Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10-04, #567

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10-04, #567. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10-04, #567. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 80, 10 Jumadilawal Taun Jimawal 1861, 4 Oktobêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [1275] ---

Ôngka 80, 10 Jumadilawal Taun Jimawal 1861, 4 Oktobêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Lêlampahan Gêgayutanipun kalihan Panacah Jiwa

Ing saindênging tanah Jawi samangke sawêg rame katindakakên panacah jiwa, nanging ing ngriki kula botên badhe nyariyosakên ing bab punika, awit ing Kajawèn ngriki sampun asring ngêwrat karangan ingkang gêgayutan kalihan wontênipun panacah jiwa wau. Dene ingkang badhe kula obrolakên samangke tuwuhing lêlampahan ingkang gêgayutan kalihan bab wau.

Tumrap ing kitha Batawi, salêbêtipun panacah jiwa punika katindakakên, prasasat nuwuhakên satunggiling: pagêblug, sanadyan botên adamêl tiwasing jiwanipun manusa. Murih cêthanipun, kados prêlu kacariyosakên mênggah wujuding pagêblug wau.

Para maos ingkang sampun nate ngumbara wontên ing Batawi, têmtunipun sampun sami uninga, bilih têtiyang ingkang sami sade sayuran wontên ing kitha Batawi punika, sanès têtiyang kitha ngriku, nanging ingkang kathah tiyang dhatêngan saking Bogor, Sukabumi, Cianjur lan sapiturutipun. Sarêng panacah jiwa wau dipun wiwiti katindakakên, têtiyang wau lajêng sami mantuk dhatêng padhusunanipun piyambak-piyambak. Jalaran saking punika amila ing Batawi lajêng tuwuh pêgêblug ... sayuran. Sintên ingkang karêm gudhêg, kapêksa kêdah narimah dhahar: opor ayam, sintên ingkang karêm buntil lumbu, kêdah narimah dipun santuni: lapis, dene ingkang karêm dhahar osèng-osèng kangkung, inggih kapêksa kêdah narimah dhahar: sambêl gorèng abon. Ingkang rêkaos ngêmungakên para ingkang sabên dintên kêdah dhahar bayêm, murih padharanipun sagêd lêmês, hla, punika botên wontên gantosipun kajawi sabên dintên kêdah ngunjuk: wedang têmulawak, utawi sabên saminggu sapisan kêdah dipun galontor ... kastroli.

Dene sabab-sababipun anggèning têtiyang sade sayuran sami mantuk dhatêng padhusunanipun piyambak-piyambak wau, kados adat inggih jalaran saking lêpat wèsêlipun prentahing para priyantun pangrèh praja ingkang andhap-andhap. Pancèn inggih kêrêp kemawon kalampahan, bilih dhawuh saking nginggil sae, nanging sarêng dumugi ingkang ngandhap piyambak, cara Tionghwanipun lajêng: bisae: sangêt. Kados ta upaminipun makatên, saking nginggil wontên dhawuh: sabisa-bisa wong-wong kudu ambantu pagaweane pabrik. Lo, dhawuh wau rak wontên ungêl-ungêlanipun: sabisa-bisa, têgêsipun: nèk bisa ambantua, nanging nèk ora bisa, iya ora dadi ngapa. Nanging dhawahipun wontên ing ngandhap, têka lajêng wontên ingkang malih makatên: wong-wong kudu padha nyambut gawe ana ing pabrik. Dhawuh ingkang makatên wau sajak ngêmu raos: sawahmu ora prêlu kogarap, luwih bêcik dolên bae nyang pabrik. Samantên sagêdipun ewah dhawuh ingkang saking nginggil, manawi sampun dumugi ingkang ngandhap babarpisan. Makatên ugi mênggahing dhawuh ing bab panacah jiwa.

Dhawuh saking nginggil pisan pancèn inggih sampun lêrês, ing ngriku namung kadunungakên: ing sarèhning waragadipun panacah jiwa sahohah botên kantên-kantênan kathahipun, panindakipun wau kêdah ingkang lêrês [lê...]

--- 1276 ---

[...rês] sampun ngantos nguciwani. Nanging sampun dados adat wontên ing ngalam donya punika, lampahing dhawuh saking nginggil punika, botên lajêng anjujug dhatêng ngandhap kemawon, nanging mawi mompar-mampir rumiyin, upaminipun: ingkang rumiyin piyambak mampir dhatêng karesidhenan, lajêng dhatêng kabupatèn, dhatêng kapatihan, kawêdanan, makatên sapiturutipun ngantos dumugi ing kalurahan, saking ngriki lajêng sawêg kasêbar dhatêng tiyang alit. Ing môngka limrahipun, dhawuh punika manawi anggènipun kampir ingkang kapisanan lajêng korèngên, dumuginipun ingkang ngandhap pisan, inggih lajêng krowak bungkrah. Makatên ugi lampahipun dhawuhing bab panacah jiwa wau, sarêng dumugi priyantun pangrèh praja ingkang andhap piyambak, inggih lajêng wontên ingkang nuntên santun salaga. Punapa malih para lurah punika kathah ingkang taksih sami angèngêti lêlampahan-lêlampahan ing kala rumiyin, inggih punika: manawi wontên dhawuh saking nginggil, ingkang wusananipun lêpat tumindakipun, punika limrahipun ingkang dipun thuthuk langkung rumiyin, inggih para lurah-lurah. Ingkang makatên punika mênggah rumaosipun para lurah sampun ngantos sagêd kalampahan malih sarta lajêng sami kêncêng sêdyanipun, murih tumindakipun panacah jiwa sagêda sae sampun ngantos nguciwani. Jalaran saking punika, sawênèhing lurah lajêng suka parentah dhatêng têtiyang ing dhusunipun, supados salêbêtipun panacah jiwa katindakakên punika, sampun ngantos wontên tiyang ingkang nilar dhusunipun. Dene sintên ingkang kêkesahan ing kala punika, badhe kaukumakên. Ingkang punika têtiyang ing dhusun-dhusun ngriku, ingkang sami ngumbara wontên ing sanès-sanès nagari, inggih lajêng gurawalan sami mantuk dhatêng dhusunipun piyambak-piyambak. Makatên ugi para tukang sayuran ing Batawi, bokmanawi inggih jalaran saking dhawuhing lurahipun piyambak-piyambak ingkang suraosipun kados kasbut nginggil wau, anggènipun lajêng kesah saking Batawi punika. Upami kenginga maibên, anggèn kula samangke katingal kêmbuk-kêmbuk jalaran kêkathahên nêdha daging, nanging kirang anggèn kula nêdha bangsaning sayuran, punika ingkang pantês kula paibên, botên sanès kajawi: mas lurah mas lurah wau.

Sampun sampun, kados cêkap samantên kemawon, samangke sami ngrêmbag sanès-sanèsipun, ingkang ugi gêgayutan kalihan wontênipun panacah jiwa wau.

Sanadyan para maos têmtunipun sampun sami mangrêtos, mênggah ingkang sami dados pambantunipun pakaryan panacah jiwa, murih cêthanipun ing ngriki kados prêlu katêrangakên sawatawis. Kajawi para panuntunipun, ingkang ambantu dhatêng pakaryan wau wontên kalih golongan, inggih punika: golongan tèlêr (teller), têtiyang ingkang kajibah anacahakên jiwa, tuwin: dhepoodhêr (depothouder) têtiyang ingkang kapatah nocogakên padamêlanipun para juru panacah jiwa wau. Ing ngriku kados botên prêlu kacêthakakên, sapintên pituwasipun para dhepoodhêr tuwin tèlêr wau, salêbêtipun anindakakên padamêlan nacahakên jiwa salêbêtipun sawatawis dintên punika. Awit tumrapipun kula piyambak, manawi wontên tiyang nêrang mênggahing blônja kula sabên wulanipun, punika kula sok lajêng mangkêl. Jalaran manawi kasumêrêpan, bilih blônja kula namung sakêdhik, sampun botên kemawon, manawi kok lajêng dipun tambêli kêkirangan kula, bêgja-bêgjanipun kula bokmanawi lahmalah. dipun èncêpi, kanthi ing batos mawi ngudaraos makatên: O, hla wong blônja têka mung sauprit mêngkono, kanggo tuku rokok bae rak ora cukup. Dene manawi blônja kula kathah, pitakènipun lajêng tharik-tharik, kados ta: titêl kula: mas radèn punapa radèn mas, malah manawi dhong kapinujon, lajêng dipun pitakèni: sampun gadhah semah punapa dèrèng. Dene manawi dèrèng, kadhangkala sok lajêng kados wêwaosan wontên ing kalawarti punika, mawi: badhe kasambêtan.

Amangsuli ing bab para pambantunipun pakaryan panacah jiwa. Para panuntuning pakaryan wau, kabaripun sami anglairakên gênging panggalihanipun, dene racak-racakipun para dhepoodhêr tuwin para tèlêr sami tumêmên anggènipun nindakakên padamêlanipun. Para dhepoodhêr prasasat botên nate mêdal saking kantoranipun. Sadintên-dintênipun anggèning anocogakên tuwin nitipriksa padamêlanipun para tèlêr ngantos 13 dumuginipun 15 jam. Dene manawi wontên tèlêr ingkang lêpat anggèning nacahakên, dhepoodhêr anggènipun nêrang-nêrangakên kalêpatanipun wau, inggih kanthi sabar lan talatos, ingkang anjalari enjingipun lajêng sagêd nindakakên padamêlanipun ingkang kanthi samêsthinipun.

Dene satunggil-tunggiling tèlêr punika gadhah bagian wêwêngkon piyambak-piyambak, ingkang kêdah karampungakên dangu-dangunipun 14 dintên. Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih racak-racakipun, para tèlêr punika panyambut damêlipun sami tumêmên-tumêmên, malah wontên salah satunggiling tèlêr ing Tanjung priuk, ingkang mêmpêng sangêt anggèning nindakakên padamêlanipun, ngantos padamêlan ingkang mêsthinipun kêdah kagarap 14 dintên, punika dipun borong karampungakên namung salêbêtipun sadintên, tur angsal-angsalaning padamêlanipun wau, inggih: prêsis, botên kirang satunggal punapa.

Kosokwangsulipun, sanadyan namung satunggal kalih, inggih wontên tèlêr ingkang tindakipun: bisae, kados ta: nariki artaning têtiyang ingkang dipun cacahakên jiwanipun, ngapus-apusi, lan sasaminipun. Tujunipun ingkang gadhah tindak makatên punika namung satunggal kalih, upami kathah harak inggih sagêd kalampahan rê ... muk.

Minôngka mungkasi obrolan kula punika, ing ngriki nyariyosakên sakêdhik, mênggah tangkêpipun têtiyang ing Bêtawi ngriki dhatêng para tèlêr wau. Botên ngêmungakên dhatêng para bôngsa Eropah kemawon, sanadyan ing kampung-kampung tuwin ing Pacinan, para tèlêr sami dipun tampi kanthi sukaning manah. Malah wontên ing griyanipun bôngsa Eropah, para tèlêr wau sami dipun lênggahakên ing kursi, sawênèh wontên ingkang sinêgahan wedang, limun, srutu, rokok sigarèt, lan sasaminipun. Upami anggènipun nacahakên jiwa wau, kalêrês wanci dhahar, kintên kula inggih wontên kemawon, tèlêr ingkang enjingipun gadhah tirahan ... sêkul wadhang, jalaran pêpancènipun piyambak botên kadhahar. Punapa malih manawi nacah jiwa wontên ing griyanipun tiyang ingkang sawêg kêndhuri, yèn wontên bêgjanipun, sagêd ugi kalampahan mantuk ambêkta ... brêkat.

Pênthul.

--- 1277 ---

Jagading Wanita

Olah-olahan Jawi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 79)

11. Gorengan.

Sawarninipun ulam jêroan, punika kenging kagorèng, bumbunipun sarêm akalihan asêm.

12. Sate

Ulam daging utawi jêroan, kairisan alit-alit, mawi dipun sunduki ing sujèn manawi sampun kabumbonan. Bumbunipun: sarêm, tumbar, jintên, bawang tuwin gêndhis, matêngipun kabakar mawi latu mawa.

13. Sate pênthul.

Ulam daging kacacah lêmbat, bumbunipun sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar, kêmiri tuwin gêndhis, lajêng kaulêd kalihan parudan kalapa sarta lajêng dipun êndhèg-êndhèg wontên ing sunduk anama abing, matêngipun ugi kabakar kalayan latu mawa. Tumrap ing tanah wetan, sate pênthul kados makatên punika dipun gorèng.

14. Ulam duduh.

Ulam daging, koyor tuwin ati kairis-iris, bumbunipun: sarêm, traos, salam, laos, brambang, bawang tuwin kunir, kagodhog kalihan santên.

15. Pindhang

Ulam daging kairis-iris, bumbunipun: sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, lombok tuwin kaluwak sami kaulêg, lajêng kagodhog kalihan santên.

16. Brongkos.

Bumbunipun sami kalihan pindhang, namung ulaminipun kasuwir-suwir, sarta lombokipun karajang.

17. Blêketho.

Ulam kisi, bumbunipun sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, gêndhis tuwin rajangan lombok, kagodhog kalihan santên kanil ngantos kênthêl.

18. Untup-untup.

Ulam gajih tuwin koyoran, kawoworan kacang cina, bumbunipun: sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, lombok kasigar-sigar, lajêng kagodhog kalihan toya.

19. Gêcok gênêm.

Ulam daging tuwin koyoran, kawoworan balimbing wuluh dipun rajang, bumbunipun: sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, lajêng kagodhog kalihan santên.

20. Gadhon.

Ulam daging kacacah lêmbat, bumbunipun: sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar, jintên, salam, [sa...]

--- 1278 ---

[...lam,] laos, lajêng dipun ulêd kalihan santên tuwin tigan, sarta lajêng dipun wungkusi, matêngipun kalayan dipun dang.

21. Bothok jambal.

Ulam jambal dipun iris-iris, bumbunipun kagorèng rumiyin, sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, lombok tuwin kêmiri, bilih sampun matêng: kaulêg lêmbat, lajêng kabumbokakên ing ulam wau, sarta lajêng dipun wungkusi, matêngipun dipun dang.

22. Bothok angkrik.

Ulam rêmpêla ayam dipun rajang, bumbunipun: sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, kêncur, lajêng dipun wungkusi mawi santên, matêngipun kalayan dipun dang.

23. Bothok bungkil 24. bothok urang tuwin 25. bothok balênyik.

Bumbunipun sami kemawon: sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, lombok ijêm karajang, mawi kawoworan so tuwin parudan kalapa, lajêng dipun wungkusi, matêngipun dipun dang.

26. Gendho urang.

Punika parudan kalapa ênèm, utawi nama kêmendho: kacaruban urang, bumbunipun: sarêm, brambang tuwin kêncur, mawi katoyanan ing toya kalapa wau, lajêng dipun godhog.

27. Gêmbrot.

Punika inggih parudan kalapa ênèm, mawi godhong sembukan, bumbunipun: sarêm, bawang, lombok, gêndhis, jêram purut, laos, dipun lintingi lajêng kagarang. Badhe kasambêtan.

Biyang Bocah.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun bêndungan balumbang irigasi ing Pamarayan, Bantên.

--- 1279 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus.

Pamriksaning têtêdhan sanès-sanèsipun.

Ingkang langkung prêlu tumrapipun ing kitha-kitha alit, utawi ing dhusun-dhusun, têtêdhan ingkang wontên ing blèg utawi gêndul (Conserven) kapriksanana ingkang titi, awit têtêdhan punika manawi sampun risak, katêdha dening tiyang sagêd anjalari nukulakên sêsakit ing wêtêng utawi sanèsipun.

Pandamêlipun Conserven têtêdhan daging utawi sayuran, sasampunipun dipun bêntèri (Stoom) ngantos 1000C kalêbêtakên ing blèg, lajêng dipun patri, ingkang kalêbêtakên ing gêndul dipun sumpêli rapêt sayêktos.

Papriksanipun blèg-blèg ingkang isi ulam utawi sayuran wau kêdah dipun titi, punapa blègipun taksih wêtah, punapa lingir-lingir utawi pojok-pojokipun botên naiyèng utawi bolong, ingkang sagêd dados margi anjalari baktèri lumêbêt ing isinipun, lajêng dados risak utawi bosok.

Adat blèg-blèg ingkang isi wau ingkang taksih sae katingal radin, trêkadhang ragi lêkok utawi amblês. Manawi blèg-blèg wau katingal malêmbung utawi mêndhukul, punika mratandhakakên ing nglêbêt blèg wontên gasipun, jalaran isinipun sampun risak utawi bosok.

Manawi blèg-blèg wau wontên ing nglêbêt pêthi agêng, papriksanipun amêndhêt 10% saking isinipun pêthi, lajêng kapriksa satunggal-satunggal ingkang titi, ambujêng gampilipun lan enggal, blèg-blèg ingkang badhe kapriksa wau satunggal kalih kabikak, dados katingal cêtha sae awonipun, ananging manawi pancèn sampun katingal cêtha sae ing sajawinipun, blèg wau inggih botên prêlu kabikak, gumantung ingkang mriksani.

Papriksanipun, glêpung (gandum) utawi sanèsipun, glêpung dipun ambêt, manawi mambêt pênguk utawi apêk, lan wontên kewanipun alit-alit, kadosdene ulêr alit-alit, nandhakakên, bilih glêpung wau sampun risak utawi botên kenging kadamêl roti panganan utawi sanèsipun.

Papriksanipun uwos, ingkang prêlu peranganing kathah kêdhikipun phosphorzuur (kapriksa dening ingkang ahli ing laboratorium), sampun katêrangakên ing bab sêsakit bèri-bèri.

Ulam lèpèn, kêdah kabêkta gêsang dhatêng pêkên, ulam sagantên utawi ulam lèpèn ingkang sampun pêjah kenging kasade manawi taksih enggal pêjahipun. Kêtawisipun ulam pêjah ingkang taksih sae cêpênganipun kakên, lan angsangipun taksih abrit ambranang, manawi katingal kados makatên, ulam nêmbe kemawon pêjah, sae kaolah lan katêdha.

--- 1280 ---

Bab Ringgit

Bathara Nagatatmala

Bathara Nagatatmala punika putranipun Sang Hyang Anantaboga, sakalangkung bagus ing warni. Jalaran saking bagusipun wau, ingkang rama sangêt ing pangemanipun, botên kauningakakên ing Hyang Endra, awit saupami kauningan, tamtu kapundhut dados prajurit ing kaendran, dening kaparêngipun Hyang Endra, sadaya para neneman sami dipun wajibakên dados prajuritipun. Tindakipun Hyang Anantaboga makatên wau nama andhêdhêr kalêpatan.

Kacariyos Hyang Anantaboga kapiji ing lampah baris wontên ing Suralaya, amargi katêmpuh ing ditya Raja Prabu Karungkala. Anggènipun baris ngantos dangu.

Kala punika Bathara Nagatatmala pitakèn dhumatêng ingkang ibu, ingkang rama wontên ing pundi. dhawuhipun: ramanira lagi piniji gawe dening Hyang Endra, baris ana ing Suralaya. Aturipun Bathara Nagatatmala: manawi makatên, kula kaparênga nusul. Ingkang ibu mangsuli: iku aja kulup, awit wêlinge ramanira, sira ora kaparêng nusul. Nanging Bathara Nagatatmala adrêng ing panggalih, awit kapengin sumêrêp Suralaya. Sarêng ingkang ibu mirêng aturing putra makatên wau, lajêng ngandika: dhuh kulup, lamun sira mung arêp sumurup kaananing Suralaya, iku gampang bae. Ramanira kagungan cupu manik, manawa binuka, sira bisa sumurup kaanane Suralaya kabèh.

Sasampunipun ngandika makatên, ingkang ibu lajêng ambikak cupu manik, Bathara Nagatatmala lajêng mariksani, ing ngriku sagêd sumêrêp kawontênanipun ing Suralaya, dalah ingkang rama ingkang nuju baris wontên ing ngriku inggih katingal cêtha. Dangu-dangu Bathara Nagatatmala sumêrêp warninipun Dèwi Mumpuni, garwanipun Hyang Yamadipati. Sarêng Bathara Nagatatmala sumêrêp dhatêng warninipun Dèwi Mumpuni lajêng kasmaran, nanging namung kaênêb wontên ing batos, botên kawêdhar dhatêng ingkang ibu. Wusana Bathara Nagatatmala nilapakên ingkang ibu, tindak dhatêng Suralaya.

Sadumugining Suralaya, Bathara Nagatatmala lajêng anjujug panggenanipun Dèwi Mumpuni, wusana sami pinuju ing galih, lajêng katrêm wontên ing ngriku. dangu-dangu Bathara Nagatatmala kadênangan ing Hyang Yamadipati, Hyang Yama sangêt ing dukanipun, sarêng dipun takèni ngakên manawi putranipun Hyang Anantaboga, wusana dados pêpêrangan, nanging Hyang Yama kasoran, lajêng dipun biyantu ing para dewa, ugi botên wontên ingkang sagêd ngawonakên. Wusana lajêng dipun lapurakên dhatêng Hyang Endra, andadosakên kalêpatanipun ingkang rama, sapisan kalêpatan anggènipun ngumpêtakên putra, kaping kalih kalêpatan, dene putranipun damêl rêsah wontên ing Suralaya, wusana Hyang Anantaboga kalêbêtakên dhatêng yumani. Nanging bab punika botên andadosakên suruting tindakipun [tindaki...]

--- 1281 ---

[...pun] Bathara Nagatatmala, satêmah damêl kawêkènipun Hyang Yama. Wusana Hyang Yama lajêng damêl jalaran luwaripun Hyang Anantaboga saking yumani, namung gadhah pamurih supados sagêd nyêpêng Bathara Nagatatmala. Nanging Hyang Anantaboga malah lajêng misik putra, supados kesah, suwitaa Prabu Wisnupati ing nagari Mêdhangkamulan, Dèwi Mumpuni kadhawuhan ambêkta.

Kalampahan Bathara Nagatatmala suwita Prabu Wisnupati, ingkang sajatinipun Hyang Wisnu, dahat angsal sih.

Ing têmbe Bathara Nagatatmala angsal pangapura saking pitulunganipun Prabu Wisnupati, jalaranipun Prabu Wisnupati sinaraya nyirnakakên mêngsah, inggih kadugi manawi Bathara Nagatatmala dipun apuntên ing dosanipun, wusana kalampahan angsal pangapura, mêngsah ing Suralaya inggih lajêng sirna dening Prabu Wisnupati.

Bathara Nagatatmala kanggêp sangêt pangawulanipun, saha sarêng tinarimah anggènipun sagêd numbali praja nalika kataman pagêring, kaganjar winisudha dados ratu, kaparingan nama Prabu Anindrataya. Wusana muksa dados dewa malih nalika kasoran pêrang kalihan Raja Kalana.

Limrahipun ing padhalangan, Bathara Nagatatmala namung sinêbut radèn utawi bambang, Radèn Nagatatmala inggih gêgayutanipun kalihan Pandhawa, awit kadangipun Radèn Nagatatmala, Dèwi Nagagini kagarwa kalihan panênggak Pandhawa, ngêdali Radèn Ôntarêja.

Sawangan ing Grêsik, Surabaya

[Grafik]

Gambar nginggil punika lêmbu-lêmbu ingkang sawêg sami nyabrang lèpèn, ingkang badhe dipun êngèn ing pinggir lèpèn wau.

--- 1282 ---

Raos Jawi

Aditama Wardaya iku Marganing Sawarga

[Dhandhanggula]

ananira kang gumlar sakalir / wus kanyatan kwasaning Pangeran / tan kuciwa mêmanise / kalamun tinalusur / titahing Hyang kang sarwa kumlip / datan ana kang sama / mawarna sawêgung / nadyan titah ingkang nyamar / suprandene datan bisa angêplêki / nyata elok kaliwat //

diudia lamun arsa mruhi / mring perangan ananirèng titah / amung janma luhur dhewe / nadyan sato kang agung / miwah ingkang galak kapati / paksa karèh ing janma / linulut anurut / nanging nadyan mangkanaa / paksa akèh ingkang datan ngrumasani / luhuring drajadira //

têtumanên aywa nguciwani / pangungsêde anggayuh kotaman / dimèn lulus dêdalane / wartane kang wus gambuh / laku bênêr ingkang murwani / tuking marga kamulyan / yèku kang tinunu /tinuju. nging tan kêna ginampangna / cêthanira bisa bênêr iku kaki / mulat ring kasisipan //

mapanake patrapira kadwi / yèn wus paham gya kêni ingaran / têtêp wêruh manungsane / kalamun kongsi kurup / ngilangake talêring janmi / nulya pêpindhanira / lir sato satuhu / dadya asor têmahira / labêt saking datan wêruh bênêr sisip / yogya dèn pinardia //

wardinira kang wruh bênêr sisip / yèku wêruh adiling khukhum khak / dadya bêcik ing uripe / nadyan ran bêcik iku / têtêpira ngulab-ulabi / miling-miling amulat / sing ala puniku / kalamun tan ana ala / nora bakal bisa merang marang bêcik / pantês karya timbangan //

darunaning binudi nastiti / yèku marga kang bisa amarna / têtêp rukun ing lakune / nadyan sira wus wêruh / pakartine rukun sajati / numusi kasantosan / rahayu tinêmu / karya mantêp traping mitra / datan merang gumêlaring sugih miskin / lan soring drajadira //

ya ta lamun wus rukun pinanggih / parikudu rinangkêp prayoga / sih-sinihan jroning tyase / paran wardining kulup / kang ingaran sinihan mangkin / yèku tan angatrapna / tanduk kang tan urus / wahyaning kang pamicara / datan cacad-cinacad ingkang wêwadi / lair trus batinira //

iba lamun wus baud mêmardi / traping patrap ing jiwangganira / tan nalisir dhapukane / yèku ranira kulup / janma ambêg trêsna ing budi / tumusing budi trêsna / bisa dadya laku / sabar myang pamarêming tyas / tan nalôngsa kalamun manggih rudatin / tinon suka lêgawa //

kêkuwunging budi trêsna jati / datan ewah ngaku mitranira / kang lagya papa badane / tuwin malih winuwus / trêsna iku datan sêngit mring / janma kang laku cidra / mung wêlas andulu / awit kang kaya mangkana / tumrapira si budi trêsna sajati / mung mêsakke lan wêlas //

marganira wus wêruh wardining / sakèh janma kang atindak cidra / yèku bakal tuk bêndune / tuwin pidananipun / Pangeran kang amaha adil / kamulanira sira / èngêta satuhu / aywa weya lan sêmbrana / binutêngan gonira nuli mancasi / yêkti tan dadi apa //

gatinira si trêsna sajati / ing pamurih pamardinirèng tyas / marsudi mrih raharjane / marang sasaminipun / kang apindha ilining warih / nadyan asring amanggya / susah jroning kalbu / watak kawantunanira /

--- 1283 ---

kang mangkana tinêmah tan mawi gingsir / gupitaning wardaya //

ninging guna ingkang datan kanthi / kanthinira katrêsnan sanyata / tumapak gampang tuwuhe / ing laku kang tan urus / datan pantês budining janmi / de kalamun mangkana / luwung bodho kulup / tinimbang pintêr kinarya / anglakoni panggawe kang datan yukti / luwih nistha ranira //

sanadyana bodho nanging kanthi / budi trêsna ingkang ginagulang / ajinira luwih akèh / tinimbang si ambêg dur / nadyan sugih barana picis / myang drajad pangawasa / nging tan nganggo laku / kaslamêtaning wardaya / yakinira kang kadyèku pasthi manggih / bêbênduning Pangeran //

warsitaning kang para linuwih / kapintêran tuwin pangawasa / kang kanthi trêsna budine / yèku janma pinunjul / pantês lamun sinêbut kaki / musthikanirèng janma / tinulata patut / aywa wêgah ruwêdira / sinaranan atindak saranèng ririh / ruruh wruh arahira //

gêgayuhan tataning dumadi / tinalusur ayuning budyawa / akarya ayom ayême / kayoman kang maha gung / ingkang sipat rohman lan rohkhim / kang andum karaharjan / kawibawan luhur / kanikmataning samoa / tuwin swarga narakanirèng dumadi / pugut ingkang gitaya //

Rara Sriati.

Kuwukan - Kudus.

Bab Tanêman

Tarekah Anyambêt Tanêman (Cabang Jiwa)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79.

Kalamipun linincipan, kadosdene ingkang kasêbut ing Kajawèn nomêr 79, pucuking dhasar panggenan sigaran dipun sundêp lading, lajêng kaingêr sakêdhik, murih sigaranipun sagêd mênga, anuntên dipun lêbêti linciping kalam, ngantos iris-irisanipun sagêd lumêbêt ing sigaran. Kuliting kalam kagathukakên rapêt kalayan kulit dhasar, sasampuning makatên, lajêng kabalêbêt lulup, ing jawi dipun tutupi dhêmpul lilin panyambêt, kados ingkang kasbut ing nginggil.

Pratikêl nyambêt pang kêkalih sami agêngipun. Wit kalam tuwin dhasar: kêkalih dipun kêthok ngèrès-èrès mèncèng (pagas utawi tigas pacing) kados ta: wit dhasar kapagas mèncèng nêngên, kalam kapagas mèncèng ngiwa, anggèning ngiris kêdah ngangkah-angkah, murih sagêdipun mathuk trêp. Mênggah pratikêl ngêthukakên kalam kalayan dhasar: makatên patrapipun.

Panggenan ngêthukakên dipun tangsuli lulup, nuntên katutup lilin sambêtan (lilin panyambêt) murih botên kalêbêtan toya utawi hawa, dene kalamipun sampun ngantos langkung saking 3-2 dim.

Thukulan utawi bibit asli saking wiji, inggilipun watawis kalih têngah kaki, agêngipun sami kalihan potlod satunggal utawi kalih (± sajêmpol tangan) katanêm ing êpot utawi bumbung dêling saêros, manawi sampun sêgêr, panggenan [pang...]

--- 1284 ---

[...genan] ingkang dados kajêng dipun iris alus, ing têngah ragi lêbêt tinimbang iris-irisan ing ngandhap tuwin nginggil (kuwung) mênggah pangirisipun kêdah ngangge lading ingkang landhêp, samôngsa nyambêt, lading punika sampun ngantos kadêmok tangan ingkang kringêtên. Nuntên amiliha uwit ingkang jêjêg lurus, botên dhoyong, pangipun ingkang sêgêr, agêngipun watawis sami kalihan uwit kalam. Pang punika lajêng dipun krowaki kadosdene kalam wau, iris-irisan kêdah sami wiyar tuwin panjangipun kalihan iris-irisaning kalam. Nuntên dipun thukakên ngantos trêp, kuliting kalam kêdah rapêt kalihan kulit dhasar. Pot utawi bumbung wadhah wit kalam, lajêng dipun tangsuli rapêt sarana lulup ingkang dèrèng katampar, ananging sampun ngantos kêkêncêngên, mindhak aminggêtakên pang saha kulit. Nuntên amêndhêta lilin panyambêt, kagarang ing latu sarana cowèk ngantos lèdèng, sawatawis asrêp lajêng kausar-usarakên mawi dêling siladan utawi sikat ing panggenan iris-irisan, murih botên kalêbêtan toya utawi hawa, manawi badhe nyambêt kados ing ngandhap punika, prayogi ngêntosi ing môngsa rêndhêng. Amurih salêbêting êpot utawi bumbung sampun ngantos garing, ing nginggil prayogi dipun tutupi sarana lumut utawi rumput garing. Bilih watawis lami botên jawah, sadaya têtanêman kêdah dipun sirami sabên enjing sontên, punika langkung prêlu, witing dhasar sagêda sêgêr. Antawis 40-60 dintên, kalam wau kenging dipun krowak ing ngandhap, lêbêtipun gêrêtan ngantos mèh dumugi têngahing êpang, ananging sampun wiyar-wiyar, murih sambêtanipun sagêd enggal krakêt. Lêt kawan wêlas dintên, gêrêtan punika dipun lêbêtakên sakêdhik, nglangkungi têngahing pang. Watawis kawan wêlas dintên malih, manawi wit dhasar tuwin kalam sampun krakêt dados satunggal, gêrêtan ing kalam kenging lajêng dipun kêthok. Nuntên pot ingkang isi sambêtan kapêndhêm ing siti, wontên panggenan ayom. Bilih sampun sêgêr kenging lajêng katanêm ing pakarangan, ananging yèn pucuking uwit sambêtan taksih wontên godhongipun ênèm (trubusan) kalam sampun ngantos kakêthok, sarta sambêtan ugi dèrèng kenging katanêm rumiyin, kêdah nyrantosakên godhongipun ênèm wau ngantos kakên.

Bilih pot ingkang isi sambêtan sampun antawis lami kapêndhêm ing siti, nuntên witing dhasar panggenan sambêtan ing nginggil, dipun kêthok sarana lading ingkang landhêp, sarta kêdah ngangkah-angkah sampun ngantos nyengggol kalamipun. Manawi sambêtan wau sampun dados saha prayogi, balêbêdan lulup lajêng kakêthok, murih botên aminggêtakên panggenan sambêtan.

Sarana pratikêl punika, sagêd mêndhêt kalam sambêtan: 50-100 iji, saking wit-witan satunggal ingkang agêng, tur botên badhe angrisakakên. Mênggah nyambêt makatên wau, prayogi sangêt tumrap wit jêram, pêlêm sasaminipun. Badhe kasambêtan.

Sutata.

Wanasagara, Juwangi.

--- 1285 ---

[Grafik]

Nalika dintên Sabtu tanggal 27 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr ing Batawi dipun wontênakên cobèn-cobèn anggêgana ingkang wiwitan saking Batawi dhatêng Medhan wongsal-wangsul. Ingkang tumut numpak anggêgana tuwan-tuwan Nieuwenhuis (Knilm) de Vries (Aneta), Behage, Blitz lan Tuwan Peen (Knilm), jam 6 langkung mêsin mabur P.K.A.T.D. pangkat saking Cililitan, dumugi ing alun-alun enggal ing Pakanbaru jam 1 siyang, ing ngriku atusan tiyang bôngsa Eropah tuwin têtiyang siti ingkang sami mapag, saking Pakanbaru lajêng dhatêng Medhan, ngantos dumugi jam 5 sontên. Dintên Minggunipun mêsin mabur wau anggêgana ing sanginggiling kitha. Dintênipun Sênèn wangsul dhatêng Batawi anglangkungi Pakanbaru. Gambar ingkang nginggil nalika mêsin wau badhe pangkat saking Cililitan. Dene gambar ingkang 3 pisan ing ngandhap, dipun gambar nalika mêsin mabur wau dumugi ing Pakanbaru.

--- 1286 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab kaum ringkih, ingkang botên ringkih.

Petruk: Ora Kang Garèng, ing sarèhning ana ing ngalam donya kiyi anggonmu mangan sêga wadhang karo êndhog crubuk, wis luwih lawas katimbang aku, kiraku, mungguhing pitakonku sapisan kiyi kowe wis mêsthi bisane amangsuli. Sanyatane aku rak ora ngrêti babarpisan sabab-sababe, dene bôngsa Walônda kuwi nèk ngarani bangsaning wanita têka kaum ringkih. Lo, iki apa anduwèni têgês wantahan apa mung palambang bae.

[Grafik]

Garèng: Lo, nèk têgêse wantahan, rak pancèn iya wis cêtha bangêt, yèn wong wadon kuwi racak-racake mêsthi luwih ringkih katimbang wong lanang, sanadyan iya ana bae wong wadon sing luwih kuwat, luwih rosa, utawa manèh luwih bantêr katimbang wong lanang. Upamane bae: sadulurmu wadon makne Si Tis kuwi, sanadyan aku lanang, wis kêna tak pêsthèkake, yèn aku nganti digêlut nyang dhèwèkne, sajêge aku mêsthi tungkul andêlêng langit bae, mulane sanadyan aku lagi dhog bae têka saka pagawean upamane, kok banjur diajak makne Tis lunga mênyang kêbon binatang, arêp ora gêlêm iya mêksa dhêg-dhêgan, bisaku iya banjur mung mangsuli: a ... . yo. Nèk lagi klopot andandani motor, kok makne Tis ngomong mangkene: Pak, pak, wong minggu-minggu kok nguthêk-uthêk motor bae, ayo tumuli dandan, padha plêsir. Aku arêp muni êmoh iya ora wani, wangsulanaku ya mung ya ... a ... yo.

Petruk: Nèk kaya ngono panêmumu, kuwi nèk rumasaku kliru, mêngko kowe rak kalakon diarani: wong lanang kêsasaban poncoting tapih. Mungguh jaman saiki, pancèn iya wis dudu jamane, yèn wong lanang siya nyang wong wadon, nanging kosokbaline: wong wadon iya ora kêna, yèn banjur arêp sawiyah-wiyah karo wong lanang. Dadi siji lan sijine kudu sing padha-padha, kudu êmong-kinêmong. Nanging sangêmong-ngêmonge wong lanang nyang wong wadon, wong lanang kudu anduwèni kêkêncêngan pikir, aja mung nuruti apa karêpe wong wadon bae, awit wong wadon kuwi sing akèh sok rupêk budine.

Garèng: Nèk ngomong ngono pancèn iya

--- 1287 ---

gampanging gampang, nanging nèk dikon ngalakoni dhewe, apa iya bisa, hla kuwi isih jênêng sawijining pitakonan. Tandhane kowe dhewe bae, lagi anu kae kowe mangkat mulih nyang kantor bêbarêngan nunggang dhokar karo kancamu wadon tunggal sakantor. Kaya-kaya bojomu gajêg-gajêge iya ora barang-biring, mung yèn kowe pangkat ora nguntabake kaya padatan, yèn kowe mulih ora mêthukake, genea lagi sawatara dina bae anggonmu nunggang bêbarêngan, têka banjur wis kok sêtop.

Petruk: Ana unèn-unèn: wong Jawa ênggoning sêmu, lo Kang Garèng, iki pancèn nyata têmênan. Tumraping wong ahli nênitèni, wong liya ora prêlu anglairake apa sing dadi krêntêging atine, saklebatan bae, iya banjur wis bisa nyandhak. Sanadyan makne Kamprèt mung mênang-mênêng bae, mêngkono uga sarambut pinara pitu, tumraping kancaku aku ora duwe pikiran apa-apa, nanging ing sarèhning makne Kamprèt banjur salin salaga, dadi aku iya banjur nglumuhi tak lèrèni anggonku bêbarêngan.

Garèng: Upamane bojomu pancèn duwe ati mrongkol, apa iya kok anggêp salah. Kowe kudu ngèlingi, Truk, bênêr ing jaman saiki kiyi kêna diarani jaman kamajuan, nanging rèhning sêprana-sêprene, wiwit dhèk jaman biyèn tumêkane jaman saiki, tumrap dayaning lanang lan wadon, sing wis jênêng padha diwasane, isih ajêg panggah bae, dadi bab iki ora kêna ora iya kudu tansah dijaga ing samurwate, jalaran yèn pasrawungane lanang lan wadon iku kêbangêtên anggone katon rumakêt, sanadyan ta anggone pasrawungan mau, têmên-têmên sarana sucining ati, anêtêpi anggone pawongmitran, nanging suwe-suwene salah sijine sok bisa banjur thukul krêntêge: yo-ayo nang barongan. Sanadyan ora mêngkonoa pisan, nanging tumraping liyan, iya mêksa kêna ing panggrayangan sing ora bêcik. Lo, kuwi umume, Truk. Mulane wong tuwa yèn anake wis padha diwasa, anak lanang karo wadon, mêksa dilarangi yèn arêp lêlungan dhewekan bêbarêngan, lo kuwi iya mung kanggo anjaga nyang pênggrayanganing liyan sing ora wêruh yèn bocah loro mau sanyatane padha sêdulur.

Petruk: Lo, nèk rumasaku kaya-kaya rak wis adoh saka pênggrayanganing liyan, jalaran miturut kaananku, wis pantês ta upamane aku diaranana bapakne kancaku wadon mau.

Garèng: Dadi rumasamu, wong kuwi yèn wis tuwa, wis ora duwe grênjêt mrono. Aja manèh wong lanang, sing ora nganggo luwas gêtih, sanadyan wong wadon, sing kandêl isine, nèk ora kabênêran iya sok isih duwe pikiran: gêndhulak-agêndhulik. Apa kowe ora eling dêdongengane guru lan muride. Muride mau ora pracaya, yèn wong wadon tuwa kuwi sabênêre iya ana sing sok isih duwe gagasan, dhuwalolo, dhuwalolo. Sawijining dina sang guru banjur dhawuh nyang muride supaya anglêlèdhèk sawijining wong wadon tuwa, sing wis ompong tur rambute wis putih kabèh. Si murid iya banjur têrus anglakoni. Nalika sadinane, iya [i...]

--- 1288 ---

[...ya] ora barang-barang, rong dinane wong tuwa mau banjur adus kramas, têlung dinane untune sing mung karo rong printhil disisigi, barêng patang dinane rambute sing wis mabluk putih kabèh mau, jêbul banjur disêmir. Hara, apa kiyi dudu sawijining bukti, yèn jênêng wong kuwi, sanadyana wis tuwa pisan, kadhangkala iya sok isih anduwèni krêntêg ati: sir. Wis, wis, rêmbuge padha disêtop samene dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Mindhah margi sêpur.

Wontên pawartos, margi sêpur saking Bandhung, sasampunipun anglangkungi Purwakarta, wontên pasitènipun ingkang tansah mingsêr, sapunika margi wau badhe dipun pindhah, sanadyan têbih nanging pikantukipun badhe nyuda waragad ingkang tansah mêdal lumintu.

Pawartos dora.

Lêngganan Kajawèn nomêr 342 ing Tulungagung martosakên, bilih ing Tulungagung kathah tiyang pitakèn dhatêng pagantosan, punapa inggih tiyang ingkang nêbus barang ing pagantosan, upaminipun anggantosakên susuk kondhe utawi paniti, sarêng dipun têbus namung dipun sukani gagang utawi kokotipun kemawon. Pawartos makatên wau dora.

Barang kina ing Bali.

Kawartosakên, ing Bali wontên kuli-kuli damêl margi ing dhusun Kêrta, manggih trêbêla sela sakawan iji, kakintên asli sadèrèngipun jaman Indhu. Cumplung-cumplung ing salêbêting trêbêla lajêng sami dipun bucali dhatêng jurang, barang-barangipun ingkang warni mas, kuningan, tosan tuwin sela, sami dipun pêndhêti tuwin dipun sade.

Ngudi madosi morpini pêtêng.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, sarêng pangagêng ing Sukabumi tampi wara-wara bab wontêning morpini pêtêng ing wêwêngkonipun, lajêng pados katrangan. Sanadyan bab punika dèrèng manggih tôndha yêktinipun, nanging kêncêng amastani bilih ing Sukabumi wontên.

Arak pêtêng.

Pulisi ing Batawi mrangguli taksi momot arak pêtêng, wusana sagêd manggihakên pabrikipun ing Tanah Abang, Batawi. Nalika kagropyok, têtiyangipun sawêg sami nuju damêl arak, barang ingkang dados nyihna awarni: pipa agêng 9, kètèl 2 isi badhe arak 2500 litêr. Arak kêras 300 litêr, arak pêthak 100 litêr. Miturut katranganing amtênar ingkang wajib, dèrèng mrangguli papan panggenan damêl arak ingkang samantên agêngipun. Miturut tapsiran, paosipun sabên taun kintên-kintên f 18.000.-

Lotre Bat. Kinderziekenhuis.

Kawartosakên, dhirèksi Escompto ing Batawi kintun tèlêgram dhatêng Mênadho, nêdha wangsuling lotre ingkang dèrèng kasade, awit ing tanah Jawi ing sapunika panyadenipun majêng. Dados mênggahing lotre sanadyan dangua, panyadenipun inggih badhe têlas.

Pambêsmèn mayit ing Bali.

Benjing tanggal 13 Oktobêr wulan punika wanci siyang ing Bali badhe wontên pambêsmèn mayit malih, inggih punika ing satunggiling dhusun 8 km. saking Singaraja.

P.P.B.

Ing Purbalingga mêntas kawontênakên pêpanggihan, wosipun anuju dhatêng adêging pang Perhimpoenan Pegawai Bestuur. Ingkang dados juru propagandhah Tuwan Juwita saking Batawi.

Paduka Tuwan C.W. Bodenhausen.

Kawartosakên paduka Tuwan C.W. Bodenhausen, warga rad Indhia, benjing wulan Mèi taun ngajêng badhe lèrèh saking kalênggahanipun kanthi pènsiun.

Tuwan Sastraadimiharja.

Kawisudha jumênêng pangarsa landrad ing Kêbumèn saha ing Karanganyar, Tuwan Sastraadimiharja, rechtskundige.

Sentralê kopêrasi.

Wontên pawartos, ing Surakarta badhe kaêdêgakên sentralê kopêrasi ingkang ancasipun sumêdya suka pitulung dhatêng pakêmpalan kopêrasi alit-alit. Kangge ngêdêgakên sentralê [sentra...]

--- 1289 ---

[...lê] wau badhe kawontênakên andhil nyadasa rupiyah. Ingkang kenging dados warga ngêmungakên bôngsa pribumi kemawon. Tuwan Mr. Wôngsanagara saha Tuwan Ir. Sumadi kapilih jumênêng parampara (adviseur).

Asiah.

Jendral Pèng mundur.

Nanking 30 Sèptèmbêr (Aneta-Reuter). Syang Kaisèk sampun kintun tèlêgram dhatêng parentah, bilih Jendral Pèng Yusiyang badhe ngundurakên pabarisanipun. Wadyabalaning kominsên (golongan lèr), sampun nilar bêbitingipun ing urutaning margi sêpur Lung Hai, dene kumêndhaning kominsên wau sampun kintun utusan dhatêng Syang Kaisèk prêlu wawan rêmbag ing bab prajanjianing anggènipun badhe mundur wau.

Kaukum kisas.

Hanko, 28 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa-Reuter). Kala tanggal 26 wulan punika wontên tiyang 44 kaukum kisas. Têtiyang wau mèh sadaya kadakwa prakawis kuminis.

Ewah-ewahan ing Apganistan.

Teheran 26 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa-Reuter). Kawartosakên, rad kabangsan ing Apganistan sumêdya ngêdêgakên Nationale Vergadering, punapadene ngawontênakên malih nama, sêsêbutan sarta bandera ingkang sampun dipun icali dening Amanullah. Panyuwunipun Amanullah, tilas nata ing Apganistan supados barang darbèkipun kawangsulna, sampun katulak. Barang pèni-pèni kagungan nagari ingkang kabêkta dening Amanullah sumêdya kapundhut wangsul.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3762 ing C.B.Z. Surabaya. Rèhning kwartal 4 sampun kabayar, benjing 1 Januari 1931 panjênêngan sawêg kawêdalakên saking lêngganan.

Lêngganan nomêr 760 ing Gèdhèg, f 3.- sampun katampi. Ingkang f 1.50 tumrap taun 1931.

Lêngganan nomêr 720 ing Singajuruh. Manawi makatên kêlintu. Lêrêsipun panjênêngan botên nampi blangko, awit sampun sah.

Lêngganan nomêr 1833 lan P.P. 742 ing Nagabandan. Kalih pisan lêrês sampun sah. Kêlintu ingkang ngintuni.

Lêngganan nomêr 3683 ing Tirtamaya. Lêngganan lakar kapetang wiwit 1 Ogustus, wontênipun panjênêngan dipun kintuni blangko, awit tumrap kuwartal 4 punika nunggak f 1.-

Lêngganan nomêr 3662 ing Kêrtêk. Lêrês panjênêngan sampun kintun f 3.- nanging ingkang f 1,50 kangge lêngganan enggal nomêr 2417 (Pawirarêja ing Sôntajayan).

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2966 ing Sêmarang. Salasa Kliwon tanggal 7 Jumadilawal Be 1824 dhawah tanggal 6 Nopèmbêr 1894.

Lêngganan nomêr 3310 ing Sidarêja. Tanggal 1 Siyam Jimakir 1818 dhawah dintên Rêbo Kliwon tanggal 1 Mèi 1889.

Lêngganan nomêr 1560 ing Surakarta. Arta salaka ingkang botên palsu, manawi wontên cacadipun kenging kalintokakên dhatêng kantor kas nagari, anggènipun anglintoni manut papriksan. Bab punika langkung cêtha manawi panjênêngan dhatêng nglintokakên piyambak.

Tuwan A. Wiharja, ing Ngayogya. Pandangu panjênêngan botên sagêd ngaturi katrangan cêtha, nanging taunipun èngêt-èngêtan 1919.

Lêngganan nomêr 265 ing S.O. Sêdayu. Pandangu panjênêngan sampun kawangsulan kawrat Kajawèn nomêr 77, kauningana.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan Kajawèn, kala tanggal kaping 25 wulan punika, administrasi ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn tumrap kuwartal kaping sakawan ngajêng punika. Panuwunipun administrasi dhatêng para priyantun ingkang sami nampèni kintunan wau, mugi kaparênga tumuntên ngisèni saha ngintunakên artanipun kados adat. Tumrap para priyantun lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah Jawi tuwin Madura, administrasi badhe nyarantosakên pambayaripun ngantos tanggal 15 Oktobêr, dene tumrap ingkang dêdalêm ing tanah sabrang, ngantos tanggal 31 Oktobêr. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên bayaran, badhe botên kakintunan Kajawèn malih.

--- 1290 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

19.

[Sinom]

dènira mangawan wiyat / kongsi sawatara ari / Anuman ing kala-kala / kalamun sayah kalingsir / tumiba ing jaladri / nanging nulya mumbul muluk / malah saya sinêngka / ing puwara mangkya prapti / cumalorot tumêdhak praja ing Langka //

wusing tumêdhak Anuman / nulya ngukut dadya alit / mènèk umpêtan kêkaywan / tan ana janma udani / kongsi praptaning ratri / Anuman lagya umêtu / nulya amalih warna / kadi jatinira kucing / tanpa kewuh ngambah sajêroning pura //

sadaya samya jinajah / nanging datan antuk kardi / jroning pura wus kawratan / datan mrangguli sang putri / tan dangu nulya mijil / mring wana Asoka tutug / Anuman awas mulat / wanodya ayu linuwih / ing sakala Anuman ing manah krasa //

sêmunira kang wanodya / dahat dènnya nandhang kingkin / katitik pucating netya / nanging kang kêkuwung maksih / tan pisan ngatarani / surêm tabêting aluhung / dene busananira / sarwa kusut nguciwani / datan pisan mawi angagêm sêsotya //

kang netra kèbêkan waspa / Anuman awas ningali / sang putri anulya tindak / maring wit kang dèn ênggoni / tindakira ngalêntrih / kadi wus datanpa bayu / datan dangu kawuryan / pinarêkan ing rasêksi / kang wus sêpuh ing sêmu ngrêrakêt driya //

riwusing cakêt anulya / nglêlipur marang sang putri / lan mardi para parêkan / mrih sadaya samya nyingkir / lan atindaka bêcik / di samya kaduk ing guyu / sang putri dimèn rêna / mila rasêksi wêwarti / wus supêna wêruh marang jatinira //

lamun sang putri sanyata / kapara unggul ing wuri / lan Rawana katêmahan / ing benjang kasor kajodhi / wusing wêwarta nuli / kang rasêksi nulya wangsul / satêmah Dèwi Sita / mung anggana tanpa kanthi / sêmunira dahat amêmêlas arsa //

Anuman umulat cêtha / wus datan samar samangkin / nulya wiwit ura-ura / alêlagon basa Sanskrit / purwanirèng Kakawin / mêdharkên duk kalanipun / Sri Rawana andhusta / mring Sita anèng wanadri / tan adangu Anuman nulya sajarwa //

Anuman sajatinira / wanara ingkang ngulati / sirnanira Dèwi Sita / mangkya wus sagêd pinanggih / Anuman jarwa ugi / Sang Rama kaananipun / sakala Dèwi Sita / andhangak mulat manginggil / maspadakkên maring kang abawaswara //

sang putri mulat waspada / wanara linggih anèng wit / kalêrês sanginggilira / kang asta anyêpêng singsim / datan antara nuli / Anoman mancolot mudhun / anjujug ngarsèng Sita / anguncupkên asta nuli / traping angga katawis dahat noraga //

patrapira kang mangkana / datan mawèh sônggarunggi / lan kawruhan jatinira / Anuman wruh silastuti / wusing mangkana nuli / Anuman laju umatur / maksih raras carita / ingkang winot ing pangrêpi / marna maring lêlampahanira Sita //

nulya sinambêtan marna / kawontênannya sang pêkik / iyèku satriya Rama / dene kang môngka wigati / Anuman mung angudi / mrih aywa samar sang ayu / lamun sajatinira / Anuman cinakêt yêkti / lan Sang Rama ing mangkya nuju dinuta //

riwusing tan kasamaran / Anuman ngaturkên singsim / yèku kalpika pusaka / agêmira sang apêkik / mrih pinaringkên maring / sang dèwi samôngsa tundhuk / sang dèwi wus anômpa / kalpika nulya pinundhi / datan pae kadi pêparinging dewa //

winulat kinuswa-kuswa / tumanêm têrusing galih / dadya panglipur sakala / dening umèngêt salami / anggung anandhang kingkin / ing mangkya antuk panglipur / lan malih Dèwi Sita / wus dèn ancam sri bupati / sinedanan yèn lumuh jroning rong côndra //

marma dupi antuk warta / sugêngira sang apêkik / raos bingahing wardaya / tan pae Rama ngrawuhi / môngka ciptaning galih / mung nganti praptaning layu / lamun satriya Rama / datan praptaa tumuli / mangkya amung suka sukur maring dewa //

sadaya raosing driya / winêdhar mring duta kapi / sang putri nulya angasta / awarna sêsotya luwih / ingkang salami-lami / parimpên anggung kinandhut / pinaringkên Anuman / mrih dèn aturkên sang pêkik / ing wusana ngatag tumuli wangsula //

lan mêmêling tanpa kêndhat / dèn aturna kang sotyadi / kalawan malih matura / Sang Rama praptaa nuli / maring ing Langka puri / murih ngluwari sang ayu / kang anggung kasangsaya / winasesa sri bupati / kang araras datan pae kinunjara //

Anoman kalangkung suka / dene kasêmbadan mangkin / pinanggih lan Dèwi Sita / kang wus dangu dèn upadi / aran tan nguciwani / dènnya dinuta ing ratu / dene ing ciptanira / mangkya arsa aminihi / angrubeda sadèrènging undurira //

[Durma]

Sang Anoman tuwuh kasudiranira / dening mèngêt ing gusti / dènira cinidra / dening narendra Langka / marma mangkyarsa murwani / tindak ngrubeda / risaking Langka puri //

pan wus lumrah wantu wataking wanara / ing tyas kèbêkan wani / marma ing sakala / ngrasa datan kawawa / paripaksa angayoni / mring Sri Rawana / nanging kandhêg ing galih //

mila mangkya amung arsa angrêrisak / samana nulya ngêrik / mire tanpa pindha / lir swarèng gêlap ngampar / ngrabasèng Asoka nuli / nêdya rinata / aywa ana kang kari //

mung amiji dunungira Dèwi Sita / kang maksih dèn ayomi / tan arsa rinisak / samana Sang Anuman / nulya ngowat-awut wani / têmah sakala / wana Asoka gusis //

dahat suka Anuman kala umiyat / kasêmbadaning kardi / anggêmpur Asoka / wrêksa-wrêksa pinokah / myang binêdhol kongsi gusis / yayah binabad / warata morak-marik // (Badhe kasambêtan)

--- 1 ---

Nomêr 1 taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Pitêpungan

[Grafik]

He, bocah-bocah, wiwit dina kiyi, mêngkono sapiturute, sabên dina Sabtu, aku arêp nêmoni kowe kabèh. Ing sarèhning aku kiyi durung tau mrêgoki nyang kowe kabèh, luwih dhisik aku arêp nêpungake nyang kowe kabèh. Jênêngku kiyi: Sêbul, nalikane isih bocah kaya kowe, jênêngku: Kramasura Adimênggala, e, nas, têka jêbul walik-wolak. Sanadyan aku kiyi rada priyayi, duwe titêl: radèn bèi, kathik nganggo dilanjari: mas ngantèn barang, nanging panjalukku nyang kowe kabèh, aja susah wêdi-wêdi, utawa aja pakewuh nyang aku, nyêbuta nyang aku: bapak ngono bae, jalaran wiwit saiki uga, aku kiyi dadi pamanamu. Mulane yèn ana apa-apa, kowe iya aja rikah-rikuh, tumuli enggal-enggal awèha layang nyang aku, lan ing taman bocah kene bakal disadhiyani papan kanggo amangsuli pitakon-pitakonmu kabèh.

Mungguh wujud lan rupaku ora pati gèsèh bangêt-bangêt karo gambar sing kacêtha ana ing sisih iki, kacèke mung sathithik, yaiku: jas, kêmeja sarta dhèsi sing brêgase kaya ngono, saka pangèstumu aku durung duwe. Awit sabên dinane pakulinanku nganggo klambi surjan sing nganggo sogok upil kae. Mêngkono uga brêngosku, iya ora anjlêkèthèt sajak sugih dhuwit ajêgan, nanging ing sarèhning dhompètku kêrêp kêmpèse katimbang ana isine, mulane brêngosku iya banjur kapêksa tansah anglungguhi tatakrama, ora wani yèn ta arêp andêngèngèk-andêngèngèk, kuwatir yèn nganti kêtanggor: padha bangsane. Mara, bocah-bocah, ingatase brêngos mêksa iya kudu nglungguhi tatakrama, [tata...]

--- 2 ---

[...krama,] apa manèh bocah, luwih-luwih anggogoneanggone. kudu nglungguhi tatakrama mau, ora pisan-pisan kêna, yèn banjur pêthunthung umuk kaya Garèngpung kae. Mara, rungokna, tak caritani kalane aku isih cilik, wis tau katanggor jalaran saka kuranging tatakramaku, utawa manèh jalaran saka sugihku umuk.

Nalikane aku isih cilik, bapakku kuwi dadi priyayi thik asistèn wadana, sêkolahku ana ing sêkolahan Walônda. Wah, le, kala samono pambêkanaku iya ora beda karo putraning Ratu Ngastina, Radèn Lêsmana Môndrakumara kae, kapintêrane lagi sanyumlik, ibarate lagi bisa nêmbang: pring-pring pêtung, anak-anak mêtu bung, anggêpe kapintêran sajagad mêtêng, wis tak cakup kabèh. Yèn kêtêmu bocah pamulangan: H.I.S. rumasaku: ih, kaya ngono kuwi wujude bocah mogol, cara Jawane ora gêjus, cara Landane satêngah matêng. Apa manèh yèn kêtêmu bocah sakolahan Jawa ôngka 2 wah, sakala kono aku banjur anyungirake irangkuirungku. bae, lan ing batin muni mangkene: yah, bocah kaya ngono kuwi bisane rak mung: rara, para thok bae.

Sawijining dina aku kiyi ditêmoni bocah desa sing ketoke bodho bangêt, sarta banjur omong karo aku mangkene: dèn, dèn, sarèhning kula niki mung wêton sêkolahan desa mawon, bok kula kaparênga ngêmpèk kapintêran sampeyan. Kalasamono atiku iya banjur mak pêthunthung bae, sarta aku banjur mangsuli mangkene: cêkake nèk bab kapintêran, aja susah kuwatir, takona bae nyang aku, ora-orane aku bakal ambalèkake pitakonmu. [pita...]

--- 3 ---

[...konmu.] Bocah desa mau banjur omong mangkene: sukur ta dèn, sukur, dene pitakèn kula ngatên: kula têka eram sangêt, babi nika ingatase badan lan êndhase agêng sangêt, suwarane têka botên sora, namung: wik, wik, ngatên mawon, lo nika sabesababe. punapa.

Ngrungu pitakone mau, pêthunthungku banjur mundhak sagênthong, sarta aku banjur mangsuli mangkene: sanadyan êndhas lan awake gêdhe, nanging prasasat ora ana gulune, mulane suwarane ya mung: wik, wik.

Bocah desa takon manèh: o, ngatên, dèn, sanikine banyak, kenging napa suwarane têka: ngak-ngak, sêru têmên.

Saiki pêthunthungku ora mung mundhak sagênthong lumrah, nanging mundhake sagênthong bênggala, lan wangsulanaku mangkene: iya wis mêsthi bae, awit banyak kuwi gulune dawa, dadi suwarane iya bisa lêga.

Bocah desa cêlathu manèh mangkene: e mêkotên, babi, sabab prasasat botên ontên gulune, mulane suwarane lirih, banyak sabab dawa gulune, suwarane sêru. Sanikine: kodhok niku botên gadhah gulu babarpisan, suwarane têka: thot, thot, bantêr têmên, lan ula niku gulu sadantên, suwarane têka mung: cês-cês mawon, lo, niku napa sababe, dèn.

Sanalika kuwi aku banjur mak pangkêrêt bae, rumasa yèn kapintêranaku durung barang-biring. Mulane ya gèr, aja sok dhêmên pêthunthungan, mundhak kêtanggor kaya aku sing wis dak caritakake, wis, samene bae dhisik, liya dina kêtêmu manèh.

Pakmu Sêbul.

Wacan

Kodhok pintêr

Ana kodhok pintêr bangêt, saka pintêre, kancane padha marabi Gus Wasis. Nanging pintêring kodhok mau, ya ora bisa maca utawa nulis kaya bocah-bocah saiki, bisane iya mung muni theyot-theyot sêru, yèn ngêlangi bisa ambathang. Dene satêmêne, anggone diarani pintêr mau, pintêr anggone sugih akal.

Sawijining dina, Gus Wasis linggihan karo kônca-kancane, banjur kôndha mangkene: kaya apa ya, rasane wong linggih ana ing cucuk bango thonthong.

Kancane ana sing mangsuli: kowe kuwi pancèn bocah nakal, Gus. Gagasanmu sing ora-ora, kuwi rak nyamari, apa niyat kodhok kapengin dadi swike. Môngsa wurunga mêsthi diklêthis simbah bango.

Gus Wasis: Jênêngmu kodhok desa, bisamu mung colat-colot turut kalèn, ngêntèni têkane juragan kodhok.

Kodhok sing dirèmèhake mau nêpsu bangêt, matane mêndêlik nganti saisi lêrak, dhadhane mêkrok karo nyuwara: orog, orog. Banjur clathu mangkene: coba, lakonana, aku arêp wêruh.

Gus Wasis mangsuli gumaib, nganggo basa Malayu: Baik.

Kabênêran, dhèk samana ana bango thonthong lanang wedok padha ngadêg ing sacêdhake kodhok sing padha gunêman mau. Gus Wasis ora wêdi babarpisan, banjur mancolot, mak tèplêk, tumumpang cucuking bango thonthong sing lanang. Kancane kodhok nganti padha trataban.

Kocapa, bango thonthong wedok barêng wêruh ana kodhok nemplok ana cucuke sing lanang banjur kôndha: wong lanang, bok uwis dicêplus.

Bango lanang: Sabar, sabar. Iki rada pakewuh, lan manèh bocahe rada nakal, cucukku malah digawe iyod-iyodan koplo.

[Grafik]

Bango wedok calathu sêru: Wis tak thothole bae, tuman.

Barêng wis muni mangkono mau, bango wedok banjur nothol kodhok sing ngêthingkring ana cucuke sing lanang, nanging tuna tungkap,dungkap. dadi tarung cucuk padha cucuk, malah banjur padha kêslobok, angèl diuwalake.

--- 4 ---

[Grafik]

Kocapa Gus Wasis, sing pancèn pintêr, dhèk wêruh bango wedok nyaut dhèwèke, banjur mancolot sarosane têkan sadhuwuring watu, dibarêngi muni: ba - po - ak ... nganti gawe tratabe kônca kodhok, dikira sambat saka katiwasan. Nanging, barêng têkan ing watu jêbul disambungi muni: pucung, cangkêmmu marêp mandhuwur ... lan banjur ngêthoprak. Dede suwarane cucuk bango sing arêp diuwalake nganti muni throthuk, throthuk kaya kêprak. Wusana Gus Wasis diangkat dadi ratu.

Samono tinêmune kodhok pintêr.

Uriping Bocah

Bocah gathekan

Ing nagara Lônda ana bocah lagi umur 5 taun wis bisa ngêmudhèni prau motor, rupane kaya gambar ngisor iki.

[Grafik]

Bocah-bocah sing padha andêlêng gambar iki mêsthi padha anggagas: E, sinyo Lônda ki, isih cilik bae wis bisa nglakokake kêmudhi, iba besuk yèn gêdhe ya.

Gumun sing kaya ngono mau wis bênêr bangêt, nanging kowe padha wêruha, sinyo mau anake juru mudhi, dadi bisane mau saka kulina mêruhi pagaweane bapakane. Padhane yèn kene anak dhalang wis bisa mucuki andhalang, anak niyaga, cilik-cilik wis bisa ngêthuk, anak kaum cilik-cilik bisa carane nampani brêkat, sapanunggalane.

Nanging aja padha sêmbrana, satêmêne kawruh iku wajib padha diudi, aja mung dianggêp kaya dolanan. Dadi yèn maca Kajawèn, iya rasakna, angguyua, iya sing sênêng. Lan aja lali, ajêga lêngganan. Matura bapak bae, rak uwis.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---