Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-01, #548

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-01, #548. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-01, #548. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 62, 5 Mulud Taun Jimawal 1861, 1 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [983] ---

Ăngka 62, 5 Mulud Taun Jimawal 1861, 1 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f. 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Bou Denib

[Grafik]

Ing nginggil punika kawontênaning kitha Bou Denib ing Maroko.

--- 984 ---

Bab Ringgit

Puthut Jantaka

Puthut Jantaka punika anakipun ditya Lêmbuculung, martapa wontên ing rêdi Antaga, sakalangkung sinêkti, dipun suyudi dening têtiyang kathah, suyudipun têtiyang wau inggih jalaran ering saking kasaktianipun Sang Puthut.

Kacariyos Puthut Jantaka gadhah anak kathah, ananging botên awarni manungsa, awujud sato kewan warni-warni, kados ta: 1. asipat tikus putih, nama tikus Jinada, 2. cèlèng, nama Cèlèng Dêmalung, 3. kêthèk, nama Kuthilapas, 4. maesa andanu, nama Kalamurti, 5. lêmbu gumarang, anama Kalasrênggi, 6. Sangsam, nama Sangsam Randhi, 7. kidang, nama Kidang Kujung, 8. bulus, nama Bulus Pas, 9. kura, Kura Grêgês.

Mênggah kewan sadaya wau nyatanipun amaning têtanêman sadaya, dene cocoging cariyos, gathuk kalihan wontêning dewa anggènipun nurunakên wiji ingkang kaparingakên dhatêng nata Purwacarita Sri Maharaja Kano, kewan sadaya wau ingkang dados pangrisak. Mantuk kalihan têtêmbungan: sarwa dumados punika, inggih mawi risak.

Kacariyos anak-anakipun Puthut Jantaka sadaya wau, sawênèhing dintên sami cariyos dhatêng tiyang sêpuhipun, bapa, aku anjaluk pangan.

[Grafik]

Puthut Jantaka

Puthut Jantaka mirêng têmbunganing anak-anakipun sadaya wau, sakalangkung ngêrês ing manah, nanging Puthut Jantaka piyambak rumaos botên sagêd anyukani têdha dhatêng anak-anakipun, awit anak samantên kathahipun, sami gadhah pakarêman piyambak-piyambak. Wusana Puthut Jantaka mangsuli: Dhuh anak-anakku kabèh, wis bênêre kowe anjaluk ingon mênyang wong tuwa, awit wong tuwa wajib anggêdhèkake lan wajib ngurip-urip mênyang turune, nanging yèn mirit kaananmu kabèh, yèn mung wong lumrah bae măngsa kuwawa angingoni. Sarèhning anamu kuwi jalaran ana kang nitahake, mêsthine

--- 985 ---

iya wis kinanthenan pangan. Wis mangkene bae, sarèhne kowe iku aran kawulaning ratu, dening manggon ana ing bumi wêwêngkone, kowe padha sowana marang ratu gustimu, iya iku Sri Maharaja Kano. Nanging wêlingku, sarèhne kowe iku jênêng wong anjêjaluk, wajibmu iya kudu padha sarănta, anyênyadhang sihe kang arêp pêparing, lan manèh ora ana pituwas kang tumibane tanpa kangelan. Kajaba iku sarèhne sadulur-sadulurmu akèh, lakumu aja bêbarêngan, awit aku samar yèn gawe kagète wong nagara. Bêcike kowe: Tikus Jinada, Cèlèng Dêmalung, lan kowe Kuthilapas, padha mangkata dhisik, ing mêngko samăngsa kowe wis padha olèh pêpancèn pangan, kang kari karêbèn nusul.

Sadhèrèk têtiga wau mituhu pakèning tiyang sêpuhipun, lajêng sami bidhal ambêkta wadyabalanipun piyambak-piyambak tanpa wicalan.

Sarêng lampahipun tikus, andhapan tuwin kêthèk dumugi padhusunan laladaning kitha, sumêrêp patêgalan, pakarangan ingkang isi têtanêman nêdhêngipun awoh. Ing ngriku botên taha-taha lajêng nêmpuh purun, angrisak sakajêng-kajêngipun, têtiyang ingkang gadhah têtanêman ananggulangi botên sagêd, awit kathahing kewan ingkang ngrisak tanpa wicalan, pêjah satunggal dhatêng sadasa, pêjah sadasa dhatêng satus, wêkasan sadaya sami giris, lajêng ngungsi dhatêng kitha saha lajêng lapur dhatêng Patih Jakapuring.

Sarêng Sri Maharaja Kano dipun aturi uninga ing patih Jakapuring, lajêng dhawuh ambidhalakên wadya, supados numpês sato ingkang dados ama wau, kalampahan lajêng dados pêpêrangan, nanging wadyanipun Sri Maharaja Kano sami kasoran, wangsul dhatêng kitha.

Ama dèrèng ngantos sirêp, sampun kasusul kadang sanès-sanèsipun, maesa Kalamurti, Lêmbu Kalasrênggi, tuwin Sangsam Randhi. Sadaya wau sarêng sumêrêp bathanging tikus, cèlèng tuwin kêthèk lajêng sami ngamuk, sarta adamêl karisakan. Nanging sadaya wau sami sirna dening sarayanipun sang nata ingkang nama Radèn Sêngkan Turunan.

Puthut Jantaka sarêng mirêng tiwasing anak-anakipun lajêng nusul kalihan anak-anakipun ingkang nama Bulus Pas tuwin Kura Grêgês, angêdalakên pangabaran warni-warni. Nanging sadaya sami kasoran dening Sri Maharaja Kano, saya sarêng Puthut Jantaka sumêrêp manawi Sri Maharaja Kano punika titising Wisnu, lajêng nungkul, ing wusana lajêng têntrêm.

Panggulawênthah

Bandara, Lurah, tuwin Panginggilan

Têtêmbungan tigang prakawis punika gampil sangêt mênggahing têgêsipun, botêna dipun andharakên, tiyang inggih sampun mangrêtos, nanging sanadyan sampun mangrêtos sak kajêngipun, adhakan damêl [da...]

--- 986 ---

[...mêl] kalèntuning panindak, awit srêg saha sèlèhing kajêngipun, sok nalisir, upaminipun makatên:

Bandara punika sampun gênah manawi tiyang ingkang dipun ngèngèri, têgêsipun tiyang nyukani têdha. Têmtunipun tiyang ingkang dipun sukani têdha wau wajibipun inggih ambandara yêktos, botên mawang bandaranipun wau sintên, awit manawi botên makatên, tamtu tansah damêl botên narimahipun manah. Dene jalaranipun warni-warni, upaminipun: tiyang ingkang dipun ngèngèri wau tiyang asli alit, nanging ingkang ngèngèr gadhah aluran asli priyantun, malah bandaranipun asli malarat, ingkang ngèngèr turunipun tiyang sugih. Bab makatên wau gampil sangêt nuwuhakên pangraosipun tiyang ingkang angèngèr, tansah garunêngan dupèh bandaranipun asli sangandhapipun, wêkasan lajêng angampangakên patraping pangawulanipun, apêsipun sêmbrana dhatêng wajib, agêngipun lajêng purun.

Tindak kados makatên punika sampun tamtu kemawon andadosakên cacad agêng, mênggah pangawula, ngantos kasupèn bilih jêjêring pangawula punika angawula têdha. Malah trêkadhang sampun angakêni piyambak, manawi ingkang dipun kawulani punika têdha, botên ngawula tiyang. Nanging botên ngèngêti bilih sadaya wau wêngku-winêngku, têgêsipun: botên wontên têdha manawi botên wontên ingkang nyukani, tuwin ugi botên wontên tiyang sagêd nyukani têdha, manawi botên wontên-wontên[1] ingkang dipun sukakakên, inggih punika dipun saranani sade bau, dados têrang bilih botên sagêd pisah. Mila sabên caraning ngawula botên anêtêpi tatanipun, inggih botên têntrêm, awit namung ngajêngi dhatêng têdhanipun, nanging botên ngajêngi ingkang dipun ngèngèri. Dene nyatanipun bilih bandara wau ingkang dipun ngèngèri yêktos, tandhanipun manawi rencang dipun kèndêli, botên gadhah wêwênang mopo. Ewadene manawi mopo, lajêng sampun atêgês mêngsah.

Ing bab lurah punika inggih sok adamêl sêling sêrêp, tur sampun gênah lurah punika sêsêpuh, têgêsipun upami tunggil padamêlan, inggih ingkang nyêpuhi padamêlanipun, dados beda kalihan bandara, ingkang kajêngipun suka têdha. Nanging tiyang adhakan garunêngan: wong ora ambalănja, utawi: wong ora ngingoni bae anggêp-anggêpan. Punika sawêg têmbungipun kemawon sampun kalèntu, awit mênggahing lêlurah pancèn botên kêjibah ngingoni, namung mranata padamêlan, dados mênggah tumindaking nyambut damêl sêsarêngan, nanging lurah ingkang nyêpuhi, ingkang majibi nyumêrêpi sadayanipun. Dene manawi wontên tiyang ngrumaosi kêdah botên nyumêrêpi dhatêng sèlèhing dados tiyang ingkang dipun rèh ing lurah, inggih badhe rêkaos ing manah, nanging manawi mêksa adrêng, pon-ponanipun inggih namung badhe angsal lurah enggal malih. Bab punika punapa botên sampun têrang, bilih sadaya punika wajibipun namung kêdah nyambut damêl sêsarêngan.

Panginggilan, sami-sami: panginggilan punika satunggiling pêprênahan utawi pangkat ingkang adhakan damêl mêsguling tiyang ngandhapipun. Awit tiyang sangandhapipun [sangandhapi...]

--- 987 ---

[...pun] wau ngrumaosi manawi sami. Pamanggih makatên wau inggih wontên lêrêsipun, nanging inggih botên srêg, awit sawêg namanipun kemawon sampun panginggilan, mênggah ngokonipun: dhêdhuwuran sampun tamtu kemawon wontênipun dhuwur saking gadhah pamênang kalihan ingkang andhap. Nanging ingkang andhap mêksa taksih kemawon botên narimahipun, măngka sampun tamtu mênggahing caraning tiyang nyambut damêl punika wontênipun dados panginggilan, apêsipun katitipan tigang prakawis, inggih punika: sampun dangu panyambut-damêlipun, pintêr, wêkêl. Sapunika tumrap ingkang dipun panginggili, manawi kapengin botên kawon, inggih kêdah ngudi murih kêdunungan kados makatên. Dene manawi namung adrêng botên narimah, inggih badhea dhatêng pundi kemawon, botên sande inggih namung kêpêthuk tiyang ingkang kêdunungan titipan tigang prakawis wau.

Kados makatên mênggah pinanggihing kajêngipun, bandara, lurah tuwin panginggilan.

Raos Jawi

Undhaking Pawarta Sudaning Titipan

Paribasan undhaking pawarta sudaning titipan punika sumrambah saha kêlimrah sangêt dipun tindakakên ing tiyang, nanging ingkang nindakakên piyambak wau sok ngantos botên ngrumaosi. Mênggah kajênging paribasan, pawartos utawi titipan punika botên wontên ingkang plêk kados kawontênanipun. Manawi tumrap ing pawartos, limrahipun lajêng mindhak utawi langkung kalihan yêktinipun. Dene titipan, kajêngipun wêlingan, punika dumugining ngêndon: kirang, botên plêk kados kajêngipun ingkang gadhah wêling.

Manawi ingkang kêrêp pinanggih, punika ing bab undhaking pawarta, tumindakipun ngantos anggumunakên, malah manawi dipun manah panjang lajêng katingal, bilih kawontênan ingkang kados makatên punika dados titiking wêwatêkan, nanging wêwatêkan ingkang kadospundi, punika dèrèng sagêd laras yêktos, namung wontên ingipipun sakêdhik, bab wau manjing dhatêng gugon tuhon.

Mênggahing bab gugon tuhon, limrahipun tuwuh wontên ing tiyang ingkang kirang jêmbar sêsêrêpanipun. Ewasamantên ugi dèrèng kenging dipun ugêmi malih.

Ingkang sampun kêlimrah, indhaking pawartos punika tuwuh ing kalamăngsa wontên lêlampahan ingkang nyalênèh, kados ta:

Kalanipun wontên sêsakit nular, limrahipun tiyang mastani: ungsum sêsakit, dene sêsakitipun: kolerah, cacar. Kalanipun wontên sêsakit wau, adhakan lajêng tuwuh kabar ingkang elok-elok, upaminipun ing wanci dalu sumêrêp tiyang lumampah ijèn ambêkta ukur (ukuripun tiyang pêjah), wontên ingkang cariyos kêpêthuk lêlêmbat, wosipun ingkang băngsa anèh-anèh.

--- 988 ---

Bab ingkang kados makatên punika tumularing wartos enggal sangêt, tur lajêng wêwah cêcariyosanipun, upaminipun ingkang nyariyosakên bab tiyang ambêkta ukur, lajêng wêwah: bilih wontên tiyang ingkang sumêrêp ing nalikanipun ngukur. Tumularipun malih lajêng wontên ingkang mungêl: kula sumêrêp piyambak nalika Pak Kojur sakit, lajêng dipun ukur ing tiyang, wusananipun inggih pêjah yêktos. Makatên salajêngipun tansah mindhak-mindhak kemawon.

Wontên malih ingkang ngeram-eramakên, inggih punika ing bab pawartos tiyang pados mripat tuwin sirahing tiyang, limrahipun dipun wastani culik, punika sumêbaripun inggih enggal sangêt, malah trêkadhang sagêd damêl girising tiyang. Inggih manawi namung damêl giris kemawon wontên saenipun sakêdhik, balik lajêng damêl kapitunan utawi kasangsaran, punika ingkang botên prayogi. Mênggah ingkang nama kapitunan, kados ta: tiyang ingkang panggesanganipun sêsadean, lajêng ajrih kesahan, lare sêkolah lajêng ajrih malêbêt. Dene ingkang nama kasangsaran, upami tiyang lumampah dalu piyambakan, sagêd ugi lajêng kenging pandakwa awon, dipun kintên tiyang ingkang gadhah tindak kados makatên punika, lajêng damêl kalèntu tampining tiyang sanès, wusana dados botên kantên-kantênan. Măngka pawartos kados makatên punika tansah wontên kemawon.

Para maos sampun kalintu tampi lêlampahan ingkang kados makatên punika tamtunipun namung tuwuh ing para sadhèrèk ingkang taksih kirang jêmbar sêsêrêpanipun, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.[2]

Nanging wontên malih bab indhaking pawartos ingkang limrahipun andadosakên orêging tiyang kathah, inggih punika manawi wontên kaelokan, upaminipun wontên tiyang martosakên wontên kuburan sagêd nangis, tur punika mokal. Punika sumrambahing pawartos lajêng ngămbra-ămbra, ngantos sagêd andhatêngakên tiyang ewon, dene cêcariyosanipun pating calêbung, wontên ingkang mirêng: panangisipun magêp-magêp, anggiyêng, sawênèh wontên ingkang mirêng, anggènipun sambat mamêlasasih.

Sawarnining bab-bab ingkang kacariyosakên ing nginggil, saupami kacocogakên ing akal budi, badhe botên wontên ingkang sagêd mathuk, sanadyan dipun pêndhêta saking lair dumugi batosipun pisan, botên pinanggih ing akal, dene manawi wontên yêktos, punika sèlèhing nalaripun, namung sagêd amastani: tiyang ngapusi.

Dene kajênging paribasan sudaning titipan, botên sanès namung amêngku kajêng ngirangi pawartos.

Kintên-kintên kajênging paribasan wau kados makatên.

Ha.

--- 989 ---

Têtandhingan ulah raga

[Grafik]

Saking pambudidayanipun N.I.A.U. (Nederl. Ind. Atheletiek Uni) papan ulah raga wadya lautan ing Surabaya mêntas ngawontênakên têtandhingan atheletiek ugi wontên lurugan saking Ngayogya. Pangagêng wadya lautan ugi anjênêngi. Ingkang dipun gambar ijèn, punika Tuwan Kusna, ingkang angsal pamênang malumpat ingkang inggilipun 1.725 mètêr.

--- 990 ---

Jagading Wanita

Pêtis

Botên ngêmungakên tumrap băngsa Jawi kemawon ingkang sami karêm dhahar pêtis, nadyan băngsa sanès inggih samantên ugi, malah wontên sawênèhipun tiyang ingkang kulina nglêgutakakên manawi dhahar mawi sambêl pêtis, nanging sarêng sawênèh dintên kacocok, lajêng sajak kirang srêg anggèning dhahar, katawis kêmba, nandhakakên araos kirang eca.

Sanadyan para maos sampun botên kêkilapan bab paedahing pêtis, tumrapipun wontên ing dhêdhaharan, ewadene mênggahing pandugi wontên ugi satunggal kalih para maos ingkang dèrèng sumêrêp kadospundi rekanipun andamêl pêtis, mila kaandharakên kados ing ngandhap punika:

Pêtis punika warni-warni, namanipun bêktan saking aslining punapa ingkang kadamêl, kados ta: pêtis urang, aslinipun saking urang, pêtis tongkol, asli saking ulam tongkol, samantên ugi pêtis kêrang, pêtis kupang lan sapanunggilanipun, wondene pêtis daging aslinipun saking daging lêmbu utawi daging sanèsipun.

Damêl pêtis punika ingkang prêlu kêdah ngangge pirantos langsêng. Langsêng punika wujudipun kados tenong ingkang kadamêl êblèg, êsèng utawi têmbaga, ngandhap awangun silit dandang, nginggil mawi tutup rapêt, ing nglêbêt kasukanan sarang. Sarang punika awujud êblèg bundêran salêmbar, wiyaripun angêplêki kubênging awak langsêng ingkang bagian lêbêt, nanging mawi bolongan kathah pating carumplêng.

Langsêng wau ing têngah kadekekan ênggêt-ênggêtan, dados samăngsa sarang kalêbêtakên ing ngriku sagêd kandhêg, trapipun malumah. Mênggah agêng aliting langsêng kenging sakaparêngipun, waton nyêkapi saprêlunipun, sagêd mêling dhatêng para sayang, namung kaangkaha yèn dipun êtrapakên ing bolongan pawon sagêd abên dhamis.

Langsêng wau kaisènana toya tawa ingkang rêsik, watawis sangandhaping ênggêt-ênggêtan sarang, sanginggiling sarang katumpangan ulam ingkang badhe kapêndhêt pêtisipun, upami urang utawi tongkol wontên ing ngriku katata sae, sampun mêsthi kemawon ulam wau sasampuning kakumbah rêsik, tur taksih têlês (ulam anyaran). Ing ngriku katutup rapêt lajêng dipun latoni ingkang ajêg, ngantos matêng sarta tanak saèstu, titikanipun manawi daging lan balung tongkol sampun sami mêprêl, punika pêtisipun sampun sami mandhap. Patrap makatên wau sampun mêsthi kemawon kêdah ngatos-atos, sampun ngantos langsêngipun kasatan, kêdah tansah dipun jogi toya, ngiras nyiram ulam ingkang wontên ing nglêbêt, lan andhaping toya sagêd anggondhol pêtis sarining ulam mangandhap. Amriksanana ulam-ulam tongkol pindhangan ingkang kasade ing pêkên-pêkên, punika daging dalah balungipun sampun sami mêprêl, lah punika sasampuning kaalap pêtisipun. Mila mamawi ulam ingkang wontên ing

--- 991 ---

nglêbêt langsêng wau sampun mêprêl makatên kaêntasa, toyanipun kakêbur lon-lonan supados botên dados intip, kêdah kacêmplungan gêndhis, sarêm tuwin galêpung ingkang alus, nanging sampun ngantos kêkathahên, kaangkaha samurwatipun kemawon, dados patrap wau kados sacaraning tiyang damêl lisah kalêntik.

Latunipun kêdah antèr tur ajêg urubipun, dangu-dangu kêburanipun dados kênthêl, nelakakên badhe dados pêtis, manawi sampun cêkapan lumêripun, enggal kaêntasa, punika sampun nama pêtis, kakêrukan ngangge irus punapa sendhok, winadhahan ing pinggan ingkang sae tur rêsik. Makatên mênggah rekanipun adamêl pêtis urang utawi tongkol. Mila ngangge sarang, awit ulamipun kajagi sampun ngantos ajur, gampil panyadenipun. Wondene tumrap ulam ingkang botên kuwatos ajur, kados kêrang, kupang, daging, lan sapanunggilanipun, punika kenging lajêng kagodhog kemawon.

Sapunika sampun cêkap ing bab andharan pandamêlipun pêtis. Tumrap para dagang pêtis sampun mêsthi kemawon pandamêlipun langkung kathah, pirantosipun langkung agêng, bab punika para maos sagêd anggalih piyambak. Wondene ingkang kêtitik madolakên sangêt, sami-sami pêtis namung pêtis urang piyambak. Ingkang misuwur damêlan Sidaarja, sumêbar dhatêng nagari pundi-pundi, ing dalêm wawrat 1/4 pun, wontên rêginipun 95 sèn minggah, samantên wontênipun ing padunungan kula, kalêbêt pêtis ingkang nomêr satunggal. Pancèn nyata raosipun eca, dhasar inggih murni, botên kathah momoranipun. Dados gênahipun pêtis punika inggih nomêr-nomêran, liripun wontên ingkang eca lan botên, mila mênggahing rêrêgènipun inggih tumut undha-usuk.

Dumugi samantên kemawon andharan kula bab pêtis, botên langkung bilih wontên kêkiranganipun tuna dungkaping ukara nyuwun pangapuntên.

Nirrasa, Kêpanjèn - Malang.

Jagading Sato Kewan

Kasarasaning Sato Kewan

Gêsanging sato kewan punika botên beda kalihan gêsanging tiyang, inggih ambêtahakên bab ingkang anjalari dados gêsangipun, inggih sunika[3] nêdha, tilêm tuwin kasênêngan, nanging botên kêdunungan budi sampurna kados tiyang, ewasamantên tumrap kabêtahanipun tigang prakawis wau ugi sampun kêcêkap, botên nate gothang. Upami tiyang mangrêtosa, anggèning tumindak ing damêl sato kewan punika ugi anêtêpi wajib, têgêsipun inggih tansah lumintu pados têdha, manawi sakit ajêjampi, lan pados kasênêngan. Nanging sarèhning tiyang gêsangipun botên nunggil papan kalihan sato kewan, dados inggih botên sagêd angyêktosi tuwin botên migatosakên.

Tiyang punika limrahipun dipun wastani gadhah pangawasa, [pangawa...]

--- 992 ---

[...sa,] kajêngipun: sami-sami umat kagadhuhan ngakal budi sampurna, mila inggih sagêd nindakakên pangrèh, pangawasa tuwin sanès-sanèsipun ingkang sagêd ngasorakên sasamining sipat gêsang, saya malih tumraping sato kewan, inggih ingkang galak kêsit kados punapa, tiyang sagêd angêrèh tuwin mêngkoni.

Nanging pangawasaning tiyang wau asring nuwuhakên kalèntu ing tindak, tumrap gêgayutanipun tiyang kalihan sato kewan lajêng ngawontênakên têtêmbungan: aniksa sato kewan. Ing ngriku lajêng katingal bilih tindaking tiyang punika anyulayani kalihan kodrating sato kewan ingkang sampun pinasthi kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, kados ta: têdha asring kapiran, sakit botên dipun jampèni, kasênêngan botên dipun sukani.

Tindak kados makatên punika sayêktosipun mèh kalimrah dipun tindakakên ing tiyang, ingkang wosipun namung kangge kasênêngan.

Nanging dangu-dangu tindak araos panyiksa wau inggih lajêng saya suda, malah sagêd ugi lajêng ical, awit tiyang saya kadunungan têpa tuwin sumêrêp dhatêng cara-caraning sanès băngsa ngeman dhatêng sato kewan, punapadene ngèngêti awisaning nagari ing bab angayomi sato kewan.

Kala rumiyin sangsara-sangsaraning kewan punika botên kados kapal tarikan, tumindaking damêl tanpa ukuran, anggèrèt momotan ingkang wawratipun langkung saking mêsthi, tur sasat tanpa ngaso. Nanging tindak makatên punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun awis-awis, sanadyan wontên inggih namung wontên ing papan ingkang sêpên-sêpên.

Dangu-dangu tiyang saya mindhak sêsêrêpanipun, bilih kewan punika ugi prêlu dipun jagi kasarasanipun, tur sayêktosipun tiyang inggih sampun nindakakên, upaminipun tiyang ngingah rajakaya sapanunggilanipun, punika ing kalaning kewanipun sakit, ugi dipun jampèni, nanging patrapipun anjampèni namung tumindak saking balilu tau. Saha limrahipun namung dipun tindakakên ing kănca padhusunan.

Sasampunipun makatên, kănca padhusunan kêrêp nyumêrêpi wontên tiyang papriksa kalanipun ing padhusunan wontên sêsakit rajakaya. Nanging sêsêrêpanipun inggih dèrèng plong, punapa mênggah kajêngipun anggèning mariksa wau, awit limrahipun namung lajêng ngawontênakên awisan tuwin pangrêksa dhatêng sato kewan, murih sêsakitipun botên nular. Nanging wusananipun inggih mangrêtos, bilih tindak kados makatên punika tindaking tiyang ahli sêsakit kewan, tuwin inggih lajêng mangrêtos bilih dhoktêr.

Saya plongipun malih para sadhèrèk dhusun, sarêng ing padhusunan kêrêp wontên papriksan rajakaya, ngudi indhak saha kasarasaning rajakaya. Punika lajêng mangrêtos, bilih sêsakiting rajakaya punika ugi dipun pariksa kados sacaraning tiyang sakit.

Dangu-dangu lajêng saya sampurna malih, têtiyang sampun botên was sumêlang malih dhatêng ingkang dipun wastani dhoktêr kewan, malah sapunika tumrap ing Batawi sampun dipun wontênakên griya sakit kangge ngupakara kewan ingkang sakit.

--- 993 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, Bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 61)

Petruk: Wis, Rèng, rungokna, saiki tak caritani mungguh kaanane ing Kabupatèn Karanganyar. Cacah jiwane Kabupatèn Karanganyar kuwi kurang luwih ana wong 389752.

Garèng: Wiyah, sajake kok kaya mandhor polêksêtèlêng bae, yaiku pakaryan pangetung cacah jiwa. Anggone nyêbutake cacah jiwane, ekan dasane sajak le cè… plis bangêt. Ewasamono kiraku iya isih ana sing kliwatan, kaya ta: sêtêngah bayi, têlung prapat bayi, dadi jiwa sing isih nyang wêtêngan umur 4 utawa 6 sasi, apa iya ora mèlu kêcacah.

[Grafik]

Petruk: Lo, kuwi rak isih jênêng: magang manusa, durung aran manusa têmênan, dadi iya durung mèlu kêcacah. Wis, tak banjurne andharanaku. Cacah jiwane ing Karanganyar kuwi ana 389752 sawahe ana 32889 bau, lan têgalane 28640 bau. Saiki upama pamêtune lêmah têgalan 2 bau kuwi dipadhakake karo 1 bau, dadi lêmah ing kabupatèn Karanganyar, pamêtune padha karo sawah 38972 bau + 1/2 x 28640 yaiku 47209 bau.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, aku tak nyêlani omong. Dadi nèk aku ora kaliru ing panămpa, wong cacahe gunggung kumpul kurang luwih 389752, kuwi mung anjagakake pamêtuning lêmah 47209 bau. Jajal saikine aku tak gawe petungan. Sawah 1 bau kiyi upamane anyukupi kanggo makani wong 5 dadi pamêtuning lêmah ing Karanganyar kuwi mung kêna kanggo nyukupi panguripane wong 5 x 47209 aliyas wong cacahe kurang luwih 236405, dadi turahane, yaiku kurang luwih ana wong 153707 kudu nglakoni dadi Mintaraga, utawa kudu ngêndhat talimurda…

Petruk: Wiyah, iya ora nèk nganti sêmono kuwi, kaya ambaning jagad sagodhong kelor, kok banjur nekad diningrat mêngkono. Lan kowe iya kudu ngèlingi, yèn kajaba wong cacahe 236045 mau, têmtune iya

--- 994 ---

ana sing panguripane sarana buruh. Ing sarèhning ing Karanganyar ora ana pabrik utawa kabudidayan kang gêdhe-gêdhe, saiki wong-wong sing olèh panguripan sarana buruh, upamane bae tak gawe 20% sagunggunging cacah jiwane ing kabupatèn Karanganyar, dadi 20% saka 389752 yaiku nèk dibundêrke 77000, wusana kêkèrènane isih ana wong 389752–236045-77000 yaiku 76797, upama cacah iki dibundêrake, dadi kurang luwih isih ana wong 76000 sing prasasat ora duwe panguripan babarpisan. Wis mêsthi yèn petungan kiyi ora cèplês bangêt, nanging jajal petungan kiyi dipadhakake karo anane wong mondhok, yaiku wong sing ora padha anduwèni lêmah, sing cacahe kurang luwih ana 10000, lan cacahe wong ngindhung, yaiku wong-wong sing ora anduwèni sawah nanging padha anduwèni pakarangan sathithik, sing cacahe kurang luwih ana 51000, kaya-kaya petungan ing ngarêp wong 76000 mau, ora pati adoh saka nyatane.

Garèng: Wah, Truk, aku kiyi nèk ngrungokake petungan sing nganti ewon-ewonan kuwi, pikiranaku sok banjur pating slêbar, sanadyan petungan mung têkan atusan pisan, nèk kabênêr aku iya wis bingung, mulane aku sok anjaluk supaya dietung bundêr bae. Kaya ta upamane: êbonku ing toko gunggung kumpul ana f 7.695. ing sarèhning bribilan kuwi sok agawe bingungku bae, mulane sok tak kon ambundêrake, upamane dibundêrake dadi f 7.-…

Petruk: We, hla kuwi rak bundêr golèk bathèn, sêtun anggone ambundêrake kuwi, upamane utang f 7.695 iya dibundêrake dadi f 7.70, dadi arane bundêr utama, ora bundêr nêdya ngakali sing duwe toko. Sabênêre mono aku ngrêti apa sing dadi karêpmu, yaiku arêp ngandhakake yèn katêranganaku ing bab akèhing cacah jiwane ing Kabupatèn Karanganyar mau, tumrap kupingmu ora pati cêtha. Jajal saiki tak gambare sing luwih cêtha. Miturut petungane Tuwan J.v. Gelderen kang kapacak ing kalawarti Koloniale Studien taun 1922, gêdhening cacah jiwane Kabupatèn Karanganyar kuwi, kêna dipadhakake ing dalêm sakilomètêre - iki jêmbare kira-kira padha karo alun-alun Gambir ing Wèltêprèdhên, yaiku dawa lan ambane 2/3 pal. Diênggoni uwong 524.4.

Garèng: We hla, sêmbrana bangêt Petruk kiyi, ana wong tuwa kathik digonjaki mêngkono, aku mau ngandhakake sêtêngah bayi ora olèh, saiki awake dhewe jêbul ngandhakake uwong pat pra sêpuluh, sêtun-sêtun nèk upas pat pra sêpuluh, hla kuwi aku wis tau mênangi, iya iku wong sing nganggo jasing upas, nanging ngisore bêbêdan.

Petruk: Wiyah, bok aja sok dhêmên ngala-ala nyang panganggoning wong, anggone mung jase thok sing awujud upas, kuwi kiraku rak jalaran saka kêsusune utawa jalaran saka liya-liyane manèh, ana kok banjur diarani: upas pat pra sêpuluh. Dene mungguhing wong 0000 iya wis mêsthi yèn ora anane, kuwi rak mung kanggo petungan bae. rata-ratane sabên sakilomètêr diênggoni uwong 534.4.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, mau kowe

--- 995 ---

madhakake jêmbar sakilomètêr kuwi padha karo alun-alun Gambir ing Wèltêprèdhên. Tumraping aku, sing sabên taun sapisan main dadi wayang wong ana ing Pasar Gambir, iya wêruh ambaning alun-alun Gambir. Balik wong-wong sing durung tau nang Batawi, têmtune rak iya ora sumurup. Mêngko gèk ana sing ngira, yèn ambaning alun-alun Gambir kuwi sak pêndhapane Mas Rana. Êmbok iya kok kandhakna bae pirang bau ambaning alun-alun Gambir kuwi, dadi luwih gamblang.

Petruk: Sakilomètêr pasagi kuwi jêmbare kira-kira 141 bau. Mara pikirên, rata-ratane, wong 524,4 kok uripe mung gumantung marang lêmah ambane kur 141 bau. Wong sêmono kèhe mau iya wis mêsthi yèn ora duwe lêmah kabèh, ana sing wong mondhok, kuli ngindhung, lan sapanunggalane. Nèk miturut katrangane kantor lanrèntê ing Karanganyar, wong tani siji rata-ratane mung duwe sawah 1/2 bau lan têgalan 0,31 bau. Hara, apa iya ora ngrêkasa bêrat kaya ngono kuwi. Mulane tuwuhing imigrasi kuwi aku: amin bangêt.

Garèng: Mêngko sik, Truk, aku saiki arêp ambalèni pitakonku ing ngarêp, yaiku: apa ora andadèkake kapitunane wong-wong sing nagarane bakal digroki kiyi. Yèn nganti imigrasi sida ditindakake kanthi têmênan.

Petruk: Eman bangêt, dene aku ora bisa anjawab pitakonmu kiyi, luwih bêcik kowe pitakona nyang rama bae. Awit ing dina Minggu utawa Sênèn ngarêp iki aku sida bakal lunga nyang Sala. Wis, Garèng, kèri slamêt bae.

Garèng: Wèh, wong ki nèk lagi kabênêran uripe, arêp plêsir bae dilalah iya ana sing nyangoni. Balik aku kiyi blănja sathithik, arêp digolèkake wuwuhan, ora ngêmungake blanjane êntèk, malah pitikku sing lagi angrêm, dilalah kok iya mèlu katut dilotre. Iya, Truk, nyangoni slamêt, nèk wis nang kana, aja lali bae ngabari apa-apa sing anèh-anèh.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun têtiyang ingkang badhe numpak kapal K.P.M. saking baita alit ing palabuhan Mêntok. Lampahipun sadaya sami rêkaos, awit tansah dipun umbul-umbulakên ing ombak.

--- 996 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Asistèn wadana ical.

Kawartosakên, Mas Supraba aliyas Supraba Kusuma, asistèn wadana ingkang kapiji nyambut damêl ing kawadanan Kapanjèn, Malang, kala tanggal 7 wulan punika kaparingan pamit sadintên, nanging dumugi sapunika dèrèng wangsul. Saking kaparênging pangagêng lajêng dipun kèndêli, kaanggêp kalêpatan nilar wajib, nanging manawi ing têmbe wontên nalar ingkang kenging kangge waton, ugi katêtêpakên malih. Bab punika lajêng nuwuhakên panggrayangan warni-warni, wontên ingkang gadhah pangintên, kesahipun wau jalaran saking nyingkiri pakèwêd ing sadèrèngipun dhumawah.

Parêpatan P.P.I.I.

Pakêmpalan P.P.I.I. mêntas parêpatan momoran, wontên ing Batawi, mawi nyuruhi tamu pilihan, dipun jênêngi wêwakiling parentah saking golongan yustisi tuwin parampara prakawis tiyang siti. Para pamêdhar sabda sami mratelakakên ing bab tumindaking panyêgah èstri lampah awon. Bab tumindaking lampah awon mawi wêwaton cêtha kanthi tăndha saksi ingkang pinanggih. Bab punika sawarnining golongan sami sayuk ambiyantu tumindak ing damêl.

Baita kuwalik.

Ing pasisir sagantên Borneo sisih kidul wetan, nuju ing wanci dalu pêtêng ambêdhêdhêt, wontên kapal K.P.M. nuju lampah ing sungapanipun lèpèn pêgatan, numbuk baitanipun tiyang Madura, saha baita wau lajêng ical, ing baita wau wontên tiyangipun gangsal, ingkang kalih sagêd ngêlangi minggir, ingkang tiga ical, wontênipun baita wau katubruk, amargi botên mawi dilah, têtiyangipun sami tilêm, tuwin jalaran saking santêring toya lèpèn, baita wau manggèn wontên ing margi ingkang badhe dipun langkungi kapal.

Kabêsmèn ing kapal pêrang Sumatra.

Kapal pêrang ingkang kacobi ngêtog lampah sampun kalampahan wilujêng. Nanging sarêng badhe wangsul dhatêng Surabaya, inggih punika ing tanggal 27 wanci jam 3.15 ing nglêbêt kapal tuwuh kabêsmèn, jam 5 enjng latu sampun agêng, lajêng suka tăndha kabêsmèn. Sarêng jam 6.40 latu sampun sirêp, ing sontênipun latu sampun pêjah babarpisan. Lêbêtipun dhatêng palabuhan dipun iring ing kapal sanès. Ing bab anggènipun kapal pêrang wau badhe dhatêng Ostrali badhe kandhêg dangu, awit kathah ingkang dipun dandosi.

Tuwan Gobee.

Kawartosakên, Tuwan E. Gobee, wêwakiling parampara prakawis tiyang siti, kaparingan pangkat residhèn kados tatanan lami.

Radhio tumrap pulisi.

Pirmah Goldberg ngaturakên pirantos radhio dhatêng up komisaris pulisi ing Surabaya, supados masang pirantos wau wontên ing kantor pulisi agêng, laminipun tigang wulan, prêlu kangge cobèn-cobèn tumindaking padamêlan pulisi.

Tamu sêtudhèn băngsa Jêpan.

Tamu sêtudhèn băngsa Jêpan ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn, sampun dumugi ing tanah Jawi, anjujug Surabaya. Saking Surabaya lajêng dhatêng Sêmarang, numpak sêpur N.I.S. salajêngipun dhatêng Batawi, Bandhung, Garut, Ngayogya. Lajêng wangsul malih dhatêng Surabaya. Saking Surabaya dhatêng Sêmarang N.I.S. nyadhiyani sêpur lêlahanan dalah dhahar pangunjukanipun pisan. Tumrap S.C.S. tuwin S.S. badhe nyukani sudan waragad sapalih.

Kêkirangan toya.

Jalaran saking wontênipun toya ngombe ing Cirêbon asring kirang, Ir. Adams pangagênging watêrsêtat, gadhah usul, supados griya-griya botên kaparêngakên ngangge pirantos watêrlèdhêng, saha têtiyangipun kawajibna damêl sumur, ingkang toyanipun kenging kaombe. Nanging bab punika dipun bantah dening gêmintê, sabab miturut pranatan enggal, tiyang malah dipun wajibakên ngangge pirantos wau. Nanging manawi ing taun punika taksih kêkirangan toya, badhe nindakakên budidaya sanès.

Sêsakit tipês ing Cirêbon.

Mirid kawontênaning papriksan, ing Cirêbon, wontênipun sêsakit tipês taksih mindhak-mindhak. Kawontênanipun lare-lare ingkang dipun suntik sampun 6000, saha taksih andalidir tiyang nêdha dipun suntik.

Ngracun.

Wontên pawartos saking Medhan, kala malêm Minggu kapêngkêr administraturing kabudidayan Kualakrapoh kalihan nyonyahipun, sabibaring nêdha dalu, lajêng kraos sakit wêtêng, kados dipun racun. Jongos tuwin koki ngakêni ingkang nglêbêti sarana, jalaran saking pakèning mandhor tuwin kuli 5, supados mandhor wau dipun dadosakên mandhor agêng.

Pamulangan jurnalis.

Tuwan Tabrani, sawênèhing jurnalis pribumi, ingkang sampun nate dhatêng nagari Walandi sinau wontên ing sêrat kabar warni-warni kangge prêluning kajurnalisan kilèn. Wiwit wulan punika ambikak pasinaon kawruh jurnalis, manggèn ing Gang Kênari, Batawi.

--- 997 ---

Banthèng.

Sampun sawatawis dintên ing pakarangan kabudidayan kaspe Kaligambang, kaprênah êlèr Lodhaya, Blitar, dipun ambah ing banthèng kathah. Banthèng-banthèng wau kêndêl sangêt, ngantos purun nyakêti pabrik. Wontên banthèng satunggal ingkang kenging kasanjata, pêjah. Kacariyos kewan wau taksih kathah panunggilanipun, pating saliwêr wontên kanan kering ngriku.

P.S.I. ing Jêmbêr.

Kawartosakên Tuwan A.M. Sangaji, pangarsa P.S.I. ing wulan punika badhe dhatêng Jawi Wetan, prêlu nuntun parêpatan. Parêpatan wau prêlu nênangi pakêmpalan P.S.I. ingkang sapunika sampun badhe pêjah. Saking pamanggihing ngakathah, ngintên bilih munduring pakêmpalan wau jalaran saking dayaning kabudidayan sata. Mila Tuwan Sangaji gadhah sêdya badhe damêl wêwakil dipun dèkèk ing ngriku, prêlu kangge nanggulangi tindak ingkang ngalang-alangi wau.

Asiah.

Panêmpuhipun wadya parentah.

Syanghai 26 Juli (K.P.). Wadya anggêgana parentah andhawahi bom ing kitha Cèngco ngantos tigang dasa rambahan, lan ugi nindakakên sanjata mêsin. Sêtatsiun sêpur ing Cèngco tuwin up kuwartir Pèngyu Syang karisakan, wontên saradhadhu pintên-pintên dasa nandhang tatu.

Wadya Hanpung Ci ing têngah dalu têmpuh kalihan wadya rêrêsah, migunakakên mriyêm tuwin sanjata.

Komêndhan ingkang nyantosani margi sêpur ing Puko, Cangli Sang, kapatah anjagi tindaking tiyang awon, ugi anjagi bagian wingking.

Pogokan punggawa pos.

Pèiping 27 Juli (Aneta-Nipa). Punggawa pos sami mogok kados ingkang tumindak ing Glasgow, wosipun sami nêdha indhaking balănja, jalaran rêgining salaka mandhap. Sampun sawatawis dintên sami botên purun ngêcapi prangko ing sêrat-sêrat ingkang badhe dipun bêkta mil, nanging tumrap sêrat ingkang kasêsa botên kandhêg.

Kawartosakên malih, bilih juru nglampahakên sêrat pos ing Tinsin ugi gadhah tindak makatên.

Panêmpuh enggal.

Syanghai 28 Juli (K.P.). Wadya parentah sampun wiwit nêmpuh Cinpurilwe, saking têngah, kiwa tuwin têngên, cacahing wadya 150.000 dipun senapatèni Liyu Sih.

Lajêng wontên pawartos saking Yocèng Cun, bilih watês Sucang sampun kenging karêbat, sanjata ingkang kabêskup ewon. Bilih lêstantun pangangsêgipun, gadhah pangajêng-ajêng sagêd ngrêbat Sucang.

Eropah.

Sêsakit lare.

Paris 27 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Sêsakit lare ing Alsace Lorraine saya tumular, lare ingkang katrajang mèh 300.

Wartos bab kasangsaran.

Rome 27 Juli (Aneta-Nipa). Cacahipun tiyang kasangsaran miturut pêpetangan opisil, dumugining jam 8 tanggal 26 ingkang pêjah wontên 2142, nandhang tatu 4551. Ugi taksih wêwah malih.

Avellino 27 Juli (Aneta-Nipa). Srinata Emmanuel anggènipun tindak papriksa dhatêng papan kasangsaran lajêng, wanci byar dumugi ing Ariano, angrawuhi padhusunan-padhusunan tuwin papan ingkang sungil-sungil, badhe nulungi têtiyang ingkang sami kurugan.

Jalaran saking wontêning kasangsaran wau, ministêr babagan arta praja, ngundurakên tumindaking pamupuning paos tumrap têtiyang ing papan kasangsaran.

Pêtulungan.

Avellino 28 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Têtiyang ingkang sami nandhang tatu sampun sami dipun bêktani dhatêng griya sakit, tuwin saking sêtatsiun pitulungan, sampun mêndhêti lare-lare lola kabêkta dhatêng griya pamulasaran utawi kakintunakên dhatêng kulawarganipun ing salaladan Itali. Ingkang dipun lilani ngambah papan kasangsaran, namung tiyang ingkang manggih bêbaya tuwin tiyang ingkang mitulungi.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4889 ing Tambak. I. Ingkang angsal lêlahanan punika manawi nglêbêtakên lêngganan 5, namung ambayar 4. II. Dintên Slasa Pon wulan Ruwah 1841 dhawah tanggal 8 Agustus 1911. III. Sêrat kabar ingkang panjênêngan dangonakên mêksa dèrèng angsal katrangan, bokmanawi kalintu namanipun kemawon.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2347 ing Kintêlan. Tanggal 21-7 kula nampi pos wisêl saking panjênêngan f 3, wasana kaping 26-7, nampi malih inggih samantên. F 3 ingkang kantun punika tumrap Kajawèn kuwartal I lan II taun 1931. Kauningana.

Lêngganan nomêr 2785 ing Bunut. f 3 sampun katampi. Botên ngabarakên ing ngriki, awit botên gêgayutan kalayan bab sanès-sanès ingkang prêlu. Mindhak ngêbak-êbaki papan, nun.

Lêngganan nomêr 2981 ing Têgalgănda. Dhuplikat 58t/m60 sampun kakintun. Punapa adrès M. Sastrosendjojo punika botên lêrês.

--- 998 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

3.

[Dhandhanggula]

lan kanyatan kalamun rasêksi | kang ngrêrusak têntrêming pratapan | anggêgodha salamine | kongsi mawèh margiyuh | mring sanggyaning para sêmadi | nanging sawusing sirna | ingkang para diyu | mêksa prapta tanpa pêgat | anggili lir praptaning kang toya mili | angêlèbi pratapan ||

mung Sang Rama tan pisan gumingsir | nadyan wuwuh kongsi sèwu lêksa | mêksa sirna sakabèhe | datan pae sinapu | satêmahan sirna agusis | riwusing paripurna | nênggih sang awiku | asêsanti jaya-jaya | tanpa pêgat anggung ngalêmbana luwih | maring sang prawirèng prang ||

kang minăngka tandhaning suka sih | sang pandhita ngaturi gêgaman | kang mawarna sarwa sae | samya pusaka luhung | kang salami pinundhi-pundhi | datan kêndhat nambrana | lan mudya gumrumung | Sang Rama dahat pinudya | kang satuhu satriya tungguling jurit | wimbuh maksih taruna ||

II. Gandhewa pusaka.

[Sinom]

samana satriya Rama | têntrêm nunggil sang maharsi | kalangkung dèn êla-êla | wusana Sang Rama myarsi | kalamun wontên aji | kang dahat dibya linangkung | nama Prabu Janaka | prajanira ing Mitili | misuwur yèn kagungan sanjata dibya ||

yèku awarni gandhewa | asli saking dewa luwih | kagunganira Hyang Siwah | tumurun pinaringkên mring | lêluhurirèng aji | kongsi praptèng mangke lulus | dinarbe sri narendra | Sri Rama ing dalêm batin | kumacèlu ing mangkya arsa uninga ||

amarêngi duk samana | kalamun sang maharêsi | arsa sowan Sri Janaka | Sang Rama dahat minta sih | maring sang maharêsi | yèn parêng arsa tumutur | sowan Prabu Janaka | sang awiku nayogyani | wosing karsa mung kèlu arsa uninga ||

yèku warnining gandhewa | kang dahat kasrusèng[4] bumi | sang wiku mangayubagya | malah kapanujwèng galih | awit sang rêsi ugi | wus darbe cipta ing kalbu | sri Ramarsa ginawa | umarêk natèng Mitili | angêdêgi wêdharing kang sayêmbara ||

yèku Sang Prabu Janaka | wus akarya pasanggiri | mring pangeran kang kawawa | amênthang langkap sayêkti | antuk ganjaran aji | tinariman putranipun | putri endah ing warna | pêparab Sang Sita Dèwi | wus misuwur sapraja tan ana madha ||

awit sang wiku wus ngira | lamun Sang Rama ngrampungi | lan wus pantês yèn anggarwa | marang putri ing Mitili | dadya aran mêthuki | ciptaning kêkalihipun | baya wus karsèng dewa | mêdhar eloking sasami | datan kêni ginayuh lawan pangira ||

samana nuli budhalan | Sang Rama miwah sang rêsi | ing marga tanpa sangsaya | pra janma kang samya uning | tan kêndhat atur puji | mring tindakira sang wiku | miwah satriya Rama | kang mêntas unggul ing jurit | tansah antuk pambagya samarga-marga ||

ing mangkya murwèng carita | jatinira Sita Dèwi | dumadi sing kaelokan | mangkana purwane nguni | nênggih sri narapati | Mitili dahat misuwur | adil miwah waskitha | cinakêt maring dewadi | myang rahayu lulus tinêngga ing bagya ||

sri narendra datan kêndhat | dènira ulah samadi | kacarita duk samana | sri narendra amarêngi | adhudhuk-dhudhuk siti | arsa mangun papan luhung | măngka bale pamujan | dupi pandhudhuking siti | wusing lêbêt wontên wanodya katingal ||

jumêdhul saking bantala | dahat sulistya ing warni | datan wontên kang uninga | mawèh kampitaning ati | ngadêg nèng ngarsa aji | umèsêm sarwi umatur | mugi nata marêngna | ambêkta kondur mring puri | lan sri nata parênga amundhut putra ||

sri narendra panudyèng tyas | nulya pinundhut sang putri | tinunggilkên lan pêputra | anèng sajêroning puri | winruhkên silastuti | tataning putri kadhatun | wêkasan sang kusuma | wus tan pae putri aji | myang sri nata ugi dahat ing sihira ||

nanging sri nata sihira | ing sêmu winoran ering | dening umèngêt sanyata | praptanira sang suputri | anèng praja Mitili | kanthi kaelokan luhung | datan kêni kinira | marma pantês dèn wastani | yèn sang putri paringe ibu pratala ||

mangkya dupi wus diwasa | sang prabu nulya anggalih | mikramakakên sang rêtna | nanging tan wontên nujoni | wusana pasanggiri | singa pangeran kang punjul | kawawa mênthang langkap | pasthi jinodho sang dèwi | yèku măngka ganjaraning sayêmbara ||

wus kathah putraning nata | kang samya ngayati kardi | nanging cabar tanpa karya | tan pisan bangkit ngrampungi | nadyan mung ngangkat ugi | tan kuwawi sanggyanipun | têmah mung antuk wirang | mundur palarasan aglis | parandene kang prapta datanpa kêndhat ||

nulya Risang Rama prapta | minta arsa angayati | samana punang gandhewa | gumlethak sajroning pêthi | nèng nginggiling padhati | rinêngga sêkar sarwa rum | Sang Rama nulya ngasta | gandhewa mung cinangkiwing | ènthèng ampang lir godhong pari kewala ||

Sang Rama nuli tumandang | umênthang gandhewa luwih | kanthi angêtog karosan | gumêrot anggêgirisi | bumi kadi agonjing | mawèh giyuhing sadarum | têmah punang gandhewa | atikêl dadya kêkalih | samya gawok sadaya ingkang uninga ||

ing samangkya wus kanyatan | Sang Rama tuhu linuwih | dene angêntasi karya | wênang mênthang tikêl kalih | măngka wus dèn ayati | para satriya linangkung | gagah sarwa prakosa | nanging tan pisan nguwisi | ing wusana pinangguh sarwa sakeca ||

kalangkunganing Sang Rama | dadya tăndha wus pinasthi | lamun jatukrama lawan | putri adi ing Mitili | apan makatên ugi | mênggahing sang kusumayu | mung pantês dhaup lawan | satriya punjul ing bumi | myang prajurit kadi sang satriya Rama || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [999] ---

 


wontên. (kembali)
§ Pawartos ing bab wontênipun culik, punika tanpa kêndhat tansah wontên kemawon. Malah ing wêkdal punika ing Batawi nuju wontên pawartos bab culik, dipun cariyosakên culik wau ngambah ing pakampungan, numpak oto abrit alit, sagêd ngambah ing pundi-pundi. Sumêbaring pawartos wau inggih angeram-eramakên, ngantos sabên pakampungan têtiyang sami ngraosi bab wau, lan ugi tansah mindhak-mindhak anggènipun martosakên. Nanging bab pawartos makatên wau, botên liya inggih namung pawartos kalawora [lalawora] kemawon. (kembali)
punika. (kembali)
kasusrèng. (kembali)