Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-18, #597

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-18, #597. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-18, #597. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 22, 27 Sawal Taun Jimawal 1861, 18 Marêt Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [345] ---

Ăngka 22, 27 Sawal Jimawal 1861, 18 Marêt 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Acèh

[Grafik]

Sêsawangan lautan tawar ing Burnikaul, cêlak Takengon.

--- 346 ---

Bab Ringgit

Prabu Wasanta

Prabu Wasanta punika nata ing Gajahoya putranipun Prabu Astimurti. Kacariyos nalika ingkang jumênêng nata ing Withara[1] Prabu Basukeswara, utusan dhatêng Gajahoya mundhut putranipun putri Rêsi Basudara nama Dèwi Yukti, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Basukêthi. Nanging karsa nata wau botên kasêmbadan, amargi Dèwi Yukti ical tanpa karana.

Atur makatên wau andadosakên sêling sêrêpipun Prabu Basukeswara, wêkasan lajêng andhawuhakên dêduka, Rêsi Basudara botên kaparêng manggèn wontên praja, kadhawuhan manggèn wontên wana.

Prabu Wasanta mirêng dhawuh nata Wiratha ingkang makatên wau, sakalangkung murina ing galih, awit Rêsi Basudara punika ingkang rama marasêpuh, botên lila dipun patrapi paukuman makatên. Nanging Rêsi Basudara sakalangkung ing pamambêngipun, sampun angalang-alangi kaparênging ratu, mindhak angsal bêbênduning dewa, luwung anglampahana punapa sadhawuhipun, bokmanawi sagêd angsal pangapuntên. Prabu Wasanta namung kèndêl kemawon, nanging ing batos botên narimah. Dene Rêsi Basudara kalampahan kesah saking praja.

Ing wusana Dèwi Yukti sagêd pinanggih dening Prabu Basukeswara, ing ngriku dados tăndha têmêning aturipun Rêsi Basudara, mila lajêng pinaringan pangapuntên, kalampahan Rêsi Basudara kaboyongan wangsul dhatêng Gajahoya malih.

Nanging sajatosipun Prabu Wasanta ing galih tansah botên anarimah, rumaos manawi ingkang rama marasêpuh sangêt dipun rèmèhakên, botên sumbut kalihan kalêpatanipun. Kaparêngipun Prabu Wasanta lajêng badhe ngratu piyambak, botên karsa kêrèh dhatêng Wiratha. Naning bab karsanipun wau sangêt dipun pambêngi. Ing sanalika Prabu Wasanta namung kèndêl kemawon, sarêng sampun sawatawis dintên, malah tata-tata anggènipun nêdya ngayoni praja Wiratha. Ing ngriku andadosakên sungkawanipun ingkang rama marasêpuh, lajêng andadosakên gêrah wêkasan seda.

Sasedaning marasêpuh, Prabu Wasanta saèstu ambalela jumênêng nata piyambak, animbangi nagari Wiratha, lajêng santun jêjuluk Prabu Pratipa, inggih Prabu Dewamurti, praja Gajahoya dipun lih nama Ngastina, inggih kala punika wiwitipun wontên nama nagari Ngastina.

Bab punika inggih sampun kauningan saking praja Wiratha, nanging botên dipun punapak-punapakakên, awit botên angêngirup tiyang, mila namung dipun anggêp kados lare mothah kemawon. Nanging dangu-dangu bab punika inggih dados panggalihan, Prabu Basukeswara lajêng mundhut pamrayogi dhatêng para nata ing bab pambalelanipun nata ing Ngastina. Aturing para nata mrayogèkakên supados kalurugan, upami latu mupung dèrèng kalajêng andados, gampil sirêp-sirêpanipun. Nanging Prabu Basukeswara dèrèng marêngakên, awit dèrèng wontên tandhanipun angêlar jajahan,

--- 347 ---

wusana kênthêling rêmbag, prayogi dipun sarantosakên ngantos sataun malih, manawi Prabu Wasanta mêksa puguh botên sumiwi dhatêng Wiratha, sampun sêdhêngipun dipun gêbag ing pêrang.

Dèrèng ngantos kalampahan wontên pasulayan, kasêlak Prabu Basukeswara seda, ingkang gumantos nata ing Wiratha Prabu Basukêthi. Ing ngriku Prabu Pratipa saya rumaos kadugi mêngsah praja Wiratha, awit ingkang jumênêng nata kaprênah anèm. Malah Prabu Pratipa lajêng mirêng wartos, bilih Prabu Basukêthi linggar saking praja, ratunipun dipun wakili rayi nata nama Arya Basukètu.

Prabu Pratipa lajêng utusan dhatêng praja Wiratha, andhawuhakên dhatêng wakil nata, kadhawuhan sowan dhatêng Ngastina sawadya Wiratha sadaya, badhe dipun pranata, ananging wakil nata Wiratha namung nyanggi krami kemawon.

Sarêng utusan Ngastina wangsul, saha ngaturakên wangsulanipun Arya Basukètu, Prabu Pratipa sakalangkung duka, lajêng dhawuh badhe nglurug dhatêng Wiratha, nanging dipun pambêngi, botên dipun prayogèkakên dening mêngsah praja ingkang nuju botên wontên ratunipun, nanging sang prabu mêksa adrêng ing karsa, lajêng bidhal anglurug dhatêng Wiratha.

Kacariyos Arya Basukètu inggih lajêng rêmbagan, praja Ngastina prayogi dipun lurugi punapa botên, rêmbaging pêpatih nata, prayogi dipun kintuni sêrat kemawon, ingkang suraosipun supados Prabu Pratipa èngêt. Wusana dèrèng ngantos kalampahan, kasaru sowanipun punggawa tamping, ngaturi uninga dhatênging mêngsah saking Ngastina. Ing ngriku pêpatih Wiratha lajêng undhang amêthukakên, sadumugining jawi kitha lajêng campuh pêrang sakalangkung rame, gêntos unggul, gêntos kasoran, dangu-dangu wadya Ngastina tansah kasoran, wusana Prabu Pratipa miyosi pêrang, dipun papagakên Arya Basukètu, pêrangipun rame sangêt, gêntos kalindhih, nanging dangu-dangu Prabu Pratipa kasoran, seda wontên ing paprangan, layon muksa. Sedanipun Prabu Pratipa atilar putra tiga, Radèn Dewapi, Radèn Bahlika tuwin Radèn Santanumurti.

Bab Tanêman

Katès

Rumiyin kula sampun nate ngandharakên katès, sapunika damêl karangan bab katès malih, amargi kula manggih sêsêrêpan sanès. Mirid kawruhipun para ahli tanêm tuwuh katês punika dede têtuwuhan tanah Jawi asli, ingkang kangge waton panitikipun, amargi ing wana-wana tanah Jawi ngriki dèrèng nate wontên tiyang mêndhaki katès tuwuh wontên ing satêngahing wana, beda têtuwuhan sanèsipun kados ta: jambu, pêlêm, dhuku, manggis, rambutan lan sapanunggilanipun, ing wana-wana kathah, punika titikanipun têtuwuhan ing tanah Jawi asli. Manawi dipun gagas-gagas kathah lêrêsipun, dados [da...]

--- 348 ---

[...dos] katès punika têtela bêktan saking nagari sanès. Nitik gêsangipun asli saking hawa bêntèr, pramila tumrap ngriki ingkang kathah ing pasisiran, punika nocogi gêsangipun, tur sêmunipun ugi nêdha pasitèn ingkang kathah wêdhinipun.

[Grafik]

Katès gamblok.

Katès punika wontên warni 2, katès gamblok tuwin katès sabrang. Katès gamblok punika uwitipun sagêd agêng, nanging uwohipun malah alit-alit, gantilanipun cêkak, pramila katingalipun pating gramblok, amargi wohipun kathah, riyêl sungsun timbun. Kados nami gamblok wau mêndhêt saking kawontênaning uwoh. Katès wau matêngipun langkung eca katimbang sanèsipun, inggih punika lêgi anglêg. Wontên ingkang mastani katès jawi, jalaran sampun mratah, ing pundi-pundi asring wontên, ananging manawi miturut atur kula ing ngajêng lajêng botên lêrês. Ingkang makatên punika saking pangintên kula katès wau wontênipun ing ngriki sampun dangu sangêt, dados talêring cacriyosan sampun botên katingal.

Lajêng ingkang dipun wastani katès sabrang, punika têmtunipun bêktan kantun-kantun, katèsipun agêng-agêng, gantilaning uwoh panjang, uwohipun botên kathah, uwitipun alit lan baku botên patos panjang umuripun. Uwoh wau tiningalan saking katêbihan pating grandhul, pramila wontên ingkang mastani gandhul, punika têmtu saking ngriku aslinipun.

Dados katès punika wontên ingkang mastani gandhul, punika têmbungipun cara Banyumas sapangalèr, lajêng tela gantung (tela gumantung), punika têmbung cara Surakarta. Dene katès kintên kula nami salugunipun, kilap basa punapa punika awit kula ugi dèrèng mirêng asalipun katès saking pundi.

Sapunika gantos ngraosi sadhèrèk Jawi dhatêng wowohan lugunipun botên patos amanah, ananging nanêm katès inggih sampun rêmên, jalaran paedahipun sampun sami nyumêrêpi, kados ta: kadamêl kêlanan, punika wohipun ingkang anèm. Badhe kasambêtan.

Sumadi.

--- 349 ---

Panglipur Manah

Brahmana Gêmblung

IV. Sabab-sababing Prakawis.

[Mijil]

Kang pinriksa nulya amurwani | aturira alon | kula sami brahmana jatine | sowan kula nglênggahkên prakawis | parênga ngadili | ingkang adil têrus ||

ing sakawit kula tiyang katri | nèng marga kaprêgok | janma anèm prajurit pangkate | dahat urmat maring kula sami | kula tiyang katri | ing tyas nuli tuwuh ||

sintên baya ingkang dèn urmati | ing prajurit anom | nulya rêbat lêrês sadayane | samya ngakên sarira pribadi | kang tinuju gati | têmah rame gupyuk ||

ing wusana rêmbag kula katri | anusul kemawon | mring prajurit prayogi tinakèn | sintên ingkang nyata dèn urmati | têmah gêlêng sami | tiyang tiga nusul ||

wusing sagêd kêtututan margi | janma tiga katon | kang prajurit nulya kèndêl bae | datan dangu tumuli mangsuli | kang kula kurmati | kang kalangkung gêmblung ||

sakala gêr gumuya kang myarsi | rêg ambata ruboh | nulya wontên kang wacana mangke | têka anèh têmên kang prajurit | sagêd damêl gonjing | mring andika têlu ||

ananging ta lajêng kadospundi | kang tinagih golong | datan gampil tinêtêpna mangke | awit mokal puruna ngakêni | sintên ingkang sudi | tiyang ngakên gêmblung ||

brahmana kang ngucap angambali | ingkang alon-alon | pangadilan tan titi mriksane | atur kula rak dèrèng dumugi | sampun pun sêlani | nama munggêl catur ||

yêktosipun kula tiyang katri | kula ingkang mrojol | langkung gêmblung tinimbang kang sanès | brahmana kang siji anyêlani | padosa sasasi | mung kula kang gêmblung ||

bab punika apan wus kayêktin | winruhan sanggyèng wong | malah gêmblung kula wiwit lare | brahmana kang katêlu nyambungi | nanging kang nungguli | kula gêmblung nglantur ||

awit nyata darahing wong baring | pan punika yêktos | pasamuwan rinungu arame | kang tan tahan kêpêksa nglungani | wêtêng dèn pijêti | atos saksat watu ||

kongsi èmêng kang arsa ngrampungi | alon atêtakon | dene têka sakalangkung rame | rêrêbatan prakawis tan gati | luwung kèndêla wis | botên prêlu nglantur ||

brahmana tri mandêng amucicil | juga munya songol | lah bok sampun tansah ngêndhêg bae | atur kula pan dèrèng dumugi | watêking ngadili | kêdah galih mulur ||

pangarsaning janma kang ngadili | amangsuli alon | kula botên pisan ngrèmèhake | tumibaning adil têtêp pasthi | mung nyatane ugi | anggung gawe guyu ||

brahmana kang kapindho mangsuli | yèn makatên yêktos | ngandikaa maton malah sae | katudinga kang kalawan titis | sintên kang sayêkti | sagêd damêl guyu ||

kang pangarsa mangsuli nyêkikik | pan sami kemawon | samya damêl gujêng sadayane | kang brahmana tri samya ngèncêpi |

--- 350 ---

ngrasa tan kadugi | tinuju ing catur ||

nulya matur brahmana sakawit | mila alon-alon | kamirêngna kula matur mangke | pangadilan tamtu sagêd ngadil | yèn sagêd mastani | mring kang langkung gêmblung ||

aturira kang mangkana nuli | linut gujêng golong | pan mangkana pangarsa wuwuse | yèn mangkana aran datan gampil | tan prêlu mèt saksi | kang nêtêpkên luput ||

dados ingkang wajib mitêrangi | tan kenging liyan wong | amung kêdah andika tri dhewe | pundi ingkang gêmblung amunjuli | lah punika pasthi | ingkang mênang ngukup ||

duk miyarsa kang brahmana katri | lêga trusing batos | aturira lêga kula mangke | kula lajêng badhe jarwa sami | urut siji-siji | mrih cêtha rinungu ||

kang pangarsa dahat nayogyani | nulya dhawuh alon | lah sumăngga wiwitana age | sampun mawi sănggarunggyèng galih | pangadilan ngriki | ingkang arsa ngrungu ||

brahmana tri arsa rêbat ngarsi | labêt sêlak notol | arsa jarwa ing lêlampahane | nanging nulya pinrih siji-siji | urut awêwarti | ing bab gêmblungipun ||

wusing tata maju kang sawiji | ing sêmu katonton | mêmpêng adrêng sasolah ginawe | linut dhèhèm kang ambanyu mili | sinambêtan nuli | ing gujêng gumrunggung ||

rasaning tyas kang ginujêng mangkin | malah suka notog | awit ngrasa lamun gêmblung dhewe | nanging datan kobêr amiwiti | dening usrêg sami | wong kang nonton maju ||

sanggyaning kang janma kang umiring | gumrudug prapta brol | wus tan kêna pinênggak lêbune | nulya têpung lir ngêpung kêndhuri | sêlak arsa uning | wahyaning kang wuwus ||

wusing mapan samya pating klisik | myang sês sênthor-sênthor | măngka sambèn amiyarsakake | dene ingkang brahmana kêkalih | lênggahira miring | lir tan arsa ngrungu ||

tan darana pangarsa ngabani | hèh hèh sanggyaning wong | ywa anggugu karêpira dhewe | piyarsakna ywa pating kalêsik | yèn datan mraduli | kalakon sun tundhung ||

sira samya tan uning ing gati | tan wruh tataning wong | anggonira samya ana kene | aran anèng ngarsèng bale niti | sira datan kêni | darbe tindak saru ||

lawan manèh yèn sira ngèlingi | prakara kang katon | tuwuh saka wong kang luwih kabèh | ingkang wajib sira padha wêdi | têka sira sami | wani anggêguyu ||

yèn ta kongsi dèn sêrêg prakawis | sirèku kalakon | anampani patrapan agêdhe | kang ingaran kaluputan luwih | dene sira wani | samya anggêguyu ||

lamun sira têtêp arsa bêcik | lan kaparêng manggon | anèng kene nrapna tata sae | aywa wani ngucap anjêgigik | wis linggiha sami | mituhua tutur ||

ing sakala cêp tanpa cumuwit | upama ana dom | kang tumiba nyuwara kumlènthèng | awit saking anyênyêt kapati | kang pangarsa nuli | sasmita mrih tutur ||

kang brahmana nulyarsa murwani | sarwi nolih alon | angulati brahmana kalihe | wusing cêtha wruh dènnya alinggih | nulya dhèhèm ririh | gambuh murwèng atur ||

--- 351 ---

Kawruh Sawatawis

Ambêbêdhag

Sambêtipun Kajawèn nomêr 21.

Munduring pakaryan ambêbêdhag, kabêkta ugi saking cacahing bêbujêngan wana ingkang saya dangu saya kirang, amargi wananipun saya dangu ugi saya ciyut, jalaran dados nagari ingkang gêmah ripah lohjinawi. Saicalipun bêbujêngan wana lajêng kêsusul dhatêngipun băngsa ngamănca warni-warni ingkang sami pados pangungsèn. Ngantos dumuginipun sapriki pakaryan ambêbêdhag punika lajêng botên kenging kasêbutakên panggaotan malih. Kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil, têtêmbungan panggaotan wau mathukipun lajêng kasantunan têtêmbungan: kasênêngan utawi ulah raga.

[Grafik]

Sima ingkang kasanjata dening sagolonganing veldpolitie ing Rangkasbêtung.

Sawênèhing tiyang wontên ugi ingkang gadhah pangintên, bilih kasênêngan utawi ulah raga ambêbêdhag wau sagêd sirna babarpisan, awit tumrapipun manungsa ingkang anggadhahi watak sami-sami gêsang wontên ing ngalam donya, sagêd mastani bilih mêjahi sato kewan punika kajawi botên wontên paedahipun, ugi mêmêlas. Samantên wau manawi sanès kewan ingkang adamêl kapitunan tumrap manungsa, ambêbayani, tuwin botên badhe katêdha.

Kados ingkang sampun kula andharakên ing nginggil, pakaryan ambêbêdhag punika, mênggah prêlunipun kenging kapilah dados tigang warni, inggih punika:

1. Minăngka panggaotan.

2. Minăngka kasênêngan lan

3. Minăngka ulahraga.

Tiga pisan wau saking pamanggih kula, lêrês sadaya. Pakaryan ambêbêdhag minăngka panggaotan, kados sampun cêkap anggèn kula nêrangakên, inggih punika kamelik wacucalipun.

Kajawi saking punika pakaryan ambêbêdhag punika, kenging ugi katindakakên minăngka kasênêngan, awit manawi tiyang pinuju bunêk manahipun, trêkadhang [trê...]

--- 352 ---

[...kadhang] kasusahanipun wau lajêng sagêd kabucal wontên ing wana, sarana ambêbêdhag. Miturut dêdongengan, para nata ing jaman kina punika, manawi pinuju sêkêl ing panggalih, ingkang minăngka panglêjaripun asring-asring lajêng tindak ambêbêdhag dhatêng wana. Ing ngriku sampun têrang, bilih têtingalan saha kawontênan ing salêbêting wana, asrêping hawa, sumiliring angin tuwin pangocèhing pêksi warni-warni, sagêd anglipur manah ingkang pinuju bêbêg, punapa malih manawi lajêng sinambi ambêbêdhag, susahipun ing sakala punika tamtu lajêng kalimput babarpisan dening ambujêng sato wana. Cêkakipun ing ngriku sagêd sumêrêp bilih ambêbêdhag punika pancèn kenging kangge jampi susah.

Sapunika kadospundi têrangipun, bilih ambêbêdhag punika ugi kagolong dhatêng salah satunggaling ulahraga. Măngga sami kamirêngna:

Wiwit pangkat saking griya mila, tiyang badhe ambêbêdhag punika sampun kenging kawastanan ulahraga, awit lumampahipun saking griya ngantos dumugining wana, kalihan ambêkta sanjata tuwin pirantos sanès-sanèsipun, punika têmtu sampun angêdalakên riwe ingkang botên sakêdhik. Upami tiyang sabên enjing utawi sontên asring ngulinakakên mlampah-mlampah dhatêng wana, punapa malih manawi krêsa nyangking sanjata ingkang wawratipun botên kirang saking gangsal katos, sanajana botên badhe ambêbêdhag, kula purun tanggêl, bilih tiyang wau badhe bagas saras gêsangipun.

Racakipun gêrma punika ugi landhêp pamirêng tuwin paningalipun, langkung-langkung tumrap gêrma ingkang padatanipun anyanjata andhapan, jalaran sadumugining wana, tiyang ambêbêdhag punika ingkan prêlu piyambak kêdah angêmpakakên păncadriya kêkalih wau. Dados saking kulinanipun dipun asah, păncadriya wau, dangu-dangu lajêng sagêd landhêp. Ing nginggil kula têrangakên, bilih gêrma ingkang padatanipun anyanjata andhapan punika racakipun awas paningalipun tuwin landhêp pamirêngipun, awit tiyang nyanjata andhapan punika limrahipun ing wanci dalu, jêr sabanipun andhapan punika ugi ing wanci dalu.

Nyanjata andhapan punika manawi sagêd kaangkah ing mripatipun, lan sabotên-botênipun kêdah kenging sirahipun. Awit andhapan punika manawi namung kataton saperanganing badan ingkang sanès kasêbut ngajêng wau, sajakipun botên kaangge raos, utawi malih ambêbayani sangêt, langkung prayogi katêbihana kemawon, amargi tamtu lajêng asoroh amuk. Pramila punika tiyang ingkang nyanjata, sadèrèngipun namakakên sênjatanipun, kêdah mènèk rumiyin utawi kêdah sampun yakin bilih sanjatanipun ingkang kapisanan tamtu badhe angrampungi. Awit manawi botên makatên, tiyang wau têmtu lajêng kapêksa pêrang tandhing kalihan andhapan.

Gêgayutan kalihan prakawis punika, pun gêrma kêdah trampil anggènipun ngolahakên dêdamêlipun landhêp, awit manawi lena sakêdhik kemawon tamtu tiwasipun, jêr andhapan punika manawi sampun mambêt obat botên kenging kangge sêmbranan malih.

Ulahraga ingkang wêkasan tumrapipun tiyang ambêbêdhag, inggih punika kêdah ngulinakakên lampah dhodhok utawi anjrunthul, kanthi botên [botê...]

--- 353 ---

[...n] ngêdalakên suwantên sakêdhik-kêdhika. Dene prêlunipun lampah dhodhok utawi anjrunthul wau, botên sanès namung amrih kaling-kalingan gêgrumbulan ingkang alit-alit lan sagêd cêlak anggènipun badhe ngêmpakakên sanjatanipun. Saking dayaning lampah dhodhok wau, otot-ototing pupu tuwin kempol, tamtu mindhak mathokol.

Cêkakipun, sasolah-tingkahig grêma wontên ing wana wau, manawi dipun sawang, namung awujud ulah raga thok kemawon.

Kajawi saking punika, ambêbêdhag punika manawi tumrap jaman kina, kenging kaangge anggulawênthah lare, supados anggadhahi watak kêndêl utawi purun dhatêng rêkaos. Ananging manawi tumrapipun wêkdal sapunika, kula kintên sampun kathah tiyang ingkang sami botên mupakat dhatêng pamanggih wau. Malah wontên ugi sagolonganing tiyang ingkang mastani, bilih ambêbêdhag punika tumrapipun lare malah nênuntun watak ambêk siya dhatêng sasamining ngagêsang. Makatên wau manawi nyikara sato ingkang migunani tumrap manungsa.

Minăngka panutuping karangan kula, kula namung nyumanggakakên kadospundi pamanggihipun para maos bab ambêbêdhag wau.

Susantri.

Jagading Sato Kewan

Bab Pêksi Putêr

Wontênipun ing padunungan kula, pêksi putêr punika kalimrah sangêt kaingah dening têtiyang, kaanjingakên minăngka kalangênan utawi ngêmungakên kangge pêpasrèning gêgriya kemawon, malah wontên ugi ingkang mahanani dados tuwuhing daya piandêl warni-warni, botên beda kados pêksi prêkutut.

Saking kêlimrahipun pêksi wau kaingah, dumuginipun ing padhusunan kemawon sok wontên tiyang arêraosan makatên: yèn wis bisa gawe omah wangun cara Palembang mêngkono, pantês-pantêse ing jrambah ngarêp kudu ana gandhulane kurungan, isi manuk putêr, apêse sapasang. Ora-orane iya prêkutut sing anggunge kêpenak lan anglêr, dadi mungguhing wong omah-omah katon ngêngrênge ...

Ingkang sampun kula sipati, tumrap tiyang ingkang ragi kacêkapan, anggèning ngingah pêksi putêr punika adhakan botên tarimah satunggal, nanging trêkadhang malah ngantos sawatawis jodho kathahipun, makatên caranipun ing padhusunan. Langkung-langkung tumrap ingkang kaduk birai ngingah, lan manggèn ing papan sêpên tur têbih saking papan rame, anggunging putêr ingkang tansah anggantêr sêsauran, punika yèn dipun raosakên, ing sêmu kados dening sasmita bilih gêsanging tiyang ingkang gadhah ingah-ingahan wau tansah kêbak katêntrêman.

Sawênèhing tiyang wontên ugi ingkang tabêri nitèni tuwin ngêmatakên dhatêng anggunging pêksinipun, punika malah sagêd cariyos bilih ngingah putêr wau manjing dados lêlintuning simpên êjam, inggih punika [pu...]

--- 354 ---

[...nika] sagêd anêdahakên wanci. Makatên punika botên anèh, amargi kabêkta saking kulinanipun nitèni pêndhak-pêndhak pêksinipun mungêl, lajêng kacocogakên dhatêng wanci nuju jam samantên-samantên, dados manawi kapinujon ing wanci dalu botên mirêng jam (kênthongan) piyambakipun lajêng sagêd ngintên-intên wanci nitik saking ungêling putêr wau. Prakawis punika pancèn kathah lêrêsipun, awit yèn wanci dalu pêksi putêr makatên sok mungêl wontên ing wêkdal ingkang ajêg.

Pramila mênggahing tiyang ngingah wau mantukipun dhatêng pamanggih warni-warni sangêt, manut dhatêng larasing kalangênanipun piyambak-piyambak.

Ing nginggil sampun kula aturakên bilih tumrap tiyang ingkang ragi kacêkapan, dhasar rêmên ngingah-ingah, paingahipun putêr botên tarimah satunggal kalih, adhakanipun langkung saking samantên, sampun têmtu kemawon sadaya wau sampun ngênggèni pêpilihan, dados inggih botên prabeda kados caraning tiyang ngingah-ingah prêkutut, kanthi amilih-milih, têgêsipun botên saking prêkutut kaingah dening tiyang, awit miturut kapitadosanipun, ngingah prêkutut punika kajawi milih ingkang anggungipun agêng lan sakeca, ugi kêdah mawi mawang-mawang dhatêng awon saening tangguh saha katurangganipun. Dados sanajan anggung agêng tur sakeca, nanging tangguh lan katurangganipun pinanggih awon, sampun têmtu botên patos pinilala, samantên ugi kosokwangsulipun.

Wondene tumrap pêksi putêr wau, mênggahing pamilih gampilanipun namung mêndhêt saking sakeca sarta agênging ungêl, jalêr èstrinipun saha ênèm sêpuhing umur-umuran. Dados pundi ingkang ungêlipun agêng wah malih sakeca, badan saras tur cêkapan ênèm sêpuhipun, punapadene jalêr, inggih punika ingkang pinilala dening têtiyang.

Putêr èstri ugi wontên ingkang purun ngingah, nanging ngadat sok kaangkah murih babaripun kemawon, inggih punika dipun jodhokakên, supados nurunakên pêksi jalêr. Lan wontên ugi ingkang kajodhokakên kalihan pêksi sanès jinis (kablastêrakên) upaminipun kablastêrakên kalihan dara, drêkuku, thêruk, tuwin sapanunggilanipun ingkang sakintên mèmpêr pawakanipun, punapadene sababag agêng alitipun.

Mênggah angsal-angsalaning ambalastêrakên putêr akalihan pêksi sanès jinis wau, manawi sagêd dados (nurunakên) inggih punika ingkang sok awis rêrêgènipun. Turuning pêksi blastêran wontên ing padunungan kula kawastanan bêkisar, upami ing ngajêng babonipun kajodhokakên kalihan dara, inggih lajêng karan bêkisar dara, yèn saking drêkuku inggih bêkisar drêkuku, makatên salajêngipun. Bêkisar-bêkisar wau sami anggadhahi ungêl piyambak-piyambak ingkang nyêbal saking ungêling bibit, dados inggih lajêng kalêbêt pêksi ingkang anèh, mila inggih awis rêrêgènipun. Tumrap padunungan kula trêkadhang pangaos gangsal wêlas dumuginipun salangkungan rupiyah. Mila makatên, botên sanès kabêkta saking anèhing ungêl lan awis sangêt wontênipun. Măngka tumrap pêksi putêr limrah, rêrêgènipuin namung saringgit, nyêngkanipun sadasa rupiyah, ing dalêm sajodho. Badhe kasambêtan.

Nirrasa.

--- 355 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kawontênan ing Indramayu

II.

Petruk: Ambanjurake dêdongenganaku apa kang tak sumurupi ana ing Indramayu, Kang Garèng, bab ijab lan têmuning pangantèn, ora prêlu tak caritakake, mundhak agawe calêgukanamu bae.

[Grafik]

Garèng: We hla, sêmbrana, dipadhakake awake dhewe bae, nèk mêntas nonton pêngantèn, nang ngomah banjur andadak pasihan manèh karo Makne Kamprèt. Yèn aku bab sing mêngkono-mêngkono kuwi, wis adoh, sèh. Sanadyana ana wanita kincling-kincling kaya gêndul, mêling-mêling kaya gêlas, rak mung kari nari kanane bae.

Petruk: Wèh, iya kuwi nèk Kang Garèng, nèk nitik lêntrêng-lêntrênge, alus-aluse, sajake iya pancèn bangsane wong alim têmênan, nanging anèhe, yèn kabênêr lêlungan nyang panggonan sing akèh dêdêlêngane kang mawa lêwês-lêwês lan kèwês-kèwês, lo, kuwi lumrahe sok ora tau lali anggone nganggo blor irêng, jarene cikbèn bisa: nyawang têmênan, tanpa konangan.

Garèng: Ut, drodhut, Petruk kiyi gênahe arêp crita apa arêp anggarap, yèn kok banjur-banjurake anggonmu anggarapi aku, aja takon dosa, sida kalakon tak labrag ... sêga wadhangmu, wis, tumuli wiwitana critamu kaanane ing Indramayu kuwi.

Petruk: Iya bêcik, Kang Garèng. Kang arêp tak critakake nyang kowe kang kapisan, yaiku: têtêpungane para priyayi ing Indramayu kono. Wah, Kang Garèng, kiyi kêna tak arani nomêr wahid têmênan, sabab mungguhing pandêlênganaku, ing kono sajake ora ana sing kagungan panganggêp putra wayahe dara bèi Malaekat Jabarail, kabèh-kabèh têtêpungane padha: sêmanak, rumakêt, lan andêmênakake. Saka dayane bêndara jêksa, yaiku priyayi sing tak pondhoki dalême, aku banjur prasasat têpung karo sakabèhing priyayi ing Indramayu. Emane dene aku ora disowanake karo ingkang bupati.

Garèng: Wèyèh, anggêpmu ki apa, kok prasasat cebol anggayuh lintang, yèn kowe kêpengin[2] [kê...]

--- 556 ---

[...pengin] têpung karo ingkang bupati kuwi. Ambok iya ngilo githokmu, kowe kuwi rak mrutu saumapane,[3] ana kok kêpengin ditêpungake priyayi luhur sahohêm. Nèk aku wis ora mupakat bangêt. Bêgja-bêgjane wong kaya kowe kuwi, nèk têtêpungan karo băngsa luhur, bokmanawa iya mung arêp nêmbung utang.

Petruk: Ora Kang Garèng, anggonku kêpengin disowanake nyang ingkang bupati, awit miturut pangandikane salah sawijining warga rad kabupatèn ing kono, jarene dening rad kabupatèn Indramayu kuwi, saka karigênane ingkang bupati, wis pirang-pirang pagawean kang ditindakake, kang migunani bangêt tumrape wong bumi, kaya ta: nganakake kêbon-kêbon pêrcobakan nandur: pête, nanas, lan sapanunggalane, nganakake pakumpulane wong kang misaya iwak, kang dhèk biyèn prasasat wis nang cêngkêrêmane băngsa liya, nanging saka karigênane ingkang bupati mau, saiki nganti wis bisa madêg dhewe, lan kauntungane anyukupi, kajaba iku ing kono iya dibudidaya, dianakake omah sewan yasan rad kabupatèn, kanggo nyadhiyani priyayi cilik-cilik sing blanjane isih sathithik, lan isih ana manèh budidaya-budidaya sing migunani ing akèh yasaning rad kabupatèn mau. Malah watêrlèdhêng kabare uga arêp diadani ing rad kabupatèn dhewe. Lo, ingatase ana kaanan sing prêlu-prêlu bangêt mangkono, aku têka ora bisa olèh katrangan sing luwih maton, dadi saupama aku bisa ngadhêp ingkang bupati dhewe, mêsthine aku rak bakal bisa olèh katrangan sing luwih sampurna, yaiku kang mêtu saka dhawuhe ingkang bupati.

Garèng: Wadhuh, Petruk, sing diadani dening rad kabupatèn kathik pagawean sing pênting-pênting bae, mêngko gèk kaya priyayi sing kêgêdhèn kaprawirane kae: gêlare, apamanèh yèn ana ing sangarêpe mas ajêng Klênthing, abăndha-abandhu, nanging nyang ngomah kêndhile kêrêp mêngkurêb. Karêpe: mêngko rad kabupatèn Indramayu kuwi gèk mung gêlare bae: cikat, tandang, aktip, nanging sanyatane ... utange turut pagêr.

Petruk: Miturut pangandikane warga rad kabupatèn ing ngarêp, jarene iya ora duwe utang, awit wragade apa sing wis ditindakake mau, kajaba pakumpulane wong sing misaya iwak, kuwi saka kêklumpukane turahan-turahan tuwin rantaman ing sataun-taune.

Garèng: Wèh, iya pêng-pênganane, yèn sabên taun dhuwit rantamane ora kurang, nanging malah ana turahane. Ing măngka saiki kiyi jamane mung têkor-têkoran bae, nganti nèk ora kabênêran, êmbèn-êmbèn kiyi, priyayi sing biasa sês srutu sigago, kapêksa narima sês srutu wêton Kudus aliyas rokok krètèg, priyayi putri sing kulina susur bako enak nganti kaya Prabu Menakjingga kae, kapêksa nusur bako sêmprul ...

Petruk: Wis, wis, têka banjur anggêdabrul mêngkono. Saiki tak banjurne caritane. Ing ngarêp aku ngomong, yèn têtêpungane para priyayi kuwi padha rumakêt, sêmanak sarta andêmênakake. Lo, ingatase aku mung rong dina [di...]

--- 357 ---

[...na] ana ing Indramayu, ewadene aku mêksa wis duwe sobatan pirang-pirang, kaya ta: panjênêngane sêkul opsinêr, kuwi ora măntra-măntra yèn lagi têpung bae, mèmpêre iya sadulur tunggal sakringkêl kae. Aku diplêsir-plêsirake nganggo dhilman mubêng kutha, barêng dhilmane ethok-ethoke arêp tak bayar, têka wis dibayari, aku a ... yêm.

Garèng: Iya pancèn wong ora idhêp isin. Kiraku upama mulihmu banjur arêp disangoni, kiraku wangsulanamu iya: botên, nanging tanganmu kok athungake. Ora, Truk, basane wong Indramayu kuwi apa iya cara Jawa kaya kowe aku kiyi.

Petruk: Yèn sing jan wonge Indramayu, iya bênêr omonge cara Jawa, nanging akèh bedane karo omonganamu omonganaku. Kaya ta: kabèh têmbung sing nglêgêna kuwi suwarane miring, lan uga ana têmbung-têmbung sing ora kaprah dianggo basa Jawa, kaya ta ngarani: aku mlêbu, jarene: kita manjing, lan sapiturute. Pancène mono isih akèh sing arêp tak caritakake nyang kowe, sarèhning aku kudu lêlungan, rêmbugane tak punggêl samene bae.

Rawuhipun kongsul Walandi ing Bèlgi dhatêng Weefschool lan Vrouwen-Tehuis ing Surabaya.

[Grafik]

Gambar ingkang lênggah saking kiwa manêngên: Nyonyah R.S. Sudirman (komisaris), Mr. H. van Romburgh konsul Walandi ing Bèlgi, J.F. Tuwanakotta (pursitêr), R. Kusmadi (sèkrêtaris), M. Sunjata (Bedrijfsleider), ing wingking ingkang sami ngadêg Ttuwan Dr. R. Sutama lan para murid-murid Weefschool.

--- 358 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Ewah-ewahan Mulo Taman Siswa.

Wontên pawartos, wiwit taun pangajaran 1931, Mulo Taman Siswa ing Ngayogya badhe ngawontênakên ewah-ewahan. Kawontênanipun wulangan ingkang sampun kalampahan, botên beda kalihan Mulo gupêrmèn utawi Mulo sanès-sanèsipun, ingkang angsal subsidhi saking parentah mila tumraping murid Mulo Taman Siswa gampil pindhahipun dhatêng Mulo pundi kemawon, utawi dhatêng A.M.S. Nanging wulangan ingkang samantên wau dèrèng nocogi kalihan sêdyaning Taman Siswa, ingkang badhe ngawontênakên wulangan ingkang gèsèh kalihan Mulo sanèsipun. Mênggah ewah-ewahan ingkang badhe katindakakên: a. lare-lare ingkang tamat saking pamulangan, sagêda lajêng pados têdha. b. manawi badhe nglajêngakên sinau, namung sagêd dhatêng pamulangan Taman Siswa ingkang langkung inggil, kados ta pamulangan calon guru Taman Siswa tuwin A.M.S. ingkang badhe dipun êdêgakên, saha sampun wontên ingkang calon dados gurunipun, Mulo ingkang kados makatên namung dipun wontênakên ing Ngayogya, tumrap sanès-sanèsipun dipun lêstantunakên kados ingkang sampun.

Jawah Dêrês ing Jawi Wetan.

Jalaran saking dêrêsing jawah, toyanipun lèpèn Brantas agêng sangêt, ing salêbêtipun sadasa taun kapêngkêr dèrèng nate wontên toya ingkang agêngipun ngantos samantên. Sanadyan dèrèng wontên bêna, pakaryan irigasi sampun tumindak ngatos-atos, tuwin anjagi bêndung-bêndungan.

Kabêsmèn Sumbêr Lisah Pèt.

Wontên pawartos saking Plaju, sumbêr lisah pèt ing Kêilangan tuwin ing Bajubang dipun sambêr ing gêlap, anjalari kêbêsmèn, ngantos sapriki taksih murub. Wontên punggawa băngsa Eropah 1 tiwas, tuwin 5 nandhang tatu, nanging botên mutawatosi.

Tuwan Ir. E.H.M. Uljee.

Awit saking panyuwunipun piyambak, Tuwan Ir. E.H.M. Uljee ondêr dhirèktur dhepartêmèn B.O.W., samangke pêrlop sajawining praja, wiwit pungkasanipun wulan April ngajêng punika kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun.

Iksamên Padamêlan Tangan.

Kala tanggal 6 saha 7 Marêt dipun wontênakên iksamên padamêlan tangan malih. Wanita pribumi ingkang angsal iksamênipun inggih punika: M. Andarmiyadi, M. Tismaingsih, M. Masmuwah, saha R. Siti Isbandiyah, sadaya asli saking Sêmarang.

Konggrèsipun Para Ahli Basa Wetanan.

Tuwan Dr. G.W.J. Drewes, up amtênar Bale Pustaka, angsal dhawuh supados benjing tanggal 5 Agustus ngajêng punika pangkat dhatêng Eropah numpak kapal Johan de Witt, amakili gupêrmèn Indhiya Nèdêrlan wontên ing konggrèsipun para ahli basa wetanan ing Lèdhên, tanggal 7 dumugi tanggal 12 Sèptèmbêr.

Kêbêsmèn ing Sudimampir.

Saking Banjarmasin Aneta martosakên bilih dèrèng dangu pêkên gêmintê saha toko kalih ing Sudimampir têlas kêbêsmi. Kapitunan wontên 80.000 rupiyah. Miturut tilgram saking residhèn Banjarmasin, griya-griya sauruting margi ing Sudimampir saperangan kêbêsmi. Kapitunan wontên 60.000 rupiyah.

Odhiènsi.

Benjing dintên Rêbo tanggal 15 April, wanci jam 9 enjing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kaparêng badhe lênggah odhiènsi wontên ing pura ing Bêtawi. Sintên ingkang badhe gadhah unjuk, sadèrèngipun tanggal 10 April sasampuna ngaturakên sêrat panyuwun dhatêng ajudan, kanthi mratelakna nama sapanunggilanipun saha wigatosing bab ingkang badhe kaunjukakên.

Dhatêng Nagari Walandi.

Saking Medhan Aneta martosakên: Têngku Hotêman saha Têngku Amirudin ing Dhèli saha Têngku Anwar ing Sêrdhang, benjing tanggal 16 Mèi ngajêng punika pangkat dhatêng nagari Walandi, sêsarêngan Tuwan Baron van Nagell, administratir Deli-Mij.

Inggris - Ostrali.

Miturut B.N. konsul jendral praja Inggris ing Bêtawi tampi tilgram saking ministèri prakawis sajawining praja ing Londhon bilih Tuwan C.W.A. Scott, opsir gêgana, kintên-kintên benjing tanggal 29 Marêt badhe anggêgana saking Inggris dhatêng Ostrali (prêlu partikêlir). Tanggal 3 April bokmanawi dumugi ing Surabaya.

Rêdi Awu.

Miturut pawartos Aneta saking Mênadho, rêdi Awu ing pulo Sangi (salèripun Mênadho) sampun pintên-pintên dintên ngêdalakên awu saking tigang panggenan. Toya ing kawah inggilipun mindhak kalih dasa mètêr, bêntèripun 50 grad sèlsius langkung. Têtiyang ing sakawan kampung sami ngili, kuwatos manawi rêdi wau anjêblug.

--- 359 ---

Radèn Ayu Cakranagara Seda.

Miturut pawartos Aneta, dèrèng dangu Radèn Ayu Cakranagara, warandhanipun suwargi Arya Cakranagara, tilas bupati Surabaya, seda. Layon kasarèkakên wontên ing pasarean Bataputih.

Wisudhan Asistèn Residhèn.

Tuwan G.A.W. Chr. de Haze Winkelman, suwau up amtênar apdhèling prakawis pangrèh praja tanah sabrang dhepartêmèn pakaryan gupêrmèn, samangke pêrlop sajawining praja, kawisudha dados asistèn residhèn ing Acèh pasisir wetan.

Ki Ajar Dewantara Nampik Dados Upbêstir B.O.

Kawartosakên B.O. pang Surakarta ngajêngakên sawung-sawung calon upbêstir B.O. kalêbêt Ki Ajar Dewantara. Bab punika sampun dipun condhongi ing ngakathah. Dene Ki Ajar Dewantara piyambak suka katrangan, bilih bab wau botên sagêd kalampahan, awit pranataning Tamansiswa botên ngengingakên warganing rad luhur dados warganing upbêstir pakêmpalan punapa kemawon, măngka Ki Ajar wontênipun rad luhur Taman Siswa sampun dados sèkrêtaris umum.

Ingkang Linuhung Paus Darma f 4000.-

Kawartosakên, ingkang linuhung Paus XI aparing darma arta kathahipun f 4000.- kangge darma Marapi, tuwin mratelakakên, bilih arta wau kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang kasangsaran, botên mawi agami. Ingkang minulya Pangeran Hèndrik, ingkang jumênêng èrêrpusitêr komite Marapi sampun angaturakên panuwun.

Karaton Surakarta Botên Saèstu Ngintunakên Juru Bêksan dhatêng Paris.

Rumiyin kawartosakên, benjing tèntunsêtèlêng ing Paris, karaton Surakarta badhe ngintuni juru bêksa. Nanging bab punika lajêng kasandèkakên, amargi tindaking up komite ing bab punika, adamêl botên cocoging rêmbag, sapisan nyuda cacahing tiyang, tuwin mastani awoning warninipun juru bêksa ingkang badhe kakintunakên, lan taksih wontên sabab-sababipun malih.

Nyirnakakên Bêbaya Madat.

Ing bab tumindaking damêl nyirnakakên bêbaya madat, kajawi katindakakên dening Dr. Kwa, ugi katindakakên dening Dr. Je Jong ing Malang, ing sapunika sampun damêl cobèn-cobèn wontên ing griya sakit sèndhêng ing Sukun, ngupakara tiyang 6, băngsa Tionghwa 5, tuwin tiyang èstri tiyang siti 1, ingkang kapetang sampun sami sês andados. Ing Bandhung dipun sadhiyani papan kangge ngupakara tiyang sês 20, tindak punika wontênipun ing Malang katingal majêng, ing sapunika dipun dêgi Anti Opium Vereeniging.

Kantor Pangêcapan van Dorp Nyuda Punggawa

Kantor pangêcapan van Dorp ing Sêmarang, ingkang misuwur agêng, ugi badhe nyuda punggawanipun pintên-pintên dasa, tuwin salajêngipun taksih ngêlongi balanjaning punggawa 10 dumugi 20%, kawiwitan wontên ing wulan April ngajêng punika.

Asiah

Nyêmbahyangi têtiyang ingkang tiwas ing paprangan.

Syanghai 11 Marêt (K.P). Têtiyang ingkang sami tiwas wontên ing paprangan mêntas dipun sêmbahyangi manggèn wontên ing papan ulahraga ing Nanking, dipun jênêngi dening Presidhèn Syang Kai Sèk. Sang presidhèn ngantos saêjam sasampunipun bibaran, taksih kankun[4] piyambakan katingal nandhang sungkawa.

Kasangsaran Salêbêtipun Gambira.

Ahmedabad 11 Marêt (Aneta-Nipa). Jalaran saking gambiraning para ingkang mapagakên rawuhipun Sang Gandi, wontên tiyang èstri satunggal nandhang tatu sangêt, jalaran kêdhêsêk ing tiyang kathah saha kalajêng pêjah, wontên malih tiyang èstri 5 nandhang tatu.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4226 ing Bayêm, kintunan sampun kula tampi. Manawi ngantos wulanan makatên, ngalamat inggih kenging kaewahan.

Lêngganan nomêr 5365 ing Kalirahman Sri Pustaka, sapunika sampun botên mêdal malih.

Lêngganan nomêr 2095 ing Sala. Botên wontên pakèwêdipun, saugi panjênêngan sampun nyêkapi wragading pos, inggih punika: 2 sèn, sabên satunggal nomêr ingkang macak Taman Bocah.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 4028 ing Klathèn. Ing polêk almênak sampun nate macak karangan kados panjurung panjênêngan, mila botên kapacak, kauningana.

Tuwan Karsana. Bale Pustaka sampun gadhah klise kados gambar kintunan panjênêngan.

Tuwan M.A.S. ing Ngayogya. Sarèhning gambar kintunan panjênêngan sampun kasèp, botên kapacak, kakintunakên wangsul.

Tuwan A.S. Dw. ing Kencong, Jêmbêr. Sambêting karangan panjênêngan bab panggulawênthah, kakintuna rumiyin.

Lêngganan nomêr 5108 ing Nglaba. Wangsulan panjênêngan alal bahalal botên kapacak, amargi sampun kasèp, redhaksi ngaturakên gênging panuwun.

--- 360 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

33.

[Asmaradana]

Adêgira wus lêstari | băngsa Tami anèng Langka | langkung kêncêng pangastane | datan pisan mawi mawang | mring sambating kawula | amung tinrapakên purun | akanthi tindak santosa ||

bêbasan atangan wêsi | pangrêgêmira mring praja | tan samar mring sadayane | singa kang tan umanuta | tataning nata enggal | nulya tinêtêpkên luput | tinrapan kang pamidana ||

lamun ana kang ngrasani | tanapi nênacad praja | dahat agung ukumane | tan pisan antuk ngapura | tindak ingkang mangkana | mung têtêp abakuh kukuh | salami tan kêni owah ||

jatinira karsa aji | tindaking kang panguwasa | wus ginalih sakecane | awit wus uninga nyata | mring watêking kawula | kang kêndho lir tanpa bayu | kudu tinrapan wisesa ||

awit janma ingkang ringkih | yèn tinrapakên sakeca | gampil tuwuh kuciwane | yèn dèn êmong dèn ugunga | pinangguh andaleya | ngrasa antuk bancik luhur | ngasorkên mring Kang Kawasa ||

Sri Nata Tamil wus ngrêti | lan pancèn dhasar santosa | tan kêni rinèmèhake | marma dènira nèng Langka | sanadyan tanpa kănca | tan samar rinubung satru | kang nyata wus tanpa daya ||

ing mangkya gantya winarni | kadangira Prabu Tisa | aran mèh sirna tabête | tan ana janma kang ngucap | atanapi ngupaya | mring warganing ratunipun | kang pancêr darbe kuwasa ||

saking sadaya mung tintrim | anggung rasa kasamaran | umulat srinata mangke | sanadyan kang darah nyata | datan wani nyabawa | saking kasongan ing ratu | kang lagya unggul kawasa ||

ananging wontên sawiji | kadangira Prabu Tisa | ingkang maksih kantun mangke | nama Pangeran Asela | wus dangu mêndhêm kula | malah ing mangkya wus sêpuh | tan wontên janma uninga ||

wus dangu dènira sakit | cinangkêrêm pangawasa | lan wus koncatan wadyane | sadaya sarsaran bubar | malah wus tanpa warta | datan kinira satuhu | kalamun darahing nata ||

Sang Asela kang ginalih | ngudi wangsuling pangwasa | amrih kêrêbat ing têmbe | sêruning pamintanira | lambaran tapabrata | tan pêgat anggung sinêru | nanging datan kawistara ||

wantuning kasoran ati | yèku kasoran prabawa | lawan narendra ing mangke | panêruning kasutapan | anggung abêr kasoran | ananging wantuning atul | lan antèr datanpa kêmba ||

sanadyan tumindak ririh | adangu-dangu katêkan | ing mangkya tuwuh titike | akèh janma kang uninga | kalamun Sang Asela | sanyata darahing ratu | ingkang mêngkoni ing Langka ||

riwusing saya katitik | lakuning kang kaelokan | apan tinêmu nyatane | kadi ta pra wadyanira | duk pangran kaapêsan | tan pisan ana kang wêruh | sanadyan ta kêpêthuka ||

malah nadyan dèn ruruhi | tan ana ingkang karasa | sang pangeran kongsi gèdhèg | ing wêkasan mung narima | sinrêtu sanggyèng janma | nanging mangkya dupi thukul | samya èngêt sanggyèng janma ||

tan kêndhat prapta anggili | sumiwi lan rawat waspa | kathah-kathah sêsambate | mangkana wahyaning ucap | dhuh Gustiku Pangeran | dene têka kongsi dangu | ing mangkya lagya katingal ||

nuli tulungana Gusti | rusaking kawula praja | lah rêbatên kuwasane | nata kang madêg samangkya | kang dahat nganiaya | wêlasan mring sanggyanipun | kang wus dangu kawisesa ||

Pangran Asela mangsuli | ciptanira kang mangkana | muga bisaa kalakon | ingsun tan pisan kuwasa | ngrêbut kawasèng liyan | sanggyanira mung gumantung | kawasanirèng wisesa ||

aturira sun tampani | muga dadia jalaran | nênangi tyasing kabèhe | rumasa yèn darbe praja | winêngku ing wong liya | ingsun amung sukur-sukur | bisaa nuli tumêka ||

lêlakon lamun wus wanci | timbalira tanpa măngsa | apan wus ngalumpuk mangke | para tilas wadyanira | wangsul suyud sadaya | ngrênggêp gêgamaning pupuh | minta nulya dèn angsahna ||

pangeran agêng ing galih | nulya mêpak wadyanira | nêmpuh maring praja mangke | lakunira rampak rata | singa katrajang bubar | tan ana wani umêthuk | wadya praja kagegeran ||

nanging dupi samya uning | yèn kang nêmpuh Sang Asela | malah ambalik kabèhe | ambyuk angagêngkên wadya | kocap sri naranata | tan dangu kapikut rampung | tan ana wadya kang bela ||

nulya samya dèn pêjahi | riwusing praja karêbat | pinulihkên tatanane | mangkya kang jumênêng nata | Mahaprabu Asela | luhuring kaprabonipun | martani janma sapraja ||

nanging sanggyèng băngsa Tamil | tan kêndhat panginanira | awit wus wruh sanyatane | kalamun băngsa ing Langka | tan darbe kasantosan | wartanira wus misuwur | prapta ing măncanagara ||

nulya wontên kang winarni | rajaputra prajèng Cola | yèku Tanjur ing samangke | kalbèng laladan Indhia | wastanira Pangeran | Helala langkung misuwur | lumurug mring praja Langka ||

wadya gung anggêilani | prasamya prawira ing prang | praptanira Langka age | datan mawa srantan-srantan | tumêmpuh manjing praja | Sri Asela sinedan wus | jinegan praja ing Langka ||

janma praja datan wani | ambelani ratunira | mung ngêsrahkên sadayane | têmah lulus lampahira | narendra Tamil enggal | laminira dènnya mêngku | tumindak sawidak warsa || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Wiratha. (kembali)
[Seharusnya hlm. 356]. (kembali)
saupamane. (kembali)
kantun. (kembali)