Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-30, #664

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-30, #664. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-30, #664. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 26, 22 Dulkangidah Je 1862, 30 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [401] ---

Ăngka 26, 22 Dulkangidah Je 1862, 30 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Têlênging Praja Prancis

[Grafik]

Arc de Triomphe, punika tăndha têtengêr ungguling jurit Prabu Napoleon manggèn ing têlênging praja Paris. Adi eloking griya-griya tuwin margi-margi, cêkap mariksanana ing gambar.

--- 402 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25

Ucap-ucapan ăngka: 23.

Gathutkaca Anggêgana

Radèn Gathutkaca pranyata satriya wirotama, dibya sumbaga sakti sudira ing ayuda, ambêk prasaja, susila prigêl ing parikrama. Ing solah cikat cakut tarampil kaduk noraga. Nanging jatmika antêng singêr kurang pangandika, pasêmone ngêngrêng gumriyêng arêgu. Pasariran berawa sarwa sambada gagah prakosa. Yèn sumiwi marang Endraprastha ngagêm cara satriya, yèn tinangkil ana ing pura Pringgadani ngrasuk busana kaprabon.

Mangkana Radèn Gathutkaca arsa lumawad ngupaya maesa danu satus kang pancal panggung, nanging èmêng ing panggalih, dèrèng prastawa ing dunungan. Pandoning karsa arsa nyuwun pitêdah marang ingkang uwa Rêsi Anoman.

Sakala Radèn Gathutkaca nata busanane, busanane Radèn Gathutkaca sami mawa prabawa pêparinge Sang Hyang Jagat Karana. Apa busanane Gathutkaca: ngagêm gêlung makara cinundha rêngga, jamang mas sungsun tiga tinarètès sotya mulya, kinancing garodha mungkur, sinăngga ing praba. Ngagêm panêtêp sotya ludira, sêkar taji maniking kastuba. Ngagêm sumping ginubah surèngpati, sangsangan ulur-ulur naga karangrang, pênding padaka rêtna mulya, binggêl naga bănda, kêlat bau naga măngsa, kroncong taksaka krura sami kancana sinotya, pamêkak atêbah jaja, uncal kumala agundha bara. Ngagêm calana cindhe jalamprang, kampuh parangrusak kagok, linut kancana drawa, ngumbar kunca ngêndharah yayah laring walang walèri. Sangkêp pangagêmane Radèn Gathutkaca, sarwa sêsotya atap ngèbêki sarira. Ana manik indradi, sotya kastuba, kumala widuri, intêning samudra, jumêrut mirah pakaja. Yèn tinon saking mandrawa busanane Radèn Gathutkaca pating galêbyar pating galêbyur kaya lintang wuluh katrangan ima.

(Ada-ada grêgêt saut)

Samana Radèn Gathutkaca ningsêtakên kawaca, cancut taliwanda, apêkak madya, anêtêpakên jamang. Tandya jênggilêng mulat ing antariksa arsa lumawan ing dirgantara. Gathutkaca yèn mêsat ing gêgana solahe trangginas rikat kaya kilat kêsit kaya thathit, datan pae Sang Hyang Garuda anggayuh gêgana. Samana Radèn Gathutkaca mancat pratala, dêdêl ing kasa,[1] sumêbut mawa prabawa...

(Têrus sampak)

Ucap-ucapan ăngka: 24

Bambang mlampah

Lampahe Radèn Arjuna samarga-marga tansah karya sêngsêming kang mulat. Akèh para janma sami mêmayu muji jaya-jaya. Para wanita sami sêngsêm sêmu kasmaran, wênèh anjêjawat, pasang sêmu sasmita. Akèh solahing janma ngandhêg ngampir-ampir sang lumampah:

Rado-wèn, kula aturi mampir. I, tobil, [to...]

--- 403 ---

[...bil,] tobil, dene prasasat sumêlèt têmên, têka olèhe mlampah anglêr sajak sakeca wae. I, lae-lae, kathik ana wong bagus olèhe mulus lurus sabarang-barange. Rado-wèn, kula aturi mampir, mênika lo, kula ngaturi sêsêgah. I, bok ya krêsa mampir mana. Yèn krêsa tindak ngomahku, tak olahke sing ènêk-ènêk, tak caosi ngunjuk sêgêr-sêgêran sing anylês, tak sawang thok wae nganti sapasar.

(Petruk): Hêm - ngampirake we kok pilih sih, sing kira-kira ora ngêlèh ora ngêlak, ditawani nganti kowak-kawèk. Lah aku iki, wêtêngku kluruk krungu têlung pal, kok ora ana wong ngambus. E - bok ya ana wong ngampirke ngajak madhang mana, tak mangan sing nganti ora eling.

(Garèng:) Sing sudi sapa ngampirke kowe, wong kowe kuwi ora mung drêmba cocot wae, ya drêmja[2] tangan, drêmba mata. Yèn ngêtke memehan nganti ngoli-k.

(Petruk:) Ah, ya bêjane nguwong, ora kêna. Yèn diampirke wong mantu, mbêlèh gong, nggantung kêbo, rak mrêgaya.

(Tiyang èstri:) E - kang dhuwur.

(Petruk:) Hla, napane.

(Tiyang èstri:) Dika mriki.

(Petruk:) Madhang napa, yu -.

(Tiyang èstri:) E, mang mriki, ta. Timba kula kêcêmplung, dika slulupi sing nganti kêcandhak. Wong sampeyan dhuwur, botên susah nganggo ăndha rak geyuk. Ning sing ngati-ati, lo, sabab sumure kêcêmplungan bathang asu. Sokur mang tawokke sisan. Mêngke kula opahi cabe lêmpuyang, napa bendha laos. E -, sawanan agung, dhik, kajênge mundhak rosa. Kula tambahi, ta êmpun, nika, le -, cêmèng kula sing mêntas kêgrujug tir, mang gawa pisan.

[Grafik]

Hla, napane.

(Petruk:) Êlo, botên kon ngêlih lêsung pisan, ta, yu -. ...Hêm - wong iki nèk lagi kojur.

(Garèng:) Mulane aja sok ngarêp-arêp barang sing enak-enak, ora blănja kok arêp nothol, sirmu. Anggêr wong golèk enak, malah kêtlarak.

(Banyolan makatên sapiturutipun).

--- 404 ---

Pawartos Wigatos

Pitedah tuwin Pamrayogi Sawatawis Kangge Jêmaah Haji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24.

Ingkang kakajêngakên: nurutan tuwin botên wontên suwantênipun punika, upaminipun: sanadyan rumaos anindakakên samubarang ingkang botên mêsthinipun, utawi katanggor ing apus-apus, têka awis-awis ingkang gadhah grênjêt lapur utawi nyuwun katêrangan dhatêng para priyantun ingkang kajibah anjagi kawilujênganing para jêmaah.

[Grafik]

Jêmaah-jêmaah haji nuju wontên ing mêsjid Mêkah.

Malah sawênèh bilih kadhawuhan saha dipun mangrêtosakên, rumaosipun kajêlomprongakên utawi kasasarakên, dados dhawuh tuwin parimarma wau kasêpèlèkakên. Beda bilih ingkang cêcriyos punika băngsa Arab.

Ing măngka para priyantun wau anggènipun dêdalêm ing Ejas punika sampun wontên ingkang 10, 15 malah sampun wontên ingkang 20 taunan, kajawi punika pakaryanipun ngêmungakên gêgayutan bab panjagi tuwin pangurus kawilujênganing jêmaah-jêmaah tanah ngriki, dados sêsêrêpan kangge prêluning jêmaah têmtu sampun matêng sayêktos.

Ingkang kathah bilih wontên punapa-punapa lajêng kasidhêm kemawon, sajakipun botên sanès namung sumendhe ing takdir, rumaos bilih sadaya-sadaya punika gêgayutan kalihan niyatipun anêtêpi kuwajiban wau, dados sampun mêsthinipun bilih kalambaran pêrih tuwin pêdhês punika.

Sabab-sababipun pramila botên wontên suwantênipun utawi tansah nurutan punika, punapa binêkta saking kadunungan watak kasatriyan, dados botên badhe sêsambat, utawi punapa pancèn saking kiranging mangrêtos. Sagêd ugi wontên sabab sanèsipun, upaminipun wiwit wontên ing griyanipun piyambak sampun dipun wanti-wanti bilih ing ngrika sanadyana wontên punapa-punapa, botên [botê...]

--- 405 ---

[...n] kenging mobah mosik jalaran mindhak kirang sahipun anggènipun anêtêpi kuwajiban wau, botên sanès, bab punika namung kasumanggakakên para maos. Bilih prêlu, ing têmbe wingking nêdya ngunjuki wuninga ing salugunipun bab panas pêrihipun jêmaah saking tanah ngriki ingkang kabêkta saking nurutan jalaran ajrih tuwin saking enggal-enggal pêrcadosipun dhumatêng băngsa Arab, ing wusananipun ngantos sami nandhang kacingkrangan ing ngrika.

Mangsuli bab kêcingkranganing jêmaah haji wau.

Saking judhêging manah wontên ingkang dados bêbau pawedangan, inggih punika wande ingkang ngêmungakên sade tèh lan kopi, wontên ugi ingkang dados kênèk motor. Sampun têmtu kemawon pambayaripun sakalangkung mirah, jalaran saking kathahing tiyang pribumi ingkang ugi ngupados padamêlan.

Malah wontên malih ingkang bêrah tanpa mawi epahan, sok ugi kasukanan têdha dalah panganggenipun, sawênèh pangupajiwanipun sami misaya ulam sagantên lan sanès-sanèsipun.

Pramila karangan punika kaanggêpa kados sêsêrêpan tuwin pitêdah sawatawis, botên sanès mugi amêwahana awas lan prayitnaning para maos ingkang nêdya badhe anêtêpi kuwajiban, nadyana tindakipun sampun samêkta sayêktos prayogi ngatos-atos sawatawis.

Minăngka panutuping karangan punika kasêbutakên bilih ing sabên taunipun jêmaah haji ingkang sami dhatêng ing Mêkah wau, cacahipun ing nalika taun sae, dados sadèrènging awis arta, wontên dasanan ewon makatên. Cacah jiwa samantên kathahipun punika ingkang onjo piyambak saking tanah ngriki, dene sanès-sanèsipun saking Malakah, Britis Indhiya, Aprikah, Pèrsia, Ègiptê, Maroko lan sapanunggilanipun.

Kadosdene praja Switsêrlan sagolongan agêng pamêdaling tiyang siti saking tiyang lêlana inggih punika tiyang hartawan, tuwin ing Montêkarlo saking dayaning kalokanipun griya ngabotohan, lan ugi kadosdene ing tanah Jawi pangasilaning tiyang siti ing kitha Kudus saking agêng tuwin kathahing pabrik-pabrik sês krètèg, samantên ugi asiling băngsa pribumi Ejas sagolongan agêng kenging kasêbut saking kathahing para jêmaah haji, ingkang sami dhatêng ing sabên taunipun.

Kula pun Nik.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan S. Sugita, ing Kotabumi. Pamundhut panjênêngan sampun dipun kintuni, tumrap buku sanèsipun mundhuta dhatêng toko buku Tan Khoen Swie ing Kêdhiri.

Tuwan A. ing Salatiga. Gambar ingkang kamanah prêlu inggih kapacak, dene gambar kados ingkang panjênêngan cariyosakên punika, kamanah botên prêlu.

Lêngganan nomêr 1734 ing Kêndhal. Mundhuta buku djidwal kemawon, dhatêng Bale Pustaka, rêgi f 0.40.

--- 406 ---

Panglipur Manah

Candraning Nuswantara, Tanah Loh Jinawi

[Dhandhanggula]

Nuswantara rinênggèng artati | mrih tumana tumonton ing cipta | katêtangi pangrasane | myat srining gunung-gunung | wanawasa lêlêmbah miring | wimbaning umbul mudal | tumimbaling êbun | lubèring talaga muncar | pancurating pancuran amănca warni | jro jurang rarejengan ||

angrêmbaka subur karang kitri | palawija mêdal sri kawuryan | sumarambah pananême | anjrah nèng têgal talun | riyu-riyu dinulu wilis | ngalela kanang arga | lumintir tumurun | we narmada sing prabata | andalidir janma jalwèstri kaèksi | tan sumlang pringgèng marga ||

yèn winawas wilêting jaladri | angalela langêning samodra | duk dinulu ing wancine | alun ririh gumulung | kang maruta alon lumaris | èsmu wilis kang ama | nirmala kaalun | slira-sliri kanang palwa | narakarya mèt mina sing jalanidhi | wèh krêtarjaning praja ||

[Grafik]

Untabipun têtiyang misaya ulam wontên ing sagantên.

gumêrahing janma jaman kiyi | yayah karya orêging bawana | mawarna-warna tujune | wit nuju jaman maju | kang jalari raharjèng nagri | junjung drajating băngsa | kang dèn ayun-ayun | kayaparan marganira | kaloking rat nuswantara maratani | têmah tanpa kuciwa ||

Tejasusastra.

--- 407 ---

Nagari Ngamănca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Paprangan Jêpan kalihan Tiongkok kenging dipun wastani gêjag sami angsal tandhing, wadya Jêpan ingkang dhatêng tansah anggili tanpa kêndhat. Sakêdhap wontên pawartos ungguling wadya Tiongkok, sakêdhap malih wontên pawartos gêntos kêsêsêr, nanging mênggahing pêpetangan, Tiongkok kêrêp unggul, kathah tăndha-tăndha prawiranipun wadya Tionghwa. Mênggah wontênipun pawartos telgram sabên dintên tansah ngêwrat pawartos ing bab campuhipun wadya praja kêkalih wau.

Ingkang nama katênggêl dados ajanging paprangan ing wêkdal punika ing praja Syangi, kawontênaning karisakan praja kenging dipun wastani agêng, dene wontênipun pêpêjah sabên dintên lumintu ewon. Miturut pêpetangan ingkang sampun katindakakên manut papriksan, karisakan ingkang jalaran saking bom Jêpan, adamêl kapitunan 15.600.492.71 dholar, papan ingkang tinêmpuh pinetang wontên salêbêting laladan 474 mil pasagi. Kapitunaning rakyat wontên 180.316 dholar, kapitunan griya-griya ingkang sampun awujud jugrugan tembok wontên 314.084 dholar. Wontênipun rakyat ingkang nandhang kasangsaran ing paprangan ingkang jalaran kenging bom, wontên kawan dasa gangsal prêsèn saking gunggungipun têtiyang ing ngriku sadala,[3] ingkang pêjah wontên 6080, tatu 2000 tuwin ical tanpa lari wontên 104.000.

Kawontênan ingkang kados makatên wau anjalari sudaning asil nagari, ngantos malorot kawan dasa prêsèn. Kados punapa pinanggihing karibêdan praja, para maos sagêd manggalih piyambak.

Mirid kawontênan ing golongan Tiongkok, pancèn inggih nandhang kapitunan agêng, nanging kosokwangsulipun tumrap golongan Jêpan ugi botên wontên bedanipun, malah tumrap pawartos saking Jêpan, adêging kabinèt Inukai sampun kirang kiyat, golongan militèr orêg, anyasmitani botên sae, manawi botên kalêrêsan badhe madêg paprentahan militèr ingkang dipun pangagêngi dening Pangeran Sayoni, tamtu kemawon ada-ada punika atêgês damêl ringkihing paprentahan praja.

Tumrap kêkêncênganing Jendral Caiting Kai, mratelakakên bilih wadyabala Tionghwa sampun dipun dhawuhi supados nyantosani barisanipun, ngêntosi karampunganing pamupakatan. Dene manawi bab punika botên wontên kawusananipun, ingkang adamêl pamarêm, badhe anglajêngakên rêrêmpon, inggih badhe kadospundi kemawon.

Prajurit ingkang sampun wuru ing paprangan, pancèn angèl dipun undurakên, malah nate wontên rêmbaging pangagêng băngsa Tionghwa, mirêmbagi dhatêng prajuritipun badhe padhamèn kalihan mêngsah. Bab wau dipun wangsuli dening karerehan, manawi pangagêng wau nêdya rukun kalihan mêngsah, dipun lampahana piyambak, para karerehan nêdya angantêpi tekad, pêjah wontên ing prang wutah rahipun ingkang nêtyani. Samantên kêkiyataning manah ingkang sampun kabranang.

--- 408 ---

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng tandanging wadya Tionghwa golongan 19, punika têtungguling barisan Tiongkok, ngantos dipun wastani prajurit waja. Mênggah kasantosan tuwin kawantêranipun wadya golongan 19 wau pancèn anggêgirisi, panglawanipun dhatêng mêngsah tumindak kanthi kaprayitnan, kêrêp sagêd adamêl kapitunaning mêngsah. Inggih wadya golongan 19 punika ingkang têtela katingal kalangkunganipun, sagêd nanggulangi tuwin mangsulakên mêngsah sayêktos. Nanging kauningana, kapitunanipun inggih botên sakêdhik. Mênggah têrangipun, kacariyos wadya wau wontên 28.000, kalêbêt golongan warni-warni, kathah para sêtudhènipun, dene cacah samantên wau, pinanggihipun kantun prajurit 8000, sanèsipun sami tiwas tuwin nandhang tatu. Namung wohing campuh sagêd adamêl unduring mêngsah ugi kanthi tilar pêpêjah tanpa wicalan, dados têtêp taksih nama unggul.

[Grafik]

Barisaning saradhadhu lautan Jêpan ingkang nuju dhatêng ing Sanghai.

Nanging lêlampahan punika manawi kêdah rame ing salêbêtipun golonganipun piyambak, inggih sampun dilalah, ing sapunika ing golongan Tiongkok wontên tuwuh pasulayanipun pangagêng sami pangagêng, Jendral Dhang Suwèh Liyang pasulayan kalihan Jendral Yèn Sisan tuwin Jendral Pang Yu Siyang pasulayan kalihan Jendral Siyang Kai Sèk, tansah kêdah campuh kemawon. Manawi kalampahan dados campuh, wadya Tilongkok[4] tamtu badhe dados ringkih.

Dipun êntosi kemawon badhe kadospundi kadadosanipun, ngrika-ngriki têka sami mêngku mêmala wontên salêbêting badanipun piyambak.

--- 409 ---

Mijil Gurèh

[Mijil]

Pakne Kênthus mêmpêng nêmbang mijil | karo jithêt kathok | linggih ngambèn jegang sèndhèn dhèglèg | pangriptaning têmbung sugih Kawi | pengkalane nrithik | thag-thêg gathuk nuthuk ||

kang rinipta sajroning pangrêpi | ngrumpaka wong dodol | sêga pêcêl bongko sambêl wijèn | lan cênggèrèng urang tahu têrik | gêrèh pèthèk blênyik | ngene gone ngidung ||

sêganira setanira yèki | akadya bang mênor | apramila arasanya gurèh | janganannya asamya mawilis | sambêlnya jêmpêrit | têrasi akaduk ||

cênggrèng urang kyèh nyat lung pnak sru kring | smunya wus tar pewoh | ywan dèn plok gya jro cangkêm krasa lwèh | dyan wak triknya wus tuk jnêng nak yèki | de blênyiknya yêkti | lit-lit sin sawastu ||

grèh pèthèknya sawastu dahat sin | tar mawa kang dudoh | kontra masmu menginke tinitèk | wangsonira kaptya ngong ywan mèksi | jatinira pengin | mrih bangkit kalakun ||

kyating tyas gya parasdya ngicipi | punang blênyik munggoh | dadya wignya mangkya wrin rasane | tuhu kêni kinarya nêrusi | kanang grèh myang blênyik | tar manggung pasêmun ||

bongkonira sawastu sing gudhi | myang klapa kinukos | winungkus ron rodamala kiye | kontra wignya amungkusi wibi | kang dol pêcêl yêkti | bangkitnya satuhu ||

sumarminya mangkya ywan ngêdoli | unggyannya amincok | ywan winawis kontra datar wigèh | kadya-kadya duk lagya trap biting | rikang bongko yèki | sawastu kadyèku ||

ing samangkya samya samyèng janmi | bok dol pêcêl rêko | sru kapatya lwih sing sasamyane | jatinira wignyanya sayêkti | ywan tan bangkit yèki | sawastu kabêndun ||

kang binudya samangkya wit dhihin | datar lèn ginayoh | kaptya ngantya-antya bêbathyan kyèh | akapatya pinudya mrêdya ring | mugya wignya wèh dhwit | pratmaja sawastu ||

yeka wibi kang dol pêcêl nênggih | idêrnya trut kampong | kyèh pra samya kanang utang blênyèk | kang tang blênyik wèntên boya yêkti | pambayarnya wuri | wus lumrah wong idhup ||

pan wus titi nujwa sajuga ri | ping rong pluh ngat rêko | mrêt tinêngran sasra lwihnya kiye | nawa atus ing tri dasa kadwi | angnetra sumilir | ing wiwara tuhu ||

Pun Wija.

Priyantun ingkang ngarang punika kalêbêt ing golongan onjo ing bab nyêkarakên, nanging ing karangan punika adamêl gagrag ingkang nganèh-anèhi, pangikêting ukara kadamêl pating brênggèl. Nanging sarèhning sarjana, karanganipun tamtu mêngku kajêng wigatos.

Tumrapipun para maos Kajawèn, kados dèrèng tamtu mangrêtos. Namung wontên emanipun, pasêmon ingkang namung dipun mangrêtosi dening ingkang ngarang piyambak, sok nuwuhakên kêlintu sêrêping liyan, ingkang pancènipun dados sirikaning sarjana. Ewadene sarèhning lêrês punika botên wontên ingkang ngungkuli lêrêsing pamanggihipun piyambak, namung kasumanggakakên para maos. Ewadene manawi wontên ingkang rumaos kataman suraosing karangan punika, kaanggêpa botên wontên kemawon.

Red.

--- 410 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 25)

[Asmaradana]

dhumatêng rowangingrèki |[5] kănca bau ayo mangkat | nanging alon-alon bae | kyai dimène sakeca | nitih tanthu[6] tan gograg | kang tandhu sigra pinikul | lon-lonan dènnya lumampah ||

wus mijil gapura masjid | lajêng byar salin sawangan | katingal lun-alun êlèr | nagari ing Surakarta | para bau kang ngrêmbat | sakalangkung dènnya ngungun | tan pêgat mangalêmbana ||

[Mêgatruh]

Kyai Bagus Jamsari ngandika arum | dhuh lurah bau nagari | amrih kapenaking laku | mêdal Cayudan ing margi | nêkuk ngidul lajêng anjog ||

ing Gêmblêgan lajêng nêkuk ngulon têrus | nyuda têbih sawatawis | kapala bau umatur | nuwun sandika kiyai | tandhu lumaksana alon ||

lampahipun datan kawarti ing ênu | ing Jamsarèn sampun prapti | lon-lonan nyèlèhkên tandhu | wontên ngajênging pandhapi | kyai mandhap alon-alon ||

lan ngandika dhumatêng kapala bau | lurah bau ing nagari | sampeyan mangke mang lapur | têng sowanan sri manganti | mring priyagung ingkang caos ||

lan ngaturna gih niku sal-angsalipun | pace sukun Glagahwangi | katêlu widara pingul | parijatha kapatnèki | konjuk ing jêng sang akatong ||

kula sampun kautus kangjêng sinuhun | Jumngahan mring Dêmak masjid | ing lampah sami rahayu | ngantos wangsul mring nagari | tan wontên kang karya ewoh ||

salam tangat sungkêm kula ugi konjuk | ing pada dalêm sang aji | kapala bau lon matur | sandika dhawuh kiyai | kula kalilana bodhol ||

Ki Jamsari alon pangandikanipun | mangke kèndêla kariyin | karingête dimèn atus | lan ajêng kula sukani | wedang sêkul sarta lawoh ||

saontêne sampun ngangge rikah-rikuh | kyai gya malbèng jro panti | wêwarti mring semahipun | supados anyadhiyani | Nyi Jamsari gupoh-gupoh ||

nyadhiyani wedang panganan lan sêkul | pêpak lêlawuhannèki | sampun lumadi sadarum | kyai myang nyai nabda ris | dhuh-dhuh kănca ampun ewoh ||

anêdhaa napa èntêne ing ngriku | kapala bau gya bukti | sarowangipun akêmbul | sasampuning sami bukti | kyai angandika alon ||

kănca lurah bau ro sadaya niku | saniki kula lilani | dhatêng sri manganti lapur | lan êngga kula sukani | dhuwit minăngka pasangon ||

kèhing dhuwit salawe rupyah mang êdum | lan kănca bau kang wradin | lowung kangge tambal butuh | kula niki mung sadarmi | kangge lantaran kemawon ||

satêmêne kang paring Hyang Maha Agung | kang murba masesèng dasih | wondene kula sadarum | sami kawulaning Widhi | rina wêngi mung nyênyadhong ||

pangapura ring luput kang wus kapungkur | lan nyadhang nugrahèng Widhi | Nyai Jamsari sumambung | dhuh sanak bau nagari | kang nêmbe sami rêkaos || Badhe kasambêtan.

Pr. P.

--- 411 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

II.

Garèng : Ora, Truk, lagi dina Sabtu kang kapungkur, kowe ngomongake, jarene sajêrone jaman bingung kiyi, prêlu padha ngrêmbug ing bab tatakrama. Wah, Truk, iki aku pancèn iya mupakat bangêt, ing jaman kaya ngene kiye, bisa lan grêti nyang tatakrama kuwi, pancèn iya ora ngêmungake prêlu bangêt, malah gêdhe pigunane. Tandhane aku kiyi bae, barêng saiki aku gêlêm nindakake têmênan tatakramaku: sanadyan andina-dina prasasat ora tau nyang ngomah, iya ora tau kapiran. Kaya ta: yèn aku sănja nyang dalême mas Arja, sing biasane blang-blêng sakêpenake dhewe, ing sarèhning lagi ana ing sajêroning jaman bingung mêngkene, iya banjur tak pigunakake tatakramaku, iya iku mangkene: ana ing latar adoh capingku wis tak bukak, lakuku thik nganggo mundhuk-mundhuk, nèk wis cêdhak ing ngomah, banjur nyuwara: kula nuwun, punapa mas Bèi Arja wontên dalêm. Apa manèh nèk sing kagungan dalêm wis miyos, sanadyan maune mung: sa, so, bae, saiki mêsthi nganggo aturan, oraa basa, calathune mêsthi a... lus: wèh, mas Arja, kok kadingarèn nyang dalêm, tak arani lagi tindak-tindak, dadi anggonku sowan ora kêcêlik. Lo, kuwi saka andhap asorku kiyi, dadi saka anggonku ngrêti nyang tatakrama kiyi, suguhane iya anggantêr bae...

[Grafik]

Petruk : Nèk caramu sing kaya ngono kuwi pancèn iya alus, nanging iya aluse... wong ngêmis, dupèh jamane lagi mlèsèt mêngkene, tandang-tanduke nyang kancane banjur andadak diowahi, [di...]

--- 412 ---

[...owahi,] mung prêlune bèn olèh jablogan, yak, nèk kaya ngono kuwi ora kêna diarani: tatakrama, nanging mas ngantèn: nistha. Karo manèh sing tak karêpake jaman bingung, kuwi sing bingung dudu wêtênge sabab dening padha jès bèn, bab kiyi ora niyat arêp tak rêmbug manèh, rasaning pikirku wis jêlèh bosên. Nanging sing tak arani jaman bingung, yaiku bingunge uwong anggone arêp padha ngudi nyang kamajuan, têgêse: nyang kapintêran lan kautamaning wong ngaurip. Sabab, Kang Garèng, kaya-kaya kowe dhewe rak iya wêruh, yèn ing jaman saiki kiyi wong pintêr pancèn iya wis bal-balan têmênan, nanging apa wong-wong sing diarani pintêr mau padha ngrêti nyang tatakrama, hka kiyi cara santrine: wallahuallam.

Garèng : Cocog, Truk, wong aku dhewe iya wis kêrêp mrangguli, jarene wêton pamulangan: H.B.S. (H.B.S.) malah wis ngicipi nang pamulangan luhur barang, ewadene tandang-tanduke mèh sausap karo sêtudhèn... angon kêbo. Hla, pikirên bae, ta Truk, wong lagi ngadhêpi wong tuwane, lungguhe ana ing kursi wis tumpang dhêngkul, thik nganggo èdhèk manèh. Apa manèh nèk krungu unining gramopun, andadak banjur suwat-suwit karo pacak gulu rèntèng, têgêse: gela-gelo sing ora ana lèrèn-lèrène kae. Hara, ingatase wêton: H.B.S. rak wis kêna diarani: wong pintêr, ta, nanging bokmanawa iya saka pintêre mau, ing wusana tatakramane banjur... dibêsènêh.

Petruk : Wiyah, kok le ora mèmpêr mêngkono, ana tatakrama kok dibêsènêh. Kang Garèng, sanyatane yèn ana wong nonoman pintêr, nanging ora ngrêti nyang tatakrama, kuwi sing wajib disalahake pancène dudu si nonoman mau, nanging wong tuwane. Awit sing wajib mulang tatakrama kuwi wong tuwane. Aja kok wong tuwa mung naliti rêpotane sakolahan bae, dupèh bijine anake wolu sanga bae, banjur apa-apa dijorna, iya arêpa: anjungkir walik, klintongan, kloyongan, dalasan arêpa: pring padha pring...

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, aku kok rada lali cara Mlayune, mungguh karêpmu: pring padha pring kuwi kêpriye. Kaya-kaya nèk aku ora kaliru, kuwi rak bangsane: sontoloyo, grompol thèk barang kae, dadi jênênging gêndhing, ana kok banjur kok cakake nyang tindak lakune: anaking uwong.

Petruk : Pancèn iya jênênging gêndhing. Tumraping wong tayuban upamane, yèn sing bêksa wis mundhuti gêndhing pring padha pring, kêna diunèkake ora ana sarusikune, wong iya pring padha pring, thuthuk-thuthukna kae wong iya mung pring karo pring, rak ora dadi ngapa, ta. Mêngkono uga tumrape wong tayuban, sing jogèd karo warangganane kuwi arêpa kêpriya-kêpriye kae rak iya ora dadi ngapa, wong iya pring padha pring, alias: kulit sama kulit, tidhak jadhi apah, sèh...

Garèng : We, hla, têngik têmênan, dadi gênahe kowe kuwi nyêmoni wong tuwa anggone ngêjorake carane sêsrawungan para nonoman [no...]

--- 413 ---

[...noman] jaman saiki, anggone lanang karo wadon bisa sêsrawungan kalayan sasêkecaniranèki. O, hla wong endah-endah bangsane kolot, ora ngrêti nyang jaman modhèrên kiyi, tur awake dhewe wis ora bisa nglakoni manèh. Saka anggone munggah mêdhun kalamênjinge nèk nyawang sêsrawungan sing ngrêsêpake mau, lan awake dhewe wis kêtuwan arêp mèlu-mèlu, saikine banjur main nacad bae, ngono kuwi: saru mênggala, nèk ngene: saru dijaya, nèk mêngkono: saru diningrat, wèh, iya mung arêp nacadi bae. Nanging, Truk, ora bab kiyi sing lagi dirêmbug, nanging bab: tatakrama. Mara, andharna dhisik mungguh sing diarani: tatakrama kuwi.

Petruk : Kang Garèng, tatakrama kuwi sing baku ana loro, yaiku tatakrama batin, lan tatakrama lair.

Garèng : Wis ngrêti aku, Truk, nèk sing diarani: tatakrama batin kuwi, yaiku: wong sing nandukake tatakramane nganti tumêka ing batin têmênan, dudu sing laire nyêmbah sedhokan tanpa ana lèrèn-lèrène, nanging ing batin marang wong sing disêmbah mau anggrundêl mêngkene: disambêr gêlap ping pitu likur dhur-dhuran, wis wandamu kaya brutuning pitik tukung, kathik angêcuwis bae.

Petruk :O, hla salah wèsêl sing nganti saêpos, Kang Garèng, ora mêngkono mungguh karêpe tatakrama batin kuwi. Liya dina bae tak têrangake sing nganti talêsih, saiki rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik.

Oto Bale Pustaka

[Grafik]

Oto panyadenipun buku Bale Pustaka nuju wontên ing Medhan, Sumatra Wetan.

--- 414 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Commissie Ekonomi. Kawartosakên, Tuwan C.W. Bodenhousen, vice-president Raad van Indie, kèndêl anggènipun jumênêng dados pangarsa Commissie Ekonomi, kanthi angsal pangalêmbana saking nagari. Dene ingkang gumantos R.A.A.A. Jayadiningrat, warga commissie wau tuwin warga Raad van Indie.

Pangiritan ing S.S. Kawartosakên, S.S. badhe nindakakên pangiritan, ingkang kintên-kintên angsal-angsalanipun langkung saking 5 ton. Pangiritan wau sarana badhe ngrikatakên lampahing sêpur kilat, ingkang dhatêngipun ing Surabaya kasuda 42 mênit, dene ingkang dhatêng Bêtawi kasuda 34 mênit. Wontên sêtatsiun 17 kadadosakên stoplaats, satunggal kadadosakên sêtatsiun. Sêpur Kalisat-Panarukan kadadosakên tram, punika sagêd nyuda 1/2 ton.

Angsal-angsalaning pangiritan wau inggih nama lumayan.

Pandung kajêng jatos. Ing Gunungkidul, Ngayogya wontên pandung kajêng jatos kadênangan dening jagi wana, pandung sami bibar, wusana wontên ingkang kacêpêng, cacah tiyang 26, sarêng kaladosakên dhatêng pangadilan kaukum ngawan wêlas dintên.

Sami-sami kadurjanan, durjana kajêng jatos punika manawi kapêngkok sakêlangkung nyamari, jalaran kêpapagipun wontên ing wana, sok lajêng nekad. Nanging mênggah wosipun, anggèning nekad wau botên liya namung jalaran prakawis pados têdha.

Dipun kunjara jalaran nyalingkuhakên arta f 275.-. Kawartosakên, juru sêrat wêdana ing Cililin ingkang ngrangkêp hulpostcommies, katahan ing pakunjaran jalaran nyalingkuhakên arta postwissel gunggung f 275.-.

Sami-sami padamêlan nyêpêng arta, punika kagolong angèl, angèlipun wau jalaran pêpindhanipun kados cowuk-cawuk madu, dangu-dangu tamtu gupak, botên lajêng wisuh, malah dipun dilat. Mila para ingkang kawajiban ing damêl babagan wau kacakêtana ing èngêt.

Ing bab mrajaya guru wanita ing Salatiga. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, guru wanita ing Salatiga, ingkang dipun prajaya dening jongos, punika sanès guru ing H.I.S. nanging ing H.C.S. ingkang kaprajaya nama Nyonyah Joa Hok Kay, ingkang mrajaya nama Suratman, saha lajêng suduk salira piyambak. Ing sapunika Nyonyah Joa taksih dipun upakara wontên ing griya sakit. Mirit anggèning tiyang ingkang mrajaya suduk salira, kados-kados sampun ngrumaosi dhatêng kalêpatanipun, nanging samantên punika namung tuwuh saking pangintên.

Usul basa Indonesia (Mêlayu) benjing congres B.O. Kawartosakên, pang B.O. Sêmarang badhe usul wontên congres B.O. ing Surakarta benjing Mèi ngajêng punika. Supados warganing raad golongan B.O. ing sabên parêpatan nganggea basa Indonesia.

Manawi usul punika sagêd kasêmbadan, basa Indonesia manggih kamajêngan.

Ngêncêngkên pajagèn. Pangrèh praja ing Imagiri, Ngayogya, nindakakên kêncênging pajagèn, ing sabên dintên papan-papan ingkang sêpên kêdah dipun sambangi, manawi dalu tiyang rondha tansah mubêng. Wontênipun tindak kêncêng makatên punika amargi ing mangsa punika ing bawah Ngayogya sakalangkung rêsah, begal sêbrot botên pilih wanci, ngantos damêl kasamaranipun tiyang lumampah.

Pinanggihipun wontên ing mangsa punika tiyang tansah nyamarakên dhatêng tuwuhing tindak rêsah ingkang jalaran saking jaman malèsèt, dados tuwuhing rêrêsah punika sampun nocogi kados raos pangintêning ngakathah. Pinuji sirêpipun kemawon.

Jaarmark Surabaya. Kawartosakên, jaarmarkt ing Surabaya sampun anêtêpakên, ing taun punika botên kawontênakên, amargi nuju mangsa kados makatên.

Manawi makatên Jaarmark ing Surabaya ing taun punika kawon kalihan Pasar Gambir, awit Pasar Gambir lêstantun tanpa sambekala.

Mitulungi golongan angguran. Saking rekadayanipun para anèm, ing Imagiri, Ngayogya, ngêdêgakên pakêmpalan ingkang sêdyanipun badhe nulungi para angguran, sarana ngêdêgakên tukang cukur, tukang blangko tuwin grêji, ngiras kangge ngajari dhatêng warga sanès-sanèsipun ingkang dèrèng sagêd.

Tuwuhing manah nêdya rukun, mugi nêrusana dipun tampi ing para angguran kanthi gambiraning manah, sarta manggiha wohipun.

Nyuwun pasitèn. Ing rêdi Walat, Sukabumi, rumiyin wontên pasitèn jêmbaripun 1000 bau, ingkang kala ing taun 1921 tuwin 1922 kapasrahakên dhatêng têtiyang kanan keringipun ngriku, salajêngipun dipun garap. Siti wau wusananipun dipun jabêl saking ingkang anggarap, kadadosakên wana tutupan. Ing sapunika têtiyang ing ngriku badhe nyuwun wangsuling siti wau malih, dene ingkang kangge wêwaton, sapisan jalaran saking jaman kados makatên, kathah ingkang sami kêkirangan; kaping kalihipun, wana tutupan punika damêl kapitunanipun ngakathah, awit kathah kêthèk tuwin andhapanipun sami ngrêrisak tanêman.

Rekadaya kados makatên punika wohipun kadospundi, dèrèng kasumurupan.

--- 415 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

1. Tuwuhing Katrêsnan

4.

Nonah Dhorah lajêng mangsuli sajak ngêgèt: Iya, iya, sesuk tak rana karo Dèn Ajêng Nar.

Lo, aja. Kowe dhewe bae.

O, Su, kowe kudu ngrêksa gunêming wong liya. Apa kowe lali mênyang gunêmku mau.

Ah, Dhorah, uwong ing nagara kene kabèh rak wis padha wêruh mênyang anggonku sêsrawungan karo kowe, malah wis wiwit dhèk kowe lan aku isih padha bocah pisan, apa kang bakal kopakewuhake. Wah manèh anggonmu ana kutha kene mung kari limang dina, apa kowe ora bakal mênyang ing omahku. Dhorah, kowe aja pakewuh, anaku ngomah karo ibuku. Sesuk sore jam lima ya: Dhorah.

Nonah Dhorah mangsuli kalihan narik napas landhung: Ya... bêcik.

Ing ngriku Radèn Sumarta lêga ing manah, lajêng nyandhak tanganipun Nonah Dhorah, drijinipun ingkang mucuk ri lajêng dipun candhak saha dipun rêmêt sarosanipun kalihan wicantên: Dhuh jiwaku.

Nonah Dhorah anjêlèh kados nêpsu, nanging linut ing èsêm: Atho, atho. Aja sêmbrana kowe, iki rak ana pinggir dalan gêdhe.

Aja lali, sesuk jam lima: lo, Dhorah.

2. Bapa lan anak.

Bapakipun Nonah Dhorah punika băngsa Prancis, nama Tuwan Be, rumiyin dados arsitèk, sapunika sampun pènsiun. Sarêng sampun diwasa, gêsangipun rêmên miyambak. Tuwan wau kala rumiyin bojonipun tiyang Jawi, sampun dipun kawin wontên ing grija, dipun sêbut nyonyah. Sangajaling bojo, lajêng botên purun momoran tiyang sanès, botên nate sănja dhatêng griyaning tiyang, nanging manawi wontên tiyang ingkang dhatêng ing griyanipun, sanadyan botên rêna, inggih dipun tampèni, tindak kados makatên punika sampun dados adatipun tiyang Prancis.

Kasênênganipun Tuwan Be punika ambêbujêng. Sanadyan sampun ngumur 60 taun, taksih kadugi ngambah wana ingkang agêng-agêng, minggah rêdi ingkang inggil-inggil, makatên ugi mandhap ing jurang lêbêt. Manawi tuwan wau sampun asikêp sanjatanipun rèpêtir, botên ajrih papagan kalihan sima tuwin kewan galak sanès-sanèsipun. Ing samăngsa wontên sanjata mungêl, sampun tamtu angsal gotongan. Dene ingkang dados karêmênanipun ambêbêdhag sima, manawi ambêbêdhag, antukipun gumantung satêlasing sangu. Tur tamtu angsal damêl.

Wacucaling sima wau lajêng dipun pe, saha salajêngipun dipun jantoni jampi ingkang andadosakên prayogi, ingkang kadamêl wados. Sasampunipun garing, lajêng dipun lêbêtakên dhatêng pêthi, kakintunakên dhatêng Paris, murih dipun rêsiki. Sawangsulipun, wacucal wau sampun dados padagangan, dipun kintunakên dhatêng pundi-pundi. Inggih tindakipun makatên punika ingkang andadosakên wêwahing panggêsanganipun. Dene panggêsanganipun wau namung maligi kangge maragadi anakipun inggih punika Nonah Dhorah.

Nalika Nonah Dhorah dipun tilar ngajal biyungipun sawêg ngumur 6 taun. Kala samantên Tuwan Be taksih dados arsitèk.

Nalika Nonah Dhorah tamat saking pamulangan andhap, lajêng dipun kintunakên dhatêng Batawi, nglajêngakên sinau malih, manggèn wontên ing griya pamondhokan lare èstri ing Salêmbah, amargi botên gadhah sanak wontên ing Batawi.

Kala samantên manahipun Tuwan Be prihatos sangêt, amargi botên tega nilar nagari S ingkang dados dununging kuburipun ingkang èstri, lan malih nagari wau nama nagari wutah rahipun ingkang èstri, piyambakipun kêpêksa tumut anrêsnani. Kesahipun saking Prancis kala rumiyin, pancèn nêdya oncat, amargi sakit ing manah. Kawontênanipun nagari Eropah sampun botên nênarik manahipun. Nanging ing kala punika ugi rumaos awrat anggèning badhe pêpisahan kalihan anak, awit sênênging gêsangipun namung kalihan anak, ingkang namung satunggal thil punika.

Nanging ing bab sêkolahing anakipun, kêdah dipun tindakakên, lan kêdah milih sêkolahan ingkang pantês. Pamanggihipun Tuwan Be, ing bab băndha têtilaran, punika tumraping anak botên badhe tumănja punapa-punapa. Dene ingkang wigatos, anak punika kêdah angsal wulangan kawruh ingkang ngantos inggil, punika ingkang badhe dados sarana sangu gêsang. Sampun ngantos bapa dipun têtah ing anak ing têmbe wingking. Sayêktosipun Tuwan Be ing manah inggih tansah mongga-manggu ing bab anggèning badhe nyêkolahakên anakipun,

--- 416 ---

dening rumaos botên sagêd pêpisahan sakêclapan kalihan anakipun wau.

Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, lêbêtipun sêkolah Nonah Dhorah wontên pamulangan andhap, sarêng sampun ngumur 8 taun. Satamatipun saking pamulangan Tuwan Be mandhêg mangu ing manah malih, badhe kasêkolahakên M.U.L.O. wontên ing nagari sacêlakipun kemawon, punapa dhatêng H.B.S. ing Batawi. Dene panêmpuhipun pandadaran Nonah Dhorah dhatêng pamulangan kalih pisan wau kêcêpêng sadaya kanthi gampil. Nanging jalaran saking grag-grêging manahipun Tuwan Be, saking rumaos botên sagêd pêpisahan kalihan anak, Nonah Dhorah kêpêksa namung nganggur ngantos kalih taun. Ing salêbêtipun kalih taun wau namung andhuwêl wontên ing griya kemawon. Makatên punika anjalari anggènipun anglajêngakên sêkolah sampun ngumur 16 taun, lajêng bidhal dhatêng Batawi.

Pinanggihipun wontên ing lêlampahan ingkang kacariyosakên punika, Nonah Dhorah nuju liburan, dene anggènipun sêkolah wontên H.B.S. sampun angsal tigang taun. Sayêktosipun Nonah Dhorah sampun nêdya mêdhot anggènipun sêkolah, cêkap samantên kemawon, nanging tiyang sêpuhipun sangêt amambêngi, kêdah kadumugèkakên ngantos satamatipun gangsal taun.

Nonah Dhorah punika sanadyan sawêg ngumur sangalas taun, nanging sampun ngrumaosi diwasa. Saya manawi nitik ayuning warni ingkang tansah winangun ing birai, saya cêtha kadiwasanipun. Dene tuwuhing raos kados makatên punika, botên liya jalaran saking tansah mirêng pangalêmbananing para kakung neneman ing Batawi. Malah ing sajatosipun, Nonah Dhorah sampun anampèni sêrat-sêrat pangajap sih saking para neneman, ingkang kalêmpakipun ngantos mumbruk dados sawadhah. Kajawi punika sabên dintên inggih taksih lumintu anampèni sêrat saking pos, ingkang suraosipun ugi sami kemawon. Nanging sêrat sadaya wau botên wontên ingkang dados panuju ing manah, ing batos malah gumujêng, e, dene tiyang samantên têka sami kados makatên sadaya.

Kajawi punika taksih wontên malih sêrat-sêrat ingkang linut ing têmbung pangancam-ancam: manawi Nonah Dhorah botên miturut, badhe dipun sanjata, wontên ingkang badhe ngèlèkakên lèpèn, tuwin sanès-sanèsipun. Nanging sawarnining pangancam wau, botên tinampi samar, awit Nonah Dhorah botên ngrumaosi andhêdhêr piawon. Dene sêrat sadaya wau sami dipun rimat wontên ing pêthèn tilaraning biyungipun, lan Nonah Dhorah piyambak botên mangrêtos, sêrat wau ing benjing badhe kangge punapa. Nanging manawi Nonah Dhorah kêpêksa kêpranggul ing tiyang nglairakên ucap ingkang sambêt kalihan suraosing sêrat, dipun wangsuli ing têmbung manis, ingkang suraosipun: dèrèng pantês amatrapakên têmbung kados makatên dhatêng lare sêkolah. Mila botên lêpat anggèning mastani Nonah Dhorah punika acumbu-cumbu lalêr, awit sajatosipun taksih sarwa makèwêd.

Nonah Dhorah sasampunipun pêpisahan kalihan Radèn Sumarta, lajêng malêbêt ing griya rêrikatan, saha lajêng anjujug panggenaning bapakipun, ingkang nuju ngombe wedang dipun sambi maos sêrat kabar, wicantênipun: Dhah, pah.

Bapakipun mandêng Nonah Dhorah ingkang guwayanipun taksih katingal mangar-mangar kalihan mangsuli: Dhah, Dhorah.

Mangar-mangaring guwaya tumrap Nonah Dhorah, punika sampun dados adatipun, saya manawi pinuju main tênis, dados botên pisan-pisan dados pamanahaning bapa, namung ing bab rongèhing solah, punika andadosakên gagasan.

Nonah Dhorah lajêng srog linggih ing rêsban, rakèt dipun bucal: glodhag, lajêng ucul sêpatu, inggih lajêng dipun bucal têbih, wusana lajêng anggaledhag tilêman, cêp tanpa kumêcap.

Patrap kados makatên punika tamtu kemawon tansah dipun sawang ing tiyang sêpuhipun.

Botên dangu Nonah Dhorah angundang rencang, suwaranipun dumêling: Din.

Kula dara nonah.

Anjaluk ès sêtrup... sêtrupe asêm... ah ora: dhing, sêtrup mawar bae... Botên dangu mungêl malih: Din, Din, anu ah banyu Lănda bae. Nanging dèrèng ngantos dipun ladosi, lajêng gregah tangi nusul dhatêng bipèt kalihan muring-muring, saking sêlak botên bêtah ngêlakipun, lajêng ngiling toya Walandi piyambak, ngantos ambaludak, saha lajêng dipun ombe: cêgog, cêgog. Sisanipun dipun cêmplungi ès, lajêng wangsul dhatêng palinggihan kalihan ngombe, sagêlas mèh têlas. Wusana lajêng tilêman malih, unjal napas, gêlasipun dipun dèkèk ing kênap andhap.

Bapakipun wicantên kanthi manis: Dhorah, genea dene kowe duwe tindak kaya mangkono.

Wangsulanipun: Genea, ta pak.

Polahmu kok beda karo padatan. Bok ya sing rada sabar, wangune ana sabab kang karasa ana ing atimu.

Ah, ora apa-apa kok, pak, mung saka bangêt sayahku mêntas main tênis.

Yèn mangkono sukur. Turokna: ta, sadhela, napasmu bèn aso. Klambimu angêt aja ko bukak, mundhak masuk angin. O, anakku gèr, dene rupamu wis katon diwasa.

Nonah Dhorah botên mangsuli, mripatipun mandêng dhatêng plangitan, araos suwung. Dene bapakipun lajêng maos sêrat kabar malih. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


akasa. (kembali)
drêmba. (kembali)
sadaya. (kembali)
Tiongkok. (kembali)
rowangirèki. (kembali)
tandhu. (kembali)