Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09-30, #637

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09-30, #637. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09-30, #637. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 29-04-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 78, 17 Jumadilawal Taun Je 1862, 30 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Bale Pustaka

Ing Bêtawi Sèntrêm

Wiyosipun, polêk almênak Jawi taun 1932, mawi lampiran almênak templekan, sampun dados, isinipun mêpêki, rinêngga ing gambar èdi pèni.

Bale Pustaka botên kêndhat tansah angudi anuju manahipun para maos. Isinipun polêk almênak dipun pilihakên ingkang sae, ingkang migunani ing ngakathah. Mila sabên rampung pangêcapipun inggih dados rêbatan.

Măngga, murih botên kacuwan, prayogi tumuntên sami mêling dhatêng Bale Pustaka, sampun ngantos kêtêlasan.

Sabên tiyang kados sampun botên kêkilapan, botên wontên almênak ingkang saenipun saha mirahipun ngungkuli polêk almênak.

Polêk almênak Jawi taun 1932, kajawi isi pananggalan, pranatan pos saha tèlêgram sapanunggilanipun, ugi ngêwrat:

1. Tarib bayaran sêkolah, pratelan wontênipun pamulangan ing Indhia Nèdêrlan, saha gambar sêsambêtanipun pamulangan. Prêlu kasumêrêpan ing sok sintêna kemawon.

2. Pratelan cacah jiwanipun paresidhenan saha kabupatèn ing tanah Jawi saha Madura, miturut petangan Jawi taun 1930.

3. Pranatan enggal bab pangadilan agami, bab angangkat wali tuwin budhêlkamêr pribumi.

4. Bab kasarasan, maedahi tumrap sok sintêna kemawon.

5. Bab ingkang prêlu kasumêrêpan ing biyung, ocal-ocalan sapanunggilanipun, prêlu kasumêrêpan ing para wanita.

6. Bab radhio, nêrangakên tumindakipun saha paedahipun radhio, ngindhakakên sêsêrêpan.

7. Bab ngingah kuthuk mawi pirantos. Cobi kanyatakna.

8. Bab anulak ama tikus sabin ing tanah parêdèn, maedahi tumrap tiyang tani.

9. Bab griya modhèl panggaotan jatos guprêmèn. Manawi badhe damêl griya ingkang nyêkapi kabêtahan mawi waragad sakêdhik prayogi maos karangan punika.

10. Lan sanès-sanèsipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Grafik]

--- [1217] ---

Ăngka 78, 17 Jumadilawal Je 1862, 30 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Nagari Walandi

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar pasitèn ing Ockenburg, nagari Walandi.[1]

--- 2118 ---

Paribasan

Bêbasan: Pasar Ilang Kumandhange, Kali Ilang Kêdhunge tuwin Prawan Ilang Wirange

Bêbasan tigang bab ing nginggil punika kalêbêt bêbasan kina, dene têrangipun mawi sambêtan ukara malih, mênggah jangkêping ungêl-ungêlan: besuk yèn ana pasar ilang kumandhange, kali ilang kêdhunge, prawan ilang wirange, iku wis nyêdhaki jaman wêkasan.

[Grafik]

Salah satunggiling pêkên gagrag enggal.

Ungêl-ungêlan kados makatên punika kala ing jaman rumiyin dipun wigatosakên sangêt, malah tumrap ingkang mirêng, kados gadhah pangajap mêningana dhatêng jaman wau, pinanggihipun gèk kados punapa. Nanging manawi angèngêti jaman wêkasan punika jaman ingkang taksih dangu sangêt, mokal manawi tiyang ingkang kapengin mêningi wau sagêd kadumugèn.

Nanging mênggahing kawontênanipun saking cariyosipun tiyang ingkang ngyêktosi, nyata pêkên ing jaman sapunika sampun ical kumandhangipun, tuwin lèpèn sampun ical kêdhungipun. Manawi makatên punapa sampun nyêlaki jaman wêkasan.

Tumrap pamanggihipun para golongan ingkang taksih kêdunungan pangandêl bab wau ugi lajêng purun nêtêpakên saha mawi nyukani pasaksèn, ungêlipun makatên: dhèk bocahku, wong mênyang pasar kuwi, ing sadurunge têkan ing pasar, saka kadohan wis krungu gumrênggênging wong kang padha ana sajroning pasar, ya kuwi sing diarani kumandhang. Nanging saiki pasar wis tanpa kumandhang babarpisan, lan manèh kêdhung ing kali, dhèk cilikanku, ing ngisor ingas kae dhèk biyèn kêdhung, tau dijajagi, ora jajag têlung gèntèr, nanging saiki wis ora ngêlêbake uwong.

Sayêktosipun cariyos kados makatên wau pancèn inggih nyata, pêkên ing jaman sapunika sampun botên wontên kumandhangipun, nanging botên wontêning kumandhangipun wau tamtu ugi mawi sabab, gampilanipun sapunika kawontênaning pêkên sami manggèn wontên ing papan bawera, angsal polatan saking pundi-pundi, sagêd dipun ambah ing têtumpakan warni-warni. [war...]

--- 1219 ---

[...ni-warni.] Tamtunipun kawontênan ingkang kados makatên punika ngicalakên dhatêng wontêning kumandhang. Makatên malih bab icaling kêdhung, gampilanipun tamtu jalaran saking walêd. Sampun malih ingkang nama walêd, botêna gampil kalampahanipun, malah wontên kampung ingkang namanipun mawi kêdhung, tamtunipun ing kinanipun inggih kêdhung yêktos, nanging pinanggihipun namung kantun aran kemawon. Dados mênggahing gagapan, mèmpêripun ingkang dipun wastani jaman wêkasan punika panyandhaking santun jaman. Dene ingkang dipun wastani santun jaman, saupami dipun andharakên kintên-kintên botên sagêd damêl pamarêm, nanging manawi dipun raosakên inggih karaos, saya tumrapipun ing wêkdal punika, lêlampahan ing donya ewah-ewahipun kados ngêgèt. Ewahing kawontênan ingkang kados makatên wau mèmpêr saupami dipun wastani jaman.

Manawi manut pathokan petang cara kilenan, èmpêripun jaman punika ingkang dipun wastani satus taun punika inggih saya mathuk, awit lêlampahan satus taun punika pancèn sampun sagêd amêningi lêlampahan ingkang kawontênanipun beda. Makatên ugi tumrap ing cêcariyosan Jawi, jaman punika antawisipun inggih panjang-panjang, kados ta jaman purwa, jaman Majapait, jaman Mataram tuwin sanès-sanèsipun, satunggal-satunggalipun jaman wau taunipun inggih panjang-panjang, tuwin mêngku lêlampahan ingkang beda kawontênanipun.

[Grafik]

Wujuding lèpèn ingkang angêdhung.

Amangsuli ing bab kajênging bêbasan kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, ing bab kajênging têtêmbungan: pasar ilang kumandhange tuwin kali ilang kêdhunge, inggih sampun mèmpêr dipun têgêsi ingkang kados makatên. Nalaripun sampun sagêd mantuk. Sarêng sapunika ing bab kajênging bêbasan: prawan ilang wirange, punika ragi angèl anggènipun ngencok-encokakên, awit kajênging têtêmbungan lajêng katingal kasaripun, sanadyan badhe dipun lèrègakên kadospundi, mêksa botên mathuk, ewadene mênggah èmpêripun, têtêmbungan wau namung sagêd mèmpêr kangge ngencok-encokakên larasing raosipun tiyang kina gathukipun kalihan kawontênan ing jaman sapunika, kados ta tindaking wanita ing jaman pangajaran, tumraping panggalihanipun para kina tamtu ngalèr ngidul. Inggih kawontênan ingkang kados makatên [makatê...]

--- 1220 ---

[...n] punika bokmanawi ingkang dipun wastani kados têtêmbungan ing bêbasan wau.

Manawi sampun dipun laras-laras kados makatên, dados inggih sampun mèmpêr bêbasan tigang bab wau lèrègipun badhe dados sasmita wêkasaning jaman, atêgês santuning jaman. Ing sarèhning wêkasaning jaman punika nama sampun kapêngkêr, santun ngambah jaman enggal inggih punika jaman kamajêngan, dados têtêping kajêngipun bêbasan wau nama sampun pinanggih anêtêpi wêca, kantun manggalih têtêping saenipun.

Nanging sarèhning kajênging bêbasan kina punika lêbêt sangêt, andharan punika namung kapindhakakên panggarba kemawon, lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Ha.

Raos Jawi

Angèling Tiyang Badhe Nindakakên Lêrês

Ing jaman kina wontên tiyang neneman nama Bagus Waskitha, tiyang neneman wau tabêri sangêt ngudi kawruh, agal alus botên wontên ingkang dipun tampik, tuwin punapa ingkang dipun udi inggih lajêng dipun lampahi ngantos mangrêtos. Bagus Waskitha wau gadhah mitra nama Bagus Prasaja, anggènipun pawongmitran supêkêt kados sadhèrèk.

Mênggahing wêwatêkan, Bagus Waskitha punika pancèn sae, budinipun moncèr, dene Bagus Prasaja namung sarwa prasaja, kados namanipun.

Satunggiling dintên Bagus Waskitha pitakèn dhatêng Bagus Prasaja, têmbungipun: kang, mungguh panêmumu. Wong arêp nindakake bênêr kuwi kudu golèk pituduh kapriye.

Wangsulanipun Bagus Prasaja: iya mung kudu golèk paguron mênyang awake dhewe. anggêr têmên iya kêtêmu.

Gunêmmu kuwi kêbarèsên, mêsthine iya mangkono, nanging yèn ora olèh pituduhing liyan, apa bakal sumurup.

Satêmêne ya mêngkono. Aku mung golèk gampanging wangsulan bae, lan iya jalaran saka gampanging wangsulanku kuwi, têgêse aku dhewe ora bisa nglakoni.

Bagus Waskitha botên patos anggatosakên dhatêng ginêming mitranipun, ginêmipun wau dipun anggêp alah ora kemawon, wusana lajêng pêpisahan ngantos lami. Kesahipun Bagus Waskitha wau anjajah pados sêsêrêpan, cêkakipun botên kêkirangan, dhasar Bagus Waskitha punika tiyang moncèr, mila sarêng pinanggih kalihan Bagus Prasaja, ngantos adamêl gawok, Bagus Prasaja tarimah kawon.

Pancènipun Bagus Prasaja sampun pitados dhatêng ginêmipun Bagus Waskitha, awit Bagus Prasaja mangrêtos, bilih ingkang suka pitêdah dhatêng piyambakipun pancèn tiyang linangkung, nanging sarêng ningali nyatanipun, têka tansah pinanggih ngalèr ngidul. Malah

--- 1221 ---

lajêng gadhah panganggêp, bilih Bagus Waskitha wau atêgês namung ngluhurakên dhatêng ingkang suka piwulang, botên atêgês kêdhêdhêran wiji piwulang.

Sayêktosipun Bagus Prasaja bêtah badhe kapanggih mitranipun, nanging mitranipun wau paribasan sawêg sêngsêm ulah ginêm, sampun botên doyan ginêman bab ingkang rèmèh-rèmèh. Dangu-dangu Bagus Prasaja sagêd kapanggih kalihan Bagus Waskitha, saha lajêng wicantên makatên: dhi, aku duwe layang asli saka priyayi sêpuh, arêp tak takokake mênyang kowe, kapriye têgêse. Iki lo layange.

[Iklan]

Bagus Waskitha lajêng nyandhak sêrat, namung warni dalancang suwekan, lajêng dipun waos anggalènggèng. Ungêlipun makatên:

[Dhandhanggula]

Lamun mikir barang kang kaèksi | siya-siya ngèlmune nglêmpara | tanpa aji pangarahe | bali mring donya suwung | tanpa marêm ngratoni lali | ladak katon tan krasa | yèn manungsa iku | wus sarwa sarwi tan kurang | pedah apa padu padon ora uwis | uwose datan ana ||

kang sajati jumênênging urip | nora ngetung rêmbug palantrangan | nganti mèh korup ing dede | dalane luwih lunyu | yèn tan awas ambilaèni | kajlungup nora krasa | krasa-krasa bênjut | yèn dudu janma utama | ngambah kono bêgjane jinugug anjing | saking sungil kalintang ||

santosaning laku dèn mangrêti | dudu luyut dudu cêcêkêlan | amung tămpa sasmitèng rèh | ruruhên aja tambuh | ya iku suksma di luwih | manggon anèng antara | sêsinglon ing dunung | dumunung janma kang bisa | basukine saka Isa kang ginaip | kang gayuh ngèlmuning Hyang ||

ngèlmuning Hyang dudu mas lan picis | dudu sastra dudu têtêmbungan | dudu lapal lan mantrane | dudu kawruhing dunung | dudu luwe ya dudu arip | gampang dadi bêbasan | disampar disandhung | tan pisah tansah gulêtan | luput-luput karya bingung kang mangungkih | yèn tan wahyu nugraha ||

Bagus Prasaja: kapriye dhi, karêpe.

Waskitha: wong gênah unèn-unèn ngono kok dikon nêgêsi.

Prasaja: dadi kowe kuwi têtêp anggonmu jênêng waskitha, pancèn waskitha têmênan.

Sadrêma

[Grafik]

Ing sisih punika gambar taman agêng, ing Hamburg. Uhlenhorst (Jêrman) ingkang kenging lumêbêt ing ngriku ngêmungakên têtiyang ingkang sampun sêpuh.

--- 1222 ---

Panêpèn Kuburipun Kyai Cakarma

Ing dhusun Ngutêr wêwêngkon kadhistrikan Sukaharja, watawis 8 pal têbihipun saking watês kitha Surakarta mangidul, wontên satunggaling kuburan alit limrah, inggih punika kuburipun Kyai Cakarma, satunggaling êmpu ngèlmu kaniyagan jaman kina sarta mawa kaelokan. Sampun wiwit wingi-wingi kuburan wau dados panêpèn utawi patirakatan tiyang jalêr ingkang kapengin sagêd nabuh gamêlan punapadene kalimpadan ulah laguning gêndhèng gêndhing. Sanadyan wontênipun têtiyang nêpi mriku botên kathah kadosdene patirakatan sanès-sanèsipun, malah kenging dipun wastani satunggal kalih tur namung kala-kala, nanging kalêbêt lumintu, mèh sabên wulan botên wontên lowongipun. Wondene ingkang dipun sêdyakakên, botên wontên malih-malih kajawi saprakawis namung mligi dhatêng kasagêdan nabuh gamêlan kanthi kalimpadan gêndhèng gêndhing, dados nama mumpuni ngèlmu kaniyagan. Ingkang sampun-sampun, tiyang nêpi mriku kenging dipun wajibakên mêsthi sagêdipun kabul ingkang dipun sêdyakakên.

[Iklan]

Mênggah patrap tata ngadating nênêpi ngriku makatên, ing dintên Kêmis sontên ing wanci ngajêngakên sêrap srêngenge, tiyang ijèn utawi 2-3 ... sêsarêngan, sampun dumugi ing kuburan, kairid punggawa dhusun ingkang minăngka palawangan utawi juru kuncinipun, nuntên adêdupa sacaraning tiyang nênuwun utawi tirakat, sasampuning mêling punapa prêlu-prêlunipun, juru kunci wangsul mantuk, tiyang ingkang nêpi têrus andêdagan ing kuburan sadalu muput, dumugi byar enjing sawêg sami wangsul mantuk. Wasana namung lêt sawatawis wulan laminipun, lajêng sampun [sa...]

--- 1223 ---

[...mpun] sagêd dhatêng babagan bab tabuhan găngsa, mindhak wulan malih saya wêwah kacêkapanipun dhatêng bab ngèlmu kaniyagan.

Kathah tiyang nyariyosakên, wêkdal nêpi dalu tiyang wau dipun sumêrêpi wujud punapa, ing supênan utawi wêwentehan, kados ta upaminipun nyumêrêpi tabuh bonang, amasthi tiyang wau ing têmbe badhe baud ambonang. Dipun sumêrêpi kêndhang: inggih badhe baud ngêndhang, makatên sapanunggilanipun sadaya dados sasmitaning panêpèn. Nanging mênggah nyatanipun botên kirang-kirang, ingkang botên dipun sumêrêpi sasmita punapa-punapa, têka inggih sagêd kabul ugi, botên beda kalihan dipun sumêrêpi wêwujudan minăngka sasmita wau, namung sadaya-sadaya punika mawi kaot saundha sabilik-bilik, punika nama sampun kêlimrah. Wontênipun tiyang nêpi kuburan wau, namung tiyang dhusun-dhusun sarta ing salêbêting kitha Surakarta, tiyang lanjon sajawining Surakarta dèrèng nate mirêng wontên.

Antawis gangsalan taun sapriki, sarêng ing Surakarta sampun anggêbyah pakêmpalan ajar nabuh găngsa, lajêng wontênipun tiyang nêpi ing kuburipun Kyai Cakarma awis-awis sangêt, botên têmtu sabên taun wontên. Kanggenipun ing jaman kamajêngan inggih jaman kaum mudha, bokbilih lampah tirakat, nênêpi sasaminipun, punika kamanah sampun botên laras, langkung-langkung babagan kagunan angudi kalimpadan kados ingkang kasêbut nginggil, saya sampun botên pinanggih ing akal babarpisan dening marojol saking nalar, makatên mênggah pangintên-intên kula piyambak, tumrap kalimrahipun jaman sapunika. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun lare-lare ing Intêrnat Sumur Bandhung ingkang sami tumut lumêbêd ing pakêmpalan padpindêr I.P.O. ingkang dipun pangajêngi dening Tuwan R.A.A. Wiranatakusuma, ingkang bupati ing Bandhung rumiyin, ingkang lênggah ing têngah-têngah.

--- 1224 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Ca. Bab dhodhogan lan kêpyakan.

Katêranganipun kados ing ngandhap punika:

1. Kangge anjantur. 2. Kangge miwiti ayak-ayakan. 3. Kangge miwiti slêpêgan tuwin sampak. 4. Kangge nyarêngi solahing ringgit. 5. Kangge singgêtaning ginêm tuwin ucap-ucapan, sarta kangge miwiti lan mungkasi ucap-ucapan tuwin ginêm. 6. Kangge têtêgan, inggih punika manawi ngajêngakên wontên kawontênan ingkang sêrêng utawi nêpsu, lan malih kangge salêbêting ada-ada. 7. Kangge mungkasi pathêt. 8. Kangge andhawahakên gêndhing. 9. Kangge nyuwuk ungêling gêndhing, lan kangge nyuwuk sadaya ungêling găngsa. 10. Kangge nêsêgakên irama. 11. Kangge nyantuni slêpêgan utawi sampak dhatêng ayak-ayakan.

Kasêbut ing 11 bab punika suwantêning pandhodhog utawi pangêpyak kados ing ngandhap punika, katindakakên ing tangan utawi ing suku:

1. Dhug = gêdhug sapisan, utawi: jèg sapisan.

Kangge nginggahakên gêndhing utawi nyantuni slêpêgan dhatêng ayak-ayakan, punapadene kangge nyarêngi gêgêbag sarta solah tingkah ingkang ngagètakên.

2. Dhug sapisan dipun tututi andhodhog kêrêp lajêng arang sawatawis, wujudipun: dhug, dhrug, dhug, dhug, dhug ... dhêru-dhug. Punika kangge anjantur ungêling găngsa. Kêpyak ugi kados makatên. pungkasanipun kasarêngakên sirêping găngsa.

3. Dhêrudhug. Kangge singgêtaning ginêm lan pungkasing pathêt, pungkasing ucap-ucapan, lan kangge anjantur ayak-ayakan utawi sampak, kangge nyambêti suwuking ayak-ayakan ingkang tanpa pathêt.

4. Dhuh, dhug, dhug, dhug, dhug (kaping 5 awis) punika kangge miwiti sadaya ayak-ayakan.

5. Dhrug, dhrug, dhrug (kaping 3) kangge miwiti slêpêgan.

6. Dhug, dhug, dhug, dhug, dhug (kaping 5 kêrêp) kangge miwiti sadaya sampak kêrêpan.

7. Dhug, dhug, dhug ... têrus botên kèndêl, nanging lirih, arang rêngkêdipun salampahing kêtêg jantung (pols) kangge sadaya têtêgan.

8. Dhug, dhug, dhug, dhug, dhug (kaping 5 ragi kêrêp) kangge nyuwuk ayak-ayakan.

9. Dhug, dhug, dhug (kaping 3 kêrêp) kangge nyuwuk sampak.

10. Kêpyak kadosdene têtêgan têrus anggantêr, sêru lirih sêru lirih. Kangge salêbêting slêpêgan utawi sampak punapadene kangge sadaya gêndhing ingkang irama sêsêg, utawi irama lancaran.

11. Dhêrug. Kangge nyarêngi kêthuk, kênong, kêmpul, tumrap ing gêndhing ingkang mèh suwuk. (Dhawah gong).

--- 1225 ---

12. Kêpyak nêsêg manut irama, kangge suwukipun sadaya gêndhing suwuk sêsêgan.

13. Dhug, dhrug, dhug. Kangge miwiti slêpêgan kapinjalan.

[Grafik]

Tuladha mripat kêdhondhongan.

Kados ingkang kasêbut ing 13 bab punika, bab:

a. Nginggahakên gêndhing utawi nyantuni slêpêgan dhatêng ayak-ayakan.

b. Miwiti ayak-ayakan.

c. Miwiti slêpêgan.

d. Ăngka 11.

Kêdah gêdhog, sasagêd-sagêd botên kenging kêpyak. Dene bab sanès-sanèsipun ngangge kêpyak ugi gêdhog.

Kêpyak punika, miturut wulangan Radyapustaka, awêwaton palapuranipun satunggiling abdi dalêm niyaga, wiwitipun ngungêlakên wontên ing têngah-têngahing ada-ada astakuswala laras agêng (ing adêgan paseban jawi). Kaol ingkang kados makatên wau ing pamanggih kula, kula sumanggakakên, awit dhalang ing Surakarta ugi nganggèkakên kêpyak sadèrèngipun paseban jawi, upaminipun jêjêran sapisan katamuan Baladewa (kados ta ing lampahan: Irawan Rabi), măngka tanganipun dhalang kalih pisan nyêpêng ringgit, yèn anggêdhog mawi suku suwantênipun awon, dados sok kapêksa migunakakên kêpyak.

Ra. Bab uran-uraning dhalang.

Uran-uranipun dhalang punika wontên 5 perangan: 1. pathêt, 2. sêndhon, 3. ada-ada, 4. ngombang, 5. ambarung ungêling găngsa mawi cakêpan (= pakêcapan).

Pathêtan punika kêdalipun sarèh cêtha (arang rêngkêting kêcap), sêndhon punika kêdalipun kados pathêt, nanging mawi tungtung nglêlêrêm. Ada-ada ungêl-ungêlanipun anjuju, kêdah tungtung ladak utawi sêrêng sawatawis. Lêlagonipun dhalang nguran-urani pathêt, sêndhon ada-ada sapanunggilanipun, punika cengkokipun kêdah maligi swara jalêr, inggih punika: wêdaling napas saking cangkêm sadaya, botên mawi saking irung. Suwantênipun kapara ngêdhung, wêwilêtanipun namung ngangge krêkêling swara, nanging kasampar-sampar kemawon. Cêkakipun sampun ngantos kados swara èstri, utawi botên kados tiyang sindhèn lan gerong, bawa punapadene ura-ura limrah. Prêlunipun supados ngêngrêng, tur inggih punika bakuning dhalang ngêdalakên uran-uran.

--- 1226 ---

Ngombang inggih punika nêmbang tanpa cakêpan, pambêngung.

Ambarung ungêling găngsa mawi cakêpan, inggih punika ura-ura miturut laguning gêndhing mawi cakêpan. Namung dumunung manawi wontên ing laras alit (= hooge noot), cakêpanipun anjuju.

Ingkang nama pathêt punika sadaya mawi rêbab, gêndèr, gambang, suling, gong, kêndhang. Ingkang nama sêndhon, kados pathêt nanging botên mawi rêbab, trêkadhang mawi kêmpul. Ada-ada namung mawi gêndèr, kêndhang lan gong. Gong, kêndhang, kêmpul tumrap ing nginggil punika panabuhipun wontên ing têlas-têlasan utawi wontên ing têngah-têngahan. Têtêlasaning pathêt sarta sêndhon ingkang dipun gongi utawi dipun kêmpuli punika kawastanan sarayuda.

Pathêt, sêndhon, ada-ada lan ngombang punika tumindakipun (rikat rindhiking lampah), mong-kinêmong kalihan găngsa, utawi ngangge kalamăngsa, têgêsipun, manawi wanci sampun kaslêpêg, kêdah sarwa rancag, lan kosokwangsulipun.

Katêrangan kawontênaning gangsal bab kasbut ing nginggil kados ing ngandhap punika:

1. Pathêt. 1. nêm agêng, 2. nêm wantah, 3. nêm jugag, 4. lasêm, 5. kêdhu, 6. lindur, 7. sanga wantah, 8. sanga ngêlik, 9. sanga jugag, 10. jêngking, 11. pathêt sêndhon bimanyu, 12. manyura wantah, 13. manyura agêng, 14. manyura jugag, 15. manyura ngêlik.

2. Sêndhon. 1. pananggalan, 2. tloloran, 3. rêncasih, 4. sastra datan, 5. tlutur laras nêm, 6. tlutur laras sanga, 7. Tlutur laras manyura, 8. kagok kêtanon.

[Grafik]

Tuladha mripat thêlêngan.

3. Ada-ada. 1. girisa, 2. nêm jugag, 3. mataraman, 4. astakuswala alit, 5. astakuswala agêng, 6. astakuswala laras sanga, 7. têngaran, 8. tlutur nêm, 9. tlutur sanga, 10. tlutur manyura, 11. sanga wantah, 12. sanga jugag, 13. manggalan, 14. palaran, 15. sanga agêng.

Tumindaking sadaya wau dalah panganggenipun badhe kapratelakakên ing wingking.

--- 1227 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sudaning Blănja

II.

Garèng: Truk, Truk, kowe kuwi pancèn sêmbrana bangêt, ana wong lagi satêngahe ngomong, lagi anu kae têka banjur kok tutup wani bae, nganti aku mak kêlakêp ora bisa ambanjurake omongku. Tujune sing kok anggo nutup cangkêmku mau ... ondhe-ondhe, dadi mak kêlakêping cangkêmku rada nganggo: kiyêr-kiyêr kapenak bangêt, ajaa rak kalakon aku dadi marah bêsar têmênan. Saiki tak ambalèni rêmbugane ing ngarêp. Aku kok tansah gumun, sing dadi alêsane bèine sing duwe usul, supaya priyayi sing blanjane kurang saka f 50.- uga mèlu disuda, kuwi kok sabak[2] mung jalaran rêganing kaprêluane wong mangan wis suda, hla, apa kabutuhane wong urip kuwi mung mangan thok bae. Mêngko rak iya banjur ora ana bedane antarane manungsa karo kewan, manungsa gawene mangan, turu karo siji manèh, kewan, dara upamane, gawene iya mung mangan, turu karo: wag wag wag kêthêkur, kêthêkur ...

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja banjur mlantrang-mlantrang mêngkono, lan kowe rak iya kudu ngèlingi, Kang Garèng, yèn manungsa kuwi saya akèh pamêtune, iya saya akèh kabutuhane.

[Grafik]

Garèng: Kuwi aku iya cocog, sanadyan kadhangkala pancène ora prêlu babarpisan, kaya ta: nalikane dadi twèdhê klèrêk upamane, blănja f 45.- wis narima omah cilik, manganggo sarwa prasaja, mangan iya wis cukup anggêre warêg bae, dadi sanadyan mung alawuh: bêsêngèk tempe, jangan lumbu, utawa osèng-osèng kangkung, iya wis kalair unine: alkamdulillah, mangkono uga bojone, sanadyan mung bangsane: Sarinêm bae, sing kapintêrane mung nèk nyambêl ambêlagêd, iya wis marêm bangêt. Nanging barêng wis jumênêng kumis, balănja f 200.- andadak banjur salin salaga bae. Omah karêpe iya kudu gêdhong, panganggone kudu bangsane: gabardhin utawa pêlêmbit, mangan iya bêstik-bêstikan, dalasan bojo bae iya kêpengin ganti, sing bisa cas cis cara Lănda kae. Hara, [Ha...]

--- 1228 ---

[...ra,] iya mêsthi bae ta, yèn kabutuhane banjur sathekruk.

Petruk: Ewasamono iya ora kêna dipaido bangêt-bangêt, jalaran karêpe wong mau rak arêp anglungguhi darajate.

Garèng: Lo, iki pancène rak ora prêlu babarpisan, jalaran pangkat kumis utawa klèrêk kuwi rak pagawean ana ing kantor, thik ora prêlu kudu sêsrawungan karo wong akèh, lan ora prêlu kudu dadi momoking wong akèh, dadi nèk uripe mau digawe kaya wong lumrah bae, iya ora bakal ana wong sing angaru-biru. Seje karo pangkat ing golongan pangrèh praja, sing wis gêdhe blanjane, lo, nèk kiyi banjur arêp anglungguhi drajate, hla, kuwi iya mèmpêr. Jalaran kajaba diwajibake ngêrèh wong-wong sing dadi kukubane, amrih prentahe bisaa diturut, kadhangkala rak kudu kêna kanggo wêdèn-wêdèn: ati-ati, arêp kêtêkan gêndruwo. Nèk dadi wêdana upamane, kok uripe isih nyara juru tulis, nyang bêkêl utawa rundha prabot isih sok krêsa dhawuh mêngkene upamane: kang lurah, bok jajal lintingna rokomu, mêngko rak bisa kalakon ana lurah garundêlan: bêndara wêdana kiyi gênah ora kagungan dhuwit, tandhane arêp sês bae mundhut nyang aku. Ing wusana wêdana mau rak banjur bisa ora kajèn.

Petruk: Hara kok banjur seje sing dirêmbug mangkono. Sing dirêmbug saikine kiyi rak usul arêp nyuda blanjaning priyayi sing blănja kurang saka f 50.- ana kok banjur seje parane.

Garèng: Lo, kabèh mau aku rak mung arêp ambuktèkake, yèn sanyatane kaprêluaning wong urip kuwi, iya sing blănja gêdhe utawa sing blănja cilik, pancène mono padha bae, sing blănja sathekruk, iya măngsa ngêntèkna sêga sacêthing, sing blănja saêndhil, kaya-kaya sêga rong piring iya wis cukup. Mung sing dadi pêpasrène uripe, hla kuwi sing beda-beda miturut pamêtune siji-sijining wong. Upamane bae sing pancèn ora duwe, banjur narima mung nganggo suwêng irêng sungu kêbo bae, lo, kuwi iya sok bisa katon: gandês luwês amêrak ati. Sing sugih, asuwêngan blong sing mripate barliyan saklungsu-klungsu kae, nang sawangan iya sok katon: cahyane manthêr agawe gonjinging pikir.

Petruk: Wayah, hla kok banjur kabèh-kabèh ayu mêngkono. Banjur padha bae karo pikiraning wong sing mêngkene kae: nèk ala mêlas, nèk ayu dhêmên.

Garèng: Hla, aja kaliru tămpa, Truk. Anggonku ngomong mangkono mau, mung arêp nuduhake, yèn timbangane wis ana, yaiku: wong sing blănja gêdhe, anggone ngêtokake dhuwit iya akèh, wong sing blănja sathithik, le ngêtokake dhuwit iya saupit. Mung bae emane, ora kabèh kabutuhane uwong kuwi bisa timbang ajêgan, saupama mêngkonoa, kabèh priyayi, ora prêduli sing blănja luwih utawa sing blănja kurang saka f 50.- disuda 10% saka blanjane, aku iya mupakat bae. Mung bae cilakane, [ci...]

--- 1229 ---

[...lakane,] dene sing dadi kabutuhane uwong kuwi ora kabèh ana têtimbangane, kaya ta: nyêkolahake anak bae, apamanèh ing pamulangan luhur, hla kuwi ora prêduli bapakne blănja f 1000.- utawa f 10.- kabèh-kabèh iya kudu ambayar jrèng f 300.-. Ha êmbuh, nèk ana panêmu, yèn anaking wong sing blanjane mung sauprêt, kuwi saturun-turune nganti têkan udhêg-udhêg siwure kudu ora kêna anduwèni blănja luwih saka sing nurunake.

Petruk: Kang Garèng, kowe rak wêruh dhewe, yèn pamulangan luhur kuwi waragade akèh bangêt, mulane pambayarane iya kudu diwatêsi. Hla, nèk pambayarane digawe undha-usuk, upamane bae bapakne blănja f 1000.- ambayar f 300.- nèk balănja f 10.- banjur mung ambayar f 3.- pamulangane luhur rak ora bakal bisa ngadêg lêstari, jalaran ing donya kene kuwi sing bangsane motor-motoran karo sing salawas-lawase ngodhok ajêgan, aliyas jalan kaki, kuwi cacahe tikêl-matikêl akèh sing tunggangane ajêg mung sikil bae.

Garèng: Bab kiyi kowe ora prêlu ngoprès dawa-dawa, sabên wong mêsthi wis ngrêti kabèh, mulane aku iya ora arêp maido babarpisan. Nanging kuwi mau, sanadyan apa-apa wis disuda, rak iya ora disuda, ta, mêngkono uga sewan omah, sewan lampu èlèktris, banyu, lan isih akèh manèh tunggale, sing sanadyan balanjane priyayi-priyayi saikine wis padha dicêngklongi, kabèh mau durung ana niyate arêp padha disudani. Mulane nèk panêmuku, saupama blanjaning para priyayi sing pamêtune kurang saka f 50.- ora dipotong babarpisan, kuwi jênêng adil bangêt, jalaran rak iya pantês diakoni, ta, yèn balanjane piyayi-priyayi mau pancèn iya kurang. Mara ta pikirên bae, upamane bae juru tulis wadana, lo, kuwi dhinêse rak wiwit jam 8 esuk têkan esuke manèh iya jam 8, malah kêrêp bangêt ing malêm Minggu, lan Minggune pisan, sing pancène wêktune ngaso, sok banjur didhawuhi ngladèni panggêdhene, jalaran kêkurangan musuh. Lan kowe aja lali yèn kadhangkala lanang wadon nyambutgawene sok maju barêng, ya kuwi upamane, yèn kawêdanan kagungan gawe apa-apa, lo kuwi dèn ngantène carik sok kudu ambantu panggêdhene ana ing ... dhapur. Hara, hla wong pagaweane mêngkono, blanjane kok ora luwih saka f 40.- dadi saupama blanjane mau ora dipotong, ing sarèhning akèh rêrêgan apa-apa disuda, lo, kuwi tumraping priyayi mau rak jênêng kanugrahan, hara, saikine arêp olèh kabêgjan sathithik bae kok iya wis ana sing arêp manasi. Ning kanggone saiki rêmbuge padha dilèrèni dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn nampèni buku nama Boekoe peladjaran bahasa Melajoe 3, anggitanipun Mas Marjana kalihan Radèn Sasrasugănda, satunggal iji saking kantor pangêcapan J.B. Wolters, Groningen - Den Haag - Weltevreden, Gang Scott 5.

Buku wau mratelakakên tataning pangajaran basa Malayu tumrap băngsa Jawi, bab anjawèkakên basa malayu tuwin kosokwangsulipun. Rêginipun f 0.40.-

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1230 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Bab sudan punggawa.

Ing bab tumindaking damêl badhe nyuda punggawa, parentah tumindak langkung kêncêng, awit katingalipun tumindaking pangagêng nagari kirang kêncêng. Ing bab punika, kala tanggal 7 Sèptèmbêr Thesaurier - Generaal atas saking dhawuhipun dhirèktur babagan arta praja, sampun adamêl sêrat sêbaran dhatêng para pangagêng, mundhut katrangan tumuntên ing bab panyudaning punggawa nagari. Lan malih kala tanggal 19 Sèptèmbêr, 1e. Gouv. Secretaris atas asma dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, kintun sêrat dhatêng para pangagêng dhepartêmèn, tumuntên ngintuna palapuran. Kajawi punika suka sumêrêp dhatêng pangagêng nagari, botên kenging gêgayutan rêmbag ing bab punggawa nagari ing bawahipun ingkang botên kaparentah.

Angsal-angsalanipun N.I.S.

Ing salêbêtipun wulan Agustus kapêngkêr, angsal-angsalanipun N.I.S. sadaya wontên f 1.290.000.- kala wulan Agustus taun ingkang kapêngkêr wontên f 1.716.300.-, dados suda f 426.300.-. Wiwit Januari dumugi Agustus taun punika wontên f 8.882.000.- dene taun ingkang sampun wontên f 10.067.527.- dados suda f 1.185.527.-

Sêsakit pès.

Wiwit tanggal 12 Juli dumugi tanggal 8 Agustus 1931 ing Indhonesiah gunggungipun tiyang ingkang katrajang sêsakit pès wontên 209. Dene pêpetangan ing taun kapêngkêr ingkang kados makatên wontên 202. Gunggungipun sadaya ing taun punika 2339, ing taun 1930 namung 1928.

Boyongan dhatêng Bêngkulên.

Awit saking pambiyantunipun wadana ing Bumiayu, wontên tiyang siti 20 ing bawah dhistrik Bumiayu kaangkatakên dhatêng Bêngkulên, badhe têtanèn.

Sêrat kabar Al Fatha dados awisan.

Para lêngganan sêrat kabar Al Fatha ingkang kawêdalakên ing Mêsir, sampun sawatawis dintên botên tampi. Bab punika komite pêmbela Islam ingkang ugi abonêmèn, pitakèn dhatêng ingkang ngêdalakên, dipun wangsuli manawi sêrat kabar wau taksih ajêg dipun kintunakên dhatêng Indhonesiah. Sarêng wontên wangsulan makatên lajêng pitakèn dhatêng kantor pos, dipun wangsuli saking kantor pos Bandhung, bilih sêrat kabar Al Fatha dipun awisi malêbêt ing Indhia. Sadaya sêrat kabar ingkang sampun wontên ing kantor pos, dipun wangsulakên dhatêng ingkang ngêdalakên.

Pikantuking papriksan ing bab kasangsaran mêsin mabur ing Cililitan.

Pikantuking papriksanipun komisi para ahli, anggènipun mandhap juru nglampahakên, nalika mandhap nyimpang saking margi ingkang lêrês, tuwin botên ningali tăndha dilah, mila lajêng nrajang panggenan ingkang anjalari kasangsaran. Ing bab punika, komisi usul: salajêngipun supados dipun wontêni dilah-dilah mawa warni kiwa têngêning margi, tuwin angindhaki pêpadhang mawi dilah mawa warni tharik-tharik ngantos dumugi papan tăndha pêpadhang.

Rêdi Krakatao tumandang malih.

Kawartosakên, rêdi Krakatao mêntas ambalêdhos malih, inggiling balêdhosanipun wontên 200 mètêr, ing dalunipun katingal mawa latu. Kala tanggal 16 Sèptèmbêr, Tuwan Petrochevsky ahli rêdi latu ingkang mariksa mriku, botên wontên titikipun punapa-punapa, kajawi namung gas anggêmbulêng kados padatan. Ing sapunika tuwan wau bidhal mariksa malih.

Konggrès Indonesia Raya.

Wontên pawartos saking Surabaya, ing sapunika sawêg ngadani rêmbag badhe adêging konggrès Indonesia Raya, ingkang badhe dipun wontênakên ing surabaya. Komite dipun pangajêngi Tuwan Wăndasudirja, prêlu badhe ngangge arta f 2000.-

Tumindaking panggêsangan ing Indhonesiah.

Ing Javasche Bank Bêtawi mêntas parêpatan kalihan para dhirèkturing bang sanès-sanèsipun, ngrêmbag pulitik tuwin lampahing panggêsangan umum. Lêrês kawontênanipun ing ngriki pinanggih rêkaos, nanging kamanah botên nguwatosakên, dados dèrèng prêlu nindakakên tatanan ingkang langkung saking mêsthi. Wusana ngênthêlakên rêmbag, saupami manggih pakèwêd, bang-bang badhe bantu-binantu murih sagêd mitulungi Indhonesiah.

Tumindakipun Comite Penolong Kelaparan.

Saking rekadayanipun pakêmpalan Muhamadiyah pang Batawi, ingkang dipun sayogyani dening pakêmpalan cacah 30 ing Batawi, ngêdêgakên komite ingkang dipun namakakên Comite Penolong Kelaparan. Ingkang dados warga padintênan, pangarsa Tuwan Kartasudarma, panitya I. Tuwan Suryadi, panitya II. Tuwan Harsana, ardana Tuwan Uji. Sapisan, komite ngaturakên panuwun dhatêng sadaya pakêmpalan ingkang sampun sagah têtulung darma awarni uwos, arta tuwin sanès-sanèsipun. Kaping kalih, komite ngajêng-ajêng sangêt, supados pakêmpalan-pakêmpalan ingkang dèrèng malêbêt warga komite wau, kaparênga malêbêt, utawi ambiyantu damêl. Kaping tiga, ngajêng-ajêng supados sintên kemawon ingkang

--- 1231 ---

botên gêgayutan kalihan pakêmpalan, nanging kaparêng ambiyantu, supadosa gayutan rêmbag kalihan ardana, adrès Kramat 97 Papilyun. Ingkang pinanggih ing rêmbag kala parapatan[3] komite tanggal 23 wulan Sèptèmbêr, nyariyosakên miturut raos kamanungsan, tiyang kaluwèn punika botên tumindak ngantu-antu.

Pranatan panyadening lotre, supados botên dipun borong.

Gêgayutan kalihan wontêning sêrêgan ing bab panyadening lotre, dhirèktur justisi sampun sarêmbag kalihan èskomto, tataning panyade: ing salêbêtipun kawan dintên kawitan, èskomto botên kenging nyade langkung 25 lêmbar dhatêng tiyang satunggal, sapisan brês. Ing salajêngipun, salêbêting tigang dintên, satunggalipun tiyang botên kenging tumbas langkung saking 100 lêmbar. Sasampunipun punika kenging sakajêngipun.

Pambikakipun lotre Bataviaasch Internaat.

Ing dintên Jumuah tanggal 25 Sèptèmbêr lotre Bat. Internaat kalampahan kabikak, wontênipun nomêr-nomêr ingkang angsal pamênang: f 100.000.- dhawah nomêr 31824. f 50.000.- dhawah 21722. f 25.000.- dhawah 46678. f 10.000.- dhawah 20803. f 5000.- dhawah 46615. f 1000.- dhawah 37072 14889 21073 9312 25346.

Pamanggih enggal.

Tuwan O. Hoiman ing Ngayogya, sagêd damêl jam ingkang sagêd nêdahakên wanci 3 panggenan, upaminipun badhe nyumêrêpi wanci ing New York, Peiping, Amsterdam, Petrograd, tuwin Melbourne, punika namung kanthi ngingsêr panah alit, sampun sagêd nocogi kados ingkang dipun kajêngakên.

Konggrès Islam agêng ing Palistinah.

Miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, benjing ing wulan Oktobêr, ing palistinah wontên konggrès Islam agêng, sadaya golongan băngsa Islam dipun ulêmi supados ngintunakên wakil, pakêmpalan Islam ing Indhonesiah ugi dipun ulêmi. Pakêmpalan P.S.I.I. badhe ngintunakên wakil Tuwan K.M. Moedzakir sêtudhèn pamulangan luhur Al Azhar ing Mêsir. Ing ngriku badhe wontên rêmbag panduwa ing bab karampungan komisi Polkênbon prakawis Palistinah.

Dr. Peverelli badhe sêsorah wontên Madiun.

Ing wulan Oktobêr Dr. Peverelli pangagênging golongan pakaryan kasarasan badhe sêsorah wontên Madiun ing bab tumindaking damêl babagan kasarasan, ugi badhe anggêlarakên gambar idhup babagan kasarasan.

Nêtêpakên nama Batavia-Centrum tumrap kantor pos.

Miturut pawartos saking Bogor, nama kantor pos Weltevreden dipun ewahi dados Batavia-Centrum.

Asiah

Wadya Tionghwa lumawan.

Pèiping 23 Sèptèmbêr (K.P.). Wadyabala Tionghwa ingkang kiyat, malês nêmpuh dhatêng wadya Jêpan ing Kungsuling, ing antawisipun Mukdhên kalihan Arbin. Kawusananing anggènipun nêmpuh wau dèrèng wontên. Makatên ugi ing margi sêpur Mukdhên. Tinsin, badhe tuwuh pêpêrangan agêng. Mêsin mabur Jêpan andhawahi bom ing padhusunanipun băngsa Tionghwa.

Tindakipun Ruslan.

Mosko 23 Sèptèmbêr (K.P.). Litwinoff komisarising babagan sajawining praja Rus, suka sumêrêp dhatêng wêwakil Jêpan, bilih wadya Sopyèt badhe ngalang-alangi ajênging wadya Jêpan, saya malih tumrap ing margi sêpur Chinese Eastern Railway. Bab punika supados kadumugèkakên ing parentah Tokiyo. Lan malih Litwinoff anganggêp panêmpuhing wadyabala ing sauruting margi sêpur punika botên prayogi.

Arta ingkang kasimpên ing bang Jêpan katêdha wangsul.

Syanghai 24 Sèptèmbêr, gêgayutan kalihan bab tindakipun Jêpan ingkang botên dipun cocogi dening băngsa Tionghwa ingkang nitipakên arta wontên bang Jêpan, artanipun sami dipun têdha wangsul. Makatên ugi golongan kuli botên purun angusungi barang Jêpan.

Tiongkok botên ngajêngi usul Jêpan.

Syanghai 24 Sèptèmbêr (K.P.). Jêpan gadhah usul badhe rêrêmbagan tumuntên kalihan Tiongkok ing bab Mansuriah. Bab punika dipun duwa dening parentah Nanking. Ministêr babagan arta Tiongkok, suka sumêrêp dhatêng konsul Jêpan ing Mukdhên, rêmbag punika badhe sagêd kalampahan, samăngsa wadya Jêpan sampun sumingkir saking papan ingkang sapunika dipun broki.

Wara-wara

Sarèhning cêtha mênggahing isinipun Kajawèn langkung kathah manawi kasêrat mawi sastra Latin, kados wontên prayoginipun manawi ing bagean pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès kasantunan sastra Latin, punika lugu amung murih isining pakabaran langkung kathah. Dene tumrap bagean sanès-sanèsipun lêstantun mawi sastra Jawi.

Ingkang punika, wêdalipun Kajawèn ngajêng punika, ing bagean pakabaran badhe mawi sastra Latin. Kauningana.

--- 1232 ---

Wêwaosan

Cariyosipun Nata ing Kelan

2.

[Sinom]

tindakira kang mangkana | datan pisan dèn unduri | yèn ta urubing dahana | baya wus saya andadi | sinirêp datan kêni | pinapasa saya murub | têmah janma sapraja | samarira kanthi ering | datan ana kang kaduga anyirêpa ||

galihira sang pangeran | saya mungkar ing samangkin | ing tyas mung sarwa kaduga | tan ana kang dèn ajrihi | eringira mring aji | mung anèng lair tinêmu | malah pangeran mangkya | kêtuwuhan tyas tan bêcik | melik maring pramèswari garwa nata ||

marma ing galih tan kêndhat | amangarah laku silib | tinrapkên măngka panyoba | marang pramèswari aji | nanging datan ngênani | sanggyèng laku ala luput | prandene datan mêndha | malah saya sinung lali | mung mangarah kanthi laku rekadaya ||

tindakira sang pangeran | dènira amurang krami | rêmên kulina momoran | lan janma kang nênuntuni | maring laku tan bêcik | malah saya andalarung | tan mèngêt kasatriyan | mung ngênut dêrênging galih | marma saya kêlantur kanisthanira ||

dangu-dangu raka nata | katog dènnya ngêmong ari | sinliring kanthi sasmita | nanging mêksa datan kongkih | têmah kongsi kawijil | sêrêng pangandikanipun | labêt watêkan nata | yèn duka gampil andadi | ing wêkasan kalangkung ing dukanira ||

mangkana wahyaning sabda | sira tan pisan ngèngêti | mring luhuring kasatriyan | kêduga sae nglakoni | lir tindaking wong cilik | nora wirang nêrak saru | măngka sira sanyata | sun anggêp dadya pangarsi | mrih nênuntun mring para kawulanira ||

balik sira tanpa merang | mring ingsun nora ngèlingi | paksa ngambah ing kanisthan | nguja kaardaning ati | êndi kang aran bêcik | mangkya ingsun arsa wêruh | samana sang pangeran | tumungkul datan mangsuli | mung ing batos mêksa maksih tan narima ||

mung wantuning kasamaran | kataman dêrênging runtik | tan wurung mangguh pidana | marma arsa angoncati | Pangran Utiya mangkin | muntu santosaning kalbu | linggar atilar praja | nilib datan mawa kanthi | anyingkiri maring dhawahing bêbaya ||

sapraptane sajaban praja |[4] wus tan pisan ngatarani | kalamun putra narendra | nulya manggon ing asêpi | nèng padhukuhan alit | ing Ruhuna aranipun | wusing têntrêm katara | titik darahing aluwih | têmah tuwuh mijil nèng pasêmonira ||

[Mijil]

wusing lilih raosing panggalih | sang pangeran anom | kathah janma kang suyud ing mangke | datan ana janma kang amrêdi | praptanya anggili | samya bêkti tundhuk ||

kalanira wanci gagat enjing | baskara mancorong | rinaras lir ngungak sarirane | umèngêt mring sangsaraning galih | têmah anungtumi | tyas raos kumênyut ||

nanging nyata tuwuhing tyas mangkin | umèngêt lêlakon | sêrêng maring tyas atindak dede | kang cinipta kangjêng pramèswari | kang mangkana yêkti | saya manjing luput ||

datan pisan ing mangkya ngèngêti | maring karahayon | malah saya mungkar panggalihe | sêdyanira arsa angangkati | tumêmpuh mring puri | andhustha jêng ratu ||

nanging maksih kèwêdan ing galih | ing mangkya sang anom | nulya miji maring kêkasihe | kang kanyatan wani bela gusti | nadyan wong tan bêcik | rinaos pakantuk ||

karsanira sang pangeran mangkin | ginalih wus golong | abdi kinèn tumindak ing gawe | amanganggo sacaraning rêsi | mrih alaku sandi | umanjing kadhatun ||

lampahira mawa dèn kanthèni | kang nawala wados | mrih kalakon sagêda kature | maring garwa Nata Kaelani | lakuning wêwadi | arêmit kalangkung ||

dene ingkang nawala winadi | cinitra sang anom | nanging datan tinrapan asmane | miwah tanpa dèn tapak astani | dadya samar yêkti | tan gampang dinumuk ||

mung wanguning kang sastra ngêplêki | lan sêratan kaot | yèku kadi sêratan gurune | sang awiku kang mulang nèng puri | ing warna wus sami | angèl bedanipun ||

dyan amurwèng karya kang tinuding | pindha wiku anom | datan pisan katara titike | kadi wiku kaduk mangastuti | ing sêmu ngalêntrih | labêt ulah kawruh ||

nulya budhal ngusap padèng gusti | lakunira alon | sarwa sarèh kadi tan ginawe | singa mulat katarik ing ati | angira sayêkti | pandhita linangkung ||

lampahira sang apindha rêsi | dahat ing wigatos | mung ing sêmu lir sasêkecane | sapraptaning praja amor nuli | pandhita lit-alit | tan katarèng sêmu ||

nyata lamun awêgig ing kardi | dènira amomor | anggêpira lan para kancane | kadi janma wus kulina lami | marma mung lêstari | tanpa sigan-sigun ||

kalanira enjang amarêngi | umanjing kadhaton | kang apindha pandhita tan pae | anggarubyug umanjing ing puri | tan kinira yêkti | yèn durjana agung ||

lulus kongsi praptaning abukti | nèng jroning kadhaton | mung ambawur ing sasêkecane parandene tan pisan katitik | malah angrahabi | woh rêsêping kalbu ||

mung ing netya tan kêndhat mèt pamrih | mulat ngetan ngulon | mawas maring kaanan kabèhe | duk samana wruh jêng sri supadmi | katon dahat asih | maring para wiku ||

wagugên ing tyas kang ambêg juti | ing tyas sêmu keron | dening antuk daya kotamane | garwa nata kang nyata nêrusi | satêmah numusi | ing tyas rasa kadhung ||

sasampating dènnya anèng puri | kang sumiwèng katong | sêmunira suka sadayane | datan pae nata miwah sori | ing sêmu katitik | suka nrus ing kalbu ||

nulya samya budhalan umijil | mundur sing kadhaton | sri narendra ngatêr ing lampahe | miwah garwa nata datan kari | sadaya umiring | nèng wurining wiku || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

 


Seharusnya hal. 1218. (kembali)
sabab. (kembali)
parêpatan. (kembali)
Lebih satu suku kata: sapraptane jaban praja. (kembali)