Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08-12, #632

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08-12, #632. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08-12, #632. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 64, 27 Mulud Taun Je 1862, 12 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Bale Pustaka

Ing Bêtawi Sèntrêm

Wiyosipun, polêk almênak Jawi taun 1932, mawi lampiran almênak templekan, sampun dados, isinipun mêpêki, rinêngga ing gambar èdi pèni.

Bale Pustaka botên kêndhat tansah angudi anuju manahipun para maos. Isinipun polêk almênak dipun pilihakên ingkang sae, ingkang migunani ing ngakathah. Mila sabên rampung pangêcapipun inggih dados rêbatan.

Môngga, murih botên kacuwan, prayogi tumuntên sami mêling dhatêng Bale Pustaka, sampun ngantos kêtêlasan.

Sabên tiyang kados sampun botên kêkilapan, botên wontên almênak ingkang saenipun saha mirahipun ngungkuli polêk almênak.

Polêk almênak Jawi taun 1932, kajawi isi pananggalan, pranatan pos saha tèlêgram sapanunggilanipun, ugi ngêwrat:

1. Tarib bayaran sêkolah, pratelan wontênipun pamulangan ing Indhia Nèdêrlan, saha gambar sêsambêtanipun pamulangan. Prêlu kasumêrêpan ing sok sintêna kemawon.

2. Pratelan cacah jiwanipun paresidhenan saha kabupatèn ing tanah Jawi saha Madura, miturut petangan Jawi taun 1930.

3. Pranatan enggal bab pangadilan agami, bab angangkat wali tuwin budhêlkamêr pribumi.

4. Bab kasarasan, maedahi tumrap sok sintêna kemawon.

5. Bab ingkang prêlu kasumêrêpan ing biyung, ocal-ocalan sapanunggilanipun, prêlu kasumêrêpan ing para wanita.

6. Bab radhio, nêrangakên tumindakipun saha paedahipun radhio, ngindhakakên sêsêrêpan.

7. Bab ngingah kuthuk mawi pirantos. Cobi kanyatakna.

8. Bab anulak ama tikus sabin ing tanah parêdèn, maedahi tumrap tiyang tani.

9. Bab griya modhèl panggaotan jatos guprêmèn. Manawi badhe damêl griya ingkang nyêkapi kabêtahan mawi waragad sakêdhik prayogi maos karangan punika.

10. Lan sanès-sanèsipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [981] ---

Ôngka 64, 27 Mulud Je 1862, 12 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sunglon ing Kupang

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring griya-griya ing pasisir Kupang.

--- 982 ---

Cilacap, 30 Juli 1931

Kairing Sagunging Pakurmatan

Nuwun wiyosipun, atas dhawuhipun P.G.H.B. cabang Cilacap, kula: Kudrat, mantri guru ôngka kalih nomêr satunggal, kapatah ngaturi usul dhumatêng panjênênganipun juru ngarang Kajawèn, tumrap bab panganggenipun aksara murda manut wêwaton enggal. Sarta manawi kagalih prêlu, karangan ing ngandhap punika kenging kapacak wontên ing Kajawèn.

Aksara Murda.

Ing sêrat kalawarti Kajawèn, nama-namaning nagari, tuwin namaning lare ingkang pantêsipun botên pikantuk tataprunggu utawi pakurmatan, sami kasêrat mawi aksara murda. Bab punika upaminipun pinanggih ing Kajawèn nomêr 57 taun punika. Namaning kitha: Bêtawi, Bandhung, Prabalingga, Sukabumi sasaminipun, namaning lare: Giya, Bêngkuk, sadaya sami kasêrat mawi aksara murda. Rèhning panyêratipun namaning nagari tuwin lare ingkang kacêtha ing.ngajêng wau, miturut wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi (kaca 12. X, saha kaca 23. X), botên kenging mawi aksara murda, dados saking pamanggihipun cabang P.G.H.B. Cilacap, adamêl kisruh dhatêng para murid, ingkang sawêg kawulang panganggenipun aksara murda manut wêwaton enggal, miturut dhawuh saking nagari.

Nalar-nalaripun kita ngantos ngaturi usul makatên, amargi kita mangrêtos kalawarti Kajawèn punika kagunganing nagari, ingkang wêdalipun ajêg saminggu kaping kalih, sarta dados sêsuluhing kita bôngsa Jawi. Pramila iba saenipun upami usul wau sagêd katampèn, awit piwulang bab panganggenipun aksara murda ing pamulangan kalihan kawontênan ing jawi, lajêng sagêd sarujuk.

Wusana mugi wontêna karsa panjênêngan paring katêrangan.

Atas namaning cabang P.G.H.B. Cilacap).[1]

Katandha: Kudrat.

--- 983 ---

Wulang Sae

Panjagi dhatêng Pasinaoning Lare

Samangke punika jaman pasinaon, liripun sampun kathah ingkang sami ambêtahakên lan mangrêtos, punapa gunanipun lare dipun sêkolahakên. Dêrênging para sêpuh nyêkolahakên anakipun, botên namung ing golonganipun para priyantun kemawon, dalasan sadhèrèk dhusun, ingkang sami botên sumêrêp ing sastra, sampun sami katut kabuka manahipun, kapengin nyêkolahakên anakipun. Malah tumrapipun lare piyambak, purunipun sinau sampun botên susah dipun atag, sanajan dèrèng umur pisan, sampun kapengin sêkolah utawi nêdha dipun sêkolahakên. Mila ing sapunika, cacahing pamulangan jêjêl-riyêl, sanajan sabên taun botên sakêdhik wêwahing pamulangan, ewadene tansah kêbak-kêbak kemawon. Punika dadaos titikan ingkang cêtha, manawi bôngsa kula sampun sami ngajêngi saèstu dhatêng pasinaon. Botên susah dipun atag utawi dipun pêpengin, sampun sami purun piyambak. Kala sadasanan taun kapêngkêr, têgêsipun dèrèng patosa dangu, dununging satunggal-tunggaling sêkolahan punika, cêlak-cêlakipun pitu wolung pal têbihipun, trêkadhang ing pasitèn tadhahan langkung saking samantên, ananging ing samangke mèh sabên kaondêran wontên, saya ing papan ingkang kêtêl jiwanipun, dununging sêkolahan cêlak-cêlak sangêt. Langkung malih wiwit sumêbaripun sêkolahan dhusun, cacahing sêkolahan pintên-pintên, têbih cêlakipun prasasat namung tôngga dhusun kemawon.

Ngèngêti punika, cêtha sangêt manawi ing samangke pasinaon punika têtêp sampun dados kabêtahan umum, dipun bêtahakên kawula sadaya, saking kawula dhusun-dhusun dumugi sapanginggil. Sadaya sami nganggêp wigatos sarta prêlu sangêt. Awit saking punika, dados sampun samasthinipun, sadaya ingkang sami dados tiyang sêpuh, sami sagêd anjagi dhatêng pasinaoning anak, ing murih supados punapa ingkang dados idham-idhamanipun para sêpuh sagêd kalêksanan, inggih punika anak-anakipun sagêd widada anggèning sinau, sagêd mêthik uwohipun, kadumugèn anggènipun badhe anggayuh kapintêran.

Mênggah sarananipun murih sagêd kacêkap pasinaonipun punika, prêlu sangêt sami dipun jagi, supados lampahing pasinaon wau botên manggih rubeda, ingkang jalaranipun saking weyaning panjagi, kathah ingkang sami gadhah pangintên, margi saking anakipun sampun dipun sêkolahakên, para sêpuh lajêng kirang marlokakên dhatêng panjagining lare. Ingkang makatên wau lêpat sangêt, utawi sulaya kalihan sêdya anggènipun nyêkolahakên anakipun. Anggèn kula matur makatên wau, saking nitik kathahing lêlampahan, botên kirang-kirang lare ingkang sami kapintên sinaunipun, jalaran ingkang sêpuh kirang panjaginipun utawi kirang migatosakên [migato...]

--- 984 ---

[...sakên] dhatêng prêluning pasinaon. Môngka kapintêning pasinaonipun lare, inggih atêgês kapitunan agêng tumraping para sêpuh.

[Grafik]

Para murid ing sêkolahan H.I.S. Pasundhan, nomêr II ing Tasikmalaya, Priyangan.

Murih sagêd ngintên-intên dhatêng prêluning panjagi, prayogi dipun pratelakakên, bilih wêkdal ingkang kangge sinau wontên ing pamulangan, kalihan wêkdalipun wontên ing griya, punika dangu wontên ing griya. Dangu-danguning sinau punika tumrap lare ingkang sampun agêng watawis nêm jam, ingkang taksih alit kirang samantên. Sarêng wontênipun ing griya, inggih sadintên sadalu kasuda wêkdal sinau wau. Dados cêtha manawi anggènipun nampi piwulang utawi tuntunan bêbasan namung sakêdhap sangêt. Awêwaton katrangan punika, sanajan kalanipun sinau wau angsal pamardi ingkang sae, ananging manawi wontên ing griya botên dipun awat-awati, kirang anggènipun ngrêksa, sampun tamtu tuntunan saking sêkolahan wau botên andayani sakêdhik-kêdhika, malah kirang-kirang bagjanipun, wêwatakan ingkang kirang panjaginipun wontên sajawining pasinaon, sagêd ambibrahakên sêkolahipun. Awit saking punika, mila para sêpuh sampun kirang panjagi anak, dupèh anakipun sampun dipun sêkolahakên.

Salêbêtipun lare sinau, tansah dipun ulat-ulatakên ing gurunipun, ananging sabibaring sinau, para guru sampun botên sagêd makatên malih. Wiwit punika, ingkang dangu sêsrawungan tiyang sêpuhipun, mila runtutipun inggih gêntos ingkang kajibah anjagi.

Ing salêbêtipun lare taksih sinau, sasagêd-sagêd kêdah dipun angkah, ing sadaya prêlu punapa kemawon sampun ngantos wigatosing sinaunipun kirang dipun prêlokakên tinimbang kalihan sanès-sanèsipun. Badhe kasambêtan.

Sa-ta.

--- 985 ---

Bab Tanêman

Jambu

Mênggah jinising jambu punika warni-warni, satunggal-satunggalipun sami gadhah nama piyambak-piyambak, kados ta: jambu bol, punika jambu kluthuk ingkang dagingipun abrit, dene ingkang pêthak inggih namung karan jambu kluthuk pêthak. Wondene sanès-sanèsipun punika, limrahipun têtiyang ing padunungan kula, sadaya kagêbag waradin winastan: klampok utawi jambu klampok, kados ta: klampok bali, klampok watu, klampok kagèt, wèr, ijo, thokal, tuwin sapanunggilanipun. Wontên malih, sanadyan sami-sami jinisipun, nanging têtêp kasêbut jambu, inggh punika: jambu wèr tuwin jambu dêrsana. Makatên limrahing têtiyang ing padunungan kula anggèning mastani bôngsa jambu sagolonganipun wau. Lan malih dèrèng wontên caranipun tiyang nanêm jambu sarana dipun turus, amargi kuwatos manawi botên sagêd gêsang. Pramila mênggahing pananêm, limrahipun namung sarana wiji, kadhêdhêr rumiyin utawi sarana dipun cangkok.

[Grafik]

Jambu wèr.

Amargi saking punika, ing ngriki kados botên wontên awonipun saupami nêrangakên kadospundi mênggah pratikêlipun nanêm jambu sarana katurus, awit kula piyambak sampuin nate nyobi, mila inggih lajêng sagêd mastani lêrês bilih jambu punika kenging dipun tanêm sarana katurus. Mênggah pratikêlipun kados ing ngandhap punika:

Angêthoka pang jambu ingkang agêngipun watawis sadoran pacul, langkung agêng sakêdhik inggih kenging, nanging miliha pang ingkang umuripun botên kirang sataun laminipun, panjangipun 3 utawi 4 kaki, ing bongkot dipun lancipi, sanginggiling lancipan, kulitipun dipun kalokop satêngah mubêng. Lajêng katancêbna ing pasitèn ingkang sêngaja badhe katanêman jambu, tanpa dipun kowak, malah kagandhèna kados sacaraning tiyang damêl pathok, tumancêbipun ing

--- 986 ---

siti kakintêna watawis kalih têbah, dados kulit sanginggiling gêthêtan sagêd ambêlês ing siti satêbah lêbêtipun. Pucuking turus wau têmtunipun anjuwul tabêt kenging gandhèn, punika botên dados punapa, malah sae. Nanging sasampunipun makatên wau, lajêng ngupadosa dêling minôngka pagêr, paedahipun sampun ngantos pun turus wau oyag saking pandamêling kewan utawi lare dolanan, lan malih supados sêminipun botên gampil risak, dados ingkang prayogi sangêt, pagêr wau kadamêla ingkang sawatawis barukut, limrahipun kawastanan srumbung.

Nanging poma, tindak wau kêdah kaangkaha nuju ing môngsa kapat, awit ing môngsa makatên mathuk sangêt kangge gêsanging tanêm-tuwuh ingkang nêmbe kapêncarakên, dene yèn awis jawah kasirama, sampun ngantos ing prênah sapulêbuning tanêman enggal katingal garing sitinipun.

Ngangge pratikêl kados makatên wau, saking pamanggih kula langkung pikantuk sangêt, tinimbang nanêm wijinipun, awit langkung enggal agêngipun, tur wohipun botên badhe sagêd malih saking aslining babon. Wasana môngga, sami dipun cobi.

Nir Rasa. Tumpang-Malang.

Kawruh Sawatawis

Katrangan Pitakenan Bab Kleca tuwin Tosan Janur

Nuwun, nalika kula wontên Surakarta ngarang bab anggambar wontên ing lèmpèr. Kasêbut ing Kajawèn nomêr 67 taun 1928. Wusana nalika 2-4-'31 lan 6-5-'31 kula dipun pundhuti katrangan dening salah satunggaling lêngganan Kajawèn ing Pêkalongan, malah botên sadhèrèk saking Pêkalongan kemawon, ugi wontên sadhèrèk ing Banyumas sawatawis ingkang mundhut katrangan punika. Dene pitakènipun makatên:

1e. Ingkang dipun wastani kleca punika wujudipun kados punapa. Lan ingkang kathah tuwuh tanah ngare punapa parêdèn. Kula nyuwun katrangan ingkang gamblang. Sokur karsa anggambar.

2.e. Tosan janur punika tosan ingkang kados punapa.

Nitik pitakenan ing nginggil saking sadhèrèk Pêkalongan punika, têrang bilih Pêkalongan kados Purwasaba (Banyumas). Awit sadhèrèk ing Purwasaba ugi makatên pitakènipun. Malah wontên ingkang takèn: lèmpèr punika punapa.

(Cara Banyumasipun, lèmpèr: -ciri).

Wah, manawi mrangguli ingkang sulaya têmbungipun wau saèstu anjudhêgakên. Nanging kadospundi malih, tiyang sanès panggenan masthi wontên bedanipun. Sapunika kula mangsuli pitakenanipun No. 1.

--- 987 ---

Kleca punika saèmpêr kêpêl, nanging kleca kulitipun woh kakên lan atos. Woh kleca botên anggamblok ing wit kados kêpêl, nanging sumêbar ing pang-pang lan ing pucuk. Manawi tindak dhatêng Surakarta kula aturi tindak dhatêng masjid Agêng sakêdhap, ing plataraning masjid rak kathah klecanipun. Mila ing Sala wontên parikan: kok ngêpêl mêsjid - kok ngeca-eca.

Ngêpêl mêsjid - kleca.

Bab tuwuhipun kula botên sagêd mêsthèkakên, wontên parêdèn utawi ing ngare. Bab gambar kleca kula inggih botên gadhah. Badhe kula gambar nanging sapunika kula wontên panggenan ingkang botên wontên kleca.

Ingkang punika kula nyuwun pangapuntên, dene namung samantên katrangan kula. Dene bab pangolahing lèmpèr, sarèhning dalêm panjênêngan botên wontên kleca, cêkap kagosoka godhong randhu tiga utawi kalih gagang ing dalêm lèmpèr satunggal. Punika akalan kula piyambak, kula cakakên inggih sae.

Pèngêt: godhong randhu wau dipun toyanana sakêdhik. Manawi dipun wênyêt-wênyêt rak mêdal toyanipun, yiyitipun. Nanging manawi sampun garing pangêpenipun, rêmukaning wênyêdan kaicalana.

2e. Tosan janur punika tosan ingkang wiyaripun sajanur (watawis kalih nyari). Kandêlipun watawis sakartu pos. Limrahipun tosan janur punika kangge ambalêbêdi kothak ingkang agêng-agêng wadhah barang-barang saking ngamônca. Manawi botên wontên tosan janur inggih cêkap ngangge sendhok kuningan, sampun migunakakên sendhok panci. Mangke pancinipun gogrog (nglothok) damêl rêgêding cèt.

Wusana namung punika atur katrangan kula.

Kula Jaka Purwasaba.

Hup Amtênar Bale Pustaka Pêrlop dhatêng Nagari Walandi

[Grafik]

Kala tanggal kaping 5 wulan punika, panjênênganipun Tuwan Dr. G.W.J. Drewes, up amtênar Bale Pustaka, bidhal saking Tanjungpriuk badhe dhatêng nagari Walandi, pêrlop 10 wulan, tindakipun wau nitih kapal Johan de Witt.

Salêbêtipun pêrlop wau ugi dados wakiling parentah anjênêngi konggrès, ahli kawruh wetanan ing Leiden.

Para punggawa Bale Pustaka ngaturakên pamuji raharja dhumatêng panjênênganipun sakalihan garwa tuwin kulawarganipun sadaya. Pratelaning gambar saking têngên mangiwa, Nyonyah Drewes, Tuwan Dr. Drewes tuwin sadhèrèk.

--- 988 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Suda Lumungsuring Tata Ngadat Karaton Jawi

Salêbêtipun sèkêtan taun sapriki, tata ngadating karaton Jawi (Kasunanan Surakarta), punika sampun kathah ingkang dipun ewahi, wontên ugi ingkang dipun icali babarpisan sampu botên dipun wontêni malih, wondene tata ngadat ingkang badhe kula cariyosakên ngriki, punika sadaya tata ngadating karaton ingkang kalimrah sagêd kasipatan umum tumrap saindênging nagari tanah Jawi. Èngêt-èngêtan ingkang sampun ewah tuwin kaicalan babarpisan, namung mêndhêt wosing prêlu kemawon, pratelanipun kasêbut ngandhap punika.

I. Bab pasowanan watangan.

Miturut dongenganipun priyantun sêpuh, nalika kinanipun karaton punika angwontênakên pasowanan tumrap abdi dalêm panèwu tuwin mantri, kalihan ajêg ing sabên dintên Sêtu wanci jam 4 sontên, giliran sagolongan-sagolongan, numpak kapal parabot watangan, ambêkta waos saha pangangge bôngsa kadosdene paraboting panganggèn prajuritan. Wondene prêluning pasowanan wau: galadhèn ajar pêrang, angulinakakên kawasisan utawi kaprigêlanipun ulah dêdamêl lawung (waos) ing sanginggiling kapal, manggènipun ing alun-alun pojok kidul wetan, majêngipun gêntos-gêntos, mawi tinabuhan gongsa monggang manggèn bangsal inggil salèr kandhang sima cakêt majêng mangilèn, ajêg ing sabên dintên Sêtu sontên botên nate lowong. Tumraping karaton ungêling monggang wau nama patalon, kados ta: sowan patalon, bangsal patalon. Namung tumrap sajawining karaton saindênging nagari, têtiyang mastani gamêlan Sêtu, utawi gamêlan Sêton. Wondene tumrap panèwu mantri: sowan Sêton utawi sowan watangan. Dangunipun watangan utawi patalon punika antawis saêjam, nanging suwuk utawi kèndêlipun kêdah ngêntosi dhawuh dalêm saking lêbêt kadhaton, samôngsa abdi dalêm gandhèk kêkalih utusan sampun mandhap saking sitinggil, aparing sasmita sarana kumalawening asta saking katêbihan, iramaning gêndhing lajêng kasêsêgakên sawatawis gongan nuntên kasuwuk, saha galadhèn watangan ugi lajêng bibaran.

Kacariyos sampun antawisipun pitung dasanan taun laminipun dumugi sapriki, galadhèn watangan Sêton wau lajêng sampun kadhawuhakên suwak botên katindakakên malih, namung kantun ungêling gôngsa patalon kalihan utusan dalêm gandhèk andhawuhakên suwuk, punika ingkang lêstantun taksih tumindak dumugi sapriki.

Wasana sarêng akiring taun Jimawal 1861 kapêngkêr punika, ungêling gôngsa patalon kaewahan mantun manggèn ing bangsal kasêbut nginggil, nanging sapunika manggèn ing bangsalipun gôngsa ing sitinggil kemawon, dene dangunipun mungêl taksih lêstantun saêjam.

II. Bab utusan anggandhèk.

--- 989 ---

Kala rumiyin utusan dalêm padintênan saking karaton tumrap salêbêting kitha, kados ta: ingkang têmtu dhatêng loji karesidhenan, kapatihan, Mangkunagaran tuwin sanès-sanèsipun, punika sampun ajêg têmtu kalampahakên abdi dalêm gandhèk kêkalih, ngampil nawala dalêm karaton utawi ngêmban dhawuh dalêm ijêman, wondene gandhèk utusan wau sami mangangge kulukan dododan kalung samir, manawi wanci siyang cucul rasukan, nanging bilih wanci dalu mawi rasukan, malampah jèjèr mêdal têngah-têngahing radinan. Sadhengah têtumpakan, tiyang lumampah dharat punapa malih baris agêng kumpêni ing bètèng utawi lesiyun Mangkunagaran sapanunggilanipun, môngka nuju pêthukan gandhèk utusan dalêm, têmtu lajêng sami nisih mangiwa punapa nêngên, têtiyang sanagari sampun sami mangrêtos têrang yèn punika gandhèk utusan dalêm ing karaton, sintên kemawon botên kenging, sanadyan namung sliringan cêlak, inggih badhe wontên kalêpatanipun tarkadhang ngantos pinidana ... Pramila sadhengah ingkang papagan utawi sêsarêngan malampah, têmtu kêdah nisih utawi nyimpang.

Antawis kalih dasanan taun kirang langkung sapriki, tata ngadat lampahing utusan karaton makatên wau, lajêng kaewahan mantun lumampah dharat, nanging santun numpak kareta, cacahing gandhèk taksih lêstantun kalih saha mawi rasukan, namung bilih wontên salêbêting capuri karaton dumugining alun-alun, taksih katindakakên lêstantun kina.

III. Bab pasamuwan ngrampog sima.

Rumiyin-rumiyin sanadyan namung kala-kala taun wontênipun, nanging kapetang kêrêp katindakakên, dados inggih kalêbêt dados tata ngadating karaton ugi. Sabên-sabên wontên tamu bôngsa Walandi ingkang pangkat kalênggahanipun langkung inggil, kados ta: gupêrnur jendral, jendral mayor sasamipun,[2] punapadene pasamuwan karaton piyambak, têmtu ngawontênakên têtingalan abên-abên sima mêngsah maesa salajêngipun ngrampog sima, punika kagolong pasamuwan agêng saha dados têtingalan tiyang sanagari sadhengah bôngsa.

Wusana antawis tigang dasa gangsalan taun sapriki, tata ngadat abên sima mêngsah maesa tuwin ngrampog sima, lajêng sampun suwak botên katindakakên malih. Pungkasanipun pasamuwan makatên wau ingkang dhawah kantun piyambak, wontên ing wulan Dulkangidah, taun Alip 1827. (Badhe kasambêt)

P.K. 858.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku bausastra Walandi-Jawi, karanganipun Tuwan P. Darminta, saking toko buku S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, cacah 1 iji.

Buku wau cap-capan ingkang kaping tiga, ukuraning buku kabeda kalihan ingkang sampun, kadamêl langkung agêng, cacah 145 kaca. Amargi sastraninipun agêng, sarta wontên ewah-ewahanipun, mila rêginipun mindhak sakêdhik, dados f 1.20.

Mirid wontêning buku, sampun dipun cap kaping tiga, punika dados tôndha kamajênganipun.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 990 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lumêbêtipun dhatêng Bêstir Sêkul ing Batawi

Garèng: Ora, Truk, ing sarèhne kowe kuwi ana ing Batawi rada cêdhak karo malaekat-malaekat, kiraku kowe bisa awèh katêrangan sathithik mungguh pranatane para priyayi pangrèh praja sing bisa klêbu ana ing bêstir sêkul ing Batawi, nèk aku ora kliru, jarene sing uwis-uwis priyayi sing bisa mlêbu pamulangan kono kuwi, mung sarana pilihan bae. Dene sing dipilih iya priyayi sing pancèn pintêr, lan pêng-pêngan kae, cêkake priyayi sing wis ngatonake kêcakêpane anggone mangrèh praja. Lo, pranatan sing kaya ngono kuwi rak iya wis apik, ta. Nanging iya wis dilalah, jamane saiki kiyi jamane wong dhêmên ngowah-owahi, ora ngêmungake: rok dawa têkan polok, diowahi nganti sadhuwuring dhêngkul, utawa gêlung klimis cara Sala diowahi nganggo diclêkunthêng-clêkunthêngake ngarêpe, nanging pranatan arêp lumêbu ing bêstir sêkul bae saiki iya wis diowahi, para kandhidhate sêmang nganggo dièksamên barang.

[Grafik]

Petruk: Lo, kowe aja kaliru tômpa, Kang Garèng, anggone dianakake owah-owahan, kuwi karêpe rak arêp ambêcikake pamilihe, supaya pamulangan mau bisa olèh murid sing pintêr-pintêr têmênan. Sabab nèk mung pilihan barès bae, tanpa nganggo èksamên, mêngko pamilihe kuwi rak bisa uga kurang adile. Jalaran sing diwajibake milih mung manusa lumrah, mêsthine ya bisa kaliru. Apamanèh yèn sing dianggo pêpathokan: katrêsnan, hla, kuwi salahe wèsêl sok bisa ngêndhog nganti manak branahan barang kae. Padhane kowe lagi dhêmên karo Mas Ajêng Thêngil kae, ingatase matane rèmbès, irunge ambalêsêk bangêt, cangkême ambane mèh têkan kuping, badane ambalêmbêng kaya gulungan alang-alang, cêkake wong mau pancèn sugih ala bangêt, nanging kala samono nyang pandêlênganmu wong mau têmtu sausap bae karo Dèwi Ratih, iya ayune, luwêse, kèwêse, pantêse, gandêse, lan dhèmêse ...

Garèng: Uwis, uwis, kok banjur bukak rusiyah mêngkono, jajal aku caritanana, kowe ngarani pamilihe bisa kaliru, yèn mung

--- 991 ---

dipilih barès tanpa nganggo èksamên, luwih-luwih yèn milihe mau sing kanggo pathokan katrêsnan.

Petruk: Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, kowe rak iya wêruh dhewe, yèn sing diwajibake milih para priyayi sing arêp lumêbu bêstir sêkul kuwi, iya bênêr bangsaning gembong-gembong, nanging kabèh mau rak iya mung manusa blaka, têgêse: ing sarèhne isih jênêng manusa, pamilihe iya isih mêsthi bisa kaliru. Kaya ta: akèh-akèhe wong sanadyana priyayi pisan, wêwatêkane rak mêsthi beda-beda. Ana sing pintêr lan anggone nindakake kuwajibane pancèn iya pêng-pêngan têmênan, nanging kau pêtêku, ora bisa ngladèni para panggêdhene. Upamane bae: urmate nyang panggêdhe ora pati mlêpês, bojone nèk sowan nyang dalême panggêdhene, ora ngêmungake ora gêlung têkuk bae, nanging klambine ora irêng-irêngan, nanging sing kêmbang-kêmbang kae, utawa dijak kasukan mung kat 25 bae, ora saguh ngladèni, lo jalaran sing kaya ngono kuwi, kapintêran lan kêcakêpane nyambutgawe priyayi mau, kadhangkala sok kèrêm dening anggone ora bisa ngladèni, kang atêgês: ora bisa agawe rênaning panggalihe para panggêdhe mau, wusanane tumrap priyayi sing kaya ngono kuwi bêstir sêkul iya ditutup ajêgan.

Garèng: Wiyah, sing kok gambar kuwi rak panggêdhe rikala jaman ora enak kae, nèk saiki ana panggêdhe sing kaya ngono kuwi rak kalakon lumêbu ing museum têmênan.

Petruk: Lo, kuwi mung kanggo upama bae. Iya wis mêsthi yèn ing jaman saiki wis ora ana panggêdhe sing kagungan wêwatêkan sing kaya mêngkono kuwi, aku mung arêp nêrangake, yèn akèh bae priyayi pangrèh praja sing pancèn pintêr têmênan, lan anyukupi kuwajibane mangrèh praja, ewasamono ora bisa klêbu ing bêstir sêkul, jalaran ora kêpilih, bokmanawa iya sabab ora kêtêngên ing panggêdhene. Kosokbaline: ana priyayi sing kapintêrane utawa kêcakêpane mangrèh praja mung lumrah bae, nanging ginanjar pêngawak luwês, nèk wis angladèni para panggêdhe, panggêdhe mau raose ora beda karo nèk lagi diladosi simpênane sing anyar dhewe, mulane tibaning êsihe iya nganti ngêntèk têmênan. Nanging iya ora kêna dipaido, priyayi sing pêngawak luwês mau banjur disihi ing panggêdhene, hla wong anggone ngudi supaya disihi iya kanthi ora ngèlingi susah lan rêkasa têmênan, ibarate sanadyan lagi nang buri pisan, yèn banjur ditilpun, apamanèh nganti ditimbali dening panggêdhene, durunga tutug iya kalakon ditugêl têmênan, jalaran sing kaya mêngkono kuwi rak iya wis mêsthi bae ta yèn sing dadi panggêdhe banjur asih bangêt. Saka anggone arêp nuduhake katrêsnane mau, saupama kagungane simpênan anyar mono, iya banjur dipundhutake suwêng blong utawa klambi sidhêpowal, balik nyang priyayi, anggone arêp nuduhake katrêsnane, kadhangkala iya sok banjur sarana maringi pitulungan supaya bisane lumêbu ing bêstir sêkul. Hla, mêngkone [mêngko...]

--- 992 ---

[...ne] nèk wis kalêbu, sanadyan wêton pamulangan balêstir pisan, nanging nèk kapintêrane cara pesone mêngkono sabên dinane ora tau digosok, karêpe wong wis dadi priyayi, iya aras-arasên wikrama yèn sabên dina dikon tansah nginguk-inguki buku. Mulane kapintêrane iya wis bali kaya nalikane wiwit lumêbu sêkolah kae, yaiku: kapintêrane sing akèh-akèh wis lali kabèh, wusanane barêng ana ing bêstir sêkul banjur ora bisa nyandhak wulangane.

Garèng: Prakara priyayi-priyayi sing padha kalêbu ana ing bêstir sêkul sok ana sing banjur ora bisa nyandhak wulangane, lo, kuwi rak iya wis mèmpêr bae, ta. 1e. Anggone mêtu saka sêkolahan wis pirang-pirang taun lawase, salawase kuwi sok ora sinau manèh. Ing sarèhning wis ora kulina sinau, pikirane mêsthine iya wis rada alot kanggo nyinau apa sing diwulangake mau, upamane pesoa mono wis kêthul, bokmanawa malah wis tainên. 2e. Apamanèh kanggo mikir-mikir pangajaran sing angèl-angèl oraa mumêt, lagi kanggo mikir-mikir anggone arêp anjèrèng-jèrèng blanjane ana ing Batawi bae, rasane pilingane kaya wis digandhèni. 3e. Ing sarèhne ana ing Batawi kuwi apa-apa larang, dadi uripe kudu ngirit-irit bangêt, dadi ngingu batur iya mung saprêlune bae. Jalaran saka iku, nèk kabênêr ana ing ngomah, prêlu arêp nyinau apa sing mêntas diwulangake, sok iya ora kobêr, jalaran: cêngèk anake nangis sabab ngompol, ibune lagi prêlu liyane, si bapak banjur kêpêksa anggolèkake popok. Lagi ngêmèk buku manèh, cêngèk, anake sing sapihan nangis sabab kêpengin dikêloni. Ing sarèhning ibune lagi nusoni sing isih bayi, bapakne iya banjur kapêksa ngêloni. Hara, anggone pikirane bisa jênjêm sinau bae kêpriye.

Petruk: Wiyah, wiyah, ana bangsane bêndara wêdana bêndara sistèn kathik dipadhakake karo wong-wong kaya aku kowe bae. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar tangsi saradhadhu ing sapinggiring lèpèn Barito, Purukcau (Borneo).

--- 993 ---

Bab Kasusastran Jawi

Bab Paramasastra-Basa

Wontên ing Kajawèn ingkang kapêngkêr kula matur bilih paramasastra Jawi punika kêdah sami kaudi cêthanipun, supados lajêng kenging kaangge paugêran-paugêran umum. Manawi sampun wontên paugêran umum, pamrihipun, kajawi lajêng anggampilakên tiyang nyêrat awit angèlipun suda satunggal, inggih wontên prêlu sanèsipun ingkang langkung wigatos, inggih punika angicalakên èwêd pakèwêd tumrap ingkang badhe angêngarang, dene wêwah kapitajênganipun, bilih sêratanipun ing bab paramasastra, botên badhe dados cacadan.

Prakawis cacadan, utawi cacad-cinacad, punika pancènipun manawi sagêda makatên kêdah dipun suda, utawi manawi kapêksa inggih namung dipun trapna ing prakawis ingkang prêlu kemawon, awit sanajan saking wontênipun wancahan utawi cacadan wau sok lajêng anuwuhakên barang ingkang lêrês, nanging adhakanipun sok malah adamêl ajrihing ngakathah, dening kuwatos badhe dipun cacad.

Atur kula bab paramasastra kala samantên punika sarta ingkang kula kaping kalihi kadosdene ingkang mêntas kula aturakên ing nginggil wau, punika wontên sadhèrèk ingkang mratelakakên kirang marêmipun. Miturut saking pamanggihipun sadhèrèk wau, prakawis basa punika botên cêkap manawi namung dipun sumêrêpi paramasastranipun, wontên prakawis sanèsipun malih ingkang langkung prêlu dipun gatosakên.

Sarèhning katranganipun sadhèrèk wau kula manah lêrês, mila badhe kula aturakên, kula tirokakên kados ing ngandhap punika.

Paramasastra tumraping basa, punika mênggaha bioskup makatên kenging kaupamèkakên mêsinipun. Tiyang mitongtonakên gambar ing bioskup kêdah sagêd anglampahakên mêsin, tiyang badhe ngangge basa, kangge anggambar sakrêntêging manahipun, inggih kêdah sagêd utawi ngrêtos dhatêng paramasastraning basa. Ewadene sarèhning paramasastra punika sawêg adhapur pirantos, saminipun inggih mêsin tumrapipun bioskup punika wau, dados ngrêtos dhatêng paramasastra (sagêd nglampahakên mêsin) punika tumrapipun basa pancèn inggih dèrèng kenging kawastanan jangkêp. Mênggaha tiyang badhe mitongtonakên bioskup makatên kêdah dipun jangkêpi ngrêtos dhatêng gambar: sagêd milih lampahan ingkang ngêplêki kangge anggambar kajêngipun, sagêd milih gambar ingkang sae-sae, sagêd angurutakên wêdalipun gambar satunggal-satunggalipun, sagêd manjangakên perangan ingkang pantês dipun ramèkakên, sagêd nyêkak ingkang botên patos prêlu, sapiturutipun.

Wulangan basa wontên ing pamulangan Jawi ingkang sampun-sampun, punika manawi kasamèkakên kalihan gladhèn mitongtonakên bioskup pancèn inggih sawêg nyakup saperangan, inggih punika sawêg wulangan bab nglampahakên mêsinipun. Bab gambar dèrèng utawi botên patos kasrambah. Botên namung bab pêpakipun. Dalasan bab cocog utawi botênipun kalihan jaman, inggih kirang dipun gatosakên.

Dongèng ingkang kangge waosan nalika bapak kula sêkolah, dumugi kula taksih dipun lêstantunakên, dipun angge waosan, urut botên ewah, saking anggènipun wongsal-wangsul dipun wulangakên wau, ngantos sok kenging dipun angge nêngêri kasagêdanipun lare. Jaman alitan kula manawi wontên tiyang takèn kasagêdanipun lare, ing bab maos lan nyêrat, punika saugêr dipun wangsuli: wis têkan lan dalan lagi tamat, bab sêga, lagi wiwit bab dêling, sampun mangrêtos. Kawontênan ingkang kados makatên têrus ngantos dumugi pamulangan ingkang ragi inggil.

Mila bab gambar sêsêrêpanipun bôngsa Jawi ingkang wêdalan sêkolahan, wiwit bapak kula dumugi kula, inggih namung sawarni, upami kula kaparêng mastani makatên, namung bangsanipun: kuwuk buntung buntute, utawi manawi cara Mlayu: anjing hoetan dengan boeah anggoer, sapanunggilanipun.

Sarèhning dongèng ingkang kangge waosan wau cara wayangipun makatên kirang rame, utawi botên kasat mata ing sadintên-dintên, guru utawi murid têmtu kemawon lajêng kêmba, kirang grêngsêngipun, têmahan anggènipun nêdah-nêdahakên dhatêng saening gambar inggih lajêng kirang gêmêt. Prakawis ingkang pantês kasumêrêpakên, dipun kèndêlakên kemawon, panggenan ingkang kalêrêsan pamulasipun botên dipun têdahakên, sapiturutipun.

Mila manawi dipun grejah, cara barangipun makatên, manawi dipun cacahakên saèstu, pasangonipun lare mêdal saking pamulangan, ing bab basa Jawi, punika pinanggihipun têmtu botên marêmakên. Sêsêrêpan dhatêng mêsin wontên, nanging conto gambar ingkang sae botên angsal.

Awit saking punika, wulangan basa Jawi ing pamulangan Jawi punika saupami dipun parêngakên makatên, mênggaha bioskup: ing bab nglampahakên mêsin kêdah ngantos sagêd, ing bab gambar inggih ingkang gêmêt. Sagêd utawi gêmêt ingkang murwat kalihan umuring lare utawi andhap inggiling piwulang.

--- 994 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Ewah-ewahan sêrat kabar Ra'jat.

Wiwit wulan punika sêrat kabar Ra'jat dipun ewahi kadadosakên kalawarti wulanan. Ingkang sami mandhegani: Dr. M. Amir, Mr. Dr. Suripta tuwin Tuwan Harsana, Sidhi Jamin, saha Nursayid. Kalawarti wau botên ngêmungakên dados suwaraning P.R.I. ugi kangge anggiyarakên dhêdhasar P.R.I. kabangsan, tuwin sami-sami.

Kalawarti Soeara P.K.V.B.

Pakêmpalaning para pêrplègêr tuwin pêrplihsêtêr tiyang siti, tindakipun katingal saya majêng, kalampahan sagêd ngêdalakên kalawarti, minôngka suwaraning pakêmpalanipun, ingkang gêgayutan kalihan bab kabêtahanipun.

Pakêmpalan Trajutrisna.

Wontên pawartos, sampun sawatawis dintên ing kampung Panêmbahan, Ngayogya, wontên pakêmpalan nama Trajutrisna. Pakêmpalan wau dipun pandhegani dening Tuwan Suwana, Sudibya tuwin Radèn Puratmaja. Ingkang katampèn dados warga namung bôngsa tiyang siti ingkang abadan santosa, amargi ing pakêmpalan ngriku mawi dipun sinau main selat. Dene kajênging pakêmpalan wau badhe ngayomi kawilujênganing para wanita ingkang sampun palakrama utawi dèrèng, sampun ngantos kagodha ing kakung. Pakêmpalan punika kathah ingkang nyondhongi, kintên-kintên badhe dados agêng.

Mêsin mabur kawitan saking Singgapura dhatêng Medhan.

Lampah anggêgana ing Singgapura dhatêng Medhan sampun dipun wiwiti, wilujêng dumugi Medhan. Ingkang tumut anggêgana, Tuwan Fein, konsul Walandi ing Singgapura, Tuwan Groeneveld Meyer saking kantor pakaryan anggêgana, Tuwan Nievenhuis, dhirèktur K.N.I.L.M, tuwin Tuwan Warenroyce satunggiling pangagêng dhepartêmèn ing Singgapura.

Pangiridan ing S.S.

Parentah mangsuli pitakènipun R.P. Surasa, warga rad kawula ing bab pangiridan ing S.S. Mênggah katranganipun, jalaran saking kawontênan ing wêkdal punika botên prayogi, pakaryan sêpur kêpêksa ngèndêli punggawa-punggawanipun, kados ta: kondhèktur, tukang rèm, tukang wisêl tuwin sanès-sanèsipun malih. Lan sarèhning papan padamêlan ing Purwakarta tuwin Jêmbêr dipun suwak, tumrap punggawa saking Purwakarta sami kapurih nyambut damêl dhatêng Lahat, dene tumrap punggawa saking Jêmbêr, ingkang anggèning nyambut damêl sampun 5 taun utawi langkung, dipun sukani padamêlan sanès. Nanging sarêng botên ngajêngi, lajêng sami dipun sukani balônja 6 minggu. Lan malih jalaran saking tataning padamêlan katindakakên langkung sae, ugi nindakakên sudan punggawa ing Bandhung tuwin Madiun, kadosdene cara ing Jêmbêr. Ing bab ngèndêli punggawa ing Surabaya Gubêng, botên nyata. Tumrap punggawa ingkang dèrèng têtêp, ingkang sampun nyambut damêl 10 taun tanpa kèndêl, angsal pitulungan salêbêtipun sataun. Tumrap ingkang sampun têtêp ing tanggal 1 Januawi[3] 1931 angsal balônja 6 minggu. Dene ingkang sampun bênuman, tampi wahgèl.

Êmas ing Rêjanglêbong, Bêngkulên, Sumatra.

Pamêlikan êmas ing Rêjanglêbong sakawit kasumêrêpan ical têlêngipun, sangêt adamêl kasamaran, ngantos lami botên pinanggih talêripun. Sampun pintên-pintên para ahli bôngsa Jêrman nindakakên rekadaya ngupadosi, mêksa tanpa damêl. Lajêng gêntos bôngsa Swèdhên, ing ngriku sagêd angsal damêl, lajêng badhe ngadani anggêsangakên pamêlikan malih.

Têtuladan sae.

Wontên satunggiling mudha bèngsa[4] Ambon wêdalan A.M.S. ing Malang. Nanging sarèhning anakipun saradhadhu pènsiunan wah mlarat, botên sagêd anglajêngakên sinau malih. Ing sapunika saking ada-adanipun pakêmpalan Stem Ambonsche Club, sarèhning lare wau majêng, lajêng dipun waragadi lumêbêt dhatêng pamulangan luhur pangadilan.

Gambar-gambar damêlanipun suwargi Radèn Salèh.

Gambar-gambar damêlanipun suwargi Radèn Salèh ingkang sampun kasumêrêpan, banthèng tarung kalihan sima, gadhahanipun gêmintê ing Edam, sirna wontên ing Paris. Pandamêlipun kala ing taun 1850. Ing kêbonraja ing Amsêtêrdham, wontên gambar sima nubruk tiyang. Ing kadhaton Den Haag, awarni wana kêbêsmi. Sagêd ugi gambaripun Pangeran Dipanagara, ingkang dipun pitongtonakên ing tèntunsêtèlêng jajahan ing taun 1883 ugi damêlanipun Radèn Salèh. Wontên malih gambar ingkang pinanggih wontên ing pabrik jobin, awarni tiyang Arab numpak kapal campuh kalihan singa barong. Kintên-kintên damêlanipun Radèn Salèh nalika anjajah tanah Aprikah.

Tindak panyêgah kabêsmèn wana.

Wontên pawartos saking Malang, angèngêti kawontênaning kabêsmèn wana ing rêdi Kawi kala taun kapêngkêr, ing sapunika ngawontênakên tatanan enggal caranipun tandang tulung samôngsa wontên wana kêbêsmi. Para têtiyang dhusun sami nayogyani, awit tumindaking têtulung badhe mayar. Caranipun tumindak ing damêl, samôngsa wontên bêbaya latu, lajêng dipun [di...]

--- 995 ---

[...pun] tindakakên dening têtiyang dhusun ingkang sampun katamtokakên, botên angsal epahan, namung pakaryan wana nyadhiyani têtêdhan lan toya ombèn, kados ingkang sampun.

Pès paru.

Ing dhusun Jambudipa, Cisaruah, Priyangan, wontên tiyang èstri katrajang sakit pès paru, andadosakên tiwas. Wontên kulawarganipun 6 dipun barak wontên ing Cimahi.

Mayit botên suka dipun suntik.

Ing dhusun Karangmangu, bawah dhistrik Bojong, Slawi, wontên tiyang pêjah jalaran sakit pès, nalika mayit wau badhe dipun suntik, ing payoning griya kêmirêngan dipun balangi sela, andadosakên kuwatosipun tiyang ingkang tumandang damêl. Tiyang ingkang badhe nyuntik lajêng kesah lapur dhatêng pulisi, ing ngriku pulisi nyêpêng tiyang 6 ingkang sami kenging dakwa.

Morpini pêtêng.

Rêsèrsê candu ing Batawi kanthi punggawa pabeyan sagêd ambêskup morpini wawrat 1 pun. Barang wau dipun dhêlikakên wontên salêbêting prabot musik Tionghwa. Ingkang gadhah dèrèng kasumêrêpan.

Manggih barang kina.

Kawartosakên, asistèn wadana Durenan Trênggalèk manggih barang kina warni-warni, wontên ingkang awarni rêca Buda, pangilon 2, gêntha Indhu 2. Sêsupe cap êmas tuwin piring warni-warni ingkang awis-awis pinanggih.

Sêrat sêbaran Komite Pambela Islam.

Komite Pambela Islam ing Bandhung mêntas damêl sêrat sêbaran, ingkang suraosipun nanggulangi karanganipun pastur Ten Berge ing kalawarti Studien. Sêrat-sêrat sêbaran wau ugi dipun kanthèkakên ing sêrat kalawarti basa Walandi ingkang nêmbe kawêdalakên, isi propagandhah Islam nama Kom tot het gebed. Nanging sêrat sêbaran wau lajêng dipun andhêg dening Residhèn Priangan têngah. Miturut pawartos saking Aneta, residhèn andhawuhakên kanthi kêkancingan, minôngka pamênggak sumêbaring sêrat wau, tuwin mratelakakên manawi pancèn nyata pastur Ten Berge damêl panyeda, komite pambela Islam wênang nyêrêg.

Asiah.

Bêna ing Hunan.

Hongkong 7 Agustus (K.P.). Wontên pawartos saking Hunan, kalih pratiganing propènsi Hunan kalêban ing toya bêna. Ing kasangsaran ngriku ambêtahakên pitulungan sangêt. Sisihying mratelakakên, prêlu ngawontênakên pitulungan arta 10.000.000 dholar, mrayogèkakên sêrat sambutan praja.

Ebah-ebahan ing Kanton.

Hongkong 7 Agustus (K.P.). Kwantung sampun sumadhiya, badhe nêmpuh dhatêng Nansiung tuwin Tayu. Li Cung Yèn mêling mêsin mabur 12 iji dhatêng praja sanès rêgi 2.000.000 rupyiah.

Rêmbag Tiongkok kalihan Jêpan.

Syanghai 8 Agustus (K.P.). Shigemitsu badhe wangsul dhatêng Jêpan, prêlu badhe nampèni sêrat katrangan anggènipun dados ministêr, kanthi anggadhahi panguwaos agêng, awit panjênênganipun ingkang badhe rêrêmbagan kalihan Tiongkok, ing bab prakawis tindak nganiaya dhatêng bôngsa Tionghwa ing Koreah. Saha panjênênganipun tumuntên badhe wangsul dhatêng Nanking.

Eropah.

Pogokan.

Barcelona 5 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên golongan bêrah ing pamêlikan cacah 60.000 sami mogok, ingkang wajib sampun nindakakên rekadaya rumêksa tata têntrêm.

Rêmbagipun Sang Musolini kalihan Paus.

Zurich 5 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên Sang Musolini badhe dhatêng Vaticaan pêpanggihan kalihan Paus. Anggènipun pêpanggihan Sang Musolini wau ugi badhe ngayati rêmbag malih ing bab padhaminipun parentah Itali kalihan praja agami wau.

Karèt damêlan.

Moskou 7 Agustus (Aneta-Nipa). Panitipriksa ing bab pandamêling karèt damêlan sampun dipun umumakên dhatêng komite, parentah suka arta dhatêng Prof. Lebedor 10.000 rubêl tuwin dhatêng Ir. Krause 5000 rubêl, minôngka ganjaran ing bab anggèning gadhah pamanggih wau.

Nagari Walandi.

Nglawan pogokan.

Drente 7 Agustus (Aneta-Nipa). Gêgayutan kalihan pogokan bêbau tani, para golongan suka padamêlan kajêng sami tumbas mêsin pirantos kangge ambêdholi kênthang. Panenanipun sagêd lastantun tanpa migunakakên bêbau.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1935 ing Sala. f. 3.- punika tumrap kuwartal 3 saha 4.

Lêngganan nomêr 1234 ing Kulitan. f. 7.50 botên namung kangge 5 wulan kemawon, nanging 5 kuwartal. Dados pambayaran panjênêngan sampun dumugi 30/9-'32.

Lêngganan nomêr 1354 ing Kalirêja. Kintunan 30/7-'31sampun katampi.

Lêngganan nomêr 2349 ing Bèntèng. Pambayaran panjênêngan kalêbêt dhatêng tiyang sanès ingkang nunggil nama kalihan Panjênêngan. Sapunika sampun kalêrêsakên.

--- 996 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

34.

Pêtênging panggalih nata anêrusi kalihan kawontênanipun wanci ing wêkdal wau, inggih punika pêtênging dalu. Sang Prabu saya supêk ing panggalih, tansah gêdrug-gêdrug botên kantênan sintên ingkang badhe kadhawahan ing dêduka, wêkasan namung saya adamêl girisipun ingkang sami sumewa, samar manawi kadhawahan dêduka, wusana sang prabu lajêng anjanggirat kalihan ngandika: Apa rame-rame ing jaba kae. Mara enggal tilikana.

Ing ngriku wontên abdi ingkang mêdal, saha botên dangu wangsul, sasampunipun linggih lajêng munjuk kalihan andharêdhêg tuwin gugup: Kawula nuwun, Abdule, adhêdhocong, nuwun inggih.

Ing sanalika ngriku Sang Prabu èngêt, bilih dêduka nata punika adamêl mirising kawula, ing batos lajêng gumujêng, wusana andangu alon: Mara munjuka kang cêtha, ingsun midhangêtne kang têtela, sarèhna pikirira.

Kawula nuwun, pun Abdullah wangsul mriki, ambêkta mayitipun senapati dalêm.

Nalika sang prabu midhangêt unjuk makatên wau, sakala lajêng larut dukanipun, malah lajêng katuwuhan panggalih analôngsa sinarêngan ngandika: O, senapatiku. Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng miyos dhatêng jawi. Ing ngriku lajêng uninga Abdullah linggih andhakukul kalihan mangku layonipun senapati nata. Sang prabu lajêng andangu: Sira Abdullah kang têka. Mara sira munjuka, kapriye jalaraning lêlakon iki, dene nganti tinêmu kaya mangkene.

Abdullah: Kawula nuwun, kawula botên sagêd munjuk kathah-kathah, namung ngajêng-ajêng dhawahing pidana dalêm, kawula ingkang mêjahi senapati nata.

Ukuman kang tumiba marang wong dosa, ora bakal wurung, Abdullah. Nanging dêdosan kang ngakoni kaluputane, mung bakal nampani paukuman ènthèng. Nanging sadurunge ingsun mariksa prakara iki, layone senapati ingsun bèn diupakara dhisik, sira têtêp dadi tahanan manèh.

Kawula namung sandika anglampahi dados dêdosan. Ananging mugi wontên kaparêng dalêm amaringi palilah tumut ngupakara layonipun senapati dalêm, awit kawula tampi wêwêlingipun senapati dalêm, kawula ingkang kapurih ngupakara.

Ingsun marêngake bangêt panuwunira Abdullah, awit ingsun pitaya, wong kang kaya sira iku dinohan ing watak cidra. Têgêse sanadyan sira iku ora ingsun awêri têtali, nanging batinira mêsthi rumasa dadi bêbandan. Wis nuli tindakna. He, kawulaningsun, sawise rampung, layone si senapati ulihna marang Bagêdad, diiringa punggawa sacukupe.

Sang prabu nênggani pangupakaraning layon ngantos rampung, ugi lajêng kabidhalakên ing dalu wau. Sabidhaling layon, sang prabu lajêng animbali Abdullah badhe kadulu.

Ing kala punika raosing manahipun, Abdullah namung sumarah, botên pisan-pisan suwala, malah gadhah pangajêng-ajêng sagêda dipun kisas ing sakala punika. Tuwin sintêna kemawon inggih gadhah pangintên môngsa sandea, Abdullah tamtu dipun kisas ing sang prabu.

Nanging mênggah nata ing Bagêdad, raos badhe misesa dhatêng Abdullah punika botên wontên, malah nalika uninga dhatêng warninipun Abdullah, namung araos wêlas, namung eman dene Abdullah gadhah dosa pêjah, dados sang prabu kêpêksa panggalihan yêktos.

Sang prabu sasampunipun lênggah, lajêng andangu dhatêng Abdullah: Kapriye Abdullah, dene sira nganti tega gawe patining senapatiningsun. Gêdhening dosanira iku bisa gawe muringe kawulaningsun kabèh, kaya-kaya durung marêm amalês pati bae.

Kawula nuwun, kawula sampun botên gadhah unjuk punapa-punapa malih, kawula ngakêni adamêl tiwasing senapati dalêm. Makatên malih, saupami kawula angsala pangapuntên pisan, badhe botên sagêd adamêl têntrêming manah kawula, awit tiwasipun senapati nata tansah tumanêm ing manah, saha tansah dipun akêni dening tangan kawula ingkang nindakakên pidosa. Raos ingkang kados makatên punika badhe botên sagêd ical ing salami-laminipun. Mila kawula nyuwun supados kawula tumuntên nampèni pidana dalêm.

O Abdullah, prasajaning unjukira bisa gawe trênyuhing panggalih ingsun, lan ingsun uga wus mangrêti, dosa lara iku nyaur lara, dosa pati nyaur pati. Nanging ingsun arêp uninga dhisik, kapriye aluraning prakara, nganti tumêkaning patine senapatiningsun

Kawula nuwun, bab punika kawula pakèwêd sangêt munjuk wontên ing ngarsa dalêm, awit unjuk kawula namung badhe adamêl kirang sarjunipun ingkang mirêngakên. Kados-kados unjuk kawula sadaya wau sampun nyêkapi kangge andhawahakên wisesa.

Nanging Abdullah, tibaning pidana iku kudu sawuse titi ing pamariksa. Manawa sira ora pratela, ingsun andangu marang sapa.

Kawula nuwun, bumi langit anêksèni dhumatêng dosa kawula. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. Kasbut usulipun cabang P.G.H.B. Colacap ing nginggil punika, pancènipun inggih lêrês makatên. Nanging tumrapipun kalawarti Kajawèn, kêpêksa dèrèng sagêd minangkani kados ingkang kawrat ing usul wau, jalaran miturut wêwaton panyêrating basa Jawi cundhukipun kalihan kawontênan, bab tataprunggu kenging dipun pigunakakên, têgêsipun kenging kangge ngajèni dhatêng ingkang pantês ingajenan, pramila ing kalawarti Kajawèn sabên nyêbut namaning tiyang inggih taksih migunakakên aksara murda minôngka pakurmatan. (Kajawi ingkang pancèn botên wontên aksaranipun murda). Wondene bab namaning panggenan lan sanès-sanèsipun ugi dipun sêrat mawi aksara murda, punika inggih namung saking anggènipun milahakên, murih saya têrangipun para maos. Punapa malih mênggahing kalawarti, punika bilih tansah namung angèngêt-èngêt bab tataning panyêrat, ngangge tataprunggu utawi botên, saèstu ambêborosi wanci kemawon, upami sampun tharik-tharik nyêrat namaning kapala dhusun mawi aksara murda, môngka lajêng nyêrat namanipun wadana mingggahipun bupati, punika aksara murdanipun para kapala dhusun wau kêdah dipun karèt kagêntos aksara limrah, harak rêkaos. Kajawi punika ingkang prêlu dados sêsuluh: isinipun, sanès kasusastran utawi tataning panyêrat. Bab wulangan tataning panyêrat punika, tumraping para murid cêkap nampèni wulanganing gurunipun. sampun ngantos kalintu tampi. Red. (kembali)
Kasbut usulipun cabang P.G.H.B. Colacap ing nginggil punika, pancènipun inggih lêrês makatên. Nanging tumrapipun kalawarti Kajawèn, kêpêksa dèrèng sagêd minangkani kados ingkang kawrat ing usul wau, jalaran miturut wêwaton panyêrating basa Jawi cundhukipun kalihan kawontênan, bab tataprunggu kenging dipun pigunakakên, têgêsipun kenging kangge ngajèni dhatêng ingkang pantês ingajenan, pramila ing kalawarti Kajawèn sabên nyêbut namaning tiyang inggih taksih migunakakên aksara murda minôngka pakurmatan. (Kajawi ingkang pancèn botên wontên aksaranipun murda). Wondene bab namaning panggenan lan sanès-sanèsipun ugi dipun sêrat mawi aksara murda, punika inggih namung saking anggènipun milahakên, murih saya têrangipun para maos. Punapa malih mênggahing kalawarti, punika bilih tansah namung angèngêt-èngêt bab tataning panyêrat, ngangge tataprunggu utawi botên, saèstu ambêborosi wanci kemawon, upami sampun tharik-tharik nyêrat namaning kapala dhusun mawi aksara murda, môngka lajêng nyêrat namanipun wadana mingggahipun bupati, punika aksara murdanipun para kapala dhusun wau kêdah dipun karèt kagêntos aksara limrah, harak rêkaos. Kajawi punika ingkang prêlu dados sêsuluh: isinipun, sanès kasusastran utawi tataning panyêrat. Bab wulangan tataning panyêrat punika, tumraping para murid cêkap nampèni wulanganing gurunipun. sampun ngantos kalintu tampi. Red.
2. sasaminipun. (kembali)
sasaminipun.
3. Januari. (kembali)
Januari.
4. bôngsa. (kembali)
bôngsa.