Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08-10, #692

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08-10, #692 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08-10, #692 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka: 64, 6 Bakda Mulud Dal 1863, 10 Agustus 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Bogor - Katrangan Bab Pamrayogi Isinipun Volksalmanak Jawi - Nglêluri Sêkar Wijayakusuma - Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok - Grahana - Cacad Jawi - Bata ingkang Angsal Jêjuluk Raja Sêpatu Ngajal - Pangeran Adipati Siyêm dumugi Tanah Jawi - Bab Darmawisatanipun Para Jurnalis - Kasangsaran Mêsin Mabur - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Bogor

[Grafik]

Sêsawangan salêbêtipun Kêbon Raja ('s Lands plantentuin) ing Bogor.

--- 998 ---

Pawartos Wigatos

Katrangan bab pamrayogi isinipun Volksalmanak Jawi.

Kantor Bale Pustaka tansah tampi pamrayogi saking Jawi, supados Volksalmanak Jawi dipun cap mawi aksara agêng, amargi aksara ingkang dipun angge ing sapunika kalitên, manawi dipun waos kirang cêtha, saya tumrap para sêpuh, saya rêkaos. Kajawi punika ugi wontên pamrayogi, supados dipun isèni petangan.

Ing bab punika, Bale Pustaka ngaturakên gênging panuwun dhatêng para ingkang kagungan pamrayogi wau, awit raosing panggalih pamrayogi dhatêng Bale Pustaka, malah adamêl suka bingah, dening Bale Pustaka lajêng badhe sagêd nindakakên saprêlunipun.

Mênggah ing bab aksara alit, punika pancèn sampun dangu dados rêmbag wontên ing Bale Pustaka, lan pancèn dipun akêni mênggah kiranging prayoginipun. Nanging kadospundi, saupami Volksalmanak wau dipun santuni aksara agêng, sudaning isinipun bokmanawi wontên sapalih piyambak. Bab makatên punika tamtunipun botên adamêl rênaning para maos.

Manawi dipun cap mawi aksara agêng, ingkang isinipun kadamêl sami, kados isinipun cap-capan aksara alit, kandêlipun tamtu badhe tikêl, lan Bale Pustaka kêpêksa badhe ngindhakakên rêginipun. Ingkang kados makatên punika tamtu botên dipun sayogyani dening para ingkang sami mundhut.

Ugi wontên pamrayoginipun Bale Pustaka ingkang pinanggihipun botên badhe nyuda isi tuwin botên mêwahi kandêlipun, inggih punika manawi dipun cap mawi aksara Latin. Nanging pamanggih makatên punika inggih dèrèng tamtu anocogi kalihan panggalihaning ngakathah, pinanggihipun namung nuwuhakên sêmang-sêmang.

Mila ngantos sapriki, pangêcapipun kalêstantunakên kados sapunika.

Ing bab punika para maos Volksalmanak kaparênga nglairakên pamanggih wontên ing kalawarti ngriki, kadospundi prayoginipun.

Dene ing bab petangan, ing Volksalmanak Jawi ajêg ngêwrat, nanging pangêwratipun gêntos-gêntos.

Wusana bab sadaya wau, andadosna kauningan, saha nyumanggakakên.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 298 ing Kauman, Sala. Tumrap kuwartal 4.

Lêngganan nomêr 4003 ing Masaran. Pos wisêl sampun katampi. Nuwun. Landrechtreglement botên sade. Reglement tumrap tiyang ewah, sampun têlas.

--- 999 ---

Cariyos Kina

Nglêluri Sêkar Wijayakusuma

Nalika jamanipun kula taksih sêkolah nate dipun dongèngi guru kula, bab mulabukanipun para nata ing nuswa Jawi wiwit jaman purwa ngantos dumugi sapriki sami nglêluri pusaka pêpundhèn Sêkar Wijayakusuma, dene dêdongenganipun makatên:

[Grafik]

Sagantên Kidul sacêlakipun Nusakambangan, Cilacap.

Kacariyos Prabu Sri Bathara Krêsna, putranipun Prabu Basudewa, ing nagari Mandura, titisipun Sang Hyang Wisnu, kagungan pusaka Sêkar Wijayakusuma. Sri Bathara Krêsna kalihan para Pandhawa sami lêlana pitêr puja dhatêng dhusun ingadhusun, anjajah tanah ngamônca nagari mrih trawacaning cipta anggèning ngancas kamuksan, amêmuja angèsthi ayuning bumi, widada tumrahing wuri, tinêbihna sambekala, tulusa mêngku wibawa ambawani nuswa Jawi, sarêng dumugi pasisir kidul, Sri Bathara Krêsna anglabuh kagunganipun pusaka Sêkar Wijayakusuma, sarta sinabdan makatên: sira muga tuwuha ing jaladri, dadia sarana usada ing wuri, pinêtri agung sawabe, lan dadia pêpundhèn, pratandhaning para nata binathara nuswa Jawa. Lajêng sinauran swara jumêgur prahara sindhung riwut, dhèdhèt erawati gêtêr patêr, tôndha tinarimah sabda pangandikanipun Sri Bathara Krêsna. Panglabuhipun Sêkar Wijayakusuma wau amarêngi taun côndra 760. Tuwuh wontên jaladri pasisir kidul, wadhah dumados sela, sêkar dumados kitri, dados kitri tuwuh ing sela, kawastanan pulo Bandhung, ing samangke kabawah kabupatèn Cilacap, paresidhenan Banyumas. Pulo Bandhung wau jèjèr kalih, ingkang lèr kilèn kathah têtuwuhanipun, ingkang kidul wetan pulo alit awujud curi, têtuwuhanipun amung wit sêkar Wijayakusuma.

Nalika Prabu Parikêsit ngancas badhe muksa nulad lêlabêtanipun ingkang eyang ugi pitêr puja, kadhèrèkakên para sêpuh saha para brahmana rêsi, sarêng dumugi ing pulo Bandhung, mriksa tuwuhan wontên ing sagantên, lajêng andangu dhatêng ingkang sami andhèrèk, atur wangsulanipun Rêsi Gurundaya, bilih punika tuwuhing pêpundhèn sêkar Wijayakusuma, kagunganipun Sri Bathara Krêsna nalika linabuh, ing nguni sinabdan sagêda tuwuh sarta dados tandhaning panjênêngan nata ing tanah Jawi.

Nalika Prabu Ajipamasa mêntas nirnakakên Rêsi Kanwa, ing ngriku tilas kuwunipun Rêsi Kanwa lajêng wontên nagaraja agêng kagila-gila, lajêng jinêmparing babar dados widadari nama Dèwi Wasuwati, aparing sêkar Wijayakusuma, kagunganipun Sri Bathara Krêsna

--- 1000 ---

ingkang linabuh tuwuh wontên pulo Bandhung, tuwuhipun bilih pinêtri agêng sawabipun, sarta dados tandhaning lêstarinipun panjêngan nata nyakrawati.

Dumugi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurad, ingkang ngadhaton ing nagari Kartasura, ugi nglampahakên utusan ngupaya sêkar Wijayakusuma, ingkang kautus nama Ki Pranantaka.

Wiwit kina sêkar Wijayakusuma dados pêpundhèn panjênêngan nata ing nuswa Jawi, sabên mêntas jumênêng nata anglampahakên utusan ngupaya sêkar Wijayakusuma, ngantos dumugi nalika mêntas jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X ingkang ngadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat, watawis 8 wulan akalihan jumênêng dalêm nata, amarêngi dintên Sabtu Pon tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir ing warsa Dal, ugi nglampahakên utusan ngupaya pêpundhèn sêkar Wijayakusuma.

Wasana lêrês lêpatipun dêdongengan ing nginggil, kula nyumanggakakên.

Sutata

Tlawong.

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Sampun sawatawis dangu Kajawèn botên ngêwrat pawartos ing bab pasulayanipun praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil. Wontênipun botên ngêwrat, saking kamanah bilih pawartos bab pasulayan wau angêbosêni, awit kawontênanipun namung maligi nyariyosakên ing bab pasulayan, ingkang tansah lumintu tanpa pêdhot. Ewadene ing Kajawèn inggih taksih ngêwrat pawartos babagan pasulayan wau sawatawis, kawrat ing pêthikan pakabaran warni-warni.

Manawi mirid kawontênanipun pasulayan, têtela bilih sami dèrèng manggih pamarêm, sanadyan pasulayanipun, saupami latu urubipun kantun botên sapintêna, nanging tangèh raosa asrêp. Malah manawi nitik dhatêng gumêlaring lêlampahan, sanadyan pasulayanipun sampun nipis, nanging têlênging kawigatosan saya katingal, awit mênggahing wos-wosipun, ngrika-ngriki sami ngudi sagêdipun manggih kuncara, dene kuncara wau botên liya namung ngangkah dhatêng asil agêng, ingkang kanthi pinayungan panguwaos. Tamtu kemawon kamelikan kados makatên wau ugi dipun pengini ing praja sanès, mila lajêng katingal tindak pating talêsêp sami ngêtrapakên pangangkah.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih adêging paprentahan Mantsjoekoeo punika ingayoman dening panguwaos Jêpan, inggih sanadyan mawi dipun sasabana ing tindak kadospundi, sêsulakipun tansah ngalela kemawon. Sarêng paprentahan enggal wau sampun katingal jêjêg adêgipun,

--- 1001 ---

inggih lajêng tuwuh tatanan enggal warni-warni. Ing sapunika ing bab adêging pakaryan pos, wiwit ewah saking padatan, gêgayutaning pakaryan pos Tiongkok wontên ing laladan Mantsjoekoeo lajêng kados dipun papras babarpisan.

[Grafik]

Konsul Jendral Moerai ingkang nandhang sangsara saking pambêlêdhosing bom ing Hongkjoe-park, dipun gendhong dening matrus Jêpan.

Inggih sintên tiyangipun ingkang lêga dipun suwak panguwaosipun, ing pangangkah tamtunipun inggih nindakakên panduwa. Ing sakawit babagan pakaryan wau lajêng dipun jèjèri panguwaosipun Jêpan, wosipun supados nyuda dayanipun Tiongkok. Wusana bab punika malah lajêng dipun rosani dening paprentahan Mantsjoekoeo angawisi amtênar pos Tiongkok tumindak damêl wontên ing laladan ngriku, malah para amtênaring pos wau lajêng sami kapurih nilar sawarnining kantor pos ing Mansuriyah. Malah ing salêbêtipun sami oncat, wontên ing margi dipun agru-agru dening bôngsa Jêpan.

Sarêng panguwaos punika sampun dhawah ing paprentahan Mantsjoekoeo, inggih punika pakaryan ing laladan propènsi Moekden, sadaya lajêng dipun wontêni tatanan enggal, adamêl prangko tuwin bripkar piyambak, sisa-sisa gadhahanipun paprentahan lami dipun sukani palilah namung dipun angge dumugining wêkasanipun wulan punika. Lan tumindaking tatanan enggal wau sarana mawi ngêmohi dhatêng rêmbaging praja ngamônca. Tuwin taksih wontên tatanan sanès-sanèsipun.

Makatên ugi ing bab tatanan pabeyan, punika inggih tansah tuwuh rêbat panguwaos kemawon. Kados ta pakaryan pabeyan ing Shanghai, nêtêpakên mupu beya barang-barang ingkang badhe kakintunakên dhatêng Mantsjoerie. Ing bab punika lajêng nuwuhakên gitaning para sudagar bôngsa Jêpan, saha parentah Jêpan lajêng adamêl tatanan murih nindakakên rêmbag padhami. Makatên ugi tumrap paprentahan Tiongkok ing laladan Mantsjoerie, [Mantsjoe...]

--- 1002 ---

[...rie,] lajêng nindakakên awisan lêbêting barang dhatêng Mantsjoerie, punika namung minôngka tindak pamalês kemawon.

[Grafik]

Tiyang ingkang ngêbom dipun cêpêng dening pulisi.

Sêsulaking pasulayan ingkang ing sapunika araos tipis, manawi mirid saking pinanggihing pasulayan ingkang sampun-sampun, tuwin ing bab tindak paracidra, kadosdene ingkang pinanggih ing Hongkjoe-park (Shanghai) kala samantên, ngantos adamêl kasangsaraning para pangagêng Jêpan, punapadene mirid sêsulaking pasulayan ingkang taksih lumintu, lôngka manawi lajêng tumuntêna sagêd sirêp.

Malah miturut pawartos ing sapunika, parêpataning pêrang para Jendral Tionghwa, ingkang dipun tindhihi dening Jendral Chang Hsuek, nêtêpakên, badhe nindakakên panglawan dhatêng wadya Jêpan ing salêbet saha sajawinipun Mantsjoerie, kanthi ngawontênakên wadya kabangsan 200.000, sami pêpilihan.

Parentah Nanking ugi sampun nayogyani saha nindakakên bêbantu. Makatên ugi wontên pawartos saking Peiping bilih Jendral Ma Chan Shan ingkang wêkdal punika nuju kêsilêp, pinanggih taksih sarwa mitayani, malah wiwit lumawan nêmpuh mêngsah.

Nitik kawontênan makatên punika, sirêping pasulayan kados namung pinanggih wontên ing pawartos kemawon. Namung ing pamuji, kawontênan wau tumuntêna sirêp yêktos, awit, sirêping paprangan, inggih atêgês têntrêming jagad.

Pawartos saking redhaksi

P.K. 585. Cariyos Rêdi Jabal Kanil, cariyos rêca Sukuh, bab praja Mangkunagaran, dèrèng tampi. Sanèsipun sampun tampi, nanging botên kapacak sadaya.

Tuwan S. ing watês Kadhiri. Gedeponeerd têgêsipun nyimpên. Tumrap bab andhêl, têgêsipun nyimpên mèrêk andhêl dhatêng kantor ingkang dipun wajibakên nyimpên. Mênggah caraning ngêdheponirakên, ngaturakên sêrat dhatêng Kantoor voor den Industrieelen Eigendom Gang Pool Batavia-Centrum.

Lêngganan nomêr 2735 ing Bogor. Bab kados ingkang pajênêngan ngandikakakên punika, botên angsal pènsiun, dening kala samantên dèrèng wontên tatanan. Nanging warandhaning amtênar gupêrmèn kenging gadhah panyuwun ondêr sêtan, samantên punika kanthi katrangan bilih warôndha wau nyata kamlaratan, dene manawi sagêd angsal, pangetangipun wiwit kala punapa, punika gumantung saking panimbanging pangagêng nagari ingkang nindakakên.

Lêngganan nomêr 2829 ing Bandhung. Sawarnining lampahan ringgit kados ingkang panjênêngan cathêti, sampun kawêdalakên dening Bale Pustaka sadaya, dados 37 jilid, isi 177 lampahan, aksara Jawi, gancaran, sajilid rêgi f 0.24.

--- 1003 ---

Kawruh Sawatawis

Grahana

Ing karangan kula rumiyin sampun ngrêmbag bab sonnêsêtèlsêl, kula sampun matur manawi planit-planit sadaya sami mlampah ngubêngi srêngenge, sarèhning ing ngriku kula babarpisan botên ngucapakên prakawis rêmbulan, têmtu kemawon para maos sami badhe pitakèn, mênggah rêmbulan punika punapa.

[Grafik]

Rêmbulan, bumi srêngenge.

Ing sayêktosipun rêmbulan wau inggih satunggilipun planit, ananging planit ingkang mlampah ngubêngi bumi, wusana kenging dipun wastani èmbèl-èmbèlipun bumi utawi putunipun srêngenge.

Sadèrèngipun kula nyariyosakên bab grahana, kula badhe ngrêmbag srêngenge rumiyin. Srêngenge punika miturut katêranganipun para astronomen, bangsanipun lintang sagêd mêncorong angêdalakên sorot, wusana para sarjana saking pundi-pundi nagari sapunika sagêd nyumêrêpi manawi srêngenge wau satunggalipun vuurmassa, kenging dipun samèkakên dilah ingkang agêng. Mênggah planit-planit wau sagêdipun têrang inggih saking sorotipun srêngenge wau, dados srêngenge kalihan planit-planit wau kenging dipun samèkakên dilah ingkang agêng kalihan pêngilon.

Kala môngsa manawi pinuju padhang bulan, rêmbulan wau sagêd sakêdhik utawi sadaya dipun aling-alingi dening bumi, dados botên kenging sorotipun srêngenge, makatên angwontênakên grahana rêmbulan.

Sapunika manawi tanggal sêpuh, dados rêmbulan wontên ing têngahipun bumi kalihan srêngenge, kala môngsa srêngenge wau dipun tingali saking bumi dipun aling-alingi dening rêmbulan, makatên wau sagêd andadosakên grahana srêngenge.

Kintên kula gambar punika sagêd nyêthakakên dhatêng para maos.

Manawi rêmbulan wau mlêbêt dhatêng wayanganipun bumi, ing mriku miwiti grahana.

Miturut cariyosan ing nginggil dados sabên padhang rêmbulan mêsthi wontên grahana rêmbulan, sarta manawi pinuju tanggal sêpuh kêdah wontên grahana srêngenge. Ananging kawuningana salêrêsipun botên makatên, sabab margi rêmbulan wau miring sakêdhik kalihan patrapipun bumi kalihan srêngenge.

Para astronomen mawi petangan sagêd nêmtokakên grahana, pintên jam dangunipun saha saking pundi panggenan sagêd katingal.

Pardi

Opsir Gouv. Marine.

--- 1004 ---

Panggulawênthah

Cacad Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Sanadyan nyataa pisan, gèk punapa ta prêlunipun, dene pun C lajêng ngêmohi dhatêng A, jêr botên miawon dhatêng piyambakipun. Botên prêlu gêthing, pun A rak botên gadhah lêpat dhatêng piyambakipun. Dados yèn makatên pun C wau nama anggêthingi tiyang tanpa dosa. Malah piyambakipun ingkang dosa kaping kalih, 1 angrujuki tiyang dosa, 2 dosa anggêthingi tiyang ingkang tanpa sabab. Nanging kocapa, danguning dangu sarêng pun C mirêng (mangrêtos) dene pun A nyata botên awon, sakala lajêng kawalik, glebag, têpangipun pun C rumakêt sangêt dhatêng pun A, ananging dhatêng pun B ingkang suwaunipun kêlèt, sapunika dados pisah. Tiyang gêsang têka dipun bingung-bingung piyambak.

Pramila atur kula dhatêng para maos, sadaya kawontênan ingkang asêmu badhe botên sae, krêsaa nyatakakên rumiyin, sampun kasêsa anggêgani rêmbag ingkang dèrèng kinantênan. Punapa ta awonipun nyatakakên, kados botên wontên awonipun. Môngka rêmbag nyata lan lêrês punika lôngka saèstunipun, sampun sinaksenan ing jagad, bilih tiyang rêmbagan punika sawênèh wontên ingkang ngindhakakên, sawênèh malih wontên ingkang ngirangi. Yèn ingkang dipun rêmbag wau kapinujon tiyang ingkang dipun trêsnani, bokmanawi awona inggih kadamêl sae. Dene kosokwangsulipun, yèn ingkang dipun rêmbag kalêrês tiyang ingkang botên dipun sênêngi, utawi sêngit, bok saea kados punapa, sok ugi dipun awonakên. Kadospundi ungêl-ungêlan Jawi: wong sênêng ora kurang pangalêm, wong gêthing ora kurang pamada. Pramila sadaya para maos yèn wontên rêmbag ingkang botên sakeca dipun mirêngakên, sarta suraos badhe ngawontênakên crah utawi gêgêthingan, sampun pisan-pisan dipun ladosi, mugi ingkang sabar kemawon lan kaantosakên, mangke rak kasumêrêpan piyambak. Samukawis awon lan sae, tamtu wontên panggenanipun piyambak-piyambak. Bêcik katitik, ala katara, panci inggih wontên lêrêsipun. Dene ungêl-ungêlan Walandi ingkang gêpok magêpokan kalihan bab punika, tur pantês ugi dipun angge, kados ing ngandhap punika: Zelf ervaring is de beste leermeesteres. Dene suraosipun yèn botên kalintu kados-kados makatên: dene lêpat sumôngga sami pun lêrêsakên, samubarang kang dinyatakake dhewe, kuwi kang utama. Dene raosipun, botên kenging anggêgani rêmbag sanès.

Sampun cêkap samantên kemawon atur kula, botên langkung nyuwun pangaksami dhatêng para maos.

R.A.S.

Pacitan.

--- 1005 ---

Bata, ingkang angsal jêjuluk raja sêpatu, ngajal.

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun sêpatu ingkang nama Bata, awit sampun sumêbar ing pundi-pundi. Dene nama Bata punika mêndhêt saking namanipun tiyang ingkang gadhah ada-ada, nama Tuwan Thomas Bata. Mênggah babadipun cêkakan, sakawit namung tukang sêpatu limrah kemawon, dangu-dangu sagêd dados agêng tuwin salajêngipun gadhah pabrik agêng-agêng wontên ing Jêrman, Inggris, Joego Slavia, Prancis tuwin Suwis. Punggawanipun ewon.

[Grafik]

Motor mabur ingkang dhawah saha risak.

[Grafik]

Nalika badhe pambêktanipun layon.

Satunggiling dintên, nalika Tuwan Bata badhe mriksa pabrik enggal ing Suwis, numpak motoripun mabur piyambak, amanggih sangkala motoripun mabur numbuk pipaning pabrik dalancang, motor mabur risak, ingkang numpak sami tiwas.

Ing sangajalipun Tuwan Bata sampun atilar sêrat wasiyat, ingkang suraosipun suka piwêling, bilih kabudidayanipun punika gadhahaning ngakathah, lan gadhah piwêling nyauri sambutaning praja 4½ yuta krun.

--- 1006 ---

Pangeran Adipati Siyêm dumugi tanah Jawi

Ing Kajawèn sampun nate martosakên ing bab Pangeran Paribatra linggar saking praja Siyêm. Ing sapunika sang pangeran wau sampun dumugi ing tanah Jawi, nitih kapal Baloeran.

Tindakipun sang pangeran wau namung sakalihan garwa, putri 5 tuwin putra kakung ingkang nêmbe tamat saking pamulangan Oxford, punapadene pandhèrèk sawatawis.

Kala rumiyin sang pangeran punika jumênêng ministêr babagan sajawining praja. Kala tuwuh ura-uru tanggal kaping 24 Juni, panjênênganipun dipun tawan dening golongan rakyat. Sarêng tawanan sanès-sanèsipun sampun dipun luwari, panjênênganipun lêstantun taksih dipun tawan. Sasampunipun dipun luwari, gêlênging rêmbagipun ngakathah, panjênênganipun katêtêpakên supados sumingkir saking praja Siyêm.

Sarawuhipun ing Batawi, sang pangeran dipun papagakên Tuwan Residhèn van der Hoek, ingkang minôngka wêwakil dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Wontênipun ing Batawi lêrêm wontên ing hotèl des Indes. Saking Batawi tindak dhatêng Bogor, pêpanggihan kalihan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Saking Bogor tindak dhagêng[1] Bandhung lajêng lêlana ing tanah Jawi tuwin Bali.

[Grafik]

Ingkang kiwa: sang pangeran têdhak saking kapal. Têngên nginggil: juru sêratipun Phya Pradibaddha Bhudal. Ngandhap: para pandhèrèkipun.

Ing sapunika panjênênganipun sang pangeran dèrèng sagêd nêtêpakên kaparênging panggalih badhe lêrêm wontên ing pundi. Lan malih jalaran garwanipun sang pangeran nuju gêrah, prêlu ngêntosi pamrayogining dhoktêr, kêdah manggèn wontên ing praja pundi.

Samantên pinanggihing lêlampahaning ngaluhur, ingkang botên kinintên.

--- 1007 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Bab darmawisatanipun para jurnalis

I

Sanadyan ora katon saka kene, nanging aku wis mambu, yèn para bêndara, para sadulur-sadulur sing padha maca pèngêtanaku kiyi mêsthi padha anggalêgês, nanging iya ora nganti katon gingsule. Seje karo kônca-kancaku para jurnalis ing sajabaning Batawi, cara adu jagone aku wani nyatus, yèn gumuyune ora mung angglêgês bae, nanging kiraku untune rong larik nganti katon kabèh, apa manèh sing untune ... kinclong, têmtune sabên uwong, luwih-luwih nèk cara Banyumase rada kanjat, iya dikandhani mangkene: hla, mênika, hèh, hèh hèh, hèh, manawi jurnalis Jakarta, hèh, hèh, hèh, hèh, anggêr slênthing wontên kabaripun, hèh, hèh, hèh, hèh, inggih anggènipun piknik (darmawisata) hèh, hèh, hèh, hèh, hahak, hahak.

[Grafik]

Dene ana sing padha angglêgês, malah ana sing padha anggêguyu pisan, kuwi sanyatane iya ora kêna dipaido, wong iya ingatase wis pirang-pirang sasi mung slênthêman bae, barêng glothak ana kabare, jêbul anggone arêp piknik. Ewasamono kudu dielingi, nèk biyèn kuwi para jurnalis ing Jakarta, tungkul tansah padha kêrah bae, kang wusanane padha isin dhewe, sing sabanjure padha prihatin. Anggone lawan mung mênang-mênang bae, kuwi sanyatane rak lagi pati gêni, dene anggone padha piknik, kuwi kêna diupamakake kayadene lagi buka saka anggone pati gêni mau. Salêbare kiyi kêna tak têmtokake, nèk para jurnalis ing Jakarta bakal tumandang gawe têmênan, ora-orane nèk nganti padha kêrah-kêrahan manèh, kaya dudu satriya, mêsthine iya banjur padha ...

--- 1008 ---

boksên.

Dene miturut programmah, sing padha mèlu darmawisata kiyi, saka ariwarti Bintang Timoer, jendral saopsire pisan, saka Siang Po kurnèle sakamprèt lan culike, kajaba iku tukang ngocèhe layang kabar utawa kalawarti: Java-Bode, Sin Po, Volksstem, Pandji Poestaka, Parahiangan iya akèh sing padha mèlu, malah tukang andopok apadene tukang ngobrole kalawarti Kajawèn, sanadyan nganti dilakoni tombok kathok, iya mêksa ora gêlêm kèri. Wong iya bangsane: tukang korèk, tukang andopok, tukang adol cao, kathik padha kumpul dadi siji, mulane ramene iya ora beda kayadene wong wadon jaman saiki sing ditari arêp digolèkake ... maru.

Rêmbuge ing ngarêp, kumpule para jurnalis ana ing kadhatone jênêng ingsun, yaiku ing gang Karnolong nomêr 8, ing Batawi Sèntrêm. Kanthi diwanti-wanti bangêt dening pangarêpe pakumpulan, Tuwan Kamprèt, saka ariwarti Siang Po, para jurnalis ing dina Minggu tanggal 7 Agustus, kang kapungkur jam 5.30 kudu wis padha ngumpul ana ing panggonan sing ditêmtokake mau, awit jam 6 thèng kudu wis bisa budhal saka ing Batawi. Sing akèh-akèh iya padha anêtêpi ing jangji têmênan, jam 5.30 pêrsis, wis akèh para jurnalis sing wis padha têka ing omahku. Dene kala samono aku dhewe wis sadhiya supaya ... digugah. Tujune otobise durung têka, dadi aku isih kobêr dandan, sarapan utawa ngopi barang. Kira-kira jam 6 aku wis samapta, nalika iku para jurnalis sing padha arêp mèlu darmawisata, mèh kabèh wis padha ngumpul ana ing pandhapaku, ramening suwarane para jurnalis sing lagi padha rêmbugan, ora beda kaya ... biyung jalak sing lagi ngloloh, cèt, cit, cèt, cèt, cit, cèt, nganti tôngga têparo padha tangi kabèh, awit dikira ana ... omah kobong.

Ing ngarêp wis tak omongake, kira-kira jam 6 para jurnalis wis mèh padha pêpak kabèh, mung kèri ngêntèni jurnalis siji, yaiku Si ... Kamprèt. Ewasamono iya ora kêna dipaido, sabab Si Kamprèt mau, kajaba dadi pangarêpe piknik, iya kajibah anggolèk otobise. Mulane kenene iya kudu ngêntèni kanthi sabar tuwêkal angayang batin, e, nas, kok nganggo ngayang batin, nganti kaya sing suwêngan panunggul siji kae.

Kira-kira jam 6.30, klêpêr, klêpêr, Si Kamprèt têka, nanging ora anggawa otobis. Mulane cara anggone ambagèkake para jurnalising wis padha ngumpul ing ngomahku, nyang sing lagi têka mau, iya warna-warna. Ana sing muni: o, durung jênêng Indhonesiyêr kuwi, nanging: in, -lan- dhêr. Ana manèh sing muni: wayah, kathik kaya pangantèn anyar ing môngsa bêdhidhing, krainan ajêgan. Malah ana sing ngêlokake: wayah, kathike alus kaya Sêmbadra kluron.

Bawane Si Kamprèt isih nêtêpi mênyang: wong Jawa goning sêmu, iya tanpa diwêlèhake dawa-dawa manèh, kala samono wis nyandhak yèn kasèping têkane otobis kuwi, ora

--- 1009 ---

wurung iya awake sing bakal dipaido, mulane cara Mlayune tanpa banyak cincong, blas, Si Kamprèt ninggal papan kono, prêlu ngurus otobise. Lakune ngutu lir pendah Ariya Sêtyaki mambu obat, klothak, klothak, iki suwarane têkêne, lho.

Rikala samono ngrêmpêlune para jurnalis sing wis rada suwe anggone padha ngêntèni mau, iya tan kêna kinira têmênan, saka jèngkèle mau, nganti aku kapêksa tombok ... kopi sêkati. Tujune kira-kira jam 7.30 otobise têka, aja harak bisa kalakon para jurnalis mau padha ngantêm krama ... sêga kuwadhang têmênan.

Kang miturut progamane[2] niyat budhal saka Batawi jam 6, jalaran saka clila-cliline supir otobis, banjur kapêksa lagi bisa pangkat jam 8. Ing môngka sadurung-durunge wis ngaturi layang nyang wakil bupati ing Sukabumi, yèn para jurnalis ing Batawi arêp padha darmawisata nyang kono. Mungguh prêlune ngaturi layang mau, ora kok nêdya golèk suguhan, ewasamono ... nanging minôngka nyuwun idi, supaya para jurnalis mau kaparênga this-thisan anjajah ing tanah wêwêngkone. Dadi iya mung kanggo tatakramane bae, murih aja nganti diarani: jurnalis ora ngrêti unggah-ungguh. Ing layang mau disêbutake yèn têkane para jurnalis kira-kira jam 9, lakune saka Batawi nyang Sukabumi kuwi, nèk nunggang otobis kurang luwih 3 jam, ing môngka jam 8 isih ana ing Batawi. Dadi kêna ditêmtokake yèn bakal kasèp diningrat. Ewasamono ing sarèhne otobis kuwi gampang rusake, lan jaman saiki kêna diarani: jaman apus, mulane yèn nganti dipaido, iya mangsuli bae mangkene: tiyang bandhênpèh (anjêblug bane) ngantos kaping kawan sasur. Kaya-kaya kanane rak wis lêga.

(Wontên sambêtipun)

[Grafik]

Têtiyang nuju sami ningali salah satunggiling mêsin mabur ingkang tanpa motor dhawah, jalaran anyarèmpèt rêdi Pasir ing Egmond aan Zee (Nèdêrlan).

--- 1010 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan Saking Sêrat-Serat Kabar Sanès

Tanah Ngriki

Kalawarti enggal ing Pêkalongan. Wontên pawartos pangêcapan Pêrsatuan ing Pêkalongan badhe ngêdalakên kalawarti nama Bintang Islam mêdal sabên minggu, dene Bintang Islam lami ingkang mêdal saminggu kaping kalih, kalêstantunakên, namung ngêwrat bab wulangan Islam.

Nitik kawontênanipun wau, kalawarti punika pinanggih majêng mugi sagêda widada.

[Grafik]

Niti sêsakit lepra. Dr. Sitanala, achli sêsakit lepra kanthi Dr. Kodijat, nindakakên papriksan ing bab kawontênanipun sêsakit lepra (budhug). Dr. Sitanala wau wêwêngkoning bawahipun ing Jawi Têngah, nanging ugi badhe mriksa laladan Jawi Wetan tuwin Kilèn, sapunika nuju pêpriksa wontên ing Kêdhiri.

Sami-sami sêsakit, sêsakit punika tumraping bôngsa Jawi sampun dangu sumêrêpipun, nanging dèrèng sumêrêp ing bêbayanipun. Dangu-dangu sarêng têtiyang saya sêsrawungan kalihan dhoktêr saya mindhak sêsêrêpanipun bab sêsakit, mila tindaking pakaryan punika kintên-kintên saya dipun mangrêtosakên dening ngakathah.

Damêl sarêm. Satunggiling tiyang ing dhusun Pêcuk, Indramayu, nuju ambêkta sarêm damêlanipun piyambak kadênangan dening pulisi. Tiyang wau sarêng dipun cêpêng pratela bilih ing dhusun Pêcuk kathah tiyang damêl sarêm. Pèlpulisi lajêng tumindak gledhah, sagêd nyêpêng tiyang pintên-pintên. Mênggah sababing damêl, jalaran ing môngsa punika sawêg rêkaos pados têdha, nalika jamanipun dèrèng kêsangêtên inggih sami botên purun gadhah tindak kados makatên.

Samantên awratipun tiyang kapèpèt pados têdha wontên ing jaman kados makatên, ngantos purun gadhah tindak ingkang dados awisaning nagari. Mêmêlas.

Rakyat ing Gombong kawratan sêsanggèn warni-warni. P.S.I.I. ing Gombong mêntas ngawontênakên parêpatan, ingkang dipun dhatêngi ing têtiyang 1500 jalêr èstri. Mênggah wosipun anggêlêngakên rêmbag badhe gadhah atur dhatêng ingkang wajib, ngaturakên kawrataning rakyat ing bab awrating pajêg siti, pajêg pêkên, wragat pêgat nikah, makatên ugi ing bab wragad sade tinumbas rajakaya, awit sadaya wau sami dados sêsanggèning rakyat.

Sêsambat ingkang makatên punika manawi nitik dhatêng kawontênaning jaman, nama limrah pinanggih ing pundi-pundi, lan mênggah pinanggihipun kathah ingkang nyata. Dene kasêmbadanipun namung kandhêg wontên ing pamuji, mugi sawarnining sêsanggèn awrat sagêda dados ènthèng.

Tanêman kêdhêle gabug. Tanêman kêdhêle ing wêwêngkon kabudidayan Saragêdug kathah ingkang gabug, kintên-kintên wontên 250 bau.

Anggèning botên kêmêdalan têtiyang ngriku punika, têmtu andadosakên panggalihanipun ingkang wajib, lan wajib têmtu badhe nguningani sasambatipun ingkang sami kêkirangan.

Mêrapi-fonds ambage kadarman. Mêrapi-fonds ing Surabaya mêntas ambage kadarman dhatêng pakêmpalan angguran tiyang siti f 2458.06, dhatêng pangangguran bangsa Walandi f 2458.06, kasangsaran ing Panarukan f 1000.-, griya pangangguran sanèsipun malih f 2458.06.

Mugi kadarman wau sagêd murakabi dhatêng ingkang sami dipun darmani.

Mr. Soetardjo Brotosewojo ngawula dhatêng kraton Surakarta. Wontên pawartos Mr. Soetardjo Brotosewojo asli saking Surakarta ing sapunika ngawula dhatêng kraton Surakarta, dipun piji nyambut damêl wontên Sanawilapa (kantor salêbêting kraton), balanja wiwit f 450.-

Tumrap kraton Surakarta manggih punggawa ingkang mitadosi. Sagêd pinuji kasêmbadanipun.

A.M.S. kabangsan ing Surakarta saya katingal. Sarêng pambikakipun A.M.S. kabangsan ing Surakarta saya cêlak, saya katingal grêgêtipun. Para ingkang sami nêdha malêbêt dados murid saya kathah, wontên ingkang tilas murid Nias ingkang kawêdalakên ing taun punika, jalaran botên minggah. Calon murid saking Sumatra katêdha tumuntên ngintuna bijinipun. Kathah para sudagar ingkang ambiyantu urun arta sabên wulan. Sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunêgoro nyambuti bibliotheek. Manggènipun badhe nyambut saperanganing griya A.M.S. lami rumiyin. Sapunika sawêg nyuwun palilah dhatêng Departement Pangajaran.

Sintên kemawon têmtu rumaos agêng ing manah dhatêng kasêmbadaning adêgipun A.M.S. wau.

Pabrik gêndhis bobrok. Miturut pawartos pabrik gêndhis ing Purworêjo, ing taun 1931 kapitunan f 1.782.800.99, manawi kapetang kalihan kapitunan taun 1930 wontên f 3.302.615.12. Nanging sagêd suda sawatawis dening sandening yasan enggal f 1.841.216.41 tuwin kas tandhon f 56.418.09.

Wah kapitunan samantên punika inggih botên sakêdhik, nanging manawi nuju bathi, kintên-kintên inggih sathekruk.

Para juragan gambar idup parêpatan. Para juragan gambar idup cacah 35 sami mêntas parêpatan wontên ing Sêmarang angêdêgakên bon nama: Ned. Ind. Bioscoopbond, badhe damêl congres wontên ing Bandhung.

Wah, sapunika punapa-punapa wontên golonganipun, gambar idup ugi makatên. Dangu-dangu punapa wontên bonipun tiyang ningali gambar idup?

--- [1173] ---

Catatan kaki:

1. dhatêng. (kembali)
2. programane. (kembali)