Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-25, #630

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-25, #630. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07-25, #630. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 59-60, 9 Mulud Taun Je 1862, 25 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [913] ---

Ăngka 59-60, 9 Mulud Je 1862, 25 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sawangan ing wanci enjing ing Rato (Sèlèbês)

[Grafik]

Wijilira hyang pratănggapati | dahad mawèh gawok | satêbaning langit sri rarase | mega-mega rinêngga kang têpi | lir sinungging rukmi | kang cahya umancur ||

kêkaywan kang maksih rasa atis | araras kalêson | dupi antuk panasing srêngenge | lir kataman daya mikuwati | tumandang ngrênggani | asrining pandulu ||

--- 914 ---

Palapuran Bathik

Pambayaranipun Epahan

VI.

Kajawi nyambutdamêl siyang para bêbau wau ugi asring kapêksa kêdah.

Nyambut damêl ing wanci dalu.

Ing sawênèhing kabudidayan bathik para pêngobèngipun ugi sok asring sami nyambut damêl ing wanci dalu. Ing dhusun-dhusun para pêngobèng salêbaripun jam 10 kathah ingkang taksih sami ambathik. Ing panggenan nyambut damêl gadhahanipun anèmêr-anèmêr bathik salêbaripun jam 10 dalu ugi sok wontên ingkang taksih sami nyambut damêl, nanging manawi sampun rampung lajêng sami mantuk.

[Grafik]

Para bêbau ingkang sawêg nyambut damêl anglorod, ing Pakalongan

Mênggahing pamanggihipun tiyang Jawi, tiyang èstri nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun tiyang Jawi, punika botên dados alangan. Kosokwangsulipun manawi nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun băngsa Tionghwa. Tiyang sêpuh ingkang taksih ngrêgèni badanipun, botên rila sangêt manawi anakipun èstri ngantos nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun băngsa Tionghwa. Amila manawi wontên tiyang èstri dados pêngobèngipun băngsa Tionghwa, ing măngka lajêng manggèn wontên ing ngriku pisan, punika dipun anggêp tiyang èstri ingkang sampun ucul.

Nyambut damêl ing wanci dalu punika dipun wastani: nglêmbur utawi srêmpêngan. Anggènipun para bêbau sami nyambut damêl ing wanci dalu punika jalaran saking kiranging pamêdalipun.

Tumraping juragan punapa ugi bêbau, nyambut damêl dalu punika pancènipun botên sae. Jalaran bêbau wau, ing sarèhning dalunipun kirang tilêm, siyangipun inggih lajêng botên sagêd nyambut damêl kadosdene punapa mêsthinipun. Kajawi punika, jalaran saking kirang padhanging dilah, mripatipun bêbau wau gampil sangêt dados risak. Ewasamantên ingkang makatên punika mêksa dipun lampahi, awit, miturut katranganipun salah satunggiling juragan, saking panêdhanipun para bêbau piyambak jalaran saking kiranging pamêdalipun manawi ngêmungakên nyambut damêl siyang, lan pun juragan wau botên ngrumaosi, bilih bakunipun piyambakipun piyambak ingkang mêksa bêbaunipun kêdah sami nyambut damêl ing wanci dalu, sabab saupami anggènipun nyukani epahan mèmpêr, têmtunipun botên badhe kalampahan makatên.

Samantên rêkaosipun têtiyang nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik murih sagêd angsal têdha ingkang nyêkapi. Ewasamantên taksih tangèh sangêt sagêdipun nyêkapi. Ingkang punika lajêng kapêksa anak-anakipun ingkang dèrèng ngumur kapurih ngrêrencangi. Amila ing ngriku lajêng kathah sangêt:

Lare-lare sami nyambut damêl.

Ing kabudidayan bathik gadhahanipun băngsa Tionghwa, ingkang ngêmungakên anggarap bathikan ingkang alus-alus, botên wontên lare-larenipun ingkang sami nyambut damêl. Kosokwangsulipun ing dhusun-dhusun kathah sangêt lare èstri ingkang dèrèng umur 12 taun sampun sami tumut nyambut damêl kalihan biyungipun. Limrahipun lare èstri Jawi punika wiwitipun sinau ambathik umur 6 taun. Manawi sampun umur 8 taun sampun sagêd ngrencangi biyungipun kanthi ajêg. Dene manawi sampun ngajêngakên umur 12 taun sampun sagêd angsal pamêdal piyambak. Lare-lare èstri ingkang umuripun samantên wau, kathah kemawon ingkang wasisipun ambathik botên kawon kalihan tiyang èstri ingkang sampun diwasa.

Samangke kados prêlu nyariyosakên sakêdhik mênggah kawontênanipun:

Papan nyambut damêl tuwin pondhokan.

Ing sarèhning mèh sadaya ingkang dipun garap ngêmungakên sêratan carik, lan para bêbaunipun ingkang kathah sami anggarap padamêlanipun wontên ing dhusun botên wontên ing papan nyambut damêl ngriku sarta sakêdhik [sakêdhi...]

--- 915 ---

[...k] sangêt ingkang nyipêng wontên ing ngriku, umumipun kabudidayan-kabudidayan bathik wau inggih sami katingal sae lan rêsik. Manawi kapandhing kalihan kabudidayan bathik ing sanès-sanèsipun panggenan ing tanah Jawi ngriki, ing Banyumas kenging dipun wastani sae piyambak.

Kamar-kamaripun para bêbau ingkang sami dêdunung wontên ing ngriku, mèh sadaya kenging karan sae. Papan patilêmanipun jêmbar anyêkapi, ambèn, gêlaran tuwin bantal, limrahipun dipun sukani dening juraganipun. Sasagêd-sagêd sabên batih satunggal angsal kamar piyambak. Malah ing sawênèhing kabudidayan bathik para bêbaunipun sami dipun sadhiyani pakiwan piyambak-piyambak.

[Grafik]

êrong-êrongan papan patilêmanipun para pêngobèng tiyang èstri ing Lasêm.

Tangkêpipun juragan kalihan bêbau.

Ing paresidhenan Banyumas tangkêpipun juragan kalihan bêbaunipun punika kenging dipun wastani sae. Dalasan ing panggenan-panggenan ingkang wangsulipun pêngobèng ingkang ambangkang kanthi kapêksa mawi kairit ing pulisi dhusun, tiyangipun botên wontên ingkang ngraosi awon dhatêng juraganipun. Nabok punapadene nyakiti bêbaunipun ing ngriku prasasat botên nate tumindak. Sawatawis taun ingkang kapêngkêr wontên juragan ingkang kacêluk cêngkiling. Ing wusana kasumêrêpan, bilih juragan punika lugunipun tiyang ingkang sakit naratab, lan wiwit punika inggih lajêng kesah saking ngriku.

Băngsa Tionghwa ing Banyumas punika dipun cariyosakên alus pitêpanganipun. Tumrap bêbaunipun botên purun mêmisuh utawi migunakakên têmbung ingkang kasar.

Pondhokan kangge bêbaunipun kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, kadamêl sae-sae lan rêsik.

Para pêngobèng ingkang sami mondhok wontên ing ngriku, botên pisan dipun alang-alangi manawi badhe kesah dhatêng pundi-pundi.

Para pêngobèng ingkang asli saking Têgal, sabên bakda riyadi angsal liburan 14 dintên, kangge tuwi sanak sadhèrèkipun. Wragading lampah, sadaya utawi sapalih, ingkang ambayar juraganipun. Para pêngobèng ingkang griyanipun cakêt-cakêtan, sabên 40 dintên sapisan kenging tuwi mantuk, nanging inggih botên kenging langkung saking 2 dintên dangunipun. Mênggahing bab cadhongipun sêkul, punika sae tur anyêkapi. Miturut katranganipun para juragan, ingkang pancèn lêrês sangêt bêbau ingkang botên tuwuk panêdhanipun, punika panyambutdamêlipun inggih botên sae. Amila ing sawênèhing kabudidayan bathik botên ngêmungakên pêngobèng kemawon, sanadyan tukang cap, ingkang blanjanipun anyêkapi, ugi asring sami dipun sukani têdha. (Badhe kasambêtan)

--- 916 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Palembang

(sambêtipun Kajawèn nomêr 58)

Mirid ungêling căndra sangkala, piagêm wau sampun ngumur 143 taun, tumraping basanipun Jawi, ramyang-ramyang taksih cêtha dipun suraos. Lan malih para maos inggih lajêng sagêd ngintên piyambak, bilih basa Jawi wau basa Bantên, dados saupami wontên basa-basa ingkang botên dipun mangrêtosi, inggih mèmpêr. Nanging mênggahing pangintên, wontênipun basa Jawi ing Bantên punika, inggih jalaran kala jaman samantên gêgayutan kalihan karajan Jawi, dene ewah gingsiring basa, tamtu kemawon jalaran saking kêmomoran basa ingkang gêsang wontên ing ngriku.

Salajêngipun tumrap nagari Palembang, tamtunipun kala ing jaman samantên cakipun basa Jawi inggih mirib basa Jawi ing karajan Jawi, nanging dangu-dangu saya ewah, dening kêdhêsuk gêsanging basa ingkang gêsang wontên ing ngriku saha prasasat botên sêsrawungan malih kalihan ingkang asli sakawit, wusana lajêng dados basa piyambak, nanging titikipun basa Jawi taksih. Mila tumraping băngsa Jawi, manawi momoran kalihan băngsa Palembang sawatawis dintên kemawon, inggih lajêng sagêd mangrêtos basanipun.

Mirid saking irib-iribaning basa wau tuwin mirid saking andharan sawatawis ing kina-kinanipun, băngsa Palembang punika tumrap ingkang asli, têgêsipun tiyangipun siti yêktos, wontên nalurinipun băngsa Jawi. Kajawi mêndhêt pêpiridan kados ingkang sampun kapratelakên, ugi wontên titik ingkang taksih katingal tumraping băngsa Palembang ing bab aluranipun kalihan băngsa Jawi, inggih punika mirid saking rumakêtipun apawongmitra. Tumrapipun băngsa Palembang kalihan băngsa Jawi, katingal rumakêt sangêt, kados kadunungan raos atunggil aluran.

Titiking raos ingkang kados makatên punika, kados para maos sagêd angraosakên manawi nuju kêplêsit wontên ing saba paran, upami wontên ing nagari padununganing sanès băngsa, punika sampun malih ingkang nama manggih pitêpungan tunggil băngsa, inggih sawêg kapranggul tiyang ingkang ngakên turunaning tiyang ingkang nunggil băngsa kemawon, inggih sampun gadhah daya panarik, ingkang araos nunggil.

Raosing manah Jawi kados ingkang pinanggih wontên ing Palembang, ugi wontên ingkang pinanggih wontên ing tanah Selon. Ing ngriku wontên băngsa ingkang rumaos Jawi, nanging raosipun ingkang makatên punika namung kandhêg wontên ing manah, awit botên manggih pasrawungan. Nanging sarêng băngsa wau kêpranggul kalihan băngsa Jawi, lajêng sagêd anglairakên saraosing manahipun, cariyos manawi turuning băngsa Jawi, dados inggih ngakêni băngsa Jawi, punika sagêd nitik anggèning taksih kêcipratan raos bab caraning nyandhang ngangge, sanadyan sampun botên awujud pangangge Jawi, nanging taksih wontên tabêtipun, kados ta pangangge bangsaning bathikan. Dene mênggahing bab aluraning turun

--- 917 ---

sampun ical, nanging manawi mirid cêcariyosan, Selon punika ing kinanipun dados papan pangendhanganing băngsa luhur Jawi, malah katêlahipun sapriki, prayagung luhur ingkang kakendhangakên saking praja punika, tiyang mastani dipun Selong (Selon), kajêngipun sakawit, dipun prênahakên wontên ing Selon, nanging lajêng dados têgês dipun singkirakên, mila lajêng wontên pitakenan: dipun selong dhatêng pundi.

[Grafik]

Pabrik lisah pèt ing Plaju, Palembang.

Limrahing panggêsanganipun băngsa Palembang punika among dagang, purugipun inggih ngantos têbih, misuwuring padaganganipun bangsaning barang gadhing, dening băngsa Palembang kêdunungan kawruh bab punika, awit kacariyos ing Palembang punika panggenan gajah. Bab Palembang panggenan gajah punika tumrapipun băngsa Jawi amastani umum, malah ngantos wontên uran-uran dados cangkriman, ungêlipun:

bapak pucung | dudu watu dudu gunung | satriya Palembang | dêdêgira agêng inggil | yèn lumampah si pucung lembehan grana ||

Cariyos ing bab ing Palembang panggenan gajah punika inggih yêktos, nanging nama namung wontên kemawon, botên ngantos gadhingipun kenging kangge padagangan, dene gadhing ingkang kangge padagangan wau ingkang kathah tumbasan saking nagari Tiongkok.

Tataning panyadenipun padagangan, kajawi sade piyambak, ugi ngintunakên dhatêng lêngganan ingkang sami kilak. Sarêng ing jaman sapunika, kêrêp wontên papan prayogi kangge ngajêngakên padagangan, inggih punika ing pasar malêm, pasar taunan tuwin sanès-sanèsipun, padagangan gadhing wau saya sumêbar sangêt. Punika para maos sagêd nyatakakên [nyataka...]

--- 918 ---

[...kên] piyambak kalanipun wontên pasar malêm sapanunggilanipun. Nanging padagangan wau sayêktosipun inggih nama dèrèng sapintêna. Taksih kawon kalihan wulu pawêdaling siti. Saya malih manawi nitik kawontênaning kabudidayan-kabudidayan agêng, katingal raharjanipun laladan Palembang.

Nagari Palembang punika kithanipun ngongkang lèpèn agêng, nama lèpèn Musi, mila kenging dipun wastani kitha toya. Wontênipun dipun wastani makatên, awit ing saênggèn-ênggèn katrajang ing lèpèn alit-alit saking pundi-pundi amradini kitha, ingkang anjog dhatêng lèpèn Musi. Dados ingatasing among dagang tuwin nindakakên prêlu sanès-sanèsipun, marginipun sami mêdal ing lèpèn. Saya sarêng sapunika katrajang margi sêpur, lampahing among dagang saya mindhak agêng.

Makatên mênggah kawontênanipun nagari Palembang.

Raos Jawi

Ambandhani Anak Putu

Wontên tiyang sêpuh nama kaki Drêpa, manawi mirid umur-umuran, pantêsipun sampun dados tiyang jompo, pêthaking rambutipun, dados pasêmon, bilih piyambakipun sampun wanci nucèkakên batos, ngalunthunging kulit, dados pratăndha wanci ngundur-unduri pandamêl donya, awit mênggahing nalar, kaki Drêpa sampun nyêlaki manggèn ing papan suci, inggih punika ngajal. Nanging mênggahing kaki Drêpa, katingalipun ing lair, taksih sêngkut anggèning pados kadonyan, kasantosaning manah taksih sinêmbadan ing kêkiyataning bau, mila wêkêling panyambut damêl taksih ngawonakên tumandanging damêlipun tiyang anèm kêsèd.

Kaki Drêpa punika bakunipun tiyang tani, mila tumindakipun ing damêl inggih namung ulah siti, nanging wantunipun sampun sêpuh wau, sanadyan taksih kuwawi macul, ugi kêpêksa kêrêp kèndêl, dening landhunging napasipun kirang.

Satunggiling dintên, kaki Drêpa nuju damêl luwangan ing pakaranganipun, badhe kangge nanêm wit wowohan, kados ta dhuku, manggis tuwin sanès-sanèsipun, bangsaning wit-witan ingkang lêbêt awohipun. Ing ngriku wontên tangganipun lare neneman langkung, nyandhang ngangge brêgas, lampahipun gêmbèlèng-gêmbèlèng, pantês manawi tiyang wau sugih kapintêran. Tiyang anèm wau sarêng anggènipun lumampah cêlak kaki Drêpa lajêng kèndêl, saha pitakèn: sawêg punapa kyai.

Wangsulanipun: sawêg damêl jugangan badhe kangge nênanêm.

Punika prayogi sangêt, papanipun wiyar, pananêmipun dipun sipat. Badhe pun tanêmi punapa ta, kyai.

Ingkang pinggir piyambak badhe kula tanêmi manggis, sisih ngrika dhuku, benjing badhe asri wontên ing sawangan.

--- 919 ---

Tiyang anèm wau pancènipun anggèning pitakèn namung awon nganggur, nanging sarêng mirêng wangsulan kados makatên wau, lajêng wicantên: wa, kyai, tanêman kados makatên punika rak tanêman ingkang ngicalakên pangajêng-ajêng. Cobi kula aturi anggalih, wit manggis utawi dhuku punika dipun paribasakakên, godhongipun ing dalêm sataun namung mindhak salêmbar, dados dumugining awoh, inggih badhe dasanan taun, măngka sampeyan sampun yuswa, la punapa sampeyan badhe sagêd ngundhuh wohipun, kyai.

Kaki Drêpa mirêng pitêmbungan makatên punika lajêng mèsêm, nyèlèhakên paculipun kalihan mungêl: o, gèr, pangandika sampeyan punika lêrês, manawi pananêm kula wau kula kanthèni manah kamurkan, lajêng nama tindak pangăngsa-ăngsa, lajêng nama lêpat anggèn kula tinitah dados tiyang kaki-kaki. Nanging gèr, kauningana, pananêm kula punika botên kula tanjakakên tumrap badan kula piyambak, kula tanjakakên nanêmkên anak putu, anak putu kula kajêngipun tumut ngraosakên wohing wit-witan tanêman kula. Manawi sampeyan purun anggalih panjang, bedanipun punapa kalihan tiyang sêpuh mardi kasagêdan dhatêng anakipun, punika tamtu inggih botên badhe tumănja dhatêng tiyang sêpuh, tiyang sêpuh namung sadarmi andhêdhêri wiji, benjing awohipun măngsaboronga, sampun wontên ingkang majibi piyambak. Inggih botên anggèr.

Tiyang anèm wau ing sakala inggih nganggêp lêrês dhatêng ungêlipun kaki Drêpa, nanging wantunipun tiyang anèm, raosing pitutur wau botên dipun tampi lêbêt, malah kenging dipun wastani botên dipun raosakên babarpisan.

Kawontênanipun kaki Drêpa kalihan tiyang anèm wau tansah sami sumêrêp-sinumêrêpan, awit tăngga cêlak. Cêkakipun ngantos dumugining ngajalipun kaki Drêpa, tiyang anèm wau inggih sumêrêp, malah inggih tumut anglayat punapa. Lare anèm wau sabên mrangguli lêlampahan ingkang magêpokan kalihan kaki Drêpa, lajêng kèngêtan kaki Drêpa. Nalika ngajalipun kaki Drêpa, tanêmanipun ingkang nate dipun rêmbag, inggilipun sampun sadhadha, punika inggih ngèngêtakên rêmbag kala samantên.

Dangu-dangu bab punika sampun botên kocap malih, saha tiyang anèm ingkang kacariyos punika cêkakipun sampun dados tiyang sêpuh, anakipun kathah, malah sampun wiwit gadhah putu.

Satunggiling dintên, tiyang wau dipun undang kêndurèn dhatêng griyaning tăngga, ingkang ngundang wau putunipun kaki Drêpa, dados mênggahing umur-umuran, saanakipun ingkang dipun undang. Sasampunipun rampung kêndurèn lajêng sami nêdha, sambèn ginêman ala nganggur. Ingkang gadhah griya wicantên: manggis tuwin dhukunipun punika undhuhan piyambak, tanêmanipun suwargi êmbah.

Tiyang ingkang dipun undang kêndurèn wau lajêng nyandhak manggis dipun plothot, saha lajêng dipun têdha kalihan amrêbês mili, wusana wicantên: o, nak, kula sagêd ngraosakên manggis tanêmanipun kyai suwargi, lêginipun sagêd rumasuk dumugi manah. Kula lajêng èngêt wêwèntèhan dhatêng lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr. Kala kyai badhe nanêmipun wit manggis ingkang wohipun mêntas kula têdha punika, kula pitakèni badhe kangge punapa, awit kyai sampun [sa...]

--- 920 ---

[...mpun] sêpuh. Wangsulanipun nanêmakên anak putu. Nyatanipun pinanggih sapunika. Kadospundi raosing panggalih sampeyan, nalika ngundhuh manggis wau.

Sênêng sangêt bapak, raosing manah kados tansah dipun brêkahi dening suwargi êmbah.

Sabibaring kêndurèn, tiyang wau tansah anggagas, saha sanès dintên lajêng nelad nanêm wit-witan, ingkang tumănja nanêmakên anak putu.

Mênggah liding dongèng sampun katingal.

Uran-uranipun Tiyang Tani

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 58)

Angrukti pakarangan ingkang garês, sarta kirang toya tuwin rêrêsik.

[Kinanthi]

Ginăntha-găntha mrih pêthuk | wus lawas kaothak-athik | pinêtha pinăntha-păntha | pinathêk kidung kinanthi | ing wasana bisa cêtha | kang mathuk-mathuk pinêthik ||

saiki ingkang rinêmbug | pomahan sawiji-wiji | êloh garêse tan padha | sakabèhe mitra tani | kang padha dumunung ana | lêmah êloh sugih warih ||

karangane pasthi mêtu | ya sokur kang kaya iki | nanging mung ngati-atia | anjagaa aja kongsi | lêmah luntur lêmènira | bakal bilai ing wuri ||

kang manggon ing lêmah mau | yèn opèn sarta tabêri | pamêtune saya ngrêbda | bisa jênjêm ingkang ati | balik kang manggon pomahan | tèdhès garês kurang warih ||

pasthi tandurane kuru | wowohane cilik-cilik | pathèthètên nora cêtha | bungkik-bungkik tur sathithik | dene uwite kalapa | galugune cilik kêping ||

blarakira pating kracung | cêndhêk-cêndhêk cilik-cilik | mancungira arang-arang | wit ing dhuwur cilik munting | papah kuning sêmu abang | manggar garing tanpa pêntil ||

yèn ana kang dadi bluluk | wus katara cilik kêping | mung sathithik cacahira | ing lêmah akêbak têki | iku yèn nora rineka | pasthi alane lêstari ||

yèn kang duwe rada ngêpluk | utawa kurang mangrêti | pomahane nora tata | kang bênthak akêbak têki | kayoman kêbak rungkudan | kandhang wêdhus tan rinukti ||

talethonge ngundhung-undhung | apadhêt dipun turoni | ing wêdhus kang ana kandhang | sandhing kandhang kêbo sapi | karo ing ngisor gêdhogan | kèh talethong gawe jiji ||

iya yèn katiga iku | kabèh-kabèh rada garing | rupane durung sapira | ananging yèn rêndhêng dadi | têlês ambaladêr padha | rupane anggêgilani ||

saka ngomah kongsi mambu | apa manèh kombong pitik | nora tau rinêsikan | salawasira dumadi | mulane jrambahe kêbak | têlèk kandêl gawe jiji ||

rajakayane akuru | gampang kêna ing gêgêring | uwongira sugih lara | pomahan kang kaya iki | iku bêcik karuktia | kaya kang cinêtha wuri ||

nanging sadurunge tutur | iki prêlu anyêlani | akăndha prakara liya | supaya mêngko mangrêti | ingkang arêp tinuturan | dadi bisa anampani ||

anggêr uwong rak wus wêruh | utawa padha mangrêti | kalamun asêsandhingan | kalawan gănda tan bêcik | sêsukêr sapadhanira | pasthi nora ngapenaki ||

kawruhana nyatanipun | kewan iya kaya iki [i...]

--- 921 ---

[...ki] | saiki upamanira | ana paturoning janmi | sinandhingkên pasukêran | amasthi ingkang ngênggoni ||

asusah kalangkung-langkung | kajaba karasa jiji | manawa anyêrot napas | katutan ambu tan bêcik | pasthi bae nora bêtah | pancèn iya nyilakani ||

yèn wus dumunung bab iku | bali ngrêmbug kandhang isi | talethong lan kombong ingkang | akèh têlethong kapati | kalawan manèh pomahan | akèh sêsukêr tan bêcik ||

kang ênggone nora patut | iku pasthi nora bêcik | tumrape marang kang padha | ana ing kono ngênggoni | uwong dalah kewanira | lah iku sok anjalari ||

lêlara lan manèh saru | tumrap ing pandêlêng jiji | têtêp lamun nora tata | amrih bungah kang ngênggoni | sarta antuk wêtunira | ruktinên la pungcur iki || Badhe kasambêtan.

K.3022.

Komisi Bab Tumindakipun Arta ing Tanah Paprentahan Mandhiri

Komisi ing bab tumindakipun arta ing tanah paprentahan mandhiri sampun kalampahan madêg wontên ing Batawi, saking kaparêngipun parentah. Kajênging komisi wau badhe mariksa utawi manawi prêlu badhe ngewahi tumindaking arta, gêgayutanipun gupêrmèn kalihan tanah paprentahan mandhiri.

[Grafik]

Paduka Sultan Langkat, sakalihan tuwin ibu.

Pambikaking komisi wau dipun jênêngi dening dhirèktur pangrèh praja tuwan A. Mühlenfeld jumênêng pangarsa. Warganipun Sultan ing Langkat, Raja Bolang Mongondho (Sèlèbês), Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, utusan nata Surakarta, Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, utusan nata Ngayogyakarta, gupêrnur Sèlèbês, Surakarta, Ngayogyakarta, Sumatra wetan, tuwin sanès-sanèsipun.

Parentah pitados bilih komisi punika badhe sae kadadosanipun.

[Grafik]

Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, utusan nata Ngayogyakarta.

--- 922 ---

Jagading Wanita

Pandamêlipun Têngkuwèh Bligo

Mundhut bligo ingkang cêkapan ênèm sêpuhipun, kaoncekan kulitipun, isi kabucal dalah dagingipun ingkang nglêbêt, dados daging wau kantun peranganipun ingkang atos, punika lajêng dipun iris-iris ingkang agêng alitipun cêkapan, inggih punika wiyar lan kandêlipun nigang nyari, panjang watawis nêm nyari. Irisan punika lajêng kaêkum ing toya bêninging ênjêt, dangunipun sadalu. Enjingipun kaêntas lajêng kakumbah rêsik, nuntên kaêdang ngantos matêng, sasampuning matêng kaêntas, yèn sampun asrêp nuntên dipun pênyèti (kapipit mawi gêgêr parud) supados mêdal toyanipun sawatawis, yèn kakintên sampun apuh dipun kèndêli, sampun mêsthi kemawon sipating irisan lajêng dados mimpês, satêmah katingal alit-alit, punika lajêng kacêmplungna ing wajan, kaêsokan toya jejeran gêndhis pasir ingkang satêngah kênthêl. Watonipun: sabên baligo satunggal, gêndhisipun watawis sakatos. Wontên ing wajan wau dipun latoni ingkang ajêg urubipun, nanging sampun ngantos kagêngên latu, kadhangkala kêdah dipun wolak-walik, supados botên dados gosong, ngantos toyanipun asat, gêndhisipun wangsul dados kêkêt lan rumêsêp ing pênyetan baligo.

Sasampunipun makatên kaêntas, lajêng dipun jèrèng ing tampah linambaran mêrang, nuntên kaêpe, dipun wolak-walik ngantos garing, nanging garingipun inggih namung katingal kêsat kemawon, inggih punika sampun dados nama têngkuwèh, kiyat kasimpên ngantos lami, winadhahan ing lodhong katutup rapêt. Sawênèhipun mastani têtêdhan gula cècèk.

Dene yèn karsa ngangge gêgandan, kenging migunakakên lisah wangèn, inggih punika nalikanipun kagodhog ing wajan wau mawi dipun tètèsi lisah mawar, mlathi punapa sitrun utawi prambosê, supados wontên sêdhêp-sêdhêpipun sawatawis. Kagêm nyamikan ngunjuk wedang ing wanci sontên utawi lêgi-lêgi bibar dhahar ing wanci siyang, punika mathuk sangêt. Nanging wontênipun ing padunungan kula, têtêdhan kasêbut nginggil wau limrahipun kadamêl momoran roti, dipun irisi alit-alit minăngka gêgêntosing kismis. Wangsul yèn irisanipun ragi agêng inggih taksih nama mungguh kadamêl sêlap-sêlaping têtêdhan ing parampadan, samantên wau bobotipun têtêdhan băngsa rèmèh, mila kula inggih namung nyumanggakakên para maos.

Biyang Gumbrêg.

--- 923 ---

Bab Ringgit

Radèn Seta

Radèn Seta punika putranipun Prabu Matsyapati, nata ing Wiratha, miyos saking Dèwi Rêkathawati, inggih Dèwi Sutiksna, putranipun Prabu Palasara. Wontênipun ing ginêm, Radèn Seta punika kêrêp kasrambah, nanging wontênipun ing pawayangan, wêdalipun namung manawi nuju lampahan ingkang gêgayutan kalihan Wiratha.

Ing ngajêng ing Kajawèn sampun nyariyosakên ing bab Radèn Seta, nanging Radèn Seta putranipun Prabu Parasara, dene wontênipun Radèn Seta putra Wiratha namanipun nunggil, pancèn nama nunggaksêmi, sapisan mêndhêt saking warninipun sairib kalihan Radèn Seta putra Prabu Parasara, kaping kalihipun, jalaran nalika miyosipun anyarêngi sedanipun Radèn Seta putranipun Prabu Parasara wau. Mênggah cêcariyosanipun Radèn Seta punika makatên:

Nalika miyosipun Radèn Seta, ingkang rama taksih sinatriya, nama Radèn Matswa inggih Durgandana. Sarêng ingkang rama sampun jumênêng nata, jêjuluk Prabu Matswapati, Radèn Seta sampun diwasa. Nanging sarêng sang prabu puruita dhatêng Rêsi Druwasa, sang prabu kapengin pêputra malih, saha lajêng matur dhatêng sang rêsi ing bab kaparêngipun. Sang rêsi inggih nayogyani, nanging sarana panidhikara. Kalampahan Radèn Seta sinidhikara wangsul awujud bêbayi malih, nanging bayi wau dados tiga. Ingkang sêpuh piyambak pêthak, lêstantun pinaringan nama Radèn Seta. Satunggalipun jêne, pinaringan nama Radèn Săngka. Satunggalipun malih abrit, pinaringan nama Radèn Untara. Sinatriya katiga pisan punika sami sinakti, nanging winêca, katiga pisan benjing badhe tiwas dening tiyang wadat.

[Grafik]

Radèn Seta

Satriya têtiga sanyata dados andêl-andêling praja Wiratha, manawi umangsah pêrang tanpa tandhing. Kenging binasakakên, luhuring praja Wiratha, saha anggènipun kinèringan ing para nata măncapraja, dening nata ing Wiratha kagungan andêl-andêl prajurit putra têtiga wau.

Gathukipun Wiratha kalayan lêluhur Pandhawa wontên Prabu Matsyapati, salajêngipun gathuk malih wontên [wontê...]

--- 924 ---

[...n] ing Radèn Ăngkawijaya, putra Radèn Janaka kalihan Dèwi Untari, putra Prabu Matsyapati. Mila nata Wiratha tansah supêkêt kalihan Pandhawa, ngantos dumugining pêrang Bratayuda, Wiratha nunggil Pandhawa, mêngsahan kalihan Korawa.

[Grafik]

Gêlaring prang senapati Radèn Seta

[Grafik]

Gêlaring prang mêngsah wukir jaladri

Nalika pêrang Bratayuda, Radèn Seta dipun angkat dados senapatining prang ingkang kapisan, tandhing kalihan Rêsi Bisma. Gêlaring prang senapati Radèn Seta Bajratiksna, pêthanipun kados ing gambar, senapati Radèn Seta, manggèn wontên ing têngah (bundêran pêthak), gêlaring mêngsah wukir jaladri, sarêng rayi kêkalih Radèn Săngka tuwin Radèn Untara tiwas wontên ing paprangan, Radèn Seta kalangkung duka, lajêng mêngsah waringutên, Prabu Salya dipun jêmparing lêpat, namung kenging ratanipun rêmuk, Radèn Kartamarma dipun jêmparing inggih namung kenging ratanipun, wusana lajêng anjêmparing Radèn Rukmarata, nêmahi tiwas.

Pangamukipun Radèn Seta adamêl giris, Rêsi Bisma badhe dipun gada angoncati, wusana malês anglêpasi sanjata latu, Radèn Seta tiwas.

Ing padhalangan wontên lampahan Radèn Seta krama. Jêjêring lampahan Radèn Seta dipun taros krama mopo, lajêng kesah saking praja. Sarêng wontên ing wana dipun rawuhi Rêsi Abyasa, dipun wêca kadhawuhan ngêdêgi sayêmbara prang dhatêng nagari Pancalarêtna. Lajêng bidhal dipun jampangi Rêsi Abyasa.

Radèn Seta lajêng pêrang, tiyang ing praja Pancalarêtna kasoran sadaya, wusana Radèn Seta dipun dhaupakên kalihan Dèwi Kanekawati, putranipun Prabu Kanekaputra. Bibar sapêkên Radèn Seta wangsul dhatêng Wiratha. Sadumugining praja adamêl sukaning rama.

Lêlampahan punika limrahipun dipun wastani carangan, awit cariyos ingkang baku ing sêrat botên wontên. Dene garwanipun wau sajatosipun putranipun Rêsi Narada, inggih punika Prabu Kanekaputra ing Pancalarêtna. Badharipun Prabu Kanekaputra dados Rêsi Narada.

--- 925 ---

Rêmbagipun Sêmar lan Garèng

Raosing Wulang Kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Garèng: Wis ma, tumuli banjurna anggonmu paring pangandika marang putramu sing mêthinthing kiyi. Sanadyan saikine wis rada kasèp kanggo anglakoni apa sing wis lan sing bakal kok dhawuhake, nanging mêksa iya tak pundhi ana ing pucuke sinthinganaku. Lan sabisa-bisa ing besuk mêsthi bakal tak lakoni kanthi têmên-têmên, sêmono kuwi yèn aku pinaringan ... mrungsungi manèh.

[Grafik]

Sêmar: Wiyah, apa anak turune ulêt, kathik anduwèni pangarêp-arêp bakal mrungsungi. Ora, Nala Garèng, sanadyan umurmu wis mèh pol dhinêse, ewadene tumrape piwulang apadene panggawe bêcik, kuwi ora ana wangênane. Yèn kowe wis ora kêconggah anglakoni dhewe, jalaran wis rada modo-modo nyawamu, iya wulangna nyang anak putumu. Mara, rungokna, tak wêjangi bab kang kaping pindhone, kang kowe kudu tansah ngèlingi, lo, kuwi iya ana têlung prakara manèh, ya iku: latri, bukti lan èstri. Mungguh karêpe latri, iku turu. Tumrape wong urip, kuwi ora anggêdhèk-gêdhèkake turune, jalaran iki bisa nuwuhake tênaga kêsèd, kang wusanane banjur diêdohi nyang rêjêki.

Garèng: Wah, iki pancèn iya bênêr bangêt, ma, wong aku dhewe wis tau ngalami, nalikane aku nginêp nyang omahe putramu Si Petruk, wiwit sore aku wis mapan turu, barêng esuk-esuk aku tangi, ana ing meja jêbul dhacah: kulit kacang, kulit kênthang, malah ana balunge wêdhus pènsiyunan gule barang. Karêng[1] tak takokake, jarene dhèk bêngine ana wong awèh brêkat. Ing sarèhning kala samono aku wis turu, brêkate mau banjur mung ditêloni Si Petruk, bojone lan Kamprèt nganti labas babarpisan. Hara, upama aku isih amêlèk, têmtune krupuk-krupuk aku rak iya mèlu kêduman, nanging barêng aku turu, si rêjêki iya ... (srang, liwat bae).

Sêmar: Hla, iya mêngkono kuwi wong ki yèn dhêmên turu. Ora mung sêmono bae, wong kuwi anggêr nêngên-nêngênake bangêt nyang turu, suwe-suwe mêsthi banjur sugih aras-arasên, nèk wis sugih [su...]

--- 926 ---

[...gih] aras-arasên, dèn bagus kêsèd banjur tungkul nemplok nyang awak bae. Wusanane iya bakal dadi kapiran kapirun, sabab sapa sing arêp gêlêm awèh pagawean nyang wong sing kêsèd, hla, tibaning ngêndon, wong sing kaya ngono kuwi, yèn ora dibênum dadi mantri dhudhuk, iya mantri dalan sing nyangking têkên karo bathok kae. Mulane poma dèn poma, aja pisan-pisan anggêdhèkake nyang turu, awit wis mêsthi bakal sangsara kadadeyane. Saiki tak nêrangake mungguh karêpe: bukti. Bukti kuwi têgêse: mangan. Wong urip kuwi aja mung anggêdhèkake pangane bae, nyang karya ngêbluk, kêsèd tur kanthi sungkanan. Entuk-entukane mung gêdhe gêdublonge bae.

Garèng: Wah, ma, iki aku rada ora mupakat, jalaran mungguhing panêmuku, wong urip dilakoni nyambut gawe kêtêkuk ringkêl, kuwi karêpe supaya bisa mangan ropyan-ropyan: bêstik kênthang, sladhah, thimlo lan sapiturute.

Sêmar: Lo, aku ora arêp anglarangi wong mangan enak-enak, anggêre sarana pranatan iya kêna-kêna bae. Karêpe anggêdhèkake pangane, kuwi tumrape wong sing ora bisa ngampah kêkarêpane, pathokane anggêre kêpengin, sanadyan mêntas mangan pisan, karêpe iya arêp letap-lètêp mangan manèh. Lo, nèk kaya mêngkono kuwi, mêngko rak olèh jêjuluk: dara bèi gas-gasan. Wong mangan mono iya nganggo ditata lan nganggo dikira-kira. Upamane mangane ditata sabên sadina kaping têlu, aja kok nganggo disêlani mangan nang restoran, nang bakmèn, utawa ngiras tahu kupate salusin, lo, kuwi kajaba mung ambuwang-buwang dhuwit aliyas boros malopos, tumrap kawarasaning awakmu iya ora bêcik bangêt. Malah ana sawênèhing wong, sanadyan mangane sadina ditata ora luwih saka kaping têlu, mangane mau iya nganggo dikira-kira ora dipadha akèhe. Saking anggone ora dipadha tadhahe mau, nganti jênênge bae iya dibeda-beda, lire mangkene: nèk wayah sore, mangane ora gêlêm marêgi, sabab kuwatir yèn nganti lali anggone turu. Mangan ing wayah sore mau banjur diarani: mancal kêmul. Nèk esuk, mangane iya ora gêlêm akèh-akèh, mung kanggo nyarapi wêtêng, amrih aja nganti masuk angin, mulane banjur diarani: sarapan. Dene nèk mangan awan diarani: antêm krama, têgêse, nèk wayah awan kuwi kêna rada dikayang mangane.

Garèng: Ora, ma, aku tak nyêlani atur. Ing sarèhning rama saiki lagi ngandikakake ing bab mangan, aku arêp nyuwun katrangan, mungguhing băngsa Jawa, mêntas mangan banjur antop, kuwi apa ora disarokake, awit nèk tumraping băngsa Walănda, antop kuwi saru bangêt.

Sêmar: Lo, pancèn iya carane dhewe-dhewe. Tumraping băngsa Walănda, pancèn iya jênêng saru têmênan, nanging nèk antop ngisor jarene ora barang-barang. Kosokbaline, tumrape bangsane dhewe, yèn ing sajêroning mangan ana wong ngêtokake angin ngisor, lo, kuwi aran dêksura. Ambalèni ing bab antop, mungguhing wong Jawa, yèn [yè...]

--- 927 ---

[...n] pancèn isih jênêng satriya, kuwi ora bakal mêntas mangan kok nganti antop. Jalaran tuwuhing antop kuwi rak sabab saka kuwarêgên, ing măngka nèk jênêng satriya, ditobatake mangan nganti kuwarêgên kuwi, mulane iya ora tau antop. Wis, wis, kok banjur seje sing dirêmbug. Saiki tak ngandhakake dhisik ing bab èstri. Èstri kuwi karêpe: wadon. Mêngkono uga wong urip ora kêna anggêdhèkake nyang madon, awit bakal angadohake marang sihing Gusti, lan disirik ing tăngga têparone. Wusanane ora ana kang pracaya marang kowe. Mungguh entuk-entukane wong madon iku, bisa dibênum dadi: ratuning macan. La iku kabèh wusanane wong angênggoni basa têlung prakara kaya sing wis tak caritakake ing ngarêp mau. Mulane, le, adohana basa têlung prakara mau, insak Allah, mêsthi bakal slamêt ing pêmburine.

Garèng: Iya matur sêmbah nuwun sing ora karu-karuwan kae, ma, dene wis paring pituduh kang cèkli-cèkli mêngkono.

Sêmar: Wiyah, kathik kaya kursi diarani cèkli. Sukur, le, sukur, dene kowe wis mangrêti apa kang dadi pituturku mau. Nanging ing sarèhning iki wis rada awan, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Griya pamondhokan ing nagari Walandi

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar griya pamondhokanipun para wanita ing Des Haag, nagari Walandi.

--- 928 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

BAB PASULAYANING PAMANGGIH

Mênggahing tiyang punika pamanggih tuwin pangraosipun beda-beda. Ingkang satunggalipun mastani eca upaminipun, dèrèng kantênan bilih sanèsipun ugi mastani eca. Makatên ugi manawi satunggalipun amrayogèkakên dhatêng salah satunggiling prakawis, bokmanawi sanèsipun malah mênthèng kèlèk aliyas botên anocogi. Kados ta: Radèn Mas Hirman utawi nyo Wellem upaminipun, punika nêdha punapa kemawon, manawi botên mawi mêrtega, inggih botên ngraosakên nikmat, dados ing ngriku cêtha, bilih Radèn Mas tuwin nyo Wellem wau anggadhahi raos yèn mêrtega punika eca. Nanging kosokwangsulipun Sarimin, punapa malih nêdha ngantos kalêbêtan mêrtega, botêna munêg-munêg padharanipun, sawêg mambêt kemawon bokmanawi sampun blokeran. Dados ing bab mêrtega punika sang Radèn Mas utawi sang nyo Wellem sampun beda pamanggih tuwin pangraosipun kalihan pun Sarimin.

Samangke tuladan sanèsipun. Jipro Sarinah, mopro Jayawikalpa utawi mênir Krama Dhêmpul upaminipun, amastani bilih ing ngalam donya punika botên wontên kasênêngan ingkang anyêgêri utawi ngrêmênakên kadosdene dhangsah aliyas jogèd rangkul, nanging kosokwangsulipun Mas Rara Sulastri, Radèn Ngantèn Kramantika utawi Mas Ngabèi Bêksasampurna, punapa malih ngantos tumut dhangsah, sawêg sumêrêp kemawon bokmanwi inggih sampun kraos nêg.

Mênggah upaminipun, pamanggih ingkang dipun wastani lêrês punika ingkang dipun cocogi ing akathah. Kados ta: puhan lêmbu upaminipun, punika kathah-kathahing tiyang amastani sae sarta mumpangati tumrap kasarasaning badan. Ing sarèhning kathah ingkang mastani makatên, langkung malih miturut panitipriksanipun para ahli pancèn inggih cocog, amila inggih lajêng katêtêpakên, bilih puhan punika sae lan mumpangati. Dene lajêng wontên tiyang ingkang botên anocogi sarta amastani, bilih puhan punika awon, jalaran sintên ingkang ngulinakakên ngombe puhan ambêtipun têmtu lajêng prêngus, lo, tiyang ingkang makatên punika, jalaran anggènipun nyimpang saking pamanggihipun tiyang kathah wau, inggih sok lajêng dipun wastani tiyang nylênèh.

Tiyang ingkang beda utawi nyêlèh pamanggihipun sok sagêd dipun wastani: tiyang kênclung, gêndhêng kalihan tiyang kathah, punika manawi botên kalêrêsan utawi tiyang edan. Tumrap ingkang nglampahi piyambak, sadaya pamanggihipun, punapadene ingkang dipun tindakakên, kintên-kintên rumaosipun inggih sampun lêrês lan punapa samêsthinipun. Nanging ing sarèhning sadaya-sadayanipun wau beda lan nylênèh kalihan tandang-tandukipun tiyang kathah, amila sok lajêng dipun têtêpakên kemawon, bilih tiyang wau plêsir èngêtanipun utawi tiyang edan.

Ewasamantên tiyang mêksa botên kenging giri-giri mastani ing sanès: edan, gêndhêng lan sasaminipun, dumèh tindak-tandukipun nylênèh utawi beda kalihan tiyang umumipun. Awit sok wontên kalamangsanipun tiyang ingkang nylênèh pamanggih tuwin tindak-tandukipun, dados tiyang ingkang sok dipun wastani: gêndhêng utawi edan wau, sajatosipun tiyang ingkang pinunjul ing kawruh utawi sêsêrêpanipun. Murih cêthanipun, ing ngriki kados prêlu mêndhêt tuladan sawatawis, kados ta ingkang badhe kacariyosakên ing ngandhap punika:

Ing jaman kina wontên satunggiling tiyang, ingkang jalaran saking nylênèhing tindak-tandukipun, dening sabên tiyang dipun wastani: tiyang edan, gêndhêng lan sasaminipun. Manawi nitik lêlampahanipun sabên dintên, kados inggih botên kenging dipun paibên, bilih tiyang wau dipun wastani tiyang ingkang kirang èngêtanipun. Kados ta ing satunggiling dintên ing wanci siyang tiyang wau mlampah-mlampah sarana mabêkta obor, lan sabên pinanggih ing tiyang têmtu lajêng dipun obori. Manawi wontên ingkang pitakèn mênggah pikajênganipun têka ing wanci siyang ambêkta obor, wangsulanipun: "aku arêp anggolèki sing jênêng manusa sêjati." Sintên ingkang mirêng wangsulanipun wau, têmtu lajêng gumujêng sarta amastani tiyang edan. Nanging mênggah salêrêsipun, pikajênganipun tiyang wau amung badhe ngèngêtakên dhatêng têtiyang ing ngriku sampun tansah angagêngakên dhatêng kasênêngan utawi nuruti hawa nêpsunipun, nanging sami ambudiya dhatêng lampah kautamèn. Jalaran saking tindakipun tiyang-tiyang anggènipun tansah ambujêng dhatêng suka-suka wau, salajêngipun nuntên anglirwakakên dhatêng tata têntrêm tuwin kasantosaning praja. Ing wusana sarêng nagari wau sagêd karêbat ing mêngsah, ingkang anjalari lajêng dados rerehanipun praja sanès, têtiyang ing ngriku sawêg mangrêtos mênggah pikajênganipun tiyang ingkang dipun anggêp ewah èngêtanipun wau. Kajawi punika taksih kathah malih lêlampahanipun tiyang wau ingkang dipun anggêp ing akathah kadosdene tindakipun tiyang edan.

Makatên ugi ing kala rumiyin, sintên antawisipun têtiyang bangsa Inggris ingkang botên amastani suwargi Stevenson botên edan, kalanipun tuwan wau sawêg rekadaya adamêl sêpur ingkang kapisanan. Sintêna tiyang ingkang sumêrêp utawi mirêng punapa ingkang sawêg dipun adani dening tuwan wau, têmtu inggih lajêng gumujêng latah sarta anyanthulani makatên: E, la, pancèn wong gêmblung. Apa rumangsane arêp madhani

--- 929 ---

karo ingkang Kuwasa, kathik arêp reka-reka gêgawean sing mokal-mokal mêngkono. Nanging kadospundi mênggah ing wusananipun? Têtiyang jaman samangke ingkang sami sagêd mêthik wohing padamêlanipun suwargi Tuwan Stevenson wau, dumuginipun sapunika inggih tansah angaji-aji dhatêng asmanipun.

Sanadyan ing tanah Jawi kemawon kadhangkala ugi sok sagêd kalampahan, wontên tiyang dipun anggêp ing akathah kadosdene tiyang edan, gêmblung, bêgja-bêgjanipun dipun wastani: bangsa majênun, nanging ing wusananipun jêbul bangsanipun tiyang alim, ingkang sampun ngêmohi dhatêng kadonyan. Amila tindak-tandukipun lajêng sok nyulayani kalihan kaprahipun tiyang. Ing salajêngipun kadospundi pangaji-ajinipun tiyang kathah dhatêng tiyang ingkang nylênèh tindakipun makatên wau, ing ngriki botên prêlu kula aturakên, para maos têmtunipun sampun anguningani piyambak.

Samangke kula badhe ngandharakên pamanggih kula piyambak, ingkang kintên kula ragi beda kalihan pamanggihipun tiyang kathah. Sanadyan kula punika sanès bangsanipun suwargi Tuwan Stevenson, utawi sanès bangsanipun ngulami, ingkang sampun ngêmohi kadonyan awit: mi, cap cae, saoto, gudhêg tugu, dalasan bakaran bêton pisan, kula pancèn inggih taksih ngèmêl - panuwun kula dhatêng para maos mugi sampun guru-guru amastani dhatêng kula ingkang botên-botên. Kadar punika namung pamanggihipun pun Pênthul, dados manawi lêpat utawi kalintu, mugi kula aturi ngêpringakên kemawon, dene manawi kagalih lêrês, inggih sukur alhamdulillah.

Mênggahing tiyang kathah, manawi wontên priyantun agêng ingkang angêgungakên kaluhuranipun punapadene pangkatipun, langkung malih manawi priyantun wau kagungan panganggêp dhatêng rerehanipun utawi dhatêng para ingkang apangkat alit kadosdene dhatêng sêmut, mrutu utawi baccil pisan, lo, punika sok lajêng botên rêna manahipun. Rumaosipun tindaking priyantun luhur ingkêng makatên punika sampun botên mathuk kalihan jamanipun. Nanging mênggahing pamanggih kula botên makatên. Priyantun luhur ingkang kagungan tindak kados ingkang kacariyosakên ing nginggil, punika manawi pamanggih kula sampun mêsthinipun, sarta nama anglênggahi kaluhuranipun. Inggih priyantun ingkang makatên punika ingkang sagêd anyakecakakên tiyang kados sakula punika. Ing sarèhning kula sadaya samangke ingkang dados idham-idhamanipun botên sanès kajawi sagêdipun mardika ing samudayanipun, amila mênggahing pangraos kula, inggih namung para priyantun luhur, ingkang ngêgungakên kaluhuran tuwin pangkatipun wau, ingkang sagêd mulang dhatêng kula sadaya caranipun lampah kamardikan. Kosokwangsulipun priyantun luhur ingkang sae tangkêpipun lan andhap asor, inggih punika krêsa ngasorakên saliranipun, punapadene sêmanak sarta krêsa rêmakêt dhatêng rerehanipun utawi têtiyang ingkang apangkat alit, punika botên ngêmungakên botên anglênggahi kaluhuranipun, nanging malah nyilakani dhatêng tiyang sakula barang punika. Mênggah têrangipun makatên:

Anggèn kula amastani, bilih priyantun agêng ingkang angêgungakên kaluhuranipun tuwin pangkatipun, cêkakipun ingkang kagungan wêwatêkan dhiri, sagêd nyêkecakakên utawi mêrdikakakên tiyang sakula punika, jalaran limrahipun bangsanipun tiyang andhapan kados kula punika, kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, namung dipun anggêp kadosdene: sêmut, mêrutu, baccil, malah kadhangkala sok sagêd dipun anggêp kadosdene hawa kemawon, têgêsipun tumrapipun priyantun luhur wau, kula punika botên wontên babarpisan. Ing sarèhning kula dipun anggêp kadosdene hawa, dados botên katingal jênggêrênipun, amila kula lajêng sagêd ngrumaosi mêrdika. Wontên ing ngarsanipun priyantun luhur punika, kula badhea linggih jegang, singsat-singsot, pêthènthèngan, lan sasaminipun, kados inggih botên wontên sarusikunipun, jalaran tiyang inggih namung hawa kemawon botên katinggal wujudipun. Mangga, punapa ngrikinipun botên nama enak eca, nggêbêg rangka, mangku yu Krama.

Beda sangêt kalihan priyantun luhur ingkang andhap asor tur sêmanak. La, punika nyilakani kula sadaya sayêktos. Jalaran ingatasipun priyantun luhur têka andhap asor, têgêsipun krêsa angasorakên saliranipun dhatêng tiyang sakula ingkang bakunipun pancèn tiyang asor. Ingkang makatên punika kenging kula upamèkakên kadosdene pangajinipun priyantun agêng wau upaminipun f 100,- lan pangajinipun tiyang alit sakula namung f 1,-. Samangke manawi priyantun luhur wau lajêng krêsa angasorakên saliranipun ngantos namung pangaji f 1,- miturut kawruh logica (kamêsthianipun) pangaji kula inggih lajêng larut ngantos namung pangaji 1 cent. Pikajêngipun manawi wontên priyantun luhur krêsa ngasorakên saliranipun, ingkang dados tiyang ngadhap[2] wajibipun inggih kêdah botên kenging kawon asor, dados ngrikinipun inggih lajêng kapêksa kêdah saya angaosi dhatêng priyantun luhur wau. Langkung malih manawi kagungan panggalih sêmanak, limrahipun wontên ing pundi-pundi inggih krêsa andangu utawi aruh-aruh. La, punika saya ukuman malih. Awit manahipun lajêng botên ngraos mêrdika babarpisan. Sanadyana sawêg botên kobêr sangêt, sawêg èwêd nyambut damêl ... ngiyat pinci upaminipun, ing mangka lajêng dipun cakêti priyantun luhur ingkang andhap asor tuwin sêmanak wau, ngrikinipun inggih lajêng kapêksa ngglethakakên iyatanipun prêlu badhe atur urmat. Mangga, punapa punika botên ngajak rêkaos kemawon.

--- 930 ---

Amila mênggahing kula aluwung mrangguli priyantun luhur ingkang ngêgungakên kaluhuranipun katimbang ingkang andhap asor.

Makatên ugi ing padamêlan limrah, punika manawi pangagêngipun sae, rêmakêt saha andêmênakakên tumrap para rerehanipun, ingkang dados rerehanipun inggih kojur sayêktos. Awit saking saening tangkêpipun pangagêng wau, rerehanipun inggih lajêng kapêksa langkung ngatos-atos panyambut-damêlipun. Rikuh badhe nindakakên punapa-punapa ingkang botên dados sarjuning pangagêngipun lan sasagêd-sagêd ugi lajêng ambudidaya murih pangagêngipun sagêda lêstantun sae dhatêng saliranipun. Punapa ingkang sagêd andadosakên rênguning pangagêngipun, inggih tansah kajagi sampun ngantos nglampahi. Makatên sapiturutipun. Sagêd kalampahan ingkang makatên punika, jalaran dhatêng pangagêng ingkang samantên budinipun wau, ingkang dados rerehanipun têmtu lajêng anggadhahi ajrih lan asih.

Beda kalihan pangagêng ingkang crèwèt, rèwèl, botên adil thik kawêwahan mawi ngêdir-êdirakên anggènipun dados pangagêng. La, punika ingkang dados rerehanipun, sanadyan katingalipun saprepetan kados botên sakeca, nanging salêrêsipun malah ayêm wontên ing manah. Awit saking anggènipun crèwèt lan rèwèlipun wau, rerehanipun inggih lêrês anggadhahi ajrih nanging botên anggadhahi asih. Saking anggènipun botên adil, langkung malih kawêwahan mawi ngêdir-êdirakên anggènipun dados pangagêng, wusananipun para punggawa inggih tuwuh sêngitipun. Amila ingkang kathah-kathah: têtiyang ingkang anggadhahi pangagêng ingkang makatên padatanipun wau, caranipun nyambut damêl para rerehanipun inggih botên kanthi sênêng lan rilaning manah, nanging ngêmungakên nyambut damêl, sabab rumaos ... dipun bayar.

Tujunipun botên makatên mênggah ingkang dados pangagêngipun.

Pun PÊNTHUL

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Sêsakit Pès ing Cimahi.

Ing Cimahi taksih wontên sêsakit pès, mêntas wontên tiyang nama Sacak, katrajang ing sêsakit pès dumugi tiwas. Panitipriksa ing ngriku dipun tindakakên dening Dr. P. Cool, saking Sêmarang.

Ingkang ngukup arta lotre f 100.000,-

Aneta Nipa martosakên saking Padhang. Ingkang angsal lotre Don Bosco f 100.000.- băngsa Tionghwa ingkang brandon kalihan tiyang siti. Băngsa Tionghwa angsal ingkang tigang prapat f 75.000.-, tiyang siti ingkang saprapat f 25.000.-

Pakêmpalan Oud Bantên.

Pakêmpalan Oud Bantên kalampahan sampun ngêdalakên kalawartinipun, mêdal sawulan sapisan. Ancasing pakêmpalan wau badhe anggiyarakên ing bab babading Bantên tuwin andandosi patilasan-patilasan kina.

Para jurnalis Indhonesiah.

Sampun wontên karampunganing komite konggrès jurnalis Indhonesiah, bab anggènipun badhe ngawontênakên konggrès, inggih punika benjing tanggal 9 Agustus manggèn ing Luna Theater utawi ing gêdhong Dharma Stichting ing kampung Gêndhong, Sêmarang. Rancanganing rêmbag, sadaya mèh ngrêmbag ing bab kajurnalisan, rêrêmbaganipun kaperang siyang lan dalu. Ing tanggal 10 darmawisata dhatêng candhi Barabudhur.

Lulus saking Stovia.

Radèn Slamêt Iman Santosa, asli saking Wanasaba, lulus iksamên Ind Arts perangan kapisan. Radèn Sukirjan, asli saking Kudus, lulus angsal sêsêbutan Ind Arts.

Papriksan ampas tètès.

Kawartosakên Dr. Susila, Dr. Overbeek tuwin Ir. Van den Hout sami saking golongan pakaryan kasarasan, sampun sami mriksa kawontênanipun ampas tètès ing pabrik Maron, ingkang dipun bucal dhatêng lèpèn-lèpèn, pinanggihing papriksan, tètès wau botên andadosakên tuwuhing sêsakit malariah, kosokwangsulipun, malah sagêd dados pananggulang. Nanging bab tètès wau miturut pamanggihipun tiyang ahli bab misaya ulam, sagêd adamêl sirnaning ulam lèpèn tuwin nundhung ulam sagantên ingkang manggèn ing pinggir. Malah para juru misaya ulam ing bawah Brêbês tuwin Pakalongan, sampun nate gadhah panêmbung dhatêng administratir pabrik-pabrik gêndhis sacêlaking lèpèn Pamali, sampun ambucal ampas tètès dhatêng lèpèn. Ingkang gêgayutan kalihan pamisayan ulam punika kausulakên dening Tuwan L.V. Wijnhamer Jr. ing Mistêr Kornèlês dhatêng rad kawula.

Griya sakit ing Lumajang.

Kawartosakên griya sakit gupêrmèn ing Lumajang badhe dipun dadosakên griya sakit rêgènsêkap Lumajang, kanthi angsal pitulungan waragad.

--- 931 ---

Nyêpêng tiyang damêl arta palsu.

Rêsèrsê ing Medhan mêntas nyêpêng têtiyang siti băngsa Batak ingkang nuju damêl arta bolong palsu. Ingkang dipun angge timah, cithakanipun sêmèn. Nalika panyêpêngipun mawi pasulayan saha anamakakên dêdamêl. Nanging têtiyang ingkang damêl sami kacêpêng.

Pamulangan sêkakêl Trijsa.

Saking ada-adanipun pakêmpalan têtiga, inggih punika Katolik Jawi, Katolikê Wandawa tuwin Wanita Katolik, sadaya manggèn ing Surakarta, sampun ambikak pamulangan sêkakêl dipun namakakên Nationale Onderwijs-inrichting Trijsa, danguning pasinaon 4 taun. Muridipun sampun wontên 46.

H.B.S. Taman Adi botên saèstu ngadêg.

Badhe adêging H.B.S. Taman Adi, kados ingkang sampun kawartosakên ing sêrat kabar, botên saèstu ngadêg, jalaran wontên pambênganipun. Wontên muridipun sakawan lajêng dipun pasrahakên dhatêng pamulangan Adidarma tuwin Taman Siswa.

Pakaryan lampah anggêgana Batawi, Medhan, mampir Singgapura.

Wiwit benjing tanggal 4 Agustus K.N.I.L.M. badhe nindakakên lampah anggêgana saking Batawi dhatêng Medhan, mampir Singgapura. Tanggal 5 bidhal saking Singgapura dhatêng Medhan, tanggal 6 bidhal saking Medhan dhatêng Singgapura, wusana tanggal 7 dhatêng Batawi. Kajawi punika lampah anggêgana Batawi dhatêng Medhan taksih lêstantun kados adat.

Dipun cakot kêthèk.

Wontên tiyang siti ing Kapawèh, Bandhung, sumêrêp kêthèk wontên ing cancangan, lajêng dipun beda, kêthèk sangêt nêpsunipun, wusana sagêd uwal saking cancangan, têrus nyakot tiyang ingkang ambeda, badanipun sami nandhang tatu, wusananipun tiyang wau lajêng nandhang sakit kados ewah, kabêkta dhatêng insêtitut pastur. Kêthèk punika têtela satunggiling kewan ingkang ambêbayani, botên kenging kangge sêmbranan. Kacariyos sri nata Constantijn nata ing Griekenland, sedanipun jalaran kacakot ing kêthèk.

Sabakarti Sêmarang.

Griya pakumidhèn gadhahanipun pakêmpalan Sabakarti, ingkang dipun dêgakên wontên ing Karêwèh, Sêmarang badhe rampung wontên ing wêkasanipun wulan Agustus. Sanadyan pandamêlipun wau dèrèng rampung sadaya, ing papan padhasaran barang kagunan, Indhonesiah sampun kangge sêsadean, prêlu kangge ngajêngakên kagunan.

Lulus iksamên ing pamulangan luhur pangadilan.

Tuwan S.A. Akim, lulus dhoktoral, iksamên kapisan ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi. Tuwan R.I. Supama, tuwin Tuwan Samyana, lulus kandhidhat iksamên perangan kapisan.

Misaya ulam.

Benjing tanggal 27 Sèptèmbêr, 25 Oktobêr tuwin tanggal 8 Nopèmbêr ngajêng punika, ing talaga Ciburui Padhalarang, badhe dipun wisaya ulamipun. Ing talaga wau dipun ingahi ulam tambakan 500.000, ulam mas 100.000, tawèh[3] 100.000 tuwin bandêng 80.000. Miturut pratelanipun Tuwan W. Groeneveld Jr. inggih punika ingkang maosi talaga, gêsanging ulam sae, amargi pangingahipun sarana pitêdahipun tiyang ahli, dipun pakani pakan ingkang kamaligèkakên, samăngsa toya alit, ing pinggir dipun tanêmi sukêt. Cara makatên wau badhe katindakakên wontên ing talaga ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Asiah.

Nyirnakakên golongan komunis

Syang Hai 18 Juli (K.P). wontên pawartos saking Nansiang, golongan komunis ing Kiangsi dipun têmpuh wantêr, ngantos kèngsêr dhatêng Phukin, wontên ingkang dhatêng Unan utawi Upèh, dados golongan komunis nilar Kiangsi, ingkang sampun dipun broki. Golongan wau ingkang manggèn sawetan Kiyungho ugi malêbêt dhatêng Phukin.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4032 ing Krêtêg. "Pertenoenan Wastra Tanahabang, Gang Pangoeloe No. 42, Batavia-Centrum, Bikin roepa-roepa barang tenoenan.

Lêngganan nomêr 3405 ing Panumping. Dèrèng sagêd ngaturi katêrangan.

Lêngganan nomêr 4822 ing Cêpu. Botên lêrês.

Lêngganan nomêr 5236 ing Rêmbang. Inggih lêrês.

Wara-wara

Ngaturi uninga, Kajawèn ingkang kalêrês mêdal ing dintên Rêbo ngajêng punika botên kawêdalakên, amargi ing dintênipun Salasa kalêrês dintên agêng Grêbêg Mulud, dados kêsupêkên panggarapipun. Nanging wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, isinipun dipun indhaki, murih botên adamêl cuwaning panggalihipun para maos.

Adm. lan Rd. Kajawèn.

--- 932 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

30.

O, kănca, raosing susah botên namung wontên ing sampeyan kemawon. Sanadyan kula punika katingalipun wontên ing ngriki, dados mêngsahing bandara sampeyan, nanging raosing manah kula, botên beda kados raosing manahipun tiyang ingkang ugi kadunungan trêsna dhatêng ingkang sampun seda. Kajêng kula, layonipun sang senapati badhe kula aturakên sang prabu.

Abdi pakathik botên mangsuli, lajêng nguculi kapal kêkalih ingkang wontên ing cancangan. Ingkang titihanipun sang senapati dipun sukakakên Abdullah. Abdullah lajêng ngangkat layonipun sang senapati dipun bêkta numpak kapal, pakathik anglawani kalihan nyuwara lirih: o, kumênyuting atiku kang rasa[4] ora kapenak, tinêmune kaya mangkene iki.

Abdullah nyawang dhatêng pakathik kanthi karaos ing manah, wusana wicantên: măngga kănca bidhal. Sasampunipun makatên, kapal lajêng dipun gêbrag ambandhang, lampahipun sumêbut sinarêngan tumungkêbing pêpêtêng dalu.

XIII Sang putri wontên ing pakunjaran

Dhawahing kasusahan ingkang pinanggih wontên ing praja Ngêsam, tansah tumpa-tumpa. Praja Ngêsam ing wêkdal punika, kenging dipun wastani, sawêg manggih bêbêndu. Sang prabu tansah mêmpên wontên ing kadhaton, nyênyuwun dhatêng Pangeran, murih prajanipun luwar saking pêpêtêng.

Nanging mênggahing sang prabu, pêlênging panggalih namung dhumawah dhatêng sang putri, ketang wêlas sangêt, dene têgêl masesa putra kados makatên. Nanging manawi ngèngêti praja, kados-kados inggih namung tindak makatên punika ingkang sagêd damêl têntrêm, sang prabu ngantos asring kawiyos pangandikanipun: anak wadon iku têtêp diparibasakake satru mungging cangklakan.

Wiyosing pangandika nata ingkang kados makatên punika anocogi sangêt kalihan lêlampahanipun sang putri ing wêkdal punika, kawontênanipun namung tansah adamêl risaking panggalihanipun sang prabu. Èwêd pakèwêdipun tansah pinanggih. Yèn mirid dhumawahing pamisesa, sang prabu wênang nindakakên, tanpa èwêd pakèwêd, nanging manawi ngèngêti raosing tiyang sêpuh dhatêng anak, tindak pamisesa punika adhakan nuwuhakên raos ingkang gêgayutan katrêsnan, saya tumrap sang prabu, dhasar putra namung satunggal, raosing misesa putra, karaos kados masesa sarira piyambak. Kados makatên raos rêkaosipun tiyang sêpuh.

Kacariyos sang putri sarêng sinêngkêr wontên ing gêdhong, rintên dalu namung muwun ing batos, tangèh sagêda manggih katêntrêman ing panggalih. Tur mênggah kawontênanipun, gêdhong pasêngkêran wau sarwa anêngsêmakên, botên pisan-pisan awujud papan pasiksan, malah sadaya kadamêl sarwa nêngsêmakên. Nanging inggih sanadyan awujud adi pèni ingkang kados punapa, tumrapipun sang putri botên wontên ingkang sagêd dados panglipur.

Namung wontên ingkang dados panglipur sakêdhik, inggih punika manawi sang putri ngandikan kalihan parêkan ingkang dipun patah ngladosi. Manawi nuju makatên, pangandikanipun sang putri gumrècèk kados botên katabêtan sungkawa.

Ing kala punika sang putri nuju sarean kalihan ngandika: bocah wadon, coba kowe ngandhakna kaanane ing kadhaton, kapriye kaanane kangjêng rama.

Parêkan: gusti, kangjêng rama dalêm katingalipun sangêt sungkawa, tansah angraosi panjênêngan dalêm.

Mêsthi bae bocah wadon, sanadyan aku samono uga, ing batin tansah anggagas mênyang kasugêngane kangjêng rama, muga aja manggih kasêkêlan kang ora-ora, awit kaparênge kangjêng rama iku satêmêne bênêr.

Punapaa gusti, manawi kaparêngipun ingkang sinuhun lêrês, têka mawi anggalih ingkang sagêd damêl kasêkêlan. Ingkang sinuhun kêkirangan punapa, inggih badhea kagungan tindak punapa kemawon tamtu kalampahan.

Satêmêne iya mangkono bocah wadon, kowe sumurupa: ya, tak kandhani. Sing ngrusak galihe kangjêng rama kuwi satêmêne rak aku dhewe.

Punapa panjênêngan dalêm têka nêmaha ngrisak panggalihipun kangjêng rama dalêm, bok dipun dhèrèk kemawon.

Pancèn iya jalaran saka anggonku ora andhèrèk kaparênge kangjêng rama mau, anggonku nêmahi kaya mangkene. Mêsthine kowe wis mangrêti kabèh ing bab lêlakon iki. Wis, wis, cuthêl. Saiki salin, apa kowe krungu wartane maling kang mêntas ngambah kadhaton.

O, gusti, bab punika kula ajrih matur, amargi manawi ngantos kamirêngan ing abdi jagi, sisip-sêmbiripun kula badhe manggih kalêpatan. Panjênêngan dalêm uningaa gusti, sasolah panjênêngan dalêm punika tansah dipun ulat-ulatakên ing tiyang. (Badhe kasambêtan)

--- 165 ---

Nomêr 42 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, Kawêdalakên sabên Sabtu.

Cangkriman

Thing thèng, thing thèng, thing thèng ... gliyêr-gliyêr ... grêg ... hah, saiki lagi rumasa lêga atiku, dene sêpure wis têkan ing ênggon kang dak tuju, tur akanthi slamêt. Bêcik tak sêngkakne lakuku, supaya enggal nuli têkan ing sangarêping para mitraku bocah kang padha maca taman Kajawèn bagian wacan bocah. Sabab aku kèlingan, dhèk sêmana duwe kasaguhan arêp ngudhoni cangkriman manèh, ana ing taman bocah kene.

Kiraku para mitra uga akèh kang padha ngarêp-arêp têkaku, lan bisa uga salah sijine ana sing anggarundêl, dene apa kok nganti kasèp ora ana katon mêncungul, apa baya anyidrani jangjine dhewe. O, ora mangkono para mitra, mulane nganti watara lawas aku ora ngêtoni ing taman bocah, sabab aku rak wis kăndha ta, ya iku: bokmanawa entuk wêwêngan liyane manèh, kaya kandhaku ing Kajawèn ăngka 31 dhèk biyèn. Dadi ora kêna ditamtokake.

Nanging aku duwe panjaluk dhisik, cangkriman kang bakal dak batangake iki, bêcike aja dianggêp cangkriman lumrah kae lo ca. Anggêpên minăngka pambukaning nalar bae.

Dene cangkriman pambukaning nalar mau, kaya ing ngisor iki.

I.

Jajal golèka ukara, kang cacahe ana 22 wanda, gunggung 9 têmbung, nanging wanda-wanda mau padha nglêgêna kabèh, ewasamono yèn diwaca cêtha, uga anduwèni têgês, ya iku atêgês salah sawijining pawarta utawa pituduh, kang larase bisa nuwuhake sêdhihing atine wong kang ambêk wêlasan.

II. Iki manèh panunggalane

Ana ukara cacahe ana 8 wanda, sing 4 nglêgêna, liyane nganggo sandhangan wulu suku, nanging yèn ukara mau diwaca molak-malik, ya iku saka kiwa manêngên utawa mangiwa, unine padha bae, lan iya padha karêpe (têgêse). Lah ukara sing kapriye iku, mara nulisa. Olèh-olèhane enggal aturna marang rama Sêbul, supaya ana sing ngêlidi, kapriye mungguh salah bênêre panulismu mau. Sabab rama Sêbul uga wajib ambijèni.

III. Iki panunggalane manèh

Ana ukara kang wilangane ana 8 wanda, iya nganggo [ngang...]

--- 166 ---

[...go] sandhangan salumrahe. Nanging yèn ing saburine wanda kang kaping 3 ing sajroning ukara mau sinêsêlan pada lingsa, ukarane banjur atêgês pituduh, kang wose (karêpe) nuduhake kaanan rong rupa (wêwujudan rong warna). Kaping pindhone yèn pada lingsa mau diêtrapake ana ing burine wanda kang kaping 4, ukarane uga isih atêgês pituduh, nanging wose (karêpe) mung nuduhake kaanan sawarna. Ukara kang kapriye iku, mara tulisên.

Panjurung saka mitra bocah Malang: Nirrasa. Barèng.

Kabungahaning para Murid Sêkolah

[Grafik]

He, bocah murid-murid sêkolah, mêsthine kowe tansah kèlingan kalane padha bungah-bungah, ya iku yèn nuju unggah-unggahan. Ing kono padha bisa ngrasakake sênêng-sênêng tunggalan karo kănca tunggal sêkolahan.

Ing kalane mangkono mau, bocah sing nuju pasulayan, padha ilang kanêpsone, banjur bali rukun kaya adat. Awit kabungahan mau, rasane ora mung jalaran saka anggone padha dibungahake ing dina iku, iya ngèlingi prakara anggone bungah munggah pangkate, dadi bungahe tansah lumintu bae. Wiwit dina mau sabanjure nganti tapak sêkolah manèh, mung sênêng thok.

Nanging kosokbaline, yèn ora munggah, kabungahan sing kaya ngono mau mung gawe ora sênêng, sing dirasakake mung prakara anggone ora munggah.

Mara coba pikirên, yèn bocah ora munggah iku saka lupute sapa. Ora liya iya saka lupute dhewe, mêsthi saka kurang mêmpêng sinau.

He bocah-bocah, èlinga mênyang wajibmu dadi murid, kasênênganmu bèn kêtêmu tanpa sandhungan.

Ing dhuwur iki gambare para murid pamulangan ing nagara Bukarès, tanah Romaniyah, kalane bungah-bungah, dening Sang Pangeran Pati Michael. Iba sênênge.

--- 167 ---

Mijil

Bocah Nakal

Kacarita ana bocah cilik | jênênge Si Kêmpros | êndhèk cilik dêdêg pangadêge | mata mlilik pratăndha mathakil | yèn lumaku iplik | umuke kêladuk ||

dadi murid kabèh padha nyirik | ora gêlêm awor | ewadene ngêtog badhigale | yèn sêkolah masthi sangu krikil | plinthêng ora kèri | nèng kanthong mandhukul ||

yèn sumurup manuk ana nguwit | diplinthêng mak klothok | manuk tiba diparani gage | yèn kancane ana sing ngruruhi | wangsulane nyêngit | ya bèn saêsirku ||

apa kowe jaluk plinthêng gênti | ênya gilo klothok | sing diplinthêng lunga karo mèwèk | wadul marang kancane cah gêdhi | wangsulane manis: | mênênga cah bagus ||

saya lawas dhugale andadi | guru kêrêp alok | iya Kêmpros bocah nakal kowe | ngati-ati yèn ora marèni | sida wurung murid | besuk dadi bajul ||

ora kêndhat malah sundhul langit | nakale Si Kêmpros | lawas-lawas klakon diwêtokke | ana jaba ora gêlêm mari | malah angluwihi | jênêng wis kêpatuh ||

kocap mungsuh padha ngincim-incim | suwe-suwe klakon | ditangani nganti sakatoge | rêmpak-rêmpu awak mili gêtih | iya ngono kuwi | tambane cah bêsur ||

Si Su, Ing Sala.

Mantêp ing Ati, Bisa Dadi

I.

Ana bocah jênênge Suhardi, anak warăndha, omahe ing kampung Kusumadiningratan. Êmbokne Suhardi iku jênêng bok Wirasukarta, anggone ditinggal mati sing lanang wiwit nalika Suhardi lagi umur limang taun.

Anake êmbok Wirasukarta kang bisa lêstari urip mung loro, iya iku: Suhardi lan bocah wedok cilik adhine Suhardi, jênênge Suhardiyêm.

Suhardi wis sêkolah, manggon ana ing klas loro. Uripe êmbok Wirasukarta iku tansah kacingkrangan, amarga pagaweane mung ngobèng ambathik, pamêtune ora sapiraa, ora cukup kanggo ngingoni lan nyandhangi anake. Ing sadina-dina êmbok Wirasukarta tansah nandhang prihatin, luwih-luwih barêng ing măngsa pagawean lagi kêndho, rasaning atine ing sadina-dina kaya diwênyêt-wênyêt.

Anuju sawijining dina, êmbok Wirasukarta kăndha marang Suhardi mangkene: ênggèr, kowe dhewe [dhe...]

--- 168 ---

[...we] wis wêruh mungguh kaananku ing wêktu iki. Saiki pagawean lagi kêndho bangêt, anggonku nyambut gawe ora bisa ajêg olèh dhuwit, yèn dhèk wingi-wingi mono ngrêkasaku ora bangêt-bangêt, pamêtuku dicokot-cokot alot isih kêna, mung ing măngsa iki kang lagi kêbangêtên, dêlênge nyambut gawe, dhuwite kok ora nêtês. Amarga saka iku, ênggèr, sarèhne aku rumasa ora kuwat ngragadi anggonmu sêkolah, bêcike kowe nyopota bae, dak ngèngèrake marang babah Liyong, sing marung ana pasar kae, amarga dhèwèke butuh batur cilik, prêlu dikongkon-kongkon. Ana ing kana kowe bakal bisa mangan warêg lan nyandhang rada bêcik. Kajaba iku ing sasasine isih nganggo diblănja rong rupiyah, kapriye, kowe gêlêm apa ora.

Suhardi barêng ngrungu kandhane êmbokne yèn dhèwèke arêp diêkon nyopot anggone sêkolah, atine kodhêng bangêt, nganti suwe anggone ora mangsuli, osiking atine: hah, gèk kapriye, ta, lêlakonku iki, tamatku saka sêkolahan mung kurang rong sasi, nanging ing wêktu iki wong tuwaku lêlakone kok kaya ngene, apa aku klakon arêp nyopot saka sêkolahan mung prêlu arêp ngèngèr ana warung bae. Hah, gèk kaya ngapa kaduwungku ing besuk lah yèn aku arêp banjurake sêkolah, gèk kapriye, apa sing dak pangan ing sabên dinane, wong tuwaku karêpe wis ora mrayogakake yèn aku nêrusna sêkolah. O, iya, gajêge Si Sutarsa kae anggone sêkolah bisa nyambi nyambut gawe ngidêrake koran gambar idhup, blanjane sadina sêtali, kêna dijaluk dinan, pagaweane bisa dilakoni wiwit jam têlu awan têkan jam nêm sore, coba mêngko sore dak nêmoni dhèwèke. ... iya, êmbok, aku iya wis ngêrti marang kaananmu ing wêktu iki, nanging bab anggonku arêp koêkon nyopot saka sêkolahan, iku arêp dak sarèhake dhisik, mêngko sore aku arêp katêmu kancaku sêkolah, jênênge Sutarsa, samulihe saka sêkolahan dhèwèke bisa nyambi nyambut gawe ngidêrake koran gambar idhup, blanjane sêtali sadina, yèn dhèwèke isih butuh rewang, aku arêp milu nyambi ngidêrake koran, blanjane kêna kanggo urun-urun kabutuhan ngomah, dadi aku ora susah nyopot anggonku sêkolah.

Êmbokne Suhardi: iya ta, le, coba mêngko sore katêmua karo kancamu kang mêntas kokandhakake mau, yèn kana isih butuh rewang, kowe rak ora susah nyopot anggonmu sêkolah.

Kacarita, ing wayah sorene Suhardi wis mangkat mênyang ing omahe Sutarsa. Satêkane ing kono, Sutarta durung katon mulih, kang katon mung êmbokne wae, lagi asah-asah cangkir ana ing sumur. Suhardi banjur takon marang êmbokne Sutarsa mangkene: êmbok, Sutarsa punapa sampun mantuk. (Arêp disambung)

Sumadi, Sala.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


Barêng. (kembali)
ngandhap. (kembali)
tawès. (kembali)
karasa. (kembali)