Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-15, #624

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-15, #624. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-15, #624. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 56, 28 Sapar Taun Je 1862, 15 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [865] ---

Ăngka 56, 28 Sapar Je 1862, 15 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sumatrah Kidul

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun rêdi Siminung. Ing sacêlakipun ngriku ing pinggir wontên têlaganipun ingkang toyanipun bêning.

--- 866 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Wanita Nyambutdamêl

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 55)

Garèng: Truk, Truk, omonganamu, yèn wong golèk pagawean luwih gampang olèhe nèk sugih sobatan katimbang yèn ora duwe sobat babarpisan, lo, kiyi rak cocog, ta, karo katêranganaku dhèk biyèn, yaiku wong urip kudu bisa ngêpenaki liyan, amrih akèh sêsobatane. Saiki ambanjurake rêmbuge ing bab panggone polêksrad atur pamrayoga mênyang pamarentah, supaya nglarangi lanang wadon karo-karone padha nyambut gawe ana ing guprêmèn, cêkake: nglarangi nyambut gawa para wanita sing wis omah-omah. Dhèk anu aku wis ngomong yèn ana pranatan kaya mêngkono kuwi aku cocog bangêt. Malah yèn pranatane mau luwih dijêmbarake manèh, aku iya saya luwih mupakat, upamane bae: kabèh wong wadon dilarangi nyambut gawe nyang guprêmèn.

[Grafik]

Petruk: Hut, hut, kathik lancang pangucapira. Apa karêpmu, supaya wong-wong bangsamu dhewe kiyi bali kaya nalikane jaman Majapait kae, yaiku: wong wadon mung dikon wêdhak pupur, lan ngenggar-enggar panggalihe si kakung bae. Nèk saiki jamane istri sêdhar, iya jamane para wanita wis padha maju-maju mêngkene, iya wis padha ora sondèl, nèk arêp disawiyah-sawiyah mêngkono. Tumrape jaman saiki, Kang Garèng, ati-atinên wêtuning têmbungmu, yèn kowe ngrêmbug kaanane para wanita, mêngko kowe rak kalakon sinawat ing susur-e, nas, nganti lali aku, ing jaman kamajuan kiyi para wanita mêsthine rak wis ora padha anggantèn, mulane iya kudu tak salini omonganaku. Ati-ati, Kang Garèng, nèk kowe agawe dukaning para wanita, mêngko rak bisa kalakon têmênan sinawat ing ... têgêsan.

Garèng: Tur apês balêbês, iya têgêsan rokok, klismah. Ora, Truk, anggonku mrayogakake saupama para wanita kabèh dilarangi nyambut gawe, kuwi nèk rumasaku ora ngêmungake bisa nyuda cacahing wong sing ora duwe pagawèn, nanging uga nyuda rêgêjêgan ing omah. Lire mangkene: mungguhing panêmuku wong wadon dilairake ana ing donya, kuwi

--- 867 ---

ora prêlu kudu golèk pangan dhewe, nanging kudu dadi timbangane wong lanang. Saikine barêng wong wadon padha maju-maju, banjur akèh sing ora miturut kodrate, yaiku dadi timbangane wong lanang, nanging malah banjur dadi kongkurène alias ngêjori nyang wong lanang, têgêse: nèk ana lowongan pagawean, upamane bae pagawean: klèrêk, juru tulis, lan sapêpadhane, lo, kuwi sing nglamar ora mung bangsane priya thok, nanging para wanita iya akèh. Nèk sing dadi panggêdhe bangsane priyayi sing dhêmên nyang wicara luwês, utawa têmbung manis, kuwi kêna tak têmtokake, yèn para panglamar priya mêsthi bakal ... ciyaklat, jalaran mêsthi mulih nglênthung têmênan. Hara, saupama wong wadon dilarangi nyambut gawe, lowongan pagawean mau rak mêsthi kêcandhak ing priya. Saiki bab rêgêjêgan ing ngomah, aku ora prêlu nyaritakake kana-kana, tak nyaritakake awakku dhewe kiyi. Kowe rak wêruh dhewe, ta, nèk bakyumu anyar kuwi wêton H.I.S. tur biyèn wis tau dadi astèn, klèrêk kantor pos. Lo, kuwi ora kêna kacênthok sathithik, iya banjur andadak bêgita-bêgitu bae. Kaya ta saupama tak unèni mangkene: jêng, jêng, yak, gudhêge kurang santên, jangane rada sayub, sambêl gorènge anyêb bae, sambêle kurang trasi ... lo, kuwi durung nganti tutug omongku, iya banjur andadak cênthe-cênthe rame kae: ora susah maido, nèk ora kanggo aku, bokya dipêgat bae, tak bali dadi klèrêk manèh, hik, hik, hik iya kaya ngene kiyi rasane ngèngèr wong lanang. Jarene isih jaka, jêbulane anake wis karo têngah losin, hik, hik, hik, hêk, hêk, hêk. Hara, Truk, saupama wong wadon dilarangi nyambut gawe, mêsthine iya ora mêngkono wangsulane, kiraku malah banjur mangsuli ngasih-asih mangkene: Inggih kakang mas, kula sampun lêpat nyuwun pangapuntên, benjing mawon kula ocal-ocalakên ingkang ècu punika.

Petruk: Kang Garèng, aku kok ora mupakat nyang omonganamu kiyi. Nèk wong wadon sing wis omah-omah banjur dilarangi nyambut gawe, kuwi aku iya pancèn cocog, jalaran ing ngomah pagaweane rak wis cukup. Nanging nèk wong wadon umume dilarangi nyambut gawe, kuwi aku kok ora bisa akur. Awit saiki kiyi pagawean kuwi warna-warna bangêt, ana sing mathuke mung kanggo wong lanang bae, kaya ta: suradhadhu, matrus, lan sapadhane, ana sing kanggo wong lanang iya mathuk, kanggo wong wadon iya apik, kaya ta: klèrêk, jaga tilpun, lan sapiturute, nanging uga ana pagawean-pagawean sing mung mathuk kanggo băngsa wanita bae, kaya ta: dhukun bayi (vroedvrouw) guru sêkolah probêl, lan liya-liyane. Dene saikine para wanita banjur padha nêrak pagawean-pagawean sing dudu mêsthine, kuwi kagawa jalaran saka jamane. Mungguh katêranganamu ing bab wuwuhing rêgêjêgan ing sajêroning ngomah, nèk mungguh panêmuku kaliru bangêt. Awit ing kono kowe sajak nacad mênyang para wanita sing padha olèh pangajaran, kok dakwa, yèn padha

--- 868 ---

ngêdir-êdirake kapintêrane, lan ngêdir-êdirake anggone bisa golèk pangan dhewe. Wanita sing duwe lageyan sing kaya kok kandhakake mau, sing sathithik-sathithik mutung utawa nêpsu, kuwi dudu aran wanita sing utama lan wanita sing olèh pangajaran, nanging wanita sing ambrêkunung. Yèn pancèn wanita kênthingan, dhasar olèh pangajaran, mêsthi ora duwe watak sing mokal-mokal utawa ganas, sing akèh mêsthi tansah angèlingi marang kasusilan lan kaluhuraning kawanitane, yaiku sajrone ajêjodhoan, anggone angladèni priya mêsthi wis diarah murih slamêting sakaro-karone. Dadi iya mêsthi bisa ngrêksa marang priya, bisa nuju prana, bisa anggêdhèkake pikiring priya, bisa amêmulih rêngating driya, cêkake bisa ngrangkani utawa ngladèni priya. Iya wanita sing kaya mangkono kuwi, sing sinêbut sajatining wanita, iya wanita utama. Wêwatêkaning wanita sing luhur mangkono iku, satêmêne wanita sing bisa ngluhurake marang jênênging priya, rewange lara lapa, rewange suka rêna ana ing ngalam donya. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbugane padha dilèrèni samene bae, aku sêlak arêp tata-tata anggonku arêp lêlungan nyang Magêlang. Wis, ya Kang Garèng, andum basuki, kowe mujèkna aku murih slamête, lan aku tak mujèkake, supaya slamêta aku.

Kawruh Sawatawis

Bab Pasanggrahan Tawangmangu = Srikaton = Asripurna

Ing Kajawèn ăngka 43 ngêwrat kabar cêkakan, bab pasanggrahan Tawangmangu bawah Mangkunagaran, samangke sampun kapundhut kagêm pasanggrahan saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun, saha sampun kamulyakakên kados wingi-wingi lajêng kaparingan nama: Asripurna. Ing ngriki kula mêwahi katêrangan cariyos babadipun pasanggrahan wau ugi namung kapêndhêt cêkakanipun ingkang sakintên prêlu kemawon dede dongèng, taksih pèngêtan têrang, lowung kangge wêwahing waosan. Gancaripun sakawit kados ing ngandhap punika:

Pasanggrahan Tawangmangu, punika iyasanipun suwargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, kirang langkung sapriki sampun jajahan pitungdasanan laminipun, kaparingan nama pasanggrahan Srikaton. Kawuningana, pasanggrahan-pasanggrahan iyasan M.N. IV punika kathah, kirang langkung wontên 25 panggenan, inggih punika manggèn kagungan dalêm siti-siti ing Sêmbuyan, Ănggabayan, Gêduwang, Matesih, Tasikmadu, Calamadu tuwin sanès-sanèsipun, nanging ingkang kawical agêng piyambak sarta pêpak jangkêp pirantosipun, namung kalih panggenan, ăngka 1 ing Karangpandhan, ăngka 2 ing Tawangmangu kasêbut nginggil, dene sanès-sanèsipun namung kapetang limrah sarta botên mirantos pêpak kados ing Karangpandhan tuwin Tawangmangu. Makatên malih, inggih namung kalih panggenan punika ingkang kêrêp kagêm pêpara, rêrêp ngantos dasanan dintên laminipun, asring-asring kagêm [kagê...]

--- 869 ---

[...m] pasamuwan mawi anyêdhahi tamu-tamu para luhur băngsa Walandi tuwin Jawi. Dene pasanggrahan sanèsipun ingkang alit-alit, namung kagêm ampiran kèndêl sadintên kalih dintên. Pasanggrahan Karangpandhan tuwin Tawangmangu, punika papanipun ing parêdèn langkung inggil, bawera radin, miwah hawanipun sakeca sangêt tumanduk dhatêng angganing manungsa (langkung asrêp), pikantuk sangêt kangge patirahan ngupados hawa sae, inggih dening agêngipun sarta sarwa mirantos wau punika, mila kacariyos wragading iyasa pasanggrahan kalih panggenan wau gunggungipun ngantos têlas atusan èwu. Têtanêman minăngka kangge pêpasrèn, botên ngêmungakên băngsa sêsêkaran ing patamanan kemawon, nanging tanêman băngsa wowohan ugi sapêpakipun.

Pasanggrahan Tawangmangu punika botên têbih sangêt kalihan pasanggrahan Karangpandhan, namung lêt watawis 4-5 pal kemawon, sami dumunung sukuning rêdi Lawu têmbing kilèn. Jaman samantên dèrèng wontên têtumpakan warni-warni kados samangke punika, mila bilih têdhak pêpara samăngsa sampun ngancik laladan Karangpandhan, Tawangmangu sapiturutipun, kareta titihan dalêm lajêng botên katarik kapal, santun katarik tiyang (narakarya) bagiyan ngajêng tiyang 40 bagiyan wingking ugi tiyang 40 dipun panganggeni sandhangan sami, pirantos narik, nyurung utawi anggondhèli titihan dening marginipun turut parêdèn minggah mandhap. Wondene para pandhèrèkipun putra santana dalêm punapadene abdi dalêm jalêr èstri, prajurit drahgundêr sapanunggilanipun sami numpak kapal sadaya.

[Grafik]

Grojogan ing Tawangmangu.

Mangsuli cariyos pasanggahan Tawangmangu. Dumugi jumênêng dalêm suwargi Kangjêng Gusti Mangkunagara V mèh akir, kadadak manggih karisakan agêng sarêng sami nunggil sadintên ingkang sangêt botên kanyanan babarpisan, mawi kurban jiwaning manungsa jalêr èstri tiyang sêpuh tuwin lare, rajapêjah rajatatu sawatawis kathah kanthi wutahing rah anggêgirisi, sadaya wau kadadosan sami sakala manggèn wontên salêbêting pasanggrahan agêng ing perangan têngah adamêl ngêrêsing manah.

Dhawahing karisakan wau ing dintên Jumuwah tanggal sapisan wulan Sura, ing taun Jimakir ăngka 1818 ing wanci janm 11 siyang. Ajalaran saking pakartining têtiyang sami kalap punapa kaanjingan setan punika, [puni...]

--- 870 ---

[...ka,] sakawit satunggiling tiyang sampun satêngah oliya, dados paguronipun tiyang kathah sakiwatêngênipun dhusun ngriku, sinêbut Kyai Iman Sampurna. Dintênipun Kêmis enjing Kyai andhawuhi dhatêng sadaya muridipun, supados sami sudhia pirantos kangge sidhêkahan dhatêng pangidhangan ing Tlagapasir, sawetanipun Tawangmangu têbih, kados adat ing sabên taun dhawah dintên Jumuwah wulan Sura. Murid-murid sampun mirantos pêpak, mangke wanci sontên badhe bidhalipun. Ananging wêkdal wau beda sangêt kalihan padatan ingkang sampun. Cacahipun tiyang sêpuh jalêr èstri kalêbêt lare-lare alit, kirang langkung wontên 250 wontên bayinipun satunggal kalih, sadaya nêdya tumut dhatêng Tlagapasir. Barang rajadarbe, rajakaya, pitik iwèn, punapadene sawarnining dêdamêl băngsa landhêp tuwin antêp, botên wontên ingkang kantun, prasasat namung griya thok ingkang katilar. Dhusun padununganipun Kyai Iman Sampurna suwung, tiyangipun sadaya tumut. Ing wanci ngajêngakên sêraping surya bidhal sêsarêngan dalah babêktanipun kêbut.

Kocapa, wontên ing margi Kyai Iman Sampurna kadadak salah kadadèn, lampahipun botên siyos jiyarah dhatêng Tlagapasir, jêbul anuju dhatêng Tawangmangu lajêng ngêbroki pasanggrahan, murid-muridipun sadaya dalah têtiyang èstri tuwin lare-lare, namung sami anut lampah jantranipun kyai. Têtiyang jagi pasanggrahan bibar lumajêng salangtunjang, tanpa mawi antan-antan lajêng dipun ancup purun dening kyai kalap samurudipun mawi dêdamêl ligan. Enggaling cariyos sanalika ngriku dipun sêbutakên kraman angêbroki pasanggahan. Jam 11 dalu palapuran parentah pulisi saking dhusun sampun dumugi nagari (Mangkunagaran). Jam 3 dalu wau, prajurit drahgundêr Jawi 60 numpak kapal tuwin suldhadhu bèntèng 100 dharatan, kakintunakên dhatêng Tawangmangu. Tuwan residhèn, Kangjêng Gusti Mangkunagara V kanthi para pangagêng sawatawis, sami têdhak anjênêngi, nanging namung kèndêl ing pasanggrahan Karangpandhan. Dumugining ngêndon sarèhning sampun têtela têrang, Kyai Iman Sampurna sabalanipun sumêdya nglawan Kumpêni sikêp dêdamêl warni-warni băngsa landhêp, dipun ipuk rêmbag sangkaning aris sampun botên marduli. Mila wêkdal Kyai Iman sakancanipun angancap barisan drahgundêr lajêng dipun dhawahi sanjata karbin saking nginggil kapal, nalika kataman punglu sawêg sapisan kaping kalih dèrèng rêbah, jangkêp kaping tiga, Kyai Iman Sampurna rêbah pêjah ngênggèn, kancanipun kalih ugi pêjah kasênjata. Kancanipun pintên-pintên dasa tiyang ngêbyuk sumêdya narajang purun ugi kanthi sikêp dêdamêl, nanging lajêng dipun papagakên suldhadhu Walandi saperangan, kalihan nyanjatani, barisan Kumpêni ngangsêg nyêlak pasanggrahan, nuntên salêbêting pasanggrahan dipun drèl rambah kaping tiga brêng… brêng… brêng, panyanjatanipun mêdal saking kaca-kaca raming jandhela tuwin kori. Gumêrah suwaraning tangis tiyang èstri tuwin lare-lare, kirang langkung wontên sèkêtan tiyang pêjah utawi nandhang tatu, dening ingkang taksih gêsang kapikut kapasrahakên pulisi. Barang rajadarbe, rajakaya sapanunggilanipun angèbêki pasanggrahan. Pasanggrahan kalajêng botên nate kagêm malih.

P.K. 585.

--- 871 ---

Panglipur Manah

Gilir Gumantosing Kaanan

[Dhandhangula]

Kang pinêtha mêmanising tulis | ananira bawana ngamănca | kang bineda tinêmune | janma myang isinipun | kang asipat sato myang pêksi | tanapi têtanêman | miwah liyanipun | lamun tinandhing tan timbang | lan rarasing pra janma liya nagari | sinamia tan padha ||

kaananing têtuwuhan bumi | wus andadarbe daya kêkuwatan |[1] kang bineda kaanane | kadi ta kayu-kayu | kang atakat sunaring rawi | kalamun tinanêma | anèng hawa salju | gêsangira kawisesa | têmah layu saking nyata tan kuwawi | kataman dayanira ||

pan mangkana ingkang kosokwali | wit kang lêdhung nèng hawa kasrêpan | yèn ta linuru ênggène | curês tan dadi tuwuh | pindhanira kataman agni | tan kawagang nanggulang | kawasaning urup | dadya kalamun tinimbang | ananira têtela akosokwali | datan kêni pinadha ||

kadi tarulata hawa atis | kang pinangguh nèng tanah Eropah | nyata lakuning uripe | nut măngsa kang tinêmu | lamun nuju măngsa padhidhing | samăngsa mèh tumiba | gogrog punang taru | arasa suka sasmita | mring sanggyaning titah kang samya dumadi | umèngêta ing măngsa ||

wusing katog dènnya anggègrègi | wrêksa-wrêksa araras palastra | datanpa ron sadayane | sanadyan rumput lumut | lir amurwèng kasidan jati | tan ana kang kawawa | nanggulangi salju | wusing prapta mangsanira | samya kèlês kurugan salju kang putih | maratani bawana ||

têbanira lêpasing pangèksi | kang kawuryan mung awarna seta | tan ana sêla-sêlane | kongsi naput pandulu | mring paningal lir tan kuwawi | pêksi-pêksi kang saba | wus sirna umabur | ngambara salin pasaban | duk mangkana kang praja araras mati | nyênyêt tanpa sabawa ||

jatinira kang mangkana yêkti | ananira tan mawèh sangsaya | wus anut laku lumrahe | tidhêming sarwa kayu | lir nênungtum rasaning urip | sawusing mangsanira | adhêm luluh larut | prabawaning diwangkara | rasa kadi nênangi maring pêpati | kang dangu tanpa daya ||

taru-taru tumruna sumêmi | riyu-riyu sagon-gon warata | ngayêmi raras rêsmine | datan dangu sinusul | jumêdhuling sêkar andadi | myang kêmbang pakêbonan | kang sirna kaurug | dupi wus praptaning măngsa | tuwuhira sarêngan ngêgèt-êgèti | warata tanpa kira ||

ananira satêbaning bumi | kawaratan sawangan kang endah | kang lagya tuwuh anêmbe | dadya kaananipun | têtuwuhan kalaning mati | datan nyata pralaya | manggya dupi timbul | malah kalangkung têtela | ambabar kang puspita anggănda wangi | sinêbarkên warata ||

datan pae punang pêksi-pêksi | ingkang dangu oncat salin saban | sêsarêngan prapta mangke | wangsul marang ing dunung | datan ana kang kliru uwit | kadi wus bêbagean | têtêp tan kaliru | anggolong lan bangsanira | ing wasana têntrêm wangsul angênggoni | lulus tanpa sangsaya ||

sanadyan ta kaananing bumi | kang tinêmu nèng nagara panas | anggung lumintu lakune | amung beda ing tanduk | tumibaning măngsa nyakiti | pinangguh nèng katiga | duk mangkana tuhu | sanggyaning kang tarulata | rarasira kadi-kadi [kadi...]

--- 872 ---

[...-kadi]

kataman pagêring |[2] pinangguh samya ngarang ||

kang tan kuwat samya anggègrègi | jati-jati koncatan ronira | ngarang kari pange bae | katon kadi tinunu | myang papringan barongan ori | aluming rondhonira | araras ngêlayung | kang bêlik sêndhang kasatan | kali-kali tan ana kawawa mili | bantala samya nêla ||

[Grafik]

pêksi-pêksi koncatan pambudi | mawurahan ngupaya pasaban | kasêpèn ing kana-kene | aking sanggyaning rumput | pangonaning kang kêbo sapi | têmah tinêmu kêra | wulu arang blawus | kadayan măngsa katiga | kang atêgêl kadi mangarah ing pati | nêdya ngrusak bawana ||

dyan sumusul măngsa ngrahayoni | yèku măngsa tumapaking kapat | kang wus rasa angêmu we | tibaning măngsa labuh | sanadyan ta tan mirah warih | nanging wus mawèh daya | nungtum tanêm tuwuh | sanggyaning warna rumambat | wus ngayati tarubusing tăndha urip | titikira katara ||

têmu-têmu kang tumanêm siti | duk kataman tumungtuming toya | tangi turubus pupuse | roning kamal kadulu | angalela rasa ngadhêmi | amayangi padesan | yayah anguk-anguk | kawuryan pating parênca | dahat rêsmi dènira rumênggèng bumi | lir pilising padesan ||

dumuluring măngsa wuri-wuri | sanggyaning kang sarwa kawisesa | wus umadêg kawasane | rumput kang lêdhung-lêdhung | mung atadhah sarwa kadugi | dèn ambah rajakaya | nadyan dèn rit pugut | tan pisan mawèh rêkasa | talebaning ratri wus apulih malih | tan ngrasa winisesa ||

taru-taru ambabar kang sari | sinusuling pêntil tan antara | amyang ngênggoni mangsane | mangkana kang tinêmu | kaanan kang gilir gumanti | jatinira kang beda | mung aliru laku | myang adilirèng wisesa | datan nêdya ngrêrusak ananing bumi | mung pinrih tata arja ||

--- 873 ---

Jagading Sato Kewan

Bab Menda Bênggala Sapanunggilanipun

Ing Kajawèn 44 lan 51, nyariyosakên bab menda bênggala. Bab punika kula badhe urun sakêdhik.

Menda bênggala punika, wontên warni-warni bangsanipun, sarta badhe kula têrangakên tanah sarta wangunipun satunggal-tunggalipun, kados ta menda Etawa, Montgomery, Kashmir.

Ing Indhia punika kathah bangsanipun menda, sarta satunggil-tunggilipun beda-beda tanah sarta wangunipun. Samantên ugi lêmbu, maesa, kuldi, menda gèmbèl, tuwin kapalipun.

Ing Mysore (Negapatman) lêmbu tuwin mendanipun sampun beda tanahipun kalihan ing Ongole (Nelvre). Măngka saparesidhenan Bênggala sisih kidul, sangsaya mangalèr ngetan mangalèr ngilèn, sangsaya beda tanahipun. Punapa malih ing parêdèn, Kalka, tuwin Kashmir. Ing Ismail Khan tuwin Daradikhan ugi makatên. Ing Rothak sarta ing Hissar sampun beda sangêt tanahipun, măngka saapdhèling.

Sampun cêtha ing Kajawèn 44 lan 51 gambar-gambaripun turun-turunan menda wau, namung kula badhe nyariyosakên aslinipun.

Menda tuwin lêmbu utawi kewan sanèsipun, tiyang kêdah anyumêrêpi saking pundi aslinipun kewan. Saupami kewan saking panggenan hawa ingkang bêntèr, dipun ingah ing panggenan ingkang asrêp, punika ingkang kathah botên dados. Menda Kashmir lan Montgomery dipun ingah ing panggenan bêntèr, samantên ugi menda Etawa dipun ingah panggenan asrêp inggih botên sagêd sae. Ing Jawi ngriki menda turunan Etawa, ingkang kathah ing pasisir lèr, inggih punika ing Pakalongan, Têgal, tuwin sanèsipun.

Dene menda ingkang wontên Jawi ngriki, ingkang kathah sampun campuran, awis sangêt ingkang tulèn. Namung rumiyin kagunganipun Nyonyah Vodegel ing Nglingi, ingkang kapundhut ing gupêrmèn f 10000, casahipun[3] menda jalêr 4, menda èstri 96, sarta cêmpe kirang langkung 10 iji, punika 90% taksih Etawa tulèn. Ing Pakalongan Têgal, menda-mendanipun sampun turunan marambah-rambah.

Mangsuli tanah sarta wangunipun satunggil-tunggilipun băngsa, tanahipun menda Bênggala ing sisih kidul punika, kados ing ngandhap punika:

Ulêsipun ingkang kathah abrit, utawi cêmêng, sirahipun kados menda Jawi limrah, kuping alit, sarta wontên ingkang pêrung, inggilipun samenda Jawi ingkang inggil piyambak, singat kados menda Jawi. Badan panjang sarta wêwêg. Ingkang jalêr dipun kêbirèni, kangge sêmbêlehan, kangge ing kapal sarta kangge kabêtahanipun tiyang pribumi, ingkang agama Islam.

Sadhèrèk kula H. Dimulya ing Mêdana, anyariyosakên turun-turun menda Bênggala, kirang pajêng kangge sêmbêlehan, sabab badanipun gèpèng, daging ngyiyit, kirang kiyal, punika kula

--- 874 ---

mathuk. Kewan sêmbêlehan punika, kêdah ngupados ingkang andhap sarta panjang badanipun, kados kasêbut ing nginggil. Daging ngyiyit punika botên sanès saking têdhanipun kadospundi.

Menda Etawa, punika aslinipun saking Iniydha[4] ngajêng ing dhistrik Etawa. Ing ngriku menda punika kangge pêrêsan, tiyang ingkang botên gadhah lêmbu utawi maesa Delhi (maesa pêrêsan) punika narimah puhan menda. Tiyang ing Indhia ngajêng punika agêng alit sêpuh anèm sami ngombe puhan, puhan punika ombèn-ombèn padintênan. Utawi malih kangge nulak ngêlak, yèn măngsa bêntèr wulan Juli, Ogustus, lan Sèptèmbêr, bêntèripun Indhia ngajêng ngantos 128° (Farhenheit) utawi langkung, punika tiyangipun angombe puhan, kacampur toya sarta sarêm sakêdhik, punika yêktos, ngêlakipun sagêd suda sangêt. Kula piyambak anglampahi.

Menda Etawa ing Jawi ngriki namung kangge nyaèkakên, sarta namung kangge kasênêngan kemawon, turun-turunipun kirang sae kangge sêmbêlehan.

Tanah sarta wangunipun, menda Etawa kados ing ngandhap punika:

Badhe kasambêtan.

Kula pun H.k.d.

Bab Têtanêman

Mrica

Sambêtipun Kajawèn nomêr 55.

Nyeblakakên bibit wau saangsal-angsal kêdah kaprênahna ing sakilèning wit rambatan, prêlunipun makatên: rèhning nama tanêman enggal, măngka bêntèring srêngenge punika botên ajêg, yèn siyang langkung bêntèr tinimbang ing wanci sontên, lan wêwayanganing wit-witan salaminipun manggèn ing prênah sakilèn tuwin sawetaning wit. Dados tanêman enggal wau yèn wanci enjing dumuginipun siyang manggèn ing prênah wêwayangan, dene yèn sontên kêsorotan srêngenge, nanging sampun suda bêntèripun, lan botên dangu lajêng sêrap, nuntên katututan daya kêkêsing dalu. Mila dipun reka kados makatên wau, pamrihipun supados widada gêsanging tanêman, dados botên nuwuhakên gêlaning manah.

Ing măngsa tracap punika kadhangkala mawi wontên pêthatan, mila yèn tanêmanipun dèrèng nglilir, kêdah dipun sirami. Yèn bêntèripun sangêt, upami ing tanah ngare, pasitèn saprênahing tumancêbipun bibit, punika prêlu kêdah ajêg têlês, rekanipun kêdah sarana dipun dèkèki sigaran gadêbog têlês, ing prênah sakiwa têngêning tanêman, samantên ugi yèn prêlu, bibit kêdah mawi dipun kudhungi. Yèn pratikêl kados makatên wau dipun tindakakên akanthi lêrês-lêrês, sampun tamtu tanêmanipun enggal thukul andandos. Êlung ingkang dèrèng [dè...]

--- 875 ---

[...rèng] sagêd tumemplok, prêlu kêdah dipun pitulungi, inggih punika tinangsulan onggrong-onggrong angsal uwit, supados ros-rosanipun sagêd krakêt dhatêng klika. Mênggah pandhangiripun namung cêkap dipun kêsrik, ngangge pirantos ingkang nama tangkil utawi kêring.

[Grafik]

Cara-caranipun tiyang ngundhuh mrica.

Mênggahing wit-witan ingkang rinambatan mrica, punika sajatosipun botên andadosakên karisakan punapa-punapa, agêngipun sagêd adamêl sudaning woh, punika botên, awit gêsanging mrica beda kalihan gêsanging kêmladhehan.

Sapunika tanêmanipun sampun rumambat, kantun angêntosi benjing punapa sêkar lan awohipun. Mênggah sêkaripun inggih punika manawi wit mrica sampun mêdal caranganipun, dene sêkar wau mèmpêr sêkaring sêdhah, namung kaot mawi palêtuk pêthak, lan printisipun sawatawis groboh, punika botên dangu lajêng dados woh, wujudipun rêrentengan kados woh wuni, yèn taksih nèm ijêm, sêpuhipun abrit. Punika sampun mangsanipun kaundhuh, pangundhuhipun mawi ăndha kapènèk, nanging kajagia sampun ngantos adamêl dhèdhèling wit ingkang tumapêl ing klikaning kajêng rambatan.

Pangundhuhing woh wau kapêthik dalah gagangipun, winadhahan ing sênik kabêkta mantuk, sadumugining griya dipun pêthili, ingkang sêpuh kapilah-pilahakên kalihan ingkang taksih ênèm. Ingkang sêpuh lajêng kagodhog ngantos nyunyut kulitipun jawi, lajêng kailês ing lèpèn, sasampuning rêsik, garingipun lajêng dados pêthak, kados ingkang pinanggih wontên ing nglêbêt bothekan kasêbut nginggil. Wondene mrica ingkang taksih ênèm wau botên susah kagodhog, namung cêkap dipun êlèr wontên ing papan bêntèr ngantos dados garing, garingipun awarni cêmêng akisut, inggih kados ingkang pinanggih wontên ing crakèn punika, gampilanipun têtiyang mastani mrica cêmêng, nanging sajatosipun punika mrica limrah ingkang nomêr kalih.

Wasana karangan punika, mugi-mugi dados sarana panggugahing manahipun para sadhèrèk dhusun, lan malih yèn pancèn kathah pananêmipun, sampun têmtu badhe pikantuk kauntungan kathah, rimatanipun botên ngrêkaos.

Nirrasa, Tumpang - Malang.

--- 876 ---

Palapuran Bathik

Kabudidayan Bathik ing Banyumas

III.

Jalaran para amtênar, ingkang kajibah anamtokakên pambayaripun pajêg, punika panaksiripun miturut cacahing pêngobèng, ingkang nyambut damêl wontên ing ngriku. Saya sakêdhik cacahing pêngobèng, saya suda pajêgipun. Dados ngadani padamêlan bathik ingkang lumantar anèmêr, punika tumrap juraganing kabudidayan bathik, langkung kathah bathinipun katimbang tunanipun. Kosokwangsulipun ingkang dados anèmêr, punika manawi kirang pangatos-atosipun, inggih sagêd angsal kapitunan agêng sayêktos. Awit sadaya-sadayanipun kêdah dipun tandangi piyambak, ingkang pancènipun dados bêbahanipun juraganing kabudidayan, samangke dados kuwajibanipun anèmêr wau. Tingalipun anèmêr bathik punika sajakipun inggih kados tiyang ingkang nyambut damêl mardika, nanging sajatosipun malah dados rencanging kabudidayan ingkang ngrêkaos.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih padamêlanipun anèmêr, sanadyan ing sêmu katingal sajak mêrdika, nanging sajatosipun malah satunggiling rencang ingkang ngrêkaos, langkung malih mênggahing têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik ngriku, punika saya ngrêkaos malih. Murih têrangipun, ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sakêdhik mênggah:

Kawontênanipun tiyang-tiyang nyambut damêl.

Têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik, punika kenging kabagi dados tigang golongan, inggih punika: pêngobèng, tukang cap, tuwin kuli limrah. Mênggah pêngobèng punika ingkang kathah tiyang èstri, sanadyan kadhangkala inggih sok kêsêsêlan tiyang jalêr. Dene pêngobèng-pêngobèng wau, ingkang kathah sami manggèn wontên ing pakawisanipun kabudidayan ngriku. Punapa malih pêngobèng ingkang pintêr, punika dipun jagi sangêt sasagêd-sagêd sampun ngantos mêdal.

Ing jaman rumiyin tiyang èstri ingkang purun tumut nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik băngsa Tionghwa, punika dipun anggêp tiyang èstri asor. Nanging ing samangke sampun kawastanan limrah.

Para maos têmtunipun lajêng wontên ingkang pitakèn, têka èstri ngantos botên ajrih dhatêng wirang, punapa tumrapipun têtiyang wau ing kabudidayan-kabudidayan ngriku sagêd anyêkapi mênggahing:

Epahanipun.

Têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik, punika pambayaranipun miturut lamining panyambutdamêlipun, utawi miturut cacahing barang ingkang karampungakên, dados wontên ingkang dipun bayar dintênan, wulanan, utawi taunan, nanging ugi wontên ingkang kabayar sarampungipun sasawit utawi saslendhang.

Ingkang kabayar dintênan punika namung kuli limrah, dene ingkang kabayar wulanan utawi taunan, punika kuli lan pêngobèng ingkang sami manggèn wontên ing ngriku pisan, kajawi angsal bayaran, têtiyang wau ugi angsal têdha tuwin papan patilêman. Nanging miturut panitipriksa, pambayaranipun kuli dintênan punika langkung kathah katimbang tiyang-tiyang ingkang kabayar wulanan utawi taunan wau.

Mênggah kathahing epahanipun têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik, punika cêkak aos kenging dipun cariyosakên, bilih botên cêkap manawi kajagèkakên kangge nêmpur, ngêmungakên kangge tumbas lawuhipun kemawon, dene ingkang kajibah ngawontênakên uwos inggih ingkang jalêr, samantên punika manawi ingkang jalêr gadhah sabin.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih epahanipun para pêngobèng punika ngêmungakên kenging kangge tumbas lawuhanipun kemawon, măngga samangke sami niti kathahing

Epahan ingkang salêrês-lêrêsipun.

Anggènipun ngupados katêrangan murih sagêdipun nyumêrêpi mênggah kathahing epahanipun para pêngobèng lan punggawa sanès-sanèsipun, punika pancèn inggih angèl sayêktos, jalaran ing kabudidayan bathik punika sami botên wontên buku-bukunipun ingkang kangge nyênyathêti wêdal lêbêting arta, amila paniti priksanipun wau ngêmungakên saking katêranganing tiyang kemawon. Dene cara-caranipun ngupados katêrangan punika makatên:

Kados ta pêngobèng, punika pasrahan padamêlan, ingkang bayaranipun sampun katêmtokakên kathahipun, sarta pambayaripun manawi padamêlanipun wau sampun rampung. Angsal-angsalaning panitipriksa, pêngobèng punika radin-radinipun angsal opahan ing dalêm sadintênipun 15 sèn. Miturut katrangan sanès, epahaning pêngobèng punika radin-radin sadintênipun namung 15 sèn, punika inggih lêrês, manawi angèngêti, bilih angsal-angsalanipun ingkang sabagian punika minăngka kangge nyauri sambutanipun dhatêng majikan utawi juraganipun.

Têtiyang èstri ingkang sagêd angsal opahan langkung saking 15 sèn sadintênipun, punika para pêngobèng ingkang pancèn pintêr-pintêr, tuwin ingkang kêrêp kemawon anglêmbur ing wanci dalu.

Dene bayaranipun kuli, punika ing sadintênipun antawisipun 25 kalihan 35 sèn, inggih wontên kuli ingkang bayaranipun namung 15 dumuginipun 20 sèn, nanging punika taksih nama anthèk. Dene bayaranipun tukang cap, punika sok sagêd 50 ngantos 75 sèn. Untungipun, dene sadaya wau sagêd sami angsal têdha tuwin wedang kopi kanthi lêlahanan. (Badhe kasambêtan)

--- 877 ---

Bab Kasusastran Jawi

Bab Ewahipun Têmbung utawi Basa Awit Badhe Anuruti Jaman.

Kala Rêbo kapêngkêr kula ngaturakên mupakat kula dhatêng panganggenipun têmbung: tuwan, kangge anyantuni têmbung sadhèrèk, awit kula aturakên têmbung tuwan, wau botên wontên raosipun dêksura, tumrap ingkang ngangge raos èwêt inggih botên wontên, makatên ugi tumrap ingkang kataman, sanajan kulinanipun dipun sêbut dèn, dèn bèi, sapiturutipun, inggih botên wontên punapa-punapanipun. Măngka manawi dipun manah icaling èwêt-pakèwêt punika namung nyakecakakên saha anggampilakên anggènipun sami sêsrawungan. Mila ing batos kula namung tansah angalêm dhatêng ingkang kagungan pamanggih sakawit. Awit wontênipun ingkang sampun-sampun, prakawis undang-undang utawi anyênyêbuti tiyang punika pancèn prakawis ingkang èwêd, asring andadosakên sêling sêrêping panampi, utawi anjalari tuwuhipun raos botên sakeca, punapa malih tumrapipun priyantun putri. Para priyantun putri Jawi ing tanah Jawi Têngah ingkang sampun nate angadani pakêmpalan, têmtu sampun sami angalami, èwêtipun badhe amratelakakên sasêbutan, ing dalêm batos têmtu tansah rêgêjêgan piyambakan, punapa dèn ngantèn, punapa dèn ayu. Rampungipun rêgêjêgan piyambakan, lajêng gêntos rêgêjêgan kalihan tiyang sanès, awit dipun cacad kalintu anggènipun anênêngêri. Wong pancèn dudu anu, kok disêbut anu, padha-padha ngundang anu, rak athuk si anu kae, wong anune isih anu, balik si anu kuwi rak mung anu bae, sapiturutipun. Raosan ingkang kados makatên, punika manawi dipun opèni, saking kathahipun, utawi saking anggènipun tansah wontên, sagêd anjalari tuwuhipun raos botên sakeca, apês-apêsipun botên angangsalakên tiyang nyambut damêl, mila inggih lêrês asring wontên ingkang nekad ngangge sêsêbutan nyonyah. Sêsêbutan wau minăngka têtimbanganipun sêsêbutan tuwan, praos kula sampun mungguh sangêt. Raosipun tumrap priyantun Jawi masthinipun taksih kirang, kawon kalihan sêsêbutan ingkang dêlês, ananging manawi angèngêti sêmbulihipun, inggih punika sagêd angicalakên èwêt-pakèwêt sapintên-pintên, tumrapipun băngsa Jawi kados botên kenging kawastanan rugi.

Basa Jawi punika sampun misuwur angsal sasêbutan angèl, criyosipun ingkang sumêrêp, langkung angèl manawi dipun tandhing kalihan basa Indhia sanèsipun, angèlipun punika kajawi dumunung wontên ing tatakrama, inggih dumunung wontên ing basanipun piyambak, kathah têmbung-têmbung Jawi ingkang dèrèng kasumêrêpan gumathok, mênggahing panganggenipun, trapipun utawi mapanipun katrangan wontên ing ukara inggih dèrèng wontên pathokanipun. Mala[5] inggih botên anggumunakên, sok wontên ingkang lajêng amutungi, lajêng ngangge basa Mlayu utawi basa Walandi, inggih saking angèlipun punika wau. Sarèhning dipun putungi punika tumrapipun basa botên prayogi sangêt, awit lajêng suda kanggenipun, suda ajêngipun, sarta cêpak unduripun, mila para ingkang sami kawogan, masthinipun inggih sami rumaos wajib ambudidaya murih sampun utawi sampun kalajêng-lajêng dipun putungi, sarana dipun angkah sudanipun utawi icalipun samukawis ingkang tumrap ing jaman sapunika sami kawastanan angèl, liripun angèl utawi rèwèl katindakakên.

Anggèn kula matur bilih basa Jawi wontên ingkang mutungi punika bokmanawi manawi priyantun Jawi Têngah, kirang pitajêngipun, ananging tumrapipun priyantun Jawi ingkang sami wontên ing tanah Batawi upaminipun, prakawis wau sampun botên prêlu kula turakên, sampun sami anyipati piyambak.

Wondene pambudi murih icaling angèl wau, saking pamanggih kula kajawi ambudi cêthanipun pun paramasastra, paramasastranipun basa Jawi jaman sapunika, inggih kasambi amanggalih têmbung-têmbung utawi prakawis sanèsipun ingkang gêgandhengan kalihan têmbung, upaminipun têmbung tuwan, ingkang kula aturakên ing ngajêng.

Wontên malih prakawis ingkang gêgayutan kalihan basa, ingkang ugi kêdah kaudi murih gampilipun, inggih punika tatêngêr ingkang kaangge nyêrati basa. Wontênipun ing jaman samangke, sadyan[6] tumrap tiyang Jawi piyambak pisan, tatêngêring basa punika inggih wontên kêmarunipun, sarta kêmaru wau inggih badhe dados paran plajênganipun tiyang kathah manawi ingkang dipun kêmaru tansah angangkrik-angkrik, botên niyat anuruti dêrêngipun ingkang ngêmaru, alias botên anuruti jaman.

Dados ing bab tatêngêr, sanajan lêbêt cêthèking suraos, utawi agêng aliting pêrlu wontên bedanipun, kawontênanipun sami kemawon kalihan ingkang dipun têngêri. Mila saking pamanggih kula, samukawis tindak ingkang niyatipun badhe anggêgêgi kawontênan kina, ingkang tumrap jaman samangke sampun botên tumindak, punika ingatasipun basa, sanajan kawontênan wau tuwuhipun saking raos ingkang lêbêt utawi inggil pisan, talèncèngipun malah sok sagêd amêjahi dhatêng basa, awit lajêng dipun puriki utawi dipun putungi dhatêng ingkang pancènipun kêdah sami ngangge.

--- 878 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Kasusahanipun para tiyang minggah kaji.

Wontên sêrat sêbaran saking sèkrêtaris gupêrmèn dhatêng para pangagêng nagari, ingkang suraosipun aparing sumêrêp, ing bab panuwunan ingkang katur parentah supados parentah paring pitulungan arta dhatêng têtiyang Indhonesiah ingkang wontên ing Mêkah. Bab punika atas saking dhawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados para pangagêng nagari andhawuhakên dhatêng para rakyat lumantar pangagêng tiyang siti, tuwin mangrêtosakên, bilih rêrêgèning barang-barang tuwin beya wontên ing Hejas, botên suda, dados para tiyang ingkang badhe dhatêng Mêkah sami mangrêtos, makatên malih para kulawarga ing Indhonesiah botên sagêd nyêmbadani kintun arta dhatêng Mêkah malih, jalaran ing wêkdal punika nagari ngriki sawêg kêkirangan arta, tăndha yêktinipun, ing taun punika wontên tiyang 1500 ingkang mukim wontên ing Mêkah badhe wangsul. Ing bab arta pitulungan parentah tumrap dhatêng para têtiyang minggah kaji ingkang kasangsara wontên ing tanah Arab, kawrat sêrat sêbaran kaping 16 Mèi 911 No. 1172 (Bebladipun Sêtatsêblad No 7469), dumugi sapunika taksih tumindak.

Pamulangan calon guru ing Malang.

Ing Malang mêntas wontên bikakan pamulangan H.I.K. tuwin H.C.K. ingki[7] ngrawuhi kathah, tuwan residhèn sakalihan asistèn residhèn, ingkang bupati, insêpèktur-insêpèktur pangajaran, tuwin para pandhita. Tuwan J.M.S. Baljon ingkang minăngka pangarsaning komisi amêdhar sabda, dipun tampi ing tuwan residhèn kanthi magyakakên pambagya. Bikaking pamulangan wau wontên murid 130.

Prangko amal.

Pakaryan pos ngêdalakên prangko ngamal kangge prêluning Witte Kruis Kolonie ing Salatiga, kintên-kintên badhe tumindak wontên ing wulan Dhesèmbêr ngajêng punika. Prangko wau wontên warni sakawan, rêgi 2 sèn, 5 sèn, 12½ sèn tuwin 15 sèn. Nanging sarèhning badhe kangge amal, badhe kaindhakakên. Prangkonipun sapunika sawêg dipun êcapakên.

Gajah ngrêrisak.

Ing bawah Langsah, Sumatra, wontên gajah kathah sami ngrêrisak, ambêdholi cikal-cikal kalapa ngantos 2000 uwit. Ingkang wajib lajêng nindakakên rekadaya nanggulangi.

Arta krêtas nyaringgit palsu.

Kantor pos ing Medhan mêntas nampèni arta krêtas ringgitan palsu saking băngsa Tionghwa, gunggungipun wontên f 500.- Arta wau badhe kakintunakên dhatêng tiyang sanès, saking pakèning lurahipun. Kajawi punika wontên malih tiyang siti nampèkakên arta krêtas ringgitan palsu, asli angsal saking kantor panggenanipun nyambut damêl. Pulisi sampun ambêskup arta wau saha nindakakên papriksan.

Indhonesiah badhe kêlêban bir.

Kawartosakên, pirmah Geo Wehry tumbas pasitèn ing pulo Brayan, jêmbaripun 21.000 mètêr pasagi, badhe ngêngêgakên[8] pabrik bir, kintên-kintên badhe dipun adani wontên ing wêkasanipun taun punika. Punggawanipun badhe mêndhêti saking Medhan kemawon, kajawi tukang-tukangipun damêl bir, badhe mêndhêt saking pabrik bir Beck ing Bremen.

Mêngsahipun bir.

Pakêmpalan panyêgah maminum lan madat, ingkang nama Internationale Orde van de Goede Tempelieren, angêdalan[9] sêrat sêbaran ing bab awoning dayanipun bir. Bab punika nyata dados pananggulanging bir ingkang badhe wutah wontên ing Indhonesiah. Namung kantun angyêktosi, dayanipun mênang pundi.

Nyêgah arta palsu.

Tuwan K.H. Broekhoff up insêpèktur pulisi ngrangkêp komisaris pulisi ing Amsêtêrdham, kapiji dening parentah bidhal dhatêng Indhonesiah salêbêtipun tigang wulan, prêlu suka panimbang ing bab nyirnakakên pandamêling arta palsu, tuwin ing bab sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan.

Abdurrahman sêtihting ing Mèstêr Kornèlês.

Tuwan Khouw Keng Tjiong warga rad kabupatèn Mèstêr Kornèlês, nêdha kèndêl anggènipun dados warga. Ing bab kèndêlipun wau, amangsulakên arta waragad lampah, waragad pamondhokan punapadene arta pituwas parêpatan, wiwit dados warga dumugi kèndêl. Anggèning mangsulakên arta wau supados katanjakakên kangge darma tumrap têtiyang ing Mèstêr Kornèlês, inggih punika kangge nyadhiyani waragad lare-lare ingkang tamat saking pamulangan ăngka II, anaking tiyang kêkirangan ingkang badhe nglajêngakên sinau, tumrap lare jalêr dhatêng pamulangan kriya tuwin tani, tumrap èstri sinau juru ngupakara tiyang sakit, dhukun bayi tuwin guru. Arta wau kawêwahan, gunggungipun wontên f 1000.-, kapasrahakên dhatêng ingkang bupati ing Mèstêr Kornèlês. Bêbadaning kadarman wau kanamakakên Abdoerachman Stichting.

Lotre Don Bosco badhe kabikak.

Lotre agêng Don Bosco sampun têlas kasade. Kawartosakên badhe kabikak tumuntên.

--- 879 ---

Rêmbag bab badhe pindhahipun dhepartêmèn-dhepartêmèn dhatêng Bandhung.

Ing pêrslah rad kawula apdhèling VII ing rantaman taun 1931, pitakèn dhatêng dhepartêmèn yêyasan praja, kadospundi pikantuking papriksan ing bab badhe pindhahipun dhepartêmèn-dhepartêmèn dhatêng Bandhung. Saperanganing para warganipun amratelakakên, anyondhongi badhe pindhahan wau, nanging sagêdipun kalampahan ing benjing samăngsa kawontênaning praja sampun pulih kados wingi uni, lan malih manawi botên adamêl kapitunanipun nagari. Wontên saperanganing warga malih botên anyondhongi.

Badhe kawontênanipun têtingalan ing Pasar Gambir.

Benjing Pasar Gambir ing taun punika, badhe mitongtonakên sawangan ing sadhasaring sagantên, tuwin jalaran saking migunakakên pirantos kaca, tiyang ingkang ngambah ing ngriku rumaos kados ngambah sadhasaring sagantên yêktos.

Ngayomi sato kewan.

Ing salêbêtipun wulan Juni kapêngkêr, pakêmpalan angayomi sato kewan, nyêrêg prakawis cacah 62 bab, ingkang 34 bab sêrêgan prakawis nindakakên ing damêl kewan nandhang tatu, ingkang 28 bab, prakawis sanès, kados ta ngêmoti bêbêktan langkung saking mêsthi, dados ing dalêm sadintên racak-racakipun nyêrêg 2 prakawis. Kala ing taun 1930, racak-racakipun ing sabên dintên nyêrêg 4 prakawis. Dados bab wontêning sato kewan ingkang kasiksa suda sapalih.

Ngêlar wêkdal.

Rancangan ing bab rampunging palapuran pangetang cacah jiwa ingkang kakintên rampung wontên ing taun 1934, kintên-kintên botên nocogi. Dados waragadipun inggih badhe langkung f 2.300.000.-, kados rancangan sakawit.

Paramparaning para sêtudhèn.

Parentah anggalih prêlu ngawontênakên paramparaning para neneman ingkang nglajêngakên pasinaonipun. Parentah nagari Walandi andangu kadospundi rekadayanipun murih para neneman ingkang sinau wontên ing nagari Walandi sagêd kobèt tuwin langkung sakeca.

Indhaking rêrêgèn salêbêtipun măngsa mirah

Ing Margasari, Têgal, rêgining pantun mindhak dados f 2.50 ing dalêm sapikuy.[10] Rêrêgèn wau sampun kapetang mindhak, awit kala ing wulan Marêt, sapikul f 1.25, manawi ngijo (bayar rumiyin), sapikul f 0.80, ing wulan Mèi tuwin Juni mindhak dados f 2.-

Kamirahan ngandhapakên sewan griya.

Kawartosakên, Kangjêng Pangeran Arya Danurêja, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, kaparêng angandhapakên pasewaning griya-griya kagunganipun, ingkang wontên wêwêngkon pakampungan enggal, wiwit tumapaking wulan Juli dipun andhapakên 5% saha salajêngipun badhe kaandhapakên dumugi 10%, tumindak samăngsa parentah nindakakên cêngklongan balănja malih.

Dhoktêr enggal.

Wontên pawartos saking Leidhên, Radèn Buntaran Martaatmaja lulus angsal sêsêbutan Dr. ing bab sêsakit.

Arta krêtas ingkang dipun sirnakakên.

Ing salêbêtipun wulan Juli, gunggunging arta krêtas ingkang dipun sirnakakên, damêlan nagari Walandi 580.000 lêmbar, rêgi nyaringgit, tuwin 260.000 lêmbar, rêgi nyarupiyah.

Eropah.

Prakawis kêbêsmèn ing Paris.

Tuwan Fock saha Tuwan Van der Waals (warga komite) badhe ngaturakên palapuran dhatêng parentah Nèdêrlan ing bab sabab-sababipun griya sêtèlingan Nèdêrlan kêbêsmi. Samangke dipun wontênakên panitya, kapatah nitipriksa bab wau.

Ostrali-Inggris.

Kala tanggal 3 Juli ingkang kapêngkêr wontên tiyang, nama Chichester pangkat saking Ostrali dhatêng Inggris. Dene rancanganipun mêdal tanah Papuah, Pilipinah, Pormosah, Jêpan, Kamsyatkah, pulo-pulo Asèti, Yukon, Kanadhah, Grunlan, Eslan, pulo-pulo Pharur.

Manggih êmas utawi salaka.

Keulen 9 Juli, (Aneta-Nipa). Ing pamêlikan ingkang sampun kasuwungakên, sacêlakipun kitha Westphalia, Siegen, pinanggih wontên êmas tuwin salaka lapisan. Sarêng kapriksa ing tiyang ahli, sela-selanipun ing ngriku kajawi kamoran êmas, salaka, ugi kêmoran têmbaga lan nikêl.

Ura-uru ing pakunjaran.

Sofia 9 Juli (Aneta-Nipa). Ing pakunjaran sacêlakpun Sliven, sakidul Bulgari, wontên tiyang paukuman sagrombol, nalika badhe malêbêt dhatêng kamar, nêmpuh sipir ingkang rumêksa, ngrêbat dêdamêl saha lajêng ambikaki kamar-kamaripun tiyang tahanan, têtiyangipun sami kapurih mêdal. Ing ngriku lajêng wontên tăndha têngaraning bêbaya, wontên sipir dhatêng lajêng nglêpasi sanjata dhatêng para pasakitan ingkang sampun wontên sajawining tembok pakunjaran, lajêng dados gulêt, pasakitanipun tiwas 5. Wusana lajêng sagêd sirêp dening pitulunganipun prajurit, nanging katranganipun sampun kathah pasakitan ingkang sami kesah, para prajurit lajêng sami madosi.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4147 ing Laweyan. Arta f 6.- punika kangge 1 Juli 1931 dumugi 30 Juni 1932.

Lêngganan nomêr 4931 ing Kêrtawana. Kangge Ogustus dumugi Oktobêr.

Lêngganan nomêr 575 ing Jagalan, Surabaya. Ingkang sade Boekhandel Tan Khoen Swie, Kediri.

--- 880 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

27.

Sampun dados padatan, sang senapati manawi nuju makatên punika, botên wontên tiyang ingkang purun nyêlak, sadaya sami ajrih kêkês ing manah, mila ing kala punika, nyênyêt botên wontên sabawa. Sanadyan kathah para punggawa ingkang mirêng dhawuh nata, bab kaparêngipun badhe linggar saking praja Ngêsam, ewadene sadaya sami ajrih ngosikakên dhatêng sang senapati.

Sang senapati sasampunipun dumugi ing pakuwon, lajêng nimbali abdi pakathik. Sasampunipun sowan, lajêng dipun dhawuhi: Pakathik, abah-abahana jaranku, lan kowe andhèrèka.

Pakathik punika abdi kêkasihipun sang senapati, anggènipun ngawula wiwit sang senapati taksih pangkat alit, ngantos dumugi pangkat agêng, lêstantun botên nate pisah, mila sanadyan namung kawula alit, sangêt kineringan ing kawula kathah, malah sami gadhah panganggêp, bilih abdi pakathik wau dados palawangan agêng, sagêd andumugèkakên rêmbag punapa-punapa dhatêng sang senapati. Saking sampun kulinanipun angladosi, abdi pakathik tampi dhawuh makatên punika lajêng nyawang guwayanipun sang senapati, saha lajêng mangrêtos, bilih sang senapati kadunungan panggalihan ingkang sakalangkung botên sarănta. Abdi pakathik lajêng matur: Bandara, dhawuh panjênêngan punika wantêr sangêt, kawula ngantos kuwatos ing manah, manawi panjênêngan kapêtêngan panggalih, tuwin pêtênging panggalih wau, manawi botên dipun timbang wêning, adhakan manggih pituna. Kawula taksih kèngêtan, kala panjênêngas[11] manggih pakèwêd wontên tanah Ngarab, jalaranipun botên sanès, inggih namung saking kabranang ing panggalih. O, bandara, anggèn kawula ngêmong panjênêngan sampun wiwit sangkaning timur, kawula sampun apil dhatêng panggalihan panjênêngan. Bandara, panjênêngan kaparênga dhawuh, badhe tindak pundi.

Sang senapati ingkang santosa ing panggalih, nalika mirêng aturing abdi pakathik, karaos kumênyut, saha lajêng kêpêksa prasaja, bilih prêlu badhe nututi lampahipun Abdullah, tuwin mratelakakên kawontênanipun.

Abdi pakathik rumaos tan pakèwêd, panganggêpipun dhatêng bandara sampun kados anak, lajêng mangsuli: Dhuh bandara, kaparêng panjênêngan punika kasandèkna, sampun kagungan panggalih kados makatên, pun Abdullah punika tiyang punapa, kawula malah sukur dene piyambakipun lajêng kesah saking ngriki. Cobi kagaliha bandara, saupami panjênêngan sagêd unggul kalihan Abdullah, punika botên andadosakên misuwuring asma panjênêngan.

Atur kados makatên punika botên pisan-pisan dados panglimur, nanging sang senapati namung ngêmong rêmbag, awit mangrêtos, ingatasing prakawis wigatos, botên prêlu karêmbag kalihan kawula alit. Wangsulanipun: Pakathik, aku ora bakal pasulayan karo wong kang arên[12] tak tututi, mung arêp rêrêmbugan.

Mirid dêrênging karsa panjênêngan, mokal saupami panjênêngan kagungan panggalih sarèh, botên sawêg sapunika anggèn kawula ngyêktosi panggalihan panjênêngan. Inggih kadospundi malih manawi dêrêng panjênêngan kados makatên, kawula inggih namung badhe andhèrèk kemawon. Nanging bandara, kawula matur ing salêrêsipun, sagêdhagan punika raosing manah kawula têka botên sakeca, tansah mêlang-mêlang kados nyumêrêpi lare dolan wontên lambening sumur.

Ah, salawase uwong kuwi mung nyakêtake kasamaran, lan manèh sawise duwe pikir samar, banjur diothak-athik diencokake kang ora-ora. Wis, aja nganakake pikiran apa-apa, ayo nuli tata-tata.

Abdi pakathik lajêng ngabah-abahi titihan, sasampunipun rampung lajêng lapur sang senapati, wusana bidhalan, abdi pakathik kêkinthil numpak kapal piyambak.

Tindakipun sang senapati nglimpèkakên para kawula kathah, sanadyan wontêna ingkang sumêrêp, inggih botên wontên ingkang mangrêtos dhatêng kaparêngipun sang senapati.

Sasampunipun mêdal saking pakuwon, kapal lajêng dipun bandhangakên, nututi lampahipun Abdullah, ingkang kakintên dèrèng têbih. Yêktos, botên dangu Abdullah katingal, lampahipun alon, katingal kados lampahipun tiyang susah. Wusana kapal dipun lancangakên saha lajêng ngalang wontên sangajêngipun Abdullah, dipun sarêngi ungêl anggrêtak: He, mandhêg.

Abdullah sanalika lajêng sumêrêp, bilih ingkang ngêndhêg wau sang senapati, saha lajêng mangrêtos kemawon dhatêng sêsulaking duka, wusana Abdullah lajêng mandhêg kanthi taklim.

Senapati ngandika kalihan nudingi: Kowe wong kang kumawani, ngrumasani lanang dhewe, mêmirang wong akèh ana ngarsaning ratu.

Sanadyan sêruning pangandikanipun sang senapati kados balêdhèg, nanging Abdullah têtêg kemawon, sajak botên dipun raosakên, malah nyawang ngiwa nêngên, kados ngulat-ulatakên punapa-punapa. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Lebih satu suku kata: wus adarbe daya kêkuwatan. (kembali)
Lebih dua suku kata: rarasira kadi kataman pagêring. (kembali)
cacahipun. (kembali)
Indhia. (kembali)
Malah. (kembali)
sanadyan. (kembali)
ingkang. (kembali)
ngêdêgakên. (kembali)
angêdalakên. (kembali)
10 Sapikul. (kembali)
11 panjênêngan. (kembali)
12 arêp. (kembali)