Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-23, #650

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-23, #650. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-23, #650. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 09-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 7, 14 Pasa Je 1862, 23 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [129] ---

Ăngka 7, 14 Pasa Je 1862, 23 Januari 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Têlaga Singkarak

[Grafik]

Ing nginggil punika sawanganipun têlaga Singkarak, sirahipun lèpèn Ombilin, Sumatra Kilèn.

--- 130 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Kaum Swadhèsi Kêpara Ngarêp

IV.

Garèng : Truk, Truk, nèk aku ora kaliru tămpa ing bab andharanamu sing sadawan-dawan kuwi, dadi sabênêre ngono, anggone pabrik cita ing Twèntê duwe sêdya arêp pindhah mrene kiyi, sing arêp diajak êmbèk-êmbekan cita-cita wêton Jêpang, sing saikine prasasat ambanjiri pasar-pasar ing tanah Jawa kene. Hla nèk mêngkono, mungguhing panêmuku, malah dadi kauntungan gêdhe tumrap bangsane dhewe kiyi. Paribasane bae rak ana, ning ya paribasan Walănda, sing nèk dicarajawakake unine kira-kira mangkene: Asu loro kêrah rêbutan balung, sing nomêr têlune amlayokake.

[Grafik]

Petruk : We, hla agawe bundhêling pikirku têmênan calathumu kiyi Kang Garèng, dene pindhahe pabrik cita ing Twèntê bisa nguntungake tumrap bangsane dhewe. Mara, caritakna nyang aku mungguh nalar-nalare.

Garèng : Wong iya kowe, Truk, Truk, pikiranamu kuwi mung sok mandhêg ana ing wêtêng bae, mulane yèn ana rêmbug sing rada anjalimêt sathithik, iya banjur malongo cangkême, mingkêm-mingkême yèn cangkême wis disanjani bakaran bêton sabèsèk. Wis, rungokna, tak jarwani, kabêgjan kang nomêr siji tumrape bangsane dhewe, yèn pabrik cita ing Twèntê sida dipindhah mrene, yaiku: sanadyan durung sapiraa, cacahe wong nganggur mêsthi bakal suda.

Petruk : Iya, iya, wis ngrêti aku. Yèn pabrik mau wis kalakon pindhah mrene, mêsthine banjur butuh nyang wong-wong sing kudu nyambut gawe mrono, ya sing kanggo kuli, tukang lan thèthèk bêngèk liyane manèh. Ing măngka pabrik sing kaya mêngkono kuwi butuhe nyang wong-wong sing padha nyambut gawe iya ora sathithik, apês ambalêbês iya băngsa sèwunan mêngkono. Nanging ing sarèhne cacahe wong nganggur kuwi puluhan ewon, mulane Kang Garèng iya sing ngati-ati, nèk arêp anglamar pagawean mrono aja nganti kadhisikan karo liya-liyane. Ora wurung [wu...]

--- 131 ---

[...rung] mêngkone sing bakal rêmpyêg-rêmpyêg iya aku dhewe, awit kowe mêsthi banjur tungkul langsir nyang omahku bae, nganti aku ora kobêr simpên panganan apa-apa.

Garèng : Hla kuwi nèk Petruk, nyang omahe sapisan kala aku ngicipi gudhêg, tur iya mung êntèk sakêndhil dilanjari sêga wadhang satêngah cêthing bae, kathik banjur wis ngundhat-undhat ngarani, yèn aku nganti ora duwe pagawean, wis mêsthi aku banjur dhepe-dhepe anjaluk pangan nyang dhapurmu. Wah, wis ora sondèl bangêt aku, Truk. Kowe rak wêruh dhewe, yèn aku kiyi bangsane wong prawira, timbangane aku anjêjaluk nyang sadulur, rak aluwung... dadi muwalap, anjaluk pitrah kêcil mrana-mrene. Wis, wis, kok banjur seje sing dirêmbug. Saiki tak caritani kabêgjan kang ăngka loro tumrape bangsane dhewe. Truk, Truk, kowe mêsthine rak wis tau klintong-klintong nyang pasar Ngayoja kae, ta, lumrahe lagi bae gênjlub, lumêbu ing pasar, rak banjur ana bae bakul salak sing mêthukake kanthi tawa mangkene: Priyantun (kiyi nganggo lagu, lo) punika, lo, salak eca, lêgi tur masir, rêginipun sajinah namung wolulas dhit. Ora suwe ana bakul liyane sing ngonyol-onyolake dodolane salak kambi muni: Gilo, gilo, mas, salak gandêm, tur agêng-agêng, sajinahe amung kalih tèng. Mêngkono anggone arêp padha amayokake dêdagangane, siji lan sijine padha jor-joran anggone padha murahake rêgane dodolane amrih bisane payu bae. Ing wusana sing maune ditawakake limalas sèn sajinahe, sok mung kêna dituku lima utawa nêm sèn.

Petruk : Lan lumrahe salake isih geyol utawa kêcut, cêkake sing kêrêp salake ora kêna dipangan babarpisan.

Garèng : Bab kêna dipangan utawa ora, kuwi seje rêmbug. Dadi ora beda karo wong tuku jarit kae, le têtuku kêblondrok utawa ora, kuwi sanyatane gumantung nyang sing tuku dhewe. Awit aku kêrêp bae nyipati wong lanang tuku jarit, dumèh bakule alus basane, anggone nyêbut: dara, dara, tanpa ana sêtoplase, rupane kathik kaya widadari krainan, lo, kuwi sanadyan jarit mung ambêjaji rong ripis, barêng ditawakake 10 gelo, dumèh èsêm lan plerokane bakule amêmanas ati, sing arêp tuku mau iya wani nibakake dhuwit krêtas salawe, tanpa nganggo anjaluk susuk manèh.

Petruk : Wiyah, kuwi rak ora tuku jarit arane, nanging sing dituku èsêm lan plerokane bakule.

Garèng : Mulane kuwi, kowe aja anggawa-gawa kalirune sing dituku. Anggonku anjukuk têtuladhan carane bakul salak ing Ngayoja, kuwi mung arêp anelakake, yèn ana bakul akèh kang padha bae dêdagangane, kok banjur jor-joran pangêdole mung amrih bisane payu bae, lo, kuwi sing bêgja mêsthi sing tuku, jalaran banjur bisa olèh murah. Mêngkono uga yèn nganti kalakon pabrik cita ing Twèntê [Tw...]

--- 132 ---

[...èntê] pindhah mrene, amrih bisa payune dêdagangane, lan amrih bisa ngrêbut papan pangêdole ana ing kene, mêsthine anggone ngêdol barange mau iya kanthi rêga sing murah kae, nanging sing dodol cita wêton Jêpang, mêsthine iya sungkan ngalah, sarta banjur ngêdol barange sarana rêga sing luwih murah manèh. Saikine yèn ana para among dagang sing ngêdol barang-barange sarana jor-joran sing mêngkono kuwi, banjur sapa sing bêgja, rak iya sing tuku alias bangsane dhewe kiyi, ta.

Petruk : Iya nèk jamane lagi lumrah kae...

Garèng : Iki seje bab manèh Truk. Nèk jaman saiki kok diêdoli barang-barang sing rêgane kaya lagi jamane isih mêthènthèng kae, mêsthine barang-barange iya padha ngorok nang tokone kabèh. Ora Truk, mulane mungguhing aku, pindhahe pabrik cita ing Twèntê mrene kuwi, kok ora agawe kapitunan apa-apa, dadi iya ora agawe kapitunane tindak swadhèsi, lan kowe aja kalalèn, Truk, nèk bangsane dhewe kuwi sing akèh-akèh mung sok dhêmên anut ubyung, ora ngrêti kênthang kimpule. Dumèhane wis nganggo lurik-lurikan, rumasane wis mèlu-mèlu laku swadhèsi, anggone pêthenthang-pêthènthèng anggêpe wis kaya Jaka Tingkir kêsambêt, ora ngrêtia yèn lurik-lurikan sing dianggo mau jêbulane gawean... Jêpang. Awit sumurupa, Truk, saka kawêgigane băngsa Jêpang, barêng ing kene ana ada-ada ngajokake barang lurik-lurikan, sanalika băngsa Jêpang iya banjur cekat-cèkêt nandangi pabrik lurik, mulane anane pabrik cita ing Twèntê dipindhah mrene kuwi, aku sabênêre bungah bangêt, jalaran băngsa Jêpang mêsthine banjur ora pati kobêr migatèkake nyang pabrik lurik, nanging sing diwigatèkake luwih dhisik, iya mungsuh anyar sing lagi têka kiyi. Mulane, Truk, kene aja susah nguwatirake apa-apa, mêmujia bae supaya rasaning kabangsan bangsane dhewe kiyi bisa kandêl têmênan, nganti bisa ngêmohi nyang apa-apa sing dudu gaweane dhewe, sanadyan rêgane rada ana murahe sathithik. Nanging, Truk, rêmbugane bab kiyi saikine padha dilèrèni bae, liya dina padha rêmbugan bab liyane manèh.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1708 ing Pakalengan.[1] Rê, Pn, Dhesèmbêr 1909 dhawah tanggal 1, utawi 21 Dulkangidah 1839.

Tuwan Sar, ing Surakarta. Panjurung panjênêngan sampun katampèn, bab anggudir taksih kirang cêtha, mangsinipun mangsi punapa. Panjurung kenging kemawon, nanging botên mawi pituwas.

Lêngganan nomêr 3932 ing Sampit, Borneo. Kajawèn tansah nyadhiyani papan kangge para ingkang manjurung.

Tuwan A. Diharja, ing Titianurat. a. Ingkang sade gambar ing Depot van Leermiddelen ing Bêtawi. b. Pratelan buku kakintunan.

Lêngganan nomêr 1679 ing Madiun. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi plêg kados buku wêdalan Bale Pustaka.

Lêngganan nomêr 2785 ing Bd. a. Dhatêng Radèn Ngabèi Ănggapradata ing Klathèn. b. Toko buku Tan Khoen Swie ing Kadhiri. c. Prayogi ngintunakên gambaripun kemawon, alit-alitipun ukuran 9 X 12 cm.

Lêngganan nomêr 296 ing Salatiga. Panjurung sampun dumugi, pamacakipun ngêntosi papan. Eman gambaripun botên cêtha.

Lêngganan nomêr 1248 ing Sêmarang. Ing bab komite Rănggawarsitan, pitakenanipun dhatêng Radèn Ngabèi Ănggapradata, ing Klathèn.

--- 133 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93

[Sinom]

Ing mangkya apan winarna | kaparêngirèng narpati | wus rampung panggarapira | masjid kang agung linuwih | marêngi Ehe warsi | anênggih sangkalanipun | rasa sri pandhitèng rat (1716) |[2] gya kaparêng amurwani | miyos Jumngah ginrubyug para kawula ||

mêne kaparêng sri nata | dènnya ngiyasani masjid | wêwah agêng inggilira | adhegus turut mrak ati | saindênging rat Jawi | tan wontên mirib sadarum | kèh masjid mănca praja | kang winastan bêcik-bêcik | dèrèng sami lan masjid gêng Surakarta ||

kawarti kaananira | sakaguru kawan iji | tanapi kang sakarawa | cacah kalih wêlas iji | wangun giligan sami | tur samya wêtah sadarum | datan sinambêt samya | sakaguru catur sami | panjangira tridasa mètêr sadaya ||

sakarawa panjangira | nylangkung mètèr mitung sènti | asli saking Danalaya | wana Putat têpangnèki | kidulira tan têbih | tuwin ing wana Cêmpurung | kalêrês kidulira | ing ardi Lawu kang nami | sagung prabot sing wrêksa jati sadaya ||

kaparêng dalêm sang nata | wêwangunan kang pinirit | conto saking masjid Dêmak | conto wêwangunan alit | rêrênggan dèn wêwahi | sakalangkung adiluhung | ingêcèt myang pinrada | de wau contoning masjid | mangkya wontên museum ing kêbon raja ||

duk nguni ingkang dinuta | amola punika masjid | prayagung bupatya kalang | masjid Dêmak asalnèki | yasaning para wali | kabantu swargi Sinuhun | Bintara kalokèng rat | marêngi jro taun Jawi | sinêngkalan gêni lena sinram janma (1403) |[3]|

timbalan dalêm sang nata | pramila amola masjid | wangun prabote kasama | ing Dêmak ywa nguciwani | sadaya kajêng jati | kajat dalêm jêng sinuhun | bil barkah wali sanga | miwah supangatirèki | Kangjêng Nabi Mukhammad rasul kang mulya ||

mangsuli kala adêgnya | sakaguru kalih iji | Jêgot timur laut nama | Gusti Jêng Sinuhun ping tri | karsa ngasta ngongoti | dipun pasah ngantos alus | adêge pinèngêtan | Akat Kaliwon ing ari | tabuh astha enjang tanggal ping sakawan ||

kanang wulan Dulkangidah | ing warsa Wawu lumaris | angkaning căndrasangkala | atrus ngèsthi rasa tunggil (1689) |[4] julungpujut marêngi | sinaroja adêgipun | sakaguru kang wetan | ing ari Rêspati Langkir | nunggil wulan taun wuku myang sêngkalan ||

wadanastha ngrasa tunggal (1689) |[5] antawis warsa sang aji | nênggih Jêng Sinuhun Swarga | nawung gêrah anjalari | dumugi surutnèki | ing wêkdal wau anuju | Jimakir madyèng warsa | căndrasangkalanirèki | catur janma mêmuji arjaning praja (1714) |[6]|

ingkang gumantya narendra | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | jêjulukira sang aji | Kangjêng Sri Narapati | Sampeyan Dalêm Sinuhun | Pakubuwana ping pat | Sayidin Panatagami | (Ngabdulrohman) Senapati ing Ngalaga ||

asma parabnya sri nata | Sinuhun Bagus linuwih | jumênêng dalêm sang nata | nunggil ing warsa Jimakir | căndrasangkalanèki |

--- 134 ---

sukcining tyas sabda tuhu (1774) |[7] mangkya wau sang nata | misudha pangulu khakim | mêdanani sadaya abdi mêthakan ||1

sanagari Surakarta | jêjuluk Kangjêng Kiyai | Tapsiranom Adiningrat | gumanti pilênggahnèki | rama kang sampun swargi | rama wau asmanipun | paringira Jêng Sri Nata |[8] Pakubuwana kaping dwi | aran Jêng Kyai Mutahar Adiningrat ||

duk maksih katip pilênggah | Katibanom asmanèki | botên dangu gya gumantya | pangulu pilênggahnèki | marasêpuh pribadi | wondene jêjulukipun | rama ingkang ginantyan | Jêng Pangulu Jalalodin | nguni bêktan saking nagri Kartasura ||

dadya kêkasihing nata | kaping pat sri narapati: | Tapsiranom Adiningrat | Pangran Jungut ing Wonggèki | katri Kasan Bêsari | Pranaraga Têgalsantun | sakawan amisudha | paluntur Purwa Pangrawit | gangsalipun Rahadèn Atmapruwita ||

[Grafik]

Masjid Agêng ing Surakarta.

jumênêng dalêm sang nata | antuk dwi warsa marêngi | rasa nata pandhitèng rat (1716) |[9] rampung panggaraping masjid | karsa dalêm miyosi | angenggali masjid agung | kawarta duk samana | ing Blora risang bupati | amisungsung bêdhug gêng gora kang swara ||

bêbadhèn saking wrêksa tal | kaparêng dalêm sang aji | bêdhug winisudha nama | Kyai Blora tangara glis | lajêng dipun pèngêti | sangkalanipun winangun | rasa sri pandhitèng rat (1716) |[10] wiyos dalêm dhatêng masjid | salat Jumngah ngagêm Arabing narendra ||

kadhèrèkkên pra santana | myang abdi jroning nagari | sang nata kotbah priyăngga | tuwin lajêng angimami | ulon dalêm awêning | wilêd arum nganyut-anyut | rêsêp sagung ngulama | tanapi para muslimin | jêng sinuhun kang winaos duk akodbah ||

mudabiril ingkang nama | tartil makraje nêtêpi | kiraat datan kuciwa | miwah lagu masyekhani | laras Mêsir mranani | samya acingak sadarum | pra mukmin langkung suka | sayuk gumolong ing kapti | anênuwun mring Gusti kang murbèng titah ||

mugi sêsêmbahan amba | jêng sinuhun sri bupati | pinarêngna ing Hyang Sukma | sugêng widada ngayomi | saindêng nuswa Jawi | têntrêm manggiha rahayu | gung alit suka bingah | mirah sandhang lawan bukti | awit saking barkah dalêm jêng sri nata || Badhe kasambêtan.

Pr.P.

--- 135 ---

Darmawisata

Darmawisata dhatêng Rêdi Lawu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 5.

Marginipun rêkaos, mandhap jurang lêbêt-lêbêt, nyabrang lèpèn sarta nusup-nusup wana. Sarêng badhe mlêbêt ing wana kula sadaya sami kèndêl sakêdhap kalihan lam-lamên ningali asrining têtuwuhan ingkang sami thukul ing ngriku.

Botên dangu kasaru dhatênging tiyang dhusun kêkalih sami ngubêr-ubêr kêthèk bangkokan, awit nêlas-nêlasakên jagung ing patêgilanipun. Lêt sadasa mênut wontên tangara sêmpritan, para kănca-kănca sami anjênggirat, sarta sami lumêbêt ing wana. Pak Kamprèt dhasar badanipun pating pathekol tur kêndêl, pramila manawi lumampah tamtu ngrumiyini sarta madosakên margi kănca-kancanipun.

Dèrèng têbih saking anggèn kula sami kèndêl, Pak Kamprèt bêngak-bêngok kalihan nudingi siti sacêlakipun. Sarêng sami kula cêlaki sarta kula tamat-tamakên jêbul tapak sima sarta andhapan ingkang sami saba, tur sajakipun taksih enggal. Wiwit kala samantên kula sadaya wiwit cucul sêpatu, awit marginipun nyêngkrèk tur andadak kêdah gondhelan oyod-oyodan. Sarêng sampun cêlak ing Pringgadani, juru pitêdah margi lampahipun ngrumiyini kalihan nêdahakên marginipun.

Dumugi ing Pringgadani badan kula sami gêmrobyos. Ing ngriku kula pinanggih tiyang jalêr kêkalih, kula lajêng sami têtêpangan. Sadhèrèk kêkalih wau jêbul inggih saking kitha Sala, kalih pisan sampun tigang dintên tigang dalu anggènipun wontên ing ngriku. Pringgadani punika papanipun botên patosa wiyar, nanging waradin, ing ngriku wontên griyanipun tiga alit-alit tur pating srowong. Griya ingkang wontên ing têngah minăngka kangge caos dhahar ingkang sami gadhah kaul mriku, dene ingkang kalih (kiwa têngên) kangge pasipênganipun mantri wana dalah sapunggawanipun. Kala samantên griya ingkang ragi alit dipun ênggèni sadhèrèk kêkalih kasêbut ing nginggil, dene ingkang sisih têngên sami kula ênggèni. Para kănca kula ingkang sakawan sami sayah lajêng têtilêman wontên ing griya wau, dene ingkang botên sayah sami kapasrahan ngupados kajêng dhatêng wana kangge ngliwêt sarta anggodhog wedang. Dèrèng angsal sadasa jangkah kula sami mirêng krusêg-krusêg. Sarêng dumugi ing panggenan krusêg-krusêg têkên sami kula acungakên dhatêng panggenan suwara wau. Botên dangu jranthal katingal andhapan agêng sangêt, kula tumuntên sami bêngok-bêngok, kalihan amblêdig andhapan wau. Andhapan ajrih nusub-nusub ing gêgrumbulan. Pak Kamprèt kêplok-kêplok kalihan sêsumbar, awit rumaos dipun ajrihi ing andhapan.

Sabibaring nêdha siyang kula padpindêr 4 sami ajak-ajakan sadhèrèk kêkalih saking Sala kasêbut nginggil, lumêbêt ing wana. Dhasar sampun sawatawis dangu tiyang kêkalih wau anggènipun kapengin nyumêrêpi kawontênaning salêbêting wana. Dene para

--- 136 ---

kănca sanèsipun dalah juru pitêdah margi sami kantun ing griya alit wau. Sadaya sami cucul sêpatu sarta ambêkta dêdamêl, jagi-jagi bokmanawi pinanggih bêbujêngan ing wana ngriku. Marginipun nusup-nusup sarta andêdêr, sanadyan marginipun kenging dipun wastani rêkaos, ewasamantên saking notoling manah, botên ajrih kangelan sakêdhik-kêdhika, ingkang dados êlênging manah namung sagêda dumugi ing sapucuking rêdi. Nalika pangkatipun wontên ing margi kula sami sumêrêp têtuwuhan ing wana taksih alit, dèrèng wontên wohipun, sêkaripun abrit, sêkaripun badhe kula pêthik nanging para kănca botên suka awit paedahipun botên sapintêna.

Ing wanci sêrap sawêg sagêd dumugi ing pucak, samangke sampun sami lêga raosing manah, dene sagêd dumugi ing ngriku, nanging sadhèrèk kêkalih kasêbut ing nginggil sami bobrok wontên ing margi botên kuwawi minggah malih. Wontên ing ngriku kula sami damêl tèkên K.B.I. katatah ing kajêng. Kanthi bingahing manah kula sakănca sami mandhap malih. Mandhapipun inggih kêdah ngatos-atos. Awit marginipun rumpil sangêt. Pak Kamprèt pijêr kêplorod kemawon. Dumugi têngah wana dilalah sagêd pinanggih kalihan sadhèrèk kêkalih kasêbut nginggil sawêg linggih ing prabatang, katawis ing sêmu sadhèrèk wau ingkang satunggal gadhah sêsakit napas. Sarêng kula sami mandhap, tiyang kêkalih wau ugi sami mandhap.

Nanging kocapa marginipun ingkang dhatêng ing Pringgadani ical tanpa lari. Margi-margi sidhatan inggih botên katingal. Kula sadaya sami andhepok, bingung kecalan margi, botên sumêrêp êlèr kidul wetan kilèn. Pêpuntoning rêmbag samangke namung badhe sami nurut margi punika sadumugi-dumuginipun. Margi wau jêbul dumugi ing jurang lêbêt sangêt, tur dununging jurang punika ing pinggir wana ingkang sisih lèr, măngka Pringgadani wontên ing ragi sisih kidul. Kala samantên sampun rêpêt-rêpêt, badhe sami mandhap, jurangipun lêbêt sangêt, badhe wangsul kecalan margi. Dumadakan lajêng pêtêng andhêdhêt, ampak-ampak sami mangandhap, tur jawah kados pinusus. Sakala kula sami kèndêl, badan gumrobyos. Tekading manah manawi kadalon inggih sami badhe sipêng wontên ing ngriku. Dilalah krêsa Allah kula kèngêtan, bisik-bisik dhatêng para kănca-kănca supados sêsarêngan nênuwun dhatêng Pangeran Ingkang Mahakuwasa supados dipun paringana pêpadhang. Botên antawis dangu lajêng wit-witan sami katingal pating janggêlêg malih, ampak-ampak saya suda sarta jawahipun lajêng têrang. Kula tiyang 6 sami nglêmpak, kalihan mupakatan punapa ingkang prayogi dipun lampahi. Pêpuntoning rêmbag sadaya rujuk sami badhe wangsul minggah malih bokmanawi wontên margi sidhatan ingkang kalangkungan. Ing wêkdal punika botên kamirêngan punapa-punapa kajawi namung ungêling pêksi ingkang mapan tilêm. Badhe kasambêtan.

Kula siswa R.K. Milo

Subali.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [137] ---

[Grafik]

Bikakan Rad Kawula ingkang Kaping Kalih

Ing kaca punika ngêwrat gambaring para warga rad kawula sawatawis, ingkang dipun gambar nalika ambikak parêpatan ingkang kaping kalih.

Ing ngajêng saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan Muhtar, Kusuma Otaya, Suyana, tuwin Wiranatakusuma. Wingking Tuwan-tuwan Surasa, Wiwaha, Iskandardinata, Ir. Moeh. Noer.

[Grafik]

Sisih, Tuwan-tuwan Sasraadikusuma, Mr. Blaauw tuwin Yo Heng Kam.

[Grafik]

Tuwan-tuwan Yo Heng Kam tuwin Sutarja.

[Grafik]

Nginggil: Pangarsa rad kawula Tuwan Meyer Ranneft kalihan panitra. Têngên ngandhap, Tuwan Mangaradja Soangkoepon.

--- 138 ---

Raos Jawi

Panulaking Kala

Sambêtipun Kajawèn nomêr 5.

Sabar.

Ing Kajawèn nomêr 5 sampun nyariyosakên ing bab ambêg kasabaranipun Sinuhun ing Ngalaga. Mênggah lêlajênganing cariyos, sarêng praja sampun têntrêm, sang prabu èngêt dhumatêng ingkang raka, saha sang prabu lajêng mirêng pawartos manawi ingkang raka sampun jumênêng nata wontên ing Kartasura, ajêjuluk Sinuhun Prabu Mangkurat. Ananging sajatosipun sang prabu samar ing panggalih, awit mirit ing pawartos, ingkang jumênêng nata ing Kartasura punika sanès ingkang raka. Wontênipun kagungan panganggêp makatên, dening nata ing Kartasura punika kêrêp mangagêm cara Walandi, dados dipun kintên anaking Walandi. Malah sanadyana ingkang raka pisan, manawi jumênêngipun biniyantu ing sanès, ing panggalih araos botên rêna.

Tuwuhing panggalihan ingkang kados makatên punika, manawi dipun raos-raos, anandhakakên manawi sang prabu kagungan panggalih jêmbar, lan ing ngriku ugi taksih katingal raosing trêsna dhatêng kadang, tuwin katingal anggènipun kêdunungan raos trêsna dhatêng praja.

Wusana Sunan Ngalaga lajêng tampi nawala saking raka nata, suraosipun katimbalan dhatêng Kartasura. Nanging sarèhning Sunan Ngalaga punika panggalihanipun adhêdhasar sabar, dados inggih botên wontên samuwakawis[11] ingkang botên kanthi kapanggalih rumiyin, mila lajêng paring wangsulan dhatêng utusan: Kongkonan, sira muliha, prakara anggon ingsun ditimbali, dak pikire dhisik.

Sasampunipun makatên, Sunan Ngalaga lajêng rêrêmbagan dhatêng para ingkang wajib atur pamrayogi, unjukipun ingkang kapundhutan panimbang warni-warni, wontên ingkang mastani bilih ingkang jumênêng nata ing Kartasura raka nata saèstu, wontên ingkang mastani sanès. Wusana Sunan Ngalaga lajêng utusan nyatakakên, malah wontên ingkang saos unjuk makatên: Gusti, kadospundi ingkang dados karsa dalêm, yèn mênggah pamanggih kawula, prayogi botên sowan, amargi panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata, yên têluka tanpa karana, dados ngisin-isini ing tiyang kathah, makatên malih asma dalêm susuhunan amasthi badhe ical, lajêng kalorod asma pangeran malih, tuwin para bupati badhe ical namaning bupati.

Unjuk makatên punika andadosakên panggalihan nata, wusana sang prabu inggih lajêng nêdya angayoni yêktos, badhe anggêpuk Kartasura. Bab punika, manawi dipun wawas sabrebetan, sang nata katingal anggèning pasah ginosok ing rêmbag, nanging manawi dipun manah panjang, sang prabu ugi anglênggahi lêrês, dening anjumênêngakên kaluhuranipun.

Kalampahan dados pêpêrangan sakalangkung rame, dangu-dangu Sunan Ngalaga sagêd ajêng-ajêngan kalihan raka nata, ing sakawit taksih samar, amar gi

--- 139 ---

inuhun Mangkurat mangagêm cara Walandi, nanging sarêng ngrucat busana santun mangagêm cara Jawi, Sunan Ngalaga botên pandung. Ing ngriku Sunan Ngalaga lajêng nyêmbah saking titihan saha lajêng ngoncati, dhatêng Pagêlèn.

Oncatipun Sunan Ngalaga wau, lajêng nuwuhakên ngêrêsing panggalih dalêm Sinuhun Mangkurat, malah ngantos nênggak waspa, salêbêting panggalih ngunandika, kapriye yèn awèta mangkene, amasthi wong cilik akèh kang karusakan, ora kapenak anggon ingsun jumênêng nata, adhimas iya tansah kangelan. Lêlampahan ingkang kados makatên wau ngatingalakên ing bab katrêsnaning nata sakalihan. Dados mênggahing titiking kasabaran tansah katingal.

Oncatipun Sunan Ngalaga punika mênggahing karsa taksih anggèl gagap-gagapanipun, punapa namung oncat salugu, punapa pancèn oncat nêdya nyantosakakên wadyabala. Pangintên ingkang kados makatên wau pancèn inggih mèmpêr tuwin anocogi kados panggalihanipun Sunan Ngalaga piyambak, wontênipun inggih namung sarwa pakèwêd, badhe lajêng nungkul, èwêd dhatêng para kawula, lan nyata para kawula tansah ambêbaluhi karsa nata. Nanging saupami botên nungkula, rumaos lingsêm, lan ugi dhêdhasaring panggalih pancèn ajrih asih dhatêng raka nata, mila nalika papagan wontên ing paprangan, sanadyan kala punika mêngsah, nanging Sunan Ngalaga ngatingalakên bêktinipun dhatêng kadang sêpuh, oncatipun kanthi atilar sêmbah dhatêng raka nata.

Wantunipun Sunan Ngalaga sampun kadunungan ambêg kaluhuraning nata, oncatipun saèstu mêmulih kasantosaning wadya, kalampahan sagêd madêg malih saha lajêng ngêpang Kartasura. Nanging labêt nata kalih wau kadunungan ambêg asih-ingasihan, wusana sagêd rukun malih. Ing kalanipun Sunan Ngalaga rinapih ing utusan saking Kartasura, murih rukun, Sunan Ngalaga ngantos kawiyos pangandikanipun dhatêng utusan: Wis ta sira aja nangis, ingsun mundhak milu nangis, sarta ingsun iya wis anurut marang aturira, ingsun ya tumuli sowan marang kangmas.

Kacariyos nalika Sunan Ngalaga pinanggih ingkang raka lajêng angrungkêbi sampeyan, ingkang raka angrangkul sarwi ngaras lungayanipun ingkang rayi, kalih-kalihipun sami muwun.

Sunan Ngalaga ingkang sanyata kadunungan ambêk linangkung, tansah manggalih dhatêng tata têntrêm, lajêng kaparêng nyirnakakên raos ingkang botên sakeca, ngunjukakên asmanipun susuhunan dhumatêng raka nata, kanthi suka rilaning panggalih, saha lajêng badhe ngagêm asmanipun lami.

Praja Kartasura kalampahan têntrêm. Ing ngriki cêtha lêgawaning panggalihipun Sunan Ngalaga, inggih Pangeran Pugêr, mawi adhêdhasar kasabaran linangkung, awit saupami botên makatêna, mokal tiyang èngêt nêdya nglêpèh lêgining gêndhis. Lan malih mênggahing nalar, madêgipun nata Sinuhun ing Ngalaga nama sampun absah tanpa mawi sabab ingkang adamêl awoning asmanipun, makatên ugi mênggahing kasantosan, ing pangintên inggih sampun anyêkapi. Nanging sarèhning sadaya punika mênggahing kautamèn taksih kamoran kuciwa, Sunan Ngalaga inggih Pangeran Pugêr, têtêp anggèning ngagêm dhêdhasar sabar ing panggalih. Badhe kasambêtan.

--- 140 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Saya katawis anggènipun botên kawon.

Wontên paribasan Walandi ingkang mungêl makatên: "Rome is niet op eenen dag gebouwd". Mênggah têgêsipun wentehan: Pandamêlipun kitha Ngêrum punika botên rampung sadintên". Dene pikajênganipun: pandamêl utawi ada-ada ingkang luhur, punika botên sagêd manawi lajêng badhe kadadosakên saêdêg saênyêt kemawon, nanging tumindakipun kêdah kanthi alon-alon. Makatên ugi pangudinipun dhatêng kamajênganing nagari tuwin têtiyangipun, punika inggih botên kenging manawi sarana kasêngka-sêngka, kêdahipun inggih kanthi alon-alon. Amila mênggahing kula, sampun nama lowung, dene kamajênganing tanah ngriki satêtiyangipun pisan sampun samantên têbihipun. Nanging sawêg lowung kemawon, dèrèng nama marêm, jalaran sayêktosipun makatên, mênggah kamajênganing tanah ngriki lan têtiyangipun manawi kapandhing kalihan nagari sanès-sanèsipun, ingkang sampun luhur drajatipun, inggih pancèn taksih nyamut-nyamut sangêt. Ananging kula sadaya kêdah angèngêti kawontênanipun ingriki kala salawe taunan sapriki, kadospundi panganggêp tuwin pangrêngkuhipun bangsa sanès dhatêng têtiyang siti, punika kajawi ngina lan nyêpèlèkakên botên wontên. Kados ta: ing kala punika botên awis wontênipun bangsa, ingkang sampun unggul drajatipun, amastani bilih clowokan papaning utêkipun tiyang siti punika botên kathah bedanipun kalihan gadhahaning kewan. Dados ingriku pikajênganipun cêkak aos namung badhe amastani, bilih tiyang siti punika mênggahing kawruh, kalakuwan tuwin bêbudènipun, kalihan kewan nama: sami mawon, sanadyan ing kala samantên dèrèng wontên tiyang siti ingkang mêndêm sênggoyoran turut margi agêng, utawi dèrèng wontên ingkang sok tumut-tumut ngombyaki paargyan tayuban rangkul ingkang ngantos kaladuk kados samangke punika.

Lajêng sampun kasupèn kawontênanipun têtiyang siti ingkang sami angsal pangajaran inggil-inggil, malah ingkang sêkolahipun wontên ing nagari Walandi, ing kala jaman samantên, lo, punika kajawi kêrêp dipun papanakên ing padamêlan ingkang nyêbal sangêt kalihan diplomanipun, inggih jalaran dupèh bangsa tiyang siti wau, nanging tumrap sêsrawunganipun kalihan bangsanipun piyambak, inggih kojur sangêt. Awit bangsa ingkang dipun pêthik kawruhipun ingkang ngantos sampurna wau, ingkang kathah-kathah sajakipun ragi aras-arasên angêmpali, jalaran tiyang namung inlander kemawon. Dene bangsanipun piyambak badhe angêmpali, rumaos jinja lan awang-awangên, jalaran sadaya-sadayanipun dipun anggêp cara Bêtawinipun sampun: Blandain. Ing wusana tiyang siti ingkang gadhah pangajaran kilenan ingkang saklangkung inggil wau, gêsangipun lajêng kenging dipun upamèkakên: gagak ngangge wulu mêrak. Ingkang makatên punika gêgambaraning gêsangipun ing sajawining padamêlan. Langkung malih wontên ing salêbêtipun padamêlan, saya anggènipun anyakitakên manah, jalaran ingkang kathah-kathah sanadyan kawruh tuwin kasagêdanipun nyamut-nyamut botên sagêd nyandhak, nanging dupèh naminipun: Willem, Jan utawi Jacob, inggih aluwung narimah dipun kèndêli saking padamêlanipun katimbang nyambutdamêl dipun êrèh dening bangsa Inlander ingkang makatên wau.

Sapunika lajêng mriksanana kawontênanipun ing jaman sapunika. Cara ambedak-bedakakên kados ingkang kaandharakên inginggil punika, samangke prasasat botên wontên malih, inggih sêsrawunganipun wontên ing salêbêtipun padamêlan punapadene wontên ing sajawinipun. Langkung malih tumraping sadaya angkatan, punika prasasat sampun botên mawas bangsa malih, nanging ingkang dipun wigatosakên langkung rumiyin kasagêdan tuwin diplomanipun.

Manawi dipun wawas sabrebetan sêsrawunganipun satunggal lan satunggaling bangsa wontên in[12] tanah ngriki punika, pancèn inggih sampun katingal andêmênakakên sangêt. Ngina, ngrèmèhakên punapadene nyeda dhatêng satunggiling bangsa, ingkang taksih asor drajatipun, punika prasasat sampun botên nate kapirêng malih. Bokmanawi jalaran saking sampun kathahipun têtiyang siti ingkang kawruhipun anyamèni kalihan sakathahing bangsa-bangsa ingkang drajatipun dipun anggêp luhur wau. Langkung malih sarêng sampun kathah buktinipun, bilih têtiyang siti punika, manawi pancèn sagêd angsal tuntunan ingkang sae saèstu, botên kawon kalihan bangsa sanès, inggih mênggahing trajangipun nyambutdamêl, punapadene landhêping pikiranipun.

Langkung rumiyin ingriki kula badhe ambuktèkakên, bilih trajangipun nyambutdamêl tiyang ngriki botên kawon kalihan bangsa sanès. Nanging manawi kula mêndhêt tuladhan-tuladhan, ingkang ngatingalakên trajangipun nyambutdamêl tiyang siti ingkang pantês ingalêmbana, kintên kula tombok tangan kula sayah

--- 141 ---

anggènipun nyêrat kemawon, mbokmanawi para maos, langkung malih para maos bangsa sanès, botên sami anggêga, nanging malah anggêgujêng, dipun anggêp, bilih atur kula punika ngêmungakên: "omong kosong" kemawon. Amila ingriki langkung sae kula ngêmot sêratipun Directie pabrik motor N.V. General Motors dhatêng redactie Kajawèn, katiti tanggal 15 Januari punika, ingkang suraosipun kintên-kintên makatên:

Kula nuwun. Kula ngaturi uninga, kala ing wulan Juli 1931, dening Komite ingkang dipun wontênakên ing Sêmarang, dipun pilih satunggiling auto Chevrolet Touring saking wontênipun auto-auto ingkang dipun sadhiyakakên dening agent ingriku. Ingkang lênggah wontên ing komite wau tuwan Mr. M.B. van Meerten, Officier Justitie tuwin Tuwan M.M. van Velsen, Secretaris Kon. Java Motor Club. Auto ingkang kapilih wau dipun pak, kasègêl, lajêng kakintunakên dhatêng New York, pêrlu badhe katandhing kalihan motor damêlan pabrik-pabrik General Mators[13] ing tanah sanès-sanèsipun ing saindênging donya punika, nanging ing sajawinipun tanah Amerika.

[Grafik]

Sêsawangan dununging pabrik General Motors ing Tanjungpriok.

Kasagêdan tuwin kaprigêlanipun punggawa-punggawa têtiyang siti, ingkang anggarap auto ing Tanjungpriok wau, dening kumisi panitipriksa ing New York saklangkung dipun rêgèni sangêt, ngantos sasampunipun dipun pandhing kalihan motor-motor damêlanipun pabrik-pabrik sanès, motor damêlan pabrik Tanjungpriok wau lajêng ginanjar mêndhali êmas.

Sampun samantên kemawon sêratipun Directie General Motors dhatêng redactie Kajawèn ingkang pantês kula pêthik. Ingriku kados sampun têtela, kadospundi trajangipun nyambutdamêl para kaum buruh têtiyang siti. Ingriki kula botên badhe mêlèh-mêlèhakên cariyosipun sawênèhing tiyang bangsa sanès, ingkang amastani, bilih tiyang siti punika kêsèd, botên sagêd nyambutdamêl, lan sasaminipun, kadar samangke sampun katingal mêlok: têtiyang siti punika manawi pancèn sagêd angsal tuntunan sae, tumandang damêlipun inggih botên badhe kawon kalihan bangsa punapa kemawon.

Samangke bukti-bukti ingkang ngatingalakên landhêping pikiranipun tiyang siti. Ing bab punika pancènipun botên prêlu kacariyosakên kanthi panjang malih, jalaran kathahing têtiyang siti ingkang sami apangkat Walandi punapa dene ingkang sami gadhah sêsêbutan Professor, Dr. Mr tuwin Ir inggih sampun bal-balan sayêktos. Ewasamantên kangge pêpak-pêpakipun kados prêlu nyariyosakên lêlampahan sawatawis ingkang nelakakên landhêping pikiranipun tiyang siti, kados ingandhap punika:

Bokmanawi para maos taksih wontên ingkang kèngêtan, bilih kala wulan kapêngkêr, nalika mèngêti Volkenbond, ingriku dipun wontênakên sayêmbara ngarang. Dene ingkang kenging tumut nglêbêti inggih punika para murid sêkolahan têngahan. Mênggah ingkang tumut nglêbêti wau kêdah ngarang: salah satunggiling bab ingandhap punika:

1. Asih punika botên wontên ingkang nyamèni;

2. Margi-margi ingkang kenging kangge andumugèkakên karukunan donya;

3. Salah satunggiling tiyang ahli budi, ingkang sampun suka tandha yêkti, kanthi tumindak ing damêl ingkang nuwuhakên karukunan donya umum.

Miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, ingkang angsal ganjaran nomêr 1, satunggiling murid A.M.S. bangsa Jawi.

Makatên ugi ing pamulangan guru èstri Walandi ing Salemba (Bêtawi), kalanipun dipun wontênakên sayêmbara ngarang, kabaripun ingkang pikantuk pangalêmbana jalaran saenipun, inggih murid èstri bangsa Jawi malih, angarang ing bab ingkang kasêbut ing angka 1.

Nitik wontênipun tuladhan kalih warni punika, dados cêtha sangêt, bilih landhêping pikiranipun tiyang siti punika sayêktosipun botên kawon kalihan bangsa sanès. Ewasamantên, sanadyan makatên, sakathah-kathahing [sakathah-katha...]

--- 142 ---

[...hing] tiyang inggih mêksa wontên kemawon ingkang dumèh kagolong bangsa luhur, manawi sumêrêp tiyang siti ingkang unggul kawruhipun, taksih anggadhahi gagasan: "Jawel, het is toch maar een Inlander" têgêsipun: "ya bênêr, nanging toh ya mung wong bumi bae".

Para maos. Panjênêngan sadaya mugi sampun kêlintu ing panampi, cundhukipun kalihan kawontênan kasêbut inginggil wau, dados têrang sangêt, bilih ingkang dipun anggêp asor dening liyan punika sanès Inlander kula, sanès kabodhoan kula sadaya, nanging sajatosipun namung asoring kaekonomian kula sadaya.

Sarèhning tumandukipun pangina wau samangke sampun kacêpêng bundhêlanipun, mila bilih bangsa kula Inlander têmên-têmên nêdya ngajêngakên drajating bangsa mangga lajêng sami cancut angêncêngakên lampahing ekonomi, angandêlakên raos pangudining kaekonomian wau, supados bangsa kula sagêd nyirnakakên cap Inlander, salajêngipun sagêda anjèjèri kamulyan tuwin kaluhuraning liyan bangsa.

Botên langkung kula tansah amêmuji, mugi-mugi lajêng tuwuha dhêdhasar ingkang ambangun dhatêng kandêling raos mêngku watêk gêmi, inggih margining kaekonomian, inggih kaluhuran tuwin kamulyaning bangsa.

PÊNTHUL.

KABAR WARI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Kasangsaran ingkang anggêgirisi. Kala dintên Ngahad kapêngkêr, ing sacêlakipun Grogol, Bêtawi, wontên autobus saking Bantên nglangkah margi sêpur, dipun tubruk sêpur saking Bêtawi. Autobus dipun surung têbihipun ngantos 70 m. Tiyang ingkang numpak kathah. Ingkang pêjah sanalika 7 kalêbêt sopir, 12 tatu rêkaos. Sadaya sami kabêkta dhatêng griya sakit.

Pêpetanganing pamêdal pajêg ing tanah ngriki. Miturut pratelan, pajêg panggaotan ing taun 1929 ing tanah ngriki, tumrap tiyang ingkang gadhah pamêdal f 500.000.- dumugi sayuta ing dalêm sataun namung wontên tiyang satunggal, tiyangipun botên manggèn ing tanah ngriki. Ingkang gadhah pamêdal wiwit f 200.000.- dumugi f 500.000.- ing dalêm sataun bangsa Eropa 9, bangsa ngamanca wetanan 3, wontên malih bangsa Eropah 8 nanging botên manggèn ing tanah ngriki. Tumrap bangsa Eropa ingkang manggèn ing tanah Jawi, ingkang gadhah pamêdal f 5000.-dumugi f 6000.-wontên tiyang 5526. Ingkang gadhah pamêdal f 10.000.- dumugi f 15.000 wontên 5412, wiwit f 15.000.- dumugi f 20.000 wontên 1687 sami bangsa Eropa. Wontên bangsa Eropa 75 ingkang gadhah pamêdal langkung 1 ton, bangsa ngamanca wetanan 11 tuwin tiyang siti namung 1.

Dipun dakwa bêsêl. Tuwan de Wit, redacteur Java Bode ing Betawi, kacêpêng ing pulisi jalaran kadakwa mbêsêli arta dhatêng punggawa gupremen nama Noya kathahipun f 50.- prêlu nêdha sêrat ingkang ngêwrat ing bab prêluning tindakipun Mininter[14] van Devensie, Mr. Dr. L.N. Decker dhatêng tanah ngriki. Nanging sasampunipun dipun priksa dening Off, van Justitie, Tuwan de Wit dipun mardikakakên. Malah saking pratelanipun Noya, rumiyin Tuwan de Wit ugi sampun nate ambêsêli f 100.-. Tuwan de Wit kacêpêngipun dening pulisi, nuju nêdha têtêdhakaning sêrat wontên ing griyanipun Noya, sêrat saha turunanipun dados bukti. Sapunika Noya dipun tahan ing pulisi.

Pabrik long anjêblos. Wontên pawartos, pabrik long ing Kêrtosono anjêblos, wontên bêrah tiyang èstri kêkalih sami tiwas.

Pès ing kalangan militèr. Satunggaling saradadu bangsa Jawi ing Cimahi wontên ingkang tiwas jalaran sakit builenpest. Sadaya kanca-kancanipun ingkang nunggil sasectie lajang sami kapriksa, dalah anak bojonipun lan ugi lajêng ngawisi botên kenging mêdal saking tangsi. Bab punika ugi adamêl kasamaraning golongan militèr ingkang sami manggèn ing kampung-kampung.

Pangupaya mina bangsa Jêpan. Wontên pawartos saking Medan, kapal pirantos pados ulam bangsa Jêpan Hakunomaru sampun dumugi ing Sabang, prêlu badhe mriksa sakiwa-têngênipun Pulo-weh, mbokmanawi ing ngriku kenging kangge nindakakên ngupaya ulam.

Landrechter ing Têgal. Mr. R. Sudibyo Dwijosewoyo rumiyin wd. pangarsa landraad ing Brêbês, katêtêpakên makili Landrechter ing Têgal.

Bangsa Badui ing Bantên. Kawartosakên, bangsa Badui ing Bantên Kidul, sampun rambah-rambah angawisi punggawa landrente ingkang nuju ngukur siti ing wêwêngkonipun, nanging botên dipun paèlu. Bangsa Badui wau lajêng ambêskup sawarnining pirantos ngukur, saha salajêngipun kalapurakên dhatêng ingkang wajib. Wusana resident dhawuh supados pangukuring siti kasandèkakên.

Lurah ingkang ambêg asih. Ing Gang Terate wontên tiyang nyambutdamêl dados mandor ing kantor dagang ing Tanjungpriok. Tiyang wau sakit kalajêng dumugi ing ajal. Nalika ngajalipun mandor wau, pangagêng kantor dagang dhatêng, ngêngimur dhatêng kulawarganipun ingkang ngajal wau saha sagah mitulungi arta f 15 sabên wulan ing salêbêtipun taksih wontên ing Bêtawi dhatêng warandhanipun ingkang ngajal. Saha salajêngipun badhe kintun sêrat dhatêng London, supados warandhaning mandor wau salajêngipun sagêd angsal pitulungan.

Secreteris partikelir ing Bogor. Putranipun K.T. Ingkang Wicaksana nama Mr. Jhr. J.A. de Jonge, ingkang nêmbe lulus angsal sêsêbutan Mr. babagan pangadilan ing Utrecht badhe dumugi ing ngriki. Wontênipun ing ngriki badhe dados secretarisipun partikelir K.T. Ingkang Wicaksana.

--- 143 ---

Nyalingkuhakên arta. Satunggiling architect ing Bandung anglaporakên dhatêng ingkang wajib, bilih juru sêratipun nyalingkuhakên arta f 20.000.- patraping salingkuh sarana malsu staat padamêlan. sarêng kagledhah pinanggih staat ingkang saèstu, tuwin kasumêrêpan gadhah sabin 5 1/2 bau tuwin motorfiets.

[Grafik]

Kapal Rigel. Kapal Rigel benjing tanggal 5 Februari ngajêng punika badhe dumugi ing Sabang. Salajêngipun badhe katindakakên kangge baita mijinlegger.

Botên nanêm rosan malih. Miturut katrangan, ing salêbêtipun taun 1932 punika, pabrik-pabrik gêndhis ingkang badhe botên nanêm rosan wontên 53 panggenan.

Rêrêgèn rajakaya ing Gombong. Rêrêgèn rajakaya ing Gombong sakalangkung mirah, maesa namung pajêng f 12.- awis-awisipun f 15.- Makatên ugi rêgining lêmbu, wontên ingkang namung f 8.-.

Comite kabudidayan tênun ing Surakarta. Comite kabudidayan tênun ing sapunika dipun bangun dening pang B.O. ing Surakarta, kanthi ngawontênakên pawitan kintên-kintên f 1000.- ancasing sêdya prêlu kangge nyukani padamêlan dhatêng golongan angguran.

Kasamaranipun têtiyang laladan Blitar. Sampun sawatawis dintên têtiyang ing laladan Blitar sami nyamarakên dhatêng panjêblugipun rêdi Kêlut. Nanging miturut pêpriksanipun ahli rêdi latu, kawontênanipun rêdi Kêlut botên mutawatosi, namung kados adat kemawon.

Tuwan H. A. Salim sampun dados redactur malih. Wontên pawartos, Tuwan H. A. Salim ing sapunika sampun angsal panggenan dados redacteur Perca Selatan ing Palembang.

Ambêskup arta talèn palsu. Kawartosakên, punggawa pangrèhpraja ing Pacèt Sindanglaya, kanthi dipun biyantu veldpolitie ing Cianjur, anggledhah griyanipun bangsa Tionghoa ing Pacèt, sagêd ambêskup arta talèn palsu cacah 3000 iji. Sarêng katiti arta wau asli saking Tiongkok. Sukur dene arta wau dèrèng patos sumêbar.

Nama sêsinglon. Ing Kajawèn mêntas martosakên ing bab bangsa Tionghoa nama Oei Siok Hie, ingkang kadakwa ngapusi ing bab panyadenipun loterij. Ing sapunika wontên pawartos, nama wau nama sêsinglon, nyatanipun nama Oei Jok Kwie, asli saking Magêlang sampun kasumêrêpan ing bab anggènipun ngapusi wontên ing Magêlang, Wonosobo, Parakan tuwin Têmanggung, nalika nuju ambikak pasar malêm.

Cooperatie P.K.N. ing Ngayogya. Dumuginipun sapunika cooperatie P.K.N. sampun sagêd ngawontênakên cooperatie-cooperatie ing dhusun-dhusun cacah 75 panggenan, ing sabên sapanggenan dipun sadiyani pawitan f 3000.- dados sadaya sampun wontên pawitan f 22.500.-.

Sudan balanja ing karajan Jawi taksih dados rêmbag. Kawartosakên, Sinuhun Sultan ing Ngayogya anduwa ing bab rêmbag badhe panyêngklongipun blanjanipun para kawula wiwit 5 dumugi 10%, amargi balanjaning para kawula taksih langkung andhap tinimbang tatanan B.B.L.

Mogok angsal pitulungan. Ing Surabaya mêntas wontên pasulayaning rêmbag para Verpleger, ngantos wontên ingkang sami dipun kèndêli. Ing bab punika para Verpleger wau lajêng sami parêpatan wontên ing Gêdhong Kabangsan. Wontên ing ngriku Dr. Murjani mêdhar sabda badhe nyukani pitulungan dhatêng para ingkang sami dipun kèndêli adamêl sabun tuwin kecap. Ing sapunika nyewa griya wontên ing kampung Gubêng, pawitanipun f 500.- mêndhêt saking fonds pitulungan. Sambêt kalihan pawartos bab punika, sanès dintên Dr. Murjani lajêng kapindhah dhatêng griya sakit ewah ing Malang.

Karampungan saking Departement Pangajaran, bab sêkolahan. Parentah saèstu badhe ngliyêr sêkolahan Walandi ing Têgal, dene sêkolahanipun Mulo botên. Nanging sêkolahan Mulo wau lajêng dipun liyêr dening neutrale Schoolvereeniging ingkang nêmbe madêg.

Ing bab sêkolahan ing Mlatèn Sêmarang. Karampunganing papriksan bab sêkolahan ing Mlatèn, Sêmarang, katêtêpakên, gurunipun nama Dietzel, ingkang gêgayutan kalihan prakawis sêkolahan, dipun kèndêli.

ASIA.

Republiek Mansyurie. Ing salêbêtipun sawulan, Jêpan gadhah sêdya badhe ngêdêgakên republiek tanah Mansyurie. Ingkang dipun calonakên dados president Puyi tuwin Cang Chin Hui.

Wadya Tiongkok abrit. Kawartosakên, ing Tiongkok kidul tuwuh wadya Tiongkok abrit adamêl kasamaran, malah wadya abrit wau sampun sagêd ngangsêg dhatêng Kwang Pei, ingkang têbihipun saking Hankow namung 30 mil. Wadya Parentah ingkang badhe nyêgah ajênging wadya abrit malah sami têluk.

--- 144 ---

Waosan

Dongèng ingkang Kaping Tiga

Drêsthadyumna

20.

[Sinom]

nanging wadya kang tumandang | datan pisan ngrumasani | lamun wus kelangan daya | malah saya gung ing ati | awit wus angêbroki | bètèng-bètèng myang ginêmpur | dadya mênggah pangira | bètèng kang tinêmpuh kari | yêkti sami tan ana prabedanira ||

Sang Nata Prabu Elala | sawadya tumêmpuh wani | ing galih rasa jubriya | kinira yèn mungsuh mangkin | wus datan andayani | nanging cipta mangkanèku | sanyata sèwu lêpat | malah jatinira mangkin | Sri Elala kalêbu sajroning kala ||

[Pangkur]

tan mundur Prabu Elala | saya ngangsêg dènira nêmpuh biting | tan ngrasa lamun kêcêmplung | gêlaring mêngsahira | malah ngira lamun ing samangkya rampung | panêmpuh ingkang wêkasan | marma sinêru kapati ||

datan antara kawuryan | jumêdhuling wadya Sri Dyumna mangkin | kadya ngêgèt praptanipun | tur wadya kang umapag | samya wadya pêpilihan punjul-punjul | dènira umapag mêngsah | katon datan nguciwani ||

dhasar asarwa têmbean | rumaganging karya anyantosani | kang karosan maksih wutuh | kosokwangsul lan mêngsah | kawistara dayanira pan wus lêsu | yèn ta tinandhinga lawan | wadya praja nguciwani ||

nanging tan pisan rumasa | dening sabên nêmpuh yuda salami | amung kapara ing unggul | tau tate rumangsang | baluwarti angganthol kapurancang syuh | sanggyaning mêngsah rinasa | tan ana kang andayani ||

kacarita duk samana | têtindhihing wadya ulah jêmparing | Sang Pasudewa jêjuluk | wadyanira Sri Dyumna | wusing campuh prajurit arahan ngêbyuk | tandya wira Pasudewa | ngêtab bala anywara ngrik ||

soraning suwaranira | kadi gêlap rasa ambêlah langit | gumalêdhêg jagad kêmput | sadaya kang miyarsa | samya cingak angira akasa rubuh | nanging wadya kang wus wikan | mung tumratab sawatawis ||

dene wadyanirèng mêngsah | yèku para prajurit băngsa Tamil | duk myarsa kang swara asru | samya langkung kampita | têmah samya anjanggirat tilar mungsuh | tan pisan kêni pinênggak | dening samya ngrasa giris ||

agiris winoran samar | dènnya oncat linut surak ngêbyuki | samana Elala Prabu | sakala ngêmu duka | duk uning mring wadya kang samya lumayu | nulya asasmita mênggak | mrih aywa ngucirèng jurit ||

riwusing wadya ngalêmpak | Sri Elala langkung dènnya ngrêrapih | mêmulih kawanènipun | nanging para punggawa | ing tyas maksih kamoran maras kalangkung | tan gampil pinrih èngêta | dening akagèt kapati ||

jalaran sing kagètira | ing satêmah kawanèning prajurit | sanalika sirna larut | lan malih para wadya | wus kalangkung kasok sayahing panêmpuh | marma tumandanging karya | kuciwa tan mitayani ||

saya dupi wus kanyatan | têtindhihing wadya praja kalindhih | dening wadya Dyumna Prabu | kang prawira ing yuda | măngka tuhu wadyanya Elala Prabu | kasub prawira ing yuda | tan ana mungsuh tumandhing ||

malah kêni yèn ingaran | ing salami kang anggung nyantosani | mring adêging prajanipun | prandene dupi aprang | lan têtindhih wadya Sri Dyumna kasambut | tan pisan măngga puliha | kongsi tan kinira yêkti ||

ing satêmah para wadya | dupi sirna kang dadya senapati | larut kasantosanipun | rasaning tyas mung uwas | marma nadyan mangkya antuk dhawuh prabu | mrih samya wangsul lumawan | mung samya datan kadugi ||

samana Prabu Jumêna | dupi uning kalamun băngsa Tamil | samya sar-saran lumayu | nata nulya dhêdhawah | mring pra wadya mrih samya ngèndêli pupuh | ywa anglut mring mêngsahira | kang wus samya angoncati ||

awit prajurit prawira | tan utama anglut mêngsah kang ngisis | duk samana kandhêg sampun | wadyanya Sri Jumêna | tan kaparêng anglut mring mungsuh kaplayu | tandya dhawuh wara-wara | ngungêlkên tambur mratani ||

dene kaparênging nata | mrih mundura wadya kang samya jurit | awit mungsuh kang lumayu | kalamun dèn bujênga | amung têtêp tan ana wani tumangguh | dadya sanadyan unggula | mung arasa nguciwani ||

marma yogya pinrih bubar | mrih ywa mawèh samaring mêngsah aji | dene kalamun wus kumpul | tan darbe kasamaran | mêngsah arsa ingajak atandhing pupuh | năndha kaprawiranira | para têtungguling jurit ||

tanapi nata piyambak | arsa tandhing yuda samining aji | dadya acêtha dinulu | unggul asoring yuda | aywa pisan atindak pêrang barubuh | asor miwah unggulira | datan ana kang katawis ||

atanapi têtandhingan | Sri Jumêna lan Elala Narpati | yèku aran tandhing tuhu | pêrang samya narendra | singa asor miwah singa ingkang unggul | yêkti katitik sakala | tinon para wadya sami ||

Sri Jumêna dyan sêsumbar | hèh Elala aywa ngucirèng jurit | tinggal glanggang colong playu | kadi dudu narendra | kang mangkono pantês tindaking wong nguthuh | tan merang maring sasama | hèh sira mandhêga nuli ||

lah payo papagên ingwang | ngadu jaya tandhing padha narpati | singa kang kapara unggul | wênang ngêrèh kawasa | lamun ingsun kasoran yêkti mabukuh | manêmbah mring jênêng sira | balia ingsun antèni ||

Sri Elala duk miyarsa | kampitèng tyas talingan lir dèn sêbit | ngêndhêgi sakala wau | ngaglah sarwi angucap | hèh Jumêna sira apan maksih pupuk | arsa lumawan maring wang | lah payo ngatogna budi || (Badhe kasambêtan)

--- 13 ---

Nomêr 4, Taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Ing Kajawèn bagean bocah sok macak wadi-wadining (rekane) sulapan. Iku iya ana gunane tumrap marang bocah kang watak gumunan. Mulane yèn durung ana sing ngandharake aku tak macak urun pratikêle sulapan kang wis tau dak wêruhi, kaya ing ngisor iki:

Ana sawjining tukang sulap ngobong dluwang, awuning dluwang nuli diusar-usarake ing peranganing awake (lêngên, èpèk-èpèk lan sapêpadhane) utawa ing peranganing awake bature. Peranganing awak kang diusar-usari iku maune mung katon rêsik bae, nanging sawise diusar-usari ing awu banjur katon ana tulisan utawa gêgambaran arupa irêng (saka awu) cêtha bangêt.

Hla, iku mangkene, kănca. Sadurunge nyulap, peranganing awake kang arêp diusar-usari mau ditulisi utawa digambari apa-apa (ana ing ngomah) nganggo jur-juran sabun. Yèn wis garing iya ora katon, nanging isih anduwèni daya kêlèt. Mulane sanajan wis suwe olèhe nulisi, yèn diusar-usari ing awu, awune iya nèmplèk ing kulit nurut tulisan banyu sabun mau. Panggonan kang ora tinulisan sanajan diusar-usari iya ora pati katon cêtha tinimbang kang tinulisan.

Coba, kang maune durung ngrêti saiki jajalên, ca.

Mitra ing Mantrèn, Punung.

Dongènge Wong Cêthil

IV. Karyadăngsa kobongan

Gambuh

nanging wong yèn wis gambuh | nyang lêlakon kang dadi kêpatuh | kabèh bae diarani bêcik apik | ora ana tindak luput | sing dilakoni ing uwong ||

kaya Pak Karya iku | sanadyana uwong anggêguyu | nyang watake kang nyatane ora bêcik | ning malah gênti angguyu | unine anggêr nyalêmong ||

ngarani kabèh luput | dadi aran wong saya kabacut | niyate mung anggugu karêping ati | ananging lêlakon iku | suwe-suwe sok kêtanggor ||

tanggane

--- 14 ---

Karya iku | kabèh nganti kaya padha nyatru | yèn Pak Karya kapinujon sukêr sakit | ora ana wong sing nginguk | sasat ora tanggan uwong ||

samana bêngi nuju | Karyadăngsa durung mapan turu | isih linggih ana ngambèn ngadhêp sênthir | karo anggêgagas galur | ngulur pikir nganti katog ||

sajrone thênguk-thênguk | suwe-suwe ngantuk thêklak-thêkluk | kagèt krungu ana kucing mancal piring | Karya anjanggirat gugup | sênthir dipancal wutah sok ||

gênine banjur murub | klasa galar dadi urub-urub | Karya bingung tangane ibut nyaruki | dilalah ikête mak bul | murub nganti kaya obor ||

tumuli tulung-tulung | mênyang jaba ngalor ngidul bingung | tăngga-tăngga barêngan padha marani | barêng wêruh êndhas murub | banjur plag-plog padha nabok ||

sirêping ikêt murub | Karya nganti arasa sêmaput | barêng eling ngucap: angudubilahi | ayo tăngga: tulung-tulung | sirêpên omahku kobong ||

nanging sing padha tulung | kabèh judhêg kaya uwong bingung | saka giris mêruhi gêdhening gêni | urube nywara gumrubug | kana-kene nywara jêthot ||

gênine saya ngamuk | suwe-suwe wong sing padha ngêbyuk | ora wani malah padha angunduri | barêng Karyadăngsa wêruh | banjur nyuwara ambêngok ||

genea padha mundur | pantês têmên lan sing duwe dhapur | ora isin ketok padha pating clili | bikute yèn mung pinuju | ngêpung ambêng gêdhe longgor ||

uwong sing padha ngrungu | padha muring lan mangsuli sêru | wah anggêpe Karyadăngsa yèn ngabani | kabèhe dianggêp batur | digarap sakênyoh-kênyoh ||

iki ya wis têtulung | nanging sapa sing gêlêm makungkung | yèn matia harak jênênge nglabuhi | uwong cêthil ora urus | wis măngsa bodhoa kono ||

gêni sangsaya murub | êntèk ora ana sing kêkukub | suwe-suwe gêni sirêp nganti mati | wis kêsundhul wayah esuk | akèh wong sing padha nonton ||

wong têka pating grudug | ana kagèt muni anggêr mêtu | dene iki omahe Dèn Karyadèngsi | apa kira bisa mlayu | apa kira mati kobong ||

kobonga mêsthi mambu | ning ya êmbuh yèn wis dadi awu | ah kobonga yèn wong kaya ngono kuwi | aku malah milu sukur | awit ora lumrah uwong ||

sanadyan sugih iku | kobongana ora gêtun aku | wong dhèwèke ora lumrah lan wong urip | tegan anêkêki gurung | yèn potang nyilakani wong ||

biyèn aku wis tau | utang dhuwit dhèk mati anakku | ewadene isih kobêr angandhani | sabubare saka kubur | aja lali bayar kropyok ||

ana uni calêbung | wah saiki wakne Karya iku | tèk-êntekan nadyan têkan para tinggi | mêsthi padha dadi awu | katut dalah lêmut jingklong ||

mangkono kang katêmu | wong kang ora lumrah liyan iku | yèn nêmoni sabab sok ngisin-isini | malah ana anggêguyu | trêkadhangan kêplok bokong ||

sanadyan ngono mau | jênêng luput dene anggêguyu | nanging priye wis lumrah watak wong kuwi | mulane ing saiki mung | wruhana laku sing ngono ||

--- 15 ---

Kucing Mancing

Ana dongèng kang rada angguyokake, jare biyèn kewan-kewan kabèh bae, padha bisa kandhan kaya uwong ngene, wah samono dhèk kuna anèh-anèhe.

Mula biyèn sarupaning kewan-kewan, isih urip ana ngalas panthan-panthan, yèn ing alas gêdhe sing ngratoni macan, ngèngèr uwong kabèh durung sudi doyan.

Yèn bangsaning kewan sing golongan kucing, kêlumrahe akèh padha gêring-gêring, nanging bêcik acancing awake wingwing, eman dene arang bangêt mangan daging. Nanging kabèh biyèn pancèn anèh-anèh, nadyan kucing sing uripe anggaluwèh, yèn kalane mancing iwak bisa olèh, kala-kala nganti tandho-tandho gêrèh.

[Grafik]

Ana kucing kuru wănda kucing desa, bab prakara kurange mangan katara, mula nadyan awak cilik ketok dawa, loking akèh jênênge karan Dawala.

Sabên esuk kulina nyang pinggir kali, kaya bocah dhêmên nganggo kathok klambi, gawane walêsan pancing lan tali, yèn caraning uwong ya golèk rijêki.

Satêkaning pinggir kali angêthêngkrêng, pasêmone antêng sajak kaduk mênêng, nuli mancing napase karo dipêgêng, ora suwe krasa olèh iwak gèncêng.

Bangêt bungah Dawala angguyu: Hah, hah, ana iwak gêdhene têka sahohah, ora ilang rêkasaku olèh brêkah, cukup didum: aku, simbok, bapak, simbah.

Nuli mulih iwak dicancang gumandhul, ati gêdhe nyang dhadha kêrasa jujul, sabên kewan sing wêruh padha anjumbul, athik ana iwak gêdhene saprangkul.

Ing pancène kucing kapenak uripe, nanging banjur ngèngèr uwong ing pamrihe, mung supaya bisa mangan sawarêge, kari nglekar ora tau nyambut gawe.

Kang mangkono kucing banjur dadi kêsèd, gaweane sabên dina plelat-plèlèt, banjur tuman katiban gitik sumêlèt, gulo bocah ngono gambare wong kêsêd.

--- 16 ---

Aja Ugungan

Bocah-bocah, iki ana gambar carane nêtakake bocah ing nagara Gorontalo, bocah sing têtak disandhangi bêcik, pating glêbyar dirêngga mas intên. Mêsthi bae têtakan sing kaya ngono mau iya nganggo pasamuan gêdhèn, nganggo ngulêmi sanak sadulur sing adoh-adoh.

Nanging cara sing kaya ngono kuwi saiki wis suda, bisa uga suwe-suwe malah ilang babarpisan, awit tumrape bocah sing nglakoni rumasa rikuh dhewe, trima ditindakake saprêlune bae.

[Grafik]

Satêmêne ora mung tinêmu ana ing nagara Gorontalo bae, ing ngêndi-êndi iya ana, malah tumrape golongan Jawa rada kêlumrah. Yèn dhèk biyèn bakune wong duwe gawe sing digawe gêdhèn iku, têtakan lan mantu. Carane rêna-rêna, tumrape wong sing kêcukupan utawa priyayi, têtake ana ngomah, diarani ngundang êbong. Ana manèh têtake mênyang panggonaning êbong, lakune sing têtak nganggo diarak reyog utawa liya-liyane.

Tindak sing kaya ngono mau, ana sing tuwuh saka karêping wong tuwa, jare rumasa isin yèn nêtakake bocah mung ringkêsan bae, ora idhêp wêlas mênyang bocah.

Mangkono uga tumrap bocahe, ora kurang sing duwe panjaluk: Aku gêlêm têtak yèn ditanggapake wayang sadina sawêngi. Lan isih ana liya-liyane manèh.

Dene tindak mangkono mau, yèn dipikira dawa mêsthi mung gawe kaborosan. Yèn tumrape sing wis kêcukupan mono ora dadi ngapa, balik wong sing satêmêne rêkasa banjur tumindak mangkono, mêsthine iya andadèkake ora kapenak.

Nanging kaya-kaya tatacara mangkono mau, tinêmune ana ing jaman saiki wis ora pati kêlaku, jalaran saka karêpe bocahe, awit sing akèh-akèh bocahe wis pangajaran, malah ora kurang mung mak sluthu têtak ana panggonaning dhoktêr, rampung.

Dene mungguhing pakolèhe têtak mênyang dhoktêr, ora dikandhakake dawa, ayake bocah-bocah iya wis padha ngrêti, sapisan, nganglangake samar, kapindho gêlis mari.

Bab iki, mungguhing pakolèhe, gêgayutan karo kawarasan kang nyata.

Kapriye ta, bocah-bocah, apa kowe isih arêp ugungan. Yèn têtak kapengin diramèk-ramèkake, nganggo wayangan, nganggo nayuban, lan anjaluk sandhangan sing èèdi[15] pèni. Pikirên sing dawa.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Pakalongan. (kembali)
Tanggal: Ehe: rasa sri pandhitèng rat (AJ 1716). Tahun AJ 1716 jatuh antara tanggal Masehi: 21 September 1789 sampai dengan 10 September 1790. (kembali)
Tanggal: gêni lena sinram janma (S 1403). Tahun Masehi: 1481–2. (kembali)
Tanggal: Akat Kaliwon (Ngahad Kliwon) sakawan (4) Dulkangidah Wawu: atrus ngèsthi rasa tunggil (AJ 1689). Tanggal Masehi: Sabtu 5 Mei 1764. Perbedaan satu hari (Sabtu versus Ngahad) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) [Dulkangidah Wawu]: wadanastha ngrasa tunggal (AJ 1689). Disebutkan bahwa sengkala ini: "nunggil wulan taun wuku" (sama wulan, tahun dan wuku), dan karena hari Kêmis pada wuku Julungpujut jatuh pada tanggal 9, maka tanggal yang dimaksud adalah Kêmis 9 Dulkangidah Wawu AJ 1689 (Kamis 10 Mei 1764). (kembali)
Tanggal: catur janma mêmuji arjaning praja (AJ 1714). Tahun AJ 1714 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Oktober 1787 sampai dengan 1 Oktober 1788. (kembali)
Tanggal: Jimakir: sukcining tyas sabda tuhu (AJ 1774). Tahun AJ 1774 jatuh antara tanggal Masehi: 30 Desember 1845 sampai dengan 18 Desember 1846. (kembali)
Lebih satu suku kata: paringira sri nata. (kembali)
Tanggal: rasa nata pandhitèng rat (AJ 1716). Tahun AJ 1716 jatuh antara tanggal Masehi: 21 September 1789 sampai dengan 10 September 1790. (kembali)
10 Tanggal: rasa sri pandhitèng rat (AJ 1716). Tahun AJ 1716 jatuh antara tanggal Masehi: 21 September 1789 sampai dengan 10 September 1790. (kembali)
11 samukawis. (kembali)
12 ing. (kembali)
13 Motors. (kembali)
14 Minister. (kembali)
15 èdi. (kembali)