 2. 16. 37. măngka sadhiyanipun panggenan ing sêpur kilat wau klas satunggal 12, klas kalih 25, tuwin kêlas tiga 70. Nanging tumrap sêpur sênèl saking Surabaya dhatêng Cirêbon, utawi kosok-wangsulipun, kêtingal majêng.

Radèn Adipati Arya Muhamad Ahmad, bupati ing Kuningan, tuwin Radèn Mas Ngabèi Partana Andayanata, wadana pangrèh praja Mangkunagaran, sampun sami dumugi ing Groningen, prêlu badhe nyinau bab tumindaking têtanèn ing ngriku.

Kawartosakên, Tuwan Tamrin, wèd odhêr gêminte ing Batawi, mêdal saking anggènipun dados wèd odhêr, jalaran botên dipun pilih dados wêwakil bêrgêrmistêr, malah dipun langkahi andadosakên wêwakil tiyang sanès, nama Tuwan Leewis. Ing bab punika nuwuhakên kirang marêming ngakathah, para warga gêmintê tiyang siti lajêng sami mêdal. Samantên kawontênanipun kamajêngan saha raosing kabangsan ing jaman sapunika.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1679 ing Taman. Pamundhut panjênêngan anglêbêtakên, adpêrtènsi botên sagêd kawrat ing Kajawèn, awit kajawi botên sagêd dadakan, tumrap adpêrtènsi kados makatên punika wêdalipun badhe kasèp sangêt. Makatên malih waragadipun f 12.50 kêdah kabayar rumiyin.

--- 1458 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

8

[Pocung]

nadyan mungsuh ngajak slulup astha tèngsu | myang sawarsa pisan | sayêkti lamun tan ajrih | sang dipati malênggong tyas èsmu suka ||

dyan cinatur sang dipati arsa kondur | maring Pasantênan | sakamantyan sukèng galih | tansah ngajap enggala nuli kêpanggya ||

mangkya nutur Baron Sêkèbêr kang ngluyur | midêr jajah praja | kèngêtan ing jangjinèki | lan Dipati Pragola ing Pasantênan ||

marmanipun karsanira arsa wangsul | ngambali ing yuda | dupi prapta ing nagari | Pasantênan anjujug wismèng bok răndha ||

dadya ngungun dene ing Kêmiri suwung | nyana lamun oncat | ngalih desa lyanirèki | awit saking kapêpêt ing kawirangan ||

luputipun têmah dadi ngayut tuwuh | marma rudah ing tyas | Sêkèbêr sajroning galih | analăngsa rumăngsa karya wisuna ||

dadya kantun saprakara kang rinuruh | ayun magut yuda | yèn Pragola wus kalindhih | Pasantênan karêgêm ing astaningwang ||

brape untung guwe dhapêt nagri bagus | adhe pêlabuhan | dhi Jêpara paling baik | ciptanira Sêkèbêr têka mangkana ||

marma gupuh maring Patiayam wangsul | nèng unggyane lama | dupi katupiksa dening | kang pinatah jaga guwa Patiayam ||

nulya matur mring dipati gupuh-gupuh | mangkya sang dipatya | myarsa ture kyai jagi | enggal dènnya têdhak marang Patiayam ||

dupi pangguh kêkalih prasamya tundhuk | Dyan Pragola lingya | hèh ta Sêkèbêr samangkin | kadiparan ingkang dadi karsanira ||

duk angrungu Sêkèbêr mangsuli asru | hèh ta sang dipatya | payo sakarêpmu dadi | yêkti nora cuwa atandhing lan ingwang ||

apa ayun ngadu manèh jayèng pupuh | miwah kyating badan | tanapi wulêding kulit | sun tan wêgah kaya patraping taruna ||

Sinom

sang dipati lon ngandika | paran ta Sêkèbêr mangkin | rèh jurit wus tanpa karya | marma mangkya karsa mami | sun karya pasanggiri | singa bêtah munggwing ranu | slulup amblês ing toya | yèku kang unggul pribadi | kang tan kwawa wus masthi iku kang kalah ||

Sêkèbêr lon wuwusira | lah Pragola iku bêcik | nanging ing pamintaningwang | yèn sira sor dening mami | prajanta kang sêpalih | dadia bubuhan ingsun | lamun kasor manira | apa sakarsanirèki | nora kêni ingsun suwala ing prentah ||

nadyan dadi panakawan | gêdhene têka ing pati | lila lair manrus ing tyas | Pragola lêgêg ing galih | micara jroning ati | jawane Sêkèbêr iku | arsa ngrêbut nagara | tan kêni yèn ginagampil | ingsun sêngguh duk nguni nora mangkana ||

marma dadya angandika | lah Sêkèbêr iya bêcik | yogya benjang kinawitan | sun arsa akarya saksi | kang măngka asung uning | sapa kang dhihin mancungul | riwusira mangkana | sang dipati kondur aglis | ciptanira Sêkèbêr têka mangkana ||

i ladalah kêmayangan | tan linyok ujarku nguni | lamun praja Pasantênan | karêgêm ing asta mami | baya tan kulak warti | tan arsa adola prungu | kaloka jana priya | lamun wong ing Atasangin | pakaryane manjing têlênging samodra ||

kawarnaa enjangira | Sêkèbêr sampun miranti | pakartine munggwing tirta | mangkana sang adipati | rawuh sarwi anganthi | kêkalih kêkasihipun | Sirwenda Danurwenda | kang măngka kinarya sêksi | sang dipati jêngêr myat ing patrapira ||

Sêkèbêr dènnyarsa mangsah | malbèng têlênging jaladri | tan winarna roncènira | ya ta wus praptèng pasisir | salèring ardi Clêring | saksana kêkalihipun | ingikêt astanira | sang dipati ngandika ris | mring kêkalih kang kinon angulur tampar ||

hèh Sirwenda Danurwenda | padha waspadakna mangkin | sapa kang dhihin kumambang | tumimbul dhasaring warih | yèku ingkang kalindhih | lah mara tarikên gupuh | dene kang isih lana | munggwing sajêroning warih | asungana sasmita sarana nyêndhal ||

têtali rambah ping tiga | mangkono abola-bali | sandika ingkang liningan | saksana kêkalih nuli | ambyur maring jaladri | datan antara ing dangu | karone tan katingal | kocapa sang adipati | amituhu dhawuhira sang pandhita ||

nulya slulup manjing guwa | sukuning ardi Calêring | kawarta wujuding guwa | tuhu bawera kêpati | dhasaring guwa warih | nyalèntrèng lir êrong tikus | marmanta sukèng driya | sang dipati dupi uning | kacarita Sêkèbêr kang manjing tirta ||

duk praptèng dhasar samodra | umyat rêngganing jaladri | kang dhêdhasar sela karang | sukèng tyas kêpati-pati | midêr jajah jaladri | anon mring asrining gunung | kang munggwing jro samodra | rèntèp tirême apipit | nyana têmtu ing kono unggyan mutyara ||

nulya myat kêmbanging karang | sukèng tyas duk aningali | miwah kêkaywan samodra | kang pae lan dhasar bumi | sobrah rêkah kêpati | tan ana pradapanipun | tanapi pêntil kêmbang | sawênèh ana ngalêcir | warna-warna kaelokaning samodra ||

nahên langêning samodra | mangkya wus dungkap tri ari | dènnya munggwing jro samodra | Sêkèbêr dahat ngalêntrih | sakojur angganèki | anglir linolos kang bayu | marma nulya kumambang | tumimbul dhasaring warih | lembak-lembak lumembak katut ing ombak || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


bab. (kembali)