Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-27, #651

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-27, #651. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-27, #651. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 01-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 8, 18 Pasa Je 1862, 27 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [145] ---

Ăngka 8, 18 Pasa Je 1862, 27 Januari 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Kawah Ratu

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawangan kawah Ratu, ing rêdi Tangkuban Prau, Priyangan.

--- 146 ---

Lampah-lampah Pasamuwan Jumênêngan Dalêm Nata Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X ing Surakarta Jangkêp 40 Taun.

Ing dintên Kêmis tanggal kaping 12 Siyam Je 1862 utawi tanggal kaping 21 Januari 1932, ing wanci jam 7 enjing sadaya para băngsa Eropah sampun ngalêmpak wontên gupêrnuran. Nanging jalaran saking jawah, wontên panuwunan saking pêpatih dalêm, supados angêntosi, nanging namung sawatawis dangunipun, lajêng bidhal malêbêt dhatêng kadhaton, ingkang lampah-lampahipun kados ingkang sampun kawrat ing sêrat-sêrat kabar. Sasampunipun miyos ing sitinggil, sampeyan dalêm ingkang wicaksana lajêng maringakên bintang-bintang karaton.

Sarampunging prêlu sadaya, sampeyan dalêm ingkang wicaksana lajêng nitih kareta kancana pangirid kapal wolu, têdhak kirap angubêngi praja, mawi upacara kaprabon jangkêp, para ingkang andhèrèkakên, sadaya mèh ngangge oto. Panjanging arak-arakan wontên kalih kilomètêr. Rampunging lampah ngantos jam 3. Mênggah lampah-lampahipun:

Sontên wanci jam 9, ing kadhaton kawontênakên pasamuwan padhayan katawang, miturut katrang,[1] wontênipun padhayan katawang punika namung manawi tingalan dalêm jumênêngan, dene gladhènipun wontên ing dintên Anggara Kasih.

Dene mulabukanipun wontên bêksa katawang wau, cêcariyosanipun makatên: nalika Sinuhun Sultan Agung pêpanggihan kalihan Nyai Rara Kidul, wontên ing sagantên kidul, mawi mêdhar pamanuhara linut ing kidung, inggih punika ingkang lajêng dipun trapakên dados sindhèn katawang, saha dipun bêksani. Ing salajêngipun Sinuhun Sultan Agung karênan sangêt, saha lajêng katelad kagêm padhayan, minăngka pangèngêt-èngêt nalika pêpanggihanipun kalihan Nyai Rara Kidul. Lan tindak padhayan makatên wau kangge sarana manawi Nyai Rara Kidul badhe pêpanggihan.

Ing sapunika gêndhing tuwin bêksan wau lajêng dados wingit, dene patraping gladhèn, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, ngêmungakên wontên ing dintên Anggara Kasih. Makatên ugi ing kalanipun galadhèn utawi gêbyagan, kathah ubarampenipun, kados ta sajèn dhatêng Nyai Rara Kidul, kêkutuk tanpa kèndêl, ngantos dumugi ngawontênakên panganggêb Nyai Rara Kidul wontên ing ngriku. Lan malih dipun awisi sangêt, ing kalanipun anjogam[2] botên kenging sêmbrana, kêdah suci tuwin mawi pêpaès.

Sindhènipun ambarung sêsarêngan jalêr èstri kathah, mawi dipun sêlani pasindhèn èstri piyambak. Wingiting sindhèn wau, tiyang ngantos ajrih ngêcakakên padintênan, sanadyan namung rêngêng-rêngêng pisan. Makatên ugi sawêg bab panuruning bukunipun pasindhèn, ugi kêdah mawi kêkutug, botên liya jalaran kêbêkta saking wingitipun, pancènipun malah botên kenging dipun têdhak.

Ing ngriki prayogi nyariyosakên ing bab tumindaking damêl ngantos dumugi rampunging prêlu namung cêcêkakan, awit tindak ing bab punika kenging dipun [dipu...]

--- 147 ---

[...n] wastani lăngka wontênipun.

Ing dintên Rêbo tanggal 11 Siyam, para pangeran, para abdi dalêm agêng alit ingkang sami nyanggi damêl (ingkang nama abdi dalêm agêng punika wiwit ingkang pangkat bupati), sami tumindak ing damêl, nata palênggahan dalêm bale bukasri (troon) saha kursi-kursi ing sasana sewaka. Wontên ingkang nata palênggahan ing dalêm prabasuyasa (dalêm agêng) tuwin sasana parasêdya. Kajawi punika ugi nata kagungan dalêm găngsa-găngsa, ing salêbêting kadhaton, sajawining kadhaton, ingkang badhe kaungêlakên rintên dalu ing salêbêtipun wontên pahargyan, găngsa sakatèn wontên ing sitinggil, ugi katabuh rintên dalu. Kajawi punika ing margi ingkang badhe kalangkungan wiyos dalêm kirap, ugi dipun tatani găngsa tuwin umbul-umbul bandera rontèk.

[Grafik]

Pamulangan Pamardi Putri, ingkang para muridipun ugi mahargya.

Pangulu dalêm dumugi ing para abdi dalêm mêthakan sadaya, punapadene abdi dalêm juru suranata, sami nindakakên salat kajat.

Ing dintên Kêmis enjing, ing kadhaton pasewakan pêpak, tatanipun sadaya botên beda garêbêgan. Makatên ugi lampah-lampahing miyos sinewaka dhatêng sitinggil kados adat, dipun pêthuk ing tuwan gupêrnur. Sasampunipun lênggah sinewaka wontên ing sewayana, tuwan gupêrnur kundhisi wilujêng dalêm jumênêng 40 taun, dipun urmati drèl, dipun sêlani mriyêm Kyai Swuhbrastha tuwin Kyai Sagarawana. Sasampunipun lajêng bidhal miyos kirap, nitih kareta Kyai Garudha Kancana sakalihan [saka...]

--- 148 ---

[...lihan] tuwan gupêrnur, rakitan kapal Ostrali wolon. Ingkang nunggil sakareta titihan dalêm, Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, saha priyantun dalêm ingkang ngampil kêcohan. Panitih dalêm wontên sangajênging sasana sumewa, miyos ing gladhag, mangalèr, salèr bètèng mangetan, sositèit harmoni mangidul, Baturana mangilèn, Gêmbêlêgan mangalèr, Nonongan mangetan, gladhag mangidul, rawuh ing sasana sumewa, lajêng lênggah sinewaka malih wontên bangsal manguntur tangkil.

Sasampunipun lênggah, lajêng kundhisi: wilujêngipun Sri Bagendha Maharajaputri, ingkang mangandikakakên sampeyan dalêm ingkang wicaksana, 2. wilujêngipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, ingkang mangandikakakên tuwan gupêrnur. 3. wilujêng dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ingkang mangandikakakên tuwan gupêrnur. 4. wilujêngipun tuwan gupêrnur, ingkang mangandikakên sampeyan dalêm ingkang wicaksana. Sadaya mawi dipun urmati mariyêm. Lajêng kasundhul ajêngipun para ingkang sami ngunjukakên kasugêngan dalêm. Wusana jêngkar têdhak ing sasana sewaka malih. Wusana bibaran.

Ing dintên Kêmis wau ingkang nama dintên pahargyan ingkang agêng piyambak. Lan ugi kala sampeyan dalêm ingkang wicaksana têdhak kirap, pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas lênggah ing dalêm prabasuyasa, kaparak para putri dalêm, priyantun dalêm, punapadene abdi dalêm èstri marak kados garêbêg.

Mênggah urut-urutaning lampah nalika têdhak dalêm kirap, ngajêng piyambak titihan pêpatih dalêm, motor utawi karetanipun abdi dalêm bupati jawi lêbêt, abdi dalêm musik, prajurit prawira tamtama, miji pinilih, prawiranom, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar jawi sapanunggilanipun, anjajari jèjèr nyakawan, upacara kasêpuhan, dipun ampil abdi dalêm priyantaka, kapal pandêngan prabot karajan tuwin prabot watangan, gamêlan carabalèn, panèwu mantri lurah bêkêl jajar suranata, prajurit truna kêmbang, upacara kadipatèn, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar gêdhong, ampilan ingkang dipun ampil abdi dalêm kaparak, otobis dipun tumpaki abdi dalêm badhaya ingkang ampil-ampil, motor ingkang dipun titihi priyantun dalêm, ugi ampil-ampil, abdi dalêm musik kadipatèn, èskortê, titihan dalêm kareta Kyai Garudha Kancana, dipun urung-urung abdi dalêm urdênas, tuwin abdi dalêm kaparak pinilih sêsêlingan kalihan abdi dalêm prajurit jayèngastra, èskortê, abdi dalêm musik, prajurit jaya tanantaka, jayasura, trunasura, jagabraja, jagasura, pungkasanipun motor utawi karetanipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, para bandara kangjêng pangeran, tuwan-tuwan amtênar, militèr tuwin tamu sanès-sanèsipun.

Ingkang nama pasamuwan agêng, kajawi pasamuwan ing dalunipun malih, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, inggih ugi nalika paradhênipun abdi dalêm prajurit wontên alun-alun kidul, wontên ing dintên Sabtu tanggal kaping 14 wulan Siyam, sampeyan dalêm ingkang wicaksana miyos mariksani, sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

--- 149 ---

Adêgipun Kabupatèn Adikarta Bawah Dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VII Jangkêp 100 Taun.

Nalika tanggal 23 Dhesèmbêr 1931 ing kitha Watês (Kulonproga) wontên karamean aêng-agêngan,[3] inggih punika amèngêti adêgipun kabupatèn Adikarta jangkêp 100 taun.

Murih para maos sagêd sawatawis gonah ing pundi papanipun kabupatèn Adikarta punika, kula badhe angaturi katrangan sawatawis.

Kabupatèn Adikarta punika kalêbêt bawah rèh Kadipatèn Pakualaman, dumunung ing sakilènipun lèpèn Praga, dene kithanipun Watês.

Kadosdene sampun kadongèngakên ing Kêjawèn, ing wulan Dhesèmbêr kapêngkêr, ing Kadipatèn Pakualaman, inggih ngawontênakên karamean agêng-agêngan, prêlu amèngêti, pangagêng trah kadipangingtèn,[4] inggih punika, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam VII jangkêp 25 taun, ngasta pusaraning praja Pakualaman.

Mila kados sampun jinăngka ing Pangeran ingkang murbèng tuwuh, dene ing wulan wau, bawah dalêm sampeyan dalêm kangjêng gusti, inggih punika rèh Kabupatèn Adikarta, madêgipun jangkêp 100 taun. Ingkang makatên wau andadosakên bingahing sadaya para abdi dalêm santana saha sadaya băngsa Walandi tuwin Tionghwa, ingkang sami dêdunung wontên ing Kabupatèn Adikarta, sami sayuk amèngêti sarta angurmati 100 taunan wau, malah kalêrês ing dintên amèngêti wau, sampeyan dalêm kangjêng gusti sagarwa putra rawuh sacara Officieel sêsarêngan kalihan paduka tuwan gupêrnur saandhahanipun, para amtênar B.B. Walandi, sami mangagêm grutnèn (groot ambtsgewaad).

[Grafik]

Gambar I

Gambar I punika gambaripun nalika sampeyan dalêm kangjêng gusti kalihan paduka tuwan gupêrnur tuwin para tamu agung, lênggah tasi, ing Bale Agung (raad-zaal) Kabupatèn Adikarta, kitha Watês.

Gambar II punika nalika sampeyan dalêm kangjêng gusti ambikak (onthullen) tugu ing kitha Watês, minăngka [mi...]

--- 150 ---

[...năngka] tăndha kaurmatan saha katrêsnan, inggih punika pisungsung saking băngsa Tionghwa ingkang sami dêdunung ing bawah dalêm Kabupatèn Adikarta. (Ingkang katingal ing ngajêng piyambak, saking kiwa manêngên, Tuwan Tan Tjauw Hwat, Wijkmeester ing Watês. Panjênênganipun ingkang Bupati Adikarta, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VII mêntas ambikak tugu, kalihan paduka tuwan gupêrnur Ngayogyakarta).

[Grafik]

Gambar II

[Grafik]

Para maos kados taksih èngêt karangan ing Kajawèn bab gajah, saha ing ngriku nyariyosakên ing bab anggèning gajah rêmên gêgrombolan. Ing nginggil punika wujudipun gajah wanan ingkang nuju gêgrombolan ing tanah Aprikah, dipun gambar saking gêgana.

--- 151 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Tiongkok kalihan Jêpan

Yèn dipun căndraa, kawontênanipun praja Tiongkok tuwin Jêpan ing măngsa punika, kados nagari tinutup ing pêpêtêng, ingkang têtiyangipun sawêg bingung sami pados pêpadhang.

[Grafik]

Saradhadhu băngsa Tionghwa sami numpak sêpur badhe dhatêng Mansuriah

Ing salêbêtipun măngsa ingkang kados makatên punika tumrap wawasaning sanès praja tansah anganggêp damêl kasamaran, awit pikantuking pasulayan ingkang kados makatên punika namung badhe anuwuhakên sabab warni-warni, ingkang wasananipun badhe nyêmpyok adamêl kirang têntrêming donya. Nanging tumrapipun ingkang sami nglampahi, raos kasamaraning sanès wau botên anabêti utawi botên dados pêpèngêt, awit sadaya sampun sami waringutên, upami tiyang kêcèh sampun kalajêng sami kêmbroh.

Manawi mirid agênging nagari, tuwin kathahing têtiyangipun, praja Tiongkok punika kenging dipun wastani botên nguciwani, tur dhasar têtiyangipun ugi sampun majêng-majêng, mila inggih botên anèh anggènipun nêdya madêg, lumuh dipun sawisah[5] ing sanès.

Tumrap praja Jêpan, praja tuwin têtiyangipun, yèn dipun tandhinga kalihan Tiongkok, saèstu botên amapaki. Nanging tumraping praja, bakuning [baku...]

--- 152 ---

[...ning] kasantosanipun botên mawang dhatêng cacah jiwa, nyatanipun saking kasantosaning prajurit. Kacariyos pangudining praja Jêpan dhatêng bab kaprarijutan[6] sampun langkung 50 taun, sinaunipun dhatêng Eropah. Dene pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, prajuritipun dharatan praja Jêpan, pinanggih santosa piyambak ing sajagad, tuwin prajuritipun lautan inggih santosa, nanging taksih wontên ingkang ngawonakên, inggih punika Inggris kalihan Amerikah, saupami pêpêrangan, namung praja kêkalih punika ingkang kadugi ngayoni. Dados têrangipun inggih namung praja kêkalih wau ingkang sagêd angêmbari utawi damêl pakèwêd ingatasing pulitik sajawining praja ingkang kanthi kêkiyataning prajurit.

[Grafik]

Saradhadhu Jêpan nuju jagi wontên ing wana urut margi sêpur

Ing ngriki lajêng katingal, bilih têtandhinganing cara pasulayan, kalih pisan sami gadhah kapitajêngan kasantosan, dados botên kenging dipun wastani botên tandhing, upaminipun Jêpan mênang santosa prajuritipun, nanging Tiongkok mênang balabag.

Sarèhning sadaya wau sami angugêmi kakiyatanipun piyambak-piyambak, mila sadyan[7] Polkênbon tansah ngawontênakên rêmbag amrih rukuning kalih-kalihipun, inggih tansah sabar[8] kemawon, sêdyanipun kalih pisan namung badhe rêrukunan rêmbag saking kajêngipun piyambak, ewadene sêdya wau inggih tansah iyon kemawon. Ing sapunika wontên pawartos, kintên-kintên Tiongkok badhe kadugi ngrêmbag piyambak ing bab pasulayan wau kalihan Jêpan, amargi gêgêntosing paprentahan Tiongkok enggal, inggih punika ingkang anggêntosi Syangkaisèk, sampun asuka margi ing bab rêmbag punika. Kintên-kintên pasulayan wau badhe rampung, nanging tumindakipun kintên-kintên badhe ngênut ingkang santosa, inggih punika Jêpan. Malah Jêpan sampun caluluk, babarpisan botên badhe ngajêngi dhatêng rêmbaging golongan pundi kemawon, ingkang nêdya ngêmori ing bab babagan Jêpan kalihan Tiongkok.

Sanadyan kawontênanipun pawartos ing bab rêmbag katingalipun sampun mapan, nanging gumêlaripun kawontênan pinanggih ngalèr ngidul, wontênipun paprangan tansah pinanggih, tindak para cidra tansah [ta...]

--- 153 ---

[...nsah] tuwuh, malah dèrèng dangu kawartosakên. Nata ing Jêpan dipun cidra ing băngsa Monggul asarana lampah sandi, nanging wilujêng. Makatên ugi ing bab tuwuhipun têtiyang awon ingkang nalabung wontên ing pêpêrangan, tansah pinanggih ing ngrika-ngriki, punika kenging kangge pasaksèn, saupamia latu tansah ngurêng wontên ing nglêbêt.

Ing nginggil sampun nyariyosakên ing bab sulak-sulaking padhamèn, nanging mênggahing nyatanipun ingkang pinanggih papan pasulayan, wadya Jêpan ingkang dipun tindhihi dening Jendral Muro nêmpuh Kaoyang, golongan tiyang awon narambul nêmpuh wadya Tionghwa, wadya Tionghwa kêpêksa angoncati, dening karoban lawan. Malah wadya Jêpan angantêpi sêdya badhe nêmpuh Jehol, tuwin wadya ing Mansuriah dipun dhawuhi dening têtindhihipun, supados ngobrak-abrik wadya Tionghwa ing Mansuriah. Lajênging wartos, parentah Jêpan nêdya botên badhe ngawontênakên rêmbag kalihan Tiongkok, sadèrèngipun sagêd ngobrak-abrik wadya Tionghwa.

Sasampunipun pinanggih kados makatên, Jêpan saya nindakakên mêlaring panguwaosipun, lajêng ngrêbat panguwaosipun Ruslan ing Harbin, ing bab babagan margi sêpur, Jêpan tansah nyukani dêdamêl dhatêng băngsa Rus pêthak, supados adamêl ura-uru ing Harbin. Puyi, inggih punika tilas nata lami, kaangkat dados presidhèn republik ing Mansuriah.

Ing salajêngipun pasulayan taksih rame.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar ulam lodan ingkang pêjah gumlethak wontên sapinggiring sagantên sacêlaking Sampang Madura.

--- 154 ---

Vijfkkamp

Badhe ngrêbat discus salaka

Tuwan Prof. Dr. B.J.O. Schrieke, dhirèktu[9] pangajaran, anyadhiyani satunggiling discus salaka minăngka wiselprijs ing têtandhingan Vijfkamp tumrap pamulangan-pamulangan têngahan ing Jawi Kilèn.

Ingkang kenging tumut dhatêng Vijfkamp wau sawarnining sêkolahan H.B.S., A.M.S., Lyceum, Kweekschool ing Jawi Kilèn, inggih tumrap ingkang gupêrmèn utawi partikêlir, P.H.S. tuwin K.W.S. ing Batawi, Mosvia tuwin T.S. ing Bandhung.

Ing sabên sêkolahan kêdah ngajêngakên sawung 4 ingkang badhe tumut têtandhingan kaping 5, inggih punika: 1 nyawatakên discus. 2. nyawatakên tumbak, mlumpat inggil sarana ngancang-ancangi. 4 malumpat inggil ngangge gèntèr. 5 mlajêng 4x100m. estafette.

Têtandhinganipun ing dalêm sataun badhe kawontênakên sapisan. Ingkang kapisan kawontênakên ing Batawi wontên ing dintên ingkang badhe dipun tamtokakên ing salêbêtipun kuwartal kapisan taun 1932.

Murih ingkang tumut saya kathah, vijfkamp wau botên kawontênakên ing dintên Ngahad.

Grombolaning murid ingkang badhe tumut têtandhingan tumrap satunggal-satunggaling sêkolahan, gumantung wontên dhirèkturing sêkolahan piyambak-piyambak. Dhirèktur wênang nampik murid-murid, botên kenging tumut têtandhingan, ingkang katimbang kirang sae kalakuanipun, utawi kirang srêgêp sinau.

Pranatan-pranatanipun kakintunakên dhatêng para dhirèktur pamulangan ingkang kapratelakakên ing nginggil.

Kajawi punika badhe nindakakên rekadaya, supados waragading têtandhingan wau sagêd mayar, awit waragadipun tamtu botên dipun wontêni dening fonds sêkolahan. Dene rekadaya wau upaminipun nyukani papan pasipêngan lêlahanan ing salêbêtipun têtandhingan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3221 (t.M. Elias) f 3.- punika tumrap kuwartal II lan III.

Lêngganan nomêr 639 (t.M. Kertodiprodjo) f 6.- punika tumrap kuwartal III, IV 1932 lan I, II 1933.

Lêngganan nomêr 2803 (t.R.S. Partoatmodjo) bab kupon punika dede urusanipun Bale Pustaka. Prayogi nyêrêg dhatêng ingkang wajib.

Lêngganan nomêr 3528 (t. Goeroe Podjok). Gambar ingkang wontên ing Kajawèn botên kenging katumbas. Prayogi lêngganan kemawon.

Lêngganan nomêr 3906 (t. Dasoeki) f 6.- sampun kula tampi. Tumrap sêtaun.

Lêngganan nomêr 1180 (t. Hardjodinoto) f 3.- punika tumrap April dumugi Sèptèmbêr '32.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4456 ing Kudus. Gambar ingkang kawrat Kajawèn, punika ingkang andamêl kêlise inggih Kajawèn, cêkap ngintunakên gambaripun kemawon.

--- 155 ---

Darmawisata

Darmawisata dhatêng rêdi Lawu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 6.

Kocapa kănca ingkang satunggal bobrok malih, dados sadaya kapêksa sami kèndêl, dilalah ing sacêlaking pakèndêlan wau wontên sidhatan satunggal, sadaya sami ragi ayêm, awit nitik gasik-gasikipun sidhatan ingkang dhatêng ing Pringgadani. Margi wau sami kula turut. Wah ing ngriku kula rumaos kados dipun pandamêl, awit mak jêgagik dumugi sanginggiling jurang anjulêg, panggenan anggèn kula sami mupakatan nalika sami bingung wau. Ing ngriku kula sadaya sami judhêg malih. Sampun kula cobi ambal-ambalan suka tăndha sêmpritan, manawi wontên bêbaya, nanging tanpa damêl. Kala samantên wiwit kêkês, nanging kula sadaya botên kraos asrêp malah gumrobyos, kabêkta saking bingung, kecalan margi. Dangu-dangu sami manggih margi sidhatan manêngên nanging kêbak larahan. Suwaunipun kula sami botên nyana babarpisan bilih punika margi.

Watawis sapambêngok ing pinggir margi katingal wontên sêkar abrit-abrit, jêbul sêkar ingkang badhe kula pêthik nalika pangkatipun punika. Sarêng sampun têtela punika sidhatan dhatêng Pringgadani, kula sami rumaos adhêm sarta bingah. Dumugi ing Pringgadani sampun jam 6 langkung. Para kănca ingkang sami kantun, sawêg damêl lawang, pancènipun kula sami badhe ngadêgakên palêrêban wontên ing ngriku, nanging kamanah-manah kirang prayogi, awit kabaripun ing ngriku taksih kathah simanipun.

Palêrêban lajêng kula jèrèng wontên salêbêting griya kangge lèmèk tilêm. Sasampunipun lawang dipun kêkahi sarta dipun rut-rut, kula sami nêdha, bibar nêdha kula sami api-api kalihan anggodhog wedang coklat. Ing jawi padhang rêmbulan. Rèhning gêdhègipun pating srowong, dados ing jawi katingal kemawon saking nglêbêt griya. Ing dalu punika botên dipun prênca ingkang jagi, namung manawi nglilir sumêrêp utawi mirêng punapa-punapa kêdah anggugah kancanipun. Sanadyan anggènipun sami tilêm sampun katata salong malang salong mujur, ewasamantên mêksa botên cêkap kangge tiyang 9. Para kănca gêntos-gêntos cangkriman utawi andongèng ingkang lucu-lucu, supados sampun enggal tilêm. Ing wasana sarêng sampun rampung anggènipun cangkriman lajêng lês tilêm sadaya. Kula padpindêr 2 kalihan juru pitêdah margi botên sagêd tilêm-tilêm. Tingipun namung satunggal dumadakan pêjah kanginan. Ing salêbêting griya katingal pêtêng alimêngan, dene ing jawi saya dangu saya padhang.

Ing têngah dalu wontên swara brug-brug saking ing nginggil. Botên dangu gêntos suwara grèt-grèt ing gêdhèg. Kula ingkang taksih sami mêlèk, niling-nilingakên dununging suwara wau kalihan nyêpêng pênthung, jêbul ingkang grat-grèt wau sima anggrauti gêdhèg. Botên dangu sima wau katingal wontên ing sangajênging griya kalihan ambêkta mêmangsan. Kula sami kèndêl kemawon kalihan grayak-grayak anggugahi [anggugah...]

--- 156 ---

[...i] ingkang sami tilêm.

Jam gangsal enjing para kănca mirêng tăndha sasmita sami guragapan tangi, sêsarêngan ambibrah lawang kalihan maspaosakên tapaking sima. Jam wolu enjing sabibaring sarapan, pirantos sampun dipun tata sadaya, kula sami mênyanyi lagu K.B.I. tigang rambahan. Sadèrèngipun pangkat, pèslès sadaya dipun isèni toya sêndhang. Ing Pringgadani wontên sêndhangipun alit, toyanipun kinclong-kinclong sarta anyêp kados ès.

Jam 8.10 pamitan dhatêng sadhèrèk kêkalih ingkang taksih kantun ing ngriku andum wilujêng têrus bidhal mangandhap, nanging botên mêdal marginipun rumiyin. Wontên ing margi botên kocap, ujug-ujug dumugi ing panggenanipun pak kêbayan. Prabot ingkang sami kula titipakên kula têdha sarta têrus lumampah nrajang dhusun Pancod dhatêng ing Grojogan Sèwu. Samargi-margi pinanggih nyonyah saha Walandi ingkang sawêg pinuju tirah wontên ing hotèl Zonneheuvel. Dumugi sajawining dhusun Pancod kula sami pinanggih nyonyah Walandi 2 agêng inggil sami ambêkta têkên, nyariyosi manawi piyambakipun mêntas sumêrêp kêthèk kathah sangêt wontên ing patêgilan. Kula gêntos nyariyosakên lêlampahan kula wontên ing wana. Nyonyah wau ngungun sarta kêpengin badhe sumêrêp ing Pringgadani. Badhe kasambêtan.

Kula siswa R.K. Milo.

Subali.

Tanjungpriuk

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun punggawa-punggawa General Motors ing Tanjungpriuk, nuju kêklêmpakan, angaosi para punggawa têtiyang bumi. Cariyosipun sampun kaandharakên ing obrolan Sêtu ingkang kapêngkêr.

--- 157 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93.

[Sinom]

ngambali prakasih gangsal | ing kangjêng sri narapati | manawi miyos cangkrama | kêkasih sakawan iji | tamtu dhèrèk tan kari | mung Kyai Basari kantun | maligi pasowanan | Sakatèn Maulut Nabi | ing Garêbêg bagda sataun ping tiga ||

tuwin ngabêkti sang nata | manawi nuju marêngi | tanggal nèm ing wulan Sawal | nunggil jêng pangulu kakim | myang para abdi katib | ngulama pradikan dhusun | lan juru suranata | atanapi para khaji | sami nguncus mring sri wijiling wacana ||

[Mijil]

duk ing nguni caritanirèki | jêng sri narakatong | miyos Jumngahan mring Masjid Gêdhe | kaping pitu tanna gothangnèki | sasampunirèki | ambal kaping pitu ||

salajênge amung sabên tèngsi | jêng sri nata miyos | Jumungahan marang Masjid Gêdhe | kaping kalih utawi kaping tri | ajêg sabên tèngsi | kajawi tangadur ||

kawarnaa Kiyai Ripangi |[10] karsèng dalêm katong | tinimbalan yun ingabdèkake | awit apil Kuran ngalim pêkih | mujarobat kabib | mandi suwukipun |

Ki Rapangi padunungannèki | pan udanan dhukoh | karsa dalêm tinanggênahake | rumêksa mring putra kakung putri | wayah buyut abdi | têtêp dadya dhukun ||

Ki Rapangi aslinipun nguni | Pijenan kang dhukoh | lêrêsipun wetan Pasar Gêdhe | ing samangkin patilasan nguni | praja ing Matawis | kang langkung misuwur ||

Ki Rapangi pinaringan bumi | rong jung dhusun Pengkol | sacêlaking Dêlanggu prênahe | ing Kalathèn kabupatènnèki | minăngka têtali | kaabdèkkên ratu ||

tuwin lajêng amisudha malih | jêng sri nata katong | Kyai Imam Sutada namane | turunipun jeng pangulu khakim | Pangran Anom Tapsir | nguni jamanipun ||

Jêng Sinuhun Amangkurat Jawi | parabe sang katong | Jêng Sinuhun Prabu Kang Mandhirèng | Kartasura karaton rad Jawi | wondene ing nguni | jêng pangulu wau ||

Dyan Tumênggung Cakraningrat nami | ing nguni pan dados | bupati ing Sumêdhang nagrine | nuntên antuk sihing sri bupati | pinisudha dadi | wadana pangulu ||

amarêngi jroning taun Jawi | sangkala winiyos: | lir ngumbara ngrasani wanine (1600) | Ki Sutada pinaringan bumi | kalih jung ing Blimbing | pradikan pêlungguh ||

duk rumuhun barakanirèki | punggawa sri katong | Radèn Dêmang Ngurawan jaksane | Dyan Mandraka pêpatihing aji | minăngka campurit | adêging praja gung ||

katrinipun Kyai Imam Tabri | Jatisaba dhepok | kanang bumi kapradikakake | cacah rong jung wiyare kang sabin | Kyai Imam Tabri | kalangkunganipun || Badhe kasambêtan.

Pr.P.

--- 158 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

P.I. ing Sêmarang. Kawartosakên, ing Sêmarang sampun madêg pang Partai Indonesia, dipun pangagêngi dening Tuwan Saruhum.

Pamariksa pitulungan tiyang angguran. Central Comite tumrap tiyang angguran, ngangkat commissaris-commissaris manggèn ing Bêtawi, Sêmarang tuwin Surabaya. Mênggah ancasing sêdya, commissaris 3 wau badhe mariksa dhatêng kawontênaning pitulungan tuwin pambiyantu tumrap dhatêng golongan angguran.

Redacteur Java Bode de Wit dipun tahan. Kajawèn kapêngkêr martosakên, ing bab Tuwan de Wit, redacteur Java Bode ingkang kasêrêg ing prakawis, nanging botên katahan, amargi kadakwa prakawis nyumêrêpi wêwados nagari, dados sanès prakawis bêsêl.

Bab candu. Miturut pawartos, salêbêtipun sataun ing Bêtawi wontên prakawis panêrak ingkang gêgayutan bab candu 202. Paukuman ingkang kadhawahakên ing dakwa, wiwit dhêndha f 2,50 ngantos dumugi paukuman sataun. Gunggunging dhêndhan ingkang dipun tampèni wontên f 7000.-. Kawontênanipun candu ingkang dipun bêskup rêrêgèn f 60.000.- wawrat 1977 tail tuwin 2 kg barang sanès-sanèsipun.

Buli-kuli[11] wangsulan saking tanah sabrang. Kapal Ophir ingkang bidhal saking Bêlawan, ambêkta wangsul kuli kontrak cacah 907 saking Veda tuwin 674 saking Avros, sami badhe kabêkta dhatêng tanah Jawi. Sapêngkêripun punika ngantunakên alih kanthi kapal mirunggan cacah kuli 2053.

Sudagar jampi kacêpêng. Toko jampi gadhahanipun bangsa Armenie ing Surabaya mêntas ngawontênakên lelangan; ing ngriku pulisi andêngangi wontên jampi-jampi ingkang dipun mori morphine, cocaine tuwin heroine. mangka sade barang kados makatên punika kêdah nyuwun palilah dhatêng parentah rumiyin, tuwin sarèhning tiyang wau botên gadhah sêrat palilah, lajêng kasêrêg ing prakawis.

Arta palsu saking Tiongkok. Gêgayutan kalihan bab bangsa Tionghoa ing Pacêt, ingkang kacêpêng prakawis kanggenan talèn arta palsu, ing sapunika kawartosakên malih, wontên tiyang toko bangsa Tinoghoa[12] 2 ingkang kacêpêng, inggih sami kanggenan arta talèn palsu; tiyang ingkang satunggal lajêng ambucali artanipun sadaya dhatêng lèpèn, satunggalipun taksih kanggenan 30.

Ambtenaar têtiga badhe kaajêngakên dhatêng pangadilan. Benjing tanggal 2 Februari punika, Raad van Justitie ing Bêtawi badhe mriksa prakawisipun wêdana ing Sindang (Indramayu) tuwin mantri pulisi ing Sindang. Tiga pisan sami kadakwa nganiaya pasakitan nama Karia, ingkang kadakwa ngoyok ing bawah Indramayu.

Kapal layar Amerika. Ing Surabaya mêntas kadhatêngakên kapal layar Amerika, agêngipun 968 ton, isi tiyang 38. Kapal wau gadhahanipun milionèr Fleischman, ing sapunika salêbêtipun lêlampah angidêri jagat.

Pest ing Surabaya. Ing Surabaya wontên bangsa Tionghoa tukang toko katrajang sêsakit builenpest, dumugi ngajal. Ing sapunika ing Surabaya katêtêpakên wontên sêsakit pest.

Bab kèndêlipun punggawa pagantosan. Miturut pawartosipun Aneta, N.V.V. inggih punika pakêmpalanipun para kaum tunggil damêl, mêntas tampi tilgram, ingkang kakintunakên atas asma dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral, saha dipun titimangsani tanggal 11 wulan punika, ingkang ngêmot dhawuh dalêm Ingkang Wicaksana, bilih ing bab wontênipun punggawa pagantosan cacahipun 800 ingkang dipun kèndêli saking padamêlanipun, samangke taksih wontên ing salêbêtipun urusan.

[Grafik]

Bab kasarasan. Ing pundi-pundi saindênging tanah ngriki, ing pundi papan ingkang rame, mèh sami dipun wontêni griya sakit. Ing nginggil punika gambaripun griya sakit ing Bringin Tiga, tanah Sumatra. Papanipun ing tanah ngriku sakalangkung sakeca.

Mayit kalih pinanggih wontên ing kawahipun rêdi Mêrapi. Sêrat kabar Locomotief martosakên, bilih kala dintên Saptu enjing tanggal 16 Januari ingkang kapêngkêr, Tuwan Petroschewsky, salah satunggiling punggawa, ingkang ngurus babagan rêdi latu, wontên ing kawahipun rêdi Mêrapi sisih wetan, manggih mayit kalih. Mênggah papan gêmlethakipun mayit kalih wau, kintên-kintên wontên 80 m lêbêtipun saking sapinggiripun kawah. Ing sarèhning papan wau wontên ing antawisipun têmbusan kukus ingkang sakêlangkung bêntèr, amila lajêng botên wontên tiyang ingkang sagêd nyakêti. Kintên-kintên mayit kalih punika mayitipun para muridipun Ismail ingkang pinanggih sêratipun, suraos sumêdya badhe ambyur wontên ing kawahipun rêdi Mêrapi.

Rawuhipun Minister Decker. Wontên pawartos, salêbêtipun Minister Decker lalayaran dhatêng Indonesia, dumugi ing Singgapur badhe mriksani motor-motor mabur Marine wontên ing Selantar, Singgapur.

Persdelict Aksi. Wontên pawartos bilih Tuwan Brotokesowo, hoofdredacteur sêrat kabar Aksi ing Ngayogya dipun lapurakên dhatêng ingkang wajib dening Tuwan E.J. Artsen doktêr gêndhis ing pabrik Cebongan; jalaran kakabarakên lêlampahanipun ingkang botên sae kalihan babonipun.

--- 159 ---

Pêjah kurugan. Kawartosakên ing Ngayogya wontên tiyang jalêr 3 èstri 1 sami manggèn ing guwa sapinggiring lèpèn Winanga, sacêlakipun Tungu, sami pêjah kurugan siti longsor jalaran saking jawah.

Kyai Tunggul Wulung. Ing Ngayogya saèstu kalampahan ngarak Kyai Tunggul Wuluing saking kadhaton ngubêngi kitha, tiyang ingkang nggarubyuk ewon.

Anglairakên lare kêmbar tiga. Sêrat kabar Mustika martosakên: satunggiling tiyang èstri, semahipun tiyang nama Abdulfatah, kala malêm Jumuah ingkang kapêngkêr, sampun anglairakên lare jalêr kanthi wilujêng. Enjingipun anglahirakên lare kalih malih sadaya sami jalêr.

Waragad pangajaran. Parentah sampun paring kuwaos dhatêng gupêrnur ing Acèh, nyadhiyani waragad sêkolah tumrap putra-putranipun raja ing tanah Acèh sawêwêngkonipun.

Rawuhipun Minister Deckers ing Tanjungpriok. Kawartosakên benjing rawuhipun Minister Deckers ing Tanjung Priok tanggal 28 wulan punika, dipun papag kajagi dening kumpêni Menado mangangge sarwa agêng, saha dipun urmati muzik lagu Wilhelmus.

Kaluhuran dalêm Nata ing Surakarta. Nyarêngi dhawahing dintên paargyan jumênêngan dalêm nata sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana jangkêp 40 taun, Sampeyan dalêm Ing kumpêni Menado mangangge sarwa agêng, saha dipun urmati muzik lagu Wilhelmus.[13]

Sêkolah doktêr luhur. Tuwan-tuwan M. Juwari, Cilegon, M. Sendrawan, Madiun, Casmir Harahap, Saibu, Tang Eng Dhong, Sêmarang lan M Zakir, Padang sami lulus kandidat examen kapisan ing sêkolahan doktêr luhur ing Bêtawi.

Odènsi. Kawartosakên, benjing dintên Sênèn tanggal 1 Februari jam 9 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe lênggah odènsi wontên ing pura Koningsplein. Sintên ingkang badhe sowan supados ngaturi uninga kados adat sadèrèngipun tanggal 27 wulan punika.

Nyalingkuhakên arta f 4000.-. Wontên pawartos, wêwakil secretaris ingkang anguwaosi sêrat-sêrat aangeteekend Handelsvereeniging ing Surabaya nyalingkuhakên arta f 4000.-.

Pulisi ing Tanjungpriok. Pulisi ing Tanjungpriok mêntas manggih mayit 2 wontên ing lèpèn, sapunika manggihi malih mayit 1 wontên ing lèpèn Kali Mati, tandha-tandha panganiaya botên wontên.

Kpal[14] pêrang Jêpang. Wontên pawartos, benjing tanggal 8 dumugi 10 April ngajêng punika ing tanah ngriki badhe kadhatêngan kapal pêrang saking Jêpang nama: "Iwate" lan "Asma" saha dipun tindhihi Admiraal Shinjiro Imamura. Kapal wau ing satunggal-satunggalipun agêngipun 9000 ton saha wontên mriyêmipun nyêkawan. Kapal pêrang kalih wau wontên officieripun 80, adelborst 220, 24 hoofdonderofficier lan 1221 onderofficier tuwin matrus-matrus.

Ir. Soekarno wontên ing Bêtawi. Kala dintên Jumuah ingkang kapêngkêr, kintên-kintên jam 6 sontên, Ir. Soekarno saking Bandung sampun dumugi ing Bêtawi. Wontên ing ngriku Ir. wau dipun papag dening Tuwan-tuwan Thamrin, Sujadi, Mr. Sartono tuwin Rêksodiputro. Mênggah kathahing tiyang ingkang sami mêthuk wontên ing sêtasiun, botên kirang saking kalih ewonan.

Kasultanan Ngayogya badhe nindakakên pangiridan sayuta. Ing Kasultanan Ngayogya ngawontênakên commissie ingkang dipun pangarsani dening K.P.A.A. Danurêja, pêrlu ngrêmbag ing bab badhe nyuda waragad praja 1 yuta rupiyah.

Kèndêl lêngganan jalaran advertentie. Kawartosakên, jalaran ing Suara Umum mêntas ngêwrat advertentie prakawis Walandi badhe pados wanita tiyang siti kangge jodho, lajêng kathah lêngganan ingkang sami nêdha kèndêl.

Tentoonstelling lurik. Benjing tanggal 28 Januari dumugi tanggal 2 Februari, firma Setia ing Surabaya ngawontênakên Tentoonstelling lurik. Bikakanipun sabên jam 8 dumugi jam 12 siyang, tuwin sontên jam 4.30 dumugi jam 7. Kêjawi punika ugi ngawontênakên sêsorah bab nênun tuwin sanès-sanèsipun.

Kadurjanan ing 's Landkas Surabaya. Wontên punggawa tiyang siti ing 's Landkas Surabaya, gadhah tindak majêngakên arta kêrtas rêrêgèn f 23.000.- ingkang lêrêsipun badhe karisak. dakwa ingkang satunggal ngakên, satunggalipun mukir.

[Grafik]

EROPA.

Grija Moskou karisak. Ing nginggil punika gamabaripun[15] grija ingkang sakêlangkung endah ing Moskou ingkang dipun risak dening Parentah Sovyet, sarana dipun dinamit. Tilas grija wau badhe dipun dêgi gêdhong Congres Sovyet.

--- 160 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

21

[Pangkur]

apa sira tan miyarsa | lamun ingsun nata ambêg prajurit | kang wênang ngêrèh prajamu | mangkya sira kaduga | lumawan mring agunging kawasaningsun | baya sira iku nyata | mrih lara anggege pati ||

sira tan pisan rumasa | lamun sira tuhu trahing wong jirih | dudu turuning linuhung | prawira wani ing prang | aja-aja sira yèn lumawan ingsun | amung dadi sabanyonan | bêcik mundura tumuli ||

samana Prabu Jumêna | duk miyarsa ujar mangkana nuli | mangsuli kanthi gumuyu | sirèku tan rumasa | parikudu ngunggul-unggulakên tutur | mung murih dèn wêdènana | iku tan pisan pakolih ||

ingsun tan prêlu wêwarta | baya sira wus rumasa pribadi | kalamun gonmu lumayu | datan saka prawira | tan lyan amung saking ciliking atimu | kasoran prabawaningwang | prandene maksa kumaki ||

umbak ngunggulakên ucap | wruhanira sun dudu bocah cilik | wêdi dèn gêlari wuwus | ngaku prawira ing prang | apan iku nyata lêlakon ing dangu | kala kaprawiranira | winoran laku duskarti ||

wênang angrêbut nagara | tarlèn saking sinangkan tindak juti | lamun ingsun dahat lumuh | lan dahat ngrasa wirang | nanging sira paksa kudu ngaku-aku | anggung ngambah kautaman | ambungên sikutmu nuli ||

sira bêcik rumasaa | lamun sira mangkya wus praptèng titi | tibaning apêsirèku | kang linakonan gampang | ing pangira ing sapisan iki rampung | kêkuwungira wus oncat | tan darbe cahya narpati ||

mangkya sira arsa apa | ingsun tanggon atadhah sarwa wani | malah ingsun dahat nunggu | mring kasudiranira | lah ta payo pêrang tandhing lawan ingsun | aywa ulah playu sira | kang luwih ngisin-isini ||

Sri Elala ing sakala | kadi supe nalika amiyarsi | netya bang arasa murub | sêrêng kang pangandika | hèh ta sira wong umbak kaduk gumêndhung | lah payo sirarsa apa | ingsun kaduga nuruti ||

sri nata kêkalihira | nulya magut samya anitih èsthi | binusanan abra murub | mawèh eram kang mulat | datan pae kadi janggêlêging gunung | dipăngga tămpa sasmita | wusing tinitihan gusti ||

sakala krodha umêta | ngêmprèt sarwi kang tlale mobat-mabit | kadi minta lawan pupuh | nujah-nujah angrêmpak | kongsi mawèh giris kang samya andulu | wadya samya nisih piyak | tan ana wani nakêti ||

kalih nata sudibya |[16] magut ing prang tan ana nguciwani | sinêmbuh titihanipun | anyandhak ing sasmita | kadi nyakup saosiking gustinipun | rasa mung rinèhing cipta | tumandangira nêrusi ||

singa kang arsa kataman | ing gêgaman cukat dènira nangkis | pangangsêging gajah gapyuk | kuwêl ambelani prang | nanging datan tilar sasmitaning pupuh | yèn kinèn umundur gita | sakala têbih ngoncati ||

kang dipăngga kalihira | datan kêndhat mawas mêngsahing gusti | lamun kalimpe saèstu | tiwas sinaut kêna | nanging anggung ngrêksa tan kêni rinuruh | yèn dipăngga mêngsah nyêlak | tinanggulang sarwa wani ||

kalangkung ing ramenira | kang umulat mung raras anjagohi | mêmuji mrih unggulipun | gustinya sowang-sowang | nanging ing tyas mung asmu giris kalangkung | samar yèn kongsia tiwas | kang samya apêrang tandhing ||

tanapi tandanging gajah | dahat cukat dènira amrih silil | ing kalanira anaut | klebating tlalenira | kadi kilat kumêlap mèh tan kadulu | nanging kang dipăngga mêngsah | datan pêgat mrayitnani ||

kadi ta dipangganira | Sri Elala dahat parigêl trampil | sakala bangkit anaut | ngarah mring Sri Jumêna | wus kalakon kang talale wus mèh tutug | sinabêt talalenipun | Sang Kandhula kang miranti ||

malah tumuli anyêndhal | mring talale mêngsah tinarik wani | Sri Elala mèh kêjlungup | nanging dipangganira | nulya madêg kasudirannya munya sru | kang bantala kadi bêngkah | dipăngga wus ngadêg pulih ||

kang surak ambata rêbah | lan winoran kasamaraning ati | samana dènira pupuh | babag datan kuciwa | kongsi dangu datan asor datan unggul | samya prawira digdaya | sadaya wênang pinilih ||

kocap dènnya mangun yuda | nèng cakêting pura Nurada puri | ramening swara rinungu | saking jroning kadhatyan | miwah lamun kang dipăngga nywara asru | orêg pura kadi bêlah | kang datan tahan anjêrit ||

dangu-dangu dènira prang | Sri Elala kawuryan sêmu nglêntrih | samana Jumêna Prabu | tan pisan kawistara | malah ing prang asêmu karasa wuru | saya sru karosanira | pangangsêgira mêdèni ||

dupi Sri Elala lena | tinaman ing dêdamêl tibèng siti | suwaranira gumêbrug | dipăngga arsa ngrêbat | tinanggulang dening Sang Kandhula ngêsuk | satêmah kang nitih oncat | èsthi rukêt samya èsthi ||

Sri Elala tanpa sambat | kinakahan dening Sang Dyumna mangkin | cinêkak pan tiwas sampun | dening risang Jumêna | gumêr ingkang sêsurak ambata rubuh | nanging winoran duhkita | cêpira arasa tangis ||

myang èsthi titihanira | Sri Elala aran prawata mangkin | uga wus tumêkèng lampus | sirêp nyênyêt sakala | sêmuning kang paprangan sakala mirut | amung isi kasusahan | tan ana titiking jurit ||

wadyanira Sri Elala | dupi uning marang tiwasing gusti | ing sakala tanpa bayu | satêmah srah gêgaman | samya nungkul marang sri nata kang unggul | sadaya wus tinampanan | kalawan sukaning galih || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


katrangan. (kembali)
anjogèd. (kembali)
agêng-agêngan. (kembali)
kadipatèn. (kembali)
sawiyah. (kembali)
kaprajuritan. (kembali)
sanadyan. (kembali)
cabar. (kembali)
dhirèktur. (kembali)
10 Ripangi. (kembali)
11 Kuli-luli. (kembali)
12 Tionghoa. (kembali)
13 Paragraf ini salah cetak. (kembali)
14 Kapal. (kembali)
15 gambaripun. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: kêkalih nata sudibya. (kembali)