Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-02, #509

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-02, #509. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-02, #509. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 53, 4 Sapar Taun Jimawal 1861, 2 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm: tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Imalaya

Gambar nginggil punika kawontênanipun karêtêg gantung ingkang saking rêdi Kang, Imalaya.

--- 820 ---

Bab Ringgit

Bathara Wisnu

II.

Kacariyos nalika Sang Hyang Wisnu badhe manjanma dhatêng marcapada, inggih punika kala jamanipun Prabu Pandhu ing Ngastina tuwin Prabu Basudewa ing Mandura, Hyang Naradha dhawuh dhatêng Sang Hyang Wisnu. He, Wisnu, duk sira manjanma ana Ngayodya aran Bathara Rama, ubaya lan arinira Si Lêksmanasadu, yèn manjanma manèh arinira dadi tuwa, sira dadi anom, saiki wis kalamasane. Nanging nganggoa pancadan, sira dadia macan, Lêksmanasadu dadia naga. Ing ngriku Hyang Basuki, dewaning sawêr gadhah atur ugi badhe manjanma, dipun dhawuhi manjanma nunggil Hyang Lêksmanasadu.

Ing ngriku Hyang Brama usul supados Wisnu manjanmaa dados kalih, kaupamèkakên sêkar lan gandanipun, pundi ingkang kadhawahan sêkar dados kawujudanipun Sang Hyang Wisnu. Ingkang kadhawahan gônda gadhah wêwatêkan kados Hyang Wisnu.

Wusana lajêng kalampahan tumêdhak sêsarêngan badhe manjanma, Hyang Wisnu tumurun awarni sima, Bathara Lêksmanasadu kalihan Bathara Basuki dados satunggal awarni naga, sami malêbêt pagrogolanipun Prabu Baladewa ingkang pinuju anggrogol buron wana. Wusana kauningan Prabu Basudewa sami dipun jêmparing pêjah kuwônda muksa, wadhagipun nuksma dhatêng garwa nata Dèwi Maendra, alusipun manuksma dhatêng garwanipun sêpuh Prabu Pandhu Dèwi Kunthi.

Sarêng wontên ing jamanipun Pandhawa, panuksmanipun Bathara Wisnu katingal sangêt, inggih punika wontênipun ing Prabu Krêsna. Malah ngantos dipun ucapakên Hyang Wisnu ngejawantah.

Wontênipun ing cêcariyosan, Bathara Wisnu punika sadèrèngipun manjanma nate dipun guroni Jaka Sangkala, kapengin nulad kalangkunganipun, kalampahan Hyang Wisnu nampèni suwitanipun Jaka Sangkala. Jaka Sangkala lajêng kadhawuhan andhèrèk ing satindakipun Hyang Wisnu, sakêdhap ambêlês ing siti, sakêdhap napak ing gêgana inggil sangêt, sakêdhap dumugi jagad pungkas lèr, dumugi jagad pungkas kidul, cêkakipun jagad kêmput dipun ubêngi namung sakêdhap netra.

Jaka Sangkala sumêrêp kalangkunganipun Bathara Wisnu kados makatên wau sakalangkung ngungun ing manah, lajêng têtêp anggènipun badhe suwita, dene wontên lêlampahan elokipun kados makatên, saha sangêt anggènipun angalêmbana.

Sang Hyang Wisnu sarêng badhe dipun puruhitani, saha sampun mantêp sayêktos, lajêng ngandika: Wruhanira Sangkala, tumraping dewa, liyane kangjêng rama Sang Hyang Jagadnata ora ana kang madhani ingsun, ananging kaprawiran kang wus sira sumêrêpi mau, durung kêna sira arani pinunjul ing jagad. Dene kang kêna diarani pinunjul iku manusa kang sampurna marang ngèlmu kalêpasaning budi, yaiku manungsa sajati.

Mirid andharan ing nginggil punika, dados mênggahing Sang Hyang Wisnu punika taksih wontên ingkang ngasorakên.

--- 821 ---

[Grafik]

Nalika Sang Hyang Wisnu tuwin Sang Hyang Basuki badhe manukma.

--- 822 ---

Kawruh Padhalangan

Sampun sawatawis wêdalan Kajawèn angêwrat karangan bab ringgit. Nuwun, bokbilih panjênênganipun rama up rêdhaktur amarêngakên, ing ngriki kula badhe nyêlani, urun pisungsung andharan bab kawruh padhalangan, bokmanawi badhe wontên kasilipun. Jalaran ingatasipun Kajawèn pancèn niyat badhe mêncarakên kawruh, ingkang murakabi ing ngakathah.

Mênggah kawruh padhalangan punika sajatosipun satunggiling kawruh ingkang luhur, sanès kawruh baèn-baèn. Kacariyos, ingkang angripta paduka Kangjêng Sunan Kalijaga, satunggiling wali ingkang linangkung.

Dene dumuginipun jaman sapunika, awis ingkang mangrêtos dhatêng jêmbaring kawruh punika, mandar kathah ingkang sok angrèmèhakên. Punika jalaranipun botên sanès, awit saking pandamêlipun kyai dhalang piyambak, anggènipun anglampahi kuwajibanipun sok namung kadamêl sasêkecanipun kemawon, lajêng ngarah goprak-gapruk namung murih ramenipun. Mila lajêng ngêsing kawruh mèh ical, eman yèn lajêng kalajêng risak ingkang dados jêjêring kawruh.

Kajawi ingkang makatên, kathah-kathahipun pancèn sami dèrèng dhamang dhatêng kawruh padhalangan, lajêng sampun purun majêng ing kêlir, ngandhap balencong, namung kabêkta saking kadugi kemawon. Trêkadhang inggih namung kasêsa badhe pados pituwas ingkang sapele. Kados ingkang sampun kalampahan ing nagari Mataram, para dhalang ing pakampungan purun andhalang namung nrimah epahan f 5.- (gangsal rupiyah) sadalunipun, punika punapa botên lajêng ngrèmèhakên dhatêng kawruh padhalangan.

Tujunipun sapunika ing nagari Surakarta tuwin Ngayogyakarta sampun wontên pamulangan padhalangan, ingkang sêdyanipun badhe andandosi barang ingkang risak. Saupami para kyai dhalang, ingkang taksih dèrèng jangkêp, lajêng sami purun nyambi sinau malih, ngindhakakên kawruhipun, mendah utaminipun, têmtu badhe mindhak drajating dhalang, tuwin drajating bôngsa. Awit punika mênggah tumraping bôngsa Jawi, kajawi kawruh ingkang èdi, ugi kagolong kagunan, pusaka tanah Jawi, ingkang wajib pinêtri-pêtri.

Nuwun, karangan punika kula jugag samantên kemawon rumiyin. Dene yèn pancèn ingkang ambaurêksa Kajawèn amarêngakên, niyat badhe kula têrusakên andharan bab kawruh padhalangan, ingkang sampun kawulangakên wontên ing pamulangan Abirandha ing nagari Mataram. Kados ta: pathokanipun andhalang, kadospundi patrapipun kyai dhalang salêbêtipun anglampahi kuwajibanipun, wijang-wijanganipun sulut,suluk, pathêt, gôngsa, sapiturutipun. Tuwin gêgayutanipun kalihan kawruh raos, awit sajatosipun ingkang katingal wontên ing kêlir, lampahaning ringgit, lan sarêrangkènipun tiyang andhalang sadaya, punika namung isi pasêmon, gambar gumlaring dumadi.§ Sakalangkung ing pangajêng-ajêng kula ing bab kaparêng panjênêngan wau. Red.

S. Purwawiyata - Wêlèri. K. 398.

--- 823 ---

Kawruh Sawatawis

Sarêm ing Tanah Madura

Panjênêngan sadaya têmtunipun taksih sami kèngêtan rikalanipun sarêm taksih las-lasan, limrahipun dipun wastani sarêm wuku. Punika kirang langkung 25 taun ingkang kapêngkêr. Ing wêkdal samangke sarêm kados makatên sampun kasuwak, wontênipun ing sapunika wujud pasagèn batan sadaya, pramila badhe kula criyosakên supados kasumêrêpan sarasilahipun.

Sarêm ingkang kangge umum ing tanah Indhonesiah punika sarêm wêdalan saking Madura, ingkang ngasta parentah, limrahipun dipun wastani monopolie-ning parentah. Mênggah pandamêling sarêm ing ngriku punika caraning panggarapipun beda kalihan ing Pamancingan (Ngayogya) utawi ing Kuwu (Grobogan) lan ing sanès-sanès panggenan malih. Botên mawi kagodhog, cêkap mawi sarana bêntèring srêngenge, lan papan pandamêlipun wontên ing siti. Wujudipun dipun kothak-kothak kados pasabinan, pramila sanadyan sarêmipun sampun katingal rêsik, warninipun pêthak cêmplak, mrusuh kados sêkar mênur wontên ing pinggan, nanging tumrap para ahli kasarasan, taksih dipun anggêp kirang mitadosi tumrap dhatêng kasarasan. Bab makatên wau pancèn kasinggihan, awit siti punika pancèn panggenan pataranganing para lêlêmbat, dede jim utawi setan, nanging dating sêsakit ingkang lêmbat, kados ta: typhus, decentry, mijnworm, lan kathah panunggilanipun. Pramila rekadaya kadospundi murih sarêm wau kalis dening dating sêsakit wau tansah kaudi, jalaran saking punika lajêng prêlu yasa pabrik ingkang kawical agêng wontên ing Kaliangêt bawah Sumênêp, ugi ing Madura.

Mênggah padamêlan ing ngriku punika prasasat namung kaperang dados 2 perangan agêng, ingkang sapisan adamêl rêsiking sarêm, punika kawontênanipun botên patos aèng, inggih punika sarêm-sarêm ingkang saking gudhang-gudhang parimatan, ingkang dipun êprès rumiyin, supados dados padhêt, punika prêlunipun ringkês. Sasampunipun dados pres-presan lajêng kalêbêtakên ing panggarangan (oven), awit saking punika para lêlêmbating dating sêsakit ingkang kacriyos ing nginggil têmtu sirna, pêjah dening bêntèring hawa ing salêbêting panggarangan wau. Êntas-êntasan saking ngriku lumarab dhatêng gudhang pambungkusan (prakawis ing perangan nomêr 2), prêlu dipun êpak mawi êdhus, katutup rapêt lan lajêng kasungsun-sungsun. Ing sapunika sampun samêkta kangge kakintun dhatêng pundi-pundi. Dipun êdhusi punika paedahipun wontên margi, nalika dipun bêkta sêpur, kapal lan sanès-sanèsipun, tangèh sagêdipun kampiran dating sêsakit, awit kajawi êdhus wau pancèn kadamêl kiyat, panutupipun sampun dipun atos-atosakên.

Ing sapunika gêntos kacariyos caraning pandamêlipun sarêm kados kasêbut ing ngajêng, inggih punika

--- 824 ---

ingkang namung sarana bêntèring srêngenge lan wontên ing siti têka sagêd dados.

Tanah Madura punika kawontênaning hawa beda katimbang ing sanès panggenan, pramila katiganipun panjang piyambak, ngantos wontên 7 wulanan, pramila ing papan ingkang andhap-andhap ing pasisiran, kados ta: ing Sampang, Pamêkasan lan ing Sumênêp, klêrêsan sangêt kangge panggenan adamêl sarêm. Mênggah wiyaring papan wau, sampun botên kantênan katôndha wêdaling sarêm saking Madura cêkap kangge kabêtahanipun têtiyang sa-Indhonesiah. Bilih ing môngsa rêndhêng lajêng dipun angge ngingah ulam kados ta: bandêng, blanak lan sasaminipun, pramila ing ngriku punika mirah arta, botên maibên yèn pribumi ing ngriku, têtiyang pasarêman, têtiyang ngriku mastani: orèng pabujahan: sami cêkap-cêkap punika.

Ing ngajêng sampun kacriyosakên yèn papan panggenan damêl sarêm punika wujud kados kêdhokaning sabin, punika jangkêpipun botên kenging kirang saking 5 kothak, botên kenging mrênca dhêdhempetan utawi jèjèr-jèjèr. Salah satunggilipun ingkang adhakan kadamêl panggenan patandhon toya sagantên ingkang sampun ragi sêpuh (mênêb dangu) kêdah langkung agêng tinimbang sanès-sanèsipun, pramila têtiyang ngriku mastani: kurbi, punika têgêsipun êmbok. Sadèrèngipun miwiti nglêbêtakên toya, kothakan wau kagarap, supados lètèr kadosdene latar, pirantosipun namung slèndêr kajêng, dipun surang-surung wongsal-wangsul, lajêng dipun kêlanthang sawatawis dintên laminipun supadonsupados. kêsat, nanging botên kenging kaduk ngantos sami nêla. Sapunika wiwit nglêbêtakên toya dhatêng kothakan kurbi ngantos pèrès, sanès-sanèsipun kakèndêlakên jalaran badhe kangge ing saprêlunipun dipun êlah-êlihi toya saking kothakan kurbi kasêbut ing ngajêng. Ing sawatawis dintên jalaran saking angin utawi daya bêntèr, toya wau dados angok. Yèn dipun satitèkakên nyatanipun toya wau dados kênthêl, lan mêsthinipun mindhak dangu kêdah mindhak kênthêlipun, punika wontên pirantosipun ingkang kangge mriksa, namanipun kula kasupèn. Samôngsa botên wontên ewahipun lajêng kaêlih dhatêng kothakan sanèsipun, ing ngriku têmtu lajêng indhak kênthêlipun, makatên salajêngipun ngantos dhatêng kothakan ingkang pungkasan piyambak, inggih punika nomêr 5, punika watawisipun wontên 50 dintên jalaran toya ingkang dipun andhêg ing satunggil-tunggiling kothak watawis 12 dintênan.

--- 825 ---

Pambênganipun adamêl sarêm kados makatên punika jawah. Sasampunipun dumugi ing kothakan ingkang pungkasan sampun mumpluk, yèn dipun waspaosakên ing salêbêting toya têmtu katingal pêthak, mlêtuk kadosdene dhêdhak pating sliwêr tuwin kadosdene barang ingkang gêsang, punika alusing sarêm badhe ngêmpêl, dangu-dangu lajêng malik warni, wiwitipun akas wasananipun atos, wujudipun kados kristal, pramila nalika katingal pating sliwêr wau cara Walandinipun Cristalliseeren, têgêsipun badhe dados kadosdene kristal. Kandêlipun watawis wontên 5 dim, ngampar ing kêdhokan.

Saking atosipun pamêndhêtipun kêdah mawi jinojoh ing linggis utawi ginêmpur ing pecok, saking ngriku lajêng kausung dhatêng gudhang-gudhang pangrimatan lajêng katampèkakên dhatêng ingkang gadhah wajib, wasana sagêd sumêrêp pintên koyan angsal-angsalanipun. Yèn botên lêpat patuwasing kangelan ing dalêm sakoyan kaparingan f 15.-. ing sataunipun dipun cadhong sarêm 4 êdhus katampi kaping kalih, punika kangge kabêtahanipun piyambak, jalaran tumrapipun Madura, kajawi botên kaparêng ngangge sarêm wuku, ugi botên kaparêng damêl, mila sami angsal cadhong kados kapratelakakên ing nginggil, mênggah ingkang dados wigatos tamtunipun para maos sampun sami mangrêtos piyambak.

Dumugi samantên andharan kula bab sarêm ing Madura ingkang gêgayutan kalihan ngèlmu kasarasan, yèn wontên kirangipun sampun kirang pangapuntên dhatêng pun:

Sumadi - Pangarasan.

Sagantên wêdhi

[Grafik]

Gambar nginggil punika sawanganing sagantên wêdhi ing Mêsir.

--- 826 ---

Mèngêti Lêlabêtanipun Paduka Suwargi Tuwan Dr. J.L.A. Brandes

Ingkang dados sarananipun tiyang kêkalih utawi bôngsa kêkalih murih sagêdipun mêmitran supêkêt, satunggal-satunggalipun kêdah aji-ingajenan, ingkang adhêdhasar kasagêdan kawruhipun. Tumrapipun para Walandi, ingkang ambiyantu sagêdipun bôngsa Walandi sami migatosakên dhatêng samukawis ingkang sami dipun garap dening têtiyang Jawi ing bab kasusastran, yêyasan, inggih punika paduka suwargi Tuwan J.L.A. Brandes.

[Grafik]

Suwargi Tuwan Dr. J.L.A. Brandes.

Minôngka amèngêti suwargi Tuwan Dr. Brandes ingkang sedanipun 25 taun sapriki, sumare ing Tanahabang, Batawi. Kala tanggal 26 Juni punika, ing pasareanipun dipun rêrêngga ing sêkar, atas namanipun Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenchappen, ingkang dipun jênêngi dening para dhoktêr basa wetanan, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang dêdunung ing Batawi.

Suwargi Tuwan Dr. Brandes punika sinaunipun wontên ing Leiden. Ing taun 1884 Tuwan Dr. Brandes dumugi ing Batawi, saha kapapanakên wontên ing museum, kapatah nyinau basa Kawi. Kathah pitulunganipun ing bab kawruh babad Jawi, jalaran panjênênganipun sagêd anjarwani sêrat-sêrat kina, kados ta: manawi wontên nata dhêdhawuh adamêl candhi, pamujan, pasarean, utawi pasiraman, ing ngriku wontên sela ingkang dipun sêrati, lan mratelakakên asmaning nata ingkang jumênêng, prajanipun, utawi katrangan sanès-sanèsipun. Manawi wontên nata paring wêwênang dhatêng kawula pamajêgan utawi dhatêng pamujan wau, lajêng dipun damêlakên pèngêtan wontên ing têmbaga, dipun pêndhêm wontên ing ngriku, inggih punika ingkang dipun wastani piagêm.

Jalaran saking anggènipun anglêmpakakên, maos utawi nêrangakên sadaya wau, ing ngriku lajêng sagêd andamêl pêpêthan dhatêng kawontênanipun tanah Jawi ing jaman atusan taun kapêngkêr.

Tumrap pandamêlipun babad wau, Tuwan Dr. Brandes ugi migunakakên buku warni-warni, kados ta: Babad Tanah Jawi, Babad Dipanagara, Babad Balambangan, Babad Cirêbon sasaminipun. Makatên ugi Tuwan Dr. Brandes ugi nyinau Pararaton, bukuning para nata ing jaman Buda.

--- 827 ---

Salêbêtipun anggarap wau sadaya, panjênênganipun dados juru ngrimat buku tuwin juru panitining buku sêratan tangan, lajêng nglêmpakakên buku Jawi tuwin Malayu sêratan tangan kathah, sadaya wau sami dipun sinau, kados ta: Damarwulan, Cênthini, Sêrat Kancil Bayan Budiman, Kalila dan Damina, Hikayat Bachtiar.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika saking kiwa manêngên: Dr. K.G.C. Crucql, Dr. K. Hidding, Tuwan E. Gobée (Adviseur Inl. Zaken), Dr. P. Voorhoeve, Dr. C. Hooykaas, Mr. Ch. J.I.M. Welter (pursitzr Bat. Genootschap), Dr. Purbacaraka, Prof. Dr. B.J.O. Schrieke (dhirèktur pangajaran), Ch. le Roux (sèkrêtaris Bat. Gen), Dr. G.W.J. Drewes, Prof. Dr. Husèn Jayadiningrat, Dr. G.F. Pijper.

Wêkasaning sugêngipun Tuwan Dr. Brandes wau, katingal bilih panjênênganipun satunggiling ahli patilasan-patilasan ing candhi Jago utawi Tumpang tuwin candhi Singasari lan Panataran, makatên ugi panjênênganipun ugi ahli candhi sanès-sanèsipun, kados ta: candhi Prambanan, Mêndut, Barabudhur tuwin Pawon.

Jalaran saking saening panggalihanipun Tuwan Dr. Brandes kalantipan tuwin kasrêgêpanipun nyêrat, panjênênganipun sagêd nyêbar kawruh warni-warni ing bab kawontênanipun tanah Jawi ing jaman kina.

--- 828 ---

Waosan Lare

Katliwêng Barêng

III. Danu Dani dadi juru tênun.

[Dhandhanggula]

lakuning wong tansah andalidir / anggêgawa barang warna-warna / ora kêndhat nganti sore / kocap Dani lan Danu / ing lakune ngêntèni dhisik / yèn wis ana timbalan / lagi kêna maju / wong loro nuli linggihan / lan anyawang uwong kang ambanyu mili / kabèh padha payonan //

saundure padha ninthing dhuwit / pating cêngkling nganti gawe tratab / ngilêr wong kang ora duwe / tansah agèdhèg Danu / nuli kôndha karo anjawil / coba Dani rasakna / wong samono iku / kabèh padha olèh bêgja / jênêng mokal yèn aku ngantia bali / ora anggawa bôndha //

Dani clathu bisik-bisik lirih / nanging uwong kuwi rak anggawa / barang kang ana wujude / balik kowe lan aku / rak mung bakal ngêdoli uni / yèn ora kabênêran / cangkêmmu ditapuk / lan bisa uga dibônda / wêkasane dibuwang sajêge urip / rèhning lawanan nata //

nanging coba bae dilakoni / alah kôndha dene bakal nyata / dadine bakal kapriye / ing kono nuli wêruh / ana uwong wedok marani / andhawuhke timbalan / didhawuhi maju / nuli maju loro pisan / salakune ketok gone tatag wani / ananging iya tata //

satêkaning ngarsa nata nuli / uwong loro nyêmbah bêbarêngan / nuli didangu mangkene / Hèh apa daganganmu / ingsun arsa anguningani / kene nuli wêtokna / nyêmbah matur Danu / kawula dagang kagunan / ingkang langkung elok tur amigunani / kaagêm para nata //

sang aprabu nuli dhawuh lirih / lan nêdahke pêpundhutan anyar / lah coba nyêdhaka mrene / tamatna aja kliru / gilo iki baludru bêcik / iki sutra pilihan / gilap kaya murub / lah apa sira ya bisa / mujudake barang kang ngungkuli iki / mêsthine iya ora //

Danu matur lan angguyu manis / jêng sinuhun manawi kawula / nganggêp sadaya sapele / tumraping juru tênun / kados kula yèn pun pamèri / barang kados punika / mung kêdah angguyu / botên gumun babarpisan / awit nadyan sae kenging pun padosi / lan gampil dipun tumbas //

sarêng kula juru tênun adi / adamêla kang langkung punika / namung kula garap ngedhe / sang prabu manthuk-manthuk / ing panggalih bangêt kadugi / lan ngandika abingah / dadi sira iku / juru tênun kang pêng-pêngan / Dani nyêla: pancèn inggih nyata gusti / kakang tuwin kawula //

sampun kathah kang dipun ladosi / tur sadaya inggih sami nata / ngantos dumugi samangke / wêlingan ambarubul / sang aprabu saya katarik / nuli alon ngandika / ingsun bangêt gumun / lan ingsun ya bangêt rêna / mara coba wujude wêtokna dhisik / ingsun arsa

--- 829 ---

uninga //

Danu matur: wujud kadospundi / ing salami kawula punika / botên niyata asade / kados ing limrahipun / damêl pola murih nênarik / yèn kula makatêna / botên nama langkung / nama taksih amangarah / murih tiyang kathah sami ngapengini / punika pun têbihna //

awit kula nama angladosi / ingkang têtêp anama lêngganan / ngantos dumugi samangke / lêngganan kula wau / para nata ing pundi-pundi / dados yèn kabrebela / dhatêng sanèsipun / kawula tamtu kadukan / mung sarèhning panjênêngan nata ugi / kula namung sumôngga //

kawula mung umatur sakêdhik / yèn sinuhun kaparêng ayasa / kula tênunkên kang sae / botên wontên kang nyundhul / saking sangêt gènipun adi / mênggah tênunan kula / tamtu damêl gumun / awit tumrap tiyang ewah / tuwin tiyang kang botên nyêkapi wajib / botên sagêd nyatakna //

nadyan mlêlêng utawi nyêlaki / ananging yèn pancèn tiyang ewah / lan bodho punapadene / têtêp botên sumurup / nanging tumrap kang waras-wiris / inggih katingal cêtha / tamtu malah gumun / awit upami padosa / botên wontên badhe kang makatên gusti / sumôngga kagaliha //

sang aprabu dhawuh klêsik-klêsik / wis ta ingsun nuli gawèkêna / dipoma sing bêcik dhewe / Danu amatur saguh / sampun tamtu punika gusti / Dani sumêla kôndha / kakang mungguh aku / bêcike nênun lawe mas / awit durung ana ratu andhawuhi / gawe bakal kancana //

sang aprabu ngandika nyêkikik / saka bingah dhawuhe katara / êlo mêsthi ngono kuwe / apa mungguh butuhmu / Danu Dani klêsik kalêsik / sajak etung-etungan / ing wusana matur / nun inggih tênunan enggal / tuwin êmas kintên wontên kalih kati / lan malih lawe sutra //

kabèh mau uwis dituruti / tênunane loro isih anyar / ana kadhaton ênggone / wong loro banjur mundur / lan anggawa êmas rong bithi / kôndha arêp go bakal / esuke ditênun / ing sawise têkan jaba / uwong loro padha guyon anjêgigik / karo tansah kanthenan //

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan Kajawèn, bilih tanggal kaping 25 wulan kapêngkêr, administrasi ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn tumrap kuwartal kaping tiga ngajêng punika. Panuwunipun administrasi dhatêng ingkang sami nampèni kintunan wau, mugi kaparênga tumuntên ngisèni saha ngintunakên artanipun kados adat. Tumrap para priyantun lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah Jawi tuwin Madura, administrasi badhe nyarantosakên pambayaripun ngantos tanggal 16 Juli, dene tumrap ingkang dêdalêm ing tanah sabrang, ngantos 31 Juli ngajêng punika. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên bayaran, badhe botên kakintunan Kajawèn malih. Adm.

--- 830 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Petruk: Saiki tak caritani mungguh kauntungane rèhpêrsun cara pribumi kang miturut kaya sing disêbut ana ing sêtatsêblad 1927 nomêr 91. Kang kapisan, olèhe rèhpêrsun kiyi, dalane gampang, tur ragade iya mung sathithik.

Garèng: Sasat ane, yèn kiyi dalane diangèl-angèl, sarta waragade digawe sapirang-pirang. Têmtune rak iya ora beda karo nglêbokake sakolah anake kae, tumrap sakolahan sing agake luwih akèh kauntungane tumrap bocah sakolah, kaya ta upamane, sakolahan: H.I.S, dalane supaya anake bisa lumêbu mrono kuwi, wah, iya kangelan bangêt: kudu putra priyayi, kudu asal, kudu anake wong sing kacukupan, lan isih akèh manèh thèthèk bêngèke, nanging nèk sakolahan ôngka loro utawa sakolahan desa, sing wulangane ora pati pênting bangêt, iya mung main: blang, blêng, blang, blêng bae.

[Grafik]

Petruk: Lo, kok banjur nyandhak sakolahan. Anggone diangèl-angèl bocah lumêbu sakolah H.I.S. sarta kudu dipilihi sing mêngkene sing mêngkene, kuwi marga saka sathithike sakolahan-sakolahan sing kaya mêngkono, ora jalaran saka arêp ambedak-bedakake siji-sijining bocah. Yèn sabên bocah blusak-blusuk bisa kalêbu ing H.I.S. kabèh, wah, hla kudu ana pirang H.I.S. bae ing tanah Indhonesiah kene. Ing môngka waragading sakolahan kaya ngono kuwi sathekruk bangêt, mêngko rak bisa kalakon, ora ngêmungake nagara nyuda dhuwit wuwuhan larange panggonan (Standplaatstoelage) nanging bisa uga dhuwit wutuhan mau dijabut babarpisan, malah-malah nèk ora kabênêran, bisa kalakon, blanjane para priyayine main dibon bae.

Garèng: Wayah, kok banjur rupa-rupa ngono sing dilèngsêngake, karêpku kôndha mêngkono mau, mung arêp anglairake kalumrahane ing donya kene, yaiku saya angèl panjangkane, saya murdika kadadeyane ing têmbe burine, wis,

--- 831 ---

critakna bae, apa manèh bêcike tumraping rèhpêrsun pribumi kuwi.

Petruk: Kang kapindho untunge pakumpulan sing olèh rèhpêrsun cara pribumi kuwi, banjur olèh wawênang kayadene wawênange wong bumi.

Garèng: Kuwi têgêse dipisuhi, dikêlèti, didhupak, dalasan didol nyang Dhèli pisan, iya kêna bae, ora ana sing bakal amrêduli.

Petruk: Omonganamu sing mêngkono kuwi, arane rak ora ngrêgani pisan karo panjagane nagara marang kawulane, lire: nagara ambuwang dhuwit pirang-pirang atus èwu nganakake pakaryan kang diwajibake nitipriksa anane wong nyambut gawe (Arbeidsinspectie) yaiku sawijining pakaryan, kang dipatah ngulat-ulatake lan angayomi kaanane para kaum buruh, kuwi rak amrih slamête. Dadi ing kene cêtha, ta, yèn nagara pancèn anjaga marang para kawulane, dene ana lêlakon sing ora bêcik, nganti ora kadênangan, kuwi rak dudu salahe kang wajib. Sing tak arani: wawênange wong bumi, mungguhing wawasanaku, kuwi sawijining wawênang sing makolèhi bangêt, awit ing kono banjur duwe wawênang anduwèni lêmah utawa anggadhe lêmah.

Garèng: Aku iya pracaya, Truk, nèk pranatan sing kaya mangkono kuwi pancèn bêcik bangêt, yaiku salah sawijine ihtiyaring nagara arêp anjaga lêmahe para kawulane aja nganti kacandhak ing bôngsa liya, ewadene akèh bae lêmah sing tiba nang tangane bôngsa Walônda utawa bôngsa liya-liyane, sing nagara sagêde mung malongo thok bae, kaya ta: lêmah sing dadi duwèking wong mônca sarana nganggo jênênge gundhike.

Petruk: Kuwi wis lumrah, Rèng. Jalaran sabên ana pranatan kang ancase angrêksa, angayomi, anjaga lan sapiturute, kuwi ora kêna ora têmtu banjur ana akalan sarta budidaya kang murih bisane mrojol saka ancasing pranatan mau. Anane Walônda utawa bôngsa mônca bisa anduwèni lêmah, kang sarana nganggo jênênge gundhike, kuwi rak padha bae karo lêlakonmu ing bab pangrêksaning omahmu dhewe kae. Kaya-kaya rak iya wis ora kakurangan anggonmu anjaga supaya omahmu aja nganti klêbon durjana, ewadene iya mêksa bisa kêbobolan. Hara, yèn nganti kêbobolan mangkono mau, apa kiyi iya salahmu, rak ora, ta. Mêngkono uga mungguh nagara.

Garèng: Hêm, kok iya ana-ana bae, sing kanggo mangsuli, iya wis, aku tak ngalah. Saiki caritakna sing dadi prajangjiane murih bisane olèh rèhpêrsun cara Inlandêr mau.

Petruk: Supaya bisane olèh rèhpêrsun kiyi, kudu anyaguhi, yèn pakumpulane tansah diulat-ulatake dening nagara. Mungguh karêpe: pakumpulan mau kudu bisa nanggung, supaya amtênaring nagara sing diwajibake ngulat-ulatake sakabèhing pakumpulan kopêrasi, yaiku adpisur credietwezen lan kopêrasi, bisa anitipriksa anane buku-buku [buku-bu...]

--- 832 ---

[...ku] sarta kabudidayane kang kanthi satêmên-têmêne.

Garèng: Gandrik, kacandhak saiki buntêlane, iya wis ngono kuwi, salawase apa-apa kuwi anggêre tumrap wong bumi, iya mêsthi banjur kudu ana sing nitipriksa, sing ngintip-intip, nanging nèk bôngsa liya iya mung: dipringake bae. Tandhane nèk ana wong bumi arêp duwe gawe upamane, kuwi mêsthi dititipriksa bangêt, apa nganggo main, bakaran, dhomino, lan sapadhane, nanging nèk ana ing kamar bolah Lônda, sanadyan ing kono ana mainan sing mati-matian, iya ora ana sing arêp mrêduli setan.

Petruk: Lo kowe aja kaliru tômpa, Rèng, anggone nagara ngêngèl-êngèl anggone wong Jawa padha main, kuwi iya sawijining panjaga, awit umume pamêtune mung sathithik, tur sok ora anduwèni duga prayoga, nèk nganti dijor bae anggone main, mêngko rak bisa gawe kêrusakan. Seje karo bôngsa Walônda, sing akèh-akèh pamêtune rak cukup, sarta anduwèni duga prayoga.

Garèng: Nèk ngono kuwi aku iya ngandêl, nanging saikine pakumpulan kopêrasi kudu diulat-ulatake dening amtênaring nagara, kuwi apa iya arêp anjaga, apa mung arêp nyiluk bah bae, apa kêpriye.

Petruk: Wis mêsthi yèn ana karêpe sing bêcik, liya dina bae tak andharake nyang kowe.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Nyêgah pragatan rajakaya èstri

Pakaryan kadhoktêran kewan, nguningani bilih kawontênanipun pragatan rajakaya èstri ing Batawi tuwin Mèstêr Kornèlês saya mindhak kathah. Môngka mênggahing rajakaya èstri punika kengingipun kapragat namung ingkang sampun botên migunani ing damêl utawi sampun botên sagêd nurunakên. Wontênipun tindak kados makatên, amargi tumraping panyade, daginging kewan èstri sagêd adamêl bathi kathah. Bab punika lajêng badhe dipun taliti sangêt dening ingkang wajib, awit tumrap ing Batawi, rajakaya èstri ingkang kapragat ngantos 54 prêsèn, ing Mèstêr Kornèlês 80 prêsèn.

Mr. Fruin kasangsaran.

Kawartosakên Mr. Fruin pangarsa Vaderlandsche Club, sampun sawatawis dintên manggih kasangsaran oto wontên ing Puncak. Tuwan Fruin tatu pintên-pintên panggenan, nyonyahipun putung balungipun iga satunggal tuwin balung tangan satunggal. Sadaya lajêng sami kabêkta dhatêng klinikipun Dhoktêr Adam.

Pêpajênganing lotre rêndhêt.

Dumugi sapunika pêpajênganing lotre arta rêndhêt, botên kados ingkang sampun, kakintên sawêg pajêng sapratigan. Dados taksih nisa 130.000 lêmbar. Wontênipun mundur wau, kakintên jalaran kathah tiyang sênêng ngêntosi wêdalipun lot sasampunipun lotre sapunika, amargi pangajêng-ajênganipun langkung kathah.

Wulangan ing Technische school ing Sêmarang dados 4 taun.

Kawartosakên. Bilih wulangan ing Technische school ing Sêmarang ing taun pangajaran punika, dados wiwit ing wulan Juli, badhe kaindhakan dados wulangan kawan taun, rumiyin namung tigang taun. Mila inggih badhe nyuwun indhaking subsidhi.

Rêdi mêrapi ing Sumatrah kumukus.

Kawartosakên, ing Parangpanjang karaos lindu ragi sêru kaping kalih, ing rêdi mêrapi katingal ngêdalakên kukus.

--- 833 ---

Kabêsmèn patêbon.

Ing kabudidayan Sindhanglaut mêntas wontên kabêsmèn patêbon malih. Tuwuhing kêbêsmèn makatên punika, botên liya jalaran saking wontên lêlampahan ingkang andhêdhêri sêriking tiyang.

Lid polêksêrad enggal.

Kawartosakên, Tuwan Ir. F.L.P.G. Fournier up insinyur pakaryan tilpun tuwin tilgram, kaangkat dados lid polêksêrad.

Mr. Kusuma Sumantri kasingkirakên dhatêng Bandhah.

Kawartosakên Mr. Radèn Kusuma Sumantri, adpokat tuwin pokrul ingkang wêkasanipun manggèn ing Medhan, ingkang sapunika dipun tahan wontên ing pakunjaran, ugi ing Medhan, prêlu kangge katêntrêman umum, badhe kasingkirakên dhatêng Bandhah.

Balanjanipun priyantun B.B. pribumi.

Kawartosakên, pakêmpalaning priyayi B.B. ngangkat satunggiling kumisi, niti balanjaning punggawa nagari B.B. wiwit pambantu dumugi bupati. Angsal-angsalaning paniti, usulipun kaaturna dhatêng upbêstir. Ingkang badhe nindakakên saprêlunipun. Ngantos dumugining têngah-têngahanipun wulan Juli sadaya apdhèling wau kenging ngaturakên usul dhatêng kumisi, inggih punika: Radèn Prawata, patih Banjarnagara, pursitêr. Radèn Uripan, wadana kitha Lamongan. K. Sunarya, wadana Tangêrang tuwin Zainal Abidin dêmang kapuloan sajawinipun tanah Jawi, sadaya sami lid.

Bab panyadening karcis S.S.

Saking rêrigênipun S.S. murih anggampilakên caraning tumbas karcis, tiyang sagêd tumbas karcis lumantar ing hotèl utawi kantor-kantor jujuganing tiyang andon lêlana. Tataning panyade wau cara tindak kumisi, ingkang nyadèkakên angsal 10 prêsèn. Tindak makatên wau andadosakên kamajêngan. Kala wulan Mèi S.S. sagêd nyade karcis 3264, angsal-angsalaning arta f 23.503.-

Sabin pusa.

Sabin-sabin ing bawah Nganjuk sisih lèr sami pusa (katêdha ama bêluk) ngantos maèwu-èwu bau. Kapitunanipun kathah sangêt. Wontênipun pinanggih makatên, kintên-kintên jalaran saking kêkirangan toya. (K)

H.B.S. - A.M.S. enggal.

Kawartosakên H.B.S. - A.M.S enggal ing Malang badhe kabikak benjing wulan Oktobêr.

Arta katlisut.

Wontên pawartos, kas rêgènsêkap sêrad ing Kraksaan, artanipun pinanggih kirang f 3000.-

Ir. Sukarna abdhe kaajêngakên dhatêng pangadilan.

Kawartosakên, bilih benjing tanggal kaping 17 wulan punika, landrad ing Bandhung ingkang dipun pangarsani Mr. Siegenbeek badhe mriksa prakawisipun Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Supriwinata tuwin Maskun, sadaya sami sawung P.N.I. Tumrap papriksan punika, Ir. Sukarna badhe ambantah piyambak, tumrap sanès-sanèsipun badhe dipun êmbani Mr. Sartana, pangarsa P.N.I. apdhèling Batawi.

Lare ukuman minggat.

Pulisi ing Klathèn mêntas nyêpêng lare ukuman inggatan saking pakunjaran lare ing Ngawi, lare wau kêra sangêt, jalaran salêbêtipun kawan dintên namung nêdha wowohan, sêdyanipun badhe wangsul dhatêng Tasikmalayah. Lare lajêng kawangsulakên dhatêng Ngawi. Ugi tansah wontên kancanipun kêkalih ingkang dèrèng kacêpêng.

Asiah

Pêrangan ing Lung Abirilwe.

Syanghai 25 Juni (K.P). prajurit nagari ing Lunghai ngangsêg, sagêd ngèngsêrakên mêngsah, pangangsêgipun sampun sagêd ngantos 45 mil dhatêng Kaipèng. Mêngsah badhe ambêk pêjah ngêkahi kitha wau.

Syang Kai Sèk prentah gajêngakên prajurit nagari tigang golongan, têngah, kiwa tuwin têngên, supados tumuntên sagêd ngrêbat Kaipèng. Panjênênganipun nindhihi piyambak.

Kawartosakên salêbêtipun kitha Kaipèng wiwit ribêd.

Ing sapunika ing watês Pinghan sampun botên wontên pêpêrangan, awit badhe ngêntosi rampunging paprangan ing watês Lunghai.

Gêgayutan kalihan ebah-ebahan Gandhi. Nêdha wangsul arta ing bang Inggris.

Bombai 26 Juni (Spec. Reuter). Parêpataning mirunggan, Cotton Brokers Association ing Bombai ngênthêlakên rêmbag, para sudagar bôngsa Indhu sami badhe nêdha wangsuling arta ingkang sumimpên ing bang Inggris. Ing sadèrèngipun tanggal 1 Juli para têtiyang Indhu sami kèndêl anggènipun gêgayutan kalihan bang.

Pulisi nglêpasi sanjata.

Madras 26 Juni (Aneta Reuter). Pulisi sasampunipun nyêpêng prajurit manasuka 7 kapêksa nyanjata dhatêng golonganing tiyang 3000 ingkang sami arak-arakan. Wontên arak-arakan sagolongan ingkang bibar, tiyang ingkang nandhang tatu 13.

Ura-uru.

Ranggun 26 Juni (Aneta Reuter). Wontên têtiyang ukuman sami damêl ura-uru, kintên-kintên jalaranipun saking bab anggènipun sami muring-muring sarêng mirêng karampunganing rêpotsimon.

--- 834 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang wajib kantun

7.

Ing ngriku manahipun Tuwan Harwey saya pêtêng, badhe pados têtimbangan, botên wontên tiyang sanès, kajawi namung jongosipun rumiyin, ingkang sapunika sampun dipun undang mriku.

Jongosipun wau pancèn satunggiling rencang ingkang sêtya dhatêng bandara, salaminipun tansah ngulat-ulatakên dhatêng polataning bandara, sabên katingal pêtêng sakêdhik kemawon, lajêng madosi sabab-sababipun, manawi sampun sagêd pinanggih saha sagêd ngêngimur bandaranaipun, rumaos lêga ing manah. Nanging sagêdhagan punika pun jongos inggih rumaos judhêg, awit sampun dipun salusur pintên-pintên dintên, mêksa botên sagêd manggihakên ingkang andadosakên sababipun, wusana ing nalika nuju ngladosi dhahar kêpêksa pitakèn, têmbungipun: Bandara, kula punika sampun dangu sangêt anggèn kula ngabdi panjênêngan, kados botên wontên awonipun saupami kula gadhah atur pitakèn dhatêng panjênêngan. Bandara, sampun sawatawis dintên punika panjênêngan katingal anjêgrêg kemawon, dhahar botên nate kathah, manawi sare katingalipun botên sakeca. Punika sababipun punapa.

Tuwan Harwey mirêng pitakenaning jongos ingkang kados makatên wau namung kèndêl kemawon, awit saupami badhe prasaja, badhe punapa pikantukipun, ingatasing rencang badhe sagêd urun rêmbag punapa, tiwas ngêculna wêwados, pikantukipun namung badhe kados bêbasan: ngêsokakên toya ing kalo, botên sande namung badhe ambarabas wutah dhatêng pundi-pundi, ingkang wêkasanipun namung badhe dados kapitunanipun piyambak. Dados inggih namung kèndêl kemawon.

Jongos botên kêndhat anggènipun pados rekadaya murih lipuring bandaranipun, lajêng usul rêmbag sanès: Bandara, kula sawang-sawang panjênêngan punika sampun diwasa, eman sangêt anggèn panjênêngan wontên ing ngriki tanpa kanthi ...

Dèrèng ngantos dumugi anggènipun wicantên pun jongos, Tuwan Harwey lajêng munggêl: Wis, wis, aja kobacutake, mêsthine bacute kuwi prakara jêjodhoan.

Jongos rumaos gêla sangêt dipun punggêl ginêmipun, nanging sarèhning rumaos mêmpêng, nuntên anglajêngakên malih: Kados ing Amerikah botên kirang wanita ingkang kados widadari, ingkang sukunipun tarincing, ingkang polatanipun manis kados sêtrup.

Nalika jongos mungêl dumugi: trup, kasarêngan dipun bungkêm Tuwan Harwey kalihan wicantên: Kowe ora usah ambadhut ana ngarêpanaku. Hih.

Sasampunipun wicantên makatên, Tuwan Harwey lajêng kesah.

Jongos ngantos andombêlong, sakêdhap nyawang bandaranipun, sakêdhap nyawang rampadan ing meja, wusana lajêng garunêngan piyambak kalihan ngundur-undurakên: hêh, angèle ora dimarèn-marèn.

V. Nimbang lêrês lêpat.

Pêtêng padhanging manahipun tiyang punika sagêd katitik wontên ing ulatipun, awit mênggahing ulat, pinanggihipun tansah gêgandhengan kalihan osiking manah, tiyang susah botên sagêd awanda sumèh, kosok-wangsulipun tiyang ingkang nuju sênêng ing manah, sanadyan botên rumaos anjarag, sakêdhap-sakêdhap inggih tansah kalècêm gumujêng, tamtu kemawon mênggahing Tuwan Harwey ulatipun awanda pêtêng, awit ing dalêm manah tansah ngandhut pikiran ingkang adamêl botên sênêng.

Ing sapunika Tuwan Harwey ngrumaosi, bilih tiyang tanpa kanthi punika, manawi manggih èwêd pakèwêd, angèl anggènipun manggih pêpadhang, tuwin ngrumaosi bilih mitra-mitra darma punika satunggiling juru panimbang ingkang ngadil, mênggah wosing panggagasipun wau lajêng anjog angèngêti dhatêng Tuwan Smith.

Panggagasipun Tuwan Harwey: pêtênging atiku kang kaya ngene iki kang bisa madhangake ora ana manèh kajaba mung Smith. Dhèwèke wis rambah-rambah agawe padhanging atiku, kang anjalari dadi kacukupanku. Upama aja anaa dhèwèke, apa ciptaku mêsthi cabar. Dadi saupama bab iki tak jalukake panimbang ing dhèwèke iya bisa madhangake.

Anggènipun Tuwan Harwey anggagas makatên wau kalihan linggih sôngga uwang tangan tumumpang ing meja, mripatipun tanpa kêndhat tansah nyawang lumahing sagantên, ingkang katingal angalangut tanpa wêkasan. Dayaning sawangan wiyar, manahipun Tuwan Harwey linggih lajêng araos kobèt, malah lajêng tuwuh ing manah, èngêt dhatêng nagari wutah rahipun. Ing salêbêt anggagas makatên wau, panyawangipun dhatêng sagantên tanpa kêdhèp, wusana lajêng ngucêg mripatipun kalihan wicantên piyambakan: Kang pêtêng-pêtêng iki apa, apa pancèn tuwuh saka kaliruning panduluku, apa pancèn têmênan. Dangu-dangu pandulunipun cêtha, lajêng ngadêg nyat kalihan wicantên satêngah anjêlèh: La dalah, Smith têka. Nah, saiki wis cêtha yèn kapal. (Badhe kasambêtan)

--- [835] ---