Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-01, #451

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-01, #451. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-01, #451. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 11-02-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 10, 2 Pasa Taun Ehe 1860, 1 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [145] ---

Ăngka 10, 2 Pasa Taun Ehe 1860, 1 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ambon

[Grafik]

Sawangan ing Ambon sacêlaking palabuhan.

--- 146 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Pamanggihipun para Ahli Anggagas

Kala ing dintên Sabtu ingkang kapêngkêr kados sampun cêkap anggèn kula ngandharakên mênggah nami kula, samangke kula badhe miwiti obrolan kula. Ing sarèhning punika nama: obrolan, panyuwun kula dhatêng para maos, sampun sami kawaos, awit ingkang 99% têmtu omong kosong, têgêsipun ingkang sabagian agêng têmtu bangsanipun ngayawara alias botên nyata. Dene manawi mêksa ngrêsakakên maos, inggih sampun pitados punapa ingkang kula obrolakên wontên ing ngriki, kaanggêpa dede barang-barang kemawon. Mênggah ingkang badhe kula obrolakên ing samangke ing bab pamanggihipun para ahli anggagas.

Mênggahing kula sami-sami titah gêsang wontên ing donya, botên wontên ingkang kula gilani kados bangsaning ahli anggagas. Gila kula wau botên beda kalihan dhatêng tiyang ingkang motangakên dhatêng kula sampun lami dèrèng kula lunasi, sarta sambutan ingkang dèrèng verjaard, manawi kajawèkakên kabaripun: sambutan ingkang kêdaluwarsa, têgêsipun: sambutan ingkang jalaran saking laminipun lajêng botên prêlu dipun sauri malih. Tiyang ingkang nyambutakên sampun lami, ingkang dèrèng kêdaluwarsa wau, manawi dhatêng ing griya kula, sanadyan gadhaha kaprêluan sanès, dados botên niyat badhe nagih, sawêg kemawon ngancik rolak griya kula anyuwara: Kula nuwun, saking nglêbêt inggih lajêng sampun kula wangsuli: botên wontên dalêm. Makatên ugi tumrapipun para ahli anggagas. Sanadyan kula badhe prêlu mlampah ngidul upaminipun, dilalah saking katêbihan: kleyang, kleyang, kula sumêrêp tiyang ingkang gadhah wêwatêkan makatên, sanalika badan kula, nyara suradhadhunipun inggih lajêng tumunên kula prentah: rèh somkir mar ... rês, sanalika cangkelak kula botên èstu ngidul, nanging malah ngênthir ngalèr.

Dene sabab-sababipun kula kamigilanên dhatêng para ahli anggagas, punika jalaran manawi sumêrêp punapa-punapa sok lajêng dipun gagas ngantos anglangut, kados ta: kalêrês ing dintên Minggu tur tanggal ênèm, siyang-siyang kapêthukan tiyang udhêng-udhênganipun madhul-madhul, kathik pucuking brêngosipun ngalèmbrèh mangandhap, punika lajêng kemawon gagasanipun: wah, iki gênah wong mêntas kobongan mau bêngi. Măngga, punapa botên nobatakên. Inggih lêrês, kula botên badhe sagêd kalampahan, awit arta kangge nêdhani anak bojo sabên dintên kemawon sampun comprang-campring, têmtunipun inggih lajêng botên badhe anrajang bakaran barang. Ewadene kula inggih mêksa anggadhahi kuwatos, manawi-manawi ing wanci siyang kula kalêrês galenggengan nyinom utawi andhangdhanggula, mangke gèk dipun gagas: kae rak lagi nglêlipur atine anggone dina kiyi kêndhile mêngkurêp.

--- 147 ---

Punapa malih manawi sampun anggagas dhatêng drajating tiyang, punika inggih ngodhêngakên sayêktos. Upaminipun tumraping para punggawa sêpur, punika pamanggihipun sawênèhing ahli anggagas makatên: saradanipun punggawa sêpur punika: botên purun ambucal wêkdal ingkang tanpa guna, manawi rêrêmbagan têmtu: cêkak aos, sanadyan sok ambingungakên ingkang dipun ajak rêmbagan. Lo, samantên gagasanipun. Manawi ingkang makatên punika saèstu manjing dados wêwatêkanipun para priyantun sêpur, inggih kenging dipun tulad sayêktos, awit punika pancèn wêwatêkan ingkang sae. Nanging sarêng kula taliti, tuwuhing gagasan wau jêbul sapele kemawon, inggih punika makatên: kulinanipun punggawa sêpur punika manawi rêmbagan asring nyêkaki namaning pangkat utawi panggenan, kados ta manawi dipun pitakèni mênggahing pangkatipun, lajêng amangsuli, upaminipun: kula Stba. (lugunipun Stationsbeambte) utawi: kula Cs. (lêrêsipun Chef station) lan sasaminipun. Manawi wontên ingkang pitakèn: badhe tindak pundi, wangsulanipun: badhe dhatêng Wl. (Wèltêprèdhên) utawi: badhe dhatêng Bt. (Batawi) lan sapiturutipun. Mênggah para priyantun sêpur asring nyêkaki nama-namaning pangkat utawi panggenan wau, botên sumêdya ambêbingung para ingkang dipun ajak rêrêmbagan, nanging sabab saking kulinanipun wontên ing padamêlan. Prêlunipun mênggah nyêkak-nyêkak nama wau, murih anggampilakên utawi angrikatakên padamêlanipun, dados botên kados pangandikanipun ahli anggagas kasbut nginggil.

Kadospundi samangke pamanggihipun sawênèhing ahli anggagas mênggahing pangkat: redhaktur. O, punika kojur sayêktos. Kula piyambak sampun nate mirêng pawicantênan makatên: Aja sok cêdhak-cêdhak utawa sêsanakan karo bangsaning redhaktur, mundhak dikorèk. Dados ing ngriki pangkat redhaktur prasasat dipun samèkakên kalihan sêsakit pès, kêdah tansah dipun têbihi.

Salêrêsipun gagasan ingkang makatên punika botên kenging dipun lêpatakên babarpisan, kadhangkala sok wontên lêrêsipun. Rak kêrêp kemawon ta, wontên koran ingkang isinipun botên liya kajawi: pêpisuh, punika jalaranipun inggih botên sanès kajawi: redhakturipun karêm dhatêng misuh, punapa malih manawi ingkang kêdah dipun pisuhi bangsanipun piyambak, punika inggih: êntèk amèk, kurang golèk, sayêktos, kados ta: ing jaman samangke punika jaman Indhonesiah-Indhonesiahan. Tiyang siti ingkang gadhah kabudidayan tumindakipun sae, ingkang gadhah wau lajêng kemawon dipun wastani: Indhonesiêr jêmpol. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang tumandang damêl botên kalêrêsan, dipun wastani: Inlandhêr, dados: Indhonesiêr punika sêsêbutanipun tiyang siti ingkang pêng-pêngan, Inlandhêr tiyang siti ingkang clila-clili, ing donya ngriki wontên satunggiling koran, manawi mirêng wontên koraning tiyang siti badhe bibar, sabab kêkirangan arta, botên kok wêlas, nanging malah misuh-misuhi, kanthi ngundhat-undhat kainlandhêranipun. Wontên koraning tiyang siti ngêmot pakabaran kasèp, inggih lajêng misuh-misuhi, amastani [ama...]

--- 148 ---

[...stani] manawi redhakturipun: tuwa băngka. Koraning tiyang siti ingkang kirang sae tumindakipun, inggih dipun pisuhi lan dipun ece, dipun wastani: koran dhusun, lan sasaminipun, ing pungkasaning pêpisuh wau, mawi dipun èmbèl-èmbèli, supados sami sinaua dhatêng krekot. Para maos ingkang inggil bêbudènipun, ingkang makatên wau inggih lajêng mangrêtos kemawon, pikajêngipun inggih punika: nèk arêp sinau mêmisuh, sinaua bae nyang krekot.

Sampun samantên rumiyin.

S.m.t.

Panggulawênthah

Panggulawênthah lare sawatawis

[Dhandhanggula]

Mêmanise padesan puniki | lamun kathah tanêman kalapa | bêbanjêngan ing tuwuhe | dene mêmanisipun | wong gêgriya puniku yêkti | kalamun anak-anak | jêr anak puniku | sasolahe wèh pirêna | paribasan: dolanan nora bosêni | karya rêgênging wisma ||

marma lamun rinasa sayêkti | ananira janma anak-anak | tan kêndhat wuwuh sênênge | kaya ta kalanipun | yèn wong tuwa nuju nrênyuhi | anake katon mundhak | ing kabisanipun | bungahe nora kayaa | anêrusi ing angga sakojur kadi | sêgêr nora rujukan ||

lawan uga lamun angèngêti | ananira janma mamrih anak | andêrpati panlangsane | amasuh raganipun | atêtămba gêtir lan pait | wênèh ana tirakat | lêlakon ngêlangut | iku dadi kang pratăndha | lamun janma ingkang ginadhuhan siwi | jênêng ewon kabêgyan ||

marma Jawi sokur mring Hyang Widhi | lawan aywa lena mardi anak | murih utama ing têmbe | awit sajatinipun | nora kurang janma sêsiwi | mung karya kasusahan | saking anakipun | yèku dahat murang sarak | kèh prakara kang mangancam mêmirisi | tan kêna sinelakan ||

kang mangkana wong tuwa sayêkti | ketang saking sêmpalaning badan | angrasa sungsun susahe | kang dhihin susahipun | amêruhi pokaling siwi | kapindho susahira | anggane katêmpuh | ing wusana wong atuwa | ing tyasira dadya angênês kapati | kongsi tumêkèng lena ||

beda lawan kang prayitnèng kapti | cilik mula anake ginulang | wus kawêlêg wêwulange | têmah diwasanipun | apan dadya wêruh ing wajib | yèku asung kabêgyan |[1] mring wong tuwanipun | nadyan kongsi têkèng lena | anak maksih lumastari amêmundhi | kuburirèng wong tuwa ||

dene mungguh pamardining siwi | srananira talatèn tumindak | murih sakabèh wulange | rumasuk balung sungsum | dadya têtêp tulus utami | tan kengguh ing panggodha | kang murang marga yu | nanging samonoa uga | aywa

--- 149 ---

weya wong tuwa ngawat-awati | ananirèng srawungan ||

jêr sanyata srawungan puniki | nora amung prakara lêlara | kang bisa anularake | nadyan budi tan ayu | solah-bawa muna lan muni | sayakti tan prabeda | ing panularipun | sumarmane binudia | sasrawungan kang laras lan mikolèhi | undhaking kawruh bocah ||

traping wulang mrih dêrêng dayani | srananira nganggo rinangkêpan | kang sarwa kèwês wuwuse | cara dhalanganipun | grêgêt saut iku sayogi | amrih tyasira bocah | kapranan kalangkung | têmah dadya kapiluta | nêdya nelad wêwulang ingkang kawijil | tumindak lawan dhangan ||

apadene saliring pamardi | wong atuwa asunga tuladan | murih sabarang rêmbage | ginugu lan tiniru | kadidene guru agami | muride kabèh padha | têtêp amituhu | kang mangkono awit saka | guru uga têmên-têmên anglakoni | kadi prentahing kitab ||

kala-kala yèn sêla ing kardi | dongèngêna crita warna-warna | kang nawung piwulang sae | kaya ta critanipun | lêlabuhan ingkang utami | dhêndhaning laku salah | sapiturutipun | dimène dadi piridan | tur ta iku ngiras pantês anuntuni | moncèring pamicara ||

lamun anak kongsi manggih sisip | aja age sêsrêngên anyêntak | gêdhene ngrangkèt anake | awit pikantukipun | srêngên ngrangkèt karya mêmiris | sisip-sêmbire dadya | suda trêsnanipun | sabanjure yèn ngantia | angêlantur wêdine anak kapati | têmah karya pituna ||

lire kabèh parêntuling kapti | datan kêndhat kandhêg anèng manah | tan wani anglairake | măngka utamanipun | yèn wong tuwa kulinèng siwi | kêrêp awawan sabda | kèh pitukonipun | wondene paedahira | amimbuhi saliring kawruh mring siwi | lawan wuwuh sihira ||

amrih bocah darbe watak gêmi | apan bêcik kalamun ginulang | anyèlèngi saanane | yèn wus ana sataun | amarêki ing ari adi | sêdhêngira ambukak | kabèh isinipun | wong tuwa nuli nyulangna | bab tanjane ing dhuwit ingkang sayogi | karya tuku sandhangan ||

kang mangkono bocah dadi ngrêti | dene mèngêt ananing sandhangan | asli saking celengane | têmah pangrêksanipun | sandhangane dèn êmi-êmi | murih kurup kalawan | sataun kaklumpuk | sabanjure wruh ing tănja | lawan kabèh tindake angati-ati | lamun mijilkên arta ||

amung murih aja kongsi cêthil | bocah iku bêcik pinardia | murih wêlasan ambêke | wondene srananipun | kulinakna anênulungi | marang sakabèh tindak | kang pantês tinulung | kaya pa paprentahêna | asung tănba[2] maring janma kang asakit | lawan nuntun wong picak ||

yèn wong tuwa angêganjar janmi | apadene wèwèh wong pêpriman | bocah kinèn ngulungake | yèn ana kancanipun | asung barang anakirèki | kinèn nuli malêsa | kabêcikanipun | pikolèhe têmbenira | bocah iku tyasira lumrah sujanmi | wimbuh kontap utama || Badhe kasambêtan.

Darpa.

--- 150 ---

Pêkên Agêng ing Surakarta

Sampun sawatawis wulan pêkên Agêng ing Surakarta dipun dandosi. Salêbêtipun dipun dandosi pêkênipun pindhah wontên ing alun-alun lèr. Pindhahing pêkên wau tumrap ingkang botên mangrêtos, sami gadhah pangintên warni-warni, dene ing alun-alun têka dipun angge pêkên. Nanging mênggahing nyatanipun, botên sanès namung prêlu pados kobèting papan, ingatasipun pêkên ingkang agêngipun samantên, botên cêkap manggèn wontên ing papan ciyut.

[Grafik]

Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, nalika anggunting pita gawaring pêkên.

Pêkên wau ing sapunika sampun rampung panggarapipun, kala tanggal kaping 12 wulan kêpêngkêr kabikak, mawi pahargyan. Ingkang murwani ambikak panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, sarana anggunting pita gula kalapa, kagunting ing gunting êmas, dipun jumênêngi sampeyan dalêm ingkang wicaksana, tuwan gupêrnur Surakarta, tuwan gupêrnur Ngayogyakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sakalihan garwa Gusti Kangjêng Ratu Timur, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, pêpatih dalêm ing Ngayogya tuwin para agung kakung putri punapadene para tamu sanès-sanèsipun.

Pêkên Agêng ingkang nêmbe dados punika, saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana kaparingan nama Arjanagara. Mênggahing bab saening pêkên kados ing satanah Jawi botên wontên ingkang kados pêkên Agêng wau, mirid waragadipun kemawon têlas f. 650, 000. ingkang damêl gambaripun pêkên wau Tuwan Ir. Karsten, kagarap dening Tuwan G.G.G. Zjilmans sakancanipun, sadaya wau sami kaparingan tarima kasih saking sampeyan dalêm ingkang wicaksana. Pêkên wau sadèrèngipun kabikak, tuwan gupêrnur Surakarta mêdhar sabda, ambabadakên kawontênanipun pêkên Agêng sakalangkung panjang, lajêng kasambêtan pangandika dalêm sampeyan ingkang wicaksana. Satamating pangandika dalêm, dipun tampi ing surak mawurahan, saha dipun tampèni swaraning bom 15 rambahan, dipun barung găngsa Kodhokngorèk tuwin sêtrèk orkès karaton, lajêng dipun bikak ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.

--- 151 ---

Kawontênanipun pêkên Agêng ing Surakarta punika panggenanipun mapan sangêt, kenging dipun wastani wontên têngah kitha lêrês, sêsambêtanipun kalihan papan têlênging panggaotan nama gêgandhengan, kados ta ing Kauman, dununging panggaotan sinjang, ing Galadhag dununging para, inggih punika bakul mas intên, saya malih ing bab gêgayutaning wêdal lêbêtipun dagangan saking ngamănca, dunungipun wontên ing Pacinan sakiwa-têngênipun ngriku. Mila mênggahing ramenipun pêkên Agêng katingal sangêt, untapipun tiyang katingal uyêl-uyêlan, botên wontên sêsadean ingkang bubruk kasade wontên ing ngriku, lan ingkang sêsadean ing ngriku punika nama bakul agêng, kados ta bakul wowohan, punika inggih ngantos ngambrah-ambrah, dalah sêkul ulam, manawi bakul ing pêkên Agêng, tumindaking damêlipun kados tiyang gadhah damêl.

Manawi mirid agênging pêkên, iba agênging pamêdalipun pupon bea saking pêkên wau. Ewadene ing bab puniku tumrapipun parentah Jawi, rumiyinipun botên nguningani, awit pawêdaling asil pêkên ing ngriku dados wajibipun pangagêngipun băngsa Tionghwa ing Surakarta. Dangu-dangu parentah lajêng ngudi murih asiling pêkên wau sagêd wangsul dados panguwaosipun nagari, inggih punika nyarêngi nalika parentah Surakarta wiwit ngawontênakên pakaryan pêkên, dangu-dangu sagêd kalampahan, lajêng dipun asta nagari.

Wusana Kajawèn inggih nglairakên pamuji, mugi pambikaking pêkên Agêng wau anêrusana kados têgêsing nama: Arjanagara, awit mênggah arjaning nagara punika sampun amêngku kajêng tanpa watês, ingkang isi kawilujêngan.

--- 152 ---

Bab Rajakaya

Bab Menda Kacang lan Gibas

Sanajan kewan punika botên kenging kapilala damêlipun, tumraping para tani kangge ingah-ingahan sambèn agêng sangêt asilipun, awit enggal babar sarta gampil panyadenipun. Utawi mênggahing pamiyara kewan punika gampil sangêt. Ing panggenan ingkang angèl kangge ngupados têdhanipun rajakaya agêng, yèn kangge têdhaning menda botên badhe ngapirani, awit kathah warnining gêgodhongan ingkang dipun ajêngi.

Ingkang baku kewan punika kangge sadhiyan pragatan, sarta wacucaling menda kacang pêpajênganipun sagêd sami kalihan pêpajênganing dagingipun. Masakala yèn kathah ingkang ambêtahakên wacucal menda sok sagêd langkung kathah. Menda kacang ênèm ingkang kapragad dening bakul gule tuwin sate, tumbasan 4-5 rupiyah, kulitipun sagêd pajêng 1,50 dumugi 2,50 rupiyah, makatên wau manawi tanpa ciri gudhig utawi plênthing. Langkung-langkung manawi wacucal wau ukuran wiyar, dados wacucalipun menda agêng.

Menda kacang ing tanah Jawi ngriki limrahipun alit, pramila manawi badhe angagêngakên turunipun kêdah kapadosakên bibit ingkang agêng, sarana anjagi sampun ngantos kapacêk dening menda jalêr ingkang alit. Ing sarèhning menda namung sadhiyan kangge pragatan, dados botên wontên awonipun yèn menda jalêr ingkang alit-alit sami dipun kêbiri, awit punika saya ngindhakakên agênging pêpajêngan.

[Grafik]

Menda gibas.

Menda ingkang agêng inggih punika menda saking tanah Indhu, menda Bênggala. Menda wau kathah ingkang kabêkta dhatêng tanah Jawi ngriki kangge pamacêk utawi ingkang èstri kapilala puhanipun. Pramila yèn wontên pamacêk menda punika ingkang sami gadhah menda èstri prayogi sami angudi mendanipun kapacêkakên bibit wau.

Menda punika tuwuhipun tăndha badhe laki limrahipun wontên ing umur sataun, inggih punika manawi untunipun têngah kalih pisan sampun santun untu agêng, nanging ugi wontên ingkang kirang saking samantên, [sama...]

--- 153 ---

[...ntên,] gumantung dhatêng kawontênanipun, sarta danguning tăndha badhe laki namung sadintên, katingalipun botên beda kalihan lêmbu tuwin maesa. Rèhning menda punika wontên ing pangenan, ing margi tuwin ing kandhang, jalêr èstri limrahipun tansah kaêmor, ingkang gadhah tamtu botên marduli dhatêng tăndha wau, nanging manawi prêlu badhe kapadosakên bibit jalêr ingkang agêng prêlu dipun sumêrêpi tuwin dipun yêktosi, sarta samăngsa-măngsa katingal, enggal kabêktaa dhatêng panggenaning bibit, awit angèngêti dangunipun namung sadintên wau, manawi kasèp kêdah angêntosi malih. Dene wontênipun kapracayan, menda Jawi èstri sawêg kosod ing pagêr, ing tembok tuwin sanès-sanèsipun kemawon sampun sagêd wawrat, punika botên kapanggih ing nalar.

Dangunipun menda mêtêng wontên ing salêbêtipun 22 minggu, sarta anakipun sagêd kalih trêkadhang tiga. Nanging menda ingkang manak tiga, miturut pamanggihipun para wasis ragi nyêbal, awit saking pamanggihipun kathahing anak punika botên langkung saking cacahing kathahing pênthil, pamanggih wau kathah nyatanipun, sarta ingkang sampun kula yêktosi menda ingkang manak tiga makatên, ing susunipun ngriku tuwuh pandhukulipun malih sanajan botên gatra pênthil.

Dene menda gibas pêpajênganing kulitipun langkung sakêdhik tinimbang menda kacang, nanging ulamipun langkung awis, malah kathah tiyang ingkang mragad menda wau wulunipun namung kakêrok sarta kulitipun kakatutakên ing daging. Ing tanah Jawi ngriki dèrèng wontên ingkang migunakakên wuluning menda gibas kangge dandosan, dados botên sagêd nyade, nanging ing nagari mănca kathah ingkang migunakakên, sarta pêpajênganipun awis, mila kathah ingkang ngingah menda wau prêlu kacukur wulunipun. Kadosdene ing tanah Ostraliah ngantos dados sumbêripun pamêdaling wulu gibas, awit ing ngriku kathah jiwaning kewan wau. Menda gibas ing tanah Jawi ngriki kathah ingkang kirang sae, mila manawi badhe nyaèkakên turunipun kêdah mêndhêt bibit saking mănca. Ing tanah Madura kathah menda gibas ingkang abuntut agêng.

Sarèhning menda punika gopokan sarta botên tahan ing papan ingkang jênês, kandhangipun kêdah garing tuwin ingkang ngongkang siti, supados uyuhipun sagêd têrus.

Kathah warnining sêsakiting rajakaya agêng ingkang ugi sagêd nular dhatêng menda, pramila manawi usum sêsakit makatên, menda ugi kêdah kajagia sampun ngantos katularan, sarana kandhangipun katêbihakên utawi kajagi sampun saba ing papaning kewan ingkang sakit.

Suryadi, Keurmeester Panaraga.

--- 154 ---

Kawruh Sawatawis

Topèng

Candhakipun Kajawèn ăngka 9.

Wanguning topèng, punika sairib mêndhêt wangun praeaning ringgit wacucal, saya malih ing bab pulasipun, ugi makatên, abrit, praeaning tiyang manah brangasan utawi wani, pêthak praean neneman. Namung ijêm gèsèh kalihan ingkang kangge wontên ing ringgit, limrahipun ing ringgit dados praean asor, nanging wontênipun ing topèng botên, lan malih rai cêmêng tumrapipun wontên ing topèng botên kangge.

Bab mripatan, plêg mêndhêt kados mripataning ringgit wacucal, inggih punika liyêpan, thêlêngan. Bêdhahaning cangkêm ugi makatên, tumrap danawa inggih mawi siyung. Ingkang gusèn katingal untunipun. Dene ingkang plêg wangunipun dumunung wontên ing Pênthul Têmbêm, Pênthul mêndhêt praeaning Garèng, Têmbêm mêndhêt praeaning Sêmar. Kalih pisan wau namung kadamêl dumugi nutupi lambe nginggil, dados manawi wicantên katingal ebahing lambe ngandhap. Pênthul wontên untunipun andhêngil kalih ing nginggil, punika limrahipun kala ing jaman rumiyin dipun wastani sae, malah kathah tiyang sisig (nyêmêng untu), untunipun nginggil kêkalih ingkang têngah dipun kêsik, dados katingal ngalela pêthak manggèn ing antawising untu cêmêng, punika dipun wastani untu Pênthulan. Nganging[3] limrahipun namung dipun tindakakên ing tiyang ingkang ragi anjêgègès. Mirid kawontênanipun topèng ingkang kados makatên wau, mèmpêr bilih sêpuh ringgit wacucal tinimbang topèngipun.

Topèng punika wontênipun ing tanah Jawi pinanggih wontên ing pundi-pundi, malah ing Bali punapa inggih wontên, ugi mawi lêlampahan, nanging dipun wastani ringgit tiyang, dene bab garaping topèng mênang alus garapan Bali, awit mênggahing ukir-ukiranipun băngsa Bali pancèn linangkung, lan malih mênggah wujuding topèng gadhah wănda gêsang kados praeaning tiyang sayêktos.

Damêl topèng punika tumrapipun tiyang Jawi inggih botên beda kados damêl ringgit wacucal, têgêsipun mawi pathokan kawruh wujuding topèng, tumrap ingkang kalêrêsan wandanipun sae cocog kalihan kasagêdanipun ingkang anjogèd, punika ngantos sagêd nyantuni sipating tiyangipun, upami tiyang sampun sêpuh, lajêng katingal kados tiyang anèm. Mila bab topèng wau nama satunggiling kagunan Jawi wiwit mêndhêt saking pandamêl ngantos dumugi salajêngipun. Malah ingkang panjênêngan nata kaparêng ngadani yasa topèng, gambaripun kados ingkang sampun kawrat ing Kajawèn nomêr 9.

Mirid kawontênanipun têtingalan topèng, tumrap ing Jawi Wetan sairib kemawon kados ing Jawi Têngah, ugi wontên ingkang mawi lêlampahan, cara-caraning pangangge ugi sami kemawon.

--- 155 ---

manawi ing tanah Pasundhan, topèng punika namung ngatingalakên bab jogèd kemawon, botên mawi anggêpok cariyos, dados saupami mêdal Kalana, ing ngriku namung mujudakên warnining topèng Klana utawi jogèdipun. Manawi mirid cêcariyosan, topèng ingkang tumindak ing tanah Pasundhan punika asli tularan saking Cirêbon, dene Cirêbon asli tuladan saking Jawi Têngah, kapiridakên saking cêcariyosan gêgayutanipun kalihan nata Jawi ing jaman kina. Nanging tanah Pasundhan wontên têtingalan ringgit tiyang, têtiyang ingkang dados sami ngangge topèng, topèngipun amarnèkakên wujuding ringgit purwa, saha têtêp nama ringgit tiyang, dados sanadyan ngangge topèng, botên nama topèng, lan ringgit tiyang wau tanpa ginêman, namung dipun ucapakên ing dhalangipun, nanging tangan ngocang-ngacung kados patrapipun ginêman, malah sanadyan ambanyol punapa inggih namung wontên ucaping dhalang.

Mangilèn mangidul dumugi Batawi, punika ugi wontên topèng, nanging ugi sampun ical talêring topèng, kawontênaning lêlampahan warni-warni, mêndhêt ingkang cêkak-cêkak. Ingkang kathah mêndhêt lêlampahan kêpêngkêr ingkang wontên sayêktos, anggènipun nindakakên ing wanci dalu, sadalu muput. Kajawi manawi ambarang, namung mêndhêt babakan kemawon. Dene wosipun namung badhudan, sami botên ngangge topèng, namung calonehan kemawon. Nanging ing ngriku ugi wontên wujudipun topèng warni kalih, satunggal Kalana, satunggalipun Têmbêm. Wêdalipun Kalana wontên ing wêkasan piyambak, wanci anggagat bangun, jogèdipun inggih kados kiprah, nanging namung pinanggih wontên ithuning badan, kados dipun êrog-êrog, tabuhanipun rame sangêt, dene gamêlanipun rêbab, kêndhang, kêthuk kalih tuwin kêmpul. Ingkang Nglana wau tiyang èstri, limrahipun dipun wastani topèngipun. Ing golongan ngriku ugi wontên tiyangipun èstri sanès, nanging botên karan topèng, awit ingkang nama topèng wau, tiyangipun mawi pangangge, ingkang sampun gadhah wangun piyambak, dene tiyang sanès-sanèsipun, dalah ingkang sami nabuh, sami sagêd ambadhud sadaya, gêgêntosan.

Dene topèngipun Têmbêm, namung dipun angge ing lampahan, ingkang nama lampahan jantuk, dados topèngipun wau inggih nama topèng Jantuk, sanèsipun lampahan wau botên dipun angge malih. Mênggah lampahan jantuk punika nyariyosakên [nyariyo...]

--- 156 ---

[...sakên] tiyang jêjodhoan, inggih punika Jantuk kalihan ingkang èstri. Anggènipun jêjodhoan pun Jantuk wau botên sagêd rukun, klampahan lajêng pêgatan, nanging sasampunipun pêgatan, kalih pisan sami piduwung ing manah. Ing ngriku mawi anggambarakên susahipun tiyang dados warăndha, sanadyan sampun wangsul tumut tiyang sêpuh piyambak, ewadene botên sênêng dados winêngku ing laki. Makatên ugi ingkang kados mudha, manahipun tansah risak, botên têntrêm anggènipun gêgriya. Jantuk lajêng nindakakên têmbung tuwin patrap pamiluta dhatêng ingkang èstri, nanging ingkang èstri malah ngangkrik-angkrik, cara têtêmbunganipun sapunika: malah ngece. Jantuk dipun makatênakên punika sangêt nalăngsa ing manah, wusana panalangsanipun wau sagêd andayani ngêrog manahipun bokmanawa Jantuk, rêntah wêlasipun: talêpok, lajêng antuk-antukan malih.

Kados makatên mênggah wawasan kawontênanipun têtingalan topèng ingkang pinanggih ing jaman sapunika, mênggah kirang langkungipun kasumanggakakên para maos, sukur wontên ingkang kaparêng ngudhoni.

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Tiyang Gadhah Damêl

II

Sêmar: Nala Garèng, sabênêre ngono aku rumasa sênêng lan gêdhe bangêt atiku, dene anakmu, iya putuku si gêndhuk Poniyêm, saikine wis ana sing anjaluk. Nanging mungguh rêmbugku, ijabe ing besuk, bok gawenên sing prasaja bae, upamane nganakake slamêtan sakadare, kang banjur dikêpungake nyang tăngga têparomu, kaya-kaya rak wis cukup. Kajaba ta, nèk pancèn cukup pawitane, sanadyan arêpa her-heran, nèk cara Batawine aku ya mung: bismillahin bae. Balik olèhing pawitan kudu disaranani nganggo jêngkêlitan barang dhisik, lo, kuwi rak kêna diupamakake kayadene dongèng: Kintêl kang arêp mungsuh sapi kae. Saking anggone arêp madhani karo gêdhening sapi, awake banjur diplêmbung-plêmbungake nganti: poh, pêcah. Mêngkono uga tumraping wong sing kêdhuwurên panjangkane, kuwi nèk ora kabênêran bisa kalakon sangsara kang tinêmu. Mulane tak balèni rêmbugku ing ngarêp: anggonmu mantu bok calimèn bae.

Garèng: Mungguh pangandikamu kiyi pancèn iya kasinggihan, ananging ana prakara kang anjalari aku ora bisa andhèrèk apa kang dadi dhawuhmu. Yaiku: aku rumasa wis akèh bangêt anggonku ambuwang, kaya ta: lagi Mas Naya nyunatake anake wadon kae, aku nyumbang f 0.75, gèk Mas Bèi Suta duwe gawe, aku nyumbang f 1.-, Dèn Carik dhistrik nyupitake, sumbanganaku ya f 2.-, malah nalikane dara bèi

--- 157 ---

wêdana ngramakake putrane, anggonku nyaosi sumbangan f 5.- lan isih akèh manèh wong-wong sing wis padha tak sumbangi. Hla nèk anggonku mantu kiyi mung slênthêman bae, banjur kapan baline dhuwitku sing wis tak sumbangake kuwi.

[Grafik]

Sêmar: Hêm, andèkne ora, kandhane wong ki jarene nyara gagrag anyar alias nyara modhèrên kuwi mêsthi luwih apik tinimbang nyara kuna. Nèk mungguh panêmuku kok durung kinar, dhing. Apamanèh tumrape wong nyumbang, kuwi nèk timbanganaku kok luwih bêcik nyara kuna tinimbang nyara modhèran-modhèrênan kiye. Nèk cara kuna wong nyumbang kuwi, karêpe mung arêp ngatonake karukunane, mulane panyumbange iya kanthi: lilahi tangallah, ora kok nganak-anakake mêngkono. Upamane: duwene mung gori, sing disumbangake iya gori, duwene êndhog, iya êndhog. Lan panyumbange cara kuna mau, ora kok cara modhèrên kiyi sêmang nganggo nyawang drajate sing arêp disumbang, dupèh sing duwe gawe mung Mas Naya thok bae, le nyumbang cukup mung f 0.75, nanging barêng dara bèi wêdana f 5.-, durung mèlu kaetung sumbangan, klandhêstin, têgêse: sumbangan sing ora kawêruhan ing wong akèh, upamane bae: wêdhus rong pasang. Nèk nyumbang cara kuna kuwi, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, sarana lilahi tangallah bae, têgêse: mung sarilane. Dadi arêpa sing duwe gawe: bêndara radèn mas ariya, utawa mung: kenthol ngantèn, ing sarèhning panyumbange mau sarilane bae, têmtune iya padha bae. Kajaba saka iku, nyumbang cara kuna kuwi, barang utawa dhuwit sing wis disumbangake, iya: cul, dianggêp barang utawa dhuwit sing wus ilang. Nanging nèk cara modhèrên kiyi, barang utawa dhuwit kang disumbangake mau, dianggêp celengan utawa dipotangake, dadi besuke kêna dibobok utawa kêna diarêp-arêp baline, sokur baline mau nganggo rèntên.

Petruk: Hla, kuwi nèk priyayi sêpuh, apa sing disêbut modhèrên, liyane dicacad ora ana. Lan sabanjure ora ngemuti, yèn jaman [ja...]

--- 158 ---

[...man] saiki kiyi kêna diarani jaman matèrialis, têgêse: jaman kudu golèk guna kaya ya golèk dhuwit. Ing jaman saiki kiyi, sing sapa dijothak dening phulus, iya sida kurus. Malah ing Batawi ana paribasan unine mangkene: Ada oeang, abang koesajang, 'nggak ada oeang, abang boleh melajang, upama dijawakna ngono kira-kira mêngkene: nèk kangmas duwe dhuwit, trêsnaku andalit, nèk ora duwe dhuwit, mas, lungaa bae ngêmprit. Hara, dadi ing jaman saiki kiyi: dhuwit, sing prêlu êmbahning prêlu. Apamanèh yèn manggon ing kutha gêdhe, kuwi luwih-luwih anggone kudu golèk dhuwit, supaya bisa diuwongake ing sapadhaning umat. Carane golèk dhuwit mau, ana sing nganti paribasane: sadulur kolur, sanak enak, têgêse: sêdulur tinggal sêdulur, sanak tinggal sanak, nèk pancèn kêna dikêlèti, iya kêlètana. Mulane nèk ing jaman saiki, dicara jaman kuna, apa-apa mung dililahi tangala bae, kaya ta pangandikane rama mau kae, dhuwit sing disumbangake kudu dianggêp dhuwit ilang, aja pisan-pisan ngarêp-arêp baline, we, hla, wong kaya ngono kuwi nèk jaman saiki, wusanane bisa kalakon têkênan nyangking bathok têmênan.

Sêmar: Hêm, pancèn iya ana saikine wong sing duwe watak matèrialis mau, nanging akèh-akèhe rak padha durung mèlu, awit isih ditimbang dawa manèh. Kaya ta unine Garèng: rèhning wis tau nyumbang mrana-mrana, mêsthine ya kudu golèk sauran, sarana ambayangkare anake, supaya olèh balèn pasumbang, sukur bisa bathi. Nanging yèn sing wis tau kok sumbang mau akèh sing padha ora têka, jalaran alangan apa-apa, wusanane anggonmu duwe gawe jatuh pailit, kowe banjur arêp nagih mênyang sapa, arêp gugat mênyang ngêndi. Mara pikirên, sapa sing bakal ngrasakake sangsaraning uripmu, rak iya mung kowe dhewe. Mulane nèk panêmuku, tumraping jaman saiki, anane dhuwit pasumbang, kuwi dumunung mung ana tatacara, dudu bangsane utang kapiutang, nanging mung saka rilaning ati. Dadi yèn kowe nganggo cara matèrialis sing kaya mangkono, ora wurung kowe iya bakal ngambah jaman kamajuaning cilaka têmênan. Yèn kowe pancèn nuju duwe dhuwit, apa ora luwih bêcik jumênêng dadi mênir T.t.t. (tien twaalf terug) têgêse jumênêng priyayi potang, sing sok ngutangake f 10- baline anjaluk f 12,-.

Garèng: O, rama ki kok banjur nglulu ngono. Kuwi rak nandhakake wong ora duwe rasa kabangsan.

Sêmar: Hla, saiki dak pituturi: yèn wong Jawa mêndêm bangêt marang dhuwit, kuwi banjur têtêp aran ilang wêwatêkaning kasatriyan, dadi awujud danawa walaka. Mula bêcike kudu sing ngrêti marang ukum lan duga watara. Têgêse ngrêti marang ukum kuwi, nyumurupi bakal kadadeane sing ditindakake. Dene têgêse duga watara kuwi, ngrêti marang kabutuhane dhewe, lan uga mangrêti marang kabutuhaning liyan. Wis samene dhisik, liya dina padha dibanjurake.

--- 159 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Wontên pawartos, dèrèng dangu nyarêngi pinuju jawah dêrês wontên kuli têtiga, sawêg nêngah-nêngahi lumampah ing krêtêg jurug sacêlakipun Surakarta kasrèmpèt ing sêpur kilat, ingkang satunggal pêjah, sanèsipun tatu sangêt.

Kêpyakanipun rad kabupatèn enggal tumrap ing Sêmarang sampun kalampahan kala tanggal 25 Januari, ing Purwakêrta tanggal 29 Januari, ing Kêbumèn kala tanggal 25 Januari, ing Karanganyar kala tanggal 28 Januari, ing Grobogan tanggal 29 Januari, ing Banyumas kala tanggal 28 Januari, ing Kuthaarja kala tanggal 28 Januari sarta ing Purbalingga tanggal 30 Januari.

Wontên kabar, pakêmpalan ringgit tiyang Saritama ing Surabaya katantun dening satunggiling băngsa Jêpang, badhe kapitongtonakên sawatawis wulan wontên ing Tokiyo (Jêpang). Dados lan botêning rêmbag dumugi samangke dèrèng wontên katêmtuanipun, bab punika waragad-waragadipun tamtu botên sakêdhik.

Paduka Tuwan wd. Gupêrnur ing Acèh sampun ambayawarakakên dhatêng para sèp-sèp apdhèling saha ondêr apdhèling ing bawahipun ingkang wosing suraosipun kados ing ngandhap punika: gêgayutan kalihan wontênipun wulan Siyam sampun andungkap, para sèp-sèp kasêbut nginggil sami kaèngêtakên sampun ngantos damêl pranatan-pranatan ingkang anggêgidhuhi tumrap têtiyang Acèh salêbêtipun wulan Siyam, kados ta anslah pajêg, panarikan pajêg, padamêlan èrêndhinês tuwin sapanunggilanipun, jalaran ing măngsa wau têtiyang Acèh gampil sangêt kêcênthokipun ingkang sagêd andadosakên muntabing manahipun.

Wontên pawartos, panyuwunanipun tuwan-tuwan H.O.S. Cakra Aminata saha H.A. Salim, supados kaparêngakên ngancik ing Pare-pare (Sêlèbês sisih kidul), prêlu nuntun konggrès P.S.I. ingkang badhe kawontênakên ing ngrika benjing wulan Marêt ngajêng punika, botên kaparêngakên dening Tuwan Gupêrnur Sèlèbês.

Badhe wontênipun konggrès P.G.H.B. ing Surakarta benjing tanggal 16 dumugi tanggal 19 Pèbruari punika botên mawi karamean (têtingalan ringgit tiyang tuwin sapanunggilanipun) kados ingkang sampun-sampun. Minăngka lêlintunipun namung badhe kawontênakên pasamuwan rêsèpsi, supados para ingkang anjênêngi konggrès wau sami sagêda têpang-têpangan, enjingipun saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan lajêng kalilan malêbêt dhatêng kraton.

Benjing tanggal 1 Juni ngajêng punika saking ada-adanipun sèndhêng ing Surakarta, ing Pedan badhe kawontênakên pamulangan patukangan (Ambachtsschool) tumrap lare pribumi wêdalan Standaardscholen, dipun pangagêngi dening satunggiling guru băngsa pribumi ingkang samangke taksih sinau wontên ing kursus ing Sêmarang. Sakawit ingkang badhe kawulangakên namung babagan patukangan tosan kemawon.

Wiwit tanggal 3 Pèbruari punika Tuwan P.F. Dahler suwau pangagênging vertaalbureau ing Bale Pustaka, kawisudha jumênêng pangagênging Taaltechnische afdeeling ugi ing Bale Pustaka.

Ing rad kawula samangke wontên warga băngsa Indhonesiah sagolongan ingkang ngêdêgakên national fractie (parte kabangsan), dipun pangarsani dening Tuwan Tamrin. Parte wau wosing ancasipun sumêdya angajêngakên dhatêng kamardikaning Indhonesiah sarana a. ambudidaya ngawontênakên ewah-ewahan pangrèh praja, b. ambudidaya ngicalakên wontênipun pilah-pilahan ing bab politik, ekonomi saha intêlèk, c. pambudidaya sanès-sanèsipun ingkang absah. Ingkang malêbêt dhatêng parte wau para warga rad kawula tuwan-tuwan: Kusuma Utaya, Dwijasewaya, Dhatuk Kayo, Muhtar, Nja Arif, Soangkoepon, Pangeran Ali, Sutadi, Surasa saha Tamrin.

Wontên pawartos Mr. Iskak kala tanggal 25 Januari sampun kaluwaran saking tahanan, nanging salêbêtipun taksih katindakakên papriksana gayutan[4] kalihan sêrat-sêratipun ingkang sampun kabêskup, panjênênganipun miturut prajanjianipun piyambak. a. botên badhe magêpokan kalihan pulitik, b. botên badhe ngrêkaosakên tumindaking papriksan, c. badhe manggèn ing pundi ingkang kakêrsakakên dening justisi, d. sêrat-sêratipun badhe kalampahakên lumantar tuwan residhèn. Samangke panjênênganipun sampun kaparêngakên pangkat dhatêng Têgal miturut panyuwunanipun piyambak, jalaran ing ngriku botên kasrambah dening aksining P.N.I.

Dèrèng dangu wontên satunggiling băngsa Tionghwa, asli saking Bandhung, têtumbas ing satunggiling toko mas intên ing Batawi, kabayar mawi arta kêrtas nyarupiyah. Sarèhning arta kêrtas wau warninipun ragi nguwatosakên, mila tiya[5] wau lajêng katahan dening ingkang gadhah toko, salajêngipun kapasrahakên dhatêng pulisi. Sarêng kamaring hotèl ingkang dipun sipêngi kagledhah, ing ngriku pinanggih taksih wontên arta kêrtas nyarupiyah 700 lêmbar, sadaya têtela manawi palsu.

--- 160 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

8

[Kinanthi]

kang tuwajuh trusing kalbu | ywa mangro tingal sirèki | cacad tumrape wong swita | de wêkêl têgêsirèki | apa pakaryan kang dadya | wajibmu ing sabên ari ||

tindakna kang kongsi rampung | ywa cak-cèk wong nambut kardi | durung rampung banjur lunga | kloyongan kang tanpa kardi | iku uga dadi cacad | titikan tan mitayani ||

gêmi iku têgêsipun | jêmbar tumrape wong ngabdi | kang bisa dadi warana | kabèh sakarsaning gusti | sira kang kudu santosa | ngêkêr wêwadining gusti ||

mung samono bae cukup | gonku nêgêsi bab gêmi | de nastiti têgêsira | barang parentahing gusti | ywa age-age gumagah | yèn durung têrang ing gati ||

yèn sira nampani dhawuh | dêlingna kang kongsi ngrêti | cathêtên jroning wardaya | yèn ana kang durung kasil | luhung têrangna kang cêtha | dadi ingaran nastiti ||

kalamun sira wus nyakup | kabèh tuturku ing nginggil | yèku sarating ngawula | bokmanawa bisa narik | kamulyane gêsangira | mung eling jalak dèn eling ||

yèn wus kanggêp suwitamu | mring kănca lawas ywa sêngit | sokur rakêtên lir kadang | yèn binobotan ing kardi | kang dudu wadi ywa tinggal | mring kănca wajib tinari ||

aja gumagah nèng ngayun | tan tolih kancane wuri | luwange nora prayoga | mêsthi kataman ing sêrik | bêcik apa sinêrikan | wit yèn mêka bilaèni ||

beda kalamun kok rêngkuh | kadang sirna sănggarunggi | kaluwihan kalamăngsa | yèn ana pakaryan ati | sira jakên rêrêmbagan | nimbang kapenaking pikir ||

rumasa nora kêsingkur | kawruhe dipun ajèni | mêsthi mring sira sih trêsna | panganggêp sabaya pati | yèn bisa mangkono sira | têtêp winastanan bêcik ||

wruh rungsiting iya dudu | nadyan pêksi sira mêsthi | ingaran ambêg sarjana | sujana putusing wèsthi | pra mitramu buron wana | katut kapucunging puji ||

[Pocung]

beda lamun yèn patrapmu numbuk-numbuk | tan rukun mring kănca | sing bêbêg kataman ing sih | ing pangrasa tan ana padha lan ingwang ||

kang kadyèku yèn katriwal pangabdimu | saka kaluputan | kancamu kabèh nudingi | sarwi nabda: patut wong manuk alasan ||

durung klêbu dadi lêlangêning ratu | cacak manuk wana | pêpantêse mung digêthik | pra mitramu manuk miwah buron wana ||

tan wruh rêmbug katut kocap ora urus | alane ngalela | têtêp kewan tan wruh bêcik | kang kadyèku kudu eling lan waspada ||

pan wus rampung jalak putih pituturku | wus sira balia | yèn dèn anti dening gusti | aku lawan pra mitra-mitra sadaya ||

mêmudya yu yuwana ing salakumu | arjaa sêdyanta | sinêmbadan ing sakapti | jalak nabda: bangêt ing panrimaningwang ||

pamujimu ngong tanêm têlênging kalbu | de pituturira | kang wus kawahya ing nginggil | muga-muga tuk pangèstumu sun bisa ||

sasolahku bisa anêtêpi tutur | wis pra mitraningwang | padha karia basuki | aku pangkat dina iki pêpisahan ||

gya sumêbrung gêgancangan lampahipun | kocapa kang lagya | katamaning tyas rudatin | nèng sajroning kadhaton pura seluman ||

tansah nêkung nèng kathil rukmi amujung | lêr antuk anendra | sakêclapan antuk wangsit | jro supêna anèng suwara kapyarsa ||

dhuh putuku wong ayu enggala jupuk | jimating kajiman | cupu kang sinimpên rêmit | nèng luhurmu binuntêl ing sutra jênar ||

kang cêcupu yèn binuka dayanipun | ngukut pura rêtna | bali alaming sujanmi | aja kagèt yèn sira nèng madyèng wana ||

yèn tinutup bali manèh alamipun | nèng pura seluman | de pusaka kang kariyin | satuhune lugu wahyuning karajan ||

apan dudu jimat panggêlar pangukut | kraton pura rêtna | nini sira dèn apusi | nanging bêgja de pusaka loro pisan ||

parikudu nèng sira pantês kang gadhuh | wus karsèng Pangeran | kagyat nikèn gènnya guling | pungun-pungun wus wungu dènnya anendra ||

wruhing dhuwur anèng rêrupan gumantung | buntêl sutra jênar | trêngginas nulya dèn ambil | gya binuka kang cupu katon ngalela ||

warna pingul mawa cahya pindha daru | sumorot ajênar | agêngira sakêmiri | gya binuka kang pura rêtna wus sirna ||

santun wujud byar katingal grêng wana gung | sang dyah kagyat ing tyas | wus anèng madyèng wanadri | lênggah sela nèng soring kayu kêmlaka ||

wanci bangun pandaming ngrat wus amungup | nèng pucak aldaka | sumorot kuning ngênani | sang kusuma kang lagya lênggah ing sela ||

saya wuwuh cahya mancorong ngênguwung | apindha kartika | arêraton nèng wanadri | sang dyah pindha widadari nganglang jagad ||

lagya mangu kandhêg anèng jro wana gung | nahên ta kocapa | lampahe kang jalak putih | praptèng wana amencok witing kêmlaka ||

mingak-minguk angungak ngandhap andulu | nèng wanodya endah | sêmune nawung prihatin | nging cahyane sumorot andiwangkara ||

osikipun jalak seta jroning kalbu | iki wong punapa | èstri nèng têngah wanadri | tanpa kanthi măngka ing warnayu endah || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kabagyan | kabêgjan. (kembali)
tămba. (kembali)
Nanging. (kembali)
papriksan gêgayutan. (kembali)
tiyang. (kembali)