Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-26, #762

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-26, #762. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11-26, #762. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 95, 28 Rêjêp Dal 1863, 26 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1493] ---

Ôngka 95, 28 Rêjêb Dal 1863, 26 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Pulisi Èstri - Bab Rumêksa Kasarasanipun Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan - Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta - Pitulungan Tumrap para Kaji ing Hedjaz - Wêdharan Bab Pasugihan - Eling - Bab Dumping Djepan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah

Tatwawara

[Dhandhanggula]

Ana têmbung anyar amêtoni / wêwarahe wong kang ahli rasa / isbating ngèlmu jarene / mangkene ujar mau / narakane manèh yèn sudi / nadyan swargane pisan / tinampik tan ayun / nanging banjur sinambungan / rèhning urip kudu bali maring urip / mula ahlia swarga //

Kaya paran dènira gagapi / ujar iku têka karya samar / pra sujana bubuhane / prandene kang wus luhung / datan kewran dera ngêcupi / sêdene pra nupiksa / yêkti datan kidhung / ambuka basa surasa / lah sumôngga gènipun anarbukani / môngka ngamaling gêsang //

ingkang cocog lawan akal budi / dadi nyata kêna rinungkêban / tan was-was anekadake / nyataning ujar iku / rèhning isbat yêkti tan sami / lawan barang kang ganal / angegla dinulu / bènèh lan mêloking isbat / mung surasa kang kudu krasèng jro ngati / kandhas ing donyakirat //

kang ginêlar anèng kene iki / dudu nraka utawa suwarga / kaya kang ginêlar ngakèh / têgêse nraka besuk / swarga besuk lamun wis mati / kene ngrêmbug surasa / aja salang-surup / wajibing para manuswa / ulah budi supaya bisa brêkahi / urip jaman mlasarsa //

--- 1494 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pulisi Èstri

I.

Garèng : Anggone rêmbugan ing bab protèse pakumpulaning para Walônda pranakan, padha dilèrèni bae, Truk, wong aku wis dipleroki mrana-mrene, saiki padha ngrêmbug bab liya, nèk cara saotone kanggone saiki sing isih rada angêt, yaiku ing bab pulisi wadon.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, Kang Garèng, bab kiyi pancène ora prêlu dirêmbug, awit ing kene ora bakal dianakake. Kowe rak iya krungu dhewe, para panggêdhe-panggêdhe, kaya ta: guprênur ing Jawa Wetan, ora mupakat, mêngkono uga guprênur ing Jawa Kulon, iya ora cocog, marga alangan dening pangiridan kuwi.

Garèng : Mungguhing aku, iki salah bangêt, Truk, apamanèh ing jaman pambudine para wanita arêp anjaluk dipadhakake karo wong lanang kiyi, kuwi pulisi wadon wajib dianani.

Petruk : Lo, Kang Garèng, nèk kaya unimu, dadi lanang wadon wis padha bae, rak mung ambuwang-buwang dhuwit bae, saupama banjur nganakake pulisi wadon barang, wong iya wis padha bae, arêpa pulisi lanang ajêgan sing... anggledhah upamane, rak ya padha-padha bae.

Garèng : Hus, wong sêmbrana ora karu-karuwan. Banjur mênyang ngêndi kasusilane wanita, yèn mêngkono kuwi, sing dikarêpake padha kuwi, ora banjur dipadha sakabèhane, nanging mung wawênange...

Petruk : Padha wawênange, kiyi karêpe jêmbar bangêt, Kang Garèng, kaya ta upamane: wong lanang diwênangake rabi papat, saupama bojo papat mau siji-sijine padha duwe anak nyiji, gunggung kumpul bapa, ibu 4 lan anak 4 ana 9. Saiki saupama wong wadon dipadha wawênange [wawênang...]

--- 1495 ---

[...e] karo wong lanang, iya banjur têrus kêna ngrèntèngi bojo papat. Rak iya mêsthi kêna-kêna bae, ta, nanging arêpa diplênêt-plênêtna nganti mêcicil-mêcicil kae, iya ora bisa anak-anak jêbrol mêtu 4, lumrahe iya mung mêtu siji, tur iya bocah sing nalôngsa bangêt, awit manawa wis rada gêdhe sathithik iya mêsthi tansah ringik-ringik: cibu, êndi jing bapak...

Garèng : Wiyah, iya ora jangji aku, yèn banjur ngudhal-udhal barang sing ora mèmpêr mêngkono. Karo manèh nèk jaman saiki kiyi, nèk uwong ora dipondhoki pênyakit... rabi bae, iya mokal bisane rabi luwih saka siji, lagi bojo siji bae, kajaba ora bisa êntèk-êntèk, anggone golèk napkah wis êndhas digawe sikil, sikil iya digawe sikil, kathik arêp rabi papat manèh, apa niyat arêp obral bojo.

Petruk : Aku kiyi mung arêp nyatakake nèk wawênange wong lanang kuwi ora mêsthi kêna dianggo dening bangsaning wanita. Iki wawênang sing wis gênah. Mêngko dupèh wawênange dipadha bae, wong lanang diwênangake tayuban, wong wadon iya banjur kêna-kêna bae tayuban, thik nganggo tlèdhèk lanang.

Garèng : Hara, kok banjur rupa-rupa mêngkono. Sing dirêmbug ing bab pulisi wadon, ana kok banjur tlencengan nyang tayuban barang. Ora, Truk, ewasamono aku kok mêksa cocog saupama ing kene kiyi dianakake pulisi wadon.

Petruk : Tumrape aku dhewe, iya pancèn cocog bangêt, saya tumrap sing jaga dalan, hla, kiyi aku anggêsin bangêt saupama wonga wadon. Sukur bage sing rupane mèsdrèng, ora-orane anggêre sing luwês bae, nang pandêlêngan mêsthi iya ora ambosêni kaya saiki kiyi.

Garèng : O, hla wong edan, kira-kirane nèk kalakon sing dadi upas jaga dalan kuwi wong wadon, tur cara Purbalinggane rada ambraling, ora pijêr kobêr ngatur lakuning motor utawa dhokar, nanging tungkul angladèni pitakone wong-wong sing mêngkene kae: yu, mêrgine dhatêng kampung anu, pundi. Lan sabanjure rak bisa kalakon, kabèh dhokar utawa motor padha kêpengin diprosès pêrbal, cikbèn bisa suwe anggone padha nyawang. Kowe kuwi le ora mèmpêr, Truk, barêng cocog anane pulisi wadon, sing dipilih kathik sing kanggo ngatur dalan.

Petruk : Lo, kuwi ana sababe, Kang Garèng, anggonku anduwèni usul supaya upas dalan kuwi sabisa-bisa kudu wong wadon, awit saiki kiyi wis diwiwiti, apamanèh ing kutha sing gêdhe-gêdhe, motor padha disupiri dening wong wadon. Sapa wêruh suwe-suwene kusir andhong rak bisa uga banjur padha wong wadon, wong aku sok mênangi, Kang Garèng, turne upase malah Walônda, sing rupane amêdèni bocah kae, kuwi karêpe mono iya arêp nêtêpi têmênan kuwajibane, nanging barêng arêp nyêkêl motor sing disupiri wong wadon, ing wusana banjur olèh èsêm sing mêrakati kae, sanalika [sa...]

--- 1496 ---

[...nalika] jarene balung kaya dilolosi: mê... las, ... ba... ngêt. Mulane banjur mung calathu: Têrus, Mar, mopro. Ya kuwi, Kang Garèng, wong lanang ki ambok iya dadi apa bae, pikirane sing nyang wong wadon sing ayu: dhêmên, nyang sing ala: wêlas, lo kuwi isih tungkul kêgawa bae. Seje karo yèn sing dadi upas mau wong wadon, kon nyêkêl supir wadon, kanane ngèsêmi, mêsthi iya saya muring-muring, awit dianggêp supir mau: ngece.

[Grafik]

Petruk: Wah, saupama upas kiyi wadon, hêm...

Garèng : Hak, hak, hak, iki rak kandhamu. Kosokbaline yèn sing dadi upas wadon, sing dicêkêl upamane supir lanang, thik cara Banyumase rada kanjat, apa pikirane upas wadon mau iya ora: dhêg... dhêg... dhêg.

Petruk : Ora bakal babarpisan, Kang Garèng, kajaba ta yèn sing dicêkêl kuwi dilalah sing atine: cocog samah cocog. Awit wong wadon kuwi umume atine mung sawiji, dadi beda karo wong lanang, atine sok mangro, malah makranjang, karêpe wong wadon ala bêcik arêp diajak sowan Kyai Pêngulu Kabiyan. Seje karo wong wadon, kuwi umume nèk wis sir karo wong lanang, iya dilakoni têkan dunya akerat têmênan. Sanadyan ana wong lanang satus manèh sing padha anjêjak-anjêjak, rumasane: karo bubule bojoku bae kok isih bagus bubule bojoku. Mulane wong wadon manawa uwis gêlêm anêtêpi kuwajibane, iya banjur ora mawas marang wong bagus asigit. Iya jalaran saka iku aku banjur mupakat bangêt, saupama upas jaga dalan kuwi kudu wong wadon.

Garèng : Hêm, tak pikir-pikir, Truk, kowe kuwi rada ngrèmèhake pagaweane upas sing kajibah ngatur dalan. Awit, ngrêtia, upas dalan kuwi pagaweane ora mung ocang-acung ngatur dalan bae, nanging nèk ing dalan kono ana kacilakan apa-apa, si upas mau iya kudu bisa nandangi, bisa ngrigênake. Balik nèk upase mau wong wadon, ing kono kok banjur ana kacilakan wong kêtlindhês motor upamane, kuwi wong iya wong wadon, rak bisa kalakon sêmaput sanalika, ora orane tapihe rak bisa... têlês sakala kono. Mulane aku iya mêksa ora bisa nocogi, saupama wong wadon didadèkake upas dalan.

--- 1497 ---

Bab Kasarasan

Bab rumêksa kasarasanipun tiyang ing pundi-pundi panggenan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94.

Asring kêlampahan ing satunggiling kitha utawi kampung wontên sêsakit nular, kados ta typhus dysentrie utawi sanèsipun. Têtiyang ing ngriku kathah ingkang katrajang, priyantun B.B. ingkang gadhah pangintên, bok bilih toya sumur ing ngriku sampun katularan wisa sêsakit wau, ingkang anjalari tiyang-tiyang wau katrajang sêsakit punika, mila toya sumur ingkang dipun kintên wontên wisa sêsakit wau, dipun kintun kanthi sêrat dhatêng Geneeskundig Laboratorium ing Bêtawi, nyuwun kapriksa toya wau punapa ngandhut wisa sêsakit ingkang anjalari tiyang-tiyang kampung ngriku kataman sêsakit punika. Geneeskundig Laboratorium mangsuli sêrat kados adat papriksan toya ingkang makatên wau, botên sagêd nêtêpakên awon saenipun sumur punika, utawi botên sagêd nêrangakên bilih toya sumur punika ingkang anjalari tiyang-tiyang katularan sêsakit wau.

Ingkang prêlu no. 1 kapriksa rumiyin panggenan sumur lan kiwa têngênipun karas ingkang cakêt sumur wau, mila manawi badhe nyuwun advies pêpriksanipun, Geneeskundig Laboratorium wau, kêdah kanthi ngaturakên verslag sawatawis kawontênanipun sumur punika, kados ta:

I. Punapa sumur wau ngêblag, utawi tutupan.

II. Pagêr srumbungipun sumur punapa, tembok banon, kajêng papan, utawi sanèsipun.

III. Pintên têbihipun sumur kalihan griya-griya.

IV. Pintên m. lêbêtipun sumur.

V. Pintên m. lêbêtipun saking siti dumugi papak toya.

VI. Punapa sumur wau cakêt jumblêng, kalèn utawi pambucalan rêrêgêd larahan, pintên m. têbihipun saking sumur.

VII. Têtiyang ingkang sakit ing kampung utawi saubêngipun kampung punika kadospundi katingal utawi katawisipun sêsakit wau. Kadospundi kawontênanipun ing salêbêting saminggu utawi sawulan ingkang kapêngkêr.

VIII. Pintên cacahipun tiyang ingkang sami ngangsu utawi ngangge toya sumur punika.

Manawi srumbung sumur kirang sae utawi kirang rapêt saèstu anggènipun nembok, sumur ngêblak cakêt jumblêng utawi pambucalan rêrêgêd larahan utawi sanèsipun, ingkang têbihipun kirang saking 5 m. punika toya sumur wau dipun ombe dening tiyang utawi sanèsipun sagêd ambêbayani. Mila sadèrèngipun wontên katêtêpan papriksan saking Laboratorium wau, dipun awisana ngangge toya sumur punika, utawi manawi kêpêksa botên wontên sanèsipun toya, sadèrèngipun kangge kêdah dipun tawar utawi kagodhog rumiyin.

Sumadirja, Ind. Arts.

--- 1498 ---

Praja Mangkunagaran

Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta ing Taun 1870 dumugi 1915.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94.

Sandhang panganggènipun militèr jaman samantên, padintênanipun jas cêmêng, calana cêmêng, sabên baris dhatêng papan têbih tuwin lesan, topinipun mawi dipun krodhongi kipêr pêthak, nutupi kuping dumugi githok. Manawi pameran utawi pasamuwan agêng, jas cêmêng calana pêthak, mawi kalung lawe utawi renda jêne giligan. Dêdamêlipun: sanjata, mariyêm tuwin pistul, taksih sami lantakan.

Balanjanipun ugi wulanan kados sapunika, nanging taksih andhap, kados ta: pangkat suldhadhu nigang rupiyah, kopral gangsal rupiyah sapiturutipun, sadaya racak-racak mèh namung sapara sakawanipun balônja militèr jaman sapunika. Namung cadhongipun uwos tuwin sarêm sabên wulan, sapriki ingkang taksih lêstantun ajêg nigang dasa katos. Malêbêtipun dhinês lesiyun, jaman samantên botên mawi prajanjian utawi wêwatêsan laminipun kêdah samantên taun kados samangke punika, sarta dèrèng wontên pranatan pènsiun.

Tiyang malêbêt dados prajurit Mangkunagaran, wêkdal samantên botên kenging milih golongan..., nanging kêdah manut dêdêg pangadêging tiyang ingkang gadhah panyuwun, sampun dipun pathok ing pranatan makatên pilah-pilahipun:

Tiyang ingkang dêdêg pangadêgipun utawi pawakanipun andhap alit, lêncir sasaminipun, kêdah dados kumpêni inpantri, prajurit sanjata. Botên kenging malêbêt dados prajurit kapalan sarta sanès-sanèsipun.

Tiyang dêdêg pangadêg agêng andhap, dhepah sasaminipun, kêdah dados kumpêni artilêri. Prajurit mariyêm.

Tiyang dêdêg pangadêg agêng inggil utawi gagah prakosa sasaminipun, kêdah dados kumpêni kapalêri. Prajurit kapalan.

Tiyang dêdêg pangadêgipun alit inggil, kêdah dados prajurit sikêp waos tigang golongan kasêbut nginggil wau salah satunggal. Wondene prajurit waos punika pajagènipun padintênan, wêkdal samantên manggèn ing gêrdhu-gêrdhu parasakawanan utawi para tigan margi agêng salêbêting kitha Mangkunagaran, dêdamêl tuwin pirantosipun: waos, sabak, bêndhe tuwin ting, sabên sagêrdhu tiyang tiga.

Inggih awit saking wontênipun tatanan dêdêg pangadêg tumrap prajurit kawan golongan wau, mila sabên baris agêng sêsarêngan nuju wontên pasamuwan, ingkang katingal rampak sami, botên ngêmungakên sandhang pangangge tuwin dêdamêlipun kemawon, nanging dalah dêdêg pangadêging tiyang inggih ugi sagêd rampak sami, kados ta: ingkang nêm atusan kirang langkung, dêdêging tiyang andhap alit sadaya. Ingkang satusan, dêdêgipun agêng andhap sadaya. Ingkang [Ing...]

--- 1499 ---

[...kang] satusan malih agêng inggil sadaya. Ingkang tigang atusan sami inggil alit.

Tatêngêring sandhang panganggèn tumrap undha-usuking pangkat, inggih punika: suldhadhu dumugi têrbis, sami dèrèng sêpaton, namung prajurit kapalan piyambak ingkang sadaya sampun sêpaton mawi kaspur. Pangkat kopral, têtêngêripun kajawi sêpaton, lêngênaning jas ing ugêl-ugêl sisih têngên mawi sêtrip jêne lawe wiyar. Pangkat sêrsan plêtun sêtrip renda pêthak nanging ciyut. Sêrsan porir sêtripipun kados sêrsan plêtun, nanging manggènipun ing lêngênan bau ugi sisih têngên. Sêrsan mayor sêtripipun ing ugêl-ugêl malih, nanging rendanipun wiyar tikêl kalihan plêtun utawi porir.

[Grafik]

Kamar bolah militèr ing Mangkunagaran.

IV. Namaning golongan abdi dalêm.

Inggih wiwit jumênêng dalêm Kangjêng Gusti kaping IV namaning sadaya golongan abdi dalêm lajêng kasantunan enggal sarta sami kadekekan pangagêng piyambak-piyambak, ingkang golongan agêng nama kawêdanan, ingkang golongan alit nama kamantrèn. Ing ngandhap punika katêrangan pilah-pilahipun.

Kawadanan among praja, wawêngkon ing paprentahan pêpatih dalêm.

Kawadanan kartapraja, golongan gêdhong arta.

Kawadanan martapraja, nindakakên paprentahan saha pakaryan nagari golongan lêbêt.

Kawadanan rêksawibawa, majibi kabêtahan nagari, sawarnining dhaharan, pangunjukan, lêlangên tuwin sapanunggilanipun.

Kawadanan rêksapraja, golongan pulisi.

Kawadanan yogiswara, golongan ngulama, pangulu sasaminipun.

Kawadanan jaksa, golongan pangadilan.

Kawadanan môndragini, golongan pêngkêran utawi kaputrèn.

Kawadanan kasatriyan, mêngkoni paprentahan santana dalêm.

Kamantrèn pamong siswa, mêngkoni panakawan siswa. Murid pamulangan.

Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1500 ---

Pitulungan Tumrap para Kaji ing Hedjaz

Ing bab sêdya mitulungi para kaji asli saking tanah ngriki, ingkang sami kasangsaran wontên ing Hedjaz, supados sagêd wangsul dhatêng tanah ngriki, ing sapunika sampun katingal wohipun, tuwin tumuntên sagêd katindakakên.

Komite pitulungan ingkang katindakakên dening Tuwan Ahmad Soekarti, dumuginipun sapunika dèrèng suka katrangan pintên kathahing arta ingkang sampun dipun kalêmpakakên. Nanging botên prêlu kasarantosakên, amargi ing sapunika sampun wontên arta saking golongan sanèsipun f 30.000.- ingkang sadaya kenging kapigunakakên kangge ngantukakên para kaji ingkang manggih pakèwêd wau. Arta f 30.000.- ingkang saperangan, inggih punika ingkang f 14.000.- asli saking lotre ingkang wêkasan piyambak, tuwin ingkang f 16.000.- saking "Darma Hadji Stichting" kajawi punika wontên malih pitulungan saking matsêkape kapal Walandi Stoomvaart Maatschappij Nederland, Rotterdamsche Lloyd tuwin Stoomvaart Maatschappij Oceaan. Matsêkape wau badhe ambêkta para kaji kanthi waragad mirah sangêt, inggih punika tiyang sêpuh f 50.- lare umur 1 dumugi 12 taun f 25.- Lare ingkang dèrèng umur 1 taun, botên ambayar. Kajawi nyuda waragad, taksih dipun kobèti malih, waragadipun kenging kabayar sapalih rumiyin, kêkiranganipun kenging kabayar salêbêtipun kalih taun.

Tindak kados makatên punika têtêp saking kamirahanipun matsêkape wau. Nanging ugi taksih wontên tindak ingkang ngrigênakên bab punika, inggih punika parentah sampun ngêjogi kabêtahan wau rumiyin dhatêng matsêkape. Dados sapunika tumuntên sagêd ngangkatakên tiyang, sakêdhik-sakêdhikipun 1200, kanthi arta f 13.000.- ingkang sampun sumadhiya. Tuwin kintên-kintên, arta wau taksih sagêd wêwah malih saking arta darma ingkang dipun êntosi.

Parentah sampun miji dhatêng parampara babagan prakawisipun tiyang siti, dados wêwakiling parentah nindakakên sawarnining ihtiyar ingkang prêlu tuwin sêsambêtan kalihan utusan praja Walandi ing Jedah, ngrampungi ing bab ngangkatakên para kaji dhatêng kapal.

Kajawi punika parentah sampun marêngakên, para kaji wau botên ambayar waragad karantinê.

Ing bab punika têtela, samôngsa kathah tiyang suka darma, badhe saya kathah ingkang dipun antukakên. Kanthi suka bingahing manah, Comté Soerkati badhe nampèni kadarman wau, tuwin murih anggampilakên anggènipun sami badhe darma, Darma Hadji Stichting ugi badhe nindakakên rekadaya, damêl tatanan ing bab darma wau.

Buku babaran enggal

Andum Warisan, Serie no. 1029, aksara Jawi 35 kaca. Isi cariyos kawaskithan dalêm Ingkang Sinuhun kaping V ing Surakarta, nalika ambage barang têtilaran dalêm Kangjêng Ratu Kancana. Ing sakawit sami andadosakên kirang panrimah, wusana dhawahing karampungan, malah adamêl pamarêm. Sakalangkung nêngsêmakên. Rêgi f 0.15.

Asih tan Kêna Pisah, Serie no. 989 aksara latin 24 kaca. Nyariyosakên kêkiyataning katrêsnan, ingkang sampun jinodho, sanadyan dipun pisaha, botên nêdya badhe ewah, panutuping cariyos anglêgakakên, têtêp nama sajatining jodho. Rêgi f 0.20.

--- 1501 ---

Wulang Sae

Wêdharan Bab Pasugihan

Bôngsa kula Jawi, langkung-langkung tiyang padhusunan, kathah sangêt ingkang taksih anggadhahi piandêl, bilih kasugihan makatên kenging dipun saranani madhukun utawi maguru. Bab punika botên kenging pinaibên, jêr kula piyambak inggih taksih nyipati, liripun tiyang kêkesahan dhatêng purug saking kojahipun golèk banyu bêning (pados sêsêrêpan) ananging nyatanipun madhukun, gampilipun ngupados pasugihan wau.

Mênggahing tanah Ngayoja, Surakarta, têtêmbunganipun pasugihan, inggih punika: Nyai Blorong, setan gundhul, jaran panolih, bulus jimbung tuwin liya-liyanipun. Manawi ing tanah Têgal, Pakalongan, limrahipun sinêbut: nyupang (pantêsipun têmbung Sundha, sabab lagak lagu ing ngriku rêmên nelad pasundhan), kados ta: nyupang cèlèng, nyupang kêthèk tuwin kathah panunggilanipun malih. Balik tanah wetan anggènipun mastani: jarah, gampilipun ngadimakên jimat, ing ngriku wontên ungêl-ungêlan: jarah onug, punika saminipun ing ngriki: setan gundhul, cêkak panunggilanipun kathah ugi.

Ningali pêprincèn ing nginggil têmbungipun beda-beda, ananging kula titipriksa suraosipun sami, liripun tiyang sugih ingkang sarananipun lampah madhukun wau, lumrah ingukuman kirang prayogi, dede karsa Allah, limrahing wiraosan: sugih sarana lampah ngiwa (sèdhèng) pramila dening sarak dipun ajrih-ajrihi: ing têmbe dados intiping naraka. Pramila kula sok mirêng tiyang nguwuh: saiki mlarat cikbèn, wong besuk nyang suwarga.

Rèhning suraosipun sami, inggih punika namung atêgês ngerang-erang: tindak ngiwa wau, dados Nyai Blorong inggih lugu wiraosan, dados masthi botên wontên titah ingkang badanipun sawêr, sirah tiyang kathik sisik ringgit, ajamang tuwin sapanunggilanipun, kados cariyos ing salêbêting dêdongengan. Ananging kêdah tinampi klayan manah rangkêp, liripun, manawi botên lêpat, badhe ngomong: uwong pangawak ula, têgêsipun pamangsanipun nguntal dhatêng sasami, lir pendah sawêr, punika wontên sayêktos. Sintên ta punika…Liyanipun bôngsa ingkang sinêbut lintah dharat sintên malih. Cobi rak lajêng cocog dipun wastani sawêr, sabab rêmên (mêntala) nguntal tiyang gêsang-gêsangan, têgêsipun: mêrês, tandhanipun manawi nyambuti arta, saking kojahipun kanthi têmbung manis manuhara: tu…lung, ananging wangsulipun botên mêkakat, gampilipun manawi kasêlak botên sagêd nyicil, sajakipun sampun kaêjor, sajak rila donya akerat, ananging dangu-dangu gludhêg dhatêng, deurwaarder amblêsah barang-barang. Gampilipun nyambut arta namung f 10 ing gigat kasêbut gadhah sambutan f 100 utawi langkung, sabab nak-kumanak, inggih margi saking kados [kado...]

--- 1502 ---

[...s] makatên punika, arta f 10 sagêd andhendhal griya sapakaranganipun. Tiyang potang kados punika ingkang pinindhakakên: uwong pangawak ula (Nyai Blorong wau). Ing môngka saking lampah kados punika anjalari andrêbala, liripun sugih arta, amila wontên wiraosan: sisikipun arta. Kados punika mênggah suraosing wiraosan Nyai Blorong, dene wontên bêbasan: adhuh kaya nini Blorong, punika pikajêngipun nyêngès, dene mangangge botên mêkakat, ingkang sêbutanipun mompyor punika.

[Grafik]

Sêsaji dhatêng sawêr.

Prayogi ngrêmbag ingkang dipun sêbut setan gundhul, punika inggih namung wiraosan. Setan gundhul punika doyan ngêrêg tiyang, dadosipun inggih kados kasêbut ing nginggil, gampiling sugihipun sabab saking doyan ngêrêg tiyang, ingkang suraosipun mawi pangrekadaya ingkang nama lampah ngiwa wau. Sabab setan punika, miturut sujarah kitab têgêsipun napsu (watak) awon, pramila tiyang ingkang nêpsunipun botên kenging dipun sayuti kasêbut: lagi kêsurupan, utawi tindak kirang lêrês, ugi kasêbut: nurut setan, awit saking kados makatên punika: manawi kula pitakèn dhatêng tiyang sêpuh, setan niku kados napa êmbah, wangsulanipun: kaya manungsa. Dene wontên wiraosan malih: setan kuwi cangkême mujur, kados para maos têmtu botên kakilapan. Badhe kasambêtan.

Sumadi (Pangarasan)

--- 1503 ---

Raos Jawi

Eling

[Pangkur]

Mungkura rèh kang tan arja / anêtêpi agama ingkang sukci / supaya aywa kalantur / tindak kang murang tata / dur angkara kang tansah mulêt jêjantung / yèn têmên ngèsthi agama / panggawe ala kalindhih //

pêpancèn agama mulya / pira-pira êndi sira sênêngi / Islam Buda Kristên iku / wit kabèh mêngku tama / yèn miliha Islam sira kudu anut / tatanan agama Islam / wêwaton Kuran utami //

yèn sira nut gama Buda / angluhurna marang Budha maharsi / kang mêngku kawruh linuhung / yèn nut Kristên agama / angluhurna Gusti Kangjêng Nabi Yesus / kacrita putra Pangeran / miyos anèng Banisrail //

mung aywa dhêmên anyeda / mring agama kang datan dèn sênêngi / ngamungna têrus amungkul / marang gama pribadya / wit adhakan pra mudha kang kurang jujur / dhêmêne ceda-cineda / wêkasan tan amungkasi //

wit bênêre nora nana / ingkang bisa mutus prakara gami / ala bêcik pan kawêngku / anèng badan pribadya / dadi cêtha ingkang ala uga sinung / bêcik uga kasinungan / mula kudu tansah eling //

elinga marang Pangeran / wit Pangeran iku kang sipat ngadil / karsa ganjar karsa ngukum / ya iku ganjar marang / para titah kang utama budinipun / karsa ngukum dur angkara / kang mukir mring prentah Widi //

kapindho ingkang kawahya / eling marang badanira pribadi / ngaku kawulèng Hyang Agung / rumasa tan kuwasa / ana manèh eling ingkang kaping têlu / eling mring sapadha-padha / dhiri ngina dèn singkiri //

têpa-têpa dèn anggoa / dadi nora karya sêriking ati / mandar danaa pitutur / kang karya enaking tyas / dadi pawong mitranta padha asayuk / tan ana kang ngregonana / mring gama kang dèn antêpi //

nanging aywa tungkul sira / ulah gama suthik angudi picis / awit iku kanthinipun / nadyan adêging gama / lamun tanpa arta uga bisa kuwur / nanging padha dèn waspada / aywa bawur dening picis //

wit kèh-kèhe janma ana / ulah gama nyambi undhaking picis / nanging barêng wus angumbruk / tyas malih rasa kurang / rina wêngi tansah ngudi bandhanipun / sumêlang yèn kalonglongan / paedahe tan dèn wruhi //

tataning agama rusak / brahalane kang tansah angrakêti / mula ywa mangkono iku / wit donya iku nyata / lamun bisa nanjakkên pikantukipun / kautaman salaminya / nanging yèn kaya si nisthip //

tan mikir ing kautaman / nyapèlèkke agama kang dèn luri / yèn mangkono têmahipun / aran mukir ing tekat ./ ora eling batine manusa iku / titahe Pangran kang mulya / tan ana kang mêmadhani //

yèn nir budi kang utama / têmah papa asor dera dumadi / ngilangkên jatining manus / mung kari aran-aran / beda lawan manungsa kang ambêg ayu / nadyan wus têka ing laya / tansah padha dèn lêluri //

dèn mantêp ing adhêpira / mring agama kang wus sira arêpi / aywa samar jroning kalbu / prentahe lakonana / ingkang têmên-têmên tumanêm ing kalbu / kabèh cêgah singkirana / dimèn slamêt donya ngakir //

R. Martasuma, Ngawôngga. K. 4052.

--- 1504 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

BAB DUMPING JÊPAN.

Sawênèh wontên ingkang nyariyosakên, bilih bangsa Jêpan angrêbat tanah Mansyuriah sarana abêbantên wêdaling rah, makatên ugi Jêpan nêdya ngrêbat tanah Indonesia sarana barang dêdaganganipun. Mênggah trajangipun Jêpan angrêbat Mansyuriah wau, sajatosipun botên gadhah niyat sumêdya andhaku tanah ngriku, dening namung sumêdya angrêbat daya kêkiyatan. Dados ingkang mangagêngi tuwin nguwasani tanah ngriku, inggih taksih tiyangipun pribumi piyambak. Ananging kemawon, sadaya ingkang katindakakên utawi ingkang dados kabêtahanipun kêdah sarujuk kalihan pamarentah Jêpan.

Dene trajangipun Jêpan tumrap tanah Indonesia, ugi botên badhe angrêbat panguwasa tuwin pêprentahan tanah ngriki, ingkang karêbat wau ngêmungakên papan padagangan. Têgêsipun: dêdaganganipun bangsa Jêpan sagêda lêstantun pêpajêngan wontên ing tanah ngriki, saha ing salajêngipun angsala panggenan ingkang têtêp kangge njêmbarakên pêkênipun.

Punapa ada-adanipun Jêpan ingkang makatên wau sagêd kêlampahan? Mangga, samangke sami dipun rêmbag sawatawis.

Kados para maos sampun sami anguningani, bilih tanah Indonesia punika sampun kacêluk ing saindênging bawana satunggiling tanah gêmah-ripah loh jinawi tur abandha-abandhu. Amila pangaos pintên kemawon barang-barang wêdalan tanah ngriki ingkang kakintunakên tuwin kasade dhatêng manca nagari sabên taun-taunipun, kados ta: gêndhis, kopi, kênini lan sasaminipun, kados punika prasasat tanpa wontên petanganipun. Sadaya wau anelakakên sugihipun tanah Indonesia punika. Jalaran saking punika pancènipun inggih anggumunakên, dene samantên sugihipun tanah ngriki punika, ewasamantên ingkang kangge kabêtahanipun têtiyang siti piyambak têka botên anyêkapi. Amila lajêng kêpêksa andhatêngakên saking sanès-sanès nagari, kados ta ingkang awarni: pangangge saking mori, lawon, lena lan sasaminipun. Dalasan ingkang katêdha ing sabên dintênipun, kados ta: uwos, ngantos dumuginipun gêrèh pisan, mêksa inggih kêdah andhatêngakên saking sanès praja. Inggih jalaran saking punika para kaum dagang sawarnining bangsa lajêng kathah ingkang sami ngumbara ing tanah ngriki prêlu badhe amajêngakên daganganipun. Langkung-langkung pamarentah ingriki anindakakên ingkang dipun wastani "opendeur politiek", saupami kajawèkna mbokmanawi: politiek blak-blakan, têgêsipun: sintên kemawon ingkang badhe andagangakên modalipun wontên ing tanah ngriki, badhe katampi kanthi rênaning manah.

Makatên ugi bangsa Jêpan, wiwit rumiyin mila pancèn inggih sampun sêsrawungan dagang kalihan tanah ngriki, nanging dèrèng patos rame kados ing samangke. Ing wusana sarêng wontên pasulayan antawisipun Jêpan kalihan Tiongkok, ingkang lajêng nuwuhakên bekotan barang-barang Jêpan dening bangsa Tionghoa, sarta ingkang njalari Jêpan kecalan langgananipun ingkang agêng, inggih punika Tiongkok, Jêpang lajêng kêpêksa ngupados papan panyadean barang dêdaganganipun, inggih punika botên sanès kajawi wontên ing tanah ngriki. Ing sarèhning barang-barang ingkang kados kabêtahanipun tanah ngriki sampun pêpak sarta anyêkapi, samangke kadospundi rekadayanipun, murih barang-barang Jêpan sagêda angsal papan wontên ingriki, botên liya panyadening barang daganganipun kêdah dipun udi sagêda langkung mirah katimbang rêgining barang-barang ingkang sampun kasadhiyakakên wontên ingriki. Ing wusana sagêd kalampahan, para among-dagang Jêpan lajêng sagêd nyade barang dêdaganganipun kanthi rêrêgèn ingkang langkung mirah. Salajêngipun jalaran saking mirahipun rêrêgèn barang-barang Jêpan wau, ngantos sakathahing tiyang lajêng amastani, bilih ingriki Jêpan nindakakên cara, ingkang umumipun dipun wastani "dumping".

Antawisipun para maos mbokmanawi wontên ingkang dèrèng mangrêtos mênggah ingkang dipun kajêngakên dumping wau. Amila ingriki kados prêlu angandharakên sawatawis.

Tumrap among-dagang donya, dumping punika satunggiling prakawis ingkang saklangkung gawat. Amila manawi dipun wontênakên congres economie dunya, dumping wau tansah dados rêmbag rame. Mênggah dumping, punika tansah gandhèng kunca kalihan beya barang malêbêt. Jalaran saking punika amila lajêng sok gampil tiyang amastani dhatêng satunggiling tindak, bilih punika tindak dumping. Kados ta upaminipun:

Barang-barang Jêpan, ingkang wontên ing sajawining praja, kasade langkung mirah katimbang wontên ing nagarinipun piyambak, punika inggih sok lajêng dipun wastani: tindak dumping. Ingkang makatên punika mila sok sagêd kalampahan, inggih punika jalaran saking kawontênanipun praja tuwin beyaning barang-barang lumêbêt. Kados ta: tosan wêdalan Duitschland punika wontên ing nagari ngriku piyambak rêginipun langkung awis katimbang manawi kasade wontên ing nagari Walandi upaminipun.

Kadospundi samangke sabab-sababipun, dene satunggaling barang wontên ing nagarinipun piyambak têka langkung awis katimbang wontên ing sajawining

--- 1505 ---

praja. Inginggil sampun kula cariyosakên, bilih punika gumantung dhatêng kawontênanipun praja tuwin beyaning barang lumêbêt. Mênggah katêranganipun kanthi cêkak makatên:

Murih gampilipun ingriki ingkang kangge upami tiyang damêl roti beskuwit upaminipun. Panyadenipun wontên ing nagarinipun piyambak satunggal blèg rêgi f 1.- sarêng wontên ing sajawining nagari, roti saêblèg sagêd dipun sade rêgi 90 sèn, ewasamantên mêksa taksih wontên bathinipun. Dene mênggah sabab-sababipun makatên:

Saupami tukang roti wau namung adamêl roti bêskuwit 1000 blèg, punika wragading epah kuli, arêng, gandum lan sapiturutipun, kintên-kintên f 800,- dados wragading roti saêblèg namung 80 sèn. Manawi ing samangke ing nagari ngriku namung sakêdhik utawi botên wontên babarpisan tiyang sade bêskuwit, jalaran bejaning lumêbêting bêskuwit ingriku langkung awis, tamtunipun tukang roti wau kanthi gampil panyadenipun rêgi f 1,- wau. Samangke saupami lajêng adamêl roti bêskuwit 1500 blèg, kados-kados wêdaling wragadipun, kajawi indhaking gandum, kenging kawastanan mèh sami kemawon. Saupami wêwahing bêskuwit 500 blèg wau, ngêdalakên wragad 300 rupiyah, dados wragading bêskuwit ingkang 500 blèg, satunggal-satunggalipun namung 60 sèn, lan radin-radinipun bêskuwit 1500 blèg wau saêblègipun kirang langkung rêgi 75 sèn. Ing sarèhning bêskuwit ingkang kangge sadhiyaning nagarinipun piyambak 1000 blèg wau sampun anyêkapi, dados ingkang 500 blèg, ingkang wontên ing nagarinipun piyambak rêgi f 1,- ing sarèhne wontên ing sanès nagari kathah jor-joranipun, amila inggih kêdah dipun andhapakên rêginipun, upaminipun 90 sèn. Mangga punapa botên bathi?

Mbokmanawi inggih kados makatên punika cara-caranipun bangsa Jêpan anggèning nyade barang dêdaganganipun sagêd rêgi langkung mirah wontên ingriki. Dados namung saking sagêdipun ubat-ubêt kemawon.

Ananging mênggahing dumping ingkang sanyatanipun, punika miturut kawruh economie, botên makatên. Dene ingkang salêrês-lêrêsipun dipun wastani dumping, inggih punika saupami nyade barang dêdaganganipun wontên ing sawijining praja kanthi rêrêgèn langkung mirah katimbang pokok radin-radinipun. Dados saupami sade bêskuwit kados kasêbut inginggil. Tumrap andamêl bêskuwit 1500 blèg, wragadipun radin-radin f 800,- + f 300,- = 1100 rupiyah, dados bêskuwit saêblègipun radin-radin rêgi kirang langkung 75 sèn. Sarêng kasade wontên ing sajawining nagarinipun piyambak, bêskuwit wau saêblègipun namung kasade 60 sèn. Dados panyadenipun langkung mirah katimbang pokok radin-radinipun. Inggih cara dêdagangan ingkang kados makatên punika ingkang kenging dipun wastani dumping sajati.

Lah samangke bab kawontênan makatên wau kados sampun cêkap kasigêg dumugi samantên kemawon. Dene ingkang langkung prêlu karêmbag malih bab gêgandhenganipun kawontênaning rêrêgèn mirah wau kalihan kawontênaning gêsang tuwin panggêsanganipun têtiyang siti.

Miturut gumêlaring kawontênan, tumrap kula sadaya têtiyang siti, tamtu langkung sênêng saha langkung mayar sagêd têtumbas kabêtahan ingkang rêgi mirah punika, dening lajêng sagêd anjèrèng utawi ngubêdakên pamêdalipun, ingkang racak-racakipun namung cêkap kangge nêdha kemawon.

Mila wontênipun sagêbyaran ngriku, mirahing rêrêgèn barang-barang dagangan Jêpan punika têtêp nama pitulungan agêng tumrap kula sadaya, sabab bilih jaman sapunika botên wontên jor-joran dagangan makatên, kula sadaya tamtu saya langkung rêkaos gêsangipun, nanging sasampunipun kula sadaya botên kenging lajêng lena, têgêsipun lajêng botên angajèni utawi lajêng nyadèni barang daganganipun piyambak ing sapurun-purunipun, saangsal-angsal kêdah mulat sarta kêdah sinau kaprigêlan, sagêda angrigênakên wulu pawêdalipun tuwin daganganipun piyambak. Awit kauningana, saupami ancasipun bangsa Jêpan wau sagêd angsal kamênangan inggih punika sagêd ngrêbahakên daganganipun bangsa sanès, dagangan Jêpan botên kenging botên tamtu lajêng jlêg kaindhakakên rêginipun, tur ingkang kula sadaya kêpêksa lajêng ngajêngi tumbas kanthi rêgi awis.

Jalaran saking punika, ingkang prêlu kêdah kajagi botên sanès kajawi namung bab ubad-ubêding kaprigêlan, murih kula sadaya sampun ngantos kalêbêt ing gêlar jêglongan. Dados sanadyan samangke kula sadaya bingah dening angsal kamayaran, nanging inggih kêdah ngèngèh-ngèngèh pikiran, kadospundi benjing samangsa kalampahan dagangan Jêpan sagêd rêgi awis tuwin kula sadaya kêpêksa tumbas.

Tutuping wawasan kula, sarèhning sadaya wau badhe wontên wusananipun, lan badhe kadadosanipun ugi sampun katingal lamuk-lamukipun, dados inggih lamuk-lamuk wau ingkang kêdah dipun piyak kasingkirakên, murih botên angrêribêdi dhatêng lampahing gêsang pasrawungan saha panggêsanganing têtiyang siti. Manawi kapanjangakên malih gêgandhenganipun bab punika kalihan para pangrèh praja tamtu inggih namung bab lampahing kaprigêlan. Samantên rumiyin pamawasipun pun PÊNTHUL.

--- 1506 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Umur panjang. Ing dhusun Jêmbêr lor wontên tiyang èstri nama Bok Tadiwangsa, sampun umur 125 taun taksih kiyat, wontên anèhipun, tiyang wau anak putu dumugi canggahipun sami èstri sadaya.

Punika kêgolong satunggiling kaelokan.

Anggorok tiyang. Ing Pêterongan, Jombang, wontên bangsa Arab ambêlèh ingkang èstri, lajêng kacêpêng. Sarêng dipun priksa, cariyos manawi anggènipun ambêlèh ingkang èstri wau, jalaran katingal menda.

Têmtunipun wangsulan ingkang kados makatên punika taksih nuwuhakên papriksan ingkang sakalangkung panjang.

[Grafik]

Yêyasan adi. Ing jaman sapunika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki sampun botên kêkirangan yêyasan-yêyasan bangsaning griya sapanunggilanipun ingkang èdi pèni. Inginggil punika gambar padalêman tuwin patamananipun Têngku Pangeran Sêtia Indra, ing Binjei. Kajawi èdi inggih mawi pepethan ingkang nganèh-anèhi, inggih punika rêdèn ingkang mawi ngêdalakên kukus, sadaya sami rêrekan.

Begal salêbêting kitha. Nyonyah Rukiah, punggawa griya sakit Budi Kamuliaan, Bêtawi, nalika wangsul saking padamêlan taksih sontên, numpak delman, wontên ing papan ingkang rame dipun andhêg dening tiyang 4 lajêng nyêbrot bêbêktan, Nyonyah Rukiah ngêkahi, dados udrêg-udrêgan, nanging sarêng Nyonyah Rukiah tulung-tulung begal sami lumajêng, sampun sagêd ngrêbat arta saringgit.

Punika kenging kangge pêpèngêt dhatêng para wanita, sampun sok sêmbrana kesahan piyambak, awit katingalipun para durjana ing sapunika namung ngangkah dhatêng tiyang ingkang ringkih.

Prahara ing Madura. Ing bawah distrik Waru, Pamêkasan, mêntas katêmpuh ing prahara. Dhusun ingkang katêmpuh 5, adamêl karisakaning griya 214, sami ambruk, nanging botên wontên kasangsaran.

Ing sapunika pancèn nuju mangsanipun angin agêng, ing pundi-pundi wontên kasangsaran kados makatên. Nanging têka nyarêngi mangsa kados makatên. Mila inggih mêmêlas sangêt.

Nyalingkuhakên arta. Asistèn wêdana ing Durenan, Surabaya, kesah nilar padamêlanipun, jalaran nyalingkuhakên arta f 2000.-. sapunika sawêg dados padosan. Mirid katrangan, anggènipun kawiyak wadosipun wau saking wêwadulipun kêpala dhusun ingkang sampun dipun kèndêli, jalaran ugi gadhah tindak salingkuh arta.

Tiyang gadhah tindak salingkuh punika, nama anjarag nyêmplung dhatêng kasangsaran. Nanging anggènipun gadhah tindak wau sok botên prayitna, mila asring manggih piwêlèh saking liyan. Gambaraning lêlampahan kados ing nginggil punika.

Loterij enggal. Benjing tanggal 6 December ngajêng, sampun wiwit nyade loterij malih nama Vereeniging Ziekenzorg Surakarta, tuwin sanès-sanèsipun.

Pawartos punika têmtunipun dipun wigatosakên sangêt dening para ingkang badhe anjangka kasugihan.

Rupêking budi tega dhatêng pati. Ing dhusun Waja, Majalêngka, wontên tiyang jalêr nglalu anggantung, tujunipun kasumêrêpan ingkang èstri, tangsul kenging katatas. Wilujêng. Dene jalaranipun nglalu, tiyang wau sêsadean tansah kapitunan, botên sagêd ambayar sambutanipun dhatêng bank.

Kados makatên wohipun jaman malèsèd.

Sêsorah babagan agami. Ing gêdhong Radyapustaka, Sriwêdari, Surakarta, sabên-sabên angajangi sêsorah ing bab agami warni-warni tuwin kawruh. Ingkang sampun tumindak babagan kasukman, Yahudi, Kristên tuwin Islam. Sêsorah wau katindakakên sawulan sapisan.

Sêsorah makatên punika waton botên tuwuh ceda-cineda, pinanggihipun têmtu sae.

Tiyang lêlana nganèh-anèhi. Ing Bêtawi mêntas wontên bangsa Amerika nama Mr. Grane, dhatêngipun ngriki prêlu badhe pados barang kina, sangunipun 60.000,- dollar. Nanging tuwan wau tilêmipun saênggèn-ênggèn. Wusana dipun samarakên dening pulisi, kapurih manggèn ing hotèl.

Têmtunipun tuwan wau gadhah kapitadosan, bilih ingriki punika têntrêm, utawi gadhah piyandêl, botên wontên tiyang ingkang purun dhatêng piyambakipun.

Ingkang Sinuhun ing Surakarta paring darma f 500,- Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang wicaksana, Ingkang Sinuhun ing Surakarta, aparing darma f 500,- dhatêng para têtiyang ingkang sami kasangsaran katêmpuh prahara ing bawah Klathèn.

Kadarman kados makatên punika têmtu tumanja tuwin langkung migunani.

Patih kakèndêlan saking padamêlan. Kawartosakên, patih ing Sumênêp kakèndêlan saking padamêlan, amargi botên nyêkapi wajib. Nanging miturut pawartos sanèsipun, kèndêlipun wau gêgayutan kalihan rêmên kasukan, sampun nate dipun èngêtakên, nanging botên mêndha. Dados anggènipun botên nyêkapi wau, kintên-kintên jalaran saking kêrêp nilar wajib.

Manawi wontên sabab kados makatên punika, lajêng nuwuhakên gagasan ing bab awonipun tiyang main. Kaduwungipun pinanggih wingking.

Jor-joran mirahakên bir. Adêging pabrik bir ing Tanjungpriok gadhahanipun Archipel Brouwerij Cy, sampun rampung, samangsa-mangsa sampun sagêd wiwit. Nanging sapunika Jêpan andhatêngakên bir ingkang sagêndul agêng namung rêgi f 0.30, kintên-kintên botên wontên ingkang sagêd ngêjori langkung mirah.

Jor-joran makatên punika yêktosipun adamêl bingahipun ingkang tumbas, awit bêtahipun tiyang sapunika namung badhe pados têtumbasan mirah.

--- 1507 ---

Lêngganan tilpun ing Surabaya saya mundur. Kawontênanipun langganan tilpun ing Surabaya ing taun 1931 cacah 8253, nanging ing taun punika kantun 6852.

Inggih sintên tiyangipun ing jaman sapunika ingkang botên nêdya ngirid. Mila pinanggihipun kapitunan inggih urut-urutan.

Ama tanêman klapa. Ing Banjarnêgara tuwuh ama ulêr tanêman klapa, katingalipun dèrèng sapintêna. Nanging jalaran saking padatan, enggal sangêt ngrêbdanipun, mila lajêng nindakakên rekadaya panyêgah.

Hêm, wontên-wontên kemawon.

Pragadan kewan ing Bêtawi. miturut pèngêtan, salêbêtipun wulan Augustus kapêngkêr, cacahipun kewan ingkang dipun pragad ing Bêtawi: lêmbu 594, maesa 468 tuwin menda 4912.

Mirid cacahing pragadan samantên punika inggih kagolong kathah tiyang nêdha daging, mangka punika kapetang salêbêtipun jaman malèsèd, tiyang sampun sami ngirid têtêdhan. Dados saunpami[1] jaman têntrêm, têmtu langkung saking samantên.

Juru misaya ulam angsal tuntunan. Para juru misaya ulam ing Kêndal sami ngêdêgakên pakêmpalan, dipun sêsêpuhi pangagêng pakaryan misaya ulam ing sêgantên. Ancasipun nêdya mitulungi, murih para juru misaya ulam sampun ngantos nandhang sambutan tumanja êmpingan saking para sugih.

Tiyang ingkang dèrèng mangrêtos punika pancèn prêlu sangêt angsal tuntunan, saya tumrap para ringkih ingkang panggêsanganipun sarana ngupajiwa kados makatên.

Parêpatan P.I. ing Bandung rame. Ing Bandung mêntas wontên parêpatan P.I. Ingkang dhatêng jalêr kirang langkung 3100, èstri 400. Rêmbag-rêmbagipun sarwa wigatos, sami dipun èngêtakên ing pulisi, malah wontên ingkang lajêng dipun êndhêg. Sarêng Ir. Sukarno sêsorah nakèkakên panggêsangan 2 1/2 sèn sadintên punapa cêkap, dipun wangsuli tiyang: botên, lajêng langkung rame, Tuwan Albreghs ngawisi Ir. Sukarno mêdhar sabda, tiyang kathah mungêl: têrus. Pangarsa lajêng gadhah panêdha supados sami mênyanyi Indonesia Raya, kêlampahan ngantos rambah kaping 3, wusana bibaran.

We, inggih rame yêktos.

Kaukum 8 taun. Kawartosakên Landraad ing Palembang sampun andhawahakên ukuman 8 taun dhatêng tiyang nama Tarwin bin Wasiyah jalaran kadakwa mêjahi salah satunggiling tiyang èstri.

Kaum bêrah pribumi wontên ing nagari walandi. Wontên pawartos ing nagari Walandi wontên kaum bêrah asli tanah ngriki ingkang sami nyambut damêl dados jongos utawi babu sami nandhang kasangsaran jalaran kataman ing jaman mlèsèt punika. Têtiyang wau pawartosipun botên wontên ingkang dipun têdhani pitulungan.

Pêpêjah ing margi. Wontên lare 2 murid sêkolahan ing Balambangan (Kotabumi), nuju badhe wangsul ing griyanipun, kêplindhês ing autobus BE 754, ingkang satunggal pêjah sanalika, satunggalipun kintên-kintên pêjahipun lêt 1½ jam.

Nyalingkuhakên arta f 12.000.- Pangadilan Landraad ing Surabaya mêntas mriksa prakawisipun dakwa R.S. juru sêrat kantor pangrèh agêng Suikerbond, kadakwa nyalingkuhakên arta f 12.000.- sarana malsu cèk. Dakwa ngakêni, arta sampun têlas. Kaukum 2 taun.

Barang sampun kêlajêng botên prêlu dipun gêtuni.

Pados padamêlan sarana ngasorakên badan. Ing kantor pitulungan pangangguran ing Surabaya mêntas kadhatêngan insinyur bangsa Eropa, nêmbung nêdha padamêlan, nanging sampun kapratelakakên insinyur, mindhak rêkaos angsalipun padamêlan.

Inggih sawêg jaman sapunika wontên insinyur pados padamêlan ngantos kados makatên.

ASIA.

Grondwet Siam. Miturut Grondwet enggal, sang nata kêdah ngênut agami Budha. Para kulawarga nata botên kenging ngêmori pulitiek para rakyat kamardikakakên ingatasing agami. Warganing Wetgevende Vergadering kêdah kapilih dening rakyat, laminipun 4 taun, nata namung kawajibakên milih pangarsa. Tataning adamêl wêwaton rinêmbag sami-sami.

Ambalela dhatêng Ibn. Saud. Wontên pawartos, nanging dèrèng gumathok, ing provincie Azis tuwuh pambalelaning têtiyang nêdya ananggulangi Ibn. Saud. Golonganing prajurit ngintên bilih ingkang ambalela wau namung sawatawis panggenan kemawon, gampil kasirêp.

EROPA.

Sêpur dipun bom. Ing margi sêpur sacêlakipun Nantes, Prancis, ingkang badhe dipun langkungi Herriot, dipun bom ing tiyang, adamêl sirnaning sêpur tuwin ril ing sacêlakipun ngriku. Rahayunipun dene tiyang ingkang dipun angkah wau (Herriot) dèrèng langkung. Ing dintên wau Herriot badhe dhatêng Nantes anjênêngi paargyan mèngêti 400 taunipun supêkêtan Frankrijk-Brittani.

[Grafik]

Kapal Normandie. Kapal Normandie punika sakalangkung agêng, panjangipun 313 m wiyaripun 36 m. Punggawanipun wontên 1400, sagêd ngêwrat tiyang numpak 2500. Waragading andamêl 750.000.000 fr. Parentah Prancis ambiynatu[2] wragad 250.000.000 fr. Wujudipun mriksanana gambar.

--- 1508 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

62.

Sarêng Tuwan Sumarta cariyos makatên wau, lajêng adamêl plonging manahipun nyonyah ingkang gadhah griya, wusana wicantên kanthi ngusap dhadha, dados tandhaning piduwunging manah: O alah, pangapuntên sampeyan kemawon tuwan, kula botên ngintên babarpisan, bilih sampeyan rawuh ing ngriki. Awit sadhèrèk kula wau botên kintun sêrat dhatêng kula. Ing ngriki punika pancèn kêrêp wontên tiyang ingkang sok damêl kagèt. Môngga ta lênggah ing kamar sisih ngrika.

Nyonyah wau lajêng wicantên dhatêng lare kalihan ngusapakên kacu ing rai: Yan, kowe anjagaa bocah-bocah, yèn nganti rame, kowe kang tak srêngêni. Nanging kowe ya aja mara tangan kaya dhèk wingi.

Sasampunipun wicantên makatên, Tuwan Sumarta lajêng dipun kanthi kabêkta dhatêng kamar saha dipun acarani lênggah, wusana nyonyah wau wicantên rumakêt: O, Pangeran ingkang nuntun sampeyan dhatêng ing ngriki. Mugi sampeyan sagêda pêpanggihan kalihan garwa sampeyan.

Tuwan Sumarta mangsuli gêlagêp-gêlagêp: Ka... ka... dospundi. Dhorah... wo wontên pundi.

Wontên ing griya sakit. Kala wau jam sakawan kula tèlêgram dhatêng sadhèrèk kula ing Batawi, suka sumêrêp bilih garwa sampeyan sakit rêkaos. Wusana dèrèng ngantos kawan jam, tuwan sampun dumugi ing ngriki. Dados tèlêgram wau salingsingan. Nanging Pangeran ingkang dhawuh dhatêng sampeyan supados mriki.

Pancèn botên wontên tiyang ingkang akèn kula supados mriki, malah kula botên mampir dhatêng dalêmipun sadhèrèk sampeyan, tuwin botên rêrêmbagan punapa-punapa, lajêng pangkat kemawon. O, bojo kula sakit rêkaos. Dhuh, manawi kula sampun kapanggih, piyambakipun tamtu saras. Dhuh, Dhorah bojoku, têkaku anggawa katrêsnan kang dayane ngungkuli sawarnaning tômba.

Nyonyah sêpuh mangsuli sarèh ririh: Mugi-mugi kinabulna dening Pangeran. Sasampunipun wicantên makatên wau, lajêng nangis.

Tuwan Sumarta nyawang nyonyah sêpuh kanthi samaring manah, lajêng pitakèn: Bojo kula sakit punapa.

Nyonyah sêpuh mangsuli kalihan kêsêsêgên: Kolerah. Kala wingi dipun bêkta dhatêng griya sakit sèndhêng, saking dhawuhipun pangagêng. Manawi kajêng kula, inggih badhe kula purih wontên ngriki kemawon, amargi nyonyah sampeyan sampun kula anggêp kados anak kula piyambak, nanging botên dipun parêngakên. Dene badhe tuwi mrika, kula inggih botên dipun lilani. Kala wau siyang, jam sakawan, kula tampi pawartos ingkang sakalangkung nguwatosakên, mila kula lajêng kintun tèlêgram dhatêng Batawi, kajêng kula supados sampeyan dhatêng ngriki.

Ing sanalika, sarêng Tuwan Sumarta mirêng pawartos makatên wau lajêng anjêgrêg tanpa ebah. Sarêng nyonyah sêpuh wau sampun dumugi anggènipun wicantên, lajêng pitakèn malih: Punapa bojo kula taksih gêsang.

Mugi-mugi Pangeran maringi umur panjang.

Punapa Dhorah dèrèng ngajal.

Kala wau dèrèng, tamtunipun sapunika inggih dèrèng, mugi-mugi sampun kirang satunggal punapa.

Tuwan Sumarta lajêng mênyat saking palinggihan, brabat mêdal dhatêng jawi numpak oto ingkang taksih ngêntosi, saha akèn dhatêng sopir sarosanipun: Ayo mênyang romah sakit sèndhêng, rikat.

Oto lajêng bidhal sumêbut dhatêng griya sakit sèndhêng.

Sadumugining griya sakit, Tuwan Sumarta enggal-enggal mandhap lajêng badhe lumêbêt, nanging amanggih pambêngan. Sakawit dipun êndhêg wontên ngajêng lawang, kêdah kapanggih kalihan sustêr rumiyin, tur sagêdipun pinanggih rêkaos. Sarêng sampun agêd pinanggih, sustêr cariyos, bilih anggèning Tuwan Sumarta badhe kapanggih kalihan Nyonyah Dhorah, punika rêkaos anggènipun sagêd angsal palilah, sapisan, sustêr dèrèng wanuh dhatêng Tuwan Sumarta, dados dèrèng ngandêl manawi bojonipun Nyonyah Dhorah, kaping kalih Nyonyah Dhorah wontên salêbêting bêbaya, dèrèng kantênan pêjah gêsangipun, kaping tiganipun, manggènipun wontên ing barak, panggenanipun tiyang sakit nular.

Tuwan Sumarta sangêt-sangêt panêdhanipun dhatêng sustêr kanthi linut ing tangis, supados panêmbungipun wau dipun dumugèkakên ing dhoktêr. Wusana sustêr tuwuh wêlasipun, lajêng tilpun dhatêng dhoktêr. Dhoktêr ugi nglilani kanthi wêwaton sajawining pranatan, amargi dhoktêr sampun mangrêtos, bilih Nyonyah Dhorah sampun botên badhe ngukup. Nanging Tuwan Sumarta kêdah miturut punapa ingkang dados pranatanipun griya sakit, inggih punika samêdalipun saking ngriku kêdah rêrêsik pangangge tuwin badan, prêlu kangge panulaking wiji sêsakit. Amargi manawi botên makatên, wijining sêsakit wau badhe ngômbra-ômbra wontên ing jawi. (Badhe kasambêtan)

--- 185 ---

Nomêr 47, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Panglipur Ati

Asmaradana

Ana uwong desa siji / nuju ing sawiji dina / giring kuldi jèjèr-jèjèr / anggone tuku ing kutha / kabèh ana sangalas / durung budhal wis dietung / isih ganêp ora kurang //

wayahe wis mèh jam siji / panase kagila-gila / kringêt mili pating dlèwèr / raine amangar-mangar / saka bangêting panas / sikil loro padha mlênthung / gone mlaku kongsi dhingklang //

nora suwe nuli mikir / upama ta aku nunggang / kuldiku kang buri dhewe / kaya-kaya ora nyamar / yèn ta kuldiku ilang / aku nunggu ana dhuwur / bisa penak ora panas //

bêcike dak etung dhisik / o, jih ganêp, ora kurang / wise ngono nuli cemplo / wong desa barêng wis nunggang / ati krasa tan penak / kuldine nuli dietung / kêtêmune mung wolulas //

wong mau nuli miwiti / alon-alon gone milang / supaya tan bisa gèsèh / nanging mêksa mung wolulas / dadi ana kang ilang / ati judhêg nuli mudhun / golèki kuldi kang ilang //

nanging nyata ora kari / mula tumuli diwilang / ana sangalas cacahe / atine wis krasa lêga / mula tumuli nunggang / sawise ana ing dhuwur / nuli gliyak-gliyak mangkat //

ora suwe clathu lirih / timbang nganggur awak ingwang / luwih bêcik ngetung manèh / ngiras kanggo tômba sayah / êlo kok mung wolulas / apa klèru gonku ngetung / ah, pancène mung wolulas //

nyang ngêndi kuldiku siji / dene têka mung wolulas / rak sangalas ta mêsthine / bêcik aku ora nunggang / dak etung ana nglêmah / wong mau tumuli mudhun / pêrlu arêp nyatakêna //

dietungi bola-bali / têmu bênêr ora kurang / mula banjur nunggang manèh / nanging pancène cilaka / pamilange tan padha / ana ngisor ana dhuwur / kêtêmune beda-beda //

nunggang mudhun bola-bali / dietung alon-alonan / nanging mêksa gèsèh bae / yèn ana ngisor sangalas / ana dhuwur wolulas / ati pêgêl wuwuh bingung / mula banjur ora nunggang //

dheweke nuli nakoni / marang wong kang nuju liwat / kakang cobi kula takon / mang etungke kuldi kula / wong desa nuli crita / bab salahe gone ngetung / kabèh tan ana kliwatan //

wong liwat angguyu gligis / krungu anggone carita / tumuli clathu mangkene: / adhi mênggah kuldi dika / manut gèn kula ngetang / sadaya wontên rongpuluh / botên langkung botên kurang //

wong kang takon ora [o...]

--- 186 ---

[...ra] ngrêti / mênêng bae nuli lunga / tan ngrêti ginawe guyon / nanging wong kang tinakonan / angguyu latah-latah / awit ngrêti yèn wong mau / bodhone ngungkuli kewan //

mungguh wose dongèng iki / ora mulang gêguyonan / mung mulang nyang sapa bae / yèn êmoh digo dolanan / dening sapadha-padha / dimêmpêng gonmu sinau / karbèn dadi wong utama //

Sunarka. Bocah Pare

Rukun Olèh Gawe

VII. Amboyong babon

Jago kang lagi susah, nyêkêkrêk ana sacêdhaking pagêr, nganti ora wêruh yèn ing kono lagi ana pêrangan gêdhe.

Nalika jago lagi anggagas anggone arêp nulungi babon, krungu suwara glêdhêg, glêdhêg, nganti ngorêgake lêmah, nanging wusanane jago wêruh yèn kang têka mau watu. Watu kang pancèn dhêdhasare santri, barêng cêdhak jago banjur uluk salam, nanging ora pati pasèh: salam malaekum.

Barêng jago krungu suwarane watu, atine clês ayêm, iya banjur mangsuli: malaekum salam. Wah, aku nganti kagèt, tak arani sêpur, lakumu nganti ngorêgake lêmah.

Watu: Wis ta aja kagèt, lan aja susah, mungsuhmu, si luwak, saiki wis mati, êndhase tak gêjil, rêmuk. Ayo bali.

Jago: Mulih ya mulih, nanging bojoku tulungana. Gulo bojoku rak ana sajêroning jaro, ora bisa mêtu, awake nganti kuru. Kuk kuk, kluruk.

Watu: Kowe kuwi bok aja kêpatuh jêgegesan, iki rak lagi ana gawe prêlu, wah manèh tumrap awakmu dhewe lagi kasusahan, wis, nisiha kana.

Watu banjur angglundhung mundur, gèk maju, gèk mundur manèh, wusana maju rikat bangêt, jaro ditrêjang: prês, mawut dadi sawalang-walang. Sarampunging gawe banjur ambagêgêg, ayake kêsêl.

Jago takon: Wis rampung. Lêga rasaning atiku. Blêg, blêg, blêg...

Watu nyêntak: Wis, aja kuk kuk, kluruk. Ayo saiki budhal, bojomu kanthinên.

Jago kang gulune wis modot arêp kêluruk, barêng disaru si watu banjur diungkrêt manèh, wusana banjur nganthi bojone, budhal mêtu.

Têka jaba banjur dibagèkake êdom, kretan ya wis ana kono. Êndhog anggone ambagèkake lirih: Sugêng bu gêdhe.

Babon mangsuli: Slamêt thole.

Sawise mangkono, banjur tata-tata arêp budhal, mung êndhog kôndha ora bisa milu bali, amarga awake wis rêmêk, malah anggone calathu wis mêgap-mêgap, wusana mati, awake ambyar, diiring gônda blarongan.

Kretan banjur kôndha: Wis ta, sing wis ora ana ya uwis bèn, ayo saiki bali. Babon lan jago banjur munggah, linggihe jèjèr, kaya pangantèn, watu ana têngên, dom ana kiwa.

Sawise rampung, kretan malaku gêmlidhig.

--- 187 ---

Kasênêngan Bocah

Kasênêngan bocah iku kêna diarani manut karo kaananing panggonan, utawa pakulinane. Yèn bocah kutha dhêmêne jaranan, kretan-kretanan. Yèn anak prajurit, dhêmên baris-barisan. Anak dhalang, cilik-cilik wis bisa mucuki. Cêkake warna-warna bangêt. Tur kabèh mau yèn digagas, ya wis kaya dadi pangajaran andhasari antêping pikiran bocah.

[Grafik]

Saiki gênti ngandhakake kasênênganing bocah ing pasisir, iku ya wis seje manèh, saya tumrap bocah-bocah ing tanah Eropah, kasênêngane mau sok dibantu ing wong tuwa. Kaya ta ing Amsêtêrdham, mêntas dianakake têtandhingan praon cilik, nganggo layar barang, lan layar mau iya bisa nadhahi angin kaya prau layar têmênan. Nontona gambar.

Cara kaya mangkono mau mêsthine iya nyênêngake bangêt. Mula bocah-bocah, kowe padha prihatina lan wêkêl, wong tuwamu bèn bisa milu ambêbungah kowe.

--- 188 ---

Kasamarane Wong Tuwa

Mungguhing wong tuwa, apa manèh biyung, iku panyawange mênyang patraping anake cilik kang nuju dolan, sabên dina mung nganakake pikiran samar. Kaya ta wêruh bocah penekan, playon, padha disamarake yèn tiba. Saya yèn bangsane dolan ana ing banyu, upamane adus mênyang kali, blumbang, wah samare nganti kêjêron, awit nganti nyamarake yèn mati.

[Grafik]

Satêmêne pangemane wong tuwa kang kaya mangkono mau bênêr, awit kabèh mau yèn ditrajang, utawa nganti nêmahi apês, wong tuwa kapitunan gêdhe bangêt, yèn ta bocah mau sikil utawa tangane putung, bakal duwe anak kang nandhang cacad. Saya manèh yèn nganti tiwas, sapa kang bakal kapitunan.

Nanging tumraping bocah, pangemane wong tuwa mau malah sok ditômpa kosokbaline, mêsthine mung saka durung ngrêti. Coba nontona gambar iki, kuwi gambaring bocah kang padha angglidhig, penekan nganti dhuwur, inguk-inguk panggonan kang nyamari. Hara mungguh pakolèhe apa.

Nanging yèn dipikir manèh, satêmêne bocah kang watak angglidhig, dhêmên pathakilan sapanunggalane, kuwi kêna kanggo titikan bocah waras.

Dadi mungguhing wong tuwa, wajibe mung kudu ngulat-ulatake mênyang patraping bocah, kang dikira nyamari, kuwi wis ora kêna diselaki. Dene tumraping bocah, iku yèn pancèn wis ngrêti, wajib angèlingana mênyang pangemane wong tuwa. Awit satêmêne, bapa biyung iku kalêbu wong kang asih dhewe mênyang anake, nakala, ambêlêra, anane mung disihi. Iba yèn ambangun turut.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. saumpami. (kembali)
2. ambiyantu. (kembali)