Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-13, #667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-13, #667. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04-13, #667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 30, 6 Bêsar Je 1862, 13 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [465] ---

Ôngka 30, 6 Bêsar Je 1862, 13 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Palabuhan

[Grafik]

Untabing têtiyang ningali baita kapal wontên palabuhan Cirêbon. Ingkang katingal anjêgunuk puni[1] rêdi Crême.

--- 466 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 27.

Ucap-ucapan ôngka: 25.

Alas-alasan

(Gôngsa nêsêg, jantur. Mawi têtêgan kêpyak).

Ing wana katrajang lampahe Radèn Arjuna, labêt prabawane satriya utama trah kusuma, rêmbêsing madu wijiling atapa, sajêroning wana akèh sabawane pating krosak pating gêdêbug pating jrêthot anggêtêri. Sato-sato sami ambrêsot kabêrasat, sato kang cilik mawur sarsaran. Singa barong, mong gembong, warak wraha mawrêg aru-ara, pating glêro pating glêrêng. A-ng, ê-ng, -aong, e-k. Kak kak kak kak kak, kak kak kak kak kak. A-k.

(Salajêngipun nirokakên swaraning kewan galak).

(Gôngsa kêndho), thèt, thèt, thèt, ngêlung, ku-k gêru-k, ak. Ku-k gêru-k, ak. Picing, picing, goling, goling (nirokakên swantêning paksi ingkang sae).

Kaya mangkana sajroning alas katon asri araras. Manuk-manuk ingkang andon wowohan ngocèh môncawarna anglamlami kapiyarsa. Maruta sumilir manda ngirit gandaning kusuma. Ocèhing kukila saistha manêmbrana marang Radèn Arjuna. Ana kang nucuk wowohan dhinawahakên, kaya lumaku misungsung sugata. Sajroning alas akèh talaga wêning alirab-lirab, gêgisik rêsik wêdhi malela, ing têngah akèh tunjung tarate kumuda saroja môncawarna, kasilir ing maruta lumenggang molah alenggok-lenggok anglamlami pandulu.

Ucap-ucapan ôngka: 26.

Danawa prêpat wontên ing wana

Para punggawa yaksa anggêgrêg sami sêseban munggèng soring wit karsula, dening sami bingung kaya kêna pangupadrawa. Raksasa alit tambuh-tambuh solahe pating bilulung ulêng-ulêngan, padha ora wêruh paran. Kang saka lor bali mangalor, kang saka kidul bali mangidul, ora wêruh arah-arahing bawana, sanadyan Sang Hyang Pratônggapati kapêdhutan lamuk lêlimêngan, ora kêna ginawe pandoming laku. Sajatine wadya danawa kêna prabawane kusuma kang mêndhêm kula nusup angayam alas. Nanging para raksasa ora ana kêndhak, malah padha suka-suka jêjogedan pating galidrah. Wênèh mrutah bêbrokoh, padha mamôngsa bêkakak kêkuluban warna-warna, minum badhèg brêm waragang sarwi pêthak aciya-ciya. Amung panggêdhening ditya Kala Wilutaksa, saking èmênge ati tansah gêrêng-gêrêng kaya singa antuk bayangan. Mangkana lajêng imbal wacana.

Ucap-ucapan ôngka: 27

Togog dhatêng

Eca dènira wawan sabda, kasaru playune

--- 467 ---

lurah Togog Sarawita. (Kasambêt sampak tanggung sanga).

Tambahan ucap-ucapan

Ha, Jêjêran raton limrah (Madraka, Kumbina, Cêmpala, Wiratha, Tasikmadu, Madura, Lesanpura).

(Angkatanipun sami kemawon)

Pranyata ing nagara Madraka nagara padhang jagate dhuwur kukuse adoh kuncarane. Raharjaning praja, para santana wadya kawula sami têntrêm widada suka basuki. Sakèhing dunung-dunung tuwin pawisman kathah ingkang rinêngga-rêngga anglamlami tiningalan.

Ing praja têbih parangmuka prasasat datan ana durjana juti sapêpadhane. Sagunging raja darbe gumêlar angandhar-andhar datan sinandeya, yèn raina rajakaya aglar ing pangonan, yèn sore mulih marang kandhange dhewe, labêt sajawining praja sarwa raras datan ana sangsayane.

Ya ta wênang dèn ucapakên pambêkaning nata ing Madraka, sanyata ratu adil paramarta asih ing dasih, ambêg pinandhita, alus ing sabda wardaya. Sang prabu sakalangkung titipriksa marang praja saisine, agung dananane, bèrbudi bawa laksana. Sajroning nagara sasat datan ana pêkir miskin angumbara. Sang nata tansah amuwuhi undhaking kawidagdan sarta kanimpunan marang para kawula. Puwara kajuwara ing môncapraja. Sintên jêjuluking nata: Mahaprabu Salya, Narasoma, Madrakeswara.

Sang nata amumpuni jaya kawijayan sakti môndraguna, miguna ing aguna datan ngêndhak gunaning janma. Luhuring panggalih bêbasan wahya wiyati, kesisan wraning ima, kontab para nata ing liya praja sami kasok pêpoyaning kautaman, bêbasan kang adoh tumiyung, kang cêlak manglung, atur bulu bêkti, glondhong pangarêng-arêng, guru bakal guru dadi, sami sumungkêm nganggêp puruita. Sang prabu sakalangkung asih urmat marang para brahmana, rumêsêp marang sasamining nata, sagunging kang ambêg raharja rinêsêpan sadaya.

[Grafik]

Mandradpati

(Lajêng nyandhak: anuju ing ari Rêspati...)

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1787 (t. Ajik) Kajawèn nomêr 1 dumugi 10 sampun têlas. Jalaran saking punika panjênêngan kapetang dados lêngganan wiwit ½ - '32.

Lêngganan nomêr 2936 (t. H. Moh. Moekmin) lêrês, panjênêngan sampun angbayar.[2] Blangko kenging kagêm sanès dintên.

Lêngganan nomêr 5586 (t. R.M.P.C. Djajengpratomo), kenging.

--- 468 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Lêlampahan punika manawi kêdah rame, inggih lajêng wontên kemawon. Ing sapunika tumrap ing Mukdhên, wontên golongan tiyang awon cacah 50 malêbêt ing kitha saking sisih wetan, dipun papagakên ing wadya Jêpan, têmtu kemawon dayanipun tiyang 50 wau botên anggôndra sapintên, lajêng malêncing kemawon. Nanging pinanggihipun jêbul kados côndhabirawa, saunduring tiyang 50 wau, wadya Jêpan malah lajêng mrêgoki tiyang awon 300 malih, sami umpêtan wontên ing griya-griya, lajêng dados campuh. Golongan tiyang awon wontên 50 ingkang tiwas, 75 dipun cêpêng, sanjata ingkang kabêskup wontên 100 iji. Sarêng têtiyang awon wau dipun priksa, sami ngakên, bilih anggènipun dhatêng ing ngriku punika dipun utus dening Jendral Cang Sèh Lyang, prêlu kapurih ngrêbat obat sanjata. Dados ing ngriki têrang, bilih tiyang awon punika kajêngipun sanès durjana, têrangipun dutaning mêngsah.

[Grafik]

Golonganing wadyabala Jêpan nuju wangsul mantuk numpak sêpur dhatêng nagarinipun saking Syanghai.

Tumrap golongan tiyang awon wau malah wontên 1500 malih ingkang dipun tindhihi dening Jendral Li Hai Ciang saking Puyu andhêsêg dhatêng Nungan. Wontên 3000 malih andhêsêg Alai Hang Isacu, nanging lajêng dipun jawahi bom dening motor mabur Jêpan, sadaya sami ngunduri.

Pinanggihipun ing bab pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok, tumrap satunggal-satunggaling golongan ingkang gadhah raos murinani dhatêng salah satunggalipun pasulayan, panimbangipun tamtu nisih, tuwin gadhah pangajêng-ajêng mênangipun ingkang dipun iloni. Bab makatên punika tumrap kabangsan botên maibên, awit malah nama wajib, nanging tumrap ingkang botên gayutan makatên, wajibipun namung kêdah gadhah panimbang adil.

Dene tumrapipun ing wawasan, inggih punika [puni...]

--- 469 ---

[...ka] tumrap wawasanipun tiyang ingkang botên ilon-ilonên, cakipun tamtu panjang atêbih, awit lajêng mawi nyumêrêpi ing bab gêgayutaning praja kêkalih wau kalihan praja sanès. Wontênipun makatên, amargi pêpêranganipun satunggiling praja, punika tamtu anyampe dhatêng bab pasrawungan umum utawi panggêsangan. Inggih kados paprangan punika, ingkang katingal kemawon tansah nyampe dhatêng praja Inggris, Amerikah, Rus tuwin sanès-sanèsipun. Mênggah anggènipun kasampe ing rêmbag, jalaran saking sami gayutan kabêtahan, tuwin sampun dados jamakipun, rêbatan panguwaos, rêbatan puluk, punika yèn tiyanga limrah, pancèn sami dipun kajêngakên. Mila kawontênanipun praja-praja sanès, inggih tansah ngêmori rêmbag kemawon, dene rêmbag wau tamtu kemawon dipun tindakakên dening tiyang ahli wicara, awit ajining ucapipun tiyang makatên punika, ngungkuli ajining donya brana kathah, ucap ingkang dipun wêdalakên, kados pêpindhaning kalamar ingkang nasabi isi, inggih punika isi wêwados ingkang mêngku kajêng mikangsalakên dhatêng prajanipun.

[Grafik]

Saradhadhu Tionghwa golongan kasanga, nuju nanggulangi mêngsah ing Capèi.

Nanging inggih dipun wadosa kados punapa kemawon, wantuning wêwados wau sampun mawi ancêr kanalaran, dangu-dangu inggih lajêng cêtha wela-wela.

Kados ta ing bab paprangan punika, ing salêbêtipun taksih ura-uru, tansah wontên pasulayan ingkang narambul, kados ta Ruslan, ing sapunika saya cêtha anggènipun angganggu damêl dhatêng ingkang sami pasulayan, amêngsah Jêpan. Nanging tindakipun Ruslan punika punapa lêpat, ing pangintên inggih botên, awit Ruslan punika atêpang watês kalihan praja ingkang sami pasulayan, yèn ta botên tumut [tu...]

--- 470 ---

[...mut] cawe-cawe, yak, caranipun tiyang pêpagêr pakarangan, inggih dipun dhêsêk dening tôngga têpalih, manawi kalampahan makatên sintên ingkang badhe kecalan.

Tumrap praja Jêpan, ingkang pinanggihipun wontên ing môngsa punika, saupami wayang, sawêg dados jêjêring lêlampahan, inggih lajêng bikut anyantosani barisanipun ing dharatan utawi lautan ingkang cêlak kalihan Ruslan. Malah loking bôngsa Jêpan, angajak ngangsêg kemawon, sampun mawi anyukani manah dhatêng mêngsah.

[Grafik]

Margi sêpur Syanghai - Wusung, dununging wadyabala Jêpan.

Ing bab paprangan punika pancèn nyata kathah tindak ingkang mêngku pangarah ngudi kasantosaning wadyabala tuwin bêbantu, malah tumraping Jêpan tindakipun sampun kenging panggrayangan, kados ta ing bab adêging kamardikan ing Mansuriah, punika wosipun amikantukakên dhatêng kasantosanipun Jêpan, awit lajêng nama angsal pambiyantu saking golonganing tiyang siti, ingkang dipun agêngakên ing manah sarana piniluta ing panguwaos agêng, nanging nyatanipun inggih karêgêm.

Tindak kados makatên punika ing sapunika katingal jumêdhul malih wontên ing Syanghai, inggih punika Jêpan angêdêgakên laladan mardika wontên ing Sapèi, kadosdene karajan alit, dipun rèh dening presidhèn bôngsa Tionghwa. Wujudipun ing ngriku inggih katingal mardika yêktos, nanging mênggahing nyatanipun, bab punika sampun kambêt saking ing jawi, malah loking akathah mastani tamtu kados panunggilanipun Mansuriah.

Mênggahing wawasan lajêng katingal, bilih Jêpan punika pancèn linangkung, inggih kados rekadayanipun punika, sarêng ing nagari kasêbut ing nginggil katingal mardika, lajêng anuwuhakên pamuring-muringing bôngsa Tionghwa, anganggêp cidra dhatêng bôngsa piyambak ingkang kèlu ing pamilutaning mêngsah, lajêng têgêl mêmêngsahan sami tunggil rah. Mila pantês dipun sirnakakên pisan. Bokmanawi pancèn inggih kados makatên punika ingkang dipun kajêngakên ing Jêpan, saksat ngêbên karosaning bau kiwa têngênipun tiyang satunggal.

--- 471 ---

Gambuh Gramèh

[Gambuh]

ingsun arsa pitambuh / mring sadulur: Wija kang kasêbut / ing Kajawèn nomêr nêmlikur winarni / karanganira pinunjul / Mijil Gurèh kang kinaot //

tur rêdhaksi paring nut / karangane jêmpol sarta patut / datan ana para sarjana kang nyami / sakêdhik kuciwanipun / ukarane pating brênggol //

mila lêrês nutipun / kula maos inggih tansah gumun / botên ngrêtos ingkang dados karsanèki / punapa badhe anyatur / dhatêng tiyang ingkang dodol //

mula sun kamipurun / pitambuh atêgês kula nyuwun / ingkang dados ancasing panggalihnèki / mugi karsaa angracut / mawi ukara kemawon //

tan usah mawi têmbung / mijal-mijil sapiturutipun / yèn tan mathuk ngilangkên ancasing kapti / têmahan dadoskên kadung / dhatêng ingkang sami maos //

kula salugunipun / inggih cotho dhatêng têmbang-têmbung / nging kemawon sanajan mangkono yêkti / katimbang ala anganggur / ya tiru-tiru ambrênggol //

anggèn kula anggambuh / botên pisan amamèrkên kawruh / salugune namung rupêk ing panggalih / mula yèn sadulur saguh / tumuli ngracuta gupoh //

sanajan ta wak ingsun / anggènira ngarang ngrakit têmbung / yèn tan cêtha têgêsing pitambuh niki / yèn wontên para sadulur / ingkang botên sagêd ngrêtos //

mugi karsa amundhut / mangke kula anjarwani sanggup / kula racut têgêsing pitambuh niki / mawi ukara kang patut / yèn sami botên mangrêtos //

nêgês irahan dhuwur / Gambuh Gramèh ingkang kula catur / gambuh têgês datan wêruh sakèh kardi / gramèh têgês rèmèh iku / ya pitakone wak ingong //

dupèh kula mêntas wruh / Mijil Gurèh karangannya mungguh / banjur dadak Gambuh Gramèh kang pinanggih / sêjatine pancèn ewuh / mikir mijil gurèh goroh //

maos kula puniku / Mijil Gurèh nuju dintên Sêtu / tanggal kalih anyarêngi wulan April / taun sèwu sangang atus / tri dasa langkung dwi yêktos //

sisanipun pitambuh / wahanane ingsun arsa wêruh / ati rasa rasaning kang tan pinanggih / manawa arsa pituduh / kawula sangêt amunggoh //[3]

A.S. Kêjajar

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2678 ing Grogolan, Surakarta. Nomêr 3756 ing Kêrtasana. Nomêr 5677 ing Sragèn. Prayogi sami mundhuta Djidwal wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.40.

Lêngganan nomêr 1184 ing Karanganyar. 1 rêgi f 5.75.

Lêngganan nomêr 3294 ing Lodhan. 1 satunggal rêgi f 5.75. 2 dados kanthining gambar. 3 pitakenan bab dintên pêkênan sapanunggilanipun, dados kabêtahanipun ingkang pitakèn piyambak-piyambak, botên tamtu. 4 pitakenan punika gumantung dados kabêtahanipun ingkang pitakèn. 5 sarèhning golongan gêgayutan sêsakit, prayogi pados katrangan dhatêng dhoktêr ahli. 6 dhaptar kakintunan.

Lêngganan nomêr 2452 ing Nganjuk. Mundhuta buku Djidwal.

Lêngganan nomêr 312 ing Kriyan. Dhatêng Radèn Ngabèi Ônggapradata, ing Klathèn.

Tuwan S. ing Tlawong. Tuwan D. Purwarêja M.N. bab sayêmbara damêl gambaring tapih almênak, sampun cêtha kawrat ing wara-wara, sampun kathah ingkang mangrêtos kajêngipun.

Lêngganan nomêr 2337 ing Pacingkêrêp. 1 mundhuta buku Djidwal, wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.40. 2 ingkang sade kantor pangêcapan Goan Hong, Pasar Pisang 20 Batawi.

--- 472 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 29.

Tumindaking tatanan ingkang kantun punika ngantos kula dipun wangsulakên dhatêng tanah Jawi, namung wontên ewah-ewahan sakêdhik, sarêng rêrêgèning wos dipun andhapakên saking f 0.20 sakatos kantun f 0.14 sakilogram, balanjanipun dipun andhapakên saking f 1.- kantun f 0.75 wiwit wulan Sèptèmbêr 1931.

[Grafik]

Karamean ing Dhigul.

Kajawi bayaran padintênan, têtiyang ingkang gadhah anak bojo tampi gêsintulagê, bojo 20 prêsèn, anak satunggal 10 prêsèn, agêng-agêngipun gêsintulagê punika 50 prêsèn.

Padamêlan ingkang dipun wontênakên dening parentah, ingkang kinuwaosakên dhatêng panjênênganipun Tuwan Blok inggih punika ambabad saha angrêsikti[4] wana kangge pagagèn, adamêl margi-margi saha sanès-sanèsipun, ingkang magêpokan kawontênan ing Dhigul ingkang gêgayutan kasarasaning têtiyang ing Dhigul. Panyobining panjênênganipun Tuwan Blok punika inggih kalêksanan dados pagagèn ingkang wiyaripun kintên-kintên sadasanan bau. Ing wusananipun sarêng wancinipun angênèni botên wontên isinipun.

Sabibaripun paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Blok, lajêng kaasta dening panjênênganipun Tuwan Mêllêr. Inggih apangkat asistèn residhèn. Panjênênganipun punika botên angajêngakên ngawontênakên pagagèn, ananging ngêmungakên andamêl sênênging manahipun têtiyang Dhigul, tôndha yêktinipun sarêng panjênênganipun angasta paprentahan wontên ing ngriku, lajêng dipun wontênakên papan panggenan bal-balan.

Sarêng paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Mèstêr Bot, inggih punika Januari 1931, kawontênanipun mèh sami kemawon kalihan panjênênganipun Tuwan Mêllêr. Namung kaotipun panjênênganipun Tuwan Mèstêr Bot taksih ngawontênakên papan kangge jagung saha patamanan wontên ing sangajênging dalêmipun. Saha ing wulan punika ugi wiwit wontên luwaran sapisan. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 473 ---

Kawruh Sawatawis

Sêsawangan ing Satunggal-satunggalipun Nagari

Saking gotèkipun para ahli lêlana tuwin ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat, satunggal-satunggalipun nagari punika gadhah sawangan, inggih punika kawontênan ingkang tumrapipun tiyang ngamônca anganggêp anèh utawi adi, dados saupami wontên tiyang ngamônca dhatêng ing satunggiling nagari, tamtu mrêlokakên aningali dhatêng têtingalan ingkang dipun anggêp anèh utawi adi wau. Upaminipun tiyang dhatêng nagari Amerikah, wontên ing ngriku mrêlokakên badhe ningali griya ingkang inggil-inggil, awit sampun misuwur, ing Amerikah punika kathah griya-griya inggil, ingkang pandamêlipun ngantos kados umpak-umpakan. Saupami wontên têyang[5] sampun nate dhatêng Amerikah, tamtu lajêng nyariyosakên ing bab inggil-inggiling griya, bêbasanipun ngantos sami sundhul langit, kosokwangsulipun manawi wontên tiyang sampun nate dhatêng Amerikah botên sagêd ngumukakên ing bab griya ingkang inggil-inggil, lajêng dipun anggêp, bilih anggènipun dhatêng Amerikah, dèrèng sah.

[Grafik]

Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, tiyang anjajah praja punika sadumugining purug tamtu lajêng pitakèn, ing pundi ingkang pantês dipun tingali ing tiyang ngamônca. Tumrapipun wontên ing

--- 474 ---

tanah ngrika, wontên tiyang ingkang padamêlanipun dados juru pitêdah, tiyang wau lajêng nêdah-nêdahakên dhatêng panggenan-panggenan ingkang pantês dipun sumêrêpi ing têtiyang ngamônca.

Dados mênggahing yêyasan, tumrap satunggal-satunggalipun nagari ugi dados rêrêngganing praja, pundi ingkang nama elok, ucapipun lajêng sagêd sumêbar dumugi pundi-pundi, wêkasan sagêd damêl misuwuring prajanipun.

Dèrèng dangu ing Jêpan wontên yêyasan enggal, inggih punika jam sakalangkung agêng. Tamtu kemawon yêyasan wau lajêng nama dados barang elok, wujudipun mariksanana gambar. Ing ngriku lajêng nuwuhakên ucap, sintên ingkang dhatêng nagari Jêpan botên nyumêrêpi wujuding jam agêng wau, dipun upamèkakên saksat dèrèng dumugi nagari Jêpan. Kajawi yêyasan-yêyasan wau, ugi wontên sawangan sanès-sanèsipun, ingkang têtiyang ngamônca sami mrêlokakên ningali, kados ta griya-griya kina, patilasan-patilasan tuwin sanès-sanèsipun.

Pinanggihipun wontên ing tanah ngriki, ugi kêgolong kathah panggenan-panggenan ingkang kêrêp dipun dhatêngi ing para tamu ngamônca.

Nanging tumrapipun bôngsa ngriki, bab lêlana anjajah praja punika, kapetang taksih lôngka ingkang nindakakên. Wontênipun makatên, kintên-kintên jalaran saking kêkirangan waragad.

[Iklan]

--- 475 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

VI.

Garèng : Truk, Truk, omongmu nalika dina Sabtu kang kapungkur, dupèh aku ngêjor nyang bakyumu, kowe banjur andakwa yèn aku kiyi uripe ana ing sangisoring pinjung, lo, kuwi kowe kaliru bênggala, Truk. Sabênêre aku iki saupamane boksên mêngkono, lagi trènên (trainen), yaiku lagi ngulinakake, awit kowe sumurupa, jalaran saka sêdharing para wanita kiyi, ing têmbe pranatan ana ing donya iki mêsthi bakal owah-owah. Hla, kuwi sadurang-durunge, aku kudu wis sadhiya luwih dhisik, murih ing têmbe aja nganti aku diarani wong wêton... museum. Mulane, Truk, ing sarèhne kowe duwe anak lanang, poma dèn poma, sabên dina aja nganti lali anggonmu tansah ngemutake mêngkene: ênggèr, yèn ing têmbe kowe olèh jodho, sing bêkti lan sêtiya mênyang guru... rabimu.

[Grafik]

Petruk : Mêngko dhisik, Kang Garèng, aku tak nyêla pitakon, ana têmbung kok: guru rabi, lo, kiyi apa têmbung anyar. Nèk: guru laki, hla kuwi aku iya ngrêti.

Garèng : O, hla wong kowe, Truk, Truk, aku iya ora maido anggonmu pancèn doyan maca, nanging caramu maca mau kêna tak upamakake kayadene ulêr môngsa gêgodhongan, anggêre: bluwêg, iya banjur: tlètèk. Dadi bênêr akèh sing kok waca, nanging ora ana sing kok rasakake lan kok wigatèkake. Seje karo aku, wong pancèn bangsane wong ngèlmu rasa, apa-apa iya mêsthi tak rasakake [rasa...]

--- 476 ---

[...kake] lan tak pikir. Kaya ta: owah-owahing jaman saiki kiyi, yaiku jaman wiwit sêdharing wanita, mêsthi iya tak rasakake kanthi têmênan. Jalaran saka iku aku duwe panêmu, yèn têmbung: guru laki, kuwi tumrape jaman saiki, kudune nèk cara Walandane wis: it dhê modhê (uit de mode), têgêse: wis ora kêjaman manèh, dadi wajibe iya kudu dibuwang saka bausastrane. Lan saolèh-olèh kudu tumuli diganti karo têmbung: guru rabi. Awit sumurupa, nèk jaman biyèn pancèn iya bênêr yèn wong wadon kudu bêkti mênyang sing lanang, iya guru laki, nanging wiwit jamane istri padha sêdhar, wong wadon kudu dipadha drajate karo wong lanang. Ing sarèhning wis padha, wong wadon ora prêlu amêr... duli, ora prêlu ambil kêpala mumêt nyang wong lanang. Kowe dhewe rak iya krungu, ta, sêsorahe salah sawijining jago-e, nas, babon, -ning pakumpulan wanita ana ing konggrèsing para wanita, kuwi jarene kurang luwih mangkene: wong wadon wis wajibe kudu nyêmplung ana ing pulitik, nanging ora kêna mung arêp ela-èlu marang sing lanang bae, kudu ngênggoni kayakinan lan kaantêpane dhewe bae. Lo, Truk, cêkak aos mêngkono mungguh sêsorahe mau, hla, dadi bakale wis arêp diwiwiti, wong wadon nyang sing lanang kudu ngêpringake. Nèk sing kaya ngono kuwi wis kêlumrah, suwe-suwene banjur wong wadon sing dadi kêpala somah, lan wong lanang sing: ngliwêt, umbah-umbah, sêsapu, mopoki lan nyewoki anake. Wusanane iya dudu wong lanang, nanging iya wong wadon sing wajib... nalak têlu. Hara, Truk, apa aku salah anggonku awèh pitutur nyang kowe supaya ngemutna nyang anakmu lanang: besuk kudu sing bêkti nyang sing wadon, iya iku: guru rabine.

Petruk : Hêm, têka angèl anggonku anggagas, apa saka bêcike sing kakung, kapa[6] jalaran saka kakunge mau kuwatir yèn ora dikanggokake. Saupama kok Makne Kamprèt sing sêsorah ana ing ngarêpe wong akèh kaya mêngkono, kiraku mêdhun saka podhium, iya banjur têrus tak gandhèng tak jaki sowan nyang mas... pêngulu. Awit, Kang Garèng, sanadyan bôngsa sing wis luhur pisan, sanyatane sing diudi iya mênyang karukunan ana ing sajêroning ngomah, aja nganti lanang wadon tungkul gèsèh rêmbug, jalaran manawa tansah sêsowangan rêmbuge, anggone omah-omah iya mêsthi tansah kocar-kacir. Mara, pikirên bae, sanadyan bôngsa Srani bae, kuwi sing agamane Katolik sabisa-bisa iya ngôngka olèha jodho bangsaning Katolik, ora kok bangsane wong Protêstan, lo, kuwi pamrihe rak iya ora liya, supaya ana ing sajêroning ngomah aja nganti tungkul arêp cakar-cakaran bae. Mulane mungguhing panêmuku, sing diarani tatakrama tumraping bojo, kuwi uripe kudu sih-sinihan, têgêse: kudu rukun, guyub, saeka kapi.[7] Karêpe: siji lan sijine kudu êmong kinêmong utawa turut-tinurut. Dene tatakramane tumrap anak, kuwi kudu bisa nêtêpi kuwajibane dadi: wong tuwa, yaiku kudu bêcik pamardine [pa...]

--- 477 ---

[...mardine] nyang anake, kaya ta: panggulawênthahe, pangopène, lan pamarsudine supaya ing têmbe bisa dadi wong kang utama. Hla, saikine tatakrama tumraping tôngga têparone, kuwi saolèh-olèh kudu ngatonake anggone sêmanak...

Garèng : Yah, aku kok ora cocog, dhing, wong aku kiyi tak kulinakake nyang tôngga pancèn iya tak sêmanak-sêmanakake, tak sêmêdulur-sêmêdulurake, ewadene ora ditômpa bêcik, malah anggêr cungurku katon bae, wis padha pating plêruk, cara Mlayune ana sing malah banjur: buwang mukak. Ing môngka saking sêmanak-sêmanakku, saking sêmêdulur-sêmêdulurku, aku babarpisan sok ora ngèlingi nyang udan utawa panas, tanggaku mêksa tak têkani, yaiku yèn wayahe ngarêpake arêp padha... wedangan.

Petruk : O, hla nèk mêngkono kuwi, Kang Garèng, anggonmu sêmanak, mung arêp ngakrak, anggonmu sêmêdulur, arêp nyukur. Kuwi rak tindake wong andrêmis, tindake wong cluthak. Ora mêngkono mungguh carane sêmanak nyang tongga têparo kuwi, nanging kowe kudu ngèlingi, yèn tôngga iku sajatine ngungkuli sadulur sing adoh, wujude sêmanak mau, kaya ta saupama ana ewuh pakewuh sawayah-wayah, sing mêsthi dijaluki tulung lan iya sing bisa têtulung dhisik ya tanggane mau. Mula wong têtanggan iku iya kudu bisa mong-kinêmong, yèn tanggamu kasusahan, saolèh-olèh kudu banjur enggal-enggal têtulung. Yèn tanggamu katon prihatin awit saka kasripahan upamane, iya kudu ngatonake bela sungkawane. Wanci têngah bêngi, wayahe wong turu aja rame-rame, aja sok gawe kagèt lan sapiturute. Nanging, Kang Garèng, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Sêsawanganipun ing pinggir lèpèn Musi, Palembang, sacêlakipun Sêlat Jaram.

--- 478 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI

Prakawisipun Tuwan De Wit. Ing bab prakawisipun Tuwan De Wit, redacteur Java Bode, ingkang kadakwa nyolong sêrat wau, ing sapunika sampun wontên katrangan, kalêpatanipun wau jalaran ngumumakên sêrat palapuran parêpatan Raad Hindia, ing bab rêmbagipun senapati wadya dharatan ngriki kalihan kantor babagan paprangan ing nagari Walandi, lumantar tilpun.

Kadospundi badhe karampunganipun, kantun ngêntosi kemawon.

Badhe nyatakakên tumindaking swadeshi. Indonesische Volksuniversiteit ing Surabaya badhe ngêdêgakên commissie, nyinau punapa ebah-ebahan swadeshi ing têmbe sagêd anjunjung drajad.

Punika satunggiling paniti ingkang mawas kanthi adhêdhasar lêbêt.

[Grafik]

Baita momotan. Sampun kacariyos, ing Palembang punika, lèpènipun prasasat kangge margi. Ing nginggil punika gambaripun baita momotan ngêwrat pisang ing lèpèn Musi badhe kasade dhatêng pêkên Muaragula, Palembang.

Sêsorah gêgayutan agami. Ing Banjarnêgara mêntas wontên sêsorah pêpanggihanipun Tuwan T.K. van Dijk saking Wonosobo, kalihan T.H. Jaeni saking Nyayogya. Tuwan T.K. van Dijk mratelakakên ing bab kitab injil, Tuwan T.H. Jaeni mratelakakên ing bab Quran. Danguning sêsorah ngantos nyaêjam. Ing ngriku lajêng ngawontênakên soal jawab, ingkang pinanggihipun botên adamêl pamarêm salah satunggalipun. Pêpanggihan punika kathah ingkang andhatêngi, kirang langkung wontên 1000. Nanging sarèhne botên wontên kawêkasanipun, Tuwan H. Jaeni gadhah panêdha, manawi badhe pêpanggihing malih sampun kadamêl umum makatên, mindhak nuwuhakên raos botên sakeca.

Bab sarasean babagan agami ingkang botên sami, punika adhakan dados pasulayan rêmbag. Nama sampun limrah.

Darma mikantuki. Comite Pembantras[8] Pengangguran Indonesia ing Surabaya, pikantuk darma saking directeur pakunjaran, awarni tirahan têdha ing pakunjaran, sanès sisa.

Punika nama darma lajêng tumanja, manawi sagêd lumintu inggih lumayan.

Pasar Gambir. Wontên pawartos, benjing Pasar Gambir ing Bêtawi badhe dipun wontênakên balapan sêgawon angin.

Samantên kêsênêngan ingkang pinanggih wontên ing jaman kasêmbadan.

Awrat sêsanggêman rakyat. Pangadilan Landgerecht ing Bêtawi mêntas mriksa dakwa cacah 600, sami asli têtiyang bawahipun tuwan tanah Slipi, sami kadakwa prakawis botên ambayar lêlintunining padamêlan ingkang awarni arta f 5.- kangge nglintoni padamêlan kaping 52 wêdalan ing dalêm sataun, utawi botên purun ngêdali nyambutdamêl. Sarèhning dakwa wau tiyang samantên kathahipun, pamriksanipun pangadilan kacicil, saajêngan 30, Ingkang sampun kapriksa wontên ingkang kaukum 20 dintên tuwin 15 dintên.

Ingatasing namung arta f 5.- ngantos purun nglampahi paukuman, ing pangintên jalaran saking kamlaratan, dene anggènipun botên mêdal ing padamêlan têmtunipun inggih wontên sabab sanès. Nanging sarèhne têtêp kalêpatan, o, inggih namung mêmêlas.

Nyêpêng tiyang damêl arta palsu. Pulisi wados ing Bêtawi mêntas nyêpêng bangsa Tionghoa wontên pasar Sênèn, jalaran kakintên damêl arta palsu. Sarêng griyanipun kagledhah pinanggih wontên pirantos damêl arta talèn sarta kanggenan sanès-sanèsipun ingkang kakintên nyamar.

Sampun nama dados awisaning Parentah, tamtunipun tiyang wau kenging dipun wastani: sarèhning awis arta, lajêng damêl arta piyambak.

Ngèndêli punggawa gabrik[9] gêndhis 1200. Ing salêbêtipun taun punika, kintên-kintên wontên punggawa pabrik gêndhis ingkang sami dipun kèndêli cacah 1200. Kèndêlipun wontên ingkang salugu dipun kèndêli, pènsiun utawi wachtgeld.

Manawi ngèngêti cacahing punggawa ingkang dipun kèndêli wontên samantên punika, atêgês taksih kathah sangêt ingkang katut malih, awit têmtunipun ingkang dipun kèndêli wau punggawa pangajêng. Samantên pinanggihing kalamangsa gêndhis botên lêgi.

Kawin Perak. Nyonyah tuwin Tuwan van der Steur ing Magêlang, mêntas mèngêti anggènipun jêjodhoan sampun 25 taun, kathah tamu ingkang sami rawuh. Ugi tampi sêrat saking Sri Maharaja Putri paring wilujêng tuwin paring arta darma f 300.- Para agêng ingkang rawuh ing ngriku Tuwan Guprenur Jawi Têngah, Jendral van Maurick tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggah ing Tuwan van der Steur, anggènipun katingal, botên sanès jalaran saking anggèning gadhah ambêg darma, ngopeni dhatêng lare-lare ingkang rêkaos gêsangaipun.

Bêbaya bêna ing Ngayogya. Miturut Palapuran pakaryan rêdi latu, sabibaring bêbaya rêdi Mêrapi, lèpèn Progo isi pasir 14 yuta mètêr kubuk, kakintên botên mbêbayani. Nanging tumrap lèpèn Gèndol, panging lèpèn Opak kakintên ambêbayani, lèpèn wau isi pasir 3.3 yuta mètêr kubuk. Ing bab punika pakaryan wau gadhah pamrayogi, supados kadamêlakên papan panahan pasir kanthi ngawontênakên bêndungan ing distrik Kalasan. Padamêlan punika badhe mawi ngicali dhusun kêkalih, prêlu kangge ngobètakên papan.

Samantên padamêlan ingkang tuwuh jalaran saking bêbaya alam.

Kalawarti Swara Umum. Kalawarti Swara Umum ingkang dipun pandhegani dening Tuwan Sosrokardono, sapunika kasantunan nama "Susuluh Umum".

Pinuji mugi namaning kalawarti wau pinanggiha kadosdene ingkang dipun kajêngakên.

--- 479 ---

Ngêlèh adamêl pêpêtêng. Kawartosakên, ing dhusun Tayam, bawah Bogor, wontên lare jalêr umur 7 taun dipun kèn pados latu dening bapakipun dhatêng griyaning tangga, badhe kangge ngliwêt. Lare wau lajêng dhatêng griyaning tangga, dumadakan sumêrêp ing pawon wontên sêkul dèrèng dipun dhudhuki, tuwin jalaran lare wau saking luwe sangêt, sarêng sumêrêp wontên sêkul, lajêng dipun têdha. Ingriku ingkang gadhah sumêrêp, lare lajêng dipun têkak, pêjah ngênggèn.

Angudubillahi, samantên pêpêtêng manawi anggodha tiyang. Lan sarèhning pêpêtêng wau jalaran saking kêluwèn, dados wajib tiyang anjagi sampun ngantos wontên wêtêng kêluwèn. Polanipun sampun wontên.

Ngadani pangêcapan piyambak. Pakêmpalan kaum bêrah guprêmèn, ingkang dipun sêpuhi Tuwan Suroso, warga Raad Kawula, badhe ngadani yasa pangêcapan piyambak, murih sagêd anyêkapi kabêtahaning pakêmpalan.

Rêrigên makatên punika badhe mikantuki sayêktos, pinuji widadanipun.

Pamulangan Indonesisch Onderwijs. "Instituut Zelfontwikkeling" Surabaya. Ing Surabaya wontên pamulangan ingkang namanipun kados ing nginggil punika. Miturut suraosing sêrat sêbaran, pangajaran ing ngriku sagêd ngajêngakên para murid ingkang rumiyinipun dipun wastani kêndho dhatêng pangajaran, malah sarêng wontên ngriku lajêng majêng. Tumrap lare-lare ingkang sinau ing ngriku, sami anglairakên mênggah ing nyatanipun. Pamulangan wau sampun anggadhahi perangan: Frobelschool, H.I.S., Schakelschool, Mulo tuwin H.C.S. Bayaran Frobel f 150. H.I.S. f 2.50 Mulo tuwin H.B.S. f 6.- ugi nyadhiyani papan pamondhokan kangge lare sajawining kitha, bayaranipun sawulan f 12.50. pakêmpalan wau ngudi murih sagêd ngêdêgakên pang ing sanès-sanès panggenan. Adêging pamulangan wau wontên ing Undhaan kulon gang 2 no. 48 Surabaya.

Tindak punika pinanggihipun nocogi kalihan kawontênaning jaman.

Sêsakit pathèk ing Kulonprogo Ngayogya. Ing mangsa punika ing Kulonprogo ngusum sêsakit pathèk. Nanging jalaran sawêg mangsa kados makatên, sanajan manawi jêjampi namung cêkap waragad sakêdhik, nanging têtiyang awis sagêd nglampahi, jalaran saking kacingkrangan.

Mugi kawontênan kados makatên punika sampun ngantos kalajêng dados jalaran sudaning piyandêlipun tiyang dhatêng dhoktêr, ingkang tuwuh saking sabab kêcingkrangan wau.

Arta ringgitan palsu. Punggawa pabean ing Jambi mêntas sagêd ambêskup arta ringgit palsu cacah 400 iji, asli saking Singapura. Mênggah titikipun, aksara D ing pinggir sami kemawon kalihan O.

Sintên ingkang tampi arta ringgit prayogi ingkang ngatos-atos.

Bêna ladhu ing Ngayogya. Ing lèpèn Batang Ngayogya tuwin kiwa têngênipun margi agêng, mêntas wontên bêna ladhu, sacêlakipun Salam wontên pakampungan pintên-pintên sami kapêndhêm lumpur, kandêling lumpur wontên ingkang ngantos 2 m. Kajawi lumpur ugi katutan sela agêng-agêng. Telepun saking Ngayogya dhatêng Magêlang risak. Wontên margi sêpur ingkang katutup lumpur tuwin sela panjangipun 60 m. Margi sêpur antawising Tèmpèl kalihan Sêmèn wontên ingkang awujud tumpukan sela tuwin pasir, ingkang kandêlipun 1 m. Bab sêsambêtaning lampah kandhêg kintên-kintên saminggu. Krêtêg sêpur lèpèn Batang ambruk. Pinanggihing karisakan dèrèng sagêd maton.

Dhuh dene samantên dhatênging bêbaya ingkang nuju nyarêngi mangsa kados makatên. Wontênipun têka lumintu kemawon.

Kadarman. Kawartosakên, Regentschapsraad Banyuwangi mêntas nêtêpakên rêmbag aparing urunan arta f 1000.- kangge ambiyantu wragad adêging pamulangan P.H.I.S. Mardisiswa ing Banyuwangi.

Punika satunggiling kadarman ingkang badhe dados pangèngêt-èngêt ing salami-laminipun.

Lare ukuman minggat. Kawartosakên ing Malang wontên lare-lare ukuman cacah 17 dipun irit mlampah-mlampah, wusana kasumêrêpan, sami miruda, nanging ingkang 10 wangsul. Dados tumraping lare-lare wau jangkêp anggèning narajang kalêpatan, sakawit sinau gadhah lêpat, wusana minggat, botên beda kados tiyang sêpuh.

Ingriku katingal mênggah angèling anggulawênthah lare.

[Grafik]

EROPA.

Kasangsaran kapal mabur. Kawartosakên, kapal mabur Akron, golongan gadhahanipun wadya lautan Amerika, nalika nuju angêgana uwal saking têtangsulipun, lajêng kumaleyang dhawahn ing siti kêrisakan ing perangan wingking. Ing nginggil punika wujuding gambaripun.

ASIA.

Campuh rame. Wadya Jêpan mêntas campuh kalihan wadya Tiongkok wontên ing watês Mansyurie kalihan Korea. Wontên wadya Jêpan kalih golongan dhatêng ing Mansyurie minangka bêbantu. Ing sapunika wadya Jêpan sampun dados 30.000.

Tiongkok sadhiya badhe nglawan. Wadya Tiongkok sadhiya badhe ambelani Nangking. Bètèng-bètèng sampun dipun êdêgakên saha nyantosani dêdamêl. Wontênipun Tiongkok gadhah sêdya makatên, awit mangrêtos dhatêng galibêtipun Jêpan anggèning badhe nêmpuh kitha wau. Nanging Jêpan cariyosipun botên gadhah sêdya makatên.

--- 480 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

8.

Wontênipun dipun sêkolahakên ngantos têbih, prêlu andandosi putra, murih ing têmbe dados tiyang linangkung, awit putra namung satunggal, sampun dipun tilar ing rama wiwit sangkaning alit, lan malih dhasar Radèn Ayu Prawira wau pancèn wontên, botên eman amragadi putra, malah putranipun wau lajêng dipun pondhokakên ing griyanipun Walandi, milih Walandi ingkang katingal. Pangudangipun Radèn Ayu Prawira, mugi putranipun ing benjing sagêda ngungkuli para kulawarga.

Satamatipun saking pamulangan andhap, dipun lajêngakên dhatêng H.B.S. nanging namung tigang taun. Wontênipun namung dumugi samantên, amargi ibunipun Radèn Sumarta sampun sêpuh, panggalihipun tansah èngêt dhatêng putra ingkang apisah têbih, wusana Radèn Sumarta lajêng kapurih wangsul. Lan jalaran saking suwargi ramanipun Radèn Sumarta wau sugih sanak pawongmitra, mila Radèn Ayu Prawira lajêng pados pitulungan mrênahakên putra, saha kalampahan sagêd cêpêng damêl dados klèrêk kantor asistèn residhèn ing nagarinipun piyambak, tuwin botên lami lajêng minggah dados komis.

Sayêktosipun Radèn Ayu Prawira punika tiyang kina, sugêngipun rêmên prasaja, dêdalêm inggih namung wontên ing pakampungan lêbêt, botên prêlu pados papan anjênggarang ingkang mangku margi agêng. Nanging sarêng putranipun sampun wangsul saha sampun cêpêng damêl dados komis, sangêt ngeman tuwin ngrêksa dhatêng prajaning putranipun, lajêng nyewa griya gêdhong ingkang mangku margi agêng, nunggil kalihan Radèn Sumarta, dalêmipun piyambak dipun tilar.

Sanadyan griya ingkang dipun ênggèni punika agêng, Radèn Ayu Prawira botên wêgah ngisèni rêrêngganipun, namung mituruti punapa kasênênganing putra. Malah Radèn Sumarta nate kêwêdal wicantênipun: sarèhning sampun wiwit alit manggèn têtunggilan kalihan bôngsa Walandi, ing manah botên sênêng, bilih tataning rêrênggan griya botên ngiribi kados griyaning bôngsa Eropah.

Tata ingkang kados makatên punika tumrap ibunipun Radèn Sumarta angraosakên langkung kakên, awit ing saênggèn-ênggèn namung ngangge tatanan Walandi, ngrika-ngriki dipun dèkèki meja kursi, wiwit ngajêng dumugi wingking mawi gagrag Walandi sadaya, môngka mênggahing Radèn Ayu Prawira, rêmên lênggah sila tinimbang kursèn. Lan malih panjênênganipun rêmên sônja-sinanjan, botên pisah gantèn lan pakêcohan. Saya malih bab olah-olah, punika karaos dados kasênênganipun.

Nanging Radèn Sumarta botên pisan-pisan anggatosakên dhatêng kasênênganipun ingkang ibu, ing pundi-pundi sampun dipun kêbaki pot-potan, punapa ingkang andadosakên kasênênganing ibu, malah dipun wancahi. Samôngsa ingkang ibu katamuan, mawi anggêlari babut, lajêng dipun saru makatên: Ibu punika priyantun kampung, tuwin pangraosipun inggih pangraos kampung. Manawi wontên ing pakampungan kenging nindakakên kados makatên, inggih sanadyan jarambahipun dipun gêlarana gêlaran ngantos kêbak pisan, nanging manawi wontên ing kitha botên makatên, awit tamu kula namung para Walandi.

Ibunipun mangsuli: Aku iki yèn linggih ing kursi, gêgêrku pêgêl, lan yèn sikilku gumantung, rasane kêmêng, gèr. Dadi aku dhêmên linggih ing ngisor bae, kapenak.

Punika lêpatipun bôngsa kula tiyang pakampungan, ibu, botên purun ngênut lampahing jaman. Rêmênipun linggih andhêkukul, gêgêripun ngantos mungkuk. Bodhonipun kasangêtên, sasat kados maesa. Saya ing bab anggantèn, hih, kula ngantos jijik.

Wusana ing salajêngipun, Radèn Ayu Prawira lajêng narimah pados papan palênggahan piyambak, milih panggenan wontên sangajênging pawon, dipun rêsiki gumrining, prêlu kangge manggihi tamu. Nanging dangu-dangu Radèn Ayu Prawira saya mêlang-mêlang manawi nyumêrêpi anggèning putranipun gadhah tindak kumalandi punika. Mangangge cara Walandi, botên nate mangangge ikêt sinjang, malah nate cariyos, manawi bêbêdan tuwin ikêt-ikêtan rumaos isin, pakulinanipun inggih namung kalihan Walandi. Manawi ginêman basa Jawi mawi êk, êk, sajak ngucapakên basa ingkang sanès basanipun piyambak.

Dene ingkang sakalangkung adamêl rêntênging panggalih, namung bab anggèning putranipun wau sajak botên nganggêp tiyang dhatêng tiyang ingkang botên sagêd basa Walandi. Sawarnining pasrawungan, tuwin kasusilan Jawi, sangêt anggèning ngrèmèhakên, manawi sumêrêp aksara Jawi, sirahipun lajêng ngêlu, araos kadosdene ênêg. Mila gêsangipun Radèn Sumarta botên nate sêsrawungan kalihan bôngsa piyambak, kajawi namung kalihan ibunipun.

Malah Radèn Sumarta nate kêwêdal ginêmipun, saupami botên ngèngêti ibu, dhatêng nagari wutah rahipun piyambak sampun botên sênêng.

Satunggiling dintên, Radèn Sumarta nuju lèyèh-lèyèh wontên ing kursi malês, ulatipun katingal padhang, nandhakakên manawi nuju dhangan ing manah. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [481] ---


punika. (kembali)
punika.
ambayar. (kembali)
ambayar.
§ rasanirèng panutup / sanadyan ta kêsamar tinutup / kakênira kadi ucap nyênyêluki / kang mêngku karsa satuhu / anyandi tinutup wados // ingkang mangkana tuhu / cakira nèng sêkaran woh sêmu / umpêtan lir aling-aling sada siji / Sang Wija yêkti angguyu / nyambi ambongko kemawon // Red. (kembali)
§ rasanirèng panutup / sanadyan ta kêsamar tinutup / kakênira kadi ucap nyênyêluki / kang mêngku karsa satuhu / anyandi tinutup wados // ingkang mangkana tuhu / cakira nèng sêkaran woh sêmu / umpêtan lir aling-aling sada siji / Sang Wija yêkti angguyu / nyambi ambongko kemawon // Red.
angrêsiki. (kembali)
angrêsiki.
tiyang. (kembali)
tiyang.
apa. (kembali)
apa.
kapti. (kembali)
kapti.
Pembrantas. (kembali)
Pembrantas.
pabrik. (kembali)
pabrik.